Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
112–113 dari 170
516–517 dari 856
5.153–5.162 dari 8.560
112.026 kumêndur alon dènnya nauri | yèn mêkatên rahadèn kawula | atur srat mring Batawine | tur wikan ing gurnadur | yèn karsane sri narapati | mundhut bala Wêlănda | kinarya amukul | marang nagri Pasuruhan | Radèn Arya Sindurja jumarèng[1] kapti | wus bubar masanggrahan ||
112.027 tan winarna solahirèng nguni | Radèn Arya Sindurêja lawan | catur pugawa limane | nèng Jêpara nêm dalu | duk sêmana pan sampun amit | budhal mring Kartasura | saha wadyanipun | kumêndur tur-aturira | mring sang nata sagunge kang pèni-pèni | kabêkta ing rahadyan ||
112.028 tan kawarna lampahirèng margi | wau Radèn Arya Sindurêja | myang pugawa sakancane | wus prapta Kartapurun | pan wus katur maring nrêpati | kalima ingandikan | tumamèng kadhatun | sapraptanira ngayunan | tur pranata sira rahadèn apatih | miwah catur pugawa ||
112.029 katur sadaya ing sri bupati | lampahira duk anèng [[f. 450r]: a...nèng] Jêpara | Martapura sasolahe | gumujêng sarya ngungun | angandika sri narapati | ing Radèn Sindurêja | sanak putunipun | Martapura biratana | isun datan arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||
112.030 sira Radèn Sindurja wotsari | ngaturakên sagunging bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur ing sang prabu | dyan apatya tur sêmbah mijil | saking jroning kadhatyan | myang pugawa catur | nahan gantya kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng wukir | kidul mangke abăngga ||
112.031 duk bêdhahe nagri ing Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan pangilène | wong bang wetan kèh tumut | padhusunan măncanêgari | mantuk maring Kajoran | sêdyanirèng kalbu | sapraptanira Kajoran | kapiyarsa saking nêgari Matawis | duk prapta Ingalaga ||
112.032 maksih umadêg anèng Matawis | ing Kajoran ginitik ing yuda | panêmbahan sakawone | ngusi ing Wukirkidul | tapèng sirahing jalanidi | lawan sêsabatira | nèng guwa manêkung | sawuse ngantara lama | panêmbahan anulya umadêg baris | kêkuwu nèng Malambang ||
112.033 wong Gunungkidul samya kinait | wus sumuyud marang panêmbahan | sampun andadi [[f. 450v]: a...ndadi] barise | nèng Malambang kêkuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | abaris ing Kalisan | samya ngirup-ngirup | kanan kering ing Kalesan | pan sadaya kang băngga dipun gêcêki | sigêgên pamijilnya ||
113. Mijil
[Nata ing Kartasura puputra kakung saking garwa selir ratu Kulon, kaparingan jujuluk pangéran adipati anom Mengkunagara.[2]]
113.001 nahan gantya winuwusa malih | kang baris ing Gêndhong | Pangran Sampang myang pratiwa kabèh | lami nganti Kumpêni tan prapti | magêng tikbrèng galih | sakèh pratiwa nung ||
113.002 gènnya baris madyane wanadri | lor kidul lan kulon | wetan wismane pra dipati kyèh | acêcikal rineka nêgari | karangnya waradin | banjêng ing lêlurung ||
516–517 dari 856

 


Bandingkan: jumurung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.23.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.17.9). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.114. (kembali)