Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
118 dari 170
532–533 dari 856
5.313–5.322 dari 8.560
118.004 dening kênya kasêrang ing rêsmi | kabyatan ing langon | kumyus syaning ăngga karingête | êmban Sulastri awas ningali | gustine kajodhi | alon aturipun [[f. 465r]: aturi...pun] ||
118.005 pangran sambutên arinta gusti | kang mêntas kaluron | yakti sangêt lêsu jiwagane[1] | dyan ingêmban binêkta mring jawi | ing patirtan prapti | siniraman gupuh ||
118.006 wusnya asiram samya asalin | Pangran Dipatya Nom | glis sininjangan wau garwane | kasêmêkan kang raka muryani | sinambut sang kadi | Ratih mring jinêm rum ||
118.007 sapraptane ing tilam sang dèwi | tansah anèng pakon | lir sodama kang sêndhu ririse | sarawungan sipta rêga rêsmi | tinon mêlik-mêlik | lir litang mèh surup ||
118.008 sagung rabine para dipati | kang sami asaos | myang pra inya pan wus tangi kabèh | tabuh tiga wayahe mèh ari | umung para manis | samya atêturuh ||
118.009 Ratu Kulon risaksana mijil | prapta tilik gandhok | lakung tustha umiyat putrane | anêrka yèn wus anugal rêsmi | kacina ing warni | ijo alum-alum ||
118.010 tan kawarna solahirèng latri | enjing winiraos | para rum samya sanega kabèh | angayap ing pangantyannya sami | kawarna ing jawi | Kapatihan umung ||
118.011 Radèn Arya Sindurja pan aglis | angrasuk parabot | asanega sawadyabalane | saha gêgaman awarni-warni | têngran abra mahi | wus mugèng lêlurung ||
118.012 margi kèbêkan wadya dyan patih | gya bubar punang wong | sapraptane panangkilan [[f. 465v]: panangki...lan] andhèr | sakèhing para pugawa mantri | wus kapanggih nangkil | sagêgamanipun ||
118.013 abra gêgaman awarni-warni | lir prawata sinom | gaman ikang saking Sindurjane | banthèng kang laton ingkang angampil | nom-anom asigit | busananya murub ||
532–533 dari 856

 


jiwanggane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.129, Pupuh 118.5.3). (kembali)