Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 170
604–605 dari 856
6.033–6.042 dari 8.560
135.021 binusanan abra sinang | prajuritira sinêlir | kajawi kang para putra | pêpitu kang mawat kardi | putra lêlima nênggih | prajurite tigang atus | putra kalih punika | sêpuh lan panênggak nênggih | prajurite samya nglimang atus sowang ||
135.022 apan samya binusanan | sakêlat abang myang kuning | ijo biru lan mêmegan | baludru myang sora-sari | lejatop martaswèki | akèh kang sêsonthèr[1] pêlung | daragêm podhang-podhang | tuwin cêcêlêpan asri | para putra sondhèr rangrangan Toyamas ||
135.023 wus tatane wong Mandura | duk ing kuna yèn jurit |[2] tan lali sêsondhèrira | têtêngêre para mantri | prasamya udhêng gilig | sakempol-kempol gêngipun | pangeran salaminya | siyaga tan kadi mangkin | winutahkên donya sinêbar ing bala ||
135.024 sadina-dina ingajar | ing alun-alun sirèki | rame kang bênthak-binêthak[3] | ana kang [[f. 523r]] bêdhil-binêdhil | wanèh kang ulah lêmbing | ana ikang ulah tulup | sèwu Saragninira | ingajar bendrongan sami | pan kajawi Sragênine para putra ||
135.025 nêngêna kang lagya dadan | kang amrih suraning dasih | ya ta ikang kawuwusa | Jêng Pangeran Pugêr nênggih | tan antuk dhahar guling | yèn dalu agung anêngkung | nênêdhèng ing Yyang Suksma | amaladi samadi êning |[4] pan anagês[5] dènnyarsa umadêg nata ||
135.026 wus angsal sasmitani[6] Yyang | kalilan madêg narpati | mêngkuwèng ngrat nusa Jawa | nênggih wau kang winarni | Rahadèn Sudirèki | apan wus kêna ingapus | kacapêng[7] ing Losêkar | sawetaning Budhur nênggih | pan Ki Arya Banyakwidhe kang misaya ||
135.027 binêkta mring Kartasura | rahadèn dipu[8] brajongi[9] | wongira samya binănda | wus misuwur ing nagari | Pangran Pugêr miyarsi | yèn kang putra wus kapikut | binêkta mring nagara | Banyakwidhe kang angirid | duk sêmana pangeran ngundhangi bala ||
135.028 sakèhe kang para lurah | adadana anak rabi | Kapêdhak lan Panakawan | sadaya sami arakit | wong Gamêl datan kari | ya ta kawarna ing dalu | pukul kalih wayahnya | usrêk syara ting kalêsik | kang pratmaja gugup lagya ingandikan ||
135.029 andhèr ngarsane kang rama [[f. 523v]: ra...ma] | sêsêlirira tan kari | ana kang anyêkêl kuda | sabuke binondhèt sêlir | ana ngêmban bêbayi | wanèh nuntun garwanipun | lakung dènnya kasusya | dera myarsa lalos latri | jêng pangeran sêmana sampun tumêdhak ||
135.030 amarga ing bêbutulan | angalor ngilèn dèn jogi | kagyat ikang kamarganan | grubyuge anyalawadi | kiwa têngên kèh uning | yèn pangran lalos ing dalu | katur mring Ki Apatya | Sumabrata malbèng puri | wong jro pura kagyat Sumabrata prapta ||
604–605 dari 856

 


sêsondhèr (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.25.6). Bandingkan: sondhèr (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 39.22.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.19.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing kuna lamun ajurit (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 39.23.2); ing kuna dêla samangkin (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.26.2); yèn kala amangun jurit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.20.2). (kembali)
bênthak-binênthak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.202, Pupuh 135.24.3; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.27.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.21.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: maladi samadi êning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 39.25.8); maladi sêmèdi êning (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.22.8); amaladi sêmadining (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.30.8). (kembali)
anêgês (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.202, Pupuh 135.25.9; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.30.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.22.9). Bandingkan: nêgês (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 39.25.9). (kembali)
sasmitaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.202, Pupuh 135.26.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 39.26.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.23.1). Bandingkan: sêsmitaning Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.31.1). (kembali)
kacêpêng (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 39.26.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.23.7). (kembali)
dipun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.202, Pupuh 135.27.2). Bandingkan: dèn (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 39.27.2; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.32.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.24.2). (kembali)
bronjongi. Bandingkan: bêronjongi (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.32.2); baronjongi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.24.2). (kembali)