Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 170
609–610 dari 856
6.089–6.098 dari 8.560
137. Dhandhanggula | |
[Pangéran Puger prapta nagri Semarang. Adipati Sampang, pangéran Mandura malik tingal, lajeng bedhah Lamongan. Sang nata ing Kartasura utusan ngalurug dhateng Demak badhé mengsah jurit kaliyan pangéran Puger.[1]] | |
137.001 | yèn Kumpêni amiliyèng kapti | yèn upami cinarok kang kêmbang | saking ing Kartasurane | kalikabana[2] sagup | owah dhatêng paduka aji | amba kang amakringa[3] | ing tuwan pukulun | aja kudu têtulungan | wong Kumpêni isun wus kêlar pribadi | angrêbut tanah Jawa || |
137.002 | yèn wus kanthi Sampang Surawèsthi | myang arêbut nêgara ing Jawa | wus agêdhe dangdanane | wadyèng pasisir mirut | măngsa ana wani nglawani | dadya mêkatên ing benjang |[4] dhatêng pun Kumêndur | dadosa pangampang-apang[5] | yèn Kumpêni anênuwun jroning jangji | pangran suka miyarsa || |
137.003 | dyan rinangkul Ki Răngga tumuli | sutèng ulun apa [[f. 527v]] karsanira | isun nurut ing dhèwèke | saliring prakara gung | mring Kumpêni sun tan udani | hèh Răngga sutaniwang | amunga sirèku | Ki Răngga matur anêmbah | igih gusti kapanggiha kawulèki | sagung ikang bicara || |
137.004 | saking Pudhakpayung wus lumaris | Kyai Răngga anglampahkên duta | andhingini mring nagrine | lawan ta asung wêruh | marang Kênol yèn pangran prapti | Wêlănda dyan sanega | sagunging tragkondur[6] | abaris ing Paterongan | wolung puluh Kapitan Kênol nindhihi | warnanên jêng pangeran || |
137.005 | sampun rawuh wau Jatingalih | kinèn rumiyin sagung rêmbatan | lan rêrepot sakathahe | lan wong wadon karuwun | sampun prapta nagri Sêmawis | sagunge para garwa | tuwin garwanipun | pratmaja lan wadya-wadya | sira Demang Tanpanaha kang angirid | mring dalême Ki Răngga || |
137.006 | jêng pangeran lampahe wus prapti | Paterongan panggih lan Kapitan | Kênol sampun atur tabe | sagra ngaturan wau | migah dhatêng ing rata rukmi | lumiring mring nagara | syaranya gumuruh | prapta nagri ing Sêmarang | pan gumuruh sênjata lanang kang muni | mriyêm lir gunung bêntar || |
137.007 | barondonganira wanti-wanti | Kadhokngorèke Ki Răngga ngangkang | pating jalêgur Crabalèn | ya ta pangeran wau [[f. 528r]] | têdhak saking rata rukmi |[7] kacatur praptanira | ing loji jinujug | jêng pangeran duk pinarak | Ki Kapitan Kênol matur ngasih-asih | amba lir manggih rêtna || |
137.008 | prapta tuwan ing nagri Sêmawis | ikang abdi Kumpêni sadaya | lir amanggih mas gêdhene | igih sagunung Rurung[8] | anglir puwun ngawunan jahni | mangkya gya dhinawahan | sêmi punang taru | lir mina kasatan toya | lagya mangkin mina kasrambahan warih | asrêp manah kawula || |
137.009 | jêng pangeran manthuk trima kasih | dyan Ki Răngga majêng mring kapitan | Ki Răngga alon têmbunge | hèh sampun dangu-dangu | ki kapitan pangran nèng loji | apan mêntas lêlampah | sangêt sayahipun | kawula turi rêrêba | sakathahe bicara kapanggih mami | tan susaha pangeran || |
137.010 | dyan pangeran kondur saking loji | marang dalêmira Kyai Răngga | kapitan angatêrake | rawuh ing wismanipun | Kyai Răngga saha nak rabi | gumisir wisma jaba | pratmaja sadarum | apan ta pinêrnah-pêrnah | sinêngkalan naga kalih mayang jalmi |[9] duk lolossira pangran || |
609–610 dari 856
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.207. (kembali) |
2 | kalingkabana (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: kamelikaning (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.1.4); têmah melik ing (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 41.1.4). (kembali) |
3 | amangkringa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.207, Pupuh 137.1.6; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.1.6). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan mêkatên ing benjang (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.2.6); makatên amba mojar (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 41.2.6); (kembali) |
5 | pangampang-ampang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.207, Pupuh 137.2.8; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 41.2.8; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.2.8). (kembali) |
6 | dragundur (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 41.4.7). Bandingkan: trag kondur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.207, Pupuh 137.4.7). (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: têdhak saking rata mring loji (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 41.7.5). (kembali) |
8 | Rungrung (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.8.4). (kembali) |
9 | Tanggal: naga kalih mayang jalmi (AJ 1628). Tahun AJ 1628 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Mei 1704 sampai dengan 25 April 1705. Bandingkan: naga pêksa ngrasa wani (AJ 1628) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 41.10.9). (kembali) |