Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
142–143 dari 170
641–642 dari 856
6.410–6.419 dari 8.560
142.076 sênjata sampun rinangkit | Ki Apatih Sumabrata | sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sampun budhal | saking nagri Sêmarang | tanpa wilis wadyanipun | masanggrahan nèng Ungaran ||
142.077 pugawa glis dèn undhangi | kinèn sami asiyaga | sampun tinata barise | Ki Arya Madurarêja | matur mring Sumabrata | madêg miyosi ing pupuh | mêdal saking pambitingan ||
142.078 ki apatih anauri | pan kawula datan rêmbag | miyosi ing ngadilagane |[1] nêdha amêmpên kewala | sajroning pambitingan | nanging kang dados panganjur | ing yuda amiyosana ||
142.079 lamun katèmpêr ing jurit | ngusia jro pambitingan | lan sanak manira kabèh | dèn sami ngantêp ing yuda | utamane wong priya | pêjah madyaning apupuh | migah syarga adi mulya ||
142.080 myang sagung para dipati | ayya na tilar galagang[2] | miwah para mantri kabèh | sampun watên kang ngucira | sami dyanira năngga | pra pugawa saur manuk [[f. 554r]: ma...nuk] | tan nêdya mukur ing rana ||
143. Pangkur
[Wadya Kartasura campuh yuda mengsah wadya Pakubuwanan.[3]]
143.001 Ki Apatih Sumabrata | karsanira ngantêpa ing ajurit | sênjata tinata gupuh | kang baluwartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | dadya panganjuring yuda | Pangeran Balitar nênggih ||
143.002 myang Pangeran Surabaya | pan têtiga kinèn miyosi jurit | sampun mangkat sawadyèku | nahên wong Kartasura | Jêng Sinuhun Pakubuwana winuwus | ikang lagya masanggrahan | anèng Ungaran nêrpati ||
143.003 enjinge nêmbang têngara | orêg wadyèng ngriking kuda mlimpingi | karciking astra panguwuh | ing wadya kadi bêlah | kang pratala wong Pakubuwanan gêrgut | myang sagung para pugawa | sami sanega ing wèsthi ||
143.004 sang nata aris ngandika | ari êmas Mandura paran kapti | dera sapa dadi cucuk | ing yuda kang prayoga | Panêmbahan Mandura manêmbah matur | lamun suwawi ing karsa | anak kawula nrêpati ||
143.005 igih pun Suradiningrat | kang prayogi dadya panganjur jurit | angirid gêgaman sèwu | sami wong pêpilihan | akanthia Arya Jayapuspitèku | lan pun Panji Surèngrana | katri sura ing ajurit ||
641–642 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: miyosi ngadilagane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 129.112.3); mêdal sangking bitingane (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 1.79.3). (kembali)
galanggang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.236, Pupuh 142.80.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 129.114.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 1.81.2). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.237. (kembali)