Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
93 dari 234
511–512 dari 1.487
5.105–5.114 dari 14.865
093.014 ja mênangi ingsun rusaking Mataram | tan bisa anglakoni | baya amatia | ingsun têngahing rana | kudane dipun camêthi | sira rahadyan | sumêdya angawaki ||
093.015 warnanira radèn lir kinare anyar | warnanira awilis | kang para santana | angiring datan têbah | kawan dasa winatawis | apan punika | sumêdya barêng mati ||
093.016 lêlurahe awasta Ki Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabăngsa | lawan Ki Sewantaka | Trunawijaya sawiji | iku santana | kalawan Wirakarti ||
093.017 dyan umangsah Radèn Prawirataruna | ingkang bala angiring | dyan pangarsanira | sampun têmpuh ing yuda | arame ingkang ajurit | tiyang Makasar | angamuk ngobat-abit ||
093.018 wong Prawiratrunan tan ana mundura | pan katuwukan ing sih | sami pêjah ngajang | padha atatu jaja | tan ana angucap ajrih | ngajap palastra | ing wuri maksih wani ||
093.019 arsa mundur katingalan sih rahadyan [11: 64: raha...dyan] | mila atêmah pati | cucuking ayuda | gêmpur sami palastra | Sewatruna sampun mati | atatu jaja | Mangunnagara kanin ||
093.020 Wirakarti palastra atatu jaja | rahadyan aningali | yèn wadyane rusak | radèn sigra umangsah | kudane dipun camêthi | para santana | prasamya angampingi ||
093.021 alah payo kabèh santana manira | padha sun ajak mati | ya ta Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun ta age ajurit | lamun kawula | gusti têksih aurip ||
093.022 lamun kawula gusti sampun palastra | karsa tuwan ing wingking | kawula tan wikan | angling sira rahadyan | iya sun tarima ngati | pracayanira | nanging sun milu mati ||
093.023 dyan umangsah Radèn Prawirataruna | kudane cinamêthi | ingkang kulawarga | apan datan atêbah | surak lir karêngèng langit | tiyang Makasar | sarêng mangsah ing jurit ||
511–512 dari 1.487