Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
93–94 dari 234
515–516 dari 1.487
5.148–5.157 dari 14.865
093.057 | lan malihe wong Sampang dadi sumêlang | tan wurung anampêki | yèn suwawi karsa | dawêg minggir punika | ing Paiton lah [11: 69] ingungsi | dèkèk baita | sami mondhok ing kali || |
093.058 | sami rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawăngsa angling | anging ta manira | inggih tan tumut ika | aminggir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuha ing jaladri || |
093.059 | tiyang pasisir ingkang sami arêmbag | ya ta layar tumuli | kang para baita | ing Paiton sinêdya | tan kawarna sampun prapti | sakèh baita | apan sami angranji || |
093.060 | lèpèn Paiton dènnya atatan-tatan | têtiyang ing pasisir | lan tiyang Mataram | baitane anglêmpak | padha lêlabuh ing kali | sami prayitna | têtiyang ing Matawis || |
093.061 | pan sadaya sami mêntas ing dharatan | baris pinggiring kali | anging Singawăngsa | maksih anèng samodra | tan tumut labuh ing kali | anèng ing kana | lami lwir dhandhanggêndhis || |
94. Dhandhanggula | |
094.001 | baya ta sampun karsaning Widi | wadya Matawis kirang wêweka | baita labuh kaline | ya ta surut kang banyu | kang baita pan kandhas sami | lèpèn Paiton asat | sakèh palwa wau | tan kêna milir sêmana | kawarnaa têtiyang Makasar prapti | apan ora akathah || |
094.002 | wong Mataram apan tan udani | kagyat sapraptane wong Makasar | wong Mataram dahat gègèr | baita pan tinunu | mila sangêt gegeran sami | kali Paiton asat | karsaning Hyang Agung | wong Mataram apuyêngan | gêgaman anèng palwa têlas kabêsmi | sangune pan [11: 70: pa...n] karêbat || |
094.003 | mila sadaya tan angudhili | wong pasisir angisis sêmana | baitane lêbur kabèh | pan tambuh polahipun | arsa dipun rêbat ing jurit | gêgamane wus têlas | kabakar sadarum | sami lumayu lorodan | wong Mataram sêmana apan angisis | Ngabèi Surawăngsa || |
094.004 | miwah Suramênggala tan kari | apan kalulun wadyalitira | Suramênggala yudane | gêgilani dinulu | wong Makasar polahirèki | dènira angrêrayah | palwane tinunu | ya ta wau kawarnaa | wong Mataram sadaya lumayu sami | dènnya ngungsi atêbah || |
094.005 | langkung dènira sami prihatin | wadyalit sami jêtung kewala | dening sangu têlas kabèh | myang raja busanèku | nèng jro palwa têlas kabêsmi | tiyang alit lorodan | ing tan bêtahipun | dènira norana mangan | mila kathah minggat tinub ing gêgêring | saya sêdhih manahnya || |
515–516 dari 1.487