Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
112 dari 234
621–622 dari 1.487
6.210–6.219 dari 14.865
112.008 mêsat marang gêgana sarêng praptanya | angrubung sang apêkik | ginêtak umêsat | pan kinarya kasukan | kalamun ambêdhol dami | nulya sinêbar | pan dadya watang jinggring ||
112.009 yèn ginêtak dami katingal manungsa | wau rahadèn kalih | umarêk ing rama | arsa ngrabasèng pura | kang rama ngandika aris | hèh sutaningwang | iya karsanirèki ||
112.010 anging ingsun iya măngsa mitayakna | karyakna jolèn mami | kêkajang kewala | sun anèng kono ika | sukèng tyas tanaya kalih | wus karsaning Hyang | ginubêl anuruti ||
112.011 nanging saking kawratan trêsnèng sêsuta | gingsir ing lampahnèki [14: 9: la...mpahnèki] | ngêmping kasutapan | sampunnya asiyaga | sakapraboning ajurit | Ki Gêdhe sigra | ngubêngi marang dasih ||
112.012 saha kutug mênyan sarwi nabuh kêndhang | surak kang wadya atri | gumuruh swaranya | bêdhol sagung gêgaman | Ki Gêdhe wus nitih joli | kang wadyakuswa | kumrap tunggul mawarni ||
112.013 Kartigarun umatur ing sira radyan | dhuh yèn suwawi gusti | wadya kang pangarsa | ingagêmana sulak | saengga giring mêmêri | impèn kawula | pasthi yèn mungsuh ngisis ||
112.014 wus sinungan pangarsanira sadaya | wong sèkêt winatawis | samya ngagêm sulak | Radèn Jayalalana | munggwing sawurining baris | nitih turăngga | pan sarwi songsong kuning ||
112.015 tan winarna solahirèng ênu prapta | ing Kêdhungwinong baris | kang wadya balabar | pangarsanya wus têbah | ing Karècèk dènnya baris | ing Kapandhanan | ambèr ing Wanasrênggi ||
112.016 Kêdhungwinong Sidawayah unggyanira | sang arsa madêg aji | kasapwèng samana | ing dalu kawuwusa | katur marang sri bupati | lamun wong Wana- | kusumarsa mrêp puri ||
112.017 katingalan saking nagri Kartasura | pakuwon wana têpi | obornya baranang | ing dalu tan winarna | ya ta kawuwusa enjing | Prabu Mangkurat | miyos ing păncaniti ||
621–622 dari 1.487