Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
113 dari 234
634–635 dari 1.487
6.338–6.347 dari 14.865
113. Dhandhanggula | |
113.001 | tan winarna kangjêng sri bupati | Sang Adipati Pugêr kocapa | kang mêntas mênang yudane | myang para punggawagung | ingkang anglud mangsah wus prapti | wadya Wanakusuma | kathah ingkang lampus | akêkècèr urut marga | pra punggawa sadaya sampun apanggih | lan Pangran Pugêr sira || |
113.002 | Sang Dipati Pugêr sigra nangkil | myang punggawa umiring sadaya | wontên dene kuwandane | Jayaparusa sampun | kinèn ngrêksa mantri kêkalih | anganti karsanira | raka sang aprabu | pangeran ing Kapugêran | sigra nangkil lan sagung para bupati | umiring lampahira || |
113.003 | Tumênggung Singabarong tan têbih | wadya Bali umiring sadaya | myang Radèn Nrangkusumane | ya ta wau sang prabu | wus adangu ngantya ing ari | lunggwèng ing kathil dênta | siniwèng wadyagung | yun-yunên ing praptanira | ingkang rayi Pangeran Pugêr glis prapti | myang punggawa sadaya || |
113.004 | dan ingawe mring raka narpati | jêng pangeran tumamèng byantara | saha bukuh ing lungguhe | rinangkul de sang prabu | saha tanya dhatêng ing ari | kayapa mungsuhira | kang rayi umatur [14: 26: uma...tur] | pun Jayaparusa pêjah | jolinipun pan kapanggih tanpa isi | wadyalit brastha gêmpang || |
113.005 | naradipati ngandika aris | wadya gandhèk lah kita pundhuta | Jayaparusa sawane | kang kinon awotsantun | tan adangu sawa wus prapti | katur mring naranata | ngandika sang prabu | kamantyan sukanirèng tyas | baya iki kang arsa umadêg aji | mêngku rat tanah Jawa || |
113.006 | arsa mungsuh marang wong Matawis | uwakane Ki Jayaparusa | têka êca turu bae | durung panggih lan ingsun | sri narendra ngatag ing dasih | hèh wong singanagara | pocokên dhasipun | panjêrên waringin kêmbar | gêgêmbunge buwangên mring endra aglis | kang kinon gyatur sêmbah || |
113.007 | ingkang murda pinocok tumuli | dyan pinanjêr nèng waringin kêmbar | datan kawarna polahe | nulya jêngkar sang prabu | angadhaton ing kênyapuri | sira kangjêng pangeran | ing Pugêr wus mantuk | miwah sagunging punggawa | bubar mantuk sigêgên datan winarni | ya ta ing lama-lama || |
84. Untung dipun pêndhêt anak dhatêng Kapitan Mur | |
113.008 | nênggih wontên winursita malih | Kapitan Êmur ing Batawiyah | adarbe têtukon rare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik ing warnanira | sira Kapitan Mur | salaminira atumbas | rare ika Kapitan Untunge prapti | dagang myang lungguhira || |
113.009 | minggah mayor nulya komasaris [14: 27: ko...masaris] | tan alami minggah idlèr rolas | padagange kèh untunge | dadya sugih kalangkung | angluwihi sasaminèki | Idlèr Mur duk samana | rumaos ing kalbu | yèn rare kang mawa bêgja | wus ingambil anak sinungan wêwangi | Ki Untung namanira || |
113.010 | pan ingugung sapolahirèki | ya ta wusnya ing alama-lama | diwasa wus kèh ngumure | mêpêg birainipun | ya ta Idlir Êmur winarni | darbe atmaja nyonyah | luwih saking ayu | sêdhêng birai ing priya | sinadulurakên lan Ki Untung nênggih | tan pisah sanalika || |
634–635 dari 1.487