Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
113 dari 234
638–639 dari 1.487
6.375–6.384 dari 14.865
113.038 | misuwur otêr nagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês sampyuh lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung singidan sira | anèng bètèng alang-alang pitung ratri | Ki Untung duk samana || |
113.039 | pan amomor mring nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | ingsun milu ing sira sabaya pati | amalês bêcikira || |
113.040 | tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu umangkat saking nagara | tan kari sagêgamane | bètèng lang-alang rawuh | karya unggyanira miranti | ing sabên ari prapta | pawong sanakipun | kalih tiga myang sakawan | lama-lama tutur-tinuturkên sami | saparasanakira || |
113.041 | kang satêngah ana ngait-ait | duk samana nagri Batawiyah | nayaka Kumpêni akèh | minggat têbusanipun | pan Ki Untung kang dipun ungsi | nèng bètèng alang-alang | wus pêpak wong satus | lawan sagêgamanira | pan cinatur bètèng alang-alang nênggih | samana maksih wana || |
113.042 | apan eca dènira miranti | Ki Untung lawan wong satus ika [14: 34: i...ka] | kang ngambilakên pangane | apan namung Ki Untung | wira-wiri marang nagari | amomor tan koningan | mangkana cinatur | yèn kala marang nagara | sawêdale patrême tapak tinarik | winor suruh candhikan || |
113.043 | ywan kapêthuk Kumpêni satunggil | myang kêkalih kinêbyok ing sêdhah | niba kapisanan bae | sabên-sabên kapêthuk | wong Walănda kinêbyok mati | yèn wayah wusing asar | tintrim ing margagung | ing sabên ari mangkana | lama-lama kauningan ing Kumpêni | yèn Ki Untung polahnya || |
113.044 | pinarantèn dening wong Kumpêni | yèn wayah pukul satêngah lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Kumpêni siji | Ki Untung duk samana | apan nuju langkung | mêdal saking ing nagara | aningali Kumpêni satu nèng margi | sigra kinêbyok sêdhah || |
113.045 | kapisanan kang baris miranti | sigra mêdal Ki Untung lumaywa | binarondong bêdhil akèh | pinêgat ngarsanipun | gya Ki Untung mingêr angeri | saking keri narajang | kang kinêbyok lampus | anêmpuh sarwi lumaywa | wong Kumpêni rolas longe kang ngêmasi | kopral sareyan pêjah || |
113.046 | wong Kumpêni maksih ambêdhili | ambêbujung ing saparanira | mèh praptèng wau prênahe | rowangira Ki Untung | mirsa swaraning sanjata tri | mêdal saking panggenan- | nira samya dulu | wadya Kumpêni kèh prapta | ambêbujung Ki Untung kang dèn bêdhili | wong [14: 35] satus sarêng mangsah || |
113.047 | ngamuk rampak wong satus mangungkih | tandangira lir yaksa mêmangsan | wong Kumpêni akèh longe | tumpês kêdhik kang kantun | mung têtiga wau kang kari | cacahe ingkang pêjah | sawidak gungipun | kantun têtiga lumaywa | mring nagari prapta katur mring radpêni | miwah gurnadur jendral || |
638–639 dari 1.487