Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116 dari 234
665–666 dari 1.487
6.645–6.654 dari 14.865
116.080 nèng panggonan atarap samya alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking doh kewala | tan purun amarêka | sira Radèn Surapati | pan dhinawuhan | timbalane narpati ||
116.081 Surapati nêdha sampun kalayatan | dinukan ing narpati | alon aturira | kiyai gih sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng suda | manahe ingkang abdi ||
116.082 lawan rencang punika wontên kabranan | arsa nginuma warih | inggih tiga wêlas | sami angabên brana | wong anggandhèk wangsul aglis | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati ||
116.083 wong anggandhèk sigra matur ing sang nata | ature Surapati | wus katur sadaya | mèsêm sri naradipa | ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi êmas | sayah Si Surapati ||
116.084 tuwanana payo adhi mas dèn enggal | manawa nêniwasi | sigra jêng pangeran | nêmbah angaras pada | têdhak saking ing sitinggil | mring kamandhungan | wus panggih lan wadyèki ||
116.085 wadyèng Kapugêran munggwing Kamangdhungan [14: 73: Kamangdhung...an] | wolulas kang pinilih | binêktèng pangeran | kinon salin busana | kadya wonge Surapati | miwah jêng pangran | busananira salin ||
116.086 iya mindha kadya wonge Surapatya | samya lawan wadyèki | sigra jêng pangeran | mingêr ngilèn lampahnya | mangalèr anjog masigit | wadya wolulas | tan pisah lawan gusti ||
116.087 nulya mêdal saking masigit angetan | ing alun-alun prapti | ya ta Surapatya | awas dènira mulat | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wongira rêbut dhingin ||
116.088 Surapati angantêp pangamukira | miwah radèn apatih | wong Kumpêni tadhah | ya ta kangjêng pangeran | saha wadya marêpêki | napung ing yuda | wus awor Surapati ||
116.089 jêng pangeran wus prapta ngarsanirèng Tak | dyan kinarubut bêdhil | pangran tan suminggah | sarwi nglêlandhak watang | Kyai Palèrèd kinardi | sigra jêng pangran | sira Tak dèn larihi ||
665–666 dari 1.487