Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
128–129 dari 234
781–782 dari 1.487
7.810–7.819 dari 14.865
128.070 | Mas Martayuda matur wotsari | nuhun sih jêng katong | abdi dalêm yèn kenginga mangke | amba suwun mantuk mring wismèki | nata ngandikaris | iya anak ingsun || |
128.071 | nanging kaki ywa sira sakiti | ing wêwêkas ingong | sang sinujaran atur sêmbahe | patik aji tan sêdya angipi | nyakitana mangkin | mring abdi sang prabu || |
128.072 | dahat ajrih timbalan narpati | lingira sang katong | yayi pramèswari lah dèn age | wêdalêna Si Martayudèstri | iya dèn kon mulih | marang lakinipun || |
128.073 | sori nata mentar awotsari [17: 32] | lumampah siralon | amarani marang ing rabine | Martayuda tur dèn wêwarahi | lah muliha nini | kinon mring sang prabu || |
128.074 | sang dyah kalangkung wiyang jro ati | nging ajrih mring katong | ri saksana nulya mangkat age | ingkang jalu wus tinundhung mulih | kinèn sarêng swami- | nira sampun mantuk || |
128.075 | sang liningan sumungkêm ing siti | mundur awotsinom | sigra mantuk marang ing wismane | tan kawarna ing marga wus prapti | lampahira kalih | kasmaran kang dulu || |
129. Asmaradana | |
103. Tumênggung Jayaningrat nungkul dhatêng ing Sinuhun Pakubuwana | |
129.001 | ya ta kawarnaa mangkin | Ki Tumênggung Jayaningrat | ing Ungaran barisane | sampun amiyarsa warta | yèn nagri Kartasura | kang anèng Dêmak kaburu | miwah kang baris ing Têgal || |
129.002 | myang kang nèng Lèpènkêtangi | kawarti sampun lumajar | marmane alit manahe | Ki Tumênggung Jayaningrat | sigra wau utusan | dhatêng ing Samarang gupuh | arane ingkang dinuta || |
129.003 | Pusparudita rannèki | sampun binêktanan sêrat | lumaksana ing lampahe | wus praptèng nagri Samarang | sowan mring Panêmbahan | Madura tur sêrat gupuh | nawala gya tinupiksa || |
129.004 | kadhadha ungêling tulis | panêmbahan sigra sowan | dhatêng pasanggrahan age | wus praptèng ngarsa narendra | matur mring naradipa | dhuh gustiningsun pukulun [17: 33: puku...lun] | kawula atur uninga || |
781–782 dari 1.487