Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
131 dari 234
796–797 dari 1.487
7.956–7.965 dari 14.865
131. Durma | |
131.001 | wadyèng Sampang Surabaya kang sumahab | angrêbat baluwarti | sigra ingunggahan | samya lantaran watang | dènnya samya ngrangsang biting | bala ing Karta- | sura pêngkuh ing jurit || |
131.002 | datan ana kang sêdya angundurana | bêdhil wus tanpa dadi | rame dènnya yuda | tarung watang kewala | pating barêkuh swarèki | dènira aprang | samya angrêbut biting || |
131.003 | kawarnaa ing wau sri naranata | karsa ngawaki jurit | saking wlas umiyat | marang ing wadyanira | ing Sampang myang Surawèsthi | dènnya kalintang | kangelan rêbut biting || |
131.004 | dening dahat dènnya kêkathahên lawan | dadya sri narapati | mêpak wadyanira | wong Kapakubuwanan | anggrêgut atap sumiwi | nèng ngarsèng nata | Ki Cakrajaya Patih || |
131.005 | wus sumiwi munggèng ngarsaning narendra | asaos karsa aji | lan Ki Wirancana | myang Ki Wirasantika | Kya Citrasoma tan kari | samya nèng ngarsa | linggih rada kapering || |
131.006 | ngandika sang prabu mring Wirasantika | hèh Subah tanya mami | iya kakangira | Si Malim tan katingal | kang tinanyan awotsari | inggih sang nata | abdi dalêm pun Malim || |
131.007 | bêbêdhilên dahat sangêt sukunira | datan sagêd lumaris | gêgêtun kalintang | wau sri naranata | angandika mring apatih | wus karsaning Hyang | Si Malim wus pinasthi [17: 53: pi...nasthi] || |
131.008 | adoh bêgjane iku wus karsaning Hyang | ora dadi bupati | sigra sri narendra | majêng mangsah ing rana | akarsa ngantêp ing jurit | yèn kasorana | ing yuda sri bupati || |
131.009 | karsanira suka seda madyèng rana | Ki Palèrèd pinusthi | nèng ngarsa narendra | myang dhuwung Mesanular | cinothe munggèng ing keri | kang wadya Sampang | myang bala Surawèsthi || |
131.010 | kang rumêksa ing kangjêng sri naranata | umulat mring sang aji | yèn karsa narendra | angawaki ing yuda | sira mangsah anglancangi | mring ngarsa nata | agya ngunggahi biting || |
796–797 dari 1.487