Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 55
173–174 dari 257
1.727–1.736 dari 2.562
40.018 bitingira apan arsa dipun bêdhah | karsane dèn jarahi | kang sami tinilar | darbèke wong Mêkasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi ||
40.019 alah mêngko aja ana wong ngêrayah | dene kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang enjang | sira ambêdhaha biting | jêjarahana | dene kang duwe gusis ||
40.020 sampun mundur wadyabala ing Mêtaram | miwah măncanagari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | andhèr akapang | wadyabala ing Mêtawis |[1]|
40.021 sawarnine sami eca manahira | nora duwe kuwatir | dening mungsuhira | sirna sami lumajar | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||
40.022 pinaluwangakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | sawênèh guyang kuda | asuka-suka ing wêngi | nèng pondhokira | tan nganggo dèn ropohi ||
40.023 kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Mêkasar | ingkang angungsi wana | asêdya aso [[257] 337: a...so] kariyin | nora apisah | sabaturnya arakit ||
40.024 wong Mêkasar sadaya ingkang lumaywa | sêdyane abali |[2] sarowang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge mangsah | wong Mêtaram wus guling ||
40.025 sampun sami apradandan anèng wana | watara têngah wêngi | Galengsong ngandika | payo sêdhênge mara | amukên ing wong Mêtawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||
40.026 yèn anêmpuh payo poma babar pisan | aja sira êgopi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokane ing mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cilik ||
40.027 lah tunjangên ingkang parêk tumbakana | sampun arêmbag pikir | anulya umangsah | lan sagêgamanira | sêdya angamuk ing wêngi | pan pinilihan | têtiyang kang abêcik ||
173–174 dari 257

 


Lebih satu suku kata: wadyabala Mêtawis. (kembali)
Kurang satu suku kata: sêdyane pan abali. (kembali)