Sitijênar, Tan Kun Swi, 1931, #794
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Serie S. No... ... Harga f 0,40
Boekoe Siti Djenar ingkang Toelèn
Anggitanipun Kangjêng Sunan Giri Kadhaton, panganggitipun nalika ing warsa 1457, sinêngkalan Pandhita Misik Sucèng Tyas.
Cap-capan ingkang kaping pindho.
Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Khoen Swie ing Kêdiri 1931.
168 typ. Stoomdrukk. L.L.D. BL. 22-1-'31.
--- [0] ---
[Iklan]
--- [1] ---
Boekoe Siti Djenar ingkang Toelèn
Anggitanipun Kangjêng Sunan Giri Kadhaton, panganggitipun nalika ing warsa 1457, sinêngkalan Pandhita Misik Sucèng Tyas.
Cap-capan ingkang kaping pindho.
Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Khoen Swie ing Kêdiri 1931.
--- [2] ---
Penerbit: Tan Khoen Swie, - Kêdiri

Hak pengarang diperlindungi Stb. 1912 No. 600 Fatsal 11.
Kitab ini syah bila ada tanda tangannya si penerbit:
[Tanda tangan]
--- 3 ---
1. Asmaradana[1]
1. sêngsêming tyas kumawa mrih | amanitrèng laku tama | dimèn antuk artining rèh | anglêluri jaman kuna | kênia winaspada | mamrih dadya jati tutur | dimèn wikan yakinira ||
2. mangkya kang pinurwèng ruwi | carita Sèh Siti Jênar | jinarwa jinèrèng manèh | mèt carita kang sawantah | saking srat Walisana | sanadyan ta nguni uwus | kèh sarjana kang ngrumpaka ||
3. tataning rèh Sèh Siti Brit | lir yasan sang kasusrèng rat | Ki Sasrawijaya Ngijon | dyan winangun malih marang | Kiyai Mangunwijaya |[2] ing kitha Wanarga dunung | ananging sajatinira ||
4. punika maksih nalisir | saking talêring ruwiya | dene ta ingkang sayêktos | mung kang kawrat Walisana | yasanira jêng sunan | ing Giri Gajah rumuhun | rikala candra sangkala ||
5. ing warsa Wawu winilis | pandhita misik sucèng tyas |[3][4] yeka ingkang salêrêse | nanging ta para sarjana | kang mêdhar caritanya | Sèh Siti Bang wali luhung | kadya kang kawahyèng ngarsa ||
6. yêktine ya wus udani | mangsa ta muta tulia | dene dènnya mêksa gèsèh | mung anjarag nawur wulang | wênganing tyas pra mudha |
--- 4 ---
karya sasandhaning wuruk | asasèndhèn wali tama ||
7. sinalinan solan-salin | salsilahe ngèlmu tama | dimèn mêmêt panggilute | marma dhuh para taruna | darbea tyas saranta | ywa kasusu mosra-masru | ngarani para sarjana ||
8. panganggite muta tuli | ngarang wuruk ngayawara | wêwarah tan sabênêre | dhuh anggèr aywa mangkana | yèn sira anungkara | pustaka yasèng pra luhung | jingglêngên surasanira ||
9. rasane lan rasa jati | patitisna kang sanyata | yèn wus antuk lan rasane | iku bae êmatêna | ywa mikir kang kinandha | nadyan dora lawan tuhu | jaragan dadi dongengan ||
10. kaya-kaya lakon ringgit | kang inganggit pra sujana | iku kabèh wus malèsèt | saking têtalêsing kuna | pêrlune mung kinarya | mèt balungan mrih linuhung | dènnyarsa mêlêng wêwulang ||
11. mangkya èsthine kang mamrih | caritane Sèh Siti Bang | mèt babon kang kacariyos | jroning layang Walisana | dadya kang winicara | kacarita duk ing dangu | Kangjêng Sunan Giri Gajah ||
12. adarbe siswa sawiji | saking tanah Siti Jênar | wus kasub sugih kasêktèn | nama Kasan Ali Saksar |
--- 5 ---
katêlah Siti Jênar | iya Sang Sèh Siti Luhung | iya karan Sèh Lêmah Bang ||
13. ya Lêmah Bang Lêmah Kuning | tan ana prabedanira | Sèh Lêmah Bang salamine | anênuwun dêdunungan | rahsane ngèlmu rasa | ugêr-ugêring tumuwuh | Jêng Suhunan Giri Gajah ||[5]
14. dèrèng lêga ing panggalih | wrin sêmune Sèh Lêmah Bang | watêk wus akèh sikire | marmane datan sinungan | bok sak-sok buwang sasab | ngilangkên ling-aling agung | tan anganggo masa kala ||
15. tyasira dahat rudatin | sira wau Sèh Lêmah Bang | anuwun-nuwun tanpolèh | rumasa tuna ing gêsang | dadya sêdya nêmpuh byat | namur amèt momor sambu | atindak karti sampeka ||
16. duk samana Sunan Giri | nuju ing ari Jumungah | pan arsa mêjang muride | Sèh Lêmah Bang angrêrêpa | duh pukulun jêng sunan | bilih kêparêng saarju | ulun bela puruhita ||
17. ngandika Jêng Sunan Giri | Allah durung pasang yogya | amêjanga dina kiye | marang ing pamintanira | wau ta Sèh Lêmah Bang | angrasa yèn pinakewuh | butêng êru kabatinan ||
18. lajêng kesah marang jawi | locitanira ing driya | yèn mangkono tanpa gawe | ngawit-awiti wus lawas |
--- 6 ---
tiwas datanpa tuwas | mèt wasana pijêr kawus | rewa-rewa ingewanan ||
19. mêjang miji para kaji | sabên ing ari Jumungah | tan kêna manjing sêraos | rumangsa yèn tan kinarsan | bêcik sun cidranana | tan ana druakanipun | mêmikani pangawikan ||
20. Sèh Lêmah Bang wus udani | panggenan pamêjangira | amatêk aji sikire | sanalika malih warna | arupa dindang seta | manggon ing panggonanipun | pamêjanganing jêng sunan ||
21. ciptane wus tan udani | dènira tingkah mangkana | Jêng Sunan Giri Kadhaton | yêkti datan kêkilapan | solahe Sèh Lêmah Bang | angandika jêng sinuhun | mring sagung para sakabat ||
22. hèh ta kawruhana sami | ingsun tan sida amêjang | nora enak atiningong | besuk ing Jumungah ngarsa | sida pamêjang ingwang | dadya bubaran pra kaum | praptaning ari Jumungah ||
23. kadhatêngan para wali | sêdya pagunêman rahsa | angumpulakên kawruhe | sampun amanggih sulaya | dadining rêmbagira | Sunan Giri aturipun | inggih sumangga ing karsa ||
24. nanging ulun nuwun alim | sêdya amêjang sêkabat | sarèhne sampun mangsane | kang para wali sadaya |
--- 7 ---
jumurung ngayubagya | Sunan Giri têdhak gupuh | maring pamêjanganira ||
25. angumpulakên ngulami | wau ta Sang Sèh Lêmah Bang | datan kandhêg panêdyane | dènnyarsa mêthêt sarahsa | nulya mancala warna | pan arupa cacing kalung | singidan soring pratala ||
26. tan ana janma udani | mung Jêng Sunan Giri Gajah | kang wrin sasolah tingkahe | nanging tan ing munasika | rèhning wus janjinira | maringkên nugrahan agung | maring sakabat taruna ||
2. Sinom
1. hèh ta padha kawruhana | dununge kang nungkat gaib | pan aputih warnanira | dene gêdhene rininci | mungguh ing jagad iki | tinandhinga pirang èwu | yuta alam tan timbang | têgêse kang nungkat gaib | apan saking gaibing kang kanyataan ||
2. istiarah tan kajaba | istiarah tan umanjing | istiarah tan kawêdal | tan kajro istiarahing | sayêkti luwih gaib | tan owah gingsir puniku | langgêng tanpa karana | kang jumênêng ki rokhani | apa rupanira duk nalikèng dunya ||
3. nora owah sêbutira | cahya mancorong nêlahi | lir êmas binabar anyar | dene ta ingkang rokhani | pan Mukhamad sajati |
--- 8 ---
aja êsak aja masgul | ananging kawruhana | sahing tekad kang prêmati | pan lêlima prakara rubedanira ||
4. ingkang dhingin katon pisah | katon tunggal kaping kalih | kaping tri katon tan pisah | ping pat mêtu katon yêkti | kaping limanirèki | katon mêtokakên iku | lah padha dèn budia | sakabèhe para murid | aja pêgat gonira musawaratan ||
5. yèn darbe panêmu sira | sêmantakna mring sêsami | lah ta manèh kawruhana | asma pêpitu puniki | Allah ingkang rumiyin | ping ro wujud mokal iku | wujud ilapi trinya | kaping pate roh ilapi | kaping lima pan iya akyan sabitah ||
6. kaping nêm akyan kajiyah | kaping pitune winarni | pan Allah lawan Mukhamad | iku dèn budia sami | matur kang para murid | pukulun saèstunipun | kajarwanana pisan | kantênanipun nampèni | botên beda dadining pambudinira ||
7. Jêng Sunan Giri ngandika | mungguh artining kang yêkti | Allah pan jatining aran | liring wujud mokal nênggih | Pangeran kang sajati | liring wujud ilapiku | jatining warna rupa | dening aran roh ilapi | yaiku sajatine urip kita |[6]|
8. dene ta akyan sabitah | sajatining ana yêkti |
--- 9 ---
mungguh akyan kajiriyah | lire wayangan kang pasthi | Allah Mukhamad liring | ya Allah rasulullahu | ing bedaning panunggal | Allah sarira sayêkti | ing têgêse salira puniku rahsa ||
9. iya sajrone kang rahsa | iku mapan datullahi | datullah dat rasulullah | karo pan dadi sawiji | artine kang sajati | kang apurba langgêng ingsun | purba jati wisesa | sajatining nungkat gaib | dèn pracaya tan liyan yêkti punika ||
10. pra sakabat duk miyarsa | sabdane Jêng Sunan Giri | tanggap atampi nugraha | mathêm dènira mêmundhi | wasana matur malih | dhuh pukulun Jêng Sinuhun | balik ingkang punika | pan sampun tuwan logati | kang rumiyin rubeda gangsal prakara ||
11. kawijangna babar pisan | supados lajêng gumlindhing | botên rêndhêt angalêndhang | sagêd bunar sukci wêning | ngandika Sunan Giri | iku tan kêna winuwus | kudu kanthi nugraha | têmune sira pribadi | mêngko lagi durung kêna kabukaa ||
12. padha anggitên priyangga | kasaru sampun byar enjing | Kangjêng Sunan Giri Pura | kondur ing dalêmirèki | bubaran para murid | sowang-sowangan umantuk | warnanên Sèh Lêmah Bang | nênggih kang alaku sandi |
--- 10 ---
lajêng mêdal saking sajroning pratala ||
13. wus awarna Sèh Lêmah Bang | tamsil sarahsaning ngèlmi | yèn Pangeran ingkang nyata | yêkti sajatining urip | dadya sêdya mandhingi | jumênêng paguron agung | datan purun anuta | maring Jêng Suhunan Giri | mandar kêdah amungsuh ing kabatinan ||
14. murtat murang tekad praja | tan ajrih yèn kênèng sarik | katêtangi driyanira | dènira boya antuk sih | gya kêsah saking Giri | mantuk mring dununganipun | tanah ing Siti Jênar | lajêng ngubalakên ngèlmi | kathah janma kacaryan apuruhita ||
15. marang sira Sèh Lêmah Bang | wêjange tanpa rêricik | lan wus atinggal sêmbahyang | rose kewala liniling | mêlêng tanpa ling-aling | wus dadya paguron agung | misuwur kadibyannya | dènira talabul ngèlmi | wus tan beda lan sagung para oliya ||
16. sangsaya kasusrèng janma | akèh kang amanjing murid | ing praja-praja myang desa | dalah akèh ing ngulami | kayungyun ngayum sami | kasoran kang wali wolu | gunging paguronira | pan anyuwungakên masjid | karya suda kang maring agama mulya ||
17. santri kathah kang kabawah | mring Lêmah Bang manjing murid | ya ta Sang Sèh Siti Jênar | sangsayagung kang andasih | dadya imam pribadi |
--- 11 ---
mêngku sarèh bawahipun | paguroning ngèlmu kak | kawêntar praptèng nagari | lajêng aran Sang Pangeran Siti Jênar ||
18. pan têdhaking Majalêngka | kalawan darah ing Pêngging | kèh prapta apuruhita | mangalap kawruh sajati | nênggih Ki Agêng Tingkir | kalawan Pangeran Panggung | buyut Ngêrang myang Bêtah | kalawan Ki Agêng Pêngging | samya tunggal paguron mring Siti Jênar ||
19. ing lami-lami kawarta | maring Jêng Suhunan Giri | gya utusan tinimbalan | duta wus anandhang wêling | mangkat ngulama kalih | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Lêmah Bang | duta umarêk mangarsi | wus kapanggih lan Pangeran Siti Jênar ||
20. nandukkên ing praptanira | dinutèng Jêng Sunan Giri | lamun mangkya tinimbalan | sarênga salampah kami | wit Jêng Sunan miyarsi | yèn paduka dados guru | ambawa imam mulya | marma tuwan dèn timbali | têrang sagung kang para wali sadaya ||
21. pêrlu amusawaratan | cundhuking masalah ngèlmi | sagêda nunggil sêrêpan | sampun wontên kang sak sêrik | nadyan mawi rêricik | apralambang pasang sêmu | ywa nganti salingsingan | Pangran Siti Jênar angling | ingsun tinimbalan Sunan Giri Gajah ||
22. apa têmbunge maringwang | ature duta kêkalih |
--- 12 ---
inggih maksih Sèh Lêmah Bang | Pangran Siti Jênar angling | matura Sunan Giri | Sèh Lêmah Bang yêktinipun | ing kene nora ana | amung Pangeran sajati | langkung ngungun duta kalih duk miyarsa ||
23. andikane Sèh Lêmah Bang | wasana matur aris |[7] kadospundi karsandika | têka mêkatên kang galih | paran ingkang pamanggih | pangeran ngandika arum | sira iku mung darma | aja nganggo mêmadoni | ingsun iki jatining pangeran mulya ||
24. duta kalih lajêng mêdal | lungane datanpa pamit | sapraptaning Giri Gajah | marêk ing Jêng Sunan Giri | duta matur wotsari | dhuh pukulun Jêng Sinuhun | amba sampun dinuta | animbali Sèh Siti Brit | aturipun sêngak datan kanthi nalar ||
3. Kinanthi
1. makatên wiraosipun | hèh sira duta kêkalih | ingsun mêngko tinimbalan | ing ngarsa Jêng Sunan Giri | matura yèn nora nana | kang ana Pangeran jati ||
2. sakala kawula rêngu | paran kang kados pamanggih | dene angakên Pangeran | ulun nuntên dèn wangsuli | sira iku mung sadarma | ngaturake ala bêcik ||
3. wau sapamyarsanipun | lêgêg Jêng Suhunan Giri | jajabang mawinga-winga |
--- 13 ---
kadya age dèn têdhaki | rinapu pra auliya | dhuh sang ambêg wali mukmin ||
4. dèn sabar panggalihipun | inggih katandha rumiyin | kakêncêngane ing tekad | gampil pinanggih ing wingking | yèn sampun kantênan dosa | kados botên bangkalahi ||
5. lèlèh ing panggalihipun | myarsa sabdane pra wali | Kangjêng Sunan Giri Gajah | duta kinèn wangsul malih | animbali Sèh Lêmah Bang | ujare kinèn nuruti ||
6. jangji seba ngarsanipun | ujanên ywa mindho kardi | duta lajêng nêmbah mêsad | sampun prapta ing Siti Brit | panggih lawan Sèh Lêmah Bang | nandukkên dènnya tinuding ||
7. mring Sunan Giri Kadhatun | pangeran dipun timbali | sarênga salampah kula | Pangran Siti Jênar angling | mêngko pangêran tan ana | ingkang ana Sèh Siti Brit ||
8. duta tan sawalèng wuwus | sarèhning sampun winêling | inggih mangkya Sèh Lêmah Bang | kang wontên dipun timbali | ngandika Sèh Siti Jênar | pangeran tan amarêngi ||
9. awit Sèh Lêmah Bang iku | wajahing Pangeran jati | nadyan sira ngaturana | ing Pangeran kang sajati | lamun Sèh Lêmah Bang ora | mangsa kalakona yêkti ||
10. duta ngungun lajêng matur | inggih kang dipun aturi |
--- 14 ---
pangeran lan Sèh Lêmah Bang | rawuha dhatêng ing Giri | sagêda musawaratan | lawan sagung para wali ||
11. Pangran Siti Jênar nurut | lajêng kering duta kalih | praptane ing Giri Gajah | pêpêkan kang para wali | pangeran ing Siti Jênar | anjujug Jêng Sunan Giri ||
12. lajêng ingandikan arum | bagea pangran kang prapti | rawuhe ing ngarsaningwang | Pangran Siti Jênar angling | dhuh pukulun sama-sama | tumêka suka basuki ||
13. Jêng Sunan ngandika arum | marma sanak sun aturi | kasok karobaning warta | yèn andika tèki-tèki | makiki nêngkar ngèlmu kak | dadi paguron sabumi ||
14. ngasorakên wali wolu | mandar bawa imam sukci | datanpa sukci Jumungah | saèstu ngong anjurungi | pira-pira sira bisa | ngalim ngêlêm para wali ||
15. Pangran Siti Jênar matur | gèn amba purun bawani | mêdhar gaibing Pangeran | awit Allah sipat asih | asih samining tumitah | sabên titah angranggoni ||
16. nganggoa ugêring ngèlmu | kang abuntas dèn patitis | sampun ngatos sêlang sêbat | mundhak ambêbingung pikir | amèt ansar dadi sasar | sarana kirang barêsih ||
17. pedah punapa bêbingung | ngangèlakên ulah ngèlmi |
--- 15 ---
Jêng Sunan Giri ngandika | bênêr kang kaya sirèki | nanging luwih kaluputan | wong wadhèh ambuka wadi ||
18. têlênge bae pinulung | pulunge tanpa ling-aling | kurang waskitha ing cipta | lunturing ngèlmu sajati | sayêkti kanthi nugraha | tan sabên wong anampani ||
19. Pangran Siti Jênar matur | paduka amindho kardi | dadak amêrangi tatal | têtelane ing dumadi | dadine saking nugraha | punapa botên ngulami ||
20. Sunan Giri ngandikarum | yèn kaya wuwusirèki | tan kêna dèn go rêrasan | yèn gèbrèh amêdhar wadi | Pangeran nora kuwasa | anane tanpa ling-aling ||
21. êndi kang ingaran luhur | êndi kang ingaran gaib | êndi kang ingaran purba | êndi kang ingaran batin | êndi kang ingaran baka | êndi kang ingaran latip ||
22. êndi kang ingaran bêsus | êndi ingaran bilai | yèn baka babar balaka | bakal bubar tanpa bibit | mangka Pangeran kang nyata | nora kêna dèn rasani ||
23. lan nora kêna dinumuk | anane wahana gaib | matur Pangran Siti Jênar | sêdya purun amabêni | bantahan masalah rahsa | sinapih kang para wali ||
24. dhuh sanak sakalihipun |
--- 16 ---
ywa tansah abên prang sabil | prayogi kanyatakêna | wontên ing gèn kang asêpi | sampun sêpên sêpi hawa | sarahsa sagêd anunggil ||
25. wontên kawêkasanipun | yèn mukid yêkti karadin | jêng sunan ing Giri Gajah | wrin kêdhaping sambang liring | sabdaning para oliya | lajêng angandika aris ||
26. hèh Sèh Lêmah Bang sirèku | aja pijêr amadoni | besuk ing ari Jumungah | padha musawarat batin | yêkti katandha kang nyata | lèlère asmarèng ngèlmi ||
4. Asmaradana
1. Sèh Lêmah Bang nayogyani | prapta ing ari Jumungah | nuju Ramêlan wulane | marêngi tanggal ping lima | kumpul para oliya | anêdhêng kalaning dalu | ngrakit papan kang prayoga ||
2. sakathahing para wali | samya pagunêman rahsa | ing Giri Gajah ênggone | kang karsa musawaratan | ing bab masalah tekad | dèn waspada ing Hyang Agung | wajib sami nyatakêna ||
3. kang samya angulah ngèlmi | lamun bijaksanèng driya | dadi wêjang sayêktine | tan beda lan puruhita | mungguh rahsaning rahsa | pralambanging pasang sêmu | tan liya saking punika ||
4. nadyan akèh kang wêwisik | wosing wasana wus ana |
--- 17 ---
mung kari mèt pratikêle | ing sawusira pêpêkan | Kangjêng Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | lan Sinuhun Kalijaga ||
5. Sunan Cêrbon myang kang rayi | Pandhanarang Sèh Lêmah Bang | lan Sinuhun Majagunge | suhunan ing Bantên lawan | Suhunan Giri Gajah | samya agunêm ing ngèlmu | jênênge masalah tekad ||
6. Jêng Sinuhun Ratu Giri | amiwiti angandika | hèh sanak manira kabèh | pratingkahe wong makripat | aja dadi parbutan | dipun sami ngèlmunipun | padha peling-pinelingan ||
7. wong wolu dadi sawiji | ajana wong kumalamar | dipun rujuk ing karêpe | dèn waspada ing Pangeran | nênggih Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | amêdhar ing pangawikan ||
8. ing karsa manira iki | iman tokid lan makripat | wêruh ing kasampurnane | lamun maksiha makripat | mapan durung sampurna | dadi batal kawruhipun | pan maksih rasa-rinasa ||
9. Sinuhun Benang ngukuhi | sampurnane wong makripat | suwung ilang paningale | tan ana kang katingalan | iya jênênging tingal | mantêb Pangeran Kang Agung | kang anêmbah kang sinêmbah ||
10. pan karsa manira iki |
--- 18 ---
sampurnane ing Pangeran | kalimputan salawase | tan ana ing solahira | pan nora darbe sêdiya |[8] wuta tuli bisu suwung | solah tingkah saking Allah ||
11. Sinuhun Benang anuli | ngandikani wali samya | hèh sanak manira kabèh | punika kakasih ngalam | yèn mungguhing manira | jênênging roh sêmunipun | ingkang roh Nabi Muchamad ||
12. nora beda ing roh iki | yèn sêdya mutabangatan | tan beda ing panunggale | kadyaparan karsanira | matur wali sadaya | botên sanès kang winuwus | sampun atut sabda tuwan ||
13. pundi kang ingaran nabi | jênênging roh ing sêmunya | mapan iku kêkasihe | sadurunge dadi jagad | mapan jinatèn tunggal | dèn dadèkakên karuhun | kang minangka kanyataan ||
14. Sinuhun Majagung nênggih | amêdharing pangawikan | ing karsa manira dene | iman tokid lan makripat | tan kocap ing akerat | mung padha samêngka[9] wujud | ing akerat nora ana ||
15. nyataning kawula Gusti | iya kang muji kang nêmbah | apan mangkono lakone | ing akerat nora nana | yèn tan ana imannya | tan wêruh jatining ngèlmu | nora cukul dadi jalma ||
--- 19 ---
16. Jêng Sunan ing Gunungjati | amêdhar ing pangawikan | jênênge makripat mêngko | awase maring Pangeran | tan ana ingkang liyan | tan ana loro têtêlu | Allah pan amung kang tunggal ||
17. Jêng Sunan Kalijagangling | amêdhar ing pangawikan | dèn waspada ing mangkene | sampun ngangge kumalamar | dèn awas ing Pangeran | kadyaparan awasipun | Pangeran pan nora rupa ||
18. nora arah nora warni | tan ana ing wujudira | tanpa mangsa tanpa ênggon | sajatine nora ana | lamun nora anaa | dadi jagadipun suwung | nora ana wujudira ||
19. Sèh Bênthong samya melingi | amêdhar ing tekadira | kang aran Allah jatine | tan ana liyan kawula | kang dadi kanyataan | nyawa ing kawulanipun | kang minangka katunggalan ||
20. Kangjêng Molana Magribi | amêdhar ing pangawikan | kang aran Allah jatine | wajibul wujud kang ana | Sèh Lêmah Bang ngandika | ajana kakèhan sêmu | iya Ingsun iki Allah ||
21. nyata ingsun kang sajati | jêjuluk Prabu Sadmata | tan ana liyan jatine | ingkang aran bangsa Allah | Molana Magrib mojar | iku jisim aranipun | Sèh Lêmah Bang angandika ||
--- 20 ---
22. kawula amêdhar ngèlmi | angraosi katunggalan | dene jisim sadangune | mapan jisim nora ana | dene kang kawicara | mapan sajatining ngèlmu | sami amiyak warana ||
23. lan malih sadaya sami | sampun wontên kumalamar | yêkti tan ana bêdane | salingsingan punapaa | dening sêdya kawula | ngukuhi jênênging ngèlmu | sakabèhe iku padha ||
24. Kangjêng Sèh Molana Magrib | sarwi mèsêm angandika | inggih lêrês ing sêmune | punika dede wicara | lamun ta kapirsaa | dening wong kathah saru |[10] punika dede rêrasan ||
25. tuwan ucapna pribadi | ajana wong amiyarsa | anuksma ing ati dhewe | punika ujar kêkêran | yèn ta kênaa tuwan | amalangi jênêngingsun | bok sampun kadi mangkana ||
26. nênggih Jêng Sinuhun Giri | amêdhar ing pangandika | pasthine Allah jatine | jêjuluk Prabu Sadmata | sampun pancas wicara | tan ana pêpadhanipun | anging Allah ingkang tunggal ||
27. ya ta sakathahing wali | angèstokakên sadaya | mapan sami ing kawruhe | namung sira Sèh Lêmah Bang | tan kêna pinalangan | cinêgah wali sadarum | tan owah ing têkadira ||
--- 21 ---
28. angandika Sèh Siti Brit | pan sampun ujar manira | dènnya nututi kapriye | dhasare ingkang amêdhar | pamêjange maringwang | punika wuruking guru | datan kenging ingowahan ||
29. amêksa tan kêna gingsir | sinuwalan ing akathah | tan kêna owah tekade | sampun ujar linakonan | pan wus jangjining Suksma | Sunan Cêrbon ngandikarum | sampun ta tuwan mangkana ||
30. punika ujaring jangji | yêkti tinuduh ing kathah | nênggih sampun ing kukume | wong ingkang angaku Allah | ngandika Sèh Lêmah Bang | lah mara tuwan dèn gupuh | sampun nganggo kalorehan ||
31. dhasar kawula labuhi | ngulati pati punapa | pan pati iku parênge | parênging sih kawimbuhan | pan tansah kawisesa | kang têka jatine suwung | ana kodim ana anyar ||
32. ngulati punapa malih | nora nana liyan-liyan | apan apês salawase | nanging Allah ingkang tunggal | ya jisim iya Allah | tokid têgêse puniku | apan tunggal kajatènnya ||
33. sakathahing para wali | prasamya mèsêm sadaya | miyarsa ing pamuwuse | kukuh tan kêna ingampah | saya banjur micara | amiyak wêrananipun | nora nganggo sita-sita ||
--- 22 ---
34. angaku jênêng pribadi | andadra dadi rubeda | ngrêribêdi wêkasane | nênêrang anêrak sarak | rêmbuge angaliga | mawali pra wali wolu | winolon kurang walaka ||
35. lajêng abubaran sami | kang para wali sadaya | kondur marang ing dalême | mung Jêng Sunan Giri Gajah | kang kawogan anglunas | kang murang saraking ngèlmu | mumpung dèrèng ngantos mraman ||
36. Jêng Sunan Giri nyagahi | ing sirnane Sèh Lêmah Bang | yèn sampun praptèng mangsane | adêging nata ing Dêmak | bêdhah ing Majalêngka | sadaya samya jumurung | lajêng samya pakumpulan ||
37. sagunging kang para wali | mrih bêdhah ing Majalêngka | dene kang jinago-jago | sira wau Radèn Patah | Lêmbupêtêng Madura | lan sakulawarganipun | kang wus samya tumut Islam ||
38. Jêng Sunan Ngampèl mambêngi | mring para wali sadaya | lawan putra sadayane | rèhning Prabu Brawijaya | anlangsa sêdyanira | mring para wali sadarum | pinardikakkên kewala ||
39. Radèn Patah matur aris | inggih nadyan makatêna | jèr tan nunggil agamine | pangangkah kula ing mangkya | inggih sanuswa Jawa | sampun ngantos wowor sambu | sagêda nunggil agama ||
--- 23 ---
40. wus gumêlêng para wali | golonging gunêm wus dadya | anglurugi Sri Pamase | Brawijaya Majalêngka | roncène tan winarna | enggale ingkang cinatur | Sang Aprabu Brawijaya ||
41. sampun katitih ing jurit | anglès lolos saking pura | kasangsaran saparane | gya ngungsi ing ardi Sawar | puwara sri narendra | dyan ngrajut jagad kinukut | tan antara sampun seda ||
42. Dyan Patah anglut ing wuri | duk wrin kang rama wus seda | dyan sumungkêm ing sukune | asêsambat wor karuna | Sunan Benang uninga | sigra marpêki ngrêrapu | puwara layoning rama ||
43. dyan pinaripurna nuli | binêkta dhatêng ing Dêmak | dene ta kang mikul layon | Jêng Sunan Benang priyangga | lan Dipati Bintara | sapraptaning Dêmak laju | sinarèkkên paripurna ||
44. ri wusing mangkana nuli | para wali pakêmpalan | samya gusthi jumênênge | Dipati Bintara nulya | kajumênêngkên nata | nèng Dêmak karatonipun | ingaran Ngawantipura ||
45. jêjulukira sang aji | Kangjêng Sultan Syah Akêbar | ingkang dadya pêpatihe | putra Kyagêng Wanapala | nama Patih Mangkurat | de kang jumênêng pangulu | paduka Jêng Sunan Benang ||
--- 24 ---
46. saliyane para wali | samya jumênêng pujangga | Ki Wanapala jaksane | samana wus paripurna | adêge sri narendra | sapraja têntrêm rahayu | raharja kanthi nugraha ||
5. Kinanthi
1. nihan mangkya kang winuwus | Sèh Siti Jênar ing nguni | sangsaya karya sandea | maring sagung para wali | Jêng Sunan ing Giripura | matur Sang Prabu Ngawanti ||[11]
2. sapratingkahnya sadarum | dènira angorak-arik | saruning sarak sarengat | jumênêng guru gêgurit | rosing sarasèng rêrasan | akarya suwunging mêsjid ||
3. lamun awèta tumuwuh | ical bituwahing nguni | tan wontên purun sêmbahyang | ical caraning nagari | anggêring guru dèn arah | sumarah anut kang murid ||
4. lawan cariyosing dangu | nalimpêt anglêmpit ngèlmi | tan saking wiji winêjang | arda marsadu anilib | nilêm siluman ing lampah | milalah amalih warni ||
5. mangka adat kukumipun | punika dipun pêjahi | ngandika Sultan Bintara | inggih rinêmbaga sami | manira sampun pracaya | ing pratinggah gampang rumpil ||
6. Jêng Sunan Giri agupuh | anyuruhi para wali | pan sampun prapta sadaya |
--- 25 ---
Sunan Giri anulyaglis | mêdharakên karsa nata | wali sadaya ngamini ||
7. Pangran Siti Jênar sampun | tinimbalan marang Giri | sapraptanira samana | lan sabat kapitu ngiring | ginêdhêg gadhunging tekad | tan owah kadya ing nguni ||
8. Sunan Kalijaga gupuh | sinasmitan Sunan Giri | saksana anarik pêdhang | pan sarywa ngandika aris | e kisanak iki paran | Pangran Siti Jênar angling ||
9. gaib arane puniku | yêkti dumunung ing pasthi | parênging sih rahmatullah | yèn tumama karya lalis | pan dadya sawarga mulya | wasana ing alam akir ||
10. kang sru kinêkêr sinêrung | rosing sarahsa sajati | mangkya arsa babar pisan | sampurna ing ênêng êning | kaonang-onang kanang rat | paran kang dipun upadi ||
11. pêdhang tinibakkên sampun | mring Pangeran Siti Kuning | pêdhot jangga kapisanan | kang rah sumamburat mijil | dinulu abang baranang | Sunan Kali mèsêm angling ||
12. lah ta iki warnanipun | kang wantêr amuntu pati | pan maksih lumrah kewala | gêtihe pan nora putih | jisime pan maksih wantah | wujude maksih kaèksi ||
13. punang ludira tan dangu | pan amalih warna putih |
--- 26 ---
kang jisim kinukut nulya | kinêbat saking sakêdhik | tan kumêdhap idhêpira | panoningrat kang umèksi ||
14. dupi wus mèh pasang surud | kantun katon sakêmrêki | kacaryan mancala cahya | gumilang-gilang nêlahi | awarna catur prakara | abang irêng kuning putih ||
15. tan antara gya rinacut | byar cahya panca kawarni | cahya wungu kang kapisan | cahya biru kaping kalih | cahya ijêm kaping tiga | dadu kaping patirèki ||
16. cahya jingga limanipun | tan dangu kinukut malih | adadya cahya gumilang | prabawanira nêlahi | pan kadya pêputran dênta | tan antara nulya gaib ||
17. sampurna kaananipun | punang rah kang warna putih | sakala istha sêratan | winaca ing para wali | ungêle punang aksara | la illaha illullahi ||
18. sawusnya kang rah sumêbut | rinacut datan kaèksi | Jêng Sunan ing Kalijaga | pangandikanira wêngis | pan kaya patining setan | jisim ilang tanpa lari ||
19. wau kang murwèng don luhung | atilas wasita jati | e manungsa sesa-sesa | mungguh ing jamane pati | ing rèh pêpuntoning tekad | santa santosaning kapti ||
20. nora saking anon rungu |
--- 27 ---
rêringa rêngat siningit | labêt asalin salaga | salugune dèn ugêmi | ing pangagêmaning raga | suminggah ing sanggarunggi ||
21. marmane sarak siningkur | karana angrêribêdi | manggung karya was sumêlang | êmbuh-êmbuh dèn andhêmi | iku panganggone donya | yèn ing pati nguciwani ||
22. sajati-jatining ngèlmu | lungguhe cipta pribadi | pusthining pangèsthinira | ginêlêng dadya sawiji | wijanging ngèlmu dyatmika | nèng kaanan ênêng êning ||
23. kèndêl swara kang karungu | wau ta Suhunan Giri | alon dènira umojar | e kanca wasitèng wangsit | yèn rinasa sarahsanya | puntoning pati patitis ||
24. tan kewran waranèng kawruh | nanging tanduke awadi | pan doning purwèng dêlahan | sidi sidaning don adi | dumadi ywa kawadaka | linintu wanda samangkin ||
25. wali sadaya jumurung | saksana Suhunan Giri | anyipta kadêbog lupah | wus antuk sinabdan aglis | mangka lintuning kuwanda | Pangeran ing Siti Abrit ||
26. wus awarna jisimipun | para murid dèn timbali | kapitu wus praptèng ngarsa | tinodhi rèh paran kapti | murid kapitu aturnya | kêdah mèlu bela lalis ||
--- 28 ---
27. labuh labêtaning guru | angugêri lair batin | abantu bêbantên atma | para wali tan nêdyapti | rèhning tan kadrêsan dosa | sangsara yèn misesani ||
28. adrêng andarung tyasipun | sabat kapitu rumanti | tumutur sang puruhita | mantêp nêdya bela pati | dyan musthi kanang curiga | sadaya sampun ngêmasi ||
29. para wali langkung ngungun | wontên malih ingkang prapti | sabat satunggal kumêdah | ngudi ambelani pati | ing guru kang wus sawarga | Sunan Giri lingnya manis ||
6. Dhandhanggula
1. aywa sira adrêng rèhning kapti | gurunira aliwat druhaka | manggung sinanggaa dhewe | ya apa pedahipun | anglabuhi wong dosèng Widhi | marmane kawisesa | trang karsanèng ratu | luputa ambubrah sarak | kang wus padha ingimanakên narpati | lakuning kuna-kuna ||
2. angugêmi agême ing ngèlmi | ngorakakên ing sarak sarengat | wus ana anggêr-anggêre | ingkang muni ing kukum | anêmahi ukuman pati | ing Ngarab Sèh Mubarat | têpane ing dangu | iya kukum ing nagara | dene wani tan ngimanakên agami | ugêr agêming nata ||
--- 29 ---
3. sabat kang liningan matur aris | dhuh suhunan dhawuh kang mangkana | sanadyan nistha patine | yèn sampun jangjinipun | botên kenging dèn sêngguh nênggih | punika pati siya | marmamba umatur | cumanthaka tan wrin angga | awit sêsêrêpan yèn sampun dèn èsthi | ngèlmune botên ical ||
4. pêpuntoning tekad wus karakit | têkaning tokid sampun pinasang | sumarah sarahsaning rèh | lair batin kawêngku | pangawikan kang dèn wikani | sumambung Jêng Suhunan | ing Carêbon gupuh | bênêr wuwusmu mangkana | nanging kaananing ngalam kudu ngudi | dadining kanyataan ||
5. katrimane wong ngimankên ngèlmi | mara iki jisime dèn enggal | paripurnanên bêcike | pinêtak kang pakantuk | antarane ing têlung bêngi | enjange dèn dhudhuka | yèn gandanirarum | mratandhani katarima | antuk swarga yèn gandane arus bacin | yêkti tan katarima ||
6. sabat siji anut rèh ing kapti | layon dêbog pan sampun pinêtak | sampuning ngantawisake | jangkêpe tigang dalu | layon pindhan dhinudhuk malih | mring sabat kang anandha | gandanipun arus | badhêg pênguk bêlarongan | atur tobat wêkasan tumut anyantri | pra wali langkung suka ||
--- 30 ---
7. wus pinêndhêm wau ponang jisim | nyata praptane antara dina | kapiyarsa ing garwane | yèn lakinira lampus | anèng Giri Pangran Siti Brit | patine tanpa dosa | langkung mêsgulipun | sanalika lajêng dandan | lawan bêkta kulawangsa sawatawis | praptaning Giripura ||
8. jujug ngarsane Jêng Sunan Giri | têmbung anggugat tan anarima | sapatine ing lakine | tan wontên dosanipun | anêmahi pati tan yukti | kalamun makatêna | punapa sinuhun | ical dènira kinarywa | wali mulya lampah asiya ing dasih | ngarênah nganiaya ||
9. dados kasêbut yèn kirang sidik | mangka pantêse ambêk sagara | Sunan Giri andikane | ni bok mung darma ingsun | anglakoni karsaning aji | marmane kawisesa | somahira iku | labête anandhang dosa | ngrusak sarak gorohi rèhing nagari | ni Lêmah Bang aturnya ||
10. kadospundi karsane sang aji | têka damêl karênah ing wadya | amisesa sakarsane | pan ratu sipat luhur | sipat maklum lan sipat asih | apan laki kawula | mung mêmêjang ngèlmu | kasampurnaning agêsang | yèn cidraa dados lêpating nagari | lah inggih punapaa ||
--- 31 ---
11. para wali sami dèn lilani | mijangakên mêjang ing ngilmu kak | mawi beda pêpandume | yèn lakyamba kang lampus | nêrak sarak lan anggorohi | ngèlmunipun abatal | jidik wêkasipun | sayêkti para oliya | botên sanès inggih makatên pinanggih | kados laki kawula ||
12. Sunan Giri kewran ing panggalih | kèndêl anganam-anam ing driya | katarbuka wangsulane | manuhara ngêngimur | yayi aywa sandeyèng galih | patining lakinira | manggih swarga luhur | wit wis dadya patêmbaya | nora nistha mandar utama ing pati | putus ing kasunyatan ||
13. yêkti ingsun mung minangka margi | anjalari ngantêr ing dêlahan | cancud pancading kapatèn | lair batin jumurung | ni Lêmah Bang duk amiyarsi | tanduking pamindaka | ragi darbe lipur | wasana alon turira | yèn makatên nyuwun pratandha ing mangkin | swargane katarima ||
14. Sunan Giri kèndêl mêsu budi | budidaya dadining mangunah | mangêningakên êninge | gya mundur ing sabdarum | lah ta nini mara dèn aglis | tumêngaa ing wiyat | apa kang kadulu | angèstokkên ni Lêmah Bang | sanalika lajêng tumênga ing nginggil | katon kang langit bêdhah ||
--- 32 ---
15. sarta katon sawarga sarwadi | tanpa timbang yèn ing alam donya | lakine lungguh ing bale | kang rinêngga raras rum | nunggil lawan kang para Nabi | sawusnya ni Lêmah Bang | pan lajêng tumungkul | langkung suka anarima | mung ing benjang yèn amba nusul ing laki | mantuk ing rahmatullah ||
16. kadongakna sagêda anunggil | wontên kaanan ingkang minulya | Sunan Giri ngèstokake | pangèsthining tyasipun | ni Lêmah Bang anulya mulih | lawan sakulawangsa | wuwusên kang kantun | Jêng Suhunan Giripura | duk samana sampun ngaturi udani | lunase Sèh Lêmah Bang ||
Tammat
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
1 | Teks asli: Têmbang Asmaradana (semua nama tembang diawali dengan kata Têmbang). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: Kyai Mangunwijaya. (kembali) |
3 | § = (1457). (kembali) |
4 | Tanggal: Wawu: pandhita misik sucèng tyas (S 1457). Tahun Masehi: 1535–6. (kembali) |
5 | Pupuh 1.13 ini sampai dengan Pupuh 4.39 hampir identik dengan cerita Sitijenar di Wali Sana (Tanaya 1955), Pupuh 29.16-32.39. Lihat juga catatan di Pupuh 5.1 di bawah. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: iya iku sajatine urip kita. (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata: wasana umatur aris. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: pan nora darbe sêdya. (kembali) |
9 | sumêngka. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: dening uwong kathah saru. (kembali) |
11 | Pupuh 5.1 ini sampai dengan Pupuh 6.16 hampir identik dengan cerita Sitijenar di Wali Sana (Tanaya 1955), Pupuh 51.9-52.16. Lihat juga catatan di Pupuh 1.13 di atas. (kembali) |