Sriyatna, Padmasusastra, 1898, #149

Judul
Sambungan
1. Sriyatna, Padmasusastra, 1898, #149. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Sriyatna, Padmasusastra, 1898, #149. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 17-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sriyatna

1. Dhandhanggula

1. lir mangisêp maduning kang sari | surasane dènira mandaya | tan milalu kamuktène | mung ketang prajanipun | kang pininta jroning sêmadi | mugi ta pinarêngna | mrih arjèng wadyagung | katêntrêmna ing tyasira | winantua ing sandhang kalawan bukti | wruha ing yogatama ||

2. sumarambah marang garwa siwi |

--- 57 ---

kaping kalih ing panêdhanira | mugi para atmajane | kang sampun sinung lungguh | nama pangran ngraosa bilih | sampun antuk nugraha | nunggil asmanipun | lawan kang murbèng buwana | dipun sukur dèn sagêd mrênahkên dhiri | nglênggahi namanira ||

3. sumawana sadhèrèke sami | priya mugi enggal sumusula | tuk nugraha lir kadange | lawan pamujinipun | dhatêng putra kasampun[1] wanci | diwasa nampènana | ing sasmitanipun | kang rama dènnya mrih arja | bantonana ing lampah ingkang prayogi | lan pamêsuning driya ||

4. lumayane dènira mangudi | upamane palwa nèng samodra | nadyan wasis pandhegane | kalamun palwanipun | awrat datan samêkta sami | măngsa ge praptèng paran | tansah kombak kombul | mangkana para sujanma | tanpa brata ngandêlakên yayah wibi | tan têka kang sinêdya ||

5. kang mangkono kadi ulêr turi | awit nêtês praptaning diwasa |

--- 58 ---

tan lunga saka ênggone | kang măngka bojanipun | mung galihe ponang wit turi | lami-lami katrêsan | bolong dêlêgipun | ulêr mêdal sing sasana | dadi kupu bambrang adi ingkang warni | wus prapta kang sinêdya ||

6. tuk nugraha katêkaning kapti | nadyan raga ana dadinira | lamun kojur lêlakone | wit turi saya alum | marga saking atine rujit | ulêre nora doyan | ilang rahsanipun | yèn katêmpuh ing prahara | kayu pokah kang ulêr cinucuk pitik | têmah sirna kalihnya ||

7. kang saloka tumrape nèng janmi | kayu turi yèka yayah rena | ulêr kang măngka sutane | wus tamtu bapa biyung | ngupakara wèh sandhang bukti | myang mrihatinkên ing tyas | sung pemut rahayu | kongsi praptaning diwasa | lamun putra graita darbèni budi | wêlas mring ibu rama ||

8. angupaya wêkasaning dhiri | pirabara bisa amalêsa | marang sihe wong tuwane |

--- 59 ---

lamun tan bakitipun[2] | amung aja adadi kardi | myang karya susahira | iku saminipun | ulêr kang mêtu sing wrêksa | dadi kupu anak bisa dadi pyayi | kêna tinon ing kathah ||

9. kang mangkana bêgja dèn arani | prihatine ana dadinira | seje kang tiwas lakone | anake mèngwèng tuduh | wus diwasa datanpa budi | wêruhe mung wong tuwa | anggêlar piangkuh | sandhang pangan mrih samêkta | duwe japa aku anake wong sugih | tur têdhaking awirya ||

10. lamun datan mangkenea isin | apa aku anaking sudagar | ngetung pangan sadinane | kabèh titah Hyang Agung | ana urip ya ana bukti | kang wêruh sesuk pasa | ujar kang puniku | bodho bundhune dalea | kang mangkono lamun tan mangan saari | nyalinguk jroning driya ||

11. dadi goroh ujare kang uwis | tangèh lamun têrus ing wardaya | tekade amencla-mencle | banjure nora wurung | ngandêlakên [ngandêla...]

--- 60 ---

[...kên] mring yayah wibi | salamine mangkana | kale ing tumuwuh | dènira ana ing dunya | datan lama samubarang owah gingsir | raga puwara sirna ||

12. kayaparan yèn kalakon benjing | yêkti kadi ulêr isthanira | sampyoh barêng lan uwite | nanging ta majadipun | kang rumiyin mring alam suci | tamtune wong atuwa | anak kari mangu | gêtuna jêr wus kaliwat | nora wurung uripe tan kadi nguni | duk maksih sudarmanya ||

13. marma sinung pangèngêt samangkin | pra atmaja muga andriyaa | ing têmbe kawusanane | kalamun maksih ayun | mring kadarman dera dumadi | darajad ginayuha | ing sapangkatipun | timbanga lan bangsanira | supayane ing benjang aywa prihatin | yèn kasor kang prabawa ||

14. dene laku ingkang dadi margi | ning kawiryan yogya sumurupa | ingkang măngka pusakane | aja agawe rêngu | myang saksêrik sagung dumadi | dipun pracayèng suksma | lan aja [a...]

--- 61 ---

[...ja] têkabur | tingalira kang sanyata | ywa suminggah wisesanira Hyang Widhi | aja angumbar karsa ||

15. aja pêgat suhulirèng Widhi | dèn dohêna saliring bancana | rinêksaa salamine | sinunga tyas kang emut | dinawakna dera dumadi | nêmua ing kamulyan | titi kang pitutur | Kêmis tanggal ping wolulas | Madilawal taun Je dèn sangkalani | tan gatra mulang siswa |[3][4]|

 


kang sampun. (kembali)
bangkitipun. (kembali)
§ = 1790. (kembali)
Tanggal: Kêmis wolulas (18) Madilawal (Jumadilawal) Je: tan gatra mulang siswa (AJ 1790). Tanggal Masehi: Kamis 21 November 1861. (kembali)