Sriyatna, Padmasusastra, 1898, #149

Judul
Sambungan
1. Sriyatna, Padmasusastra, 1898, #149. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Sriyatna, Padmasusastra, 1898, #149. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 21-05-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Dhandhanggula

1 li/mzi=sepMfuni=k=sri, surs[n[fnirm/fy, tnMillukmu[kT[nN, mu=[kt=p]jnipun\ k=pininT[j]oni=semfi, mugitpinx=n, m]iha/[j=wf-gu=, tenÒ~m>nai=t-sSir, winnÒ|wai=snD=klwnB|kTi, w(ham]i=[yog-tm.
1 lir mangingsêp maduning kang sari | surasane dènira mardaya | tan milalu kamuktène | mung ketang prajanipun | kang pininta jroning sêmadi | mugi ta pinarêngna | mrih arjèng wadyagung | têntrêm rêna ing tyasira | winantua ing sandhang kalawan bukti | wruha mring yogyatama ||
2 sum]mBh[amr=g/wsiwi, kpi=klihai=pnednir, mugipratMj[n,k=smPunSinu=lu=guh, nmpz]nZ`[aosSbilih, smPunHnÒ|kNug]a, nu=gilHsMnipun\ lwnK=mu/[b=bwn, fipu[nSoku/[fnSgefM/nhkenDiri, zL_ghainmnir.
2 sumrambahe marang garwa siwi | kaping kalih ing panêdhanira | mugi para atmajane | kang sampun sinung lungguh | nama pangran ngraosa bilih | sampun antuk nugraha | nunggil asmanipun | lawan kang murbèng bawana | dipun sokur dèn sagêd marnahkên dhiri | nglênggahi namanira ||
3 sumwns[d[r[kKsmi, p]iyaugi[a=glSumusulL, tukNug]ali/kf=[z, lwnPmujinipun\ dt_put]k=smPunWvCi, fiwsn[mPnNn, ai=ssMitnipun\ k=rm[fnVm]iha/j, b[nTonNnai=lmPhai=k=p][yogi, lnPmesuni=f]iy.
3 sumawana sadhèrèke sami | priya ugi enggal sumusula | tuk nugraha lir kadange | lawan pamujinipun | dhatêng putra kang sampun wanci | diwasa nampènana | ing sasmitanipun | kang rama dènnya mrih arja | bantonana ing lampah ingkang prayogi | lan pamêsuning driya ||
4 lumynN[fnNirm/sufi, aupm[nNplW[n=s[mof], nf-nWsisP[nDg[nN, klmunPlWnipun\ aw]tFtnSmpTsmi, [m=os[gp][pT=prn\ tnSh[komBkÑ|mB|l\ m=knprsujnM, tnPb]tznFelLkenYyhbibi, tnKenk=sinef-.
4 lumayana dènira marsudi | upamane palwa nèng samodra | nadyan wasis pandhegane | kalamun palwanipun | awrat datan samapta sami | măngsa ge praptèng paran | tansah kombak kumbul | mangkana para sujanma | tanpa brata ngandêlakên yayah bibi | tan kêna kang sinêdya ||
5 k=m=[ko[noffiau2/turi, awitNetesP]pTnNi=fiws, tnÓ|zski=a_[go[nN, k=[m=ok[bojnNipun\ mu=glih[apun=witÒ|ri, lmilmikt}sn\ [bo[l=ofelegGipun\ au2/meflHi=ssn, ffikupubmB`=afiiai=k=w/ni, wusP]pTk=sinef-.
5 kang mangkono dadi ulêr turi | awit nêtês praptaning diwasa | tan lunga saking ênggone | kang măngka bojanipun | mung galihe punang wit turi | lami-lami katrêsan | bolong dêlêgipun | ulêr mêdal ing sasana | dadi kupu bambrang adi ingkang warni | wus prapta kang sinêdya ||
6 tukNug]akteknHi=kpTi, nf-[nRoganffinir, lmu[nKoju/ll[ko[nN, witÒ|risyalum\ m/gski=ati[nrujit\ au2/[r[nor[foyn\ ail=rsnipun\ [ynKtemPuhai=p]ar, kyu[pokhk=au2/cinucukPitik\ temhsi/nklihv.
6 tuk nugraha katêkan ing kapti | nadyan roga ana dadinira | lamun kojur lêlakone | wit turi saya alum | marga saking atine rujit | ulêre nora doyan | ilang rasanipun | yèn katêmpuh ing prahara | kayu pokah kang ulêr cinucuk pitik | têmah sirna kalihnya ||
7 k=s[loktum][pP[n=jnMi, kyuturi[ykyyh[rn, au2/k=[m=oksut[n, wusTmÒ|bpbiyu=, zupkr[whsnD=bukTi, m=-m]ihatinKenHi=t-s\ su=[pmutRayu, [k=osip]pTni=fiws, lmunPut]g]aitf/[bnibufi, welsM`i=aiburm.
7 kang saloka tumrape nèng janmi | kayu turi yeka yayah rena | ulêr kang măngka sutane | wus tamtu bapa biyung | ngupakara wèh sandhang bukti | myang mrihatinkên ing tyas | sung pemut rahayu | kongsi praptaning diwasa | lamun putra graita darbèni budi | wêlas mring ibu rama ||
8 azupyweksSnNi=diri, pirbrbisam2sS, mr=sih[a[w=otuw[n, lmunTnB=kitTipun\ amu=ajtffipiki/, m=-k/ysushair, aikusminipun\ au2/k=metusi=w}kS, ffikupuankBisffip-yi, kenti[nonHi=kqh.
8 angupaya wêkasaning dhiri | pirabara bisa amalêsa | marang sihe wong tuwane | lamun tan bangkitipun | amung aja ta dadi pikir | myang karya susahira | iku saminipun | ulêr kang mêtu sing wrêksa | dadi kupu anak bisa dadi pyayi | kêna tinon ing kathah ||
9 k=m=knbegJ[fnHrnNi, p]ihati[nNanffinir, [s[jk=tiwsL[ko[nN, an[kK[m[z=tufuh, wusFiwsftnPbufi, weruh[amu=[w=otuw, a=gel/piy=kuh, snD=pznM`ihsmpT, fu[wjpakuan[kK[w=osugih, tu/tedkKi=zwi/y.
9 kang mangkana bêgja dèn arani | prihatine ana dadinira | seje kang tiwas lakone | anake mèngèng tuduh | wus diwasa datanpa budi | wêruhe mung wong tuwa | anggêlar piangkuh | sandhang pangan mrih samapta | duwe japa aku anake wong sugih | tur têdhaking awirya ||
10 lmunFtnM=[k[nyaisin\ apakuankKi=sufg/, zitu=pznSfin[n, k[bhtitha=-Agu=, anauripYanbukTi, k=weruh[ssukSp, auj/k=puniku, [bo[dobunD|[nfluy, k=m=[ko[nolmunTnMznSari, vlizu[kJ`oni=f]iy.
10 lamun datan mangkenea isin | apa aku anaking sudagar | ngitung pangan sadinane | kabèh titah Hyang Agung | ana urip ya ana bukti | kang wêruh sesuk sapa | ujar kang puniku | bodho bundhune daluya | kang mangkono lamun tan mangan saari | nyalinguk jroning driya ||
11 ffi[norauj/[rk=auwis\ t[zhlmunTerusHi=w/fy, [tk[fFa[mLvC[mL[vC, bvJ|/[r[norwuru=, zenFelLkenM`i=yyhbibi, slmi[nm=kn, k[lai=tumuwuh, [fnNiranai=fuv, ftnLnsmubr=[aowhgi=si/, rgpuarsi/n.
11 dadi nora ujare kang uwis | tangèh lamun têrus ing wardaya | tekade amlenca-mlence | banjure nora wurung | ngêndêlakên mring yayah bibi | salamine mangkana | kale ing tumuwuh | dènira ana ing dunya | datan lana samubarang owah gingsir | raga puhara sirna ||
12 kypr[nYnKl[ko[nBvJi=, ykTikfiau2/aisQnir, smP-uhbx=lnHuwi[tT, nzi=tmjfFipun\ k=rumiyinM`i=almSuci, tmÒ|[n[w=oztuw, ankKrimzu, getu[nNje/wusKliwt\ [norwuru=auri[pPtnKfizuni, fukMkSihsuf/mnT.
12 kayaparan yèn kalakon benjing | yakti kadi ulêr isthanira | sampyuh barêng lan uwite | nanging ta majadipun | kang rumiyin mring alam suci | tamtune wong atuwa | anak kari mangu | gêtune jêr wus kaliwat | nora wurung uripe tan kadi nguni | duk maksih sudarmanta ||
13 m/msinu=[p[pzetSm=kin\ p]atMjmuganF`iya, ai=te[mBkwusn[n, klmunMkSihayun\ m]i=kf/m[nFnVfumfi, frjfGinyuha, ai=sp=ktTipun\ timB=zlnB=snir, supy[nai=[bvJi=smPunP]ihatin\ [ynH[s/ok=p]bw.
13 marma sinung pêpèngêt samangkin | pra atmaja muga andriyaa | ing têmbe kawusanane | kalamun maksih ayun | mring kadarman dènnya dumadi | darajad ginayuha | ing sapangkatipun | timbanga lan bangsanira | supayane ing benjing sampun prihatin | yèn asor kang prabawa ||
14 [f[nlkuai=k=ffim/gi, ni=kwi/ynM|gsumurupP, ai=k=[m=okpusk[n, ajag[wxzu, m=-skSerikS[m=fumfi, fipunP]c[y=sukSM, lnHjtekbu/, tizlLirk=svt, yWsumi=ghwi[ssnira=-widi, ajazumB/k/s.
14 dene laku ingkang dadi margi | ning kawiryan muga sumurupa | ingkang măngka pusakane | aja agawe rêngu | myang saksêrik samèng dumadi | dipun pracayèng suksma | lan aja têkabur | tingalira kang sanyata | ywa suminggah wisesanira Hyang Widhi | aja angumbar karsa ||
15 ajpegtSuaulLi[r=widi, [f[nFohaenNsli/ri=bvCn, rinkSaslmi[n, sinu=zt-sK=[amut\ finwkN[fnVfumfi, nemuwai=kmul-n\titik=pitutu/, kemisT=glPi=[woluls\ mfilwlTau[nJ[fnS=klni, tnGt]mul=sisW.
15 aja pêgat suhulirèng Widhi | dèn dohêna saliring bancana | rinaksaa salamine | sinunga tyas kang emut | dinawakna dènnya dumadi | nêmua ing kamulyan | titi kang pitutur | Kêmis tanggal ping wolulas | Madilawal taun Je dèn sangkalani | tan gatra mulang siswa ||