Wirawiyata, Pigeaud, 1953, #1389

Judul
Sambungan
1. Wirawiyata, Pigeaud, 1953, #1389. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Wirawiyata, Pigeaud, 1953, #1389. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wirawiyata

1. Sinom

1. sri nata dera makirtya | wirawiyata nujwari | Rêspati tanggal sapisan | sasi Saban wuku Wukir | Ehe sangkalèng warsi | murtyastha amulang sunu |[1][2] asung wasiyat putra | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kaping pat ||

--- 3: 8 ---

2. iki ta wasitaningwang | marang kang dadi prajurit | aja kêmba ing wardaya | rèhne wus sira lakoni | balik dipun nastiti | marang ing kawajibamu | owêlên sariranta | rêksanên luhurmu sami | yèn kuciwa gawe punggêl drajatira ||

3. awit sira wus prasêtya | nalika jinunjung linggih | saguh nut anggêring praja | myang pakoning narapati | sinêksèn dèn èstrèni | mring para wira sawêgung | upama sira cidra | nyirnakkên ajining dhiri | têmah nistha wèh wirang ing yayah rena ||

4. ywa sira duwe pangira | lamun wong dadi prajurit |

--- 3: 9 ---

karyane abot priyăngga | wruhanta sagung pakarti | kabèh dunya puniki | tan ana prabedanipun | kang dagang nèng lautan | miwah ingkang among tani | sumawana kang suwita ing narendra ||

5. myang kang tapa jroning guwa | kang manusup ing asêpi | lakone padha kewala | awit iku dadi margi | mrih katêkaning kapti | sapangkate pandumipun | nanging sarananira | mantêp têmên lan tabêri | samaptane ingaranan laksitarja ||

6. lawan sira sumurupa | kang kalêbu pangabêkti | nora sêmbahyang kewala | kang dadi parênging Widi |

--- 3: 10 ---

kabèh panggawe bêcik | kang mantêp suci ing kalbu | uga dadi panêmbah | yèn katrima iku sami | sinung rahmat samurwate badanira ||

7. lamun tan mawa sarana | paran katêkaning kapti | lir bêdhag tanpa sanjata | ingatasira Hyang Widi | tan karsa mituruti | marang wong kang tanpa laku | nir ngamal myang panêmbah | kumudu dipun turuti | ngêndi ana gusti rinèh ing kawula ||

8. kang mangkono andupara | lamun jinurung ing kapti | malah nandhang duka cipta | dosane angrèh Hyang Widi | mulane sira sami | aja kakèhan panggayuh |

--- 3: 11 ---

manawa durung ngrasa | duwe ngamal kang nglabêti | bêcik sira angona wêktuning praja ||

9. dene sira gêlis bêgja | olèh pangkat kang nyartani | iku ta nalar kagawa | saking lêluhurmu sami | nguni wus potang sakit | dadya ing kapenakipun | sumrambah marang sira | marma den sokur ing Widi | tarimanên bêrkahe wong tuwanira ||

10. jêr janma kang wus minulya | lir wadhahing minyak wangi | utamane winantona | gandane saya mênuhi | nadyan ngisenan warih | labêting we maksih arum | kang măngka sudarsana | Jêng Gusti Pangran Dipati |

--- 3: 12 ---

Arya Mangkunagara ingkang kapisan ||

11. duk bêbadhe murwèng yuda | nèng alas limalas warsi | sèwu lara sèwu papa | ngupaya mulyaning dhiri | antuk pitulung Widi | katutugan karsanipun | mukti sawadyanira | tumêrah dalah samangkin | buyut canggah kasrambah milu wibawa ||

12. iku ta kayaktènira | pralambanging lênga wangi | upamane duk samana | tan antuk pitulung Widi | praptaning jaman iki | tan ana caritanipun | marma dèn èngêt sira | aja ngaku angêngkoki | mung ngrasaa lamun anêmpil wibawa ||

13. mangkana gya winantonan |

--- 3: 13 ---

marang kang jumênêng malih | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Mangkunagara ping kalih | pinèt sraya mring Inggris | mukul nagri ing Mantarum | sabêdhahe kang praja | ginanjar sèwu kang bumi | dadya têtêp lênggah limang èwu karya ||

14. rambah malih sinaraya | dening Gupêrmèn Walandi | mukul prang Dipanagara | sarampunge ing ajurit | ginanjar bumi malih | Sokawati limang atus |[3] lan blănja sabên wulan | măngka ingoning prajurit |

--- 3: 14 ---

patang èwu patang atus wolung dasa ||

15. praptèng panjênênganira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara ping tiga | ing drajat pinrih lêstari | sarana sêtyèng galih | mring gupêrmèn tyas sumungku | ginanjar kang bandera | lan mariyêm kalih rakit | iku măngka tandhaning sih pinarcaya ||

16. manawa sira angrasa | gonira golèk pribadi | dadi mukir jênêngira | antuk dosa kaping kalih | kasiku lair batin | lupute gonira ngaku | ngilangkên labêtira | mring lêluhur ingkang uwis | têmah tuna duwe turun kang mangkana ||

17. yaktine yèn saking sira |

--- 3: 15 ---

pribadi tandhane êndi | apa wus munjuli sira | mring sêsamaning dumadi | saking ing kramaniti | lawan apa wus misuwur | ing guna prawiranta | kang kanggo maring nagari | baya durung lir lakone luhurira ||

18. pira bara sira bisa | nguruni darajat malih | dadi jangêt kinatigan | majade santosèng wuri | tumurun marang siwi | sokur bisa praptèng putu | milu tămpa kamulyan | yogyane angkahên kaki | ra orane aja punggêl saking sira ||

19. lamun drajat lakonana | punggêle saking sirèki | dadi sira nganiaya |

--- 3: 16 ---

marang darahmu pribadi | kangelan ingkang wuri | têmbung kêputungan laku | salagi têmbe bisa | antuk kang darajat malih | sêsambungan yêkti becik kang widada ||

20. upama nora punggêla | jêr nora ngupaya malih | yèn wus punggêl nadyan sira | sêmadi ing sabên ratri | antuke durung pasthi | tiwas angêngècèr laku | marma dèn èngêt sira | sajrone lumakwèng kardi | pangrêksamu mring drajat aja sêmbrana ||

21. dene jêjêre wandanta | ing mêngko dadi prajurit | maju baris lawan jaga | tiyori lès lan sêpèksi | iku dudu pakarti |

--- 3: 17 ---

ajar-ajar jênêngipun | wus dadi wajibira | prajurit dipun gêladhi | pêpadhane santri ingajar sêmbahyang ||

22. sinung ukum sawatara | yèn anglirwakkên mring wajib | iku wus lakuning praja | jêjêge kalawan ngadil | sanadyan sira nguni | duk ngèngèr yayah renamu | yèn luput rinêngonan | utawa dèn jêmalani | dadi sira winêruhkên tata krama ||

23. mangkono uga yèn bisa | miturut sarta nglakoni | tamtu dèn opahi sira | wit gawe lêganing ati | akèh tuwin sathithik | minurwatan karyanipun | tan beda patrapira |

--- 3: 18 ---

prajurit jinunjung linggih | myang ingundur iku ngadil jênêngira ||

24. yèn tan bisa samaptanya | nora jumênêng prajurit | gawe tuna maring praja | wèh lingsêm ing narapati | amung sira pribadi | kang dhuwurkên piangkuhmu | mung lagi bisa aba | anggêpmu butuhkên nagri | ywa kabanjur duwe cipta kang mangkana ||

25. wruhanta lêlakonira | sajatine wus angêmping | mring praja miwah narendra | dene durung potang kardi | sira wus dèn paringi | sandhang pangan ora kantu | sinuba kinurmatan | punjul sêsamaning abdi | munggah meja linilan lungguh satata ||

--- 3: 19 ---

26. apa kang sira upaya | kamulyan anèng nagari | ingajenan mring sêsama | nyawabi mring anak-rabi | nadyan para maharsi | ingkang tapa nèng asamun | mong tani lan nangkoda | rinewangan andêrpati | nora liyan kamulyan kang dèn upaya ||

27. upamane raganira | nora dadia prajurit | iya maksih mangan sêga | apa dene nginum warih | saking wêtuning bumi | uga kagunganing ratu | lan sira ingayoman | rinaksa kalawan adil | lamun datan rumăngsa sira duraka ||

28. marma dèn sumurup sira | mring sih kamulèning gusti |

--- 3: 20 ---

benjang yèn tinuduh sira | lumawan ngadoni jurit | yèku karyanta yêkti | pangudangirèng gustimu | kono aja pêpeka | dèn madhêp marang sawiji | nanging cipta sêdyakna malês mring praja ||

29. praptèng papan cumadhanga | ing parentah senapati | aja abawa priyăngga | dumèh sira băndha wani | lumangkah mrih ngulabi | kang mangkono sasat mungsuh | gawe guguping rowang | wèh gidhuhing senapati | yèn kasora dadi sira antuk dosa ||

30. lungguhing para prawira | yèn ana madyaning jurit | nora wênang duwe karsa | ragane pama jêmparing |

--- 3: 21 ---

kang musthi senapati | ing sakarsa kang pinanduk | linêpas ywa sarănta | angsahira dèn mranani | maring mungsuh aja keguh ing bêbaya ||

31. dèn kadi Sang Partasuta | Bimanyu kala tinuding | mangrurah kang gêlar cakra | dening Sang Yudhisthira Ji | sukaning tyas tan sipi | dupi rinoban ing mungsuh | kèsthi trahing satriya | wêdi wirang wani pati | yeka măngka tampiling para prawira ||

32. kono sêdhênge mêdharna | ing kasuran guna sakti | nyirnakna paningalira | ing tekat ywa walangati | wruhanta senapati | wakiling gusti satuhu |

--- 3: 22 ---

gusti wakiling suksma | kang kinon angudanèni | mring kawula kang sumêdya mrih utama ||

33. padha ingaran utama | ing pakaryan mangun jurit | iku kang luhur priyăngga | wus kasêbut layang sruti | yèn tapaning prajurit | ngasorkên tapaning wiku | wit sumungkuning puja | nèng pucuking gunung wêsi | sang pandhita anèng pucuking aldaka ||

34. ing tekad dipun santosa | aja angrasani pati | apan tan winênang sira | gumantung karsaning Widhi | yèn wus tibaning pasthi | nora pilih marganipun | ala mati nèng wisma | becik mati kang utami |

--- 3: 23 ---

tur sumbaga dadi ngamale trahira ||

35. wus ana kayaktènira | Sang Partasuta ing nguni | palastra anèng palagan | lawan lêgawaning ati | wit dènnya anglabuhi | Pandhawa manggiha unggul | puwarantuk nugraha | sira wau Partasiwi | turunipun angratoni tanah Jawa ||

36. lamun durung takdirira | nadyan ana hru sakêthi | yèn tan was-was ing wardaya | sayêkti nora ngênèni | amung sajroning jurit | aja sira darbe kayun | ing lair amanuta | ing sakarsa senapati | batinira kumambanga ing Wisesa ||

37. ri sêdhêng nèng bayantaka |

--- 3: 24 ---

kalamun ana kang wèri | nungkul wus buwang warastra | nora wênang dèn patèni | binandhang iku wajib | yèn kantia nêmu lampus | têtêp anganiaya | gawe nisthaning prajurit | nêmu dosa têmah apês ing ayuda ||

38. mangkono priyangganira | yèn kasêlut ing ajurit | aja gugup dèn prayitna | ing tekad dipun patitis | awit wong murwèng jurit | ana pêpangkatanipun | nistha madya utama | yèn kobêr dipun èngêti | kanisthane wong kasêlut nèng ranangga ||

39. ing papan ora kuciwa | gêgaman samapta sami | atandhing padha kèhira |

--- 3: 25 ---

tanpa kiwul ing ajurit | tangèh ana pêpati | myang tan ana nandhang tatu | mundur tanpa larasan | mung labêt kêkêsing ati | kang mangkana antuk dosa tri prakara ||

40. dhingin marang ing narendra | dènira cidra ing jangji | kapindho ngasorkên praja | kang mulyakkên marang dhiri | katri marang Hyang Widhi | ngukuhi gadhuhanipun | kokum pantês linunas | padhane sato wanadri | yèn janmaa yakti ana tekadira ||

41. madyane para prawira | yèn kasêsêr i[4] ajurit | nadyan kèh kêdhike padha | kasor papane kasupit | mundur amrih pakolih |

--- 3: 26 ---

ing pangolah nora gugup | sarana winiweka | kaangkah dènnya mangungkih | yèn sinêrang rikat rinukêt marwasa ||

42. utamanirèng prawira | sanadyan karoban tandhing | tatag tur simpên wiweka | wêngkoning papan liningling | linanglangan kang wèri | êndi kang suda ing purun | pinarak pinarwasa | winisesa amrih titih | èstu jaya saha ya samya raharja ||

2. Pangkur

1. kapungkur patraping bala | ginantyakkên lungguhing senapati | ingkang sinrahan wadya gung | dening jêng narèswara | kinèn matah saprayoganirèng wadu |

--- 3: 27 ---

kinarya rumêksèng praja | dènira ngupaya janmi ||

2. ywa tinggal pitung prakara | mrih utama adêgirèng prajurit | kang dhingin nalurinipun | tan kêna trahing sudra | kapindhone bumi kalairanipun | kang maksih tunggal sapraja | katri tanpa cacad dhiri ||

3. kapat otot balungira | ingkang tigas lima tanpa panyakit | nênêm sawang-sawungipun | pitu kang datan darwa | pakarêman kang mlarati raganipun | marma milih kang mangkana | watêke wantalèng kardi ||

4. sawuse pamilihira | pamintane mring wong sawiji-wiji | pinantês cêkêlanipun | rujuke lan sarira |

--- 3: 28 ---

pangulahe warastra ywa kongsi rikuh | rikate dènnya marwasa | myang panangkis amrih titih ||

5. wong kang sêdhêng dêdêgira | aparigêl tuwin kang andhap alit | akas cukat tandangipun | iku sinung sanjata | watak nora kewran sabarang pakewuh | mudhun jurang munggah arga | aluwês tur miyatani ||

6. wong kang lêncir dêdêgira | kurang tandang aropèk ingkang dhiri | iku cinêkêlan lawung | jangkah dhêpane dawa | watak corok lêlantaran silih panduk | mlumpat jagang pasang ăndha | angunggahi balowarti ||

7. wong sadhepah dêdêgira | kang pawakan otot balung kawijil | mariyêm cêkêlanipun |

--- 3: 29 ---

amolahakên rosa | nadyan kêmbêl kêbladhêr kuwawa junjung | manawa bobrok kang kuda | watêke kêlar gêntèni ||

8. wong gung luhur kang sambada | iku pantês karya wadya turanggi | agampang panitihipun | klar nêmbadani kuda | nangkis rosa mêdhang mring pratala gadug | yèn têmpuk padha turăngga | silih rok amigunani ||

9. dene wong kang măndraguna | kinaryaa mragăngsa juru margi | myang ngrêrakit kuwu-kuwu | kalamun anèng têba | lawan bètèng karêtêg sêsaminipun | kang tan kewran ing pangreka | mêmènèk lan bisa nglangi ||

10. yogyane malih ngumpulna | para tukang kang kanggo mring prajurit |

--- 3: 30 ---

grêji lawan tukang puntu | karya busana wastra | tukang nyamak mênjait pakaryanipun | parabot kang băngsa carma | tukang tapêl lawan nyingi ||

11. sayang lan tukang marakas | mirantèni bêkakasing prajurit | pandhe miwah tukang kayu | mranggi lawan kêmasan | ingkang karya gêgamanirèng prang pupuh | sadaya dipun samapta | rêhning rumaksèng prajurit ||

12. liya kang wus kanggwèng wadya | aja sêpi andhungan tikêl kalih | gêgaman saprantinipun | tuwin busana wastra | obat mimis kang cukup dèn anggo nglurug | awit rumaksa ing praja | tan wruh sangkaning bilai ||

13. ri wusing pamintanira |

--- 3: 31 ---

lan piranti kang kanggo nèng prajurit | mangkana pangrêksanipun | dipun titi mring bala | sandhang pangan ing saari aja kantu | sukêr sakit kinawruhan | dèn bisa ngenaki kapti ||

14. ywa pêgat pamulangira | saniskara wajibirèng prajurit | wêruhna sadurungipun | nistha madya utama | myang pêpacak pacuhan kang wus tinamtu | kanggo nèng para prawira | dununge sawiji-wiji ||

 


§ Taun Jawi 1788, taun Walandi 1860, wulan Pèbruari. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) sapisan (1) Saban (Ruwah) Ehe: murtyastha amulang sunu (AJ 1788). Tanggal Masehi: Kamis 23 Februari 1860. (kembali)
§ Tlatah ing Sokawati punika saperanganipun bawah paresidhenan Surakarta sisih wetan, watêsipun ingkang iring kidul lèpèn Ranjing, ingkang iring kilèn Bangawan Sala, saha ingkang iring wetan watês paresidhenan Madiun. Ingkang tumut Mangkunagaran punika samangke kabawah ing Kabupatèn Karanganyar. (kembali)
ing. (kembali)