Căndrarini, Pigeaud, 1953, #1392

Judul
Sambungan
1. Căndrarini, Pigeaud, 1953, #1392. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Căndrarini, Pigeaud, 1953, #1392. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Căndrarini

1. Sinom

1. kang agnya gita srinata | ing Surakarta nagari | Pakubuana ping sanga | mangun wasitaning èstri | ingkang cinitrèng ari | Rêspati tanggal ping pitu | Jumadilakir wulan | kang nêm Be sangkalèng warsi | miyarsakna trusing kang sabda narendra |[1][2]|

2. liring kang wiyata arja |

--- 3: 55 ---

ujar ugêring pawèstri | kang winayuh dènnya krama | yogya ngupakarèng dhiri | manjêrnih mardi wèni | wêwida gănda rum-arum | umarah ngadu warna | winor ing naya mêmanis | mangèsthia ing rèh cumondhong ing karsa ||

3. awit jênênging wanodya | pêgat dènnya palakrami | nistha nir kadarmanira | wigar dènira dumadi | sami lan mangun tèki | kang badhar subratanipun | punggêl kasêlan cipta | marma sagunging pawèstri | marsudia widadaning palakrama ||

4. dèn kadi duk jaman purwa | garwane Sang Pandhusiwi | kang kocap layang wiwaha |

--- 3: 56 ---

lêlima ayu linuwih | tiga putrining aji | kang kalih atmajèng wiku | pantês dadya tuladha | èstri kang kanggêp ing krami | winursita dyah lima candraning warna ||

5. kang sêpuh Wara Sumbadra | saking Madura nagari | atmaja Sri Basudewa | ing warna ngrêsêpkên ati | sumèh kang netra lindri | pasaja ing driya tangguh | sêmu kurang budaya | awijang dêdêg rêspati | kuning wênês labête amung kapama ||

6. tan pati ngadi busana | mangu kadung yèn lumaris | jatmika arang ngandika | tan rêgu sêmune manis | ririh tanduking angling |

--- 3: 57 ---

lumuh ing wicara sêndhu | amot mêngku aksama | tuhune pribadi pinrih | sêtyèng priya datan lênggana sakarsa ||

7. mring maru kadi sudara | rumêsêp tan walangati | sanadyan kurang budaya | lêgawa anrus ing batin | winongwong widadari | labêt kadangira Wisnu | marma Sang Dananjaya | pamêngkune sêmu ering | marunira anggêpe sami nyuwita ||

8. myang raka Sri Baladewa | miwah prabu Arimurti | kalangkung ing trêsnanira | marang Dyah Banoncinawi | kadang èstri satunggil | kapisah panggenanipun | mila tansah anduta |

--- 3: 58 ---

wau sang narendra kalih | tanya warta mring sang rêtna Madubrăngta ||

2. Dhandhanggula

1. garwa ingkang panênggak winarni | apêparab Dèwi Manohara | saking patapan wijile | putranira Sang Wiku | Manikhara ingkang palinggih | wukir Tirtakawama | ing warna pinunjul | kadi gambar wêwangunan | netra jait antêng pamulune manis | yèn paès wimbuh endah ||

2. nadyan ngusud yêkti maksih manis | wănda luruh kang bahu awijang | maya-maya sawangane | amardapa ngênguwung | kuning wênês asêmu wilis | lir Hyang Pudhak sinurat |

--- 3: 59 ---

katon warnanipun | tan pae pêpindhanira | andakara katawèng ing ima nipis | rumamyang amradipta ||

3. anyunari ingkang sitarêsmi | kuciwane pan amung samatra | déné lugas gêgêlungé | ananging maksih mungguh | sarwa ramping sranduning dhiri | marmanta kurang madya | ing pambayunipun | lir tawon gung kang gumana | lambungira satata amilangoni | kadya sêkar kintaka ||

4. lathi dhamis anggula sathemplik | rêkta kadya kang manggis karêngat | kéngis déning wiragané | waja amiji timun | rêntêt rampak ing pucuk kuning | kumilat wor wicara |

--- 3: 60 ---

wèh kêsar kang dulu | sarwalus sasolahira | yèn amèsem iriban arang kaèksi | sinamun pangandika ||

5. têmbung arum rumakêt amanis | tandukira angêngayuh driya | bisa nuju ing karsané | priya myang marunipun | pinapangkat dènnya nglêgani | susila anoraga | sêpi ing piangkuh | èngêt trahing dwijawara | bêtah nglapa karêm ing băngsa mastuti | asmara mring sasmita ||

3. Asmarandana

1. panêngah Dèwi Ulupi | atmajanirèng pandhita | Bagawan Kanwa wastané | dhépok wukir Yasarata |

--- 3: 61 ---

éndah rêspati warna | liringe anunjung biru | sumorot kadi kartika ||

2. dhèmês luwês mêrak ati | kadya pratima rinêngga | sarêntêg bambang awake | mawèh brăngta kang tumingal | liringe pindha wulan | tan pêgat maasmu guyu | kengis kang waja gumêbyar ||

3. antênge wêkasan kèksi | sumèh ing pamulunira | pantês yèn amathêt lambe | ngiras mintonakên waja | wangun tètèsing toya | kataman baskara nawung | lir tranggana mring sarkara ||

4. jaja wêlar wêwêg isi | gêmuh ingkang payudara | parigêl patrap solahe |

--- 3: 62 ---

kèwês wêdaling wicara | tinut liringing netya | tandang tanduke rumêngkuh | mring priya myang marunira ||

5. bisa cawis angladèni | kang dadi karêming priya | myang putra cèthi sêdene | marma wong sa-Madukara | ajrih asih sadaya | suyud tur mawa kayungyun | prabawa wijiling tapa ||

4. Mijil

1. garwanira Sang Parta sumêndhi | ingkang cinariyos | Rêtna Găndawati kêkasihe | Sri Arjunayana kang sêsiwi | nate[3] Sriwadari | ing warna pinunjul ||

2. dêdêg ngrompyoh sarira nglêlêntrih |

--- 3: 63 ---

amardawa[4] tinon | kuning wênês wingit pasêmone | antêng jatmika ruruh yèn angling | ing wiweka titi | kurang gujêngipun ||

3. rema mêmak ngendrawila wilis | ngrêrompyoh kang sinom | jăngga lumung wêlar pranajane | maya-maya lir cêngkir piningit | anggandhewa gadhing | wijang baunipun ||

4. wiragane anênangi brangti | yèn lumampah alon | mêmbat madya alêmês lambunge | anglir tunjung lumenggang ing warih | kasilir ing angin | wèh gandanirarum ||

5. susilèng tyas sumawitèng laki | dumulur sapakon | kinawruhan maru sêsikune |

--- 3: 64 ---

winiweka winoran mêmanis | yèn rêngat pinlimping | ing wicara arum ||

6. wasis salir pakaryaning èstri | rêratus kêkonyoh | widadari sang dyah pagurone | winulangkên mring marune sami | mrih dadia kanthi | ngladosi mring kakung ||

5. Kinanthi

1. garwa kang pamêkasipun | nama Sang Wara Srikandhi | saking nagari Cêmpala- | rêja ingkang asêsiwi | Sri Mahaprabu Drupada | ing warna tuhu linuwih ||

2. jênar pasariranipun | kadi kancana sinangling | wadana nuksmèng sasăngka |

--- 3: 65 ---

liringe galak amanis | budiman ingkang umulat | dhèmês dêdêge rêspati ||

3. gandhang kang wicara tanduk | gandês-kèwês ngêlayoni | tulus raharjaning driya | kalamun slanggapan angling | datan mawi tiningalan | sinambi ngliling dariji ||

4. amung lawan kakungipun | kalamun dèn andikani | patitis saulonira | cumondhong mapankên liring | sumèh asmu guyunira | gumêbyar kang waja kengis ||

5. narawung lir thathit barung | tumêmpuh sumyar ngênèni | curna prananirèng priya[5] | marma lamun dèn ladosi | marang Sang Rêtna Cêmpala |

--- 3: 66 ---

Sang Parta sandeya nangkil ||

6. lawan sukane sang ayu | maos sagung srat palupi | kang sêkar Wisatikandhah | swara arum tan brêbêgi | kenyut sanggya kang miyarsa | yèn sampun dèn wursitani ||

7. bangkit mantês lan mêmangun | jumbuh ingkang busanadi | tumrape marang salira | ing warna tibaning wanci | nyamlênge tan pindho karya | dadya tuladaning èstri ||

8. miwah marang para maru | rinasuk dipun slondhohi | nora keguh rinêngonan | gopyak-gapyuk dèn srowoli | dadya nora bisa duka | lêjar lumuntur ingkang sih ||

9. puwara momong angugung |

--- 3: 67 ---

marang Sang Rêtna Srikandhi | tuwin risang Dananjaya | antuk babah dènira sih | nanging Sang Rêtna Cêmpala | tangèh yèn agêng kang galih ||

10. awit wus waskithèng tuduh | dadya dènira malêsi | bêkti marang maratuwa | gumati mring Dèwi Kunthi | pamunjunge sabên dina | sakarsane dèn turuti ||

11. yeka caritaning dangu | èstri kang kanggêp ing krami | nalikaning jaman purwa | wus kawilang yèn utami | marma yogya pinirida | pakolèhe pinarsudi ||

12. pinangkat sakadaripun | kang kanggo ing jaman mangkin | ywa kongsi tanpa tuladan |

--- 3: 68 ---

buang caraning dumadi | bok manawa tibèng papa | ina lupute pribadi ||

13. dumrunuh kèh sami nutuh | kaduwunge angranuhi | sanadyan dipun pupusa | jroning urip maksih eling | yèn kêna aja mangkana | bêcik rahayu lêstari ||

 


§ Taun Jawi 1792, taun Walandi 1863, wulan Nopèmbêr. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) pitu (7) Jumadilakir Be: miyarsakna trusing kang sabda narendra (AJ 1792). Tanggal Masehi: Kamis 19 November 1863. (kembali)
natèng. (kembali)
amradapa. (kembali)
driya. (kembali)