Paliatma, Pigeaud, 1953, #1393

Judul
Sambungan
1. Paliatma, Pigeaud, 1953, #1393. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Paliatma, Pigeaud, 1953, #1393. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Paliatma

1. Dhandhanggula

1. dhuh-dhuh adhuh pra atmaja mami | ingkang mijil saking garwaningwang | kang wus muksa ing jamane | kang lair kalaningsun | lara lapa dadi prajurit | siranggèr sumurupa | dèn pracayèng kalbu | gon sun mrihatinkên sira | awit ingsun jumênêng Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ||

2. nora pêgat panêdhèng sun batin |

--- 3: 70 ---

muga sira akatumusana | kanugrahaningsun anggèr | ing mêngko wus jinurung | ingkang măngka tandhaning Widhi | tumrape marang sira | kulup yêktinipun | sira padha palakrama | antuk putra atmaja pangran dipati | timbang lan jênêngira ||

3. kaping kalih sira wus darbèni | balewisma abawat priyăngga | kaping tri sira wus darbe | panci liruning lungguh | padha lawan putra narpati | kaping pat sira tămpa | kawiryawan agung | sinêbut jênêng pangeran | padha lawan eyang ta kang saking mami | myang saking ibunira ||

4. kang mangkono rasaning tyas mami |

--- 3: 71 ---

ing atase bangsaningsun Jawa | anane ing jaman kiye | wus kêna yèn sinêbut | kanugrahan ingkang nyartani | mulane putraningwang | dèn narimèng pandum | yèku pitulunging suksma | ingsun èngêt sangkaning kamulyan kaki | brêkahe luhurira ||

5. mêngko uga kulup jênêng mami | lêga bungah sokur ring Hyang Suksma | lêganingsun awit dene | katêkan panêdhèngsun | bungah ingsun dulu sirèki | sokurku ing Hyang Suksma | de sadurungipun | sun mulih mring kalanggêngan | bisa wêruh ing tumanjanira sami | uripmu anèng donya ||

6. dadi suda sandeyaning ati |

--- 3: 72 ---

amung kari arinta Pangeran | Prangwadana sakadange | kang dadi galih ingsun | dene padha maksih lit-alit | kang măngka yuswaningwang | wus suwidak taun | iya lamun mênangana | diwasane yèn ora iku amasthi | dadi ing karyanira ||

7. măngka para arinira kaki | Si Suyitna iku sapangandhap | kênane dèn suwunake | unggahe pangkatipun | jênêng pangran kalamun uwis | umur wolulas warsa | wêwangênanipun | kang kamot jroning pustaka | kêkancingan guprêmès[1] ingkang tiniti | ing nagri Surakarta ||

8. Mangkunagaran ing sasi Juli |

--- 3: 73 ---

kaping nênêm tanggaling Walănda | kaetung saka taune | duk sèwu wolung atus | sawidak nêm ingkang lumaris | sinung ăngka sakawan | R aksaranipun | ing mêngko pamintaningwang | marang sira kabèh para putra mami | mupung sun maksih gêsang ||

9. awit iki tumêkaning benjing | ingsun titip para arinira | Prangwadana sakadange | rêksanên ayunipun | aja taha amituturi | kang marang karaharjan | supayane besuk | yèn gumanti jênêng ingwang | lêstaria bisa mêngku angaubi | mring kadang warganira ||

10. mêngko ayo kulup andum kardi |

--- 3: 74 ---

liya saking wajibmu priyăngga | sira sun bubuhi anggèr | rumêksa mring adhimu | kang wus ingsun titipkên sami | sun arsa nutugkêna[2] | kuwajiban ingsun | anata ing prajanira | murih tambah lulusa sira ênggoni | lan para kadangira ||

11. walêr ingsun marang sira kaki | aywa limut padha èstokêna | kaya kang sun tutur kiye | dhihin ywa karya giyuh | kaping kalih ywa karya isin | katri ywa karya sira | rusuhing pangrêngkuh | ping pat aywa mrih piala | mring wandèngwang ping lima sira ywa kardi | nêpsune galih ingwang ||

12. kabèh iku dadi wulang mami |

--- 3: 75 ---

ing samăngsa sira apêpeka | wani nêrak walêr kiye | tan luput saking ingsun | atas saking sira pribadi | yêkti kêna patrapan | saujaring khukum | kajaba kang wus winahya | sumurupa wajibing wong ingkang sami | antuk kamulyanira ||

13. saking praja panggonaning lair | ingkang dhihin nut wiradatira | pindho nyangkul sagawene | katri sakadaripun | biyantoni arjaning nagri | kaping pat angowêla | mring pitunanipun | ping lima milu rumêksa | pakewuhe kaping nêm amurinani | rusake prajanira ||

14. lamun datan mangkonoa kaki |

--- 3: 76 ---

yêkti karam lamun sira pangan | awit ninggal mring khukume | têtêp kanisthanipun | anyamahkên prabawa kaki | nyudakakên darajat | kang mangkono kulup | yèn kêna dèn singgahana | anggêgawa marang lêluhurmu sami | nirkên trah witaradya ||

15. rèhne ingsun wus nglairkên kaki | ingkang dadi sarasaning driya | marang sira sadayane | ing mêngko wêkas ingsun | dèn arukun saeka kapti | lawan sadulurira | kang èstri myang jalu | kang padha nunggal sudarma | aja ana ala-ingalanan sami | ingkang mawa sarana ||

16. saking wadhag tuwin saking rêmit |

--- 3: 77 ---

sumawana saking liyanira | lair batin kang agawe | durta sêsaminipun | sapa ingkang gêlêm ngawiti | kêna upataningwang | ywa manggih rahayu | nêmua bênduning suksma | poma-poma sira kabèh aja lali | estokna ujar ingwang ||

17. ing wusana pandongaku kaki | marang sira kabèh atmajèngwang | ingkang rahayu sêdyane | dinawakna kang umur | winantua nugraha jati | sinungana kamulyan | prapta kang kinayun | kang marang ing karaharjan | nir bancana rinaksaèng Maha Suci | salamêt donya kerat ||

18. wanti-wanti wulanging sudarmi |

--- 3: 78 ---

darma tama têmên tinumana | manungsa măngka sêmbahe | maring Hyang Maha Agung | ingkang agung asih dumadi | dadining srat cinitra | Ditya Manis nuju | limalas ingkang candrama | sasi Sura taun Dal sangkalèng warsi | dewa trus mulang putra |[3][4]|

 


guprêmèn. (kembali)
nutugêna. (kembali)
§ Taun Jawi 1799, taun Walandi 1870, wulan April. (kembali)
Tanggal: Ditya Manis (Ngahad Lêgi) limalas (15) Sura Dal: dewa trus mulang putra (AJ 1799). Tanggal Masehi: Minggu 17 April 1870. (kembali)