Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395

Judul
Sambungan
1. Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Darmawasita

1. Dhandhanggula

1. mrih sarkara pamardining siwi | winursita dènira manitra | nujwari Salasa Wage | tri wêlas sasi Mulud | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaa | sariranta iku |[1][2] mring iki wasitaningwang | marang sira putrèngsun jalu lan èstri | muga padha ngèstokna ||

--- 3: 90 ---

2. rèhne sira wus diwasa sami | sumurupa lakoning agêsang | sun tuturi kamulane | manungsa èstri jalu | pêpantaran dènnya dumadi | nèng donya nut agama | jalu èstri dhaup | măngka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakkên wiji | ginawan budidaya ||

3. yeka măngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara | manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolung pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhingin winicara ||

--- 3: 91 ---

4. panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | papat nastiti papriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh etung ika ||

5. watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros marang arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana ||

--- 3: 92 ---

6. angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhakkên rahayuning badan | dèn andêl mring sêsamane | lan malih wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | nyatane angrêrêpa ||

7. luwih lara-laraning kang ati | ora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | ingkang aran budidaya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sêsama ||

--- 3: 93 ---

8. kaduwunge saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kaluputane | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dupèh wus darbe sira | panci pancèn cukup | bêcik linawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | manulak mring sangsaya ||

9. rambah malih warsitaning siwi | kawikana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netya luruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trapsilèng tata | tan agawe rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika ||

--- 3: 94 ---

10. karya rêsêp mring rewange linggih | wong kang manut mring caraning băngsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong prasaja solahira | iku ora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpanira ||

11. angêdohkên mring dosa sayêkti | wong kang èngêt iku watêkira | adoh marang bilaine | mangkana sulangipun | wong kang amrih arjaning dhiri | yèku pangulahira | batin ugêripun | ing lair grêbaning basa | yeka aran kalakuan ingkang bêcik | margane mring utama ||

--- 3: 95 ---

12. pêpuntone gonira dumadi | ngugêmana mring catur upaya | mrih tan bingung pamundhine | kang dhingin wêkas ingsun | anirua marang kang bêcik | kapindho anuruta | mring kang bênêr iku | katri gugua kang nyata | kaping pate miliha ingkang pakolih | dadi kanthi nèng donya ||

2. Kinanthi

1. dene wulang kang dumunung | pasuwitan jalu èstri | lamun srêgêp watêkira | tan karya gêla kang nuding | pêthêl iku datan dadya | jalaran duka sayêkti ||

2. têgên iku watêkipun | akarya lêga kang nuding |

--- 3: 96 ---

wêkêl marganing pitaya | dene ta pangati-ati | angêdohkên kaluputan | iku margane lêstari ||

3. lawan malih wulangipun | margane wong kanggêp nglaki | dudu guna japa măntra | pèlèt dhuyung sarat dhêsthi | dumunung nèng patrapira | kadi kang winahya iki ||

4. wong wadon kalamun manut | yêkti rinêmênan nglaki | miturut marganing wêlas | mituhu marganing asih | mantêp marganirèng trêsna | yèn têmên dèn andêl nglaki ||

5. dudu pangkat dudu turun | dudu brana lawan warni | ugêre wong palakrama | wruhanta dhuh anak mami |

--- 3: 97 ---

mung nurut nyondhongi karsa | rumêksa kalayan wadi ||

6. basa nurut karêpipun | apa sapakoning laki | ingkang wajib linêksanan | tan suwala lan baribin | lêjaring netya sarănta | tur rampung tan pindho kardi ||

7. dene condhong têgêsipun | ngrujuki karsaning laki | saniskara solahbawa | tan nyatur nyampah maoni | apa kang lagi rinênan | opènana kang gumati ||

8. wong rumêksa dunungipun | sabarang darbèking laki | miwah sariraning priya | kang wajib sira kawruhi | wujud warna cacahira | êndi bubuhaning èstri ||

--- 3: 98 ---

9. wruha sangkan paranipun | pangrumate dèn nastiti | apadene guna kaya | tumanjane dèn patitis | karana bangsaning arta | iku jiwanirèng lair ||

10. basa wadi wantahipun | solah bawa kapiningit | yèn kalair dadya ala | saru tuwin anglingsêmi | marma sira dèn abisa | nyimpên wadi ywa kawijil ||

3. Mijil

1. wulang èstri kang wus palakrami | lamun pinitados | amêngkoni mring bale-wismane | among putra maru sêntanabdi | dèn angati-ati | ing sadurungipun ||

--- 3: 99 ---

2. tinampanan waspadakna dhingin | solahbawaning wong | ingkang bakal winêngku dhèwèke | miwah watak pambêkane sami | sinuksma ing batin | sarta dipun wanuh ||

3. lan takona padatan ingkang wis | caraning lêlakon | miwah apa saru-sêsikune | sêsirikan kang tan dèn rêmêni | rungokêna dhingin | dadi tan pakewuh ||

4. tumrap i[3] rèh pamanduming wanci | tatane ing kono | umatura dhingin mring priyane | yèn panuju ana ing asêpi | ywa kongsi baribin | saru yèn rinungu ||

5. bokmanawa lingsêm têmah runtik | dadi tanpantuk don |

--- 3: 100 ---

dene lamun ingulap netyane | datan rêngu lilih ing panggalih | banjurna dera ngling | lawan têmbung alus ||

6. anyuwuna wulang wêwalêring | gonira lêlados | lawan êndi kang dèn wênangake | marang sira wajibing pawèstri | anggonên salami | dimèn aja padu ||

7. awit wruha kukume jêng nabi | kalamun wong wadon | ora wênang andhaku darbèkke | priya lamun durung dèn lilani | mangkono wong laki | tan wênang andhaku ||

8. mring gawane wong wadon kang asli | tan kêna dèn êmor | lamun durung ana palilahe | yèn sajroning salaki sarabi |

--- 3: 101 ---

wimbuh rajatadi | iku jênêngipun ||

9. gana-gini padha andarbèni | lanang lawan wadon | wit sangkane săngka sakarone | nging wêwênang isih anèng laki | marma ywa gêgampil | rajatadi mau ||

10. gana-gini ekral kang jagèni | saduman wong wadon | kang rong duman wong lanang kang darbe | lamun duwe anak jalu èstri | bapa kang ngwènèhi | sandhang panganipun ||

11. pama pêgat mati tuwin urip | gonira jêjodhon | iku ora sun tutur kukume | wêwênange ana ing surambi | ing mêngko balèni | tutur ingsun mau ||

--- 3: 102 ---

12. yèn wus sira winulang winêling | wêwalêre condhong | lan priyanta ing bab pamêngkune | bale-wisma putra maru abdi | lawan rajatadi | miwah kayanipun ||

13. iku lagi tampanana nuli | kang nastiti batos | tinulisan apa saanane | tadhah putra sêlir santanabdi | miwah rajatadi | kagunganing kakung ||

14. yèn wus slêsih gonira nampani | sarta wis waspaos | aturêna layang pratelane | mring priyanta paran ingkang kapti | ngêntènana malih | mring pangatagipun ||

15. kang supaya aja dèn arani | wong wadon sumanggoh |

--- 3: 103 ---

bokmanawa gêla ing batine | bêcik apa ginrayangan melik | mring kayaning laki | tan yogya satuhu ||

16. ing sanadyan lakinira bêcik | momong mring wong wadon | wekanana kang mrina liyane | jêr manungsa datan nunggil kapti | ana ala bêcik | ing panêmunipun ||

17. lamun kinèn banjur ambawani | ywa age rumêngkoh | lulusêna lir mau-maune | aja nyuda aja amuwuhi | tampanana batin | ngajarna awakmu ||

18. êndi ingkang pinitayan nguni | amêngku ing kono | lêstarèkna ywa lirip atine | slondhohana lêlipurên ing sih |

--- 3: 104 ---

mrih trimaning ati | kêna sira tantun ||

19. yèn wus cakêp acakup pikiring | wong sajroning kono | lawan uwis mêtu piandêle | marang sira ora walangati | iku sira lagi | ngêtrap pranatanmu ||

20. wêwatone nyăngga sandhang bukti | nganakkên kaprabon | jalu èstri sapangkat-pangkate | iku saking pamêtu sêsasi | utawa sawarsi | pira gunggungipun ||

 


§ Taun Jawi 1807, taun Walandi 1878, wulan Marêt. (kembali)
Tanggal: Salasa (Slasa) Wage tri wêlas (13) Mulud Dal: winêling anêngaa sariranta iku (AJ 1807). Tanggal Masehi: Selasa 19 Maret 1878. (kembali)
ing. (kembali)