Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395

Judul
Sambungan
1. Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1. Dhandhanggula

1 m]ihs/krpm/fini=siwi, winu/sit[fnNirmnit], nujWrislsw[g, t]iwelsSsimuluf\ kszflS=k[l=w/si, wineli=an_za, srirnTaiku, m]i=aikiwsitni=w=, mr=sirpu[t]=sunJlul[nHsÒ`i, mugpd[z[sTokN.
1 mrih sarkara pamardining siwi | winursita dènira manitra | nujwari Salasa Wage | tri wêlas sasi Mulud | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaa | sariranta iku | mring iki wasitaningwang | marang sira putrèngsun jalu lan èstri | muga padha ngèstokna ||
2 [rh[nsirwusFiwssmi, sumurupPl[konNi=ages=, sunÒ|tu/rikmul[n, mnu=s[asÒ`ijlu, ppnT/r[nFnVfumfi, [n=[fovnutHgm, jlu[asÒ`idaup\ [m=okknQini=ages=, lwnKi[nnM/sufifwkKenWiji, ginwnB|fify.
2 rèhne sira wus diwasa sami | sumurupa lakoning agêsang | sun tuturi kamulane | manungsa èstri jalu | pêpantaran dènnya dumadi | nèng donya nut agama | jalu èstri dhaup | măngka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakkên wiji | ginawan budidaya ||
3 [yk[m=oks]nni=fumfi, tumnF|[kKmr=snisKr, mn=usapkj[tT, sinemBfnSkyun\ [ynF|munu=m]i=[wolu=w/ni, aizrnHsQgin, aikutegesSipun\ [wolu=[pfhtum]pPir, mr=jnMm/g[nm]ihsnD=bukTi, k=dizinWinicr.
3 yeka măngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara | manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolung pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhingin winicara ||
4 p=g[aotTnGel/ri=pmB|fi, w/nw/nsk[c=oghair, nutHi=jmnKl[ko[nN, rigenPi=klihaipun\ ffipm]ihmr=p[kolih, kt]igemigrpV, m/g[nm]ihcukup\ pptNsTitipp]ikS, aikuffim/g[nweruhai=psQi, limw(h[atu=aik.
4 panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | papat nastiti papriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh etung ika ||
5 wtekH[fohm]i=butuhsari, kpi=nenemTberittnV, zunDkKenMr=kw(h[a, pi=pituveghkyun\ [p[pzinNnK=tnPk/fi, t[nBo[rosMr=a/t, sugihwtekKipun\ pi=[wolunemenHi=sej, wtekKirs/wgLisHi=k=kinpTi, [ynBisk=m=kn.
5 watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros marang arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana ||
6 aze[fohkenF|/tni=k=ati, avedkKenRayuni=bfn\ [fnHnFelM`i=ssm[n, lnMlihweksSi=sun\ ajtumnHut=lnSilih, avufkKenFrjt\ cmhweksSipun\ k[s/ornP]bwnir, m]i=k=[pot=lwnK=sirsilihai, vt[naz}xpP.
6 angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhakkên rahayuning badan | dèn andêl mring sêsamane | lan malih wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | nyatane angrêrêpa ||
7 luwihlrlrni=k=ati, [aorky[w=otini=glH/t, k=wusHil=piynFe[lL, lipu/[rmu=[ynÒ|ru, lmunTzisu=kwmlih, yaikuaukumMir, [w=ozLi/wkKenÒ|fuh, ai=k=arnB|fify, temhppa[s/o[fnNirfumfi, tnH[m/olnSsm.
7 luwih lara-laraning kang ati | ora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | ingkang aran budidaya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sêsama ||
8 kfuwu=[zsyaz]nuhai, snlikkfisufukJiw, [azetM`i=kluputT[nN, [ynKenput]ni=sun\ ajkfik=wusWinuni, fu[phwusF/[bsir, pvCip[vCnC|kup\ becikLinwnG[aotT, k=supykyumnni=fumfi, mnulkM`i=s=sy.
8 kaduwunge saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kaluputane | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dupèh wus darbe sira | panci pancèn cukup | bêcik linawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | manulak mring sangsaya ||
9 rmBhmlihw/sitni=siwi, kwiknpt]pPi=ages=, k=k=[goai=slw[sS, mnisSi=[nt-luruh, aze[fohkenM`i=slhtmPi, [w=ok=t]pSi[l=tt, tnHg[wxzu, wicrlusK=m/fw, aikuftnKsenD|mr=ssmi, [w=ok=rumketHik.
9 rambah malih warsitaning siwi | kawikana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netya luruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trapsilèng tata | tan agawe rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika ||
10 k/yxsepM`i=[rw=[zli=gih, [w=ok=mnutM`i=crni=[b=os, wtekJemB/psb[nN, [w=oanDpH[s/oaiku, yekTi[ao[lhpz=gepBecik\ [w=omen_aikuvt, [n=jbnP[kwuh, [w=op]sj[solhair, aiku[aorg[w[awk=nizlLi, [w=oz=[gotepnir.
10 karya rêsêp mring rewange linggih | wong kang manut mring caraning băngsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong prasaja solahira | iku ora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpanira ||
11 aze[fohkenM`i=[fossyekTi, [w=ok=[azetHikuwtekKir, a[fohmr=bilai[n, m=knsul=zipun\ [w=ok=am]iha/jni=diri, [ykupzulhair, btinHuge/ripun\ ai=lai/g}bni=bs, [ykarnKlkuwnHi=k=becik\ m/g[nm]i=autm.
11 angêdohkên mring dosa sayêkti | wong kang èngêt iku watêkira | adoh marang bilaine | mangkana sulangipun | wong kang amrih arjaning dhiri | yèku pangulahira | batin ugêripun | ing lair grêbaning basa | yeka aran kalakuan ingkang bêcik | margane mring utama ||
12 pupu[nTo[nN[goniNrfumfi, zugemMnm]i=ctu/aupy, m]ihtnBizu=pmunQi[n, k=dizinWeksSi=sun\ aniruwmr=k=becik\ kpi[nDoanurutT, m]i=k=bene/aiku, kt]iguguwk=vt, kpi=p[tTmilihaai=k=p[kolih, ffiknQi[n=[fov.
12 pêpuntone gonira dumadi | ngugêmana mring catur upaya | mrih tan bingung pamundhine | kang dhingin wêkas ingsun | anirua marang kang bêcik | kapindho anuruta | mring kang bênêr iku | katri gugua kang nyata | kaping pate miliha ingkang pakolih | dadi kanthi nèng donya ||

2. Kinanthi

1 [f[nwul=k=fumunu=, psuwitnJlu[asÒ`i, lmunS}gepWtekKir, tnK/ygelk=nufi=, peqelHikuftnFf-, jl/rnF|ksyekTi.
1 dene wulang kang dumunung | pasuwitan jalu èstri | lamun srêgêp watêkira | tan karya gêla kang nuding | pêthêl iku datan dadya | jalaran duka sayêkti ||
2 tegenHikuwtekKipun\ ak/y2gk=nufi=, wekelM/gni=pity, [f[ntpztiati, aze[fohkenKluputTn\ aikum/g[n2sTri.
2 têgên iku watêkipun | akarya lêga kang nuding | wêkêl marganing pitaya | dene ta pangati-ati | angêdohkên kaluputan | iku margane lêstari ||
3 lwnMlihwul=zipun\ m/g[n[w=ok=gep\zLki, fufugunjp[monÒ`, [p[ltD|yu=srtDesQi, fumunu=[n=pt]pPir, kfik=winhyaiki.
3 lawan malih wulangipun | margane wong kanggêp nglaki | dudu guna japa măntra | pèlèt dhuyung sarat dhêsthi | dumunung nèng patrapira | kadi kang winahya iki ||
4 [w=ow[fonKlmunMnut\ yekTirinemenNn\zLki, miturutM/gni=wels\ mituaum/gni=asih, mnTepM/gni[r=t}sN, [ynTeme[nFnHnFel\zLki.
4 wong wadon kalamun manut | yêkti rinêmênan nglaki | miturut marganing wêlas | mituhu marganing asih | mantêp marganirèng trêsna | yèn têmên dèn andêl nglaki ||
5 fufup=ktF|futurun\ fufub]nlwnW/ni, auge/[r[w=oplk]m, w(hanTduhankMmi, mu=nuru[tVo[nD=ozik/s, rumekSklynWfi.
5 dudu pangkat dudu turun | dudu brana lawan warni | ugêre wong palakrama | wruhanta dhuh anak mami | mung nurut nyondhongi karsa | rumêksa kalayan wadi ||
6 bsnurutKxpPipun\ apsp[konNi=lki, ai=k=wjibLinekSnn\ tnSuwllnBribin\ 2j/ri=[nt-s[ronT, tu/rmPu=tnPi[nDok/fi.
6 basa nurut karêpipun | apa sapakoning laki | ingkang wajib linêksanan | tan suwala lan baribin | lêjaring netya sarănta | tur rampung tan pindho kardi ||
7 [f[n[co[nD=otegesSipun\ z(jukKik/sni=lki, snisKr[solhbw, tnVtu/vmPhm[aoni, apk=lgirinenn\ [ao[pnNnk=gumti.
7 dene condhong têgêsipun | ngrujuki karsaning laki | saniskara solahbawa | tan nyatur nyampah maoni | apa kang lagi rinênan | opènana kang gumati ||
8 [w=orumekSfunu=zipun\ sbr=f/[bkKi=lki, miwhsrirni=p]iy, k=wjibSirkw(hai, wujufW/ncchair, aenFibubuhani=N[asÒ`i.
8 wong rumêksa dunungipun | sabarang darbèking laki | miwah sariraning priya | kang wajib sira kawruhi | wujud warna cacahira | êndi bubuhaning èstri ||
9 w(has=knPrnNipun\ p=z(m[tT[fnNsTiti, ap[f[ngunky, tumvJ[n[fnPtitis\ krnb=sni=a/t, aikujiwni[r=lai/.
9 wruha sangkan paranipun | pangrumate dèn nastiti | apadene guna kaya | tumanjane dèn patitis | karana bangsaning arta | iku jiwanirèng lair ||
10 bswfiwnThaipun\ [solhbwk=pinizit\ [ynKlai/ff-al, srutuwinHzLi=semMi, m/msir[fnHbis, vimPenWfiyWkwijil\
10 basa wadi wantahipun | solah bawa kang piningit | yèn kalair dadya ala | saru tuwin anglingsêmi | marma sira dèn abisa | nyimpên wadi ywa kawijil ||

3. Mijil

1 wul=[asÒ`ik=wusPlk]mi, lmunPinit[fos\ am_[konNim]i=b[lwisM[n, a[m=oput]mrusenTnbFi, [fnHztiati, ai=sfuru=zipun\,
1 wulang èstri kang wus palakrami | lamun pinitados | amêngkoni mring bale-wismane | among putra maru sêntanabdi | dèn angati-ati | ing sadurungipun ||
2 tinmPnnWsPfkNdizin\ [solhbwni=[w=o, ai=k=bklWin_ku[d[w[kK, miwhwtkPmBekK[nNsmi, sinukSMai=btin\ s/tfipunWnuh.
2 tinampanan waspadakna dhingin | solahbawaning wong | ingkang bakal winêngku dhèwèke | miwah watak pambêkane sami | sinuksma ing batin | sarta dipun wanuh ||
3 lnT[konNpftnHi=k=wis\ crni=ll[kon\ miwhapsrusesiku[n, sisiriknK=t[nFn>menNi, ru[zokKendizin\ ffitnP[kwuh.
3 lan takona padatan ingkang wis | caraning lêlakon | miwah apa saru-sêsikune | sêsirikan kang tan dèn rêmêni | rungokêna dhingin | dadi tan pakewuh ||
4 tum]pHi=[rhpmnF|mMi=wvCi, tt[nai=[ko[no, aumtu/rdizinM`i=p]iy[n, [ynPnujuanai=asepi, yW[k=osibribin\ sru[ynRinuzu.
4 tumrap ing rèh pamanduming wanci | tatane ing kono | umatura dhingin mring priyane | yèn panuju ana ing asêpi | ywa kongsi baribin | saru yèn rinungu ||
5 [bokMnwli=semTemhrunTik\ ffitnPnÒ|[kFon\ [f[nlmunHizul[pNt-[n, ftn>zulilihai=p=glih, bvJ|/n[frzLi=, lwnTemB|=alus\
5 bokmanawa lingsêm têmah runtik | dadi tanpantuk don | dene lamun ingulap netyane | datan rêngu lilih ing panggalih | banjurna dera ngling | lawan têmbung alus ||
6 avuwunNwul=ww2/ri=, [gonNirll[fos\ lwnHenFik=[fnWen=z[k, mr=sirwjibBi=p[wsÒ`i, a=[gonNenSlmi, fi[mnHjpfu.
6 anyuwuna wulang wêwalêring | gonira lêlados | lawan êndi kang dèn wênangake | marang sira wajibing pawèstri | anggonên salami | dimèn aja padu ||
7 awitW)hakuku[mMj_nbi, klmu[nW=ow[fon\ [aorwen=anDkuf/[b[kK, p]iylmunF|ru=[fnLilni, m=[ko[no[w=olki, tnWen=anDku.
7 awit wruha kukume jêng nabi | kalamun wong wadon | ora wênang andhaku darbèkke | priya lamun durung dèn lilani | mangkono wong laki | tan wênang andhaku ||
8 m]i=gw[n[w=ow[fonK=asLi, tnKen[fnHe[m/o, lmunF|ru=anplilh[a, [ynS[j]oni=slkisrbi, wimB|hrjtfi, aikujen_zipun\,
8 mring gawane wong wadon kang asli | tan kêna dèn êmor | lamun durung ana palilahe | yèn sajroning salaki sarabi | wimbuh rajatadi | iku jênêngipun ||
9 gnginipdanF/[bni, ln=lwnW[fon\ witS=k[n[s=oksk[ro[n, zi=wewen=aisiha[n=lki, m/myWggmPil\ rjtfimau.
9 gana-gini padha andarbèni | lanang lawan wadon | wit sangkane săngka sakarone | nging wêwênang isih anèng laki | marma ywa gêgampil | rajatadi mau ||
10 gnginiEk]lK=j[gni, sfum[nW=ow[fon\ k=[r=ofum[n==Woln=k=f/[b, lmunF|[wankJlu[as]i, bpk=[zW[nhai, snD=pznNipun\,
10 gana-gini ekral kang jagèni | saduman wong wadon | kang rong duman wong lanang kang darbe | lamun duwe anak jalu èstri | bapa kang ngwènèhi | sandhang panganipun ||
11 pmpegtMtituwinHurip\ [gonNir[jo[jo[don\ aiku[aorsunÒ|tu/kuku[mM, wewen=[zanai=surmBi, ai=m_[kob[lnNi, tutu/ri=sunMau.
11 pama pêgat mati tuwin urip | gonira jêjodhon | iku ora sun tutur kukume | wêwênange ana ing surambi | ing mêngko balèni | tutur ingsun mau ||
12 [ynW|sSirwinul=wineli=, ww2/[r[co[nD=o, lnP]iynTai=bbPm_ku[n, b[lwisMput]mruabFi, lwnRjtfi, miwhkynipun\,
12 yèn wus sira winulang winêling | wêwalêre condhong | lan priyanta ing bab pamêngkune | bale-wisma putra maru abdi | lawan rajatadi | miwah kayanipun ||
13 aikulgitmPnnnuli, k=nsTitib[tos\ tinulisnHpsan[n, tdhput]seli/snTnbFi, miwhrjtfi, kguznNi=kku=.
13 iku lagi tampanana nuli | kang nastiti batos | tinulisan apa saanane | tadhah putra sêlir santanabdi | miwah rajatadi | kagunganing kakung ||
14 [ynW|sSLesih[gonNirnmPni, s/twisWsP[aos\ atu/xnly=p][tl[n, m]i=p]iynTprnHi=k=kpTi, ze[nTnnmlih, m]i=pztgGipun\,
14 yèn wus slêsih gonira nampani | sarta wis waspaos | aturêna layang pratelane | mring priyanta paran ingkang kapti | ngêntènana malih | mring pangatagipun ||
15 k=supyaj[fnHrnNi, [w=ow[fonSum=[goh, [bokMnwgelai=bti[nN, becikHpgin]y=z[nMlik\ m]i=kyni=lki, t[nYog-stuau.
15 kang supaya aja dèn arani | wong wadon sumanggoh | bokmanawa gêla ing batine | bêcik apa ginrayangan melik | mring kayaning laki | tan yogya satuhu ||
16 ai=snf-nLkinirbecik\ [mo[m=om]i=[w=ow[fon\ [wknnk=m]inliy[nN, je/mnu=sftnNu=gilKpTi, analbecik\ ai=pnemunipun\
16 ing sanadyan lakinira bêcik | momong mring wong wadon | wekanana kang mrina liyane | jêr manungsa datan nunggil kapti | ana ala bêcik | ing panêmunipun ||
17 lmunKi[nnBvJ|/amBwni, yWa[grum_[koh, lulusSenli/maumau[n, ajvufajamuwuhai, tmPnnbtin\ zj/nawkM|.
17 lamun kinèn banjur ambawani | ywa age rumêngkoh | lulusêna lir mau-maune | aja nyuda aja amuwuhi | tampanana batin | ngajarna awakmu ||
18 aenFiai=k=pinitynZ|ni, am_kuai=[ko[no, 2sT[rkNyWliripHti[n, [sLo[nDohanlilipu/xnHi=sih, m]iht]imni=zti, kensirtnÒ|n\,
18 êndi ingkang pinitayan nguni | amêngku ing kono | lêstarèkna ywa lirip atine | slondhohana lêlipurên ing sih | mrih trimaning ati | kêna sira tantun ||
19 [ynW|sCkepHckupPiki/ri=, [w=os[j]oni=[ko[no, lwnHuwisMetupiynFe[lL, mr=sir[aorwl=zti, aikusirlgi, zet]pP]ntnM|.
19 yèn wus cakêp acakup pikiring | wong sajroning kono | lawan uwis mêtu piandêle | marang sira ora walangati | iku sira lagi | ngêtrap pranatanmu ||
20 ww[to[nN[v=ogsnD=bukTi, znkKenKp][bon\ jlu[asÒ`isp=ktP=k[tT, aikuski=pmetusessi, autwsw/si, pirgu=gu=zipun\,
20 wêwatone nyăngga sandhang bukti | nganakkên kaprabon | jalu èstri sapangkat-pangkate | iku saking pamêtu sêsasi | utawa sawarsi | pira gunggungipun ||