Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 001-065)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 001-065). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
  2. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 065-134). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
  3. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 134-200). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
  4. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 200-263). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
Image

JAVAANSCHE WETTEN

Namelijk
de Nawålå-Pradåtå, de Anggêr-Sadåså, de Anggêr-Agêng, de Anggêr-Goenoeng en de Anggêr-Aroebiroe,

Uit gegeven door

T. ROORDA,

DOCTOR IN DE LETTEREN EN DE GODGELEERDHEID, HOOGLEERAAR IN DE TAAL-LAND-EN VOLKENKUNDE VAN NEDERLANDSCH INDIEN AAN DE KONINKLIJKE AKADEMIE TE DELFT, EN LID VAN HET KONINKLIJK NEDERLANDSCH INSTITUUT.

AMSTERDAM, BIJ JOHANNES MÜLLER 1844

--- [0] ---

GEDRUKT BIJ C. A. SPIN.

--- [V] ---

VOORBERIGT.

Onder de bronnen, waaruit de kennis der zeden, gewoonten en maatschappelijke instellingen van een volk geput kan worden, bekleeden de wetten, die bij een volk in gebruik zijn, voorzeker een eerste plaats. Dit geldt inzonderheid ook van de geschrevene Javaansche wetten, die tot heden toe in het vorstendom van Soerakarta in gebruik en van kracht zijn, en ook in dat van Djokjokarta, zoo veel de omstandigheden het toelaten, gevolgd worden. Niet minder belangrijk zijn deze wetten voor de kennis der Javaansche taal, daar zij een goed, en wel het beste deel uitmaken van dat weinige, dat in die taal oorspronklijk door Javanen in ongebonden stijl geschreven is. Met bedoeling van dit tweeërlei nut, voor de kennis van volk en taal beide, wordt deze verzameling van Javaansche wetten thans door mij uitgegeven. Zij bevat het voornaamste van die wetsbepalingen, waar naar thans nog door den wereldlijken regter in het vorstendom van Soerakarta regt gesproken wordt. Het zal onnoodig zijn, omtrent de

--- VI ---

onderscheidene wetboeken, die hier verzameld zijn, en de verschilliende redgtbanken, waarbij zij in gebruik zijn, hier in bijzonderheden te treden. Binnen kort zal over de regtspleging ing het vorstendom van Soerakarta een verhandeling in het licht komen van den heer C.F. WINTER, translateur voor de Javaansche taal en gewezen onderwijzer bij het thans opgeheven Instituut voor die taal te Soerakarta, een man, die én in de taal, én in de zeden, gewoonten en instellingen der Javanen door en door bedreven is, en wiens verhandeling over dat onderwerp ongetwijfeld met de meeste naauwkeurigheid alles bevatten zal, wat men omtrent deze Javaansche wet boeken en de regetbanken, waarbijn zij in gebruik zijn, zal wenschen te vernemen. Omtrent de drie eerste van de hier uitgegevene wetboeken kan men voorloopig raadplegen de korte beschrijving van de Javaansche Regtbanken in de Landen der Javaansche Vorsten,- benevents uittreksels uit de wet boeken bij die regtbanken gevold wordende, te zemengesteld en uitgetrokken door R. DE. F. BOUSQUET, gedrukt in de Nederlandsche Jaarboeken voor regtsgeleerdheid en Wetgeving, 5 de deel, 1 ste stuk, bl. 5 vlgg.

Niet voor al de hier uitgegevene wetboeken bezatik even goede hulpmiddelen tot het leveren van een zuiveren tekst. Voor het eerste, de Nawålå-Pradåtå, heb ik wel acht handschriften kunnen vergelijken, en voor de Anggêr-sêdåså

--- VII ---

en de Anggêr-Agêng vijf, maar voor de Anggêr-Goenoeng slecht één, en voor de Anggêr-Aroebiroe twee, doch van een verschillende redactie. Bij de uitgaaf van de Nawålå-Pradåtå ben ik meestal één handschrift gevolgd, en heb ik de voornaamste verschillende lezingen in de aanteekeningen opgegeven. In de handschriften van de Anggêr-Sêdåså en de Anggêr–Agêng was het verschil van lezing doorgaans zeer gering en van geen belang: daarentegen heb ik daarin eenige veranderingen en bijvoegsels van later tijd gevonden, die ik, waar zij in het handschrift, dat ik bij de uitgaaf tot grondslag gelegd heb, gevonden wierden, gevolgd ben, en voor het overige in de aanteekeningen heb meêgedeeld. Bij de Anggêr-Goenoeng ben ik het eenige hanschrift, dat ik had uitgezonderd eenige klaarblijkelijke schrijffouten, getrouw gevolgd; en desgelijks bij de Anggêr-Aroebiroe hèt ééne, terwijl ik de aanmerkelijke afwijkingen van het andere in de aanteekeningen heb opgegeven. AAn verbetering door middel van gissing heb ik mij sleechts eenmaal, in hed tweede artikel van de Nawålå-Pradåtå, gewaagd, en daarvan in de aanteekening rekenschap gegeven. Later heb ik mij daarvan onthouden, daar ik hopen, mag dag ik later nog wel meer handschriften ontvangen zal, en dan in staat zal wezen, om in een bijvoegsel tot de aanteekeningen meer verbeteringen op deze uitgaaf te leveren. Trouwens, dat deze uitgaaf ook daar zelfs; waar ik onderscheidene [onder...]

--- VIII ---

[...scheidene] handschriften heb kunnen vergelijken, niet zonder fouten is, daarvan ben ik overtuigd. Zoo kan het aan geen twijfel onderhevig zijn, dat in art. 46 der Anggêr-Sêdåså, bl. 65, r. 3 v. o. , het woord woh, vrucht, is uitgevallen; ofschoon het in al mijn handschriften gemist wordt. Waarschijnlijk moet men daar lezen wondening êpangipun, utawi wohipun, mênawi wontêna melikipun. Vooral in de Anggêr-Goenoeng, waarvan ik slechts één afschrift had, ontbreekt het zeker niet aan schrijffouten, ofshoon ik in de aanteekeningen slecht één zeer in het oog loopende die ook zonder vergelijking van adere handscriften gemakkelijk te verbeteren was, heb aangewezen.

DELFT, 17 Mei 1844

T. ROORDA.

--- [1] ---

Nawala Pradata Dalêm.

--- 2 ---

Pèngêt. Nawalaningsun, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhakên marang kawulaningsun Si Ngabèi Amongpraja.

Marmane Si Ngabèi Amongpraja ingsun gadhuhi nawalaningsun. Dene ingsun gawe kawulaningsun jêksa, ana ing pradataningsun. Iku ingsun andikakakên ambabênêri, marang sakèhe kawulaningsun ingkang padha aparapadu, iku Angabèi Amongpraja, sira angganggoa ingkang têmên-têmên. Lan ingkang rêsik-rêsik. Sarta dèn iklas atinira, lan sakancanira jajênêng Lawang Sarayuda kabèh, iku ingsun andikakake ambabênêri, marang sakèhe kawulaningsun kang padha aparapadu, kajaba kang munggah ing khukum. Lan ingkang awit teka ig wisesa, lan ingkang kajaba awit salakirabi, iki rupane, begal maling, bradhat bêdhog colong, cêlêr jupuk, utang-apipotang, aku-ingaku, gadhe-ginadhe, titip-tinitipan. Sêlang-sinêlang, obong omah, kang padha alaku maling, apa sapêpadhane ingkang padha alaku cidra, lan sarupane kawulaningsun. Gêdhe cilik bawah ing Surakarta Adiningrat. Kabèh wong sajroning nêgara, ingkang padha utang-apipotang, gadhe-ginadhe, silih-sinilihake, titip-tinitipan. Padha anganggoa cacêkêlan layang, yèn bocah ingsun kang lumaku gawe mantri sapandhuwur, padha anganggoa layang sarta pratôndha cap. Dene bocah ingsun sangisoring [sangi...]

--- 3 ---

[...soring] mantri sapangisor pisan. Layange iya nganggoa tôndha tangane dhewe-dhewe, lan tôndha tangane sêksine wong loro, samangsane ora nganggo cacêkêlan layang, kongsi dadi prakara, anggugat marang pradata, tanpa dadia pêpadone, dene kawulaningsun kang padha alaku dagangan. Adol tinuku ana ing pasar, iku yèn dagangane dituku, awêrana diutang, marang kancane padha bakul. Atawa ing liyane, iku padha asêksia marang ing tandhane, kang anguwasani ing pasar kono, atawa asêksia marang padha bakul. Yèn sêpi salah sawijine, kongsi dadi prakara, iya ora dadi pêpadone, nanging ingsun wêwalêri wong apadu iku, anadene wêwalêr ingsun. Mênawa ana kawulaningsun aparapadu, alêlawanan lan wong kasultanan. Iya ingsun anggêri, kala rama patêmon lawan eyang sultan ana ing Jatisari, iku saprene dadia pêpadone, dene sadurunge pajatisari ora dadi pêpadone.

Kaya mêngkono manèh, lamun ana wong apadu, alêlawanan lan wong kamangkunêgaran. Iya ingsun anggêri, kala rama têdhak marang Salatiga, karo uwa Adipati Mangkunêgara, iku saprene dadia pêpadone, yèn sadurunge pasalatigan, ora dadi pêpadone.

Prakara Ping 1

Sakèhe ingkang padha aparapadu, marang ing pradata, atawa [ata...]

--- 4 ---

[...wa] munggah ing surambi, lamun putra santananingsun. Atawa nayakaningsun bupati, kaliwon sapêpadhane, lamun aduwe prakara, anggugat marang pradata, atawa munggah marang surambi, apadene marang kapatihan. Ora ingsun lilani yèn sebaa dhewe, ingsun lilani yèn awakila layang, sarta anganggoa tôndha cap. Kagawaa marang wakile wong kang dadi pitayane, dene yèn digugat apa sawêwangsulane, iya kamota ana sajroning layang, sarta anaa tandhane cap. Anadene yèn kabênêr supata, putra santananingsun. Atawa bupati kaliwon sapêpadhane mau, ingkang padha wakil. Iya kasupatan. Ananging gone kasupatan ana ing omahe dhewe.

Prakara Ping 2.

Anadene rajamal, potang-apipotang, gadhe-ginadhe, sêlang-sinêlang, kang patut munggah ing khukum. Iya sira unggahêna ing khukum. Kang ora patut munggah ing khukum, uwisa dening sira, dene yèn gugat rajapêpati, lan rajatatu, kang patut munggah ing khukum, iya sira unggahêna ing khukum. Kang ora patut munggah ing khukum, uwisa dening sira, lan Si Adipati Sasradiningrat. Dene wong anjarah-rayah, obong omah, apaprangan desa, lan rajapêpati, ingkang padha awit têka wisesa, sapêpadhane, iku Si Adipati Sasradiningrat ingkang ambênêrana, ananing wong apadu [a...]

--- 5 ---

[...padu] salaki sarabi, kaya talak waris wasiyat. Mas khawin nifkah sapêpadhane, lan rajapati miwah tatu, ingkang sêpi têka sabab. Iya si pangulu ngukumana, sarta aja na pêpeka, lan aja kêna mêmanising rêruba, miwah anglêlawas padu, iku ingsun wangêni lawas-lawase ing têlung sasi, môngka ora rampung, sabab ana pakewuhe, nuli sira Ngabèi Amongpraja, ngunjukana uninga ing ingsun. Dene yèn alêlawanan padu lan wong kasultanan. Yèn gugate uwis têka ing pradataningsun. Iku dirampungana tumuli, dene yèn ana pakewuhe, ingsun anggêri lawas-lawase ing têlung sasi, yèn ora bisa ngrampungi ing sajroning têlung sasi, Si Ngabèi Amongpraja ingsun patrapi dhêndha sèkêt reyal. Lan sakancane kabèh, anadene gugat rajapêpati, ingkang ora ingsun dadèkake, iki rupane, yèn ana wong tatu atawa mati paprangan desa, ambêbaluhi wong kang ora olèh parentah, ora dadi panggugate, dene yèn mati atawa tatu, ingkang olèh parentah, yèn ana ali warise ora narima, mulura gugate munggah surambi.

Prakara Ping 3

Anadene kawulaningsun. Ingkang padha alêlungan, ingkang padha alaku dagang, miwah kawulaningsun ingkang padha lumaku gawe, iya sapêpadhane, yèn anginêp desa-ingadesa, [desa-ingade...]

--- 6 ---

[...sa,] anginêpa ing omahe lêlurahe, atawa babêkêle, apadene ing omahe sosorane, miwah kaume, poma iku padha dirêksaa, marang wong desa kang kainêpan iku, yèn kawulaningsun ingkang lumaku gawe, dèn rêksaa salawase, dene kang ora lumaku gawe, dèn rêksaa sadina sawêngi, môngka kamalingan ingkang kainêpan. Anêmpuhana tribaga, anêmpuhana kang rong duman. Ananging kanthia supata ing karo-karone, kang kamalingan karo kang kainêpan. Asupataa lan wong bumine kabèh, yèn padha olèh titik. Mulura pêpadone, tatêmpuh tribaga muliha marang kang anêmpuhi, yèn luwih panginêpe sadina sawêngi, sabab kaputungan laku, iya mêksih dèn rêksaa, atawa dèn tulungana, tumindake marang bumi liyan. Yèn ora kaya mêngkono môngka kamalingan. Iya katêmpuhan. Kaya kang dhingin iku patrape, dene yèn ana lurah babêkêle, atawa sosorane, miwah kaume, môngka anginêp ing omahe wong cilik. Yèn kamalingan kaelang-elangan. Iku kang kainêpan ora katêmpuhan. Sabab kainane dhewe, ingkang kainêpan supatanana, mênawa panggawene dhewe, dene yèn sêpi lurah babêkêle, atawa kaume, atawa sosorane, iya anginêpa ing omahe wong cilik. Iya dèn rêksaa wong sadesa kono, yèn kelang-elangan [kelang-e...]

--- 7 ---

[...langan] kamalingan. Iya katêmpuha wong sadesa kono, kaya kang wus muni ing ngarêp ika mau patrape, dene yèn kamalingan ingkang duwe omah, iya awèha pratela marang ingkang anginêp. Yèn katêmu nyinane, nuli ingkang anginêp anêmpuhana sakawit. Ingkang kamalingan iya supataa manèh, kèh kêdhike duwèke kang kamalingan. Manawa angrubagini, yèn saili kang kamalingan awèha wêruh ing parentah, sarta gone nyina dèn cêkêla, anadene kaliwon sapandhuwure, yèn anginêp desa-ingadesa, iku lurah babêkêle apasraha ing omahe, sarta arumêksaa, dene yèn kamalingan ora katêmpuh, ananging kang duwe omah sarta wong bumine kabèh, padha asupataa, sarta anatabana, ènyèn katêmu nyinane, nuli gone nyina dèn cêkêla, lan ingkang kainêpan anêmpuhana sakawit. Yèn wis saili, durjanane katura ing parentah, nanging ingkang kaelang-elangan asupataa, manawa angrubagini, lan maninge manawa ana wong anginêp. Môngka katonjokan. Tatu atawa mati, katempuha marang sakèhe wong bumi desa kabèh, gone kainêpan iku sira dhêndhaa, yèn mati dhêndhane sèkêt reyal. Yèn tatu dhêndhane salawe reyal. Sarta padha dèn titika ingkang agawe ala iku, yèn olèh titik angaturana uninga ing parentah, dhêndhane balia, mulura pêpadone, dene

--- 8 ---

patrape dhêndha iku, sira bobota gêdhe cilike, gêmah rusake desane, apadene yèn ana kawulaningsun, alêlungan alaku bêngi, môngka anginêp ing saênggon-ênggone, yèn kabegalan atawa kamalingan. Iku ora katêmpuh marang wong bumi desa, gone kabegalan ika mau, sabab kainane dhewe, dene yèn bisa angarani uwong, iya mulura pêpadone.

Prakara Ping 4

Anadene yèn ana wong kabegalan. Nuli anjaluka tulung marang wong bumi desa kang pêrak gone kabegalan. Nuli aja tan ora wong bumi desa atêtulunga, sarta dèn laria kalawan titir, yèn ora olèh lari, katêmpuha marang wong bumi desa gone kabegalan iku, padha anêmpuhana tribaga, kang rong duman dadia têmpuhe, sarta akanthia supata, ing karo-karone, kaya tindake supata kamalingan ika mau, manawa angrubagini, atawa panggawene wong bumi desa, anadene wong bumi desa yèn ora gêlêm anulungi, marang gone wong kabegalan iku mau, anuli kang kabegalan asêsaida, marang macapat môncalimane, môngka macapat môncalimane ora gêlêm anampani pisaide, wong ingkang kabegalan iku mau, iku sira dhêndhaa salawe reyal. Dhêndhane katura ing parentah, sarta prayogaa [pra...]

--- 9 ---

[...yogaa] gêmah rusake, gêdhe cilike desane, dene yèn olèh lari, uwong dèn cêkêla marang wong bumi desa, ingkang padha atêtulung, yèn kacêkêl urip. Iya kapasrahêna marang wong kang kabegalan. Yèn bôngga sira uwisêna, yèn ana panggugate ali warise, ingkang mati kabegalan iku mau, tanpa dadia panggugate, dene yèn malêbu desa-ingadesa, durjana begal iku mau, iya padha dèn jaluka marang lurah babêkêle desa kang dèn lêboni mau, dene lurah babêkêle ing desa, nuli enggal angulungêna bêbandan. Yèn dèn kukuhi sira dèn pacanthèlêna, sarta asaida marang macapat môncalimane, desa ingkang angukuhi iku, sarta katura ing parentah.

Prakara Ping 5.

Lan maninge mungguhing ubaya, têka wong ingkang ginugat. Têkane ing pradataningsun. Iku ingsun anggêri, yèn tanah Pajang Sukawati, ingkang sajroning rangkah, lawase wolung dina, dene tanah Pajang Sukawati, ingkang sajabaning rangkah, satêngah sasi, yèn tanah Mataram, tanah Gunung Kidul, sasasi, tanah Bagêlèn, tanah jabaning rangkah, patang puluh dina, yèn tanah Banyumas, tanah môncanagara, sèkêt dina, yèn ora têka ing sawêwangên ingsun iki, nuli awèha ubaya ing têlung pratikêl. Yèn ora têka ing têlung [tê...]

--- 10 ---

[...lung] pratikêl kono, yèn gugat rajamal, sira dhêndhaa têlung reyal. Yèn gugat rajatatu, sira dhêndhaa patang reyal. Yèn gugat rajapati, sira dhêndhaa limang reyal. Yèn wis têka nuli sira aduwa, lamun ingkang gugat ora têka, sira ubayanana panglubar, yèn ora têka ing têlung pratikêl. Lulusa lubare, lan sarupane kawulaingsun. Ingkang sinêrêg. Môngka lagi alêlungan anglakoni ayahan ingsun. Iya dèn antèkêna satêkane.

Prakara Ping 6.

Anadene yèn ana wong minggat sajroning sêrêgan. Katêmpuha marang wong kang duwe momongan. Inggal anggolèkana titik, marang wong kang minggat ika mau, ingsun anggêri têlung sasi, yèn ora katêmu ing têlung sasi, iku sira dhêndhaa, anadene dhêndhane ingsun anggêri, yèn wêdana satus reyal. Yèn kaliwon sèkêt reyal. Mantri jêro rongpuluh reyal. Mantri jaba salawe reyal. Anadene kawulaningsun wong cilik, sapuluh reyal. Sarta sira prayogaa patraping dhêndha iku, yèn kang minggat iku katêmu marang wong kang anggugat. Atawa katêmu marang wong liya, ingsun ganjar saparoning dhêndha, mulura pêpadone, yèn katêmu marang kang duwe momongan. Dhendhane balia, yèn minggat sawise dèn [dè...]

--- 11 ---

[...n] ugêri, yèn katêmu marang wong liyan. Iya kaya tindake minggat sajroning sêrêgan. Ika mau, nanging kang anggugat padha awèha prabeyaning apadu, yèn ora katêmu, dadia bêburoning parentah, lan dadia bêburoning kang anggugat. Dene yèn minggat sadurunge katiban layang sêrêgan, ora katêmpuh kang duwe momongan. Nanging gawea layang buran. Yèn katêmu mulura pêpadone, dene yèn minggat ana sajroning piranti, ingkang wis katrap ing khukum pisan. Iku ingkang rumêksa sira patrapana dhêndha sèkêt reyal.

Prakara Ping 7

Anadene patrape wong sinêrêg iku, yèn ora kawasa mêtoni sabab lagi kalaran. Iya lurah babêkêle ingkang anggotonga marang ing pradata, yèn lurah babêkêle lagi kalaran. Iya ingsun kawênangake asulura, angladèkêna marang ing pradata, dene prakara panjinge sêksi, yèn wis nyata têtêp ing gugate, iku bêrsihana lan supata.

Prakara Ping 8

Lan sakèhe wong kang padha kaelang-elangan, kabegalan katonjokan. Sapêpadhane iku kabèh, kaya ta jarah rayah candhak cêkêl. Iku padha asaida ing

--- 12 ---

pradatan ingsun. Iku ingsun anggêri patang pulung dina, yèn ora asaid sajroning patang puluh dina, awêsana olèh titik. Ora dadi panggugate, dene wong said ing pradata iku, padha mêtua ing lurah babêkêle, yèn ora mêtu têka lurah babêkêle, ora dadi pisaide, nanging lurah babêkêle miwah lawange, aja na wani-wani anglêlawas. Atawa anyênyuwe, yèn ana wani-wani anyênyuwe, yèn pisaide rajamal, ingsun dhêndha rongpulung reyal. Yèn pisaide rajapêpati, ingsun dhêndha têlung puluh reyal. Sarta mulura pêpadone, nadyan luwiha pisaide têka ing wêwangên ingsun, olèhe ora sêsaid. Sabab dèn sikara marang lurah babêkêle, sarta lawange, ing ngêndi gone ingkang makewuh iku, ingsun wêsiasat ingkang luwih abangêt.

Prakara Kaping 9

Anadene gêgantungane wong apadu, ingkang anggugat amêtokêna saparoning têrka, dene ingkang ginugat amêtokêna satêrkane, yèn ingkang ginugat ora duwe pikalahe, iku ingsun lilani yèn adola sarajaduwèke, dadia pikalahe, yèn wis asnyukupianyukupi (dan di tempat lain)., nuli pasrahêna marang kang mênang, sirnaa potange, yèn kurang lulusa pamujange sakarine, sarta dèn wèhana pagaweyan sapatute, ingsun anggêri, yèn dirayat suwang

--- 13 ---

sadina, yèn ora dirayat rong wang sadina, dadia panicile, yèn wis sampêt sirnaa potange, anadene kawulaningsun ingkang padha lumaku gawe, yèn utang ditanggunga marang wadana kaliwone, yèn kabênêr mujang, iya lulusa pocote, kapundhuta sarajaduwèke, samade omahe, lan bêktine kalungguhane, yèn durung asnyukupi utange, aja tan ora wadana kaliwone, anambêlana ing prakarane, iya ingkang anambêli, iku ingkang amèka pagaweane, dene ingkang ora ditanggung, marang wadana kaliwone, iya kaya kang muni ngarêp ika mau patrape, kapundhuta sarajaduwèke, samadene omahe. Lan sabêktine palungguhane, yèn wis asnyukupi, dèn srahêna marang kang mênang, sirnaa pêpadone, dene yèn durung nyukupi, lulusa pamujange sakarine, dèn wèhana pagawean sapatute yèn nyukupi sirnaa pamujange.

Prakara Ping 10

Anadene wong anggugat. Môngka tômpa mujangan. Iku dèn rêksaa aja kongsi utang ing wong liyan. Dene kongsi utang ing wong liyan. Iku dèn jogana marang ingkang duwe mujangan. Apadene yèn ana wong anggugat ing wong ana pamujangan. Ing potange nalikane durung dadi pamujangan. Yèn mênang panggugate, wong kang anggugat [anggu...]

--- 14 ---

[...gat] iku, anêbusana pamujange, yèn wis ditêbusi, nuli sira pasrahêna pamujange marang ingkang mênang, dene yèn ora gêlêm anêbusi, iku aja tan ora angantèkêna sarampunge pamujange.

Prakara Ping 11

Anadene yèn ana wong olèh maling, padha atitira, lan asaida ing macapat môncalimane, sarta asaida ing pradatan ingsun. Malinge yèn kacêkêl urip, sira gawaa bêbandan. Yèn kacêkêl mati, sira gawaa bêbathange, yèn sajroning rangkah, yèn sajabaning rangkah, yèn kacêkêl urip, sira gawaa bêbandan. Yèn kacêkêl mati, sira gawaa kupinge, awusana nuli ana wong nututi asaid ringkês. Ing sajroning patang puluh dina, iya dadia pisaide, yèn luwih têka patang puluh dina, ora dadi pisaide, sarta oborana banjar pomahane, miwah têtanggane, lan macapat môncalimane, yèn katêmu goroh ingkang asaid ringkês. Sira patrapana dhêndha salawe reyal. Sirnaa panggugate.

Prakara Ping 12

Anadene yèn ana wong anyaidake rajapêpati, wong mati angamuk, wong mati ambegal, wong mati mêmaling, ambêradhat. Môngka dèn saidake ringkês.

--- 15 ---

Yèn dora ingkang said ringkêd,ringkês sira dhêndhaa salawe reyal. Tanpa dadia panggugate.

Prakara Ping 13

Apadene yèn ana wong kawulaningsun. Wong nagara, apadene kawulaningsun wong desa, anyidhêm rajatatu, apa manèh anyidhêm rajapêpati, ora pisaid ing pradatan ingsun, kongsi kaliwat ing patang puluh dina, iku ingkang duwe momongan sira dhêndha salawe reyal. Ingsun anggêri cacah sawah têlung jung sapandhuwur, yèn têlung jung sapangisor, ana pitunge.

Prakara Ping 14

Lan maninge yèn ana wong acandhak cêkêl dudu kang duwe prakara, sira dhêndhaa sèkêt reyal. Yèn candhak cêkêl marang kang duwe prakara dhewe, sira dhêndhaa salawe reyal. Môngka ana nganti dadi tukaran. Ana ingkang tatu atawa mati, yèn ana ali warise ingkang candhak cêkêl ora narima, tanpa dadia panggugate, yèn ana ali warise ingkang dèn candhak cêkêl ora narima, mulura panggugate munggah ing surambi.

Prakara Ping 15

Lan maninge yèn ana srilara, rajapêpati sajroning nagara, inggal nuli pariksanên. Sakèhe kang pêrak ing

--- 16 ---

Omahe, sarta padha anggolèka titik, marang kang anggawe ala kang anganiaya, ingsun anggêri patang puluh dina, nuli sira cêngkala majupat. Satus patang puluh cêngkal. Wêtokêna dhêndhane, satus salawe reyal.

Kaya mêngkono manèh, yèn ana srilara sajabaning rangkah, sira pariksaa sakèhe macapat môncalimane bumi kang katiban srilara mau, sarta padha têmpuhêna golèki titik ingkang agawe ala iku, iya ingsun anggêri patang puluh dina, yèn ora olèh titik sajroning patang puluh dina, aja nganggo sira cêngkal. Têtêp wong desa macapat môncalimane, sira wêtokêna diyate satus salawe reyal.

Prakara Ping 16

Dene kawulaningsun padu, dèn sêsuwe marang lurah babêkele, ora dèn ladèkake marang pradata tumuli, ingsun kawênangake yèn angungsia ing parentah dhewe, lan ing pradata, nuli Si Adipati Sasradiningrat. Amêtokêna ing pradata, dene ingkang anyênyuwe amakewuh, iku sira dhêndhaa, yèn gugate rajapêpati, sira dhêndhaa rong puluh reyal. Yèn gugate rajamal, sira dhêndhaa sapuluh reyal. Dene kang aran lurah babêkêle, iya pacanthèlane omah-omah, kang minôngka lurah babêkêle wong iku.

--- 17 ---

Prakara Ping 17

Lan maninge manawa ana kawulaningsun. Jajênêng Lawang Sarayuda, yèn randhat gone amêtokake ing lêladène barang prakarane, ingkang mêtu awit têka ing pradata, ingsun kawênangake angundura ing pasebane, nuli ingkang kaundur apepeya marang wadanane, iku ingsun anggêri lawas-lawase pangundure patang puluh dina, yèn luwih têka patang puluh dina, wadanane sira patrapana dhêndha salawe reyal. Yèn ana pakewuhe, nuli aweha wêruh marang Si Adipati Sasradiningrat. Supaya aja kongsi ora mêtu.

Prakara Ping 18

Anadene yèn ana wong amumpang kara ing pradata, barang prakarane, iku Ngabèi Amongpraja, inggal awèha wêruh marang Si Adipati Sasradiningrat. Supaya aja kongsi ora pêdhot pêpadone ing têlung sasi, nuli Si Adipati Sasradiningrat, amlaksananaa marang wong kang amumpang prakara ing pradata ika mau, sarta dèn wêtokêna marang pradatan ingsun. Dene yèn Si Adipati Sasradiningrat randhat gone amlaksana, nganti luwih têka patang puluh dina, sira Ngabèi Amongpraja, angunjukana uninga ing ingsun. Iku Si Adipati Sasradiningrat, ingsun dhêndha sèkêt reyal.

--- 18 ---

Prakara Ping 19

Lamun ana wong anggugat amotangake, sarupane kawulaningsun. Wong sajroning nagara, gêdhe cilike wonge kang utang, apadene kakang motangake, yèn ora nyêkêl layang pratandhane kang utang, sarta lan cape, yèn nganti dadi prakara, katur ing parentah, sapira-pira sanggupe amotangake, tanpa dadia panggugate, lan maninge lamun ana wong utang, sanggup wis awèh bungahan. Apadene wis sanggup anicil. Yèn ora nana layange pratôndha, muni yèn wis anicil. Apadene muni yèn wis ambungahi, iku ora ingsun dadèkake pangakune wis anicil sarta ambungahi ika mau.

Mêngkono manèh lamun ana wong ginugat utange, môngka ature wis anyaur ing utange kabèh, yèn durung dijaluk layange pratôndha, marang kang motangake, awasana lawas-lawas kang motangake misih anggugat. Kang utang mêksa ngaku wis anyaur, iku tanpa dadi sanggupe wis anyaur, manawa ana prakara barang prakarane, yèn abot ana pakewuhe, sira unggahêna ing surambi, atawa marang ing parentah.

Prakara Ping 20

Kaya mêngkono manèh, manawa ana wong anggugat.

--- 19 ---

Barang kang dèn gugatake, awasana ana wong matur ing parentah, yèn panggugate wong iku goroh, inggal sira pariksaa, ing tôngga têparone, wong kang matur gorohake mau, atawa ing tôngga têparone, wong ingkang anggugat. Yèn sêpi pariksanira, aja sira dadèkake panggugate, sarta sira patrapana dhêndha salawe reyal. Yèn ora olèh pariksane wong kang matur anggorohake iku, sira patrapana dhêndha salawe reyal. Ingkang gugat mulura padone.

Prakara Ping 21

Anadene lamun ana wong sawiji, ginugat wong roro, khale barêng panggugate, iya padha rampungana barêng, dene yèn sarênti panggugate, kang sawiji anggugat ing dina Isnèn. Kang sawiji anggugat ing dina Kêmis. Êndi ingkang dhingin, iku sira rampungana dhingin. Anadene ingkang kari, angantèkêna sarampunge.

Prakara Ping 22

Mênawa ana ngamal ilang, rupane sawiji, môngka dèn aku wong loro, iku padha wêspadakna ing cirine, sarta padha duwea sêksi loro, padha wani ing supata karo-karone. Miwah sêksine, iku sira titika layange

--- 20 ---

pisaid. Êndi kang dhingin titi mangsane, ing pasaide, iya iku kang mulura padone.

Prakara Ping 23

Lan maninge manawa ana wong ginugat. Môngka ingkang duwe momongan ora ngaku duwe momongan. Wong kang ginugat iku, môngka padha kiyate, nuli inggal sira pariksaa, yèn têrang pariksane, môngka nyata yèn ora duwe, iku ingkang anggugat sira patrapana dhêndha salawe reyal. Sirnaa pêpadone, dene pariksanira mau wis têrang, wong kang dèn mungkiri iku nyata yèn dadi momongane, iku ingkang mungkir mau, sira patrapana dhêndha salawe reyal.

Prakara Ping 24

Anadene mungguh kawulaningsun. Wong kalang wong pinggir, wong gajahmati, gone omah-omah, êndi ingkang ingsun andikakake anglumpukake, iya iku lurah babêkêle, yèn padu salaki sarabi, yèn wong kalang kuwat lanange, yèn wong pinggir wong gajahmati, kuwat wadone.

Prakara Ping 25

Lamun ana wong kelang-elangan. Wis sabayawara ing

--- 21 ---

tôngga têparone, miwah macapat môncalimane, sarta wis pisaid ing pradata, môngka olèh titik ing nagara, miwah ana desa-ingadesa, apadene ana ing pasar, sanadyan luwiha ing patang puluh dina, iya mulura gugate, iku pariksanên layange pisaid. Yèn tètès rupane lan cirine, iya têtêp amal ingkang katitik mau, muliha marang wong kang gugat. Dene kang kanggonan ngamal iku, angaku olèhe tuku, yèn ora bisa nêkakake wonge kang dèn tukoni iku, sira supatanana, yèn gêlêm supata, ilanga durjanane apadene yèn ngaku olèhe tuku ing pasar, asêksia marang tôndha, iku padha sira supatanana, yèn ora gêlem supata, iya têtep durjanane.

Prakara Ping 26

Lan maninge lamun ana wong anêmu, barang amal ingkang tinêmu, rupaa jaran, kêbo, sapi, mênjangan, wêdhus, sapepadhane, anaa ing nagara, muwah ana ing desa-ingadesa, ing êndi-êndia gone anêmu, enggal bayawarakêna ing tôngga macapat môncalimane ingkang pêrak. Gone anênêmu amal iku mau, sarta awèha wêruh marang babêkele, dene ngamale dèn gantungêna marang lelurahe, lan saida ing pradata, melike olèhe nêmu iku dèn gawaa, ingsun wangêni patang puluh dina, yèn [yè...]

--- 22 ---

[...n] ora nana ingkang ngaku kongsi têlung sasi, têtêp ngamal ika mau dadia duwèke wong ingkang anêmu.

Prakara Ping 27

Manawa ana wong apadu, barang ingkang pinadu, khale wis dikalahake têka ing pangadilan. Sabab paturane ora têtela, sarta wis karampungan. Dene ingkang mênang wis tômpa layang pakudhung mênang, antara lawas-lawas anggugat manèh, ingkang digugat iyaa ingkang digugat mau, dene kang digugatake tunggal prakarane, iku tanpa dadia panggugate, dene yèn gugat seje prakarane, mulura pêpadone, sarta bêrsihana lawan supata.

Prakara Ping 28

Lamun ana wong muruk ngèlmu kadigdayan, kadigdayan kanuragan. Môngka akon anjajal anyuduk. Atawa akon amênthung marang muride, khale wis têmên-têmên panarimane, atawa ing tatune, sarta kasêksèn marang tôngga têparone, atawa marang lurah babêkêle, sarta macapat môncalimane, môngka nuli sinuduk marang muride, tatu atawa mati, yèn ana gugate ali warise ora narima, tanpa dadia panggugate, sabab têka panggawene dhewe.

Kaya mêngkono manèh, manawa ana wong gèsrèk padha rewange, môngka katiwasan ing

--- 23 ---

salah sawijine, tatu atawa mati, yèn ana gugate ali warise, tanpa dadia panggugate, sabab iku têka têkabure dhewe.

Prakara Ping 29.

Manawa ana wong mêmantu, atawa atingkêb lan anêtaki, sapêpadhane wong ewuh-ewuhan. Môngka anyênyuruhi, atawa wong kang padha angrewangi, saulihe wong kang padha jêjagongan. Môngka wong kang angrewangi, apadene sêsuruhane kang padha nginêp. Iku barang dandanane kang pêngaji, iya padha titipêna marang kang duwe omah, môngka nganti ilang kamalingan. Ana ing pasimpênan sajroning omah, iku kang duwe omah ewuh-ewuhan duwe gawe mau, katêmpuhan. Tindake têmpuh tribaga, patrape kaya wong kamalingan ing panginêpan. Sarta padha asupataa, ing karo-karone, dene yèn dandanane ora dèn titipake, môngka ilang kasêbrotan kamalingan. Wonge kang duwe gawe iku, ora katêmpuhan. Ananging wong sakukubane iku padha supataa kabèh, kajaba prayayine, dene yèn olèh titik, mulura pêpadone.

Prakara Ping 30

Lan maninge manawa ana wong nunggang jaran. Ana ing lêlurung,

--- 24 ---

môngka kongsi nunjang ing wong, atawa bocah, nganti tatu atawa mati, yèn ali warise ora narima, mulura panggugate, dene wong nunggang jaran têtunjangan padha wong nunggang jaran. Môngka tiba salah sawijine, wong kang nunggang iku, nganti tatu atawa mati, ora narima ali warise, mulura gugate, dene yèn jaran kang dèn tungggangi iku bandhang, môngka anunjang ing wong, atawa bocah, nganti tatu atawa mati, yèn ora narima ali warise, mulura pêpadone, nanging wong kang nunggang iku kadiyat samurwate.

Prakara Ping 31

Lamun ana wong angingu kêbo sapi, atawa jaran sapêpadhane, yèn diêngon atawa dicancang, ana ing pinggir dêdalan. Atawa ana ing lêlurung, môngka anggudag. Atawa angidak ing wong, atawa angidak bocah, kongsi tatu atawa mati, yèn ora narima ali warise, mulura panggugate, dene wong kang ngingu kêbo sapi jaran iku mau, kapatrapan diyat samurwate, môngka ali warise mau ora narima, iya unggahêna ing surambi, dene yên kêbo sapi sapêpadhane iku, yèn diêngon ana ing ara-ara, atawa ana ing alas. Môngka ana wong atawa bocah, amarani ing panggonane kêbo sapi sapêpadhane, môngka disudhang nganti tatu atawa mati, yèn [yè...]

--- 25 ---

[...n] ali warise ora narima, tanpa dadia panggugate, nanging kêbo kang nyudhang mau dadia ranjapane.

Prakara Ping 32

Lamun ana wong lumaku bêngi, ana sajroning nagara, padha anggawaa obor, dene yèn mati obore ana ing dêdalan. Atawa êntèk obore, wong kang lumaku mau nuli jaluka tulung obor marang wong kang padha omah-omah pêrak dêdalan. Wong kang dèn jaluki tulung iku, enggal atêtulunga obor, dene yèn adoh omah gone kapatèn obor iku, aja tan ora wong kang lumaku mau, padhaa rêrasana kang sêru, lan rowange padha lumaku, iku kang minôngka obore, dene yèn katiwasan kacidra ing wong, tatu atawa mati, yèn ana gugate angarani uwong, mulura pêpadone munggah ing surambi, yèn ora angarani uwong, iku ora katêmpuh ing nagara, dene yèn ana wong lumaku ora anggawa obor, môngka katiwasan kacidra ing wong, tatu atawa mati, yèn ali warise ora narima, tanpa dadia panggugate, sabab wis kainane dhewe, anadene wong omah-omah, kang padha cêdhak ing dêdalan. Yèn ora gêlêm têtulung obor, iku sira patrapana dhêndha samurwate.

--- 26 ---

Prakara Ping 33

Anadene kawulaningsun wong môncanagara, yèn pêpadon alêlawanan lan wong Surakarta Adiningrat. Iku tumindaka kaya tindake kawulaningsun ing Surakarta Adiningral.Adiningrat (dan ditempat lain). Iku sira Ngabèi Amongpraja, awèha wêruh marang Si Adipati Sasradiningrat. Nuli si adipati enggal amêtokêna marang wong kang sinêrêg iku mau, dene yèn lêlawan padha wong môncanagara, ingsun wangêni kala mangsane malêbu ing garêbêg Mulud.

Prakara Ping 34

Apadene sarupaning wong kang manjing dadi jêksa, jajênêng Lawang Sarayuda, iku padha supatanana ingkang bangêt. Sarta padha angawruhana marang sarupane kang dadi rêrêgêding nagara, kang kalêbu golongane durjana, kaya begal maling bradhat kècu, bêdhog colong, cêlêr juput sapêpadhane durjana, iku sira lan sakancanira, iya padha angawruhana, yèn wus têrang nuli sira cêkêla, yèn abot ana pakewuhe, enggal awèha wêruh marang Si Adipati Sasradiningrat. Iya Si Adipati Sasradiningrat, ingkang anyêkêla.

Prakara Ping 35

Lan maninge lamun ana wong kalêbu alun-aluning durjana, iku [i...]

--- 27 ---

[...ku] nuli sira nyatakêna, karuhêna tobate, lan durunge, yèn durung tobat. Sira Ngabèi Amongpraja, ingkang ngrêsikana, sarta sira supatanana, yèn bôngga sira cêkêla, sanadyan kalêbua santananingsun. Aja sira taha-taha, apadene kang kalêbu kulit daginge wêdana, iya sira cêkêla, wêdanane sira dhêndhaa, gawening wong limang atus dhêndhane sèkêt reyal. Ing sapangisore iya ana itunge dhewe-dhewe, yèn ana pakewuhe, sira awèha wêruh marang Si Adipati Sasradiningrat. Nuli si adipati enggal ngaturana uninga ing ingsun.

Prakra Ping 36

Apadene kawulaningsun wadana, sêntananingsun kabèh, padha rumêksaa marang laku-lakuning adil kapatihan. Lan adil pradata, lan ing khukum. Sarta aja pêpeka, angrubêdi amakewuh, sabarang lakuning adil kapatihan. Lan adil ing pradata, lan ing khukum, yèn ana ingkang nglakoni apêpeka, amakewuh rumêksane ngadil kapatihan. Lan ing pradata, lan ing khukum. Môngka kongsi katitik katur ing parentah, iku wadanane ingsun dhêndha satus reyal. Sarta ora nganggo ingsun pariksa manèh, iya Si Adipati Sasradiningrat ingkang mêtokêna dhêndhane marang kancane.

--- 28 ---

Prakara Ping 37

Lan sarupane wong kang padha aparapadu, aja wani-wani amaido, atawa mogok ing pangadilan. Ingkang dhingin pangadilan ing kapatihan. Kaping pindho pangadilan ing pradata, kaping têlu khukum ing surambi, dene yèn ana wani-wani amaido, atawa mogok. Enggal Si Adipati Sasradiningrat apariksaa ingkang têrang, yèn wis kapariksa khale luput ingkang angadili, iku ingsun patrapi dhêndha satus reyal. Mulura pêpadone, dene yèn wis katiti pariksa, môngka luput ingkang dèn bênêri, ingkang maido ora narima iku mau, nuli Si Adipati Sasradiningrat. Enggal anyêkêla marang wong kang maido ing pangadilan ika mau, banjur sira buwanga sajabaning rangkah.

Prakara Ping 38.

Lamun ana wong angiwat bojoning wong, apadene angiwat wong wadon rôndha, wulanjar parawan. Môngka ditututi marang ahli warise, wong kang angiwat mau kacêkêl. Iku ladèkêna marang pradata, yèn wis têrang pariksane Si Ngabèi Amongpraja, nuli ngaturêna ing parentah, iya Si Adipati Sasradiningrat. Angêtrapêna wong angiwat iku, sira dhêndhaa sèkêt reyal. Yèn ora

--- 29 ---

mêtu dhêndhane, sira gitika ping rongatus. Nuli sira buwanga sajabaing nagara, anadene wong angiwat iku mau, yèn nganti têtukaran anatoni marang kang nututi, iku patrapana diyat samurwate, yèn ora mêtu diyate mau, sira gitika ping têlung atus. Nuli sira buwanga sajabaning rangkah, dene yèn nganti matèni wong ngiwat iku, sira patrapana diyat limang atus reyal. Yèn ora mêtu diyate, sira gitika ping limang atus. Iya nuli sira buwanga marang Lodhaya, atawa marang ing Ayah, anadene wong angiwat mau, yèn nganti tatu atawa mati, môngka ahli warise ora narima, iku Ngabèi Amongpraja anulaka, aja sira dadèkake panggugate.

Prakara Ping 39.

Lamun ana wong ambedhang bojoning wong, atawa anak sadulur sapêpadhane, môngka wong bedhang mau kacêkêl. Iku ladèkêna marang ing pradata, yèn wis têrang pariksane Si Ngabèi Amongpraja, nuli aturêna ing parentah, iya Si Adipati Sasradiningrat. Angêtrapêna wong ambedhang mau, sira dhêndhaa sèkêt reyal. Yèn ora mêtu dhêndhane, sira gitika ping rongatus. Nuli sira buwanga sajabaning nagara, anadene wong kang ambedhang iku, yèn nganti têtukaran. Anatoni marang ahli warise kang kabedhang iku, sira patrapana diyat samurwate, yèn [yè...]

--- 30 ---

[...n] ora mêtu diyate, sira gitika ping têlung atus. Nuli sira buwanga sajabaning rangkah, dene wong bedhang mau, yèn nganti matèni, sira patrapana diyat limang atus reyal. Yèn ora mêtu diyate, sira gitika ping limang atus. Iya nuli sira buwanga marang ing Lodhaya, atawa marang ing Ayah, anadene wong kang ambedhang mau, yèn nganti tatu atawa mati, môngka ahli warise ora narima, iku Ngabèi Amongpraja, sira tulaka, aja sira dadèkake panggugate.

Kaya mangkono manèh, manawa ana wong babedhangan. Wong wadon sawiji dèn bedhang wong loro, nalikane paran-pinaranan. Môngka nganti têtukaran. Ana kang tatu salah sawijine, atawa mati, yèn nganti ana gugat-ginugat. Iku Ngabèi Amongpraja, sira tulaka, aja sira dadèkake panggugate.

Prakara Ping 40

Mungguh wong ngabotohan. Ingkang ingsun lilani bupati sapandhuwur, angadêgake ngadu jago, lan ngadu gêmak. Atawa ngadu kêmiri, nanging iku dèn rêksaa kang abêcik. Manawa ana wong kang gawe prakara, yèn nganti ana prakara têtukaran, ana kang tatu atawa mati, iku Si Adipati Sasradiningrat. Kang anatrapana kang angadêgake ngabotohan mau, sira dhêndhaa sèkêt reyal. Dene wong kang tatu atawa mati iku, yèn ana ahli warise [wari...]

--- 31 ---

[...se] ora narima, mulura panggugate marang pradata, yèn wis têrang pariksane Si Ngabèi Amongpraja , nuli ngaturna ing parentah, iya Si Adipati Sasradiningrat. Angêtrapêna wong kang natoni mau, sira tatrapana diyat samurwate, yèn ora mêtu diyate, sira gitika ping têlung atus. Nuli sira buwanga sajabaning rangkah, anadene wong kang matèni iku, sira trapana diyat limang atus reyal. Yèn ora mêtu diyate, sira gitika ping limang atus. Iya nuli sira buwanga marang ing Lodhaya, atawa marang ing Ayah, anadene wong ngabotohan kang ora ingsun lilani, kayata dhadhu, kêplèk, kècèk, gimêr, sapêpadhane, iku Si Adipati Sasradiningrat. Kang anatrapana, wong kang ngadêgake ngabotohan mau, sira dhêndhaa salawe reyal. Yèn ora mêtu dhêndhane, sira gitika ping satus. Dene wong kang anglurug ngabotohan iku, sira dhêdhaa sapuluh reyal. Yèn ora metu dhêndhane, sira gitika ping sèkêt. Dene yèn nganti ana wong têtukaran. Ana kang tatu atawa mati, yèn ana ahli warise ora narima, iku Ngabèi Amongpraja, sira tulaka, aja sira dadèkake panggugate.

Prakara Ping 41.

Anadene wong ananggap têlèdhèk. Kang ingsun lilani, kawulaningsun bupati sapêpadhane, anadene kawulaningsun [kawulaningsu...]

--- 32 ---

[...n] bocah cilik kang amawa sabab. Kaya ta mêmantu, lan tingkêb. Apadene têtak. Anduwe nadar, sanadyan ananggapa têlèdhèk. Kang ambêbarang awan, iya ingsun lilani, nanging dèn rêksaa kang abêcik. Manawa ana wong agawe prakara, yèn nganti ana prakara wong têtukaran. Ana kang tatu atawa mati, iku Si Ngabèi Amôngpraja awèha wêruh marang Si Adipati Sasradiningrat. Kang anatrapana wonge kang ananggap. Sira dhêndhaa, yèn kawulaningsun kaliwon sapandhuwur, sira tatrapana dhêndha sèkêt reyal. Dene kawulaingsun panewu mantri sapangisore, sira tatrapana dhêndha salawe reyal. Anadene wong kang tatu atawa mati iku, yèn ana ahli warise ora narima, mulura gugate marang pradata, yèn wis têrang pariksane Si Ngabèi Amongpraja, nuli angaturna ing parentah, iya Si Adipati Sasradiningrat. Kang angêtrapêna, dene wong kang anatoni iku, sira tatrapana diyat samurwate, yèn ora mêtu diyate, sira gitika ping têlung atus. Nuli sira buwanga sajabaning rangkah, dene wong kang matèni mau, iya tatrapana diyat limang atus reyal. Yèn ora mêtu diyate, sira gitika ping limang atus. Iya nuli sira buwanga marang ing Lodhaya, atawa marang Ayah, anadene wong nanggap têlèdhèk. Kang ora ingsun lilani iku, wong kang nanggap têlèdhèk bêngi, kang ora mawa sabab. Môngka kongsi kawruhan ing parentah, iku [i...]

--- 33 ---

[...ku] kang ananggap sira tatrapana dhêndha salawe reyal. Dene yèn ana wong kang agawe prakara têtukaran. Nganti ana wong kang tatu atawa mati, môngka ana ahli warise ora narima, iku Ngabèi Amongpraja, sira tulaka, aja sira dadèkake panggugate, anadene lamun abot pakewuhe, iya sira unggahêna ing surambi.

Prakara Ping 42

Saliring prakara yèn wis pêdhot. Aja tan ora Si Ngabèi Amongpraja, sira awèha wêruh marang Si Adipati Sasradiningrat. Pacuhan-pacuhan. Ngabèi Amongpraja, dèn kalakon saunine nawalaningsun. Kang ingsun gadhuhakên marang ing sira, têka kongsi luput olèhira amatrapakên adil ana ing pradatan ingsun. Amêsthi sira ingsun wêsiamat ingkang luwih bangêt. Titi

Sinêrat ing nagari Surakarta Adiningrat. Ing dintên Sêptu, anggaltanggal kaping 18 sasi Bêsar, ing taun Dal. Angkaning parsawarsa: 1759.

__________

--- [34] ---

[...]

--- [35] ---

Anggêr Sadasa.

--- 36 ---

Punika sêrat anggêr-anggêran. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Ingkang sampun mufakat sakathahipun prayayi ingkang agêng-agêng, nayaka ing Surakarta Adiningrat sadaya, saha prayayi agung putra sêntana, ingkang punika sampun kaidèn ing panjênênganipun Kangjêng Tuwan Residhèn Raik van Prèn. Ingkang anguwasani kagungan dalêm kantor loji ing Surakarta Adiningrat, akalihan Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Prangwêdana, ingkang sampun jumênêng kurnèl saha kumêndhan ing nagari Surakarta Adiningrat. Ingkang sarta sampun atas têrang dhawuh dalêm.

Kang inggih punika wau, sampun katamtokakên pangadilanipun ing kangjêng parentah agêng, ingkang kadhawuhakên sadayanipun. Abdi dalêm prayayi mantri sadaya, kang sampun sami kapitadosan. Amancasi barang prakawis wau, wontên panggenan ingkang sae, ing paseban bale mangu kapatihan. Kang inggih punika sami anganggea manah ingkang têmên-têmên. Tuwin anganggea manah ingkang rêsik-rêsik. Sarta sami angeklasêna ing salêbêting manah, môngka yèn botên sami anglampahake ing manah tigang prakawis wau punika, amêsthi kenging ing patrapan kaundur ing kalênggahanipun. Inggih punika sampun kapratelakakên saliring prakawis pangadilanipun ing kangjêng parentah agêng.

--- 37 ---

Prakawis Kaping 1.

Wênang prayayi agêng punika yèn ananggunga dhatêng rerehanipun. Sabarang prakawisipun. Yèn sampun aparing pratôndha cap. Prayayi agêng wau môngka kaingsêr saking kalênggahanipun. Sintên-sintên ingkang kakarsakakên anggêntosi kalênggahanipun. Inggih anglulusêna pananggungipun. Prayayi agêng ingkang kaingsêr wau punika.

Prakawis Kaping 2.

Manawi wontên abdi dalêm. Prayayi agêng wadana kaliwon. Ananggung dhatêng rerehanipun. Ingkang sami amajêgakên gêgadhuhanipun siti dhusun. Dhatêng Wêlandi, utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun ingkang bôngsa kulit pêthak. Punapadene dhatêng têtiyang Jawi, yèn sampun amawi sêrat pratôndha cap. Ingkang amawi jangji tempo tigang taun utawi nêm taun. Punapadene sabarang jangjinipun. Têtiyang ingkang amajêgakên kalih ingkang amajêgi, saupami ngantos dados prakawis. Punika prayayi agêng ingkang ananggung mau, naming katêmpaha ngrampungi prakawisipun kemawon. Wondening ingkang kadamêl angrampungi, pundi ingkang botên anêtêpi ing saungêlipun sêrat pratôndha, inggih dadosa kaandhapanipun.

--- 38 ---

Prakawis Kaping 3.

Mênawi wontên abdi dalêm. Prayayi agêng wadana kaliwon. Ananggung dhatêng rerehanipun. Abdi dalêm panewu matri sapêngandhap. Ingkang sami anyambut yatra dhatêng Wêlandi, utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Punapadene Jawi sami Jawi, yèn sampun mawi sêrat pratôndha cap. Saupami wontên prakawisipun. Adangu panyauripun. Utawi mopo botên sagênsagêd nyaur, punapadene têtiyangipun minggat. Punika inggih katêmpah dhatêng wadana kaliwonipun. Ananging wadana kaliwonipun ingkang ananggung wau punika, kalilan anêbsir barang darbèke, bale griyanipun. Punapadene gêgadhuhanipun sabin. Sapalih kapundhuta, dipun cicilêna dhatêng têtiyang ingkang potang, yèn dèrèng anyukupi, inggih kalilan yèn anyuwuna unduripun têtiyang ingkang anyambut wau punika, nanging ahli warisipun sami dipun tantuna rumiyin. Mênawi wontên kadugi anyampêti ing sêsambutanipun. Yèn sampun sami botên wontên kadugi, inggih kalilan anêtêpi ing liyanipun. Ingkang kadugi anyampêti ing sêsambutan wau punika, wondening têtiyang ingkang anyambut wau, inggih dadosa amujang dhatêng wadana kaliwonipun.

--- 39 ---

Prakawis Kaping 4.

Mênawi wontên abdi dalêm. Ingkang sami anyuwun têtanggungan pratôndha cap dhatêng wadana kaliwonipun. Yèn wontên apêsipun. Kagêntosan ing anak utawi ing sanèsipun. Punika ingkang gêntosi kalênggahanipun. Inggih têksiha anglulusakên. Punapa sajangjènipun. Mênggah sêsambutan wau, ingkang dados têtanggêlan ing wadana kaliwonipun.

Prakawis Kaping 5.

Mênawi wontên abdi dalêm sangandhapipun abdi dalêm kaliwon. Panèwu mantri, panèkêt panalawe, panigang jung panajung panakikil. Sawêrnènipun abdi dalêm sadaya, saupami apurik atilar made griyanipun. Angêndhakakên padamêlan dalêm. Punika botên mawi kapriksa malih, anuntên kapatrapan dhêndha, ing saprakawisipun. Dene ingkang kanggenan wau punika, enggal anuntên asukaa uninga, dhatêng ingkang darbe rerehan. Ingkang sarta dipun pratelakêna ing prakawisipun.

Prakawis Kaping 6.

Mênawi wontên abdêabdi dalêm sangandhapipun abdi dalêm wadana sapêngandhap pisani. Punika botên kenging yèn botên [botê...]

--- 40 ---

[...n] apituruta parentahe wadana kaliwonipun. Ingkang lêrês ingkang sampun mufakat sakancanipun sadaya.

Prakawis Kaping 7.

Mênawi wontên abdi dalêm agadhah prakawis. Alêlawanan pabên kalih lurah babêkêlipun. Utawi sasamènipun sapêngandhap. Punika botên kenging yèn angungsia liyanipun. Utawi yèn ing angungsia ing parentah agêng, kajawi dhatêng lurah babêkêlipun piyambak. Dening yèn sampun dhatêng lêlurah bêkêlipun, nuntên enggal dipun lêrêsana ing salêrês-lêrêsipun. Dene ingkang dipun lêrêsi, sampun tan botên sakalane dipun lêrêsi ing ngriku, apituruta dhatêng ingkang anglêrêsi, dene yèn botên tarima, ing salah satunggil. Punapa malih ing kalih-kalihipun. Inggih kenging yèn angungsia ing parentah agêng, dene parentah agêng enggal nuntên amariksaa, dhatêng ingkang dipun lêrêsi, ingkang botên tarima wau, yèn sampun têrang pariksanipun. Katupiksa yêktos salahing kang dipun lêrêsi, kapatrapan dhêndha ing saprakawisipun. Dene yèn lêpat ingkang anglêrêsi, kapatrapan dhêndha ing sapalih prakawisipun.

Prakawis Kaping 8.

Mênawi wontên abdi dalêm. Agêng utawi alit sadaya, [sada...]

--- 41 ---

[...ya,] rerehanipun ing nêgari, miwah ing dhusun. Kesaha mawi prakawis. Angungsi dhatêng ing liyanipun. Anuntên ingkang darbe rerehan anêdhaa, ingkang sarta dipun pratelakna ing prakawisipun. Dene ingkang dipun ungsèni, enggal angulungêna, dene ingkang angungsi, yèn botên purun dipun ulungakên. Inggih ingkang dipun ungsèni wau punika ingkang anyêpênga, sarta angulungêna, saengga ingkang dipun ungsèni botên purun angulungakên. Sintêna ingkang dipun ungsèni, inggih kapatrapan dhêndha saprakawisipun.

Prakawis Kaping 9.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Ing nagari miwah ing dhusun, purun-purun angrisak dhatêng rerehanipun. Ingkang kasanggi padamêlanipun. Punika kapatrapan dhêndha katikêl kalih prakawisipun.

Prakawis Kaping 10.

Mênawi wontên abdi dalêm. Ngaturakên prakawis dhatêng wadana kaliwonipun. Inggih enggal dipun rampungana, sampun ngantos katur ing parentah agêng, dene yèn ngantos katur ing parentah agêng, awit saking dipun dêdangu, ngantos dados ruwêding prakawisipun. Inggih ingkang dêdangu wau punika, kapatrapan dhêndha gangsal reyal.

--- 42 ---

Prakawis Kaping 11.

Mênawi wontên abdi dalêm acanthèl atur, angaturakên prakawis. Konjuk ing sampeyan dalêm. Punika inggih botên kenging yèn botên margi saking lêlurah bêkêlipun. Lêlurah bêkêlipun enggal angaturana uninga ing kangjêng Rahadèn Adipati Sasradingirat. Dene yèn wontên ingkang purun-purun anêrak canthèl atur, botên margi saking lêlurah bêkêlipun. Inggih botên kapariksa malih, nuntên enggal dipun undura.

Prakawis Kaping 12.

Mênawi wontên abdi dalêm apabênan kalêres ing supaos. Inggih dipun lajêngêna ing supaosipun. Sarta dipun tantuna pundi ingkang dipun pilih, yèn dipun pilalah supaos. Inggih dipun lajêngêna, yèn dipun pilalah ngêsoki, inggih dipun pundhuta pikawonipun. Yèn botên sagêd angêsoki ing pikawonipun. Inggih dipun mujangakên dhatêng têtiyang ingkang mênang.

Mêngkatên malih, yèn wontên abdi dalêm ingkang lumampah damêl. Apabên kawon anglampahi mujang, mantri sêdasanipun asukaa uninga dhatêng lêlurah bêkêlipun. Sampun tan botên lurah bêkêle anantuna, punapa malampah dipun jogi, punapa dipun pilalah amujang, yèn aturipun dipun pilalah amujang, inggih

--- 43 ---

dipun lajêngêna, nanging dipun pocota rumiyin. Dene yèn kêdah dipun jogi, inggih nuntên dipun jogana dhatêng lêlurah bêkêlipun. Nanging kang dipun jogi asumadosa gangsal wêlas dintên. Yèn sampun gangsal wêlas dintên botên sagêd angaturi, inggih kalajêngêna kamantunan. Yèn darbea sambutan ing liyanipun. Dipun saurana piyambak. Yèn piyambake botên darbe, wênang nicil ing salamènipun.

Prakawis Kaping 13.

Mênawi wontên abdi dalêm apabênan anêrka ing rajaêmal. Ingkang dipun têrka angangkêni sapalih, utawi sapratigan. Inggih ingkang dipun angkêni wau punika, enggal kapundhuta, nuntên kaparingêna dhatêng ingkang anêrka wau, tumuntên anampènana, dene ingkang botên dipun angkêni, inggih nuntên dipun lêrêsana, ing salêrês-lêrêsipun. Yèn saupami prakawis siti dhusun. Inggih abdi dalêm mantri sêdasa ingkang lumampaha papriksa, dhatêng têtiyang macapat mônca gangsal sarta rêdi, sarêng katupiksa dora ing salah satunggil. Têtiyang siti dhusun ingkang matur dora wau, kapatrapan dhêndhan nêm reyal.

Prakawis Kaping 14.

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang siti dhusun. Purun-purun [Purun-pu...]

--- 44 ---

[...run] anyidhêm pramanêm. Rajatatu utawi rajapêjah, inggih têtiyang siti dhusun. Ingkang purun-purun anyidhêm pramanêm wau punika, kapatrapan dhêndha, yèn rajatatu, tiga wêlas têngah reyal. Yèn rajapêjah, sêlawe reyal. Kaanggêran cacah sabin tigang jung sapanginggil. Yèn tigang jung sapêngadhap. Inggih wontên etangipun.

Prakawis Kaping 15.

Mênawi wontên abdi dalêm ingkang sami para pabên. Botên kenging yèn botên mêdal saking lêlurah bêkêlipun. Saengga lêlurah bêkêlipun andêdangu, botên angladosakên pabênipun. Inggih dipun wênangakên yèn angungsia ing parentah agêng, dene lurah bêkêlipun ingkang dêdangu wau punika, inggih dipun patrapi dhêndha gangsal reyal.

Prakawis Kaping 16.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Dipun gugat sabarang panggugatipun. Dhatêng Wêlandi utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Punika panggugatipun inggih sami amargia kaparingakên saking ing kantor, dene yèn botên kaparingakên saking kantor, botên kenging, abdi dalêm mantri sêdasa, yèn anampènana panggugatipun, tiyang bôngsa kulit pêthak wau.

--- 45 ---

Prakawis Kaping 17.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Dipun gugat dhatêng Wêlandi, utawi têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Dipun têrka anyambut yatra utawi kanggenan barang, môngka têtiyang Jawi sarêng kapriksa, aturipun ngangkên yèn nyambut. Utawi kanggenan barang, inggih lajênga dipun pundhut panyauripun. Utawi kanggenan barang wau, inggih dipun pundhut sami dipun pasrahakên, dhatêng têtiyang bôngsa kulit pêthak ingkang gugat wau punika, mênawi ingkang dipun gugat punika wau mukir, môngka têtiyang bôngsa kulit pêthak wau botên anyêpêng sêrat pratôndha, utawi botên gadhah sêksi, têtiyang ingkang dipun gugat wau punika lajêng dipun supaosi, yèn sampun dipun supaosi, rampung prakawisipun.

Prakawis Kaping 18.

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang Jawi, anggugat dhatêng têtiyang bôngsa kulit pêthak sasamènipun. Dipun gugat anyambut yatra, utawi kanggenan barang, môngka tiyang bôngsa kulit pêthak wau, sarêng dipun priksa, angangkên yèn nyambut yatra, punapa dening angangkên kanggenan barang, inggih lajênga dipun pundhut ing panyauripun. Utawi angsaltipunlipun kanggenan barang wau, inggih sami kapundhuta, anuntên dêpundipun pasrahakên dhatêng

--- 46 ---

têtiyang ingkang anggugat wau, mênawi têtiyang bôngsa kulit pêthak wau mukir, môngka têtiyang Jawi ingkang gugat wau botên anyêpêng sêrat pratôndha, utawi botên gadhah sêksi, têtiyang bôngsa kulit pêthak wau lajêng dipun sumpah, ananging panyumpahipun têtiyang bôngsa kulit pêthak wau, wontên ing kantor.

Prakawis Kaping 19.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Amaosakên gêgadhuhanipun siti dhusun. Dhatêng Wêlandi utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Punapadene Jawi sami Jawi, inggih sami adamêla jangji, ingkang rêsik ingkang têrang, sabarang jangjènipun kawrata wontên ing sêrat pratôndha, dene yèn wontên prakawisipun. Ngatos katur ing parentah, ingkang kadamêl angrampungi, punapa ing saungêlipun sêrat pratôndha wau punika, pundi ingkang botên anêtêpi, dadosa kaandhapanipun. Kang sarta mawi kapatrapan dhêndha samurwatipun ing parentah.

Prakawis Kaping 20.

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang Jawi, anêbasakên utawi anggantosakên gêgadhuhanipun siti dhusun. Dhatêng Walandi utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Punapadene Jawi sami Jawi, inggih [ing...]

--- 47 ---

[...gih] sami adamêla jangji, ingkang rêsik ingkang têrang, sabarang jangjènipun kawrata wontên ing sêrat pratôndha, dene yèn wontên prakawisipun. Ngantos katur ing parentah, ingkang kadamêl angrampungi, punapa ing saungêlêpunsaungêlipun ing sêrat pratôndha wau punika, pundi ingkang botên anêtêpi, dadosa kaandhapipun. Kang sarta kapatrapan dhêndha ing samurwatipun.

Prakawis Kaping 21.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Amaosakên utawi anêbasakên. Anggantosakên gêgadhuhanipun siti dhusun. Dhatêng Wêlandi utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Punapadene Jawi sami Jawi, botên mawi asuka sêrat pratôndha, ngantos dados prakawis katur ing parentah, inggih kaadilan punapa ing sapikantuke ing prakawisipun. Ananging mawi kapatrapan dhêndha ing kalih-kalihipun.

Prakawis Kaping 22.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Ingkang sami amaosakên gêgadhuhanipun siti dhusun. Dhatêng Wêlandi utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Punapadene Jawi sami Jawi, sampun purun-purun tampèn-tinampèn siti dhusun môngsa jêne, ana-

--- 48 ---

mpènana siti dhusun môngsa irêngan. Dene yèn tempo inggih dipun pasrahêna siti irêngan. Dene ingkang dipun wêstani siti irêngan punika, têksih wêrni uritan. Dene ingkang dipun wêstani siti jêne, ingkang sampun wêrni tandur, wondening tanêm tuwuh ingkang wontên patêgilan. Punapadene ingkang wontên ing pagriyan. Sasamènipun. Inggih manut tanêm tuwuh pantun. Ingkang wontên ing sabin. Yèn pantun ing sabin sampun dipun êni, tanêm tuwuh sadaya wau inggih dados irêngan.

Prakawis Kaping 23.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Gadhe-ginadhe kalih Wêlandi, utawi têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Barang ingkang dipun gadhèkakên. Wêrni êmas utawi suwasa sêlaka, wêsi kuningan têmbaga sasamènipun. Punapadene kang wêrni sesotya, kadosta intên mirah jumêrut sasamènipun. Môngka ngantos kalih taun. Ingkang gantosakên wau botên angintun bungahan. Botên anêbus. Mênawi botên tarima, têtiyang ingkang anggantos wau, inggih kenging yèn amadea, barang ingkang kagantosakên wau punika, têtiyang ingkang anggantosakên sirnaa barang sambutanipun.

--- 49 ---

Prakawis Kaping 24.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Ingkang sami anggantosakên dhatêng Wêlandi, utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Barang ingkang dipun gantosakên, wêrni mas suwasa sêlaka sasamènipun. Wêrni intên mirah sêsoca sasamènipun. Awusana barang ingkang dipun gantosakên wau, amalih warni, êmas dados kuningan sasamènipun. Intên dados karêpu sasamènipun. Ngantos dados prakawis taturkatur ing parentah, mênggahing karampunganipun. Têtiyang ingkang anggadhe, amangsulêna barang ingkang dipun gadhe wau, dhatêng ingkang gadhèkakên. Dene têtiyang ikangingkang anggadhèkakên. Amangsulna ing yatra sakawit. Sarta sabungahanipun. Dhatêng têtiyang ingkang anggadhe wau punika, sarta kapatrapan dhêndha ingkang anggadhèkakên. Samurwat ing prakawisipun.

Prakawis Kaping 25.

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang Jawi, gadhe-ginadhe dhatêng Wêlandi, utawi dhatêng têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Awarni barang sinjang-sinjang, dhasar sutra, dhasar jawi sasamènipun. Môngka ngantos sataun: têtiyang ingkang anggantosakên wau, botên angintun bungahan botên anêbus. Tan trimanipun ingkang anggantos. [angganto...]

--- 50 ---

[...s.] Punika kenging ingkang anggantos wau, yèn amadea barang ingkang dipun gantosakên. Ingkang gantosakên sirnaa barang sambutanipun.

Prakawis Kaping 26.

Mênawi wontên abdi dalêm. Têtiyang Jawi, gadhe-ginadhe sabarang ingkang dipun gadhe, dhatêng tiyang bôngsa kulit pêthak sasamènipun. Môngka barang ingkang dipun gadhe wau ical kapêndhêt ing kècu, utawi kapandungan. Kasayaban sasamènipun. Têtiyang ingkang gadhah barang wau botên tarima, ngantos dados prakawis katur ing parentah, sarêng kapriksa barang ingkang dipun gantosakên wau, sayêktos ical. Dipun pêndhêt ing kècu, utawi kapandungan kasayaban sasamènipun. Punika têtiyang ingkang anggadhe wau, inggih katêmpahakên. Yèn angsalipun gadhe sêdasa reyal, katêmpahan kalih dasa reyal. Dene yèn angsalipun gadhe langkung saking sadasa reyal. Utawi kirang, inggih wontên ingetangipun. Têtiyang ingkang gadhah barang wau, inggih anyaura pintên sapênggantosipun. Sarta sabungahanipun.

Prakawis Kaping 27.

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang Jawi, semahipun anyambut yatra, utawi anyambut sabarang dagangan. Dhatêng têtiyang [tê...]

--- 51 ---

[...tiyang] bôngsa kulit pêthak sasamènipun. Panyambutipun wau botên warti dhatêng ingkang jalêr, môngka botên sagêd anyaur ing sêsambutanipun. Yèn tan trimanipun ingkang anyambutakên katur ing parentah, yèn tiyang èstri wau kalêrês mujang, ingkang jalêr wau botên kenging yèn anyelakana, inggih dipun mujangakên jalêr èstri, dene ingkang potang inggih narimaa atampi mujangan.

Prakawis Kaping 28.

Mênawi wontên abdi dalêm. Prayayi agêng utawi alit. Punapadene Wêlandi, utawi têtiyang Cina, sasamènipun tiyang bôngsa kulit pêthak. Anumpak kareta utawi bèndi sasamènipun. Môngka amidak anunjang dhatêng sawêrnènipun ing jinis. Utawi amidak anunjang dhatêng sawêrnènipun ing barang, yèn ingkang kapidak wau tuwin ingkang katunjang botên tarima, katur ing parentah, punika botên angsal adil. Wondening ingkang kapidak katunjang ing kapal ingkang dipun titihi, utawi botên dipun titihi, yèn botên tarima, inggih angsal diyat patiba jampi samurwatipun.

Prakawis Kaping 29.

Mênawi wontên abdi dalêm babêkêl dhusun. Samangsanipun lumêbêt garêbêg. Ing wulan Mulud utawi wulan Siyam.

--- 52 ---

Saking garêbêg kawangênan pêndhak dintên. Sami asoka paos. Yèn wontên ing kakiranganipun ing paos wau: kawangênan pêndhak dintên malih pundhatipun. Môngka botên sagêd amundhati, punika kenging ing gangsal wêlasan. Mênawi kantunan paos sadasa reyal. Dados gangsal wêlas. Dipun antawisakên satêngah wulan pundhatipun gangsal wêlasan wau, dene yèn botên sagêd amundhati katikêlakên. Paos sêdasa dados kalih dasa, dipun antawisakên satêngah wulan malih, yèn botên sagêd amundhati ing tikêlanipun. Punika dipun gantung sabinipun. Dipun wangêni satêngah wulan malih, yèn botên sagêd amundhati paos tikêlan wau, punika lulusa ing pocotipun. Yèn gadhaha yatra bêkti, utawi yatra paos. Ingkang wontên ing lêlurahipun. Punapadene yèn gadhaha tanêm tuwuh, ingkang wontên ing sabin utawi patêgilan. Bêkêl dhusun ingkang pocot wau punika, sampun botên kenging yèn angraosana, sampun têtêp kadarbe ing lêlurahipun.

Prakawis Kaping 30.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Angindhakakên paos dhatêng babêkêlipun dhusun. Punika sarêng garêbêg adhêdhawaha indhakipun paos ing ngajêng, môngka babêkêlipun botên purun dipun indhakakên. Ngantos [Nga...]

--- 53 ---

[...ntos] dados prakawis katur ing rentah, parentah punika parentah enggal amariksaa, dhatêng têtiyang siti dhusun. Ingkang dipun indhakakên wau, utawi dhatêng têtiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, kapriksaa pintên kathah kêdhikipun ing sabin utawi patêgilan. Pintên pajênganipun. Yèn dipun sade utawi yèn dipun paosakên. Yèn aturipun tiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, botên wontên ingkang amêstani langkung, saking paosipun ingkang lami, inggih têtêpa paosipun. Kados ingkang sampun kalampahan. Yèn aturipun macapat môncagangsal sarta rêdi, sami amêstani langkung saking paosipun lami, inggih lulusa indhakipun. Sapikantukipun papriksan wau punika, môngka babêkêlipun ing dhusun mêksa botên purun mindhak ing paosipun. Punika kenging yèn kamantunan. Dene tanêm tuwuh ingkang taksih wontên ing sabin. Utawi patêgilan. Ingkang sampun sumêrêp ing paos. Ingkang sampun katur dhatêng lêlurahipun. Mênggahing tanêm tuwuh wau, inggih lulusa katêdha dhatêng babêkêl ingkang kamantunan.

Prakawis Kaping 31.

Mênawi wontên abdi dalêm babêkêl dhusun. Anyuwun sudaning paos. Sarêng garêbêg matura, nuwun sudanipun paos ing ngajêng, môngka lêlurahipun botên anglilani, ngantos katur ing parentah, punika parentah enggal amariksaa, [amari...]

--- 44 ---

[...ksaa,] dhatêng têtiyang siti dhusun. Ingkang nuwun sudaning paos wau, punapa dening dhatêng têtiyang macapat môncagangsalipun. Sarta rêdi, kapriksaa pintên kathah kêdhikipun ing sabin. Utawi patêgilan. Pintên pêpajênganipun. Yèn dipun sade, utawi yèn kapaosakên. Yèn aturipun têtiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, sami amêstani sayêktos. Yèn kirang saking paosipun lami, inggih lulus sudanipun. Anêtêpana paos sapikantukipun papriksan wau, dene yèn aturipun têtiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, sami amêstani têtêp kados paosipun lami, utawi wontên ing indhakipun. Punika babêkêl inggih anêtêpana, punapa sapikantukipun papriksan wau, sarta babêkêlipun dhusun dipun patrapi dhêndha, yèn ingkang dados prakawis bêkêl siti sajung, dipun dhêndha kawan reyal, langkung kirangipun babêkêl siti sajung, inggih wontên ingetangipun. Dene yèn babêkêlipun botên purun anêtêpi paos. Sapikantukipun papriksan wau, sarta botên purun asosokan dhêndha, punika lajêng kamantunan kemawon. Dene tanêm tuwuh ingkang têksih wontên ing sabin. Utawi patêgilan. Têtep kadarbe dhatêng lêlurahipun.

Prakawis Kaping 32.

Mênawi wontên abdi dalêm amantuni babêkêlipun ing dhusun, [dhu...]

--- 55 ---

[...sun,] ingkang kasanggi paos takêr têdhakipun sarta padamêlanipun. Dipun wêstani kèthèr, ngantos dados prakawis. Katur ing parentah, tumuntên parentah amariksaa dhatêng ing kalih-kalihipun. Yèn yêktos kèthèr, lulusa poncotipun. Dene yèn yêktos kasanggi, paos takêr têdhak padamêlanipun. Inggih dipun têtêpakên malih kabêkêlanipun. Sarta lêlurahipun kapatrapan dhêndha, yèn ingkang dados prakawis bêkel siti sajung, dipun dhêndha kawan reyal. Yèn langkung utawi kirang bêkêl siti sajung, inggih wontên ingetangipun.

Prakawis Kaping 33.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Purun-purun anampèni yatra bêkti, saking ing têtiyang, awit saking prayayi, adarbe kasagahan. Adamêl babêkêl dhusun. Utawi dipun damêl prayayi, punapa dening sagah angaturakên ingkang agêng, anuwunakên dadosipun prayayi, awusana cidra ing kasagahanipun. Dados prakawis katur ing parentah, punika yèn sampun têrang pariksanipun. Katupiksa sayêktos yèn tampi bêkti, sayêktos yèn cidra, tumuntên angsalipun tampi yatra bêkti wau kapundhut. Kawangsulakên dhatêng têtiyang ingkang darbe melik. Wondening prayayi ingkang cidra wau, dipun patrapi dhêndha, yèn angsalipun anampèni yatra bêkti wau satus reyal. [re...]

--- 56 ---

[...yal.] Dipun patrapi dhêndha sadasa reyal. Yèn langkung utawi kirang saking satus. Inggih wontên ingetangipun.

Prakawis Kaping 34.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Purun-purun angabên têtiyang, arêbat kabêkêlaning dhusun. Babêkel ingkang lami botên kèthèr paos takêr têdhak padamêlanipun. Môngka anampèni yatra bêkti, saking têtiyang sanèsipun. Sarêng dipun tanêm kabêkêlanipun dados prakawis. Ngantos katur ing parentah, punika parentah enggal amariksaa, ing kalih-kalihipun. Sarêng katupiksa yêktos angabên têtiyang, anampèni bêkti, dhatêng têtiyang ing kalih-kalihipun. Punika prayayi ingkang anampèni bêkti, ingkang angabên têtiyang wau punika, kapatrapan dhêndha ing saprakawisipun. Sarta angantukêna yatra bêkti dhatêng ingkang darbe, wondening yèn ngantos dados karisakaning dhusun. Wontên tiyang tatu utawi pêjah, prayayi ingkang ngabên têtiyang wau dipun pocot. Lajêng kabucal dhatêng sajawining rangkah, yèn ingkang tatu utawi pêjah babêkêl ingkang botên kèthèr, mulura panggugatipun. Dhatêng ing pradata, kainggahêna ing surambi, yèn ingkang tatu utawi wêjahpêjah têtiyang ingkang ababêkti, tanpa dadosa panggugatipun. Yatranipun bêkti sirna, sabab dene sampun angsal ukum badan.

--- 57 ---

Prakawis Kaping 35.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit. Purun-purun anyêpêng ambêsta, ambêlok, dhatêng babêkêlipun ing dhusun. Botên angaturi uninga dhatêng lurah bêkêlipun. Utawi dhatêng parentah agêng, môngka babêkêlipun ingkang dipun bêlok wau, ali warisipun botên tarima, pepe ing parentah, sanadyan lêrêsa ing pambêlokipun. Awit saking prakawis utawi kèthèr ing paosipun. Prayayi ingkang anyêpêng ambêsto ambêlok wau, dipun patrapi dhêndha gangsal reyal. Prakawisipun mulura.

Prakawis Kaping 36.

Mênawi wontên abdi dalêm agêng utawi alit, ingkang sami darbe babêkêl dhusun. Sami dipun paringana sêrat piagêm, prajangji ingkang têrang, ingkang rêsik. Punapa ingkang dados jangji, ing kalih-kalihipun. Sami kawrata wontên ing sêrat piagêm. Yèn wontên prakawisipun. Ngantos katur ing parentah, punapa ing saungêlipun sêrat piagêm. Ingkang dipun damêl angrampungi, pundi ingkang botên anêtêpi ing saungêlipun sêrat piagêm. Inggih dadosa kaandhapanipun. Sarta kapatrapan dhêndha ing samurwat ing prakawisipun.

--- 58 ---

Prakawis Kaping 37.

Mênawi wontên abdi dalêm babêkêl dhusun. Kèthèr ing paosipun. Utawi takêr têdhak padamêlanipun. Dipun mantuni sampun têrang prakawisipun. Môngka wontên têtiyang siti dhusun ing ngriku, utawi têtiyang macapat môncagangsal. Sami amaosi sabinipun. Babêkêl ingkang dipun mantuni wau, sarta sampun sah patumbasipun. Dhatêng babêkêl ingkang kamantunan. Punika têtiyang ingkang sami amaosi wau, inggih sami angangsura pajêg malih, dhatêng babêkêl ingkang anyar, dene yèn botên purun angangsur pajêg malih, tanêm tuwuh ingkang wontên sabin utawi patêgilan. Têtêp kadarbe dhatêng babêkêl ingkang anyar, wondening têtiyang ingkang sami amaosi wau punika, lulusa malih, utawi mêrtiga, punapa ingkang dados kalimrahane ing dhusun ngriku.

Prakawis Kaping 38.

Mênawi wontên abdi dalêm ingkang sami ananêm babêkêl siti dhusun. Punika sami asukaa uninga dhatêng rêdi, ingkang darbe rerehan siti dhusun ngriku, môngka botên suka uninga, yèn wontên prakawisipun. Ngantos katur ing parentah, prayayi ingkang nanêm babêkêl wau, dipun patrapi dhêndha, yèn ingkang dados prakawis babêkêl siti sajung,

--- 59 ---

dipun patrapi dhêndha kalih reyal. Langkungipun bêkêl siti sajung utawi kirang, inggih wontên ingetangipun.

Mêngkatên malih, abdi dalêm ingkang ananêm babêkêl wau, yèn sampun asuka uninga dhatêng rêdi ingkang darbe rerehan siti dhusun ing ngriku, môngka dipun dêdangu, dipun èwêd-èwêd. Ngantos dados prakawis katur ing parentah, rêdi ingkang andêdangu angèwêd-èwêd wau punika, dipun patrapi dhêndha, yèn ingkang dados prakawis babêkêl siti sajung, dipun patrapi dhêndha kalih reyal. Langkungipun bêkêl siti sajung utawi kirang, inggih wontên ingetangipun.

Prakawis Kaping 39.

Mênawi wontên abdi dalêm babêkêl dhusun. Sabinipun dipun palihakên, dhatêng lêlurahipun. Punika babêkêl wau botên kenging yèn botên pituruta, sabinipun dipun palihakên. Yèn ngantos dados prakawis katur ing parentah, babêkêl ingkang botên piturut wau, dipun patrapi dhêndha, kaanggêran sabin sajung kawan reyal. Yèn botên mêdal ing dhêndhanipun. Inggih lajêng kamantunan. Dene tanêm tuwuh ingkang wontên ing sabin utawi patêgilan. Ingkang sumêrêp ing paosipun. Ingkang sampun katur ing lêlurahipun. Inggih lulusa dipun têdha, dhatêng babêkêl ingkang kamantunan.

--- 60 ---

Prakawis Kaping 40.

Mênawi wontên abdi dalêm babêkel dhusun. Botên malêbêt garêbêg botên pajêg. Nuntên dipun timbali ing lêlurahipun. Dhatêng ing nagari botên purun. Dipun pundhut paosipun botên angaturi, tumuntên lêlurahipun wau, angaturana uninga ing wadana kaliwonipun. Enggal prayayi wadana kaliwon wau, anglampahêna utusan. Saha amawi sêrat. Babêkel ingkang mogok wau: kapratelakêna ing prakawisipun, dhatêng rêdènipun agêng, ingkang gadhah rerehan. Tumuntên enggal rêdi agêng wau, pêpariksaa dhatêng rerehanipun ingkang dipun wêstani mogok wau, sarta kalih utusanipun prayayi wêdana, sami angyêktosakên ing pamogokipun, yèn sampun têrang pariksanipun. Yêktos yèn mogok. Mufakat sakancanipun rêdi, panèwu, pênatus sapêngandhap. Sarta têtiyang macapat môncagangsalipun. Sami purun anêtêpakên babêkêl wau yèn mogok. Nuntên enggal rêdi agêng wau angaturana sêrat wêwangsul. Dhatêng prayayi wêdana, amratelakêna saliring paprikasnipun. Mênawi wontên têtiyang ingkang purun-purun ambêbaluhi ing pamogokipun. Sami kapratelakêna ing namane, miwah ing dhusune, sintên lurahipun ing nêgari, sami kawrata ing sêrat. Tumuntên prayayi wêdana angaturana sêrat [sêra...]

--- 61 ---

[...t] ingkang mawi pratôndha cap. Anuwun sêrat pangwasanipun ing parentah agêng, anuntên parentah agêng amatêdhanana sêrat panguwasa, ingkang têrang ing guvêrmèn, animbali babêkêl ingkang mogok wau, sarêng kadhawuhan dipun timbali, mêksa mogok. Punika nuntên kacêpênga, yèn bôngga ngamuk karampoga ing kathah, yèn pêjah kairisa kupinge, katur ing parentah.

Prakawis Kaping 41.

Mênawi wontên abdi dalêm rêdi agêng, panèwu, panatus sapêngandhap. Ingkang sampun kaparingan sêrat panguwasanipun ing kangjêng parentah agêng, môngka botên purun anglampahakên nuntên. Lamènipun ngantos kalih wulan. Sabab wontên ing èwêdipun. Botên ngunjuki uninga ing parentah agêng, punika rêdi agêng wau dipun patrapi dhêndha nêm reyal. Botên kenging yèn amêdalêna dhatêng rerehanipun.

Prakawis Kaping 42.

Mênawi wontên abdi dalêm. Sawêrnènipun têtiyang siti dhusun. Sampun purun-purun dipun ungsèni ing têtiyang ingkang ambêkta prakawis. Sabarang prakawisipun, môngka wontên ingkang purun kanggenan têtiyang ngungsi-ungsi wau, awusana adamêl prakawis. Angêkahi mêndhêt siti dhusun. Utawi [U...]

--- 62 ---

[...tawi] tanêm tuwuh ing sabin patêgilan. Punapa dening amêndhêt sabarang melik. Botên tarimanipun ingkang adarbe, ngantos katur ing parentah, parentah nuntên papriksaa dhatêng têtiyang siti dhusun. Miwah tiyang macapat môncagangsalipun sarta rêdi, sami amêstani sayêktos têtiyang ngungsi-ungsi, sarta sayêktos amêndhêt tanêm tuwuh ing sabin. Utawi patêgilan. Punapadene amêndhêt barang melik. Punika têtiyang ingkang dipun ungsèni, sarta têtiyang ingkang ngungsi-ungsi, sami dipun patrapi dhêndha salawe reyal. Kang sarta angantukêna barang melik ingkang dipun pêndheti wau punika, dene yèn ngantos wontên têtiyang ingkang tatu utawi pêjah, rencangipun têtiyang ingkang ngungsi-ungsi wau, punapadene rencangipun têtiyang ingkang dipun ungsèni, tanpa dadosa panggugatipun. Yèn ingkang tatu utawi pêjah, rencangipun têtiyang ingkang gadhah melik wau punika, inggih mulura gugatipun. Dhatêng ing pradata, kainggahêna ing surambi.

Prakawis Kaping 43.

Mênawi wontên abdi dalam agêng utawi alit. Anglampahakên utusan. Dhatêng rêdi agêng, utawi rêdi panèwu panatus sapêngandhap. Sabarang prakawisipun. Punapa dening yèn wontên ing rerehanipun. Babêkêl siti dhusun ing ngriku, sami angaturakên prakawis. Sabarang prakawisipun. Sampun wontên purun-purun andêdangu,

--- 63 ---

amakèwêd ing prakawis. Dene yèn wontên ingkang purun-purun andêdangu, amakèwêd ing prakawis. Amêsthi dipun patrapi dhêndha ing samurwating prakawisipun. Dene ing rerehanipun wau, ingkang sami aprakawisan. Yèn kenging sami dipun rukuna ing dhusun. Yèn botên tarima ing salah satunggil. Utawi ing kalih-kalihipun. Nuntên enggal sami dipun irida lumêbêt ing nagari, kang sarta utusanipun prayayi wau punika, dene yèn aprakawis sami golonganipun. Inggih wêdana kaliwonipun. Ingkang angadilana ing salêrês-lêrêsipun. Yèn botên tarima ing salah satunggil. Utawi ing kalih-kalihipun. Nuntên kaladosêna ing parentah agêng.

Prakawis Kaping 44.

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang siti dhusun. Purun ambubak wana parêdèn. Ara-ara miwah rawa sasamènipun. Dipun damêl pemahan utawi pasabinan. Punapadene patêgilan sasamènipun. Kala wiwit pambubakipun botên wontên angemutakên. Angaruh-aruhi, utawi yèn dipun angkên gadhahanipun siti, lamènipun ngantos tigang taun. Sarêng lami-lami nuntên wôntên têtiyang ingkang ngangkên gadhahanipun siti, wana ingkang dipun bubak wau punika, ngantos dados prakawis. Katur ing parentah, punika tanpa dadosa panggugatipun. Dene yèn anggugat sadèrèngipun [sadè...]

--- 64 ---

[...rèngipun] tigang taun. Inggih mulura pabênipun. Parentah enggal mariksanana ing dhusun. Dhatêng tiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, yèn aturipun têtiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, siti ingkang kabubak wau, sami amêstani sitènipun piyambak. Inggih lulusa têtêp dados gadhahanipun. Dene têtiyang ingkang angangkên wau, dipun patrapi dhêndha ing samurwatipun. Dene yèn aturipun têtiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, siti ingkang kabubak wau, sami amêstani gadhahanipun têtiyang ingkang angangkên. Inggih lulusa têtêp dados gadhahanipun. Dening têtiyang ingkang ambubak wau, amangsulêna ing pamêdalipun. Salamènipun kaolah ingkang sapratigan. Sarta dipun patrapi dhêndha ing samurwatipun.

Prakawis Kaping 45.

Mênawi wontên abdi dalêm têtiyang siti dhusun. Angilèkakên toya, adamêl bêndungan, utawi nadhahi toya tusan. Lamènipun sampun kalih wêlas wulan. Botên wontên têtiyang ingkang wicantên botên suka, sarêng lami-lami wontên têtiyang ingkang botên suka, dipun angkên gadhahanipun. Ngantos dados prakawis katur ing parentah, punika tanpa dadosa panggugatipun. Dening yèn salêbêting kalih wêlas wulan, pangangkênipun, tumuntên parentah papriksaa, dhatêng têtiyang macapat môncagangsal sarta [sar...]

--- 65 ---

[...ta] rêdi, yèn aturipun têtiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, siti ingkang kadamêl bêndungan punika, sayêktos sitènipun piyambak. Inggih lulusa gènipun adamêl bêndungan. Yèn aturipun têtiyang macapat môncagangsal sarta rêdi, sayêktos sitènipun ingkang angangkên wau punika, inggih lulusa dados gadhahanipun. Punika têtiyang ingkang adamêl prakawis ingkang matur dora, kapatrapan dhêndha ing samurwat prakawisipun.