Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 07–16)

Judul
Sambungan
1. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 01–06). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 07–16). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 17–25). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 26–32). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 20-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

7. Dhandhanggula

1. pan kawula sanès lare alit | suka rêna rinungrum rinêpa | wuwus lamis tanpa gawe | kaya ewa kang ngrungu | tur ta măngsa anrus ing galih | pundi wontên wanodya | ngabdèkkên mring kakung | pendah si dènnya duraka | ing sakêcap adhuh intên adhuh gusti | kawula ngèstupada ||

2. nadyan silih tan nêrusi galih | pangandika amung samudana | wèh duraka mring cèthine | rèhning ing mangke sampun | pasthining Hyang kang maha sukci | mangke badan kawula | wus tan kanggêp èstu | ing pada jêng sri narendra | apracihna cidraning prasêtya aji | kawula mit palastra ||

3. yèn uripa yêkti tan kuwawi | non babare kang anèng wêtêngan | kakang bok Ratu Êmase | kagyat kangjêng sang prabu | amiyarsa aturing sori | gapyuk rinangkul sigra |[1] | ing salahe solah kawula kang lali | amung ngapuranira ||

4. aywa maras tyasira mas gusti | rèhning uwis kabanjur ing salah | polah kalakon mangkene | kajaba mung pinupus | baya uwis karsaning Widhi | takdir kang wus ginêlar | yayi [ya...]

--- 62 ---

[...yi] puluh-puluh | rinewang tri măngsa titah | sêsuwunên manawa bisa tan dadi | kang dadya mamanging tyas ||

5. ingsun gusti kang dombèni puji | nyênyuwun mring Hyang Latawal Ujwa | nèng sanggar palanggatane | manungku ing panêkung | patang puluh dina sayêkti | kadi-kadi kalilan | ing panyuwun ingsun | tumuline bobot sira | anututi ratu mas ywa nganti kèri | sira mijila priya ||

6. manirarsa nglêkasi saiki | munggah marang ing sanggar palanggatan[2] | manungku puja lawase | ing patang puluh dalu | mung siranggèr dèn ngati-ati | nêtêpana paminta | pintanên kang tamtu | jêng ratu rêngu turira | dhuh pukulun dene ngangge muja-muji | manungku cipta maya ||

7. yêkti măngsa dumugia awit | jroning pura mung godha kewala | kathah setan gêlung kondhe | ewon kang ilu-ilu | bisa paès lan bisa bathik | sok ngithik-ithik lakang | suthik tur ngalêthuk | malah gêng sêmanging priya | nora wurung ngwas-uwasi kaya kang uwis[3] | luhung prapta ing tiwas ||

8. sang aprabu ngrangkul angarasi | wus kinanthi kang garwa binêkta | mring kamar patilamane | tansah agung rinungrum | rinarêpa ingarih-arih | dhuh mirah gustiningwang | paran kang kinayun | yèn apdine tan linilan | nungku puja manêkung sajroning puri | muga gusti dhawuha ||

9. ngêndi gone gon ingsun manêdhi | prayogane supayane sigra | bisa kêlakon sêdyane [sê...]

--- 63 ---

[...dyane] | nadyan mring langit biru | anggêbyura sagara gêni | lêbura sun têmah[4] | sok tulusa masku | sihira mring kawlasarsa | wus sun sêdya anut sapakon ta yayi | ing donya ariloka ||

10. mung tumulus sakaroron karon sih[5] | lawan sira dèn kadi mimi lan | mintuna saupamane | saparan runtung-runtung | gandhèng datan pisah sanyari | kadya ganggêng nèng tita | ginubêt lêlumut | kêkêt supêkêt pulêtan | ciptaning tyas ywa na kang nyulani[6] | praptanirèng antaka ||

11. nêmbah matur Jêng Ratu Taruni | dhuh pukulun ye tuhu trêsna[7] | gusti marang ing cèthine | têdhaka dipun gupuh | tirakat mring pinggir pasisir | ngupaya wisik nyata | ing sagara kidul | kados nuntên kalampahan | ingkang dados panuwun kawula inggih | sang prabu angandika ||

12. iya gusti yêkti sun lakoni | saparentah tan sêdya suminggah | mung sok aja duka bae | miwah wêwêkas ingsun | mring sira gèr dèn ngati-ati | benjang sapungkur ingwang | dèn bisa intênku | marapêti ywa katara | ing pangrêksa sêsandinên dèn arêmit | garwa matur sandika ||

13. wusing purna wawêling narpati | kalih sami anêkakkên karsa | nutugi ing sakaptine | tangèh lamun winuwus | rêroncène kalawan sori | wau kang cinarita | kangjêng sang aprabu | madêk sakayuning cipta | kêncêng sêdya nuruti aturing sori | sigra wus abusana ||

14. nyamping

--- 64 ---

pakuningrat latar langking | sawit lawan dhêsthar cêmukirang | paningsête gêdhog putèh | èpèk baludru wungu | jobah kotang rasukan lurik | wangkingane pusaka | waladrang lugas byur | nênggih Jêng Kyai Agêngnya | babrêkatan saking Dyan Bimanyu nguni | sawusira busana ||

15. suruping arka lulusing puri | kanthi urdênas mung sapta[8] | miyos ing pamagangane | lajêng têrus mangidul | ing Katipès anjok ing Jati- | ênom rêrêp sakêdhap | tangèh yèn winuwus | lampahe kalunta-lunta | sri narendra tanpa sare tanpa bukti | langkung manglaras driya ||

8. Mijil

1. têngah dalu kentarnya mangingkis | saking ing Jatinom | rêreyongan turut marga gêdhe | abdi pitu datansah tut wuri | lampahnya lêstari | wau sang prabu[9] ||

2. alon-lonan kadya anganglangi | wulan mèh mangulon | padhang bulan gumilang langite | wulan kalangan sumiyak wêning | duk lagya tumiling | dumêling kadulu ||

3. kèh kadulu lêlangêning ratri | de kang trênggana byor | ing gêgana ambabar sêkare | lintang wuluh rênyêp-rênyêp kèksi | lir pendah asrining | angsana nèng gêlung ||

4. gêtêr-patêr dhèdhèt erawati | kilat thathit mawor | obar-abir ambabar pinggire | kêlap-kêlap lêlaban belani | lêlidhah lumindhih | sang nata angadhuh ||

5. dening lêlidhah lir dhudhah sêdhih | kêlape tan adoh | laraping kilat singga angawe | gêbyar-gêbyur

--- 65 ---

obar-abir kadi | angobori margi | madhangi pandulu ||

6. kup-angkupan rame kapiyarsi | lir sabdane kayon | rês-rês angrês barung lan walang krèk | sengga nyamudana kang lumaris | bêbêluk myang kolik | kadya cêluk-cêluk ||

7. kongkang ngungkung jroning juri[10] trêbis | bê cênggèrètnong[11] | lir pradăngga barungan arame | wuyuh mêlung saengga nyalahi | pêlung lan sênggani | muni lir anulung ||

8. lawa-lawa aliwêran kadi | ngawêr kang lolos[12] | pêcruk katêrak lêmpêr ibêre | saking wuri tumutur nglancangi | nèng ngarsa sang aji | lir tuduh marga gung ||

9. rangu-rangu risang narapati | pan sarwi wirangrong | rasa-rasa tumindak lampahe | kang kudhasih muni ngasih-asih | pangêsahe kadi | tangisirèng dalu ||

10. bang-bang wetan wayahe kang bêngi | mega bang sumorot | mega malang sêmu bang sirate | turutan lir wastra macêthi[13] | săngga panyênyadhanging[14] | risang winaran kung ||

11. sri narendra sêrênging lumaris | nut pinggir marga los | hyang aruna samana wijile | mêntas saking wetan jalanidhi | mungun-mungun mungging | udayaning gunung ||

12. ngênthêt-ênthêt sengga ngintip-intip | mring kang nut marga lon | kathah ingkang dinulu lampahe | wong desa kang mring pêpasar sami | nyimpang sri bupati | saking ing marga gung ||

13. manjing wana tan etang pringganing | marga jurang singgrong | grênging ori-ori [ori-o...]

--- 66 ---

[...ri] pêpinggire | nuting èrèng-èrèng iring-iring | pêpèrèng amiring | parangcuri parung ||

14. jurang bambing pinggir anggaligir | ingkang ropoh-ropoh | êmbês-êmbês gambas êmbês siwe | nginggil bondhot bundhêt ri panjalin | siluk-siluk sungil | mangas singup-singup ||

15. kali mili luhur jarang[15] pinggir | gumrujug toyanjog | tibèng parang curi kumarècèg | lir tinalang kêkalèn nut têpi | têtilase limit | lêlumute lunyu ||

16. kang bêbaya wus tan bêbayani | margewuh tan ewoh | sampun langkung sang nata lampahe | ing pêpèrèng rêratan ring-iring | jroning jurang curi | têrataban ngayun ||

17. sata wana barungan munyanjrit | manyura nyangungong | kadya nguwuh ngampirna lampahe | kukilandon wohan ramya munggwing | mandira gêng kadi | ngaturi sêsuguh ||

18. singa warak andaka kang sami | kapranggul kaprêgok | giwar ajrih sing kongas gandane | wruh kalamun manungsa linuwih | amêngkoni bumi | musthikèng praja gung ||

19. buron agêng-agêng samya nêbih | mulakyèng ngarsa doh | ana ingkang rumêksèng wurine | ana ingkang munggèng kanan kering | kadya anjajari | isthane kèn wangsul ||

20. silir lumrang satêpining margi | pasêkaran abyor | neka warna sêdhêng duk panjrahe | argulo manglung sêkare kadi | lumaku pinêthik |

--- 67 ---

mring kangjêng sang prabu ||

21. tan wus winuwus asrining[16] | wana kèh katongton | saya manjat baskara lampahe | mêmanasi sarira narpati | lon-lonan anut ing | ngiring-iring gunung ||

22. anon bèji kimplah-kimplah wêning | kang nagapuspa yom | găndapura turut ing pinggire | parijotha pêpanthan maripit | satêpining bèji | thirik lir panatut ||

23. sang aprabu kacaryan nulya ring | kèndêl anèng kono | lênggah sela tur mlasa sukune | ingkang kanan akêkobok warih | kang mina lit-alit | angrubung kumrubut ||

24. măngsa klalar saengga ngabêkti | mring kang lagya rawoh | mina gêng-agêng molah solahe | lir nambrama marang sri bupati | puspita ngarsaning | satêpining ranu ||

25. sêdhêng anjrahe kang sarwa sari | bang putih pita byor | aliwêran brêmara arame | wor maruta brêngêngêng samya mrih | mangrabasèng sari | sang sarine sumawur[17] ||

26. tibèng tirta antara ngarsaning | kangjêng sang akatong | sega[18] kang brêmana sunggatane | atur-atur gănda mring narpati | trênyuh tyasnya titis[19] | sang mêngku kêprabun ||

27. paran baya iki awak mami | dadining lêlakon | dene jêbul têka praptèng kene | alêlaku sadina sawêngi | balia wak mami | mulih mring praja gung ||

28. wus kadohan ya nginêp sawêngi | paran ta ing mêngko | yèn kapyarsa mring bapa residhèn [resi...]

--- 68 ---

[...dhèn] | kayangapa dadine wak mami | dhuh Hyang murbèng bumi | jurungên wak ingsun ||

29. kêlakone kalakon basuki | salir walangatos | dèn dohêna panggawe dudune | tyas kapêtêk putêk manaputi | trênyuh manaputi | pemutnya manaput ||

30. pêtêng dhêdhêt kadya têngah wêngi | udan adrês mawor | păncawora prakêmpa gora rèh | sindhung riwut bajra angin-angin | prahara gumêrit | lesus lir panupus ||

31. grênging ori rampal kaparipil | wrêksa gêng-agêng sol | sêmpal papal kaprapal êpange | abusêkan isining wanadri | buron alit-alit | puyêngan sumawur ||

32. buron agêng-agêng gung kaguling | gègèr ting galêmbor | bilulungan tambuh pangungsène | dening wana gênjot gonjang-ganjing | ladhu-ladhu mili | anggraning arga rug ||

33. sri bupati kêkêsing tyas maksih | tan owah saking gon | andhêkukul ngrangkul jêngkune[20] | abdi kapitu atis kapati | dharêsêl ngaub ing | sor kang watu-watu ||

34. agêng-agêng kang samya tumawing | ngongkang jurang singgrong | ana manèh-manèh ngaup gampèng-gampèng[21] | miwah nèng soring wit kaguling[22] | ngaringkêl ling-aling | ron ingkang ngrêmbuyung ||

35. sasolahe langkung amlasasih | kapitu ponang wong | dènnya ngupaya pangaubane | gumiwanging surya ingkang riris |

--- 69 ---

aris angin milir | mawor arum-arum ||

36. rêrêming tyas sri narendra aglis | mudhar asta karo | mingsêr saking têlaga lênggahe | asêsèndhèn witing nagasari | antaraning garing | busana kapungkur ||

9. Pangkur

1. têdhak tumindak narendra | abdi pitu tansah nèng pungkur ngiring | sêdhakêp samya ngrêruntuh | ngiras dhewe lumampah | wanci asar lampahe têrus mangidul | nut pèrèng iringing arga | tan nalasak jurang trêbis ||

2. praptaning pinggir samodra | sri narendra jumênêng nèng gêgisik | jumêgur swaraning alun | mênêng banyu samodra | kaping tiga tantara sirêping alun | mênêng banyune samodra | dhêdhêp tan ana ngalisik ||

3. ombak-ombak ora obah | rêrêp sirêp angin ora lumaris | jêjêp jroning samodra gung | sirêp nora sabawa | bawananing bawana kang tan ana suwung[23] | isthane kaduwung samya | rawuhe sri narapati ||

4. garjita tyase sang nata | dene wau rawuh dalêm sang aji | rame swaranirèng alun | mirit maruta mănda | manuk-manuk kliwêran nyarapi unthuk | dangune sang nata dènnya | jumênêng anèng gêgisik ||

5. nulya sirêp kang swara[24] | alun mênêng nora nana lumaris | kombake samodra suwung | anyumênêp tan obah | angin-angin kandhêg tan ana lumaku | wagugên tyas narapati[25] | sirêping surya lumaris [lu...]

--- 70 ---

[...maris] ||

6. mangetan nut gêgisikan | tan ucapên lampahe sri bupati | langkung sing kawêlasayun | minggah jurang sumêngka | rêrambatan nut suluring kayu-kayu | praptane jro Langse guwa | saabdi pitu tan kèri ||

7. sang nata nglêkaskên cipta | ing paminta dening Hyang Maha Êning | nèng jrone guwa pitêkur | sadalu datan nendra | ciptaning tyas matitiskên titisipun | ing karsa tan karasa[26] | rasane wus ora isi ||

8. risi rêrasaning cipta | wus tan ana antaranirèng pasthi | mijil sing jro rangu-rangu | mirong maranging driya | turut oyot tumuruning jurang parung | tan wus ucapên carita | kang kalangên nèng pasisir ||

9. narendra ing Surakarta | miyos saking guwa Langse wus enjing | kunêng ta wau winuwus | nagari Surakarta | ing nalika sapêngkêr dalêm sang prabu | wontên têlik Buminatan | kang nukmèng sêdhahan miji ||

10. kang wus trang pamyarsanira | yèn sang prabu lolos sing pura wêngi | têdhak mring sagara kidul | sêdyarsa kapanggiha | lan Jêng Ratu Rêtna Suwida kang tumut | umiring lurah urdênas | pêpitu mindha kêkuli ||

11. wau Jêng Gusti Pangeran | Panêmbahan Buminata miyarsi | aturing parêkan gupuh | busana sigra têdhak | mring sidhenan tan ana abdi tut pungkur | ngamungkên songsong kewala | tan dangu lampahe prapti ||

--- 71 ---

12. ing residhenan pinapak | tuwan sidhèn jawab asta nulya glis | wus tata lênggah ing pungkur | ngèmpèr munggèng pandhipan | sampun sinambrama rawuhipun dalu | kangjêng gusti panêmbahan | mangsuli tarima kasih ||

13. gatine tuwan praptèngwang | ngarsanira apan asung udani | lamun kangjêng sang aprabu | lolos tilar nagara | sêdya nêpi manêgês karsèng Hyang Agung | anèng têpining samodra | manjingan agêntur tèki ||

14. tan nêdya kondur mring pura | lamun durung antuk wangsiting Widhi | kalilan ing karsanipun | sêdyarsa jumênênga | ratu binathara mêngkurat sadarum | sabawana nuswa Jawa | puliha lir nguni-uni ||

15. kadi duk jaman Mataram | tanah Jawa kang jumênêng narpati | aja na loro têtêlu | ngamungna Surakarta | miwah uwal saking peprentahanipun | Kangjêng Gumêrmèn[27] Walănda | jumênênga lan pribadi ||

16. mangkono karsaning nata | miwah lamun pinuju ing panggalih | kangjêng guprêmèn kang luhur | kang dadi atur ingwang | biyèn mêngko kang jumênêng ratu[28] | tan liya mring raganingwang | bapa raja ibu sori ||

17. tuwan residhèn duk miyarsa[29] | pan kumêpyur guguping tyas nulya glis | nimbali têtindhihipun | drahgundêr pangkat litnan | tan dangu litnan pra ngarsa lungguh[30] | residhèn asru ngandika | hèh litnan pan ana [a...]

--- 72 ---

[...na] kardi ||

18. sira lumakua enggal | Pangran Mangkunagara ingsun panggil | miwah saprajuritipun | sikêp gêgamaning prang | sumusula lumêbu jroning kadhatun | miwah pra santananira | kêriga aja na kèri ||

19. miwah lawan saudara | Patih Sasradinengrat dipun aglis | praptaa jroning kadhatun | baya tan kulak warta | lamun ratunira kangjêng sang aprabu | lolos atilar nagara | nêdya ngayoni Kumpêni ||

20. mundur litnan sigra budhal | tuwan sidhèn alon jawab jêng gusti | dhuh anuntên andika kondur[31] | sadaya karsa tuwan | ingkang sarèh ingkang tamtune karêmbug | kangjêng gusti panêmbahan | wus amit kondur nulya glis ||

21. jêng tuwan residhèn sigra | wus busana sikêp kaprabon jurit | budhal mampir ngloji agung | panggih lawan kumêndhan | wus winangsit komêndhan têngara gupuh | salomprèt tambur wurahan | busêkan wadya Kumpêni ||

22. wus sêkêp gamaning prang[32] | têtindhihe ngadêg kumêndhir[33] | budhal swarane gumuruh | gumlêdhêg kalasăngka | kang binêkta munggèng têngah baris-baris agung[34] | gunggunge para prawira | Kumpêni lir tanpa wilis ||

23. gumuruh rèh magênturan | sêlur anglur prajurit miwah wajik | wus samya tata kumêndhung | ngubêngi jro nagara | bêbaris sabên parapatanipun[35] | mariyême

--- 73 ---

wus pinasang | orêg wong sajro nagari ||

24. ciptane samya anarka | lamun wontên mungsuh malih dhatêngi | gègèr wongira pangindhung | ngili dadak-dadakan | ngungsèkakên rajakaya uyang-uyung | anak bojone binêkta | sadalu tan wontên guling ||

25. ting bilulung lêng-ulêngan | ana ngalor ngidul angili[36] | ngulon sêlur anglur[37] | obor pating galêbyar | gumarênggêng gumuruh cêluk-cêluk[38] | tular-tumularing kabar | babare tanpa baribin ||

26. tan wus ucapên carita | jro nagara sru gègère wong cilik | wau ta ingkang winuwus | litnan drahgundêr prapta | ing Mangkunagaran sawuse bêdhug[39] | dalu gobyag jêng pangeran | wungu gugup wus umijil ||

27. ing pandhapa panggih litnan | wus winartan lamun kangjêng sang aji | lolos saking pura dalu | tirakat mring mancingan | nêdya minta wahyune karaton agung | mêngkoni rat sabawana | uwala saking Kumpêni ||

28. jêng pangeran duk miyarsa | têbah jaja adhuh ipeku gusti | karya paran dadinipun | sigra dènnya busana | atêngara tambur salomprèt gumuruh | baris pipit pêrapatan | miwah sira jêng dipati ||

29. sawusing ngaturan wikan | sigra têdhak lan sagung pra bupati | kalawan prajuritipun | laju sowan paglaran | kawuwusa jêng

--- 74 ---

tuwan residhèn rawuh | sawadyabala balabar | ingayun-ayun matistis ||

30. wong agung kalih wus sigra | panjing pura ngiring tuwan residhin | myang tuwan kumêndhanipun | kagyat wadana jaga | gupuh-gupuh ngancarani rawuhipun | wong agung kapat wus samya | laju tumamèng pandhapi ||

31. mung tuwan residhèn miwah | Kangjêng Gusti Pangeran Adipati | Mangkunagara lumêbu | marang jro kênyapura | gègèr para putri swarane gumuruh | mênèh ana kang karuna | wênèh umpêtan têbih[40] ||

32. busêkan jro dhatulaya | ting bilulung pawèstri kontrang-kantring | wênèh narka yèn sang prabu | praptane jangji seda | wênèh narka kadhaton kalêbon pandung | dadya umung jroning pura | pating jalêrit kang tangis ||

33. wau wong agung kalihnya | wus panggihan lan pramèswari katri | tinutur saparlunipun | nyatane sri narendra | wus ingucap jroning kênyapura suwung | kalih wong agung wus mêdal | panggih lawan nindyamantri ||

34. wus samya rêmbug satata | bikut tuwan residhèn wira-wiri | bicara lawan guprênur | jendral lantaran telgram | purnaning rêmbagan karampunganipun | saking Ratpêni Indiya | prentahane lan nagri[41] ||

35. yèn Narendra Surakarta | lamun sampun têtêp dènnyarsa malik | marang paprentahanipun | Jêng Gupêrmèn [Gu...]

--- 75 ---

[...pêrmèn] Walănda | tanpa kanthi têtanggungan patihipun | kèngsêra saking nagara | kang gumanti narapati ||

36. sagunging para putra santana[42] | Surakarta êndi kang wus pinilih | guprêmèn ngidèni sampun | mring prayoganing kathah | wus mangkana rampunging sadaya rêmbug | sigra sampun pêparentah | sang patih kang mêmatahi ||

37. mring para putra santana | wus kinirig sawadyanira sami | miwah kang para tumênggung | sawadyabalanira | wus ngundhangan sikêp kaprabon prang pupuh | mêthuk jêng sri naranata | myang sagung wadya prajurit ||

38. kêrik wus samya samêkta | têtindhihe mayor wus nitih wajik | kapalêri tigang atus | nênggih wira tamtama | prawira utama miji pilihipun | punjul wanengan sawidak | wus samya wahana wajik ||

39. kang dharat para prawira | talangpata[43] prajurit rajêgwêsi | macanan wuri kang nambung | miwah udan-udanan | saragêni myang prajurit patang puluh | myang prawira jayèngastra | akathah lamun winarni ||

40. ewon kang para prawira | panganggene warna-warna rêspati | bêranang sadayanipun | kêna soroting surya | mega-mega alas-alas gunung-gunung | sirate baskara enjang | bêranang sagunging baris ||

41. budhal panganjuring lampah | gumalêg salomprèt miwah suling[44] | tambure dhudhug gumuruh | gong bèri asauran | jêjêl jibêg busana asrinipun[45] | kang abang golong samya bang | kang

--- 76 ---

kuning prasami kuning ||

42. ijo sami jo sami golongnya[46] | irêng sami irêng tan anyêlani | biru golong sami biru | wungu-wungu sapăntha | datan ana carub-carub kang wadya gung | putih-putih apêpanthan | tan petungan gunging baris ||

43. lir guntur swaraning bala | miwah sagung ingkang para bupati | kang samya ngirit bala gung | blabar matundha-tundha | tanpa mindha matambah-tambah gumuruh | wuri atap para putra | santana sami nindhihi ||

44. ing balane sowang-sowang | samya nitih wahana miwah wajik | ganarubyuk[47] ngarsa mungkur | ing kanan kering atap | wadyabala ing Surakarta pan agung | dalêdêg gumêdhêg kadya | mubal ladhu-ladhu mili ||

45. gumuruh sêlur wurahan | ri sêdhênge sang hyang surya mèh mijil | munggèng udayanang[48] gunung | mungup-mungup baranang | bang sumirat nyunari busananipun | sagung ingkang balakuswa | kumênyar angasmarani ||

10. Asmaradana

1. yèn tinon anggêgirisi | untaping kang wadyabala | lubèr saparan-parane | sagung para wiratama | nracak samya taruna | widigdaya bagus-bagus | samya bêg suka gambira ||

2. dhasar mêntas jayèng jurit | lan brandhal Dipanagaran | mila sasolah-solahe | kadya ge ngajapa aprang | ana kang main pêdhang | onclang tumbak lan salukun | tiba tinadhahan jaja ||

3. samarga-marga sêsiring | curiga atangkis asta | pating karêncling swarane |

--- 77 ---

kang budhal barêping lampah | kathah yèn cinarita | solahe wadyabala gung | gunggunge tanpa wilangan ||

4. myang sagunging pra dipati | pasisir măncanagara | kang samya ngirit balane | kadya robing samodra[49] | budhale saking praja | angêbêki ing marga gung | myang wadya ing kasêntanan ||

5. pangran putra wayah sami | miwah kang para ariya | samya nindhihi barise | nèng turăngga sinongsongan | nanging sêmu sungkawa | tistis tyasira wêluh[50] | linuluh sruning narima ||

6. mila garubyuging baris | lampahe bala sêntana | dhêdhêp tan ana bawane | amung kadêbêging lampah | lir ombak nêmpuh parang | kropyaking watang agathuk | mindha angadhuh sêsambat ||

7. duk dyah lagi pinurwani | ing asmara katêmbeyan | midit kang maruta mawor | kêpyur bun sing madyantara | lir tangising bawana | dhêdhêt kang pêdhut ngêndhanu | lir belani kang sungkawa ||

8. rirising truh arang aris | mawèh tistis tyas karantan | runtag barêbêl waspane | kalulun kèlu pangrasa | saking karoban trêsna | dènnya nindhihi bala gung | sagung kang para santana ||

9. sasolahe mêlasasih | nèng têngah barisan giras | kucêm wus suwung tejane | tangèh ucapên carita | kang samya ngirit bala | para punggawa nung-anung | bêlabar ngêlèbi marga ||

10. gumuruh wong magêrsari | samya tumitip ing marga | kajêjêl gêgaman gêdhe | gancangan tunjang-tinunjang | kalawan [kalawa...]

--- 78 ---

[...n] rowangira | rêbut ngarsa andulu[51] | lampahe para prawira ||

11. parêk samya atut wuri | ciptane sêdya miyarsa | ing pawarta sayêktine | mila lir robing samodra | lampahe balakuswa | saking wêwah wong pangindhung | kalulun kèlu lumampah ||

12. ngurung-urung kanan kering | ing baris nunggal golongan | gumolong gêlêng lampahe | gumulung rèh magênturan | swaraning bèri berang | barêngan salomprèt tambur | suling bêndhe mawurahan ||

13. barêbêg ngêbêgi bumi | trunaning baris lumampah | ngêbaki dêlanggung gêdhe | wêtuning saking jro kitha | kasarêngan wong desa | samya dêdagangan sêlur | samya manjing jro nagara ||

14. gègèr kajêjêl ing baris | bubar mawut ting salêbar | kang kèri kèlu playune | samya ngungsi salang tunjang | kanji duking barandhalan[52] | dagangane mawut-mawut | tan pinikir lalu nginthar ||

15. mênthêl wonge magêrsari | boyok keceran nèng dalan | sandhangan lan panganane | rêbutan lawan bajingan | gulung ulêng-ulêngan | kèlês lampahing bala gung | ting galêmbor sêsambatnya ||

16. kanin kapidak ing wajik | rêncêm lir sinosok watang | dadya gotongan ulihe | tangèh ucapên carita | wau kang balakuswa | sadaya lampahe sampun | rawuh ngudyana ngabeyan ||

17. sanggrahan Kalitan nami | wus samya anata bala | ngumpul sajuru-jurune | barise mănjanagara[53] | mapan [mapa...]

--- 79 ---

[...n] sapinggir marga | parapatan majêng ngidul | kêmput mangulon mangetan ||

18. praptèng Pabelan mêpêti | atindhih kang pra dipatya | mangulon praptèng Ngasême | barise wong jro nagara | calêg lan pasanggrahan | sawetan marga kumêndhung | têtindhih para punggawa ||

19. dene kang para prajurit | kapalêri wiratama | tamtama mijipilihe | têtindhih twèdhê kumêndhan | Arya Cakrakusuma | baris nèng plataran manggung | maksih wahana turăngga ||

20. bala kasêntananing sih | palataran lor pandhapa | kupêng wus kêpung barise | dene kang para pangeran | putra santana arya | tan têbih lan barisipun | maksih sami nèng wahana ||

21. turăngga ingapit-apit | pacaraning kasatriyan | dhêdhêp tan anbawane[54] | ciptane angajap karya | dadine ing ayuda | sadaya wus nêdya labuh | lamun mêksa winisesa ||

22. bangun tyas kasuran sami | yèn sinêmbadan ing karsa | kalawan gusti prabune | ludhêsa awor bantala | tan nêdya mundur ing prang | mila solahing wadya gung | girase sêmu sungkawa ||

23. miwah ingkang pra dipati | lupa sawanging wadana | kêmba nindhihi barise | warata kadya mangkana | sagung pramukèng wadya | dene bala Kumpêni wus | baris anèng Banyudana ||

24. nêmatus ngalangi margi | miranti samariyêmnya | tinata pinggir margane | têtindhih Twan Mayor Luntar | wantêr prawirèng

--- 80 ---

ayuda[55] | dêdêg parusa gung luhur | brewok barêngose capang ||

25. muka bang rambut barintik | mindha Sang Prabu Rahwana | tansah mandhirèng pêdhange | mênggêp munggèng turangganya | dènnya nindhihi bala | bêlabar ngêlèbi lurung | rêngrêng barise Walănda ||

26. otêr wong desa kang sami | nênonton wus ginêsahan | ambyur ting salêbar rame | mawur samya salang tunjang | ingungsir lawan ingusar[56] | sar-saran samya lumayu | panontone sing kadohan ||

27. wau kang kocap rumiyin | wadyabala kang wus tata | baris sajuru-jurune | kacarita jro nagara | sabudhale kang para | bupati sabala kêbut | pamêthuke nèng Kalitan ||

28. wau jêng tuwan residhin | sampurnane pêparentah | kang jaga jro kitha kabèh | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara | sabala sêntananipun | kanthi wadya kapatihan ||

29. miwah kang bala Kumpêni | sêparo tindhih komêndhan | nèng alun-alun barise | ngawêri kang para putra | sêntana nora kêna | mijil saka jro kêdhatun | myang putra santêring pura ||

30. sagung pra pangran dipati | myang putra santana arya | panji wayah buyut kabèh | kang nora pinatah mapag | dhêdhêg ing palataran | wau jêng tuwan residhèn wus[57] | budhal sumusul narendra ||

31. kanthi wadya kapalêri | drahgundêr wahana kuda | sawisak sêkêp pêdhange | anggendhong karbin sumahab | tindhih Twan Litnan Usar | anggurubyuk anèng pungkur | ing rata

--- 81 ---

wus binusanan ||

32. pangirid turăngga Sidni | astha abra busananya | pating galêbyar sumorot | kêna kênyaring raditya | gumêbyar gêbyar-gêbyar | mênggêp jêng tuwan residhèn wus[58] | lênggah nèng rata kalawan ||

33. sira ta tuwan asistin | sikêp praboning aprang[59] | tan winarna lampahe[60] | tan winarna anèng marga | mung sipêng kalih dina | nèng Klathèn myang Ngayogya wus | enjinge budhal gancangan ||

34. tan warnanên kang lumaris | kunêng wau cinarita | sampeyan dalêm sang katong | mandhape saking jro guwa | Langse satêngah lima | miwah pra pandhèrèk pitu | nèng gêgisik lêlênggahan ||

35. eca sang prabu ningali | sajêmbare kang samodra | lir ngêlèbi jagad kabèh | sêdhênge trang padhang bulan | kumêlap-kumêlap[61] | kêlaping layangan layung | sèn-isène ngăntariksa ||

36. katon sajroning jaladri | alun-alune tan obah | dhêdhêp tan ana bawane | kutu-kutu walangtaga | sirês[62] tanpa nyuwara | suwung angin tan lumaku | kayu kêkayon obah[63] ||

37. sirêp sabawana tistis | kadi ajêtung tumingal | marang gusti sang akatong | dènira sakeca lênggah | sèndhèn gêmpalan padhas | pitêkur majêng mangidul | sapandhèrèk nèng pungkuran ||

38. dhêkukul sami alinggih | wênèh angantuk lenggotan | saking kêpati aripe | Rahadèn Atmawirana | jawil-jawil anggugah | si adhi Atmadirjèku | kapenak ngantuk kewala ||

39. baya nora antuk pikir | tan duwe sêdhih tumingal | maring ing gusti ratune | bènèh

--- 82 ---

têmên lawan ingwang | sajrone dhèrèk tilar | nagara mangikis dalu | atiku tansah nir-niran ||

40. Atmasêmitra nauri | lêrês ngandika sampeyan | sami lawan kula mawon | kalih dintên manah kula | datansah mung dhêg-dhêgan | gèk kadospundi puniku | kadadosane ing lampah ||

41. yèn konangan ing Kumpêni | gustiku gèk kinapakna | baya kapriye dadine | nambungi Atmawiryana | bênêr pamikir dika | nanging mungguh kula namung | sumăngga karsa narendra ||

42. jênggirat Atmadirja ngling | bênêr si kakang Wiryana | wong cilik ngisor ênggone | kapenak ya mèlu enak | lara ya mèlu lara | dene yèn kangjêng sang prabu | wani băngga lan Walănda ||

43. măngsa wurunga nglabuhi | lara tumêkane pêjah | măngsa ta akua dhewe | disăngga wong sak nagara | nganti dadi prakara | ya aja cilikan kalbu | nipiskên antêping kula ||

44. dhalang iku mung sawiji | nglakokke wayang sakothak | măngsa borong sakarêpe | ki dhalang manut kewala | wong wisma kene apa | punagine apan namung | mênang ngukup kalah sirna ||

45. besuk mati mêngko mati | sanadyan matia yèn ta | andhêpani mring jagade | wong wis sêpi nora nana | antarane punapa | yèn tan pinupus ing kalbu | bubah[64] jagade priyăngga ||

46. mèsêm kang samya miyarsi | inggih bênêr panêmu dika[65] | nanging ta kapripun malèh | punapa botên pikiran | slamête kang lampahan | nauri Atmadirjèku | wus tanpa

--- 83 ---

pikar-pikiran ||

47. pikirane mung sawiji | mung sira kang yitna kang panggah[66] | ing lair prapta batine | aywa kuciwa yèn ana | prakara kang tumêka | wong kanêm mung manthuk-manthuk | kasaru ing praptanira ||

48. tuwan residhèn asistin | kanthi Tuwan Litnan Usar | sakawan saradhadhune | kagyat urdênan[67] kasapta | Atmawiryana sigra | majêng ing ngarsa sang prabu | tur sêmbah katur uninga ||

49. dhuh pukulun sri bupati | punika bapa andika | jêng tuwan residhèn rawoh | kanthi asistèn lan linan[68] | drahgundêripun papat | kagyat sang prabu andulu | jumêgur swarèng samodra ||

50. gumludhug kang bumi gonjing | jinjang Risang Ăntaboga | agumêbyar ing jagade | katon kang wahyu nurbuat | dêdêl ing ăntariksa | sarêng lawan lesus-lesus | kumrusuk prahara prapta ||

51. gara-gara gora tarik | gumuruh rèh magênturan | gumêntur gêtêr-patêre | guntur gêtêr maputêran | dhèdhèt rawati ngakal[69] | parêng orêg wukir megung | alun jaladri walikan ||

52. ting galêgêr gêgêtêri | giris kang samya tumingal | pating galêbyar clèrète | katon pêtêng sabawana | residhèn lampahira | kandhêg kasulapên mangu | deneng gumêbyaring jagad ||

53. gugup sapandhèrèk giris | kablabak ing alun kontal | mire rikat pangungsine | mring gèn kang dhahas ingambah | mèpèt têpining marga | rambatan suluring kayu | kang munggèng pèrèng aldaka ||

54. nanging tansah kontal-kantil | deneng gununge kang obah | kawlasasih ing lampahe | sêtiwêle cinopotan [cino...]

--- 84 ---

[...potan] | clanane winingkisan | wus calêk ngarsa sang prabu | samya jêjawaban asta ||

55. samya jumênêng ing gisik | residhèn alon turira | dhuh pukulun sang akatong | dene rêmên kalangênan | wontên têpi samodra | baya eca ing kadhatun | pukulun prapta kawula ||

56. sayêkti lamun dinuding | lan eyang paduka jendral | guprênur ingkang mandhirèng | ing nagari Batawiyah | paduka ingaturan | rawuh ing Bêtawi dulu | kapal api modhèl enggal ||

57. ragadipun sèwu kêthi | dèrèng wontên salaminya | kapal api kadi mangke | mawi pêpêthan kadhatyan | mawi taman sarwa mas | miwah mawi alun-alun | sagêd ngambah jumantara ||

58. benjing kondure narpati | miyosa ing awang-awang | nitih kapal api kuwe | ngiras lêlangên nèng tawang | mulat wiyaring jagad | kasênêngan kèh kadulu | sèn-isèning untariksa ||

59. miwah sèn-isèning bumi | tuwin gunung-gunung alas | samodra myang nagara kèh | nora samar tiningalan | cêtha saking awiyat | dhuh pukulun mumpung esuk | têdhak sing ngriki kewala ||

60. tan kêkathahên kalênik | dene ingkang wadyabala | sampun kathah kang andhèrèk | mung bêktaa sawatara | gusti măngsa kiranga | kang ngrêksa sarira prabu | ing benjing praptaning paran ||

61. pan agung bala Kumpêni | ing siyang dalu saengga | cumadhang karsanta katong | pukulun măngsa sanèsa | lan wadyanta priyăngga | sêtyane ing siyang dalu | sumungkêm sapêjah gêsang ||

62. sampun sumêlang ing galih | Kumpêni măngsa cidroa |

--- 85 ---

rumêksa lair batine | têmpuhna prabata Jawa | gêbyura jro samodra | nora garantês sarambut | lêbura wor ing bantala ||

63. yèn wus karsaning narpati | ing siyang dalu mangajap | lêbura ngayahan katong | dene garwa pandukendra | gusti jêng ratu tiga | prayogi dhèrèk pukulun | dimène suka tumingal ||

64. miwah pra garwa paminggir | pundi kang dados karsendra | dimèn suka sami dhèrèk | lêlangên ing jumantara | mulat sining bawana | wau ta kangjêng sang prabu | duk miyarsa aturira ||

65. sira jêng tuwan resitin[70] | langkung kumêpyuring driya| kagugu wagugên tyase | kêna manising wacana | jênêg wusing pracaya | prapta pamupusing kalbu | sumarah kadya mas kentar ||

11. Maskumambang

1. pama sarah kumambang kentar ing warih | tan darbe wisesa | mangkana kadang upami | lêlakonirèng manungsa ||

2. sri narendra ngandika lir èsmu tangis | dhuh residhèn paran | karsanta ingsun umiring | jangji sami rèh raharja ||

3. nora was-was ing panggalih ingsun rèhning | wus paca kalakyan | lêlakone wak mami[71] | mijèni gawe kangelan ||

4. kalangênan ngalangut lêlangên sêpi | sêpa parêsêpan | amung aja ngêngèmbèti | ing turun wuri tumêrah ||

5. wus karasa rêrasan rasaning ati | nganti paran karsa | mung lêstaria gumanti | titise mêngku rat Jawa ||

6. wus wajibe kabêkjan jayaning aji | majune kang jaman | kèh jêjadha anêkani | kalakon kêna paekan ||

7. ing rekane kering kanan ora kanin [ka...]

--- 86 ---

[...nin] | sing kurang wêweka | mung kaburu kabotan sih | paran yèn tan linakonan ||

8. tuwan sidhèn duk miyar linging narpati | barêgês kang waspa | tuwan litnan mèlu nangis | miwah asistèn karuna ||

9. tuwin para urdênas kapitu sami | karuna sadaya | kasok tyas residhèn nangis | sarikutan astanira ||

10. ngusapi luh sênggruk-sênggruk turira ris | dhuh gusti sang nata | sampun salah ing panampi | kawulane mung sadarma ||

11. rèh tinuding ing parentah angaturi | lir wau tur amba | datan ngewahi samênir | wikan sanyatane karsa ||

12. kadi-kadi ing panalaripun yêkti | guprêmèn măngsaa | purun salahing narpati | lair batine wus sêtya ||

13. pan kawula gusti purun ananggêli | kalamun botêna | lêstari sariranta ji | mêngku rat ing Surakarta ||

14. tumêrah mring putra wayah wuri-wuri | nglêluri nugraha | ing lêluhur nguni-uni | praptaning dina wêkasan ||

15. măngsa sae amisesa mring kang wajib | wajibe kang bêgja | atmajane Mêngkubumi | wêwijène padukendra ||

16. sampun-sampun gusti sumêlang ing galih | paduka kalipah | mumpuni jagad sakalir | lair batine wus nunggal ||

17. sri narendra pangandikanira aris | wus bapa tarima | kasih sira mung sung peling | maringwang saliring nala ||

18. wus sêdhênge samono bae nyukupi | residhèn turira | yèn pukulun narapati | dumados karsa sumăngga ||

19. nuli budhal sang prabu sampun kinanthi | lumampah lon-lonan |

--- 87 ---

kanan kering ngiring-iring | tuwan asistèn myang litnan ||

20. wuri calêg urdênas kapitu ngiring | drahgundêr sakawan | kêkalih rumêksèng wingking | kêkalih jajari ngarsa ||

21. sêmpoyongan lampahe asikêp guwir | pêdhange pinegang | turut gisik mèpèt wukir | wukir agung moyag-moyag ||

22. maksih gênjot bumine gonjang-ganjing[72] | riris mêtu gêlap | gêtêr-patêr gêgêntêri | guntur gêtêr maputêran ||

23. ngakak dhèdhèt erawati gêgirisi | samodra walikan | jumêguring alun kadi | jêbolkên kang bumi gograg ||

24. ruk matêruh ru-ara gora mawêrdi | prahara sru prapta | sol sêmpal kaprapal kadi | jarambah kêkayon lasah ||

25. gugup-gagap kang samya lumaris[73] | ributing maruta | lesus lir pinusus ngisis | mêsês sru karya sar-saran ||

26. wah krodhaning Mêrapi mawêtu gêni | jumêglug lir gêlap | sasra parêng sru mêlingi | pêtêng dhêdhêt ing awiyat ||

27. obar-abir ting galêbyar gêgêntêri | calèrèt liwêran | riris awu maratani | tăndha rohing bawana[74] ||

28. kêlap-kêlap lêlangit nglalut kaèksi | baskara kalaran | sorote mawêtu riris | ngêrês tistising kathah[75] ||

29. wusing laju lampahe sri narapati | ngarsèng pasanggrahan | mancingan wus dèn caosi | palênggahan singangsana ||

30. pra drahgundêr ngikut samya angladosi | dhahar sêsarapan | wusing paripurna nuli | budhal wus nitih wahana ||

31. rata adi pangirit kuda Sidêni | astha gêgancangan | dyahgundêr [dyah...]

--- 88 ---

[...gundêr][76] sawidak ngiring | kanan kering wuri ngarsa ||

32. tuwin pitu para urdênas wus sami | wahana turăngga | têtundhan garubyug wuri | tan wus ucapên carita ||

33. ing lampahe sri narendra wus prapti[77] | kitha ing Ngayogya | rêrêsidhenan saratri | samana nagri Ngayogya ||

34. Kangjêng Sultan Timur kaping gangsal aji | ya ta kang winarna | narendra Surakarta di | enjing budhal bêbarêngan ||

35. sapraptane Prambanan orêg kang sami | mêthuk ing watêsan | wadya Surakarta tindhih | Bupati Klathèn majagan ||

36. gumarubyug wahana sami turanggi | kanan kering atap | samya kalumut ing wêdhi | wêdhi wau kawaratan ||

37. lêbus lêbu balêdug ngêbêgi bumi | sêsawur ngawiyat | saking krodhaning Marapi | guntur gêtêr maputêran ||

38. maksih jinjang gumilang gung gonjang-ganjing | swaraning bantala | sêsauran gêgêri[78] | lesus mêsês sêsauran ||

39. wusing prapta Klathèn lêrêp salatri[79] | anèng asistenan | budhale gumuruh enjing | tangèh ucapên carita ||

40. sapraptane Kalitan orêg ing ratri | sagung balakuswa | gumuruh swarane baris | urmat rawuhing narendra ||

41. para wira gambira solahe kadi | butantuk mêmangsan | mesesani satru sêkti | sayuta suh brastha sirna ||

42. anggarjita sagung kang para bupati | madêk samya tandang | nindhihi barisannèki | sura wêweka tumandang ||

43. ciptanira nora wurung mangun kardi | rêrêmponing aprang | wus samya saengga jurit | nitik kêndhang bêgor gurnang ||

44. sru gumuruh swaranya ngêbêki bumi | prakêmpa [pra...]

--- 89 ---

[...kêmpa] ru-ara | karya girising tyas tistis | ngumandhang ing antariksa ||

45. tumalawung ing wiyat kumruwuk atri | swaraning kurmatan | lir butulkên bumi-bumi | wau kang para pangeran ||

46. rayi-rayi dalêm wus samya nanggapi | nèng iringing rata | sêmune sudhiyèng wèsthi | wangkingane kinêmpitan ||

47. sapraptane ngarsèng pasanggrahan aji | sumahap kang para | pamêthuk calêk ing ngarsi | pangeran putra santana ||

48. myang bupati jajar ngapurancang sami | narendra wus têdhak | ing pasanggrahan wus linggih | munggèng singangsana rêtna ||

49. lan jêng tuwan residhèn wus lunggyèng kursi | dhêrêg pra pangeran | ngarsendra bêntêt matitip | pating bathithit cumadhang ||

50. ing ngarsendra panggah pangguting ajurit | sêmune mangkana | pra putra santana tuwin | bupati sabalakuswa ||

51. ing plataran malata[80] barise kadi | sudhiya ing karya | dadining pra rêbut sati[81] | yèn Kumpêni mêgat trêsna ||

12. Mêgatruh

1. dhêdhêg jroning palataran kang wadya gung | lubêr lir robing jaladri | titip atap pêpêt timbun | sirêping suwara atri | pakurmataning sang katong ||

2. jêjêp sirna bawaning bawana suwung | samun mung bumine maksih | gênjot-gênjot giri megung | girise awu mratani | diwangkara tan sumorot ||

3. rêrêp sirêping surêm katawangan mêndhung[82] | ngêndhanu ing wiyati[83] | midit maruta mawa bun | lir tangis-tangising bumi | wusing antara sang katong ||

4. dènnya lênggah tajêm anèng palowanu [pa...]

--- 90 ---

[...lowanu] | kering jêng tuwan residhin | asistèn kapara ngayun | miwah Litnan Usar tuwin | para pangran sêpuh karo ||

5. Pringgalaya Adikusuma tumungkul | wusing samya ngunjuk kopi | myang roti minumanipun | sang nata tansah ningali | solahe wadya gumolong ||

6. gumulung sabopatine ciptanipun | miwah ingkang para ari | kawistara ing pandulu | mung sêdya rêrêmpon jurit | nganti karsane gang[84] katong ||

7. ting palinguk ngadu pasêmoning kayun | ana wênèh ting kalêsik | mêmêlintir brêngosipun | sêrêng manthêlêng netyandik | mèsêm ngandika sang katong ||

8. hèh yayi mas Arya Suryabrata gupuh | majua ing ngarsa mami | gupuh jêng pangeran maju | ngraup ing suku narpati | sang prabu ngandika alon ||

9. dhuh ariku kang sêtya ing kadang sêpuh | kabèh sadulurku sami | myang wadya santana sagung | sun tarima lair batin | antêpe mring jênêng ingong ||

10. nrus ing kalbu kuciwane raganingsun | nora bisa mêmalêsi | yayi mas ywa dadi kalbu | narima trusing batin[85] | dene panjênêngan ingong ||

11. wus karsaning Pangeran Kang Maha Luhur | tan kêna sira ngèngèri | wus takdire raganingsun | mandhêg mung samene yayi | gon ingsun mêngku karaton ||

12. ing nagara Surakarta êmbuh besuk | lamun wus entuk marmaning | Pangeran Kang Maha Luhur | amung sira kabèh yayi | dèn bisa suwitèng katong ||

13. kang wus tamtu pinilih mêngku praja gung | manira amung mêmêling | marang para sêpuh-sêpuh | kang

--- 91 ---

wajib angamulèni | mring kang sun tilar kadhaton ||

14. putraningsun kang anèng wêtênganipun | Ratu Mas lamun wus lair | dèn isaha dimèn bêsus | pamêsune mêngku bumi | pamintane dèn kalakon ||

15. marmaningong mêmaling[86] sira satuhu | ciptèngsun sayêkti mijil | jalu putraningsun besuk | wus yayi kari basuki | nulya wau sang akatong ||

16. nglolos wangkingan agêmanipun[87] | pusaka karaton Jawi | dyan pinaringakên sampun | kang panjêng pangran nênggih[88] | Arya Pringgalaya gupoh ||

17. tamsi[89] dhawuh sarwi drês mawêtu luh[90] | gumêr swaranirèng angin | pra putra santana umung | gumrênggêng jaba jro sami | pasanggrahan udan loh[91] ||

18. tuwan sidhèn kamatênggêngên[92] rawat luh | sênggruk-sênggruk milu nangis | tuwan litnan bêkah-bêkuh | tan kêna tinahèng galih | waspa drês asru gêlolo ||

19. mingsêk-mingsêk tuwan asistèn gêluruh | wau kangjêng sri bupati | madêg pamuwusing kalbu | pêpasthèning sarira ji | pangandikanira alon ||

20. hèh rama Adinagara dèn gupuh[93] | wangsula malbèng nagari | sakadang sadayanipun | wadyabala myang prajurit | mung padha dum karahayon ||

21. aywa kirang pangapuranta mring ulun | yèn ana sisipe kêdhik | mung garwèngong ni mbok Ratu | anom susulna tumuli | kalawan anake wadon ||

22. myang kêrise pusaka Tankobêripun | dipun susulna tumumi[94] | tuwin pun uwa Tumênggung | Cakradipura dèn aglis | angêmonga [angêmong...]

--- 92 ---

[...a] rataningong ||

23. poma rama dèn lila sadayanipun | sigra jumanêng[95] sang aji | sing lênggahan palowanu | gugup residhèn anganthi | gègèr bubar sakèhing wong ||

24. kang sewaka pra pangran miwah tumênggung | gêtêr ngapurancang sami | saya drês wêtuning êluh | lêsah kalêson wus kadi | kaoncatan gêtih otot ||

25. kadya lumpuh para prawira gumrunggung | tangise sama ngabani | ing bala urmat gumuruh | tambur pindha lara nangis | ngêrês lir garis wus coplok ||

26. tatas kentas tyasira wus runtuh[96] | tis tês saisining bumi | manuk muni malang-mêlung | lir bêngok tangising bumi | bumi manggung gênjat-gênjot ||

27. wusing nitih rata gothaka sang prabu | anut sarèhing Kumpêni | lir punagi urmatipun | mawantu-wantu mêlingi | wus laju rata sang katong ||

28. kari tistis kang kèri sagung bala gung | wangsule malbèng nagari | kêmba-kêmbanganing laku | pra putra santana sami | kudhandhangan tyas kason[97] ||

13. Dhandhanggula

1. sapraptane jro kadhatos[98] sami | sagunging pra putra santana[99] | jro pura gumêr tangise | sagung dyah kapilayu | kolu anjritirèng pra sori | katrinya sru kantaka | sagèn-gèn tan emut | gita sanggya kuwajiban | anyapihi pamularing para sori | Pangran Adinagara ||

2. miwah Kangjêng Gusti Mangkubumi | Kangjêng Gusti Pangran Sumayuda | angimur para dyah kabèh | tan wus ucapên catur | ing sirêpe [sirê...]

--- 93 ---

[...pe] kang para tangis | prapta pamupusing tyas | anglês driyanya mung | anarima ing satitah | kunêng jawi kang samya mêmangun budi | Patih Sasradiningrat ||

3. wusing ngondurkên pusaka kris[100] | amêmatah kang para punggawa | kang badhe andhèrèkake | ing gusti Kangjêng Ratu | Anom nusul marang Sêmawis | Radyan Tumênggung Cakra- | dipura pangayun | lajêng tan wangsul mring praja | dhèrèk salamine cangkrama narpati | wontên nagari sabrang ||

4. kalih Rahadyan Tumênggung Niti- | pura majibi sagung wahana | myang mayor satunggal tindhih | prajurit miji satus | lan Jêng Pangran Ariya Adi- | nagara kang pinatah | ngampila puniku | agêm wangkingan pusaka | Kanjêng Kyai Setankobêr wuse sami | samêkta enjing budhal ||

5. ting gêgumuruh ing samargi-margi[101] | salomprète tambur mawurahan | mangrik kang tunggangan sakèh | kathah samya dêdulu | urut margi bêntêt matitis | tur samya rawat waspa | mulat kangjêng ratu | mukane sawang kunarpa | nèng jroning rata gothaka lan siwi[102] | putrendra èstri juga ||

6. gusti bandara dyannya yu alit | lagya yuswa tri warsa lumampah | ngarsa kapat ampilane | para dyah ngarsa pungkur | pinarapit para prajurit | Blambangan sikêp watang | baris ngurung-urung | kanan keringing kang rata | gumarêdêg wuri ngarsa ngiring-iring | prajurit kêkapalan ||

7. miji satus sèkêt munggèng wuri | sèkêt malih jajari nèng

--- 94 ---

ngarsa | sikêp kêkalih slomprète | têtindhah[103] mayoripun | gumarudug pindha hèr mili | ing narmada balabar | tundha-tundha timbun | kang dadya barêping lampah | Dyan Tumênggung Cakadipura[104] anitih | turăngga sinongsongan ||

8. ambalabar balane ngêlèbi | sajêmbaring marga kang kamargan | kèhing wadya kadipatèn | kang para mantrinipun | sadaya wus wahana wajik | ingkang sumambung wuntat | garubyug gènipun | titihannya pramèswara | sira Radyan Tumênggung Nitipurèki | sawadya karatonan ||

9. para mantrine wus ampil-ampil | saupacarane pramèswara | samya nèng wahana kabèh | ingkang sumambung pungkur | mêmungkasi lampahing baris | Jêng Pangran Dipanagara[105] | nèng rata kinurung | ing gêgaman kering kanan | gumarêdêg balane kadi[106] | robing samodra wutah ||

10. ambalabar angêbêgi margi | nanging sêmuning baris tan berag | tidhêm tan ana tejane | têruhing bumi têrus | maksih jinjang sru gonjang-ganjing | prapta pêndhaking dina | gara-gara agung | giris awu tanpa kêndhat | ngakak dhèdhèt erawati gêgêntêri | prakêmpa ngaru-ara ||

11. surêm-sirêm diwangkara kingkin | mawêtu luh dirgantara mindha | manangisi mring ratune | dènnya tilar praja gung | bêluk-bêluk samya munyanjrit | lir ngadhuh asêsambat | sumambat kang sagung | kutu-kutu walangtaga | samya bela brantane wong sanagari [sana...]

--- 95 ---

[...gari] | myang sining kênyapura ||

12. tidhêm-tidhêm tan ana ngalisik | kayu-kayu tan obah kanginan | jêjêp tan ana bawane | kadhaton sawang-suwung | sêpi sêsêg sakèhing jalmi | lir matêg ing pamancat | oncatirèng umur | miwah pra putra sêntana | dèrèng wontên sah maksih tutur jro puri | Pangran Mangkunagara ||

13. pajêg anjrak tugur srimanganti | tuwin Dyan Pati Sasradiningrat | lawan sakancane kabèh | giliran ngalun-alun | pra dipati măncanagari | jibêg ing pakapalan | tugur siyang dalu | miwah sawega ing karya | pakurmatanira kang badhe gumanti | mêngku rat Surakarta ||

14. Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Purubaya wus tinantun ingkang | jumênêng nata samangke | mung nganti wangsulipun | tuwan sidhèn dènnya umiring | ngatêr lampahing nata | kang makili tunggu | jro pura tuwan komêndhan | nganti praptanira komisaris[107] | saking Batawiyah[108] ||

15. kang ngampil prajangjian aji[109] | kang wus kamot ing sêrat kancingan- | nira ing kangjêng gupêrmèn | tangèh lamun cinatur | saninggane wadya nagari | ing Surakarta arsa | jumênêngan ratu | wau ingkang cinarita | lampahe kang nusul mêmarang ing Sêmawis[110] | gêgancangan nèng marga ||

16. amung lêrês sipêng tigang ratri | sapraptane nagari Samarang | wus tundhuk lan sri pamase | sadaya sampun katur | wêwêlinganira narpati | cinatur kalih dina | lêrêpe [lêrê...]

--- 96 ---

[...pe] sang prabu | anèng nagari Sêmarang | enjing budhal nitih palwa kapal api | mancal saking Samarang ||

17. sapandhèrèk pangagêng Bupati | Cakrapura myang pitu urdênas | kawolu para cèthine | sumrêg ing lampahipun | kapal api madyèng jaladri | lir mandhêg tumoliha | mulat ing sang prabu | dènnya angêmu sungkawa | alun mandhêk lumembak katut ing angin | lir bela kang sungkawa ||

18. gara-gara rèh kagiri-giri | lesus mêsês prakêmpa wêlikan | otêr sa-Sêmarang gègèr | gugup bumine negung | gênjot-gênjot anggraning wukir | kadya jêtung tumingal | marang sang prabu[111] | têka tilar kawibawan | mêndhung dhêdhêt ing bawana angêbêki | tangèh yèn winursita ||

19. kacarita wau sri bupati | gènnya tilar karaton Jawa[112] | nujwari Kêmis Kliwone | wuku langkir lumaku | ing sangara windu lumaris | tanggal kaping wolulas | Bêsar de kang taun | Jimawal sêngkalanira | wus karsaning jawata sirna tataning | ingkang pitung bawana [1757] ||

20. Jêng Pangran Adinagara tuwin | Nitipura wus wangsul mring praja | Surakarta sabalane | wau ta kang cinatur | lampahira kang kapal api | ana madyèng samodra | pêndhak dina sampun | praptèng pulo Ngambon têdhak | sri narendra sapandhèrèk tan na kèri | pinarnah Batugajah ||

21. pinasakakên kalawan rolis [ro...]

--- 97 ---

[...lis] | miwah tuwan komêndhan jaga[113] | ing bètèng Ambon kanthine | wusing pinarnah sampun | tuwan sidhèn karone pamit | mantuk mring lojinira | lêrêm mung sadalu | Tuwan Sidhèn Surakarta | lawan litnan drahgundêr nèng Ambon nagri | enjing budhal gancangan ||

22. Sidhèn Ngambon ngatêr ing Pasasir | pan wus lêpas lampahing baita | kunêng wau ta sang rajèng | sapungkurira sagung | pangatêr mung kari pribadi | anglêsing driya lêsah | susahe matimbun | nanging pinupus ing driya | manut rèhing pêpasthèn tan kêna gingsir | anèng ing Batugajah ||

23. dhukuh agêng sapinggir jaladri | nanging sêpi tan ana wong krasan | saking kiwa panggonane | têbih warung lan lurung | lan bètèng jagan Kumpêni[114] | mila jêng sri narendra | pinarnah nèng ngriku | parêk dènira rumêksa | wus sinungan padalêman alit[115] | rinêngga ing kasmaran ||

14. Asmaradana

1. kalangkung kawêlasasih | Sinuhun Jêng Susunan[116] | Pakubana ping nêm katong | lan sagarwa putranira | kinarya lêlampahan | dènira myang maha luhur | sarawuhing Batugajah ||

2. dalêmi dhukuh sawiji | têbih kiwon têngênira | mung bètèng iku tanggane | ênggone Kumpêni jaga | jagani sri narendra | adoh pasar miwah lurung | kang cêlak amung samodra ||

3. sinung paladèn Walandi | papat samya gêgiliran | loro-loro sadinane | apdine dhewe babêktan | sinung parnah priyăngga | mung

--- 98 ---

ngadhêp kewalèng ngayun | dhaharnya sadina-dina ||

4. sadaya saking Kumpêni | miwah Dyan Tumênggung Cakra- | dipura sinungan dhewe | wisma têbih sawatara | jinaga ing Walănda | lêladosan siyang dalu | saking Kumpêni sadaya ||

5. salamine sri bupati | nèng Batugajah sacăndra | langkung putêg panggalihe | èngêt marang kawibawan | bawani mêngku rat[117] | katon sajroning pandulu | kăntha-kanthaning jro pura ||

6. kawiryaning narapati | miwah para garwa putra | kang tinilar praja kabèh | tuwin para kadang warga | anglês tyasing narendra | lênglêng ing nala wulangun | ngênês tikbraning wardaya ||

7. rangu-rangu tan bisa ring | ngêsah anutuh sarira | têka dadine mangkene | kaliwat saking ing lara | larane ninggal praja | toging êndon kapinuju | nèng paran anêmu nistha ||

8. katuwone awak mami | ana ing Ngambon nagara | mung manggung kaya mangkene | yèn ingsun ora bisaa | mulih mring tanah Jawa | suka banjura kapundhut | urip dêdawa druhaka ||

9. miwah Jêng Ratu Taruni | anggondhèli sri narendra | kadiparan wêkasane | yèn ta manggung makatêna | yêkti kula tan krasan | dene mung mangan lan turu | tan ana liyaning karya ||

10. tan ana damêle malih | kawula kapengin dolan | lan kapengin wêruh ing wong | ujêr limrahing agêsang | yêkti wêruh kathah[118] | bok mêdal [mêda...]

--- 99 ---

[...l] măngga sinuhun | ing jawi wontên punapa ||

11. jêr nagarine wus têbih | yèn kongsi kênthêl kang manah | datan sae wêkasane | sri narendra angandika | yayi sira mênênga | pan ningsun arsa manêkung | ngêningakên ciptaningwang ||

12. linampus sarira aji | ijèn nèng sêpèn kewala | sru pinêlêng ciptane[119] | siyang dalu tan ngandika | tan panggih lawan garwa | manêgês karsèng Hyang Agung | kang murka[120] misesèng jagad ||

13. cinatur sri narapati | lamine manungku cipta | mèh kawan dasa dinane | katrima dening Hyang Sukma | jumêgur kang bantala | lor kidul guntur matêruh | pêtêng dhêdhêt sanagara ||

14. gara-gara dhatêngi[121] | gonjing kang bawana obah | gêtêr-patêr wor ririse | lesus mêsês asar-saran | samodra aru-ara | megung gunung-gunung guntur | èbêkan sanagara[122] ||

15. kêkês isining nagari | ing Ambon Lănda Cik Cina | pinangan pagêblug gêdhe | gêring sore esuk pêjah | gring esuk sore pêjah | wuyungan sapraja bingung | tanbuh paraning ngungsia ||

16. kathah kang tilar nagari | kaleban ing banjir bandhang | pra Kumpêni otêr gègèr | ngungsi luhur pabitingan | lapur marang kumêndhan | mabyungan kèlu kalulun | salamine tan mangkana ||

17. dadya sagung pra Kumpêni | wus rêmbak akarya surat | atur uninga wiyose | marang wau tuwan jendral | laju mring Batawiyah | yèn Ngambon kêna pagêblug | kathah [ka...]

--- 100 ---

[...thah] wonge karisakan ||

18. gêring sore esuk mati | gêring esuk sore pêjah | miwah wisma gêdhong-gêdhong | kathah kang rusak balasah | dening kang banjir bandhang | myang kenging orêging lindhu | salamine Raja Jawa ||

19. wontên ing Ngambon nagari | kêrêp kainggahan toya | myang mindêng sêsakit gêdhe | lindhune mèh sabên dina | risak isining praja | wong akèh kang padha lumayu[123] | ngungsi mring liyan nagara ||

20. gusis kasusus[124] mèh tapis | Ngambon langkung karisakan | kunêng wau ta sawuse | guprênur tampi lapuran | sigra sampun rinêmbag | rad pan Indhiya sadarum | samêkta sêrat parentah ||

21. ing karsa kangjêng guprêmin | Jendral Dhêkok kang sinungan | pangawasa parentahe | wus kapracaya dening sang | wisesaning nagara | Jendral Dhêkok budhal gupuh | praptaning Ngambon nagara ||

22. jendral sampun minggah ngloji | panggih kalawan komêndhan | komêndhan kathah ature | ngaturkên parluning praja | lan residhèn tan siwah | gya atur uninga prabu | yèn jendral arsa kêpanggya ||

23. sang prabu sampun kadugi | nampèni praptaning jendral | sigra budhal saking bètèng | residhèn lawan komêndhan | samya ngatêrkên lampah | praptèng byantaraning prabu | wus samya jawaban asta ||

24. nulya sarêng tata linggih | samadyaning bale tundha | jendral nèng kanan sang katong | residhèn nèng keringira | wau sri naranata | tuwan komêndhan [komê...]

--- 101 ---

[...ndhan] lan sagung | upsir andhèr bêbanjêngan ||

25. nèng kursi wus jèjèr linggih | kang sumawi ing ngarsendra | Radyan Tumênggung Cakrane | Dipura myang urdênas[125] | kapitu jajar-jajar | mêgêp nèng ngarsa dyan mênggung | jendral matur angrêrêpa ||

26. pukulun sri narapati | sowan kawula dinuta | ing eyang daduka[126] katong | guprênur ing Batawiyah | minta kabar narendra | punapa jênga sang aprabu[127] | kêkirangan kang dhinahar ||

27. tuwin pangagêman aji | miwah ingkang sinênêngan | ing karsa paduka katong | punapa ingkang cinuwan | kaki paduka jendral | kumêdah-kêdah pukulun | wuninga karsa narendra ||

28. sang nata ngandika aris | ingsun nora kêkurangan | sabarang miwah panganggo | sok maksiha kaki jendral | măngsa ta nganggo kurang | marmane putêk tyas ingsun | mung săngka arsa uninga ||

29. raharjane kang nagari | pacinan miwah ing pasar | loji sapanunggalane | durung mêtu raganingwang | lamun ijèn kewala | nora dèn iring bêbatur | wijil ngong saka ing wisma ||

15. Mijil

1. jendral laut kalane miyarsi | andikane katong | têka angrês-rês ing driyane[128] | èngêt kalane panggih sang aji | duk nèng tanah Jawi | wibawaning ratu ||

2. angluwihi pra ratu sabumi | anèng jro kêdhaton | miwah srining pura saisine | kadi sairip lan suranadi | wingite kapati | prabawaning ratu ||

3. dadya ngunandikèng jroning galih | jendral sruning [sru...]

--- 102 ---

[...ning] dongong | iku biyèn anèng nagarane | duk kalane mêngku tanah Jawi | mukti luwih-luwih | ngluwihi pra ratu ||

4. tanah sabrang samaning narpati | sajêg durung tumon | lir Narendra Jawa wibawane | nadyan amung nèng pandhapa linggih | gumrudug kang ngiring | pra dyah ayu-ayu ||

5. pawartane saking ing Batawi | arang nèng kadhaton | nora mambu musthikaning rajèng | apa baya ingkang dèn ulati | wus madêk narpati | têka angaluyug ||

6. mung garwane iku kang marai | gidhuhe sang katong | wong mangkana nêmahi mangkene | bok iya sun gawene bêcik[129] | bêciki narpati | prayoga tinêmu ||

7. lan măngsaa tuna jêng guprêmin | mragadi sang katong | pira-pira ing kauntungane | dimèn antuk barkahing narpati | lêstari dumugi | sapandhuwuripun ||

8. dènnya nyêkêl pangrêsaning Jawi | wuri saya gotong | jêng guprêmèn kauntungane[130] | angêluna kabèh nuswa Jawi | ywa na makewuhi | lêstari sêmpulur ||

9. wusing ngêrti ka[131] jendral lingnya ris | marang ing sang katong | sampun susah paduka sang rajèng | lamun maksih kawula narpati | guprêmèn nanggupi | lêjare sang prabu ||

10. kaparênga paduka sang aji | yasaa kadhaton | miwah wadya punggawa mantrine | jumênênga ratuning Kumpêni | nèng Ngambon nagari | sampun sigan-sigun ||

11. dipun sami kadi duk nèng Jawi |

--- 13[132] ---

kaparênga katong | mangagêma cara jendral sae | sabên wulan guprêmèn ngaturi | balănja kagêming | jajan amung sèwu ||

12. sadaya apdi paduka gusti | kalilan cumadhong | dhatêng kantor wong siji salawe | ingkang pangkat mantrine narpati | jalu èstri sami | guprêmèn kang sanggup ||

13. ambalănja sabên sasi[133] | winatês sang katong | abdi jalu satus ing cacahe | amung pangkat sumanggèng karsa ji | myang ragating puri | iyasan sang prabu ||

14. băndha beyane saking Kumpêni | sampun walangatos | jêr slamêta ing nagara kene | lêstaria sami amêmundhi | sariranta aji | ing salaminipun ||

15. miwah lamun pinujuning ari | tingalan sang katong | karsa mawi pasamuan gêdhe | wragadipun guprêmèn ngaturi | tuwin sri bupati | sinungan pagrubyuk ||

16. prajurit kapalêri munggèng wajik[134] | rumêksa sang katong | lamun karsa bêsiyar suk sore | mung paringa dhawuh dhatêng biting | pan wus dèn caosi | drahgundêr saplatun ||

17. anjagèni ing karsa narpati | lan ngrêksa kadhaton | rintên dalu jagi ing korine | saparan-paran paduka ngiring | kadi duk ing nguni | maksih nèng praja gung ||

18. anèng Surakarta sampun alit | panggalih sang katong | măngsa dadak tegaa gupêrmèn | anangsaya samining narpati | dèn pracayèng ati | pukulun sang prabu ||

19. wong Kumpêni tan nêdya [nê...]

--- 104 ---

[...dya] darêngki | mung anut salakon | kalakone mung nirokke bae | bènèh lawan wong Jawa mung jail | kang kadang mangudi | dadine mung ancung ||

20. kurang rukun mung ngrêngkakke bumi | bumine gung rusoh | saking nora rêsêp pangrêksane | ing sarira rukune karon sih | sihe kang mêngku sih | kurang adilipun ||

21. mila nêmahi bawana Jawi | mung dadi padudon | saking tindake mung padha dene | ingkang luhur mung ngluturkên dhiri | tan darbe panolih | têpa-têpanipun ||

22. ingkang ngisor mung karasa risi | ngrêsula kaloloh | kadi nglalu tan katon gawene | nora kadi Kumpêni mung titi | tan ana kêkasih | ajêg siyang dalu ||

23. nulya tabe jendral nyuwun pamit | jumênêng sang katong | sing kalênggahan ngatêrke ing ngèmpèr[135] | tan winarna lampahe nèng margi | jendral sapangiring | wau ta sang prabu ||

24. wangsul lênggah bale tundha malih | angandika alon | hèh ta siwa Cakradipurane | jendral wau sasuwene linggih | tansah sun tingali | kathah èmpêripun ||

25. lawan eyang Mangkubumi[136] | waune tan adoh | pasêmone kalawan jarote | mung kacèke băngsa kulit putih | yèn aja Kumpêni | lir darah Mêntarum ||

26. apa baya trahing Mangkubumi | kalane sinelong | nora mambu Walănda selahe[137] | Radèn [Radè...]

--- 105 ---

[...n] Cakradipura wotsari | bokmanawi gusti | kathah èmpêripun ||

27. angandika malih sri bupati | hèh siwa samêngko | sira ingsun têtêpake manèh | jênêngira bupati pêpatih | mrangkanana mami | blanjanira satus ||

28. pêndhak sasi nyadhonga pribadi | iya marang kantor | sun paringi layang piyagême | miwah bocah ngong kapitu iki | têtêp pangkat mantri | nglurahana sagung ||

29. bocah ingsun kapêdhak myang miji | pamayung lan gêdhong | sun lilani pêpadha anêtêpke[138] | jajar sapuluh mantri sawiji | wus mangkana sami | ing karsa sang prabu ||

30. tuwin sampun macak mantri èstri | pangagêng sawiyos | nama Nyai Riya Suwandane | nguwasani kabèh jroning puri | cèthi bêktan saking | tanah Jawa sampun ||

31. sadaya wus sinung pangkat mantri | blanjane nêm kêton | sabên wulan mring kantor nyadhonge | enggar tyasira sang pramèswari | dene wus sairip | pulihing kaprabun ||

32. miwah sampun nyênyêngkali siti | kang kagêm kadhaton | ngirib-irib sakăntha-kanthane | ing karaton Surakarta nagri | ingèmpêr sathithik | pinêthik winangun ||

33. băndha beyane saking Kumpêni | sawuse mirantos | sami lêkas anêmbut karyane | wong tri nagara kang nambut kardi | tan lami wus dadi | kadhaton sang prabu ||

34. langkung asri busananirèki | karaton ing Ngambon | wus saèmpêr lan Surakartane | mung kaote agêng lawan [la...]

--- 106 ---

[...wan] alit | wangunane sami | gêdhong-gêdhongipun ||

35. wus pinêtha pêthane lir puri | loji mubêng kadhaton[139] | kori agêng kang pinindha dene | kadya korine sripênganti[140] | sinung paseban lit | kanan keringipun ||

36. dhapur witana kinamar kalih | gèn jagan garnison | kang rumêksa ing siyang dalune | latar wiyar pêthetane ringin | kinurung kêkalih | isthane lun-alun ||

37. mubêng binètèng ngubêngi margi | majupat pratêlon | pasar-pasar lan warunge[141] | wus tinata turut pinggir margi | wisma jêjêl pipit | turut marga agung ||

38. têpung ngubêngi jroning puri[142] | purane kakojor | mujur ngulon mangetan arêpe | ana wênèh kang pinăntha kadi | sitinggil buka sri | madyèng ngalun-alun ||

39. ingubêngan pataman asri[143] | sênêng yèn tinonton | jroning pura kathah rêrekane | ana pêthane bandêngan tuwin | panêpèn ngubêngi | kêbon-kêbon bagus ||

40. wus misuwur ing liyan nagari | yèn karaton Ngambon | wus winangun anyar ing saikine[144] | katêkan ratu ing tanah Jawi | angyasani puri | wus dadi kadhatun ||

41. mila kathah lyaning băngsa prapti | mring Ngambon anonton | kacaryèng tyas mulat wêwangunane[145] | srining praja myang adining puri | bawaning narpati | linulutan sagung ||

42. ing manungsa mila saya andadi[146] | arjaning ing Ngambon | wuwuh-wuwuh ing sabên sasine | lyaning băngsa kang prapta pêpanti |

--- 107 ---

mila jêjêl pipit | wisma agung-agung ||

43. nulya kumêndhan dipun timbali | glis sewan[147] sang katong | gya ingajak ningali rakite | ing jaba jro pura lan nagari | sadaya waradin | arjaning praja gung ||

44. wusing kondur kangjêng sri bupati | kandhêg anèng regol | twan komêndhan tur pranata rajèng | ingkang jagi siyang myang ratri[148] | sagung pra Kumpêni | tinata gènipun ||

45. paregolan ing jawi kang jagi | inpantri garnison | sapêlatun litnan têtindhihe | amiranti sakaprabon jurit | sarwi bêkta bêdhil | salomprèt lan tambur ||

46. yèn jam astha dalu tambur muni | ngubêngi kadhaton | paregolan ing jro pajagane | usar drahgundêr giliran sawiji[149] | sêkilwah ing kori | karênan lir madu ||

16. Dhandhanggula

1. wusing purna paripurna sami | twan komêndhan pamit wus jawaban | asta kondur marang bètèng | kang ngiring gumarudug | para litnan wahana wajik | praptaning pabitingan | kèh rasananipun | angalêmbana narendra | dènnya yasa puraya pêthane ngirib | kadhatun Surakarta ||

2. miwah wontên pêpêthan sawiji | lir kadhaton ing Hètlèr nagara | miwah ta pasiramane | ngirib iyasanipun | Prabu Napoleyon ing Prangkrik | miwah kêbon-kêbonan | patamanan agung | ing sabrang pan durung ana | pêpêthane kadhatun narpati[150] | srine [sri...]

--- 108 ---

[...ne] wingit tumeja ||

3. pan sigêgên wau pra Kumpêni | kawuwusa kangjêng sri narendra | kang maksih anèng regole | langkung pangungunipun | ing panggalih dènnya ningali | asri rakiting praja | pêpêthanipun[151] | kacaryan tyasing narendra | dangu dènnya pinarak nèng ing kori[152] | mawas jroning nagara ||

4. wus sinipat marang sri bupati | ngarsaning regol sinung prapatan | mangidul jog samodrane | ngalor anjog kadhatun | ngetan ngilèn anjog ing kali | tinugêl amarapat | ing saurutipun | sakampung saparapatan | pêthan panthan wismane wong gramèn sami | juragan pirang-pirang ||>

5. samya krasan wisma jro nagari | miwah desa-desa nora beda | kèhning băngsa gagramèn[153] | toko pinggiring lurung | bêntêt atap adu taritis | saking parmaning Sukma | arjaning praja gung | ing Ngambon asri kawuryan | para mayêng tan kêndhat ngidêr-idêri | ngidêrkên dêdagangan ||

6. sabên marga dèn jagèni[154] | pinatrolan ing sadina-dina | yèn dalu mubêng rondhane | mila arja kalangkung | sakèh marga dipun sirami | yèn injing sinaponan | barêsih dinulu | pinggiring pêpasar jajar | pacinane thèrèk-thèrèk pinggir margi | pagêre pinggir marga ||

7. kathah băngsa Cina padha prapti | sami dagang lajêng krasan sami wisma[155] | rumăngsa akèh bathine | pamondhokan wong kampung [kam...]

--- 109 ---

[...pung] | saking sêsak tan antuk panti | mila langkung kacaryan | kangjêng sang aprabu | èngêt duk nèng Surakarta | aningali kêkayon ingapit margi | eyupe angrêmbaka ||

8. kacarita korine sang aji | tundha kalih lawange kang jaba | gon pajagan garnisone | salawe tindhihipun | litnan siji sikêp miranti | giliran sabên dina | tambur slomprètipun | panggungan anèng pajagan | gathitane sajuga sabên jam muni | anèng têpi wiwara ||

9. lamun miyos kangjêng sri bupati | kurmat para garnisun kang jaga | gumuruh tambur slomprète | suka ing tyasing prabu | anarima titahing Widhi | dene nora patia | kajog ing tyas ingsun | saênggon-ênggon siha mangkya[156] | kawibawan sairip lan tanah Jawi | saking parmaning Suksma ||

10. sruning dadi panarima mami | mung si kulup kang anèng wêtêngan | nini bok Ratu Êmase | ngong suwun siyang dalu | mung bisaa jumênêng aji | mêngku rat ing Surakarta[157] | ing saturutipun | ingsun wus narima[158] | ambawani anèng ing Ngambon nagari | ambangun tapaningwang ||

11. miwah lamun bêsiyar sang aji | angubêngi jroning kutha rekan | samrimbit[159] Jêng Ratu Anèm | bèndi titihanipun | kadhang-kadhing rata pi-sapi | ingiring usar papat | jajari ing ngayun | drahgundêr asikêp pêdhang | gumarêbyêg ing wuri kapitu mantri | samya

--- 110 ---

munggèng turăngga ||

12. ngampil-ampil pacara narpati | watang tlêmpak tamèng lawan pêdhang | goncengan mêgar songsonge | kathah para dêdulu | pinggir marga andhodhok sami | sukane sri narendra | miwah yèn pinuju | tingalane sri pamasa | enjing aglar barise para Kumpêni | ing alun-alun mlatar ||

13. tuwan kumêndhan lawan residhin | asistèn lawan para amtênar | kèlu jênêngi barise | miyose sang aprabu | nitih kuda cara Walandi | atri swarane umyang | urmate gumuruh | jinajaran usar kapat | wuri para mantri ampil-ampil[160] | ngubêngi pabarisan ||

14. wusing ngubêngi nata nulya glis | baris umyung mubêng lêlumbangan | pating jalêrit slomprète | dalune jro kêdhatun | parte dhansah nutug salatri | mangkana salaminya | ing Ngambon praja gung | wuwusên sri naradipa | sakondure saking regol praptèng puri | pinêthuk pramèswara ||

15. ri sampuning dhêdhaharan sami | lawan putra kadi saban-saban | têdhak ing tamanan sare | wungu sare ngêngimur | angubêngi jro tamansari | ngêngundhuh palakirna | manggis lawan jêruk | tanapi kang kêmbang-kêmbang | patamanan langkung asri[161] | têngah binalekambang ||

16. pêthetane puniku maripit | palataran manggis lan srikaya | kamulwa sabrang keringe | kiwa têngên [tê...]

--- 111 ---

[...ngên] binatur | patamanan angapit margi | êpotira jinajar | jèjèr angalajur | sagung puspa warna-warna | sruni tluki kanigara cêpokpiring | mênur tunjung bang seta ||

17. wora-wari abang lawan kuning | măndhakaki jinèjèr têpinya | sokaprana lan kabusèt | argulo seta dadu | tongkèng mlathi gambir kumuning | kanang kinăndha-kăndha | pan asri dinulu | sêkar gadhung mulêt ing pang | gandanira angambar amrik awangi | mananduki ring grana ||

18. sêkar mlathi gêlasah ing siti | isthanira lir mèlu sungkawa | umiyat gusti sang rajèng | mangkana ciptanipun | dhuh gustiku sri narapati | sampun paduka dahad | nandhang dosa agung | tan prayoga wêkasannya | sampun takdir marang Hyang kang maha luwih | ulun darma lumampah ||

19. sêkar gadhung tumêlung nèng margi | lir wanita lagya ngore rikma | mèlu susah galihe[162] | miyat gusti sang prabu | dènnya sangêt nahên prihatin | sang nata duk umiyat | rêrêngganing santun | pasamya[163] asung sasmita | pan sinêgêg rêrêngganing tamansari | tuhu lamun prayoga ||

20. kacarita nalikane maksih | durung akèh abdi narendra[164] | para cèthi sêpi bae | mamring kalamun dalu | miwah akèh ingkang mêmêdi | dhasar Ngambon nagara | kèh salahing ngèlmu | suwanggi mamăngsa janma | sirah pisah saking gêmbung amarani | kyang[165] samya sinêngitan ||

21. yèn raina wangsul [wang...]

--- 112 ---

[...sul] manjing malih | mangrang[166] gêmbung sirahe wus mulya | urip dadi jalma manèh | mangkono rekanipun | wong ing Ngambon mratah sanagri | nganggo ngèlmu sasar[167] | milanya sang prabu | langkung wagugên ing driya | dene garwa jêng ratu datansah giris | myarsa warta mangkana ||

22. nanging sarêng sang nata wus kardi | angathahi pra cèthi parêkan | miwah lurah-lurah kabèh | kang tămpa datan sinung | mantuk marang wismanira pribadi[168] | ngêblêng nèng jroning pura | gilir sabên minggu | dadya sukaning garwendra | myang klangênan wus kathah lamun winarni | karênaning wardaya ||

23. sri narendra nulya mundhut abdi | bojon Bogis nanging iku răndha | kinarya tukang mangsake | dene bêlanjanipun | kilih[169] likur dalêm sasasi | mangan ngiras kewala | balanjanya wutuh | nulya na malih kang prapta | wong Mênadho tan darbe laki[170] | sowan arsa suwita ||

24. nulya inganggêp lawan sang aji | wong Mênadho kang lagya prapta[171] | pinatut panggaweyane | kinarya tukang masuh | pan wolulas bayarannèki | mangan ngiras kewala | balanjanya wutuh | akathah lamun winarna | para badi dalêm jalu lawan èstri | ya ta gantya winarna ||

25. datatita lingira ing nguni | kawarnaa nagri Batawiyah | nalika sêrat dhatênge | buslid saking sang prabu | Sri Bagendha Wilêm ping kalih | wus sinrahakên marang | tuwan Jendral Laut | Dhêkok pan lajêng budhalan | tan winarna prapta ing Ngambon nagari | wus panggih sri narendra [na...]

--- 113 ---

[...rendra] ||

26. ngaturakên kang surat busêlit | têtêpipun sang prabu sinrahan | Ngambon saisine kabèh | lêstari dadi ratu- | ning Kumpêni ing Ngambon nagari[172] | miwah ngaturi wikan | lamun Kangjêng Ratu | Êmas babar mijil priya | miwah ingkang gumanti jumênêng aji | mêngku rat Surakarta ||

27. ingkang paman Pangran Adipati | Purubaya jêjuluk Jêng Sunan | Pakubana ping pitune | angaturi pisungsun | blănja mêdal ing sabên sasi | tigang èwu rupiyah | miwah ta Sang Prabu | Wilêm kaping kalih minta | prasêtyane narendra wus ngèngêti[173] | kondur mring Surakarta ||

28. salamine dadosa narpati | pêpundhène wong Ngambon nagara | sri narendra duk kalane | midhangêt aturipun | tuwa[174] jendral sigêg tan angling | nging pinupusing driya | karasaning Hyang Agung[175] | kawula mapan sadarma | dangu-dangu sri bupati anyaguhi | kamot jro pustaka[176] ||

29. badhe katur mring nagri Wêlandi | prasêtyane kangjêng sri narendra | myang nyuwun titip putrane | kang miyos ing Jêng Ratu | Êmas sinung namanirèki | Rahadyan Mas Duksina | benjing akiripun | jumênênga naranata | amêngku rat Surakarta nagari[177] | saturune tumêrah ||

30. wusing purna paripurna sami | tuwan jendral wus pamit jawaban | asta kondur marang bètèng | nganthi pustaka prabu | katur marang nagri Bêtawi | kunêng wau kocapa | kangjêng sang aprabu | sampun mêmacak sungkawa | tilas mantri krajênitèn sinung linggih | wadana

--- 114 ---

loring kutha ||

31. miwah wontên santana narpati | nama Radèn Dêmang Ranawira | wus jinunjung ing linggihe | wadana kutha kidul | miwah Ranadirja ngênggoni | wetan kitha Madana | kilèn kitha sampun | ugi sinungan wêdana | tilas mantri majêgan ing Sukawati | lawan dêmang ing Wăngga ||

32. wus arakit rekaning nagari | paprentahan wus tinata rata | pakampungan saurute | kasrah wêdananipun | loring kutha binage dadi | kêkalih kawêdanan | miwah kitha kidul | wetan kitha kulon kitha | samya ngalih wadananya samya niti | tata têntrêming praja ||

33. wignyaning patih kang matah titi | nindakakên adiling nagara | ajêg nora nganti cèwèt | sira Radyan Tumênggung | Cakrapura wus sinungan sih | blănja saking sang nata | sawulan rongatus | rata tataning nagara | enak tyase wong kang padha nambut kardi | desa miwah nagara ||

34. ajrih asih lulut tanpa budi | sabarang rèh sarèh tan rakasa | sapraja bapa anggêpe | marang radèn tumênggung | wignya karya-karya bungahing ati[178] | wong cilik samya trêsna | andina amisungsung[179] | apa barang darbèkira | suka tyase sang pinatih nimbangi sih | karêp dêdana arta ||

35. tan wuwusên dibyaning apatih | dènnya nindakkên adiling praja | wau ta jêng sri pamase | wus karsa mêmundhut[180] | băngsa powa-powa kêkalih | maksih lare tinumbas |

--- 115 ---

kalih tigang atus | sakawan nêmatus rupyah | binusanan monyèt bruk salewah putih | kalawan kapurănta ||

36. kinalungan gêntha siji-siji | miwah sang prabu sampun ayasa | bêdhaya miwah srimpine | tri wêlas ayu-ayu | pradanggane saking Sêmawis | pisungsungira jendral | myang niyaganipun | tumbasan wong tanah Jawa | sabên-sabên Kêmis kangjêng sri bupati | sarimpèn myang bêdhayan ||

37. wus sairip lan karaton Jawi | iku ana mêndhaning narendra | onêng marang karajane | ing Surakartanipun | sabab sampun mèh sairib[181] | lan kraton Surakarta | miwah lamun dalu | sêpêne antara suda | myang klangênan powa-powa kapat dadi | karênaning wardaya ||

38. nanging kangjêng ratu pramèswari | lamun cêlak gêlane kalintang | amirsani ing warnane | mila lamun sang prabu | lênggah anèng pandhapa sarimbit[182] | bocah papat penekan | jambu lênguk-lênguk | ting palangkrong amêmangan | ing wowohan dinulu sarupa kadi | lutung miwah rangutan ||

39. sapurnane dènira ngundhuhi | salah siji niba sing wiwitan | gumlundhung kancane kabèh | kumrutug samya mudhun | rewa-rewa têtulung sami | ginotong marang ngarsa- | nira sang aprabu | gundam kangjêng pramèswara | suka ing tyas sa[183] nata sigra maringi | sêtali gêganjaran ||

40. nulya sami adus marang bèji | pratamanan sêgaran kawuryan | kang sarwa

--- 116 ---

sri rêrênggane | mangkana wus misuwur | marang liyan praja pra aji | ing Ngambon kering kanan | mèstu atur-atur | pêpasrèning dhatulaya | kursi-kursi rêsban meja lan lêmari | sêtroli gambar-gambar ||

41. kacaryan tyasira sri bupati | mulat sihe kang para raja[184] | ing tanah Ali purune | myang Buru atur-atur | Saparua Aruku sami | Ombi miwah ing Bandhan | prasami misungsung | susêtya apawong mitra | sih rumakêt tan ana sulayèng budi | gantya sih-sinisihan ||

42. gantya sang prabu nimbangi kang sih | amisungsung sagung para raja | arja sapamitran kabèh | wau wontên cinatur | wadana kang caos jro puri | Radèn Atmasumitra | sampun canthèl atur | Nyi Lurah Wignyapanitra | katur marang sang prabu yèn mangke ratri | jêng tuwan residhèn arsa[185] ||

43. manjing pura kapanggih narpati | wus kalilan wanci jam sanga[186] | wusing tampi duta lèngsèr | sapraptanira dalu | sri narendra wus lênggah kursi | nèng madyaning pandhapa | tan adangu rawuh | jêng tuwan residhèn mapak | sri narendra anèng taritis pandhapi | wus sami tata lênggah ||

44. munggèng pandhapa kang ngadhêp sami | sira Rahadèn Tumênggung Cakra- | dipura sakrèrèhane | mantri jêro pêpitu | sasampuning binoja warih | wedang miwah minuman | kalawan sarutu | residhèn ngaturkên koran | koran saking ing tanah Jawi[187] | Residhèn Surakarta ||

45. jroning koran pan atur

--- 117 ---

udani | lamun arine garendra[188] nama | Pangran Natadaningrate[189] | binêkta marang laut | tanpa dosa pan amung inggih | nêdya suwitèng nata | ing Ngambon arsa wruh | dadya jro dêdosanira | ing batine ngêmohi ratunirèki | ingkang mêngku rat Jawa ||

46. duk miyarsa kumêpyur sang aji | dhêlêg-dhêlêg dangu tan ngandika | èsmu kumêmbêng waspane | katon ing warnanipun | kadang nèm kang manggih bilai | jêngkar saking nagara | angêmohi ratu | kaburu trêsna ing kadang | tuwa nêdya nglabuhi lara pati[190] | tan wruh ing kaluputan ||

47. sru katongton sihira mring ari | èngêt nalika nèng Surakarta | osiking driya sang rajèng | dhuh nyawa ariningsun | têka dadak kangên mring mami | bote sadulur lanang | ing Ngambon arsa wruh | ing mêngko kadi punapa | ariningsun anêmu papa lir mami | katuwon têmên sira ||

48. adoh-adoh nagri tanah Jawi | lawan Ngambon arsa wruh ing kadang | satêmah dadi lupute | dhuh babo kadang ingsun | sêpiroa yèn panggih mami | abote duwe kadang | tuwa dadi ratu | sanggon-gone ingupaya | mantêp sihe trêsnane marang mami[191] | labuh salara pêjah ||

49. nanging kapriye solah ta yayi | nora kêlakon panggih lan ingwang | kajêbul ana Têrnate | dhuh rama sang aprabu | ngapuranên sadulur mami | pisah sadulur

--- 118 ---

tuwa | lola kawlasayun | rina wêngi dèn jangkunga | pêpayunên ing kamulyan waluyaning | wong bela kadang tuwa ||

50. tuwan sidhèn ningali sang aji | yèn kumêmbêng socaning narendra | anggraita ing sadayane[192] | nulya rinêpa gupuh | pan sinamur-samur lan angling | wus lilih sri narendra | residhèn umatur | yèn parêng paduka nata | benjing enjing dawêk anggèr sami kliling | mubêng pacinan anyar ||

51. sri narendra sampun anyaguhi | tuwan sidhèn anulya pamitan | mantuk sang nata ngatêrke | tritis pandhapa wangsul | lajêng kondur tumamèng puri | pinêthuk lawan garwa | pindha sabênipun | nanging sang prabu datansah | dhêlêg-dhêlêg kagagas amung kang rayi | sadalu datan nendra ||

52. ya ta wau kawuwusa enjing | tuwan residhèn sampun parentah | marang Cina kêpalane | lamun mêngko jam têlu | kinèn mêtu sadaya sami | nèng ngarsa pintunira | saha nonahipun | apan badhe pinriksanan | milanipun Cina lanang wadon sami | kinèn mêtu mring lawang ||

53. wus watara undhanging Kumpêni | yèn wong Cina kinèn asudhia | ing mangke pukul têlune | wau ta kang winuwus | sri narendra sampun miranti | pan mèh praptèng sêmaya | wus satêngah têlu | kinèn ngabahi turăngga | sang aprabu mangagêm cara Walandi | nolèh mundhut busana ||

 


Kurang satu baris: 8a. (kembali)
Lebih satu suku kata: munggah marang ing sanggar planggatan. (kembali)
Lebih satu suku kata: nora wurung ngwas-uwasi kaya kang wis. (kembali)
Kurang satu suku kata: lêbura ingsun têmah. (kembali)
Lebih satu suku kata: mung tulus sakaroron karon sih. (kembali)
Kurang dua suku kata: ciptaning tyas ywa na kang anyulayani. (kembali)
Kurang satu suku kata: dhuh pukulun yèn satuhu trêsna. (kembali)
Kurang dua suku kata: akanthia urdênas mung sapta. (kembali)
Kurang satu suku kata: wau sang aprabu. (kembali)
10 jurang. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: bênce cênggèrètnong. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: angawêr kang lolos. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: turutan lir awastra macêthi. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: săngga panyadhanging. (kembali)
15 jurang. (kembali)
16 Kurang dua suku kata: datan uwus winuwus asrining. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: sarine sumawur. (kembali)
18 sengga. (kembali)
19 tistis. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: andhêkukul angrangkul jêngkune. (kembali)
21 Lebih dua suku kata: ana manèh ngaup gampèng-gampèng. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: miwah anèng soring wit kaguling. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: bawananing bawana kang tan asuwung. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: anulya sirêp kang swara. (kembali)
25 Guru lagu seharusnya: 8a, wagugên tyas narapatya. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: ing karsa datan karasa. (kembali)
27 Gupêrmèn. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: biyèn lan mêngko ingkang jumênêng ratu. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: tuwan residhèn duk myarsa. (kembali)
30 Kurang dua suku kata: tan adangu litnan pra ngarsa alungguh. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: dhuh nuntên andika kondur. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: wus sikêp gêgamaning prang. (kembali)
33 Kurang dua suku kata: têtindhihe kang ngadêgi kumêndhir. (kembali)
34 Lebih dua suku kata: kang binêkta munggèng têngah baris agung. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: bêbarisan sabên parapatanipun. (kembali)
36 Kurang dua suku kata: ana ngalor ngidul samya angili. (kembali)
37 Kurang dua suku kata: angulon pan sêlur anglur. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: gumarênggêng gumuruh acêluk-cêluk. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: ing Mangkunagaran sauwuse bêdhug. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: sawênèh umpêtan têbih. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: prentahane lan nagari. (kembali)
42 Lebih dua suku kata: sagunging putra santana. (kembali)
43 talangpati. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: gumalêdhêg salomprèt miwah suling. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: jêjêl jibêg kang busana asrinipun. (kembali)
46 Lebih dua satu suku kata: ijo sami jo golongnya. (kembali)
47 ginarubyuk. (kembali)
48 udayaning. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: kadya êrobing samodra. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: tistis tyasira awêluh. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: arêbut ngarsa andulu. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: kanji duk barandhalan. (kembali)
53 măncanagara. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: dhêdhêp tan ana bawane. (kembali)
55 Lebih satu suku kata: wantêr prawirèng yuda. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: ingungsir lan ingusar. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: wau tuwan residhèn wus. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: mênggêp tuwan residhèn wus. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: sikêp kapraboning aprang. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: datan winarna lampahe. (kembali)
61 Kurang satu suku kata: akumêlap-kumêlap. (kembali)
62 sirêp. (kembali)
63 Kurang satu suku kata: kayu kêkayon tan obah. (kembali)
64 bubrah. (kembali)
65 Lebih satu suku kata: gih bênêr panêmu dika. (kembali)
66 Lebih satu suku kata: mung sira yitna kang panggah. (kembali)
67 urdênas. (kembali)
68 litnan. (kembali)
69 ngakak. (kembali)
70 residhin. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: lêlakone awak mami. (kembali)
72 Kurang satu suku kata: maksih gênjot bumine agonjang-ganjing. (kembali)
73 Kurang dua suku kata: gugup-gagap ingkang samya alumaris. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: atăndha rohing bawana. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: angêrês tistising kathah. (kembali)
76 drahgundêr. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: ing lampahe sri narendra uwus prapti. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: sêsauran gêgêtêri. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: wusing prapta Klathèn alêrêp salatri. (kembali)
80 malatar. (kembali)
81 siti. (kembali)
82 Lebih satu suku kata: rêrêp sirêp surêm katawangan mêndhung. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: angêndhanu ing wiyati. (kembali)
84 sang. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: narimaa trusing batin. (kembali)
86 mêmêling. (kembali)
87 Kurang dua suku kata: nglolos ingkang wangkingan agêmanipun. (kembali)
88 Kurang satu suku kata: panjênêngan pangran nênggih. (kembali)
89 tampi. (kembali)
90 Kurang satu suku kata: tampi dhawuh sarwi adrês mawêtu luh. (kembali)
91 Kurang satu suku kata: pasanggrahan udan êloh. (kembali)
92 kamitênggêngên. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: hèh rama Adinagara dèn agupuh. (kembali)
94 tumuli. (kembali)
95 jumênêng. (kembali)
96 Kurang dua suku kata: tatas tètès kentas tyasira wus runtuh. (kembali)
97 Kurang satu suku kata: kudhandhangan tyas kalêson. (kembali)
98 kadhaton. (kembali)
99 Kurang satu suku kata: sagunging para putra santana. (kembali)
100 Kurang satu suku kata: wusing ngondurkên pusaka kêris. (kembali)
101 Lebih satu suku kata: ting gumuruh ing samargi-margi. (kembali)
102 Kurang satu suku kata: anèng jroning rata gothaka lan siwi. (kembali)
103 têtindhih. (kembali)
104 Cakradipura. (kembali)
105 Lebih satu suku kata: Pangran Dipanagara. (kembali)
106 Kurang tiga suku kata: gumarêdêg balane kadi jaladri. (kembali)
107 Kurang dua suku kata: nganti praptanira tuwan komisaris. (kembali)
108 Kurang satu suku kata: pan saking Batawiyah. (kembali)
109 Kurang satu suku kata: ingkang ngampil prajanjian aji. (kembali)
110 Lebih satu suku kata: lampahe kang nusul marang ing Sêmawis. (kembali)
111 Kurang satu suku kata: marang sang aprabu. (kembali)
112 Kurang satu suku kata: gènnya atilar karaton Jawa. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: miwah tuwan komêndhan kang jaga. (kembali)
114 Kurang satu suku kata: lawan bètèng jagan Kumpêni. (kembali)
115 Kurang dua suku kata: wus sinungan padalêman ingkang alit. (kembali)
116 Kurang satu suku kata: Sinuhun Jêng Susuhunan. (kembali)
117 Kurang satu suku kata: ambawani mêngku rat. (kembali)
118 Kurang satu suku kata: yêkti wêruh ngakathah. (kembali)
119 Kurang satu suku kata: asru pinêlêng ciptane. (kembali)
120 murba. (kembali)
121 Kurang satu suku kata: gara-gara andhatêngi. (kembali)
122 Kurang satu suku kata: kaèbêkan sanagara. (kembali)
123 Lebih satu suku kata: wong akèh padha lumayu. (kembali)
124 kapusus. (kembali)
125 Kurang satu suku kata: Dipura myang urdênasnya. (kembali)
126 paduka. (kembali)
127 Lebih satu suku kata: punapa jêng sang aprabu. (kembali)
128 Kurang satu suku kata: têka angrês-angrês ing driyane. (kembali)
129 Kurang satu suku kata: bok iya sun gawene abêcik. (kembali)
130 Kurang satu suku kata: kangjêng guprêmèn kauntungane. (kembali)
131 kang. (kembali)
132 [103]. (kembali)
133 Kurang dua suku kata: ambalănja pan sabên sasasi. (kembali)
134 Lebih satu suku kata: jurit kapalêri munggèng wajik. (kembali)
135 Lebih satu suku kata: sing klênggahan ngatêrke ing ngèmpèr. (kembali)
136 Kurang dua suku kata: kalawan eyang Amangkubumi. (kembali)
137 solahe. (kembali)
138 Lebih satu suku kata: sun lilani padha anêtêpke. (kembali)
139 Lebih satu suku kata: loji ing kadhaton. (kembali)
140 Kurang satu suku kata: akadya korine sripênganti. (kembali)
141 Kurang dua suku kata: pasar-pasar lan warung-warunge. (kembali)
142 Kurang satu suku kata: têpung angubêngi jroning puri. (kembali)
143 Kurang satu suku kata: ingubêngan patamanan asri. (kembali)
144 Lebih satu suku kata: wus winangun anyar saikine. (kembali)
145 Lebih satu suku kata: kacaryèng tyas mulat wêwangune. (kembali)
146 Lebih satu suku kata: ing manungsa mila saya ndadi. (kembali)
147 sowan. (kembali)
148 Kurang satu suku kata: ingkang ajagi siyang myang ratri. (kembali)
149 Lebih satu suku kata: usar drahgundêr gilir sawiji. (kembali)
150 Kurang dua suku kata: pêpêthane kadhatun sang narapati. (kembali)
151 Kurang satu suku kata: myang pêpêthanipun. (kembali)
152 Kurang satu suku kata: dangu dènnya pinarak anèng ing kori. (kembali)
153 Kurang satu suku kata: kèhning băngsa agagramèn. (kembali)
154 Kurang dua suku kata: sabên marga-marga dèn jagèni. (kembali)
155 Lebih dua suku kata: dagang lajêng krasan sami wisma. (kembali)
156 Lebih satu suku kata: saênggon-ênggon sih mangkya. (kembali)
157 Lebih satu suku kata: mêngku rat Surakarta. (kembali)
158 Kurang dua suku kata: ingsun uwus anarima. (kembali)
159 sarimbit. (kembali)
160 Kurang dua suku kata: wuri para mantri-mantri ampil-ampil. (kembali)
161 Kurang empat suku kata: patamanane pan sakalangkung asri. (kembali)
162 Kurang satu suku kata: mèlu susah panggalihe. (kembali)
163 prasamya. (kembali)
164 Kurang satu suku kata: durung akèh abdine narendra. (kembali)
165 tyang. (kembali)
166 marang. (kembali)
167 Kurang satu suku kata: anganggo ngèlmu sasar. (kembali)
168 Lebih dua suku kata: mantuk wismanira pribadi. (kembali)
169 kalih. (kembali)
170 Kurang tiga suku kata: wong Mênadho kang datan adarbe laki. (kembali)
171 Kurang satu suku kata: wong Mênadho ingkang lagya prapta. (kembali)
172 Lebih satu suku kata: ning Kumpêni ing Ngambon nagri. (kembali)
173 Kurang satu suku kata: prasêtyane narendra wus angèngêti. (kembali)
174 tuwan. (kembali)
175 Lebih satu suku kata: karsaning Hyang Agung. (kembali)
176 Kurang satu suku kata: kamot jroning pustaka. (kembali)
177 Kurang satu suku kata: amêngkua rat Surakarta nagari. (kembali)
178 Lebih dua suku kata: wignya karya bungahing ati. (kembali)
179 Lebih satu suku kata: andina misungsung. (kembali)
180 Kurang satu suku kata: wus akarsa mêmundhut. (kembali)
181 Kurang satu suku kata: sabab sampun êmèh sairib. (kembali)
182 Lebih satu suku kata: lênggah nèng pandhapa sarimbit. (kembali)
183 sang. (kembali)
184 Kurang satu suku kata: mulat sihe ingkang para raja. (kembali)
185 Lebih satu suku kata: jêng twan residhèn arsa. (kembali)
186 Kurang satu suku kata: wus kalilan wancine jam sanga. (kembali)
187 Kurang tiga suku kata: ingkang koran pan saking ing tanah Jawi. (kembali)
188 narendra. (kembali)
189 Natadiningrate. (kembali)
190 Kurang satu suku kata: tuwa nêdya anglabuhi lara pati. (kembali)
191 Kurang satu suku kata: mantêp sihe trêsnane marang ing mami. (kembali)
192 Lebih satu suku kata: anggraita sadayane. (kembali)