Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 26–32)

Judul
Sambungan
1. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 01–06). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 07–16). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 17–25). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 26–32). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 19-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

26. Sinom

1. wau sagung para tuwan | sadaya majêng sarimbit | tata anèng pandhapa[1] | wus samya lungguh ing kursi | angadhêp sri bupati | sami suka para tamu | dene ta sri narendra | gapyak lawan pramèswari | aparigêl among tamu parikrama ||

2. lagya eca wawan sabda | kasaru slomprèt muni[2] | tur sasmita praptanira | jêng tuwan residhèn kanthi | jendral ing laut sami | pra amtênar sadayèku | sarêng lumêbèng pura | sri narendra sigra nuding | twan ajidan sigra mentar lawan litnan ||

3. wus cundhuk atêtabeyan | sadaya sampun dèn irit [i...]

--- 178 ---

[...rit] | sapraptaning palataran | gumuruh urmate muni | musik barung munya jrit | lan gamêlan gumarunggung | tumamèng ing pandhapa | lir pendah bangun ngastuti | sri narendra mêthuk taritis pandhapa ||

4. tundhuk akêkanthèn asta | tata lênggah dhampar malih | jibêg kang para amtênar | wus samya lungguh ing kursi | para militèr sami | kang baris sampun ngalumpuk | tinata papat-papat | majêng mring pandhapa sami | kurmat jendral musik marês sru mabyungan ||

5. paptèng[3] byantara narendra | sadaya ngaturakên tabik[4] | ganti-ganti wus warata | tuwin kangjêng pramèswari | myang jendral laut sami | tuwin sidhèn sadaya wus | purnanya tata lênggah | sadaya jibêk ing kursi | wus tinungka majêng minuman sapanya ||

6. sadaya wus ngasta gêlas | jumênêng sri narapti | sakalihan kangjêng tuwan | tuwin kangjêng pramèswari | miwah kang para tami | nyonyah-nyonyah sadaya wus | anulya kangjêng tuwan | amêdharakên kundhisi | kang pinurwa lêlampahaning narendra ||

7. wit jêngkare saking praja | kêraton ing tanah Jawi | nèng Ngambon jumênêng raja | siniwi bala Kumpêni | winowong ing sêsanti | gêng alit samya sih lulut | ing mangke sri narendra | pan arsa amangun krami | mugi-mugi jinurunga suka wirya ||

8. gya

--- 179 ---

mawantu surak-surak | lir gêrah manêngkêr langit | abipraya mangastawa | barung swaraning kang mungsik | kumêndhan mundur aglis | wus antre ing wadyanipun | slomprèt asru tinêmbang | wus nglêmpak bala Kumpêni | sri narendra gya dhawuh budhalkê[5] bala ||

9. sandika tuwan kumêndhan | anjrit ngabani prajurit | baris mubêng lêlumbungan | gumuruh tambure muni | barung swaraning musik | lir gurnita rug gumuntur | pandhêlira nèng ngarsa | kumlèbèt angrêspatèni | kawan atus Kumpêi kang munggèng ngarsa ||

10. samya asikêp sanjata | kumrêtêg kumrêngis kèksi | kumriyêk kumritig atap | wuri bala artilêri | sumambung munggèng wajik | kawan dasa kathahipun | miranti kolontaka | ginèrèt kuda pangirit | tri gumuruh salomprète mawurahan ||

11. kang sumambung wurinira | bala mardika kumritik | tambure muni brang-brangan | malêtuk bajune putih | kalih taun miranti | samya mintir gumrunggung[6] | kang linaras ing swara | lampahane sri bupati | mangke sampun rinatu-ratu ing kathah ||

12. kang nambungi wurinira | kalangênan sri bupati | powa-powa kapat samya | nèng kuda lucu kêpati | mêcucu amicicil | mèlèt-mèlèt ilate mêtu[7] | malang megung kêkablak | jungkêl miring babah jungkir | ngolang-ngaling

--- 180 ---

anèng luhuring turăngga ||

13. kêkêl kang samya tumingal | tur warnane gêgilani | ingkang sumambung ing wuntat | para wadana myang dhistrik | bêkêl ing desa sami | myang para kapala kampung | mung dharat pinayungan | jèjèr papat-papat ngrapit | wuri atap ingayap punang ampilan ||

14. miwah bêkta gêgamêlan | agêng lawan Carabali | tinabuh saurut marga | ngrangin gêndhing ladrang manis | sawênèh gandrung manis | Carabalène gumuruh | gumêr para tumingal | bêlêg sauruting margi | kang sumambung ing wuri drahgundêr kathah ||

15. kalih dasa numpak kuda | pêdhange samya tinarik | têtindhihe litnan usar | salomprèt kalih nèng ngarsi | tinêmbang sru mêlingi | nulya titihan sang prabu | rinapit ing gêgaman | ngurung-urung kanan kering | sri kumêrap bala gung pangayap rata ||

16. rêmpêg kalawan ampilan | pacarane sri bupati | têtindhih ordênas sapta | mantri jro kapêdhak miji | baju sangkêlat abrit | abra prajuritan sagung | nglela sri naranata | nèng jro rata dèn songsongi | mubyar abyor songsong bara pinarada ||

17. pindha rêbutan prabawa | lawan pratănggapati[8] | ujwalaning rata rêtna | miwah turăngga pangirit | astha kuda Ostrali | sarwa sri usadanipun | manut [ma...]

--- 181 ---

[...nut] gêbyaring surya | muncar-muncar balêrêngi | munbar abyor ting galêbyar gêbyar-gêbyar ||

18. lir teja ngêmu wangkawa | ujwalaning rata manik | kuwung-kuwunge kawangwang | wangkawa angobar-abir | ingkang rumêksèng puri | usar malih patang puluh | têtindhih sami litnan | angliga pêdhange sami | wurinira pra prajurit ing lautan ||

19. gumuruh ing swaranira | tambur suling sru mêlingi | kalih atus samya dharat | mênyanyi saurut margi | mungsikan barung muni | praptèng ngajêng bètèng agung | mriyêm gumlêgêr urmat | têdhak dalêm sri bupati | ping salikur kolontaka sêsauran ||

20. kunêng kang sampun bidhalan | sri narendra saking puri | tilar tamu nyonyah-nyonyah | miwah garwa pramèswari | tuwin para Wêlandi | myang jêng tuwan jendral laut | maksih kupêng pandhapa | sadaya manganti-anti | ing rawuhe sira kangjêng sri narendra ||

21. ya ta ganti winursita | ing griyane Babah Kèhing | apan sampun sinudhiyan | rinêngga-rêngga pan asri | sinung tarub maripit | palisir ginardhe têpung | lawan binuntal sêkar | pênuh rêrêngganing panti | kanan kering winanjêran kang daludag ||

22. payung agunge tinata | umbul-umbul turut margi | bandera Cina jinajar | ingkang badhe anjajari | wong Cina samya [sa...]

--- 182 ---

[...mya] mijil | tinata baris ing lurung | jênggine kalih dasa | patang puluh patah èstri | ingkang badhe dhèrèkkên pramtèng pura[9] ||

23. kalih atus Cina ngedan | busanane warni-warni | musik Cina wus tinata | sangajêng palêngkung ngapit | gêmbrèng gurni thongthonggrit | tinabuh umyung gumuruh | ngêbaki sabawana | wau sira Nonah Kuwi | wus ngrasuk busana pangantèn Cina[10] ||

24. apêpênding myang sayakan | sangsangan intên inganggit | agêgêlang akroncongan | kaosan cênela bludir | paniti ali-ali | agêgănda marbuk arum | lênga jimating Cina | wangine anrus ing bumi | yèn sinawang kadi Dèwi Wilutama ||

25. marma kang sami tumingal | jalwèstri kayuyun sami | mring pasang sêmuning netra | lindri-lindri ngêlayoni | wau ta Nonah Kuwi | wus tinămpa nyonyah agung | kinanthi marang jaba | Kaptin Kèhing mêthuk aglis | lawan sagung para Cina tuwa-tuwa ||

26. marêk marang Pikkongira | anyuwun brêkah basuki | lilahing Lata Walujwa | pinuja pinuji-puji | sadaya sami jêngking | sujut ngarsèng Pikkongipun | kumutug dupanira | lêmbah umuncar nêlahi | para nyonyah sami ngamini sadaya ||

27. sawusnya prasami lênggah | thèrèk-thèrèk [thèrè...]

--- 183 ---

[...k-thèrèk] anèng kursi | sagung Cina tuwa-tuwa | pating clumik jêjapani | damoni Nyonyah Kuwi | wus limrah padatanipun | pangantèn băngsa Cina | pinuju pra kaki-kaki | nini-nini mangèstoni mrih katrêsnan ||

28. wusing sinunggata wedang | lawan panganan taocing | cêngkuwèh kulbèng kuwih tar | minuman mawarni-warni | ciu konyak brênduwin | gasiyus lawan srutu[11] | honcoe rokok kartas | bako kuldhan jêpun wangi | nora kari kalukuk uduting koja ||

29. tan antara nuli pista | wong sanga bangku sawiji | tinata sapăntha-păntha | kêpung angêbaki panti | rame swarane bukti | surak-surak sarwi ngunjuk | ganti-ganti wurahan | urmat bori gobar muni | tan antara kagyat mirêng kolontaka ||

30. gumlêgêr gayuh gêgana | gugup kabèh samya mijil | nabuh bèri-bèri gubar | orêg tata-tata baris | bêndhe suling mêlingi | wong Cina umyung gumuruh | gumêrah rêbut papan | wênèh ana nunggang plangki | wênèh kuda tandhu gandhul miwah rata ||

31. Nyonyah Kèhing sampun mêdal | kalawan sira Nah Kuwi | linggih sangarêping lawang | ingayap pra nini-nini | lan Cina kaki-kaki | tan antara wontên tambur | gumuruh

--- 184 ---

brang-êbrangan | Kumpêni ingkang kaèksi | kumêndhame sirig-sirig urut marga ||

32. bulu-bulunira ngrêmbyah | anglangês bala Kumpêni | kawan atus tap-untapan | wong Cina miranti aglis | jênggi tinata sami | tan kaliru prênahipun | anulya katingalan | rata titihan sang aji | sarêng surak wong Cina ambata rêbah ||

33. barong lan kênthongan gubar | berang bèri myang thongthonggrit | puksur gurnang mawurahan | mung Cina suling anjrit[12] | tambur dhrudhug Kumpêni | salomprèt mungsikan umyung | baris malatar tata | ngêndhanu ngêbêki bumi | kadi bêlah pratiwi angombak bangkat ||

34. Kaptin Kèhing sigra mara | mondhong kang putra Nah Kuwi | inginggahkên marang rata | jèjèr kalawan sang aji | mingsêr dènira linggih | residhèn wus anèng ngayun | ing ngarsa sri narendra | sakaroron lan Nah Kuwi | gilang-gilang warnane gambuh sinawang ||

27. Gambuh

1. residhèn sigra nuduh | sung sasmita lawan wadya pangayun[13] | yèn sang prabu wus panggih lan Nonah Kuwi | mriyêm sinungam[14] jumêgur | tambur munya bêdhil brondong ||

2. sagung barisan umyung | kang prajurit Cina nyumêt sampun | long marêcon rinèntèng pinggiring margi |

--- 185 ---

saya wah swara gumuruh | tanpa rungyan ting balêdhog ||

3. midêr barise wangsul | tata malih lampahe gumuruh | sampurnane pakurmatanira panggih | matundha-tundha tumundhung | ngêndhanu lampahe golong ||

4. mardika wurinipun | kang sumambung tambure kumruwuk | binarung ing mungsik Cina lawan suling | ing wuri ingkang sumambung | gamêlan Jawa mirantos ||

5. găngsa sarunèn umung | nênggih wau kang sumambung pungkur | Cina ngedan warna-warna dèn praboti | jalu èstri kalih atus | ting calorèng ting calorong ||

6. wuri jênggi rongpuluh | dhung-brèng dhung-brèng swarane gumuruh | wênèh kang mandhi abir rêspati[15] | kinubêng prajuritipun | wênèh mundhi waos bongkok ||

7. warna-warna dinulu | wus sambung obor pating palancur | ting calorèt ting glêbyar sêtroli lilin | padhang lir rina dinulu | jêjêl uyêl wong anonton ||

8. ingkang nambungi pungkur | pêlangki nonah wontên rongpuluh | wênèh Cina nunggang jaran mandhi abir | ing wuri rata gumludhug | Lănda Cina lanang wadon ||

9. gumrêdêg wurinipun | rontèk daludag myang payung agung | Kapti[16] Kèhing nitih rata busana sri | ngimba Raja Cina patut | karya gumyaking kang

--- 186 ---

nonton ||

10. bèndi rongpuluh nyambung | kang nompaki nyonyah rongpuluh[17] | patah èstri binusanan lir prajurit | anom-anom ayu-ayu | busanane ting pancorong ||

11. usar rongpuluh nyambung | nulya rata titihan sang prabu | kang rinêngga ing mas rêtna sêsotya di | ting galêbyar ting galêbyur | kasorotan dening obor ||

12. tan owah kadya wau | pangiriting rata sang aprabu | bêntêt titip jalwèstri pinggiring margi | jêjêl uyêl suk-dhinêsuk | rêbut ngarêp gone nonton ||

13. sarêng samya sadulu[18] | wahananing rata sang aprabu | samya gumêr swaraning wong aningali | rêbut gon amrih kadulu | sang nata dènnya kaloron ||

14. wênèh ngungun anjêtung | rêrasanan lawan rowangipun | wibawane gusti kangjêng sri bupati | angungkuli para ratu | rowangnya nambungi alon ||

15. yaiku sang aprabu | pan kaisêr ratu pangkat agung | binathara anèng nagri tanah Jawi | dadya têtungguling ratu | ing êndia para kawong ||

16. wênèh nambungi wuwus | lan maninge kangjêng sang aprabu | kurang yuswa dènira jumênêng aji | kadi kurang wekanipun | mung ngêgungkên gunging kraton [kra...]

--- 187 ---

[...ton] ||

17. têmah kasluru laku | ing panggalih nora dadi luput | pupusane wus bêjane Nonah Kuwi | winêngku ing ratu agung | dhasar bagus miwah anom ||

18. ngombea uyuhipun | durung kinaruh yèn bisa tiru | dadya umyung rasanane jalu èstri | ciptane sami kayungyun | mulat marang sang kaloron ||

19. gantya wau winuwus | pangajure[19] praptèng ngalun-alun | wus tinata kapang barising Kupêni | urmat rawuhe sang prabu | tambur muni ting galêmbor ||

20. barat gung kumarusuk | asênggani swarèng samodra gung | gumalêgêr alun kang anêmpuh tasik | ing wuri dhêdhêt supênuh | tan petungan kèhing uwong ||

21. Cakrapura Tumênggung | ngrumiyini manjing jro kadhatun | marisani[20] badhe sunggataning tami | piring gêlas meja srutu | minuman mucung saênggon ||

28. Pocung

1. sang apabu[21] wus rawuh jroning kadhatun | orêg para tuwan | mêthukakên sri bupati | Jendral Dhêkok namudana mring sang nata ||

2. wus kinanthi astanira sang aprabu | ginarbêk pra tuwan | Nonah Kuwi wus kinanthi | lawan nyonyah kumêndham binêkta lênggah ||

3. sri narendra wus tata lênggah ing êtrun | kang linangse sutra | kuning oranyê pinatik | ing renda

--- 188 ---

mas ginombyokan sêkar sêdhah ||

4. mênggêp lênggah ing dhampar dênta sang prabu | residhèn nèng kanan | jendral laut anèng kering | sanyonyahnya miwah kangjêng pramèswara ||

5. Nonah Kuwi kapering kiwaning êtrun | lawan nyonyah-nyonyah | Lănda Cina kupêng pipit | kapang têpung banjêng ngêbaki pandhapa ||

6. ingkang dhèrèk lênggah sajêroning êtrun | amung pramèswara | miwah jêng nyonyah residhin | lawan nyonyah Jendral Dhêkok ing lautan ||

7. wus palêstha satata lênggahipun[22] | tan aklèru pêrnah | ing kursi sabilik-bilik | wus lumadi pangunjukane sapanya ||

8. kang ngladosi urdênas abdi sang prabu | tur băngsa Walănda | myang Bêgala miwah Bugis | binusanan bajune sangkêlat merah ||

9. wusing minum kundhisi arjaning prabu | dènnya mundhut garwa | pangrêmbe Ni Nonah Kuwi | kinurmatan drèl Kumpêni bêrondongan ||

10. sinauran kolontakane jumêgur | rambah ping sangalas | para Cina-Cina sami | kabèh kandhêk nèng lun-alun lêlumbungan ||

11. tabuhane gong bori[23] gurnang gumuruh | jênggi jênggugutan | kobêng mubêng urut margi |

--- 189 ---

ing marga gung kang ngubêngi dhatulaya ||

12. kumarutug marêcon long miwah susdhung | dhung brèng dhung brèng dhung-brang | brang-brangan brêbêgi kuping | mawurahan angêbêki sabuwana ||

13. tan antara sang prabu utusan gupuh | sagung para tuwan | miwah nyonyah nonah sami | kinon sami awiwit lêlangên dhansah ||

14. wusing dhawuh jumênêng kangjêng sang prabu | kalawan jêng tuwan | gumuruh swaraning mungsik | wus atata sang nata lênggah kasukan ||

15. nèng pringgitan lan para tuwan sadarum | ingkang nora dhansah | sasênêngira pribadi | wênèh ana kang amung gubita sabda ||

16. nèng pandhapa pra tuwan kang sêpuh-sêpuh | kang nèm sami dhansah | sru sêsêk swaraning mungsik | samya suka andon lèyèk langên taya ||

17. yèn pinuju lèrèn pra nyonyah sadarum | kulingling lumampah | asêlur srimbitan sami | ting karêbêt karêbut kêpêtan jaja ||

18. mubêng-mubêng kliling palataran têpung | suka kang tumingal | tyasira kayungyun kadi | mring pra nonah Walandi samyandon suka ||

19. wus warata sugata dalêm sang prabu | marang balakuswa | suka sagunging Kumpêni | saking pênuh bujanane sri narendra ||

20. sabibare dhahar sêtaksi sang prabu | ing jro ngêtrun lênggah | pra tuwan angadhêp sami | kadi wau tan ewah kang lêlênggahan [lê...]

--- 190 ---

[...lênggahan] ||

21. nulwa sampun lumados larihan kaldhu | ing tamu warata | tan ana kliwatan siji | sawusira ngunjuk kaldhu tuwan jendral ||

22. lan residhèn tanapi sadaya sampun | jalwèstri pamitan | sri narendra wus nglilani | wus bubaran sami mantuk sowang-sowang ||

23. sang aprabu jêngkar kondur angadhatun | lawan pramèswara | Nah Kuwi umiring wuri | tan warnanên sang nata nèng kênyapura ||

24. tansah agung sih-sinihan among lulut | sang nata lan Nonah | Kuwi wus pinaring nami | karan Radèn Ayu Nyonyah Rêtnasmara ||

25. siyang dalu tansah nèng ngarsa sang prabu | karya mamanging tyas- | e jêng ratu pramèswari | tan karênan ing pratingkah kang tumingal ||

26. alon matur jêng ratu lawan sang prabu | kalamun sambada | ing karsa paduka aji | pan kawula kadêrêng miyarsa warta ||

27. putranipun Pangran Dipasana wau | wartane yu endah | angungkuli Nonah Kuwi | tur sambada maksih têdhaking awirya ||

28. wayah Sultan Mangkubumi kang dibya nung | bok inggih sang nata | kapundhut salah sawiji | kang asêpuh kabare satuhu endah ||

29. Radèn Ajêng Sayêkti kêkasihipun [kêkasih...]

--- 191 ---

[...ipun] | kang anèm Ngaisah | kawula monge sang aji | wus sumêdya amomonga maru kathah ||

30. sang aprabu alon pangandikanipun | apa têmên nyawa | prasêtyamu marang mami | kangjêng ratu umatur inggih sanyata ||

31. yèn mangkono sun tontonane bok ratu | ngiras tinjo eyang | Dipasana kang kaswasih | sri narendra wus dhawuh ngrakiti kuda ||

32. ingkang uwa kinèn dhèrèk sak rèhipun | sami kêkapalan | drahgundêr rolas wus rakit | sri bupati wus budhal nitih turăngga ||

33. ginarubyug pacara ampilan prabu | tak[24] kawarnèng marga | sarawuhing Batutulis | jêng pangeran mêthuk gupuh gurawalan ||

34. wusing tundhuk jêng pangeran dhodhok gupuh | sang nata ngandika | sampun dhodhok dika kaki | jêng pangeran matur sarwi manuhara ||

35. dhuh sang prabu musthikaning rat satuhu | susunaning jagad | sinuhun suhuning bumi | kang wibawa bukani nuswa Jawa[25] ||

36. nimbangana sayêktyantuk duraka gung | asma padukendra | kagunganipun Hyang Widhi | măngka wrana warananing Hyang Wisesa ||

37. datan kenging nyênyami marang sang prabu | tuwin ngungkulana | ing pangucap botên kêni | sri narendra gumujêng sarwi ngandika ||

38. adhuh kaki bilih wontên prajanipun [pra...]

--- 192 ---

[...janipun] | sarêng sampun kendhang | punapa ta maksih sami | jêng pangeran gumujêng alon turira ||

39. dhuh sang prabu êroh paduka pukulun | kang sampun bineda | wajibe pinundhi-pundhi | lawan pangkat paduka pan botên ewah ||

40. apan masih[26] wibawa jumênêng ratu | mêngkoni nagara | ing Ngambon amisesani | tur siniwi sagunging Kumpêni bala ||

41. punapa ta bedanipun jêng pukulun | duk maksih nèng praja | ing Surakarta sang aji | amung botên siniwi putra sêntana ||

42. sang aprabu mèsêm angrakêti gupuh | mring kangjêng pangeran | kinanthi binêkta manjing | jroning dalêm wus sami tata alênggah ||

43. ingkang eyang pinêksa-pêksa wus manut | ing kursi wus lênggah | kapering talundhag têbih | sri narendra nèng rêsban madyèng pandhapa ||

44. alon matur jêng pangeran mring sang prabu | anggèr sri pamasa | pun kaki kadi angimpi | sèwu bêgja karawuhan sri narendra ||

45. paran ingkang dados ing karsa pukulun | sang nata ngandika | pan amung prêlu têtuwi | pangran matur kapundhi sih padukendra ||

46. kaping kalih kula badhe ayun wêruh | ing putra paduka | jêng pangran gupuh nimbali | mring kang putra kinèn ngaturkên [nga...]

--- 193 ---

[...turkên] sugata ||

47. wedang lawan dhêdhaharan sadaya wus | wau sang lir rêtna | rangu-rangu ing panggalih | karibêtan wantune kênya diwasa ||

48. nêmbe mulat marang kangjêng sang prabu[27] | merang mamang ing tyas | nanging mung kapêksa ajrih | marang rama dadya nut tumamèng ngarsa ||

49. yèn cinăndra ing warna sang kusuma yu | ngronce sarirana | dêdêk pidêksa rêspati | kuning wênês labête amung kêpama ||

50. netra balut sare dhahare sinartu | dhasar sang kusuma | wus lami nga angêngirangi[28] | cahyanira wingit sêmune mardapa ||

51. angênguwung lir wulan kagya[29] mawêlu | alon lampahira | maras smu alindri-lindri | pan wus prapta manis nèng ngarsa narendra ||

29. Dhandhanggula

1. kadya kilat barung lawan thathit | sengga panjang putra tibèng sela | kêpyuring galih kalihe | sang dyah merang amungkul | sri narendra ngungun tan sipi | sakêthi nora nyana | mulat warnanipun | sang kusuma kèh èmpêrnya | lawan Kangjêng Ratu Mas garwa narpati | kang wontên Surakarta ||

2. mangke sampun pêputra sawiji | miyos jalu kêmbar lan narendra | ing warna myang sasolahe | dadya kambah kabubuh | sri narendra èngêt ing galih | lan garwa kang tinilar | myang putya[30] kang bagus | kadya pêcat jiwa kendhang [ke...]

--- 194 ---

[...ndhang] | sruning cipta kang kagagas jroning puri | purendra Surakarta ||

3. sigra kundur kajêng[31] sri bupati | rangu-rangu wirangrong mangarang | sampun rawuh ing dalême | niba jroning tilamrum | saking sangêt nahên prihatin | angêningakên cipta | nênêdha Hyang Agung | kawêngku sagung jajahan | salat daim angon napas manjing mijil | katrima mring Hyang Sukma ||

4. sampun manjing jagad sunyaruri | nênggih alam makdumira[32] | ngalam ginaib têgêse | wang-awang nguwung-uwung | wus tan ana bumi lan langit | padhang tanpa raina | pêtêng tanpa dalu | tanpa keblat papat miwah | tanpa luhur tan ana sawiji-wiji | nulya wontên katingal ||

5. nur Mukamad cahya anêlahi | angasorkên ing rêsmining wulan | sang prabu èmêng galihe | dene tan wruh lor kidul | wetan kulon datan kaèksi | wau cahya nurollah | wêwah agêngipun | pinandêng sri naranata | dangu-dangu kang cahya bolong kaèksi | wus manjing jroning cahya ||

6. byar katingal alam kang ginaip | nulya wontên swara kapiyarsa | hèh titah ingsun sang katong | ywa sumêlang atimu | marma sira ingsun timbali | marang alam kamulyan | ing kaanan [kaa...]

--- 195 ---

[...nan] ingsun | pan iya kaananira | iya sira ingsun kang sayêkti[33] | aywa uwas idhêpira[34] ||

7. iya besuk kang jumênêng aji | tan aliya amung darahira | wus muliha sira age | rèhne sira wus wêruh | iya marang kaanan mami | nulya byar sri narendra | wangsul kadi wau | langkung ngungun sri narendra | wus kacathêt ing sajroning sanubari | ngandikèng Hyang Wasesa ||

8. sawungunya kangjêng sri bupati | wus arêmbag lawan pramèswara | andadèkakên karsane | sang rêtna wus pinundhut | garwa marang sri narapati | wus sinungan pêparab | Bandara Dyan Ayu | Tejaasmara namanya | wontên malih nonah Cina garwa aji | wus sinungan pêparab ||

9. Radèn Ayu Dewaswara nami | pan wus jangkêp sakawan garwanira[35] | tiga pangkat paminggire | langkung sihnya sang prabu | gêgiliran raina wêngi | angladosi narendra | dene radèn ayu | Nonah Kuwi Rêtnasmara | mèh timbangan lawan Jêng Ratu Taruni | misesa jroning pura ||

10. ya ta wontên komisaris prapti | sowan dhatêng kangjêng sri narendra | myang residhèn sadayane | manjing jroning kadhatun | akalihan mundhi kintèki | saking kang wicaksana | jêng tuwan guprênur | jendral nagri [na...]

--- 196 ---

[...gri] Batawiyah | têrang dhawuh dalêm Kangjêng Sri Bupati | Wilêm kang ping kalihnya ||

11. ingkang kamot jroning kintèki[36] | amêdharkên pratăndha pêpudya | kasugêngan sri pamase | lan trimakasihipun | kangjêng raja dhatêng sang aji | dènnya sri naranata | karya arjanipun | ing Ngambon wus dadya praja | gêmah ripah tan ana dursila juti | ilang maling mêmala ||

12. sih rumakêt lan Guprêmèn Landi | esthanira lir nuwila gănda | kontap tumama tumuse | marang sadayanipun | para băngsa Eropah kadi | winêngku kulawarga | pêpungkasanipun | residhèn ngaturkên bintang | kumêndhuring ordhê Nèdêrlan sleyo di | ngagêmkên munggèng jăngga ||

13. ing dalune kangjêng sri bupati | mangun suka dhansah lan pra tuwan | tan cinatur rêroncène | garwa dalêm sang prabu | Nonah Kuwi wus garbini[37] | prapta mangsane babar | putri langkung ayu | sinung nama Sapariyam | duk laire wau ingkang jabang bayi | sang dyah seda konduran ||

14. langkung putêk tyasira sang aji | ingkang putra sinrahakên sigra | marang garwa paminggire | sira Rahadèn Ayu | Tejasmara angambil siwi | langkung sihing narendra | wau kang winuwus |

--- 197 ---

Dyan Ayu Tejaasmara | babar putri warnanira ayu luwih | saya sihing sang nata ||

15. kangjêng ratu kèlu langkung asih | wus ingambil putra sinung nama | Sapariyêm pêparabe | tan antara warsèku | radèn ayu wus bobot malih | kunêng wau kocapa | wontên sêrat rawuh | koran saking tanah Jawa | tuwan sidhèn ingkang ngaturakên tulis | yèn arining narendra ||

16. jêng pangeran panji kang wêwangi | Suryaningrat mantuning narendra | ingkang jumênêng samangke | kendhang marang ing laut | dêdosane dènnya matèni | marang Dèn Mas Walănda | dene garwanipun | tan kêna pisah saparan | radèn ayu ing mangke lagya garbini | karsanira kang rama ||

17. ingkang putra kinèn angapusi | sampun kongsi tumut nèng lautan | sagêda pisah kakunge | ywa kongsi marang laut | mring Mênadho nagari têbih | sang nata duk miyarsa | langkung dènnya ngungun | drawayan mijil kang waspa | pan kagagas lêlabuhane kang rayi | duk anèng Surakarta ||

18. pan sigêgên gantya kang winarni | nuju malêm Sênèn Wage tanggal | ping kalih nuju wulane | Sawal ing taunipun | Êdal lawan dèn sangkalani [sang...]

--- 198 ---

[...kalani] | pandhitane wus sirna | dening obahipun | pitung nagara dhukutnya (1767) | pukul astha sori garwaning narpati | Dyan Ayu Tejasmara ||

19. babar putra jalu warna pêkik | kangjêng ratu gupuh dènnya nyandhak | sarêng myarsa ing putrane | lamun miyos kakung[38] | dèn brukakên binuwang aglis | anjrit sarwi amular | sungkawa kalangkung | sang nata tansah ngrêrêpa | ngimur-imur ing garwa supadya lilih | nanging mêksa andadra ||

20. putra jalu wus sinung kêkasih | Bandara Radyan Mas Sawaliman | jêng pangeran jêjuluke | Suryaadmaja wau | apan sampun atur udani | marang nagri Nèdêrlan | pustaka wus laju | katur mring sri maharaja | bêbukane nawala atur udani | yèn Kangjêng Susuhunan ||

21. darbe putra jalu awêwangi | jêng pangeran Arya Suryatmaja | nyuwun titip ing wiyose | ing benjang akiripun | mung tumuta wibawa mukti | nèng nagri Surakarta | aywa kawlasayun | kangjêng raja sampun sagah | wus mangsuli sêrat paring trimakasih | dènnya sinungan wikan ||

22. lan pinundhut putra sri bupati | kangjêng raja nuwala umêsan | mêdal Bêtawi lampahe [lampah...]

--- 199 ---

[...e] | ya ta wau sang prabu | sruning èmêng sungkawèng galih | awit jêng pramèswara | nêdya turun apyuh | kadya mèh suduka jiwa | sri narendra agung dènira gendholi | anggèr aywa mangkana ||

23. mung wêlasa marang dasih kaswasih[39] | lan èmuta putranira nyawa | Si Timur ing suwarnane | mêsakake bok ratu | yèn kok tinggal baya wak mami | sayêkti karurungan | wirangrong sru gandrung | rangu-rangu tyas mangarang | dhuh kusuma lêjara driyanta gusti | aywa agung sungkawa ||

24. milaningsun sah saking nagari | tilar kawibawaning karajan | ing tanah Jawa nak anggèr | mung saking labêtipun | nênuwunkên mring sira yayi | darbea putra priya | têmah nêmu luput | kalakon kendhang mring sabrang | mêksa nora kalakon kasanta[40] yayi | mila dèn anarima ||

25. wus pasthine salira wus takdir | ugêr padha nêmu karaharjan | ingsun lawan sira anggèr | awèta runtung-runtung | momong putra putranta yayi | sapuluh kayangapa | wus karsèng Hyang Agung | kalakon nèng Ngambon praja | ingsu lawan sira padha nglabuhi[41] | ing lapa wati brata ||

26. nanging kangjêng ratu wus tan kêni | lami-lami kacandhak ing gêrah |

--- 200 ---

asangêt dados sedane | tangis umyung gumuruh | si narendra kantu nèng siti | orêg wong sanagara | sowan jro kadhatun | myang residhèn pra amtanar[42] | lan prajurit prapta baris jroning puri | ngêbaki palataran ||

27. angurmati kangjêng pramèswari | tan antara layon sigra budhal | gumuruh kêtip modine | samya donga kumruwuk | barung lawan drèling Kumpêni | mriyêm bal-ambalan[43] | gumludhug jumêgur | ing karsa jêng sri narendra | ingkang garwa pinêtak nèng taman sari | mrih calêg lan sang nata ||

28. surut dalêm kangjêng pramèswari | ing Sêtu Pon jam sakawan enjing[44] | Ramêlan ing warsa Êbe | sangkalanira taun | naga suwung sarnane[45] sami | ngobahkên pitung jagat (1768) | wau sang aprabu | langkung dènira sungkawa | sasedane kang garwa ing sabên ratri | dêdagan mring astana ||

29. sabên enjing kangjêng sri bupati | kliling anèng têpining samodra | mangimur-imur ing tyase | ya ta wau sang prabu | ingaturan mring jendral aglis | têdhaka marang kapal | prang kang arsa laju | dhumatêng nagari Padhang | mangagêma grutni jendra[46] mayor [ma...]

--- 201 ---

[...yor] pèni | manggihi jendral pêrang ||

30. Jendral Pagèn dinutèng narpati | bêdhah praja Padhang bêkta bala | gangsal èwu prajurite | sang prabu têdhak gupuh | usar kawan dasa kang ngiring | miwah para wadana | kapalan gumrudug | mangangge grutni sadaya | sarawuhe muara pinggir jaladri | residhèn mêthuk sigra ||

31. tundhuk sang prabu sampun kinanthi | minggah sêtum bargas wus rinêngga | dèn klambu linangse-langse | barêgas wus sumêbut | mancal saking pinggir pasisir | sagung kang kapal pêrang | kurmate gumuruh | ting galêgêr kolontaka | surak-surak swarane gumuruh adi | kadya nêngkêr ngawiyat ||

32. sarawuhnya ing kapal sang aji | tuwan jendral gupuh dènnya mapak | minggah wus samya kêkanthèn | wus prapta ing dhèg luhur | ingaturan sri narapati | lênggah ing trun karajan | kang rinêngga sampun | pra militèr gantya-gantya | manêmbrana rawuhe sri bupati[47] | tata majêng nyakawan ||

33. kinurmatan musikan ngrêrangin | Jendral Marês gêndhinging Walănda | gantya sang nata nambrama[48] | marang kang lagya rawuh | Jendral Pagèn nyenapatèni | raharjanirèng marga | jendral alon matur | dhuh anggèr jêng sri narendra |

--- 202 ---

kawulanta ingutus eyangta aji | bagendha maharaja ||

34. kinèn ngrurah ing mêngsah narpati | nagri Padhang kang bêk sura mrata | ulun nyuwun pangèstune | ing gusti sang aprabu | ingkang ambêg pandhita êning | mugi-mugi angsala | pangèstu pukulun | sirnaa dening kawula | sri narendra mèsêm angandika ris[49] | kula jurung pandonga ||

35. mugi-mugi rinêksaa dening | ing Pangeran lananga ing yuda | jinurungana kayune | jendral malah umatur | kaping kalih ulun tinuding | maringkên kang pustaka | sêrat angsul-angsul | saking kangjêng maharaja | tinupiksa bêbukane punang tulis | kalamun ingkang putra ||

36. pan ingambil putra sri bupati | maharaja ing nagri Nèdêrlan | kang putra kèn majêng age | wus yuswa pitung taun | Dyan Mas Sawal ngaturkên tabik | marang jêng tuwan jendral | myang Kumpêni sagung | sadaya pan sami urmat | wus ngaranan putrane Raja Wêlandi | kang măngka pamomongnya ||

37. Jendral Dhêkok ingkang angêmbani | karsanira narendra Nèdêrlan | ingkang măngka sisihane | Pangran Dipasanèku | tan kaliya wayah pribadi |

--- 203 ---

sang nata duk miyarsa | sukanya kalangkung | tan antara linarihan | kang minuman sapanya miwah branduwin | anulya lênggah dhahar ||

38. pista agêng jroning kapal api | angurmati putrendra samangkya | kaping tiga kundhisine | surak-surak gumuruh | sawarnine baita api | mariyême sauran | barung lawan tambur | kadi gêrah mawurahan | sabubare dhahar kondur sri bupati | ing kraton Batugajah ||

39. milanipun Jêng Raja Walandi | langkung asih dhatêng sri narendra | kadi kaduwung ing tyase | kendhangnya sang aprabu | tan kalayan dosa kang gati | amung nuruti garwa | tinut sapanuwun | rèh maksih kirang kang yuswa | tan wêweka kaburu sruning trêsna sih | wau ta kang winarna ||

40. rajaputra pan sampun pinaring | pangagêmanira cara jendral | sang nata langkung asihe | mring putra sang binagus | mèh sairip ing warna sami | kalawan sri narendra | nanging kaduk luruh | sang nata kaduk sarigak | mèntèr-mèntèr ing cahya sampun sairib | solah alus prasaja ||

41. wênês kuninge ambêngle kengis | sri narendra pan sugih wiraga | ganggas parigêl [parigê...]

--- 204 ---

[...l] solahe | ladak sawanganipun | ing salira lurus rêspati | dêdêg lêncir sambada | kèndêl sêmunipun | kang rama kaduk sêmbrana | lêlewane winor tanduking mêmanis | gapyak tur parikrama ||

42. yèn cinăndra wau sri bupati | sawang-sawunge ingkang wadana | miwah saparipolahe | pindha Sri Krêsna Prabu | gluwah-gluwèh nanging patitis | lamun putra narendra | candrane winangun | pindha putra ing Jênggala | kaduk luruh jêtmika pamulu manis | dadya kêmbanging praja ||

43. ya ta wau kangjêng sri bupati | wus parentah mring tuwan kumêndhan | lamun pinuju dinane | ing Sênèn Kêmis iku | wanci esuk bala Kumpêni | baris apalataran | kèhe satus-satus | miranti sanèn-unènnya | ngiras pantês angajari putra aji | Gusti Radèn Mas Sawal ||

44. nitih kuda ngabani prajurit | laju mubêng angubêngi pura | yèn ora Sênèn Kêmise | sêkolah karyanipun | busanane cara Walandi | kang putri cara nonah | dene kang tut pungkur | Jêng Ratu Timur punika | aran Inya Natadiningrat ngêmbani | dene Radèn Mas Sawal ||

45. Nonah Jipro [Ji...]

--- 205 ---

[...pro] pamomongirèki | Bandara Dyan Ajêng Sapariyam | aran Bok Kasih êmbane | Sapariyêm Dyan Ayu | Bok Kacihi pamomongnèki | răndha băngsa Bênggala | blanjane rongpuluh | mangane ngiras kewala | siyang dalu tan pisah kalawan gusti | saparan atut wuntad ||

46. kacarita wau sri bupati | darbe abdi kêkasih satunggal | wong Ngambon kawijilane | pangkat lurah pamayung | Ranadirja wastanirèki | nuju sawiji dina | andarbèni sunu | binuwang pawuhan[50] | wus pinuju marang kangjêng sri bupati | pinundhut putra angkat ||

47. wus atirib lan putra pribadi | sinung êmban pamomong satunggal | Nyonyah Koja pêparabe | Nini Ngabdul Subur[51] | saparena[52] tansah tut wuri | apan wus sinung aran | anênggih mas bagus | buwang putra pêpundhutan | siyang dalu tan kêna sah lan sang aji | pan langkung kinasihan ||

48. ya ta wontên caraka kang prapti | saking Mênadho wus katur marang | sri narendra age-age | duta ngandikan sampun | kerit dening mantri pawèstri | ngaturkên kang pustaka | wus sinuksmèng kalbu | bêbukaning kang nawala | atur sêmbah sumungkêm kawula [ka...]

--- 206 ---

[...wula] aji | pun Pangran Suryaningrat ||

49. ingkang langkung anandhang kaswasih | wiyosipun kawula tur wikan | ing paduka sri pamase | ari paduka prabu | adhiajêng darbèni siwi | wontên ing Batawiyah | amêdali jalu | nama Dyan Mas Akadiyat | salajênge ari paduka narpati | pisah lawan kawula ||

50. mantuk dhatêng Surakarta malih | kaping kalih kawula tur wikan | miwah kalawan lilahe | yèn kaparêng sang prabu | ulun badhe amangun krami | angsal nonah Walănda | Minci wantanipun[53] | sutane tuwan kapitan | asli saking ing tanah Ngambon nagari | nèng Mênadho wus lama ||

51. mung pangèstu paduka narpati | sri narendra alon angandika | hèh duta sapa jênênge | lan pira blanjanipun | adhi êmas dalêm sasasi | duta matur manêmbah | rayinta sang prabu | namung satus sabên wulan | pan kawula bêktan saking tanah Jawi | nama pun Wăngsatruna ||

52. sri narendra sigra mundhut aglis | amaringi arta pasumbangan | sèwu rupiyah kathahe | nya iki paring ingsun | wènèhna marang si adhi[54] | dene manawa kurang | kongkonana gupuh | marene nyuwun [nyuwu...]

--- 207 ---

[...n] maring wang | punang duta wus pinaringan pisalin | busana lawan arta ||

53. sri narendra langkung dènira sih | lan kang rayi Pangran Suryaningrat | kêrêp utusan sang rajèng | miwah kintun-kinintun | datan pêgat mèh sabên sasi | măngka doh antaranya | Ngambon lan Mênadhu | mawi nyabrang ing samodra | tigang dintên tigang dalu kapal api | ya ta wontên winarna ||

54. Dyan Mas Amat putranira nguni | Kangjêng Pangeran Dipanagara | anèng Makasar kendhange | sèwu balanjanipun | saturune dalêm sasasi | saking sinuhun sultan | ing Ngayogya Prabu | wau Rahadyan Mas Amat | nora krasan anèng Makasar nagari | sumêdya ngalih praja ||

55. nyuwun prêmisi lawan gupêrmin | wus kalilan nanging winalêran | tan kênèng tanah Jawane | dadyèmut driyanipun | lamun Ngambon ana narpati | mahambêg santa budya | palamarta nulus | krêtarta ing tyas ngumala | pinandhita tan pêgat agêntur tèki | nata bangun tapa[55] ||

56. wus lumêpas anabrang jaladri | tan winarna ing marga wus prapta | ing Ngambon sowaning rajèng | kapanggih lan sang prabu | sri narendra ngandika aris | paman sira bageya | praptamu nèng ngarsèngsun[56] | radèn mas matur manêmbah [ma...]

--- 208 ---

[...nêmbah] | pan kapundhi dhawuh dalêm sri bupati | dene sowan kawula ||

57. nêdya ngapdi ing paduka gusti | pêjah gêsang kawula katura | ing pada paduka rajèng | sang prabu duk andulu | langkung rêsêp raosing galih | dhingin trahing prawira | prajurit pinunjul | Pangeran Dipanagara | amumpuni guna prawirèng jurit[57] | wignya ulah ngayuda ||

58. wus ingambil putra lan sang aji | sinung ran Amas[58] Dipanagara | kinadangkên lan putrane | ya ta wau winuwus | Jêng Pangeran Dipasanèki | apan kacandhak gêrah | ing saliranipun | datan lami nulya seda | sinarèkkên ing astana Batutulis | sang prabu sru kasmaran ||

30. Asmaradana

1. karsanira sri bupati | miyos têdhak Dipasanan | anguntapakên layone | residhèn miwah kumêndhan | sami rawuh anglayat | purnane layon kinubur | sami kondur sowang-sowang ||

2. wau ta ingkang winarni | garwanipun jêng pangeran | kalih wus sami binoyong | lawan jêng sri narendra[59] | maring ing dhatulaya | angêmongi wayahipun | dyan ayu kalih wus samya ||

3. umiring karsa narpati [narpa...]

--- 209 ---

[...ti] | dadya pamomonging wayah | nèng Batugajah kadhaton | dadya lipuring duhkita | mulat marang kang wayah | trêsnane laki kapungkur | kunêng wau sri narendra ||

4. karya panglipuring galih | sasedanira kang garwa | mung tansah mangunêng tyase | siyang dalu gung kagagas | têmah lir karungrungan | wirangrong kayuyun gandrung | mring garwa jêng pramèswara ||

5. mila wau sri bupati | dènnya yasa pasanggrahan | nèng muara sampun dados | angongkang mring samodra[60] | asri rinêngga-rêngga | sinung aran wus misuwur | pasanggrahan panglipura ||

6. kinarya panglipur branti | dènnya sang nata wiyoga | mring garwa Jêng Ratu Anom | yèn kala nuju cangkrama | mring udyana nglipura | sagarwa putra sadarum | jro pura sami binêkta ||

7. lêlangên pinggir jaladri | yèn siyang agung badhayan | karya sêngsêming wong akèh | kathah kang sami tumingal | wong desa miwah praja | lyaning băngsa samya kèlu | nênonton gêlar dhasaran ||

8. dagangane warni-warni | untung akèh payonira | Cik Lănda Cina kojane | miwah kang idêr-idêran | sêga iwak panganan | laris wira-wiri payu | kayuyun kèh bakul prapta ||

--- 210 ---

9. yèn nuju sore sang aji | lênggah pinggiring samodra | lan garwa paminggir karo | Dyan Ayu Tejaasmara | miwah Dewaasmara | myang para putra sadarum | kacaryan sami tumingal ||

10. têbane kang jalanidhi | myang alun ombyaking toya | kumrusuk pating carèwèk | jumêgur kang nêmpuh parang | rupane warna-warna | abang ijo putih biru | kuning toyaning samodra ||

11. myang mirsani kapal api | miwah sagung kapal layar | mawarna-warna cirine | wênèh ana kapal prapta | sang nata angandika | kapal ngêndi iki rawuh | dene banderane pêthak ||

12. nganggo lètêr cawang katri | urdênas alon turira | ing Ruslan punika katong | dene bandera pinrapat | gusti punika Griklan | ingkang abrit cirinipun | alètêr lintang rêmbulan ||

13. punika baita Turki | kang bandera warna tiga | dhuwur biru ing têngahe | putih lan malihe merah | saking tanah Ingêlan | inggih tanah Inggris prabu | sang nata malih ngandika ||

14. mring urdênas juru tasik | ika manèh kapal prapta | pucuk abang banderane | têngahe [têngah...]

--- 211 ---

[...e] putih tur ămba | biru poking bandera | twan urdênas juru laut | alon umatur ing nata ||

15. dhuh gusti sri narapati | punika baita Dhitslan | langkung kacaryan sang katong | mulat kathahing baita | miwah kathahing băngsa | mawarna-warna dinulu | asri saking katêbihan ||

16. wus dangu sri narapati | dènnya mirsani samodra | sawuse surup srêngenge | kondur marang jroning pura | watara pêndhak dina | miyos malih sang aprabu | mring udyana panglipura ||

17. lir adat kang samya ngiring | para putri putra-putra | pêpingitan pra cèthine | miwah pra wadya punggawa | lêlangên nèng samodra | nitih palwa sang aprabu | sêkoci wus rinarêngga ||

18. tan kêna sah usar Wlandi | sêlawe sikêp sanjata | tuwan litnan têtindhihe | miranti slomprèt satunggal | nèng ngarsaning narendra | sêkoci pribadi sampun | rumêksa ngarsa priyăngga ||

19. wingking sêkoci pribadi | sagunging wadya punggawa | kawan dasa ing cacahe | kalawan juru suwara | wus samya asanengga | trêbang suling lawan piyul | umyung swarane wurahan ||

20. pasindhène amênyanyi | kêplok sasênggake giyak |

--- 212 ---

nèng madyèng samodra rame | kathah mina kang angambang | pindha amanêmbrama | ing rawuh dalêm sang prabu | kuliling lan garwa putra ||

21. warnane anggêgilani | mina kèh pindha dirada | pating kacêbur swarane | wênèh ana kadi kuda | wênèh kadya waraha | wênèh kadi singa tutul | miwah lir lutung rangutan ||

22. wira-wiri ting saliri | kanan keringing baita | titihanira sang katong | suka sagung garwa putra | mulat sakèhing mina | myang ngungun ing warnanipun | kèhing mina măncawarna ||

23. salamine lagi mangkin | mulat ing bêburon toya | tan beda lan dharatane | langkung kacaryan ing driya | sang nata lawan garwa | myang putra-putra lan sagung | pawongan cèthi parêkan ||

24. kasêngsêm sami makani | panggang tumpênge sajodhang | wimbuh pitik lawan bèbèk | kalih atus rip-uripan | pinakakakên têlas | sadaya mring iwak laut | dadya karênaning driya ||

25. dangu midêr jro jaladri | wau kangjêng sri narendra | suka makani minane | pating kalobak mamăngsa | tan antara kapyarsa | musikan umyung gumuruh | mariyêm ambal-ambalan ||

26. surake [sura...]

--- 213 ---

[...ke] mawanti-wanti | datan dangu katingalan | ngrênggunuk kapal apine | klèbète bandera Lănda | kêrajan ing Nèdêrlan | Jendral Pagèn ingkang rawuh | saking nagari ing Padhang ||

27. mêntas ungguling ajurit | bêdhahe nagari Padhang | wus cundhuk lawan sang katong | sri narendra ingaturan | minggah ing kapal pêrang | lan sagarwa putra sagung | pawongan wadya punggawa ||

28. sarawuh dalêm sang aji | anèng kapal sinunggata | bujana dhahare dhine | jendral mêmatu nuhara | pukulun sri narendra | angsal pangèstu sang prabu | kawula unggul ngayuda ||

29. mêngsah Padhang sampun tapis | sultane sampun pralena | ngong ngaturkên sal-angsale | ing gusti sri naranata | sajuga warni klewang | lawan bêstrong tiganipun | warni waos kudhi trantang ||

30. sadaya minăngka bêkti | kawula nata ngandika | langkung tarimakasihe | tan antara sri narendra | bubar dhahar pamitan | kondur mring Ngambon kêdhatun | sami andum karaharjan ||

31. jendral wus mancal tumuli | marang nagri Batawiyah | mampir Makasar lampahe | datan kawarna ing marga | ya ta wau narendra | wus prapta jroning kêdhatun | sineba kang para putra ||

32. anèng sadalêming puri |

--- 214 ---

sri narendra angandika | adhuh babo putraningong | jungut dèn kaparèng ngarsa | myang Ratu Timur sira | Pariyam Sariyêm gupuh | dèn cakêt nèng ngarsaningwang ||

33. sira kabèh sun tuturi | pratingkah kang utama[61] | dèn bisa sira nganggo[62] | ing benjing sira suwita | mring kang jumênêng nata | ing tanah Jawa sang prabu | dèn mantap ing tyas lêgawa ||

34. saprentah dipun lakoni | wajibe wong angawula | lumêbua gêni gêdhe | ambyura têlêng samodra | aja sira suminggah | sanadyan tumêkèng lampus | wajib sira lakonana ||

35. yèn antuk sihing narpati | aja angandêlkên sira | yèn kinasih mring sang katong | wêwalêre singkirana | aja wani narajang | yèn wania nêrak luput | tan wurung manggih sangsara ||

36. mapan ratu iku yêkti | tan duwe putra santana | kadang warga myang kasihe | miwah sanak pawongmitra | katrêsnan karikuhan | amung bênêr duwèkipun | yèn luput ukume padha ||

37. lan dhêmêna gawe bêcik | sapa asih mring wong liyan | asih mring awake dhewe | yèn sêngit marang wong liya | sasat sira tan trêsna | marang ing badanirèku | wong bêcik nêmu raharja ||

38. pituturku kabèh

--- 215 ---

iki | wus wajibe wong atuwa | tinut barang pituture | măngsa yèn amriha ala | yêkti amrih prayoga | yèn tinuta sarèhipun | ing dunya ngakir suwarga ||

39. miwah sira putra mami | rèhning tinitah wanodya | dèn bisa wruh ing awake | wong wadon iku wus kodrat | winêngku ing wong priya | ing benjang yèn krama gêndhuk | dèn mantêp mring lakinira ||

40. aja nêdya laki maning | angêmungna sapisan[63] | ing donya prapta ing êndon | nadyan winayuha kathah | ywa gumingsir tyasira | dèn narima ing Hyang Agung | ing lir batin dèn sêtya[64] ||

41. dadi slamêt donya ngakir | yèn ana ngarsaning priya | dipun amanis ulate | asarèh wijiling sabda | dèn bêsus yèn busana | dipun rêsik gêgănda rum | cumondhong nyondhongi karsa ||

42. aja wani nyulayani | kang dadi sênênging priya | rujukana sakarêpe | aja sira wani jina | lair myang kabatinan | yêkti nêmu duraka gung | ing donya praptèng ngakerat ||

43. wus lumrahe wong pawèstri | aja mêlang yèn tininggal | bedhang manungsa padhane | dèn ajêk manising ulat | poma nini èstokna | kabèh pituturku gêndhuk | lan manèh

--- 216 ---

sira wêruha ||

44. sira kabèh aran maksih | duwe sadulur têtiga | kang anèng Surakartane | wadon ro siji kang lanang | saking ing bok Ratu Êmas[65] | padha karo Ratu Timur | pêparap Dyan Mas Duksina ||

45. dene kang saka paminggir | padha kabèh karo sira | Dyan Ajêng Mênthik wastane | pandhadha Dyan Ajêng Mublak | besuk pitungkas ingwang | yèn sira wus padha kondur | ngajawa mring Surakarta ||

46. Ratu Timur sun butuhi | mènèhake kêris ingwang | Kyai Setankobêr kiye | ya marang arinira[66] | kulup Dyan Mas Duksina | ywa liya kang tămpa iku | angamungna arinira ||

47. sanadyan durung udani | sawang-sawunging wangunan | padha lawan warnaningong | mung kacèk nom lawan tuwa | dhuh babo putraningwang | marma ngong rèntès pitutur | rasane sampun karasa ||

48. kaya-kaya nora lami | gon ingsun amomong sira | baya wus padha bêkjane | amung dèn padha narima | sapuluh raganingwang | pamane surya wus bêdhug | gêlis surupe mring arga ||

49. wus tangèh esuke maning | dhêdhasare wus atuwa | tan bisa

--- 217 ---

bali nom manèh | marmane sira dèn padha | bisa manatagama | ing pribadi nora wurung | wong urip mêgat katrêsnan ||

31. Mêgatruh

1. sri narendra wus têlas wêwêlingipun | marang para putra katri | ing dalunipun sang prabu | amêng-amêng nitih bèndi | lawan garwa sakaloron ||

2. usar pitu wus miranti ngiring pungkur | kêkalih jajari ngarsi | Rahadyan Mas Sawal bagus | nitih kuda asêsirik | ngampingi iringan katong ||

3. gumarubyuk ampilan ngayap ing pungkur | para mantri jro miranti | kêlandhungan nyangklit wêdhung | rêspati wahana wajik | praptèng pacinan nanonton ||

4. taun baru Cina ramene gumuruh | têtingalan warni-warni | samarga-marga supênuh | jalma ingkang nêningali | yêl-uyêlan rêbut gon[67] ||

5. Bah Kapitan Kèhing mêthuk mring sang prabu | ingaturan sri bupati | mampir dhatêng wismanipun | sri narendra anuruti | amirsani sang akatong ||

6. wayang Cina langkung rame swaranipun | gubar bèrine tinitir | pra Cina urmat gumuruh | têdhak dalêm sri bupati | tan antara sang akatong ||

7. lajêng kondur sarawuhnya ngalun-alun | titihannya sri bupati | anjomplang wit ambênipun [a...]

--- 218 ---

[...mbênipun] | pêdhot turanggane jondhil | gupuh malumpat sang katong ||

8. ingkang garwa kalihe tibane lungguh | gugup kang samya umiring | rikuh dènnyarsa têtulung | amung ngarămpa kang bèndi | winayuyung wus ginotong ||

9. bèndi sampun pinulih pra mantri sagung | nanging kangjêng sri bupati | wus cuwa panggalihipun | tan karsa nitihi malih | kondure dharat kemawon ||

10. praptèng pura lan sagarwa putranipun | sang nata ngandika aris | nora enak bèndi iku | têtela yèn andrawasi | kabèh ing saturun ingong ||

11. aja wani nunggang bèndi poma kulup | kunêng tan winarna malih | ya ta wau sang aprabu | maksih putêk tyas ngranuhi | èngêt garwanira katong ||

12. Kangjêng Ratu Anom ingkang sampun surut | linali mêksa kaliling | cumanthèl anèng pandulu | gumantung anèng panggalih | malupa sarira katong ||

13. lami-lami kêcandhak gêrah sang prabu | sangêt sangsaya ngranuhi | pêtêng dhêdhêt mega mêndhung | riris sanagari tistis | residhèn tugur kadhaton ||

14. pinèngêtan ing dintên Akat Pon esuk | Rêjêp ping rolas [ro...]

--- 219 ---

[...las] kang warsi | wawu sinêngkalan sampun | karsaning jawata wus nir | rêsi lan pandhita katong (1777) ||

15. seda dalêm sinuhun kangjêng sang prabu | wanci pukul gangsal enjing | anjola bumine megung | gumuruh swaraning tangis | yayah lir prabata ruboh ||

16. gara-gara ru-ara ing samodra gung | lindhu bumi gonjang-ganjing | bayu bajra sindhung riwut | mêsês udan sinêmèni | residhèn wus ngatak gupoh ||

17. mring satabêl angungêlkên mriyêm sampun | kang nèng luhur baluwarti | têngara sedaning prabu | orêg wong sajro nagari | gumuruh manjing kadhaton ||

18. myang Kumpêni sadaya manjing kêdhatun | busêkan wus tata baris | urut pinggir pagêr têpung | saubêng mubêng cêpuri | kinêpung jroning kadhaton ||

19. wus kinêrig sadaya Kumpêni mêtu | inpatri[68] myang kapalêri | artilêri sambungipun | mardika Cina lawan Cik | balabar lir samodra rob ||

20. ngangge grutni miranti sasikêpipun | pra mayor lan kaptin upsir | litnan kronèl tindhihipun | robane irêng rêspati | bulu-bulune kumroyog ||

21. wus binuntêl pandhêle [pandhê...]

--- 220 ---

[...le] sangkêlat wulung | muluk leyone nèng nginggil | myang tambur-tambur sadarum | linaraban cêmêng sami | katon kasusahaning wong ||

22. tan antara tuwan jendral sampun rawuh | kanthi sarèhe kinêrig | kang para militèr laut | anglayat sri narapati | residhèn wus mêthuk gupoh ||

23. kinurmatan tambur rumpul tri gumuruh | barung lan swaraning musik | tuwin lidnan jendral laut | Dhêkok wus tumamèng puri | jendral angandika alon ||

24. hèh residhèn iya karsaningsun[69] | layone jêng sri bupati | kuburên kene bae wus | satêngahe dalêm puri | aja ginawa mring adoh ||

25. wus prayoga dadi kratone tan nganggur | nanging sagung pra Kumpêni | kang jagani sang aprabu | lêstaria ing salami | yèn kratone durung bobrok ||

26. sabab putra kabèh iku bakal kondur | marang ing nagara Jawi | residhèn wus ngatag sampun | kapala Arab para Cik | ngulama wus sami agotong[70] ||

27. layone dalêm wus pinêtak jro kadhatun[71] | gumuruh kang para

--- 221 ---

mukmin | ngulama sayit Cik jamhur | gumêr samya dêdongani | jaba jro gumrênggêng golong ||

28. dupa-dupa kumêlun pêtêng lir pêdhut | wus paripurna sang aji | waluya lir waunipun | anèng kaanan sajati | langkung nikmat karahayon ||

29. wus jumênêng lawan pribadinipun[72] | anèng alam kang ginaip | sru gara-gara gumuntur | orêg lindhu-lindhu gonjing | gumêbyar ana cumlorot ||

30. tan nyalèrèt ngidul ngulon paranipun | parêng adrês angin-angin | lesus mêsês lir pinusus | gumuruh kurmatan muni | tambur salomprète ngoprot ||

31. mungsik miwah gurnang gong umyung gumuruh | myang bèri-bèri thongthonggrit | gêmbrèng jam kênthongan nuthuk | saruni suling mêlingi | musik Cina ting calênong ||

32. trêbang kêndhang gêndho[73] swarane kumrusuk | lir yayah manêngkêr langit | parêng drèle bata rubuh | barêbêgi wanti-wanti | ping rolas urmat sang katong ||

33. ngaping kalih drèle sakumpêninipun | urmate Cina nyumêti | marêcon longe kumrutuk | mariyêm bètèng ngêgongi | ping salikur gumaronggong ||

34. sinauran [si...]

--- 222 ---

[...nauran] sadaya mariyêm laut | gumalêgêr wanti-wanti | residhèn wus atur wêruh | marang nagari Batawi | yèn sri narendra wus layon ||

35. tuwan bêsar wus laju ngaturi wêruh | marang nagari Walandi | myang ing Surakarta sampun | sigêgên wau winarni | kang para garwa sang katong ||

36. para putra myang abdi dalêm sang prabu | gêng alit sruning prihatin | nadyan godhong sami alum | kêkês sanagari tistis | baskara surêm tan sorot ||

37. pêdhut dhêdhêt ngêndhanu pêtêng mawêlu | lumintir riris wor angin | mêsês prahara gumrubug | kongsi prapta pitung ari | baskara lagi katongton ||

38. duk samana Gusti Jêng Pangeran Timur | Suyatmaja yusmanèki[74] | pan lagya sawêlas taun | langkung dènira mlasasih | sasurut dalêm sang katong ||

39. tan winarna pra putra myang garwa prabu | dènira nahên prihatin | lan sakulawarganipun | dhêdhêt prabaning jro puri | purendra sêpi katongton ||

40. pan sigêgên wau ta ingkang cinatur | wontên sêrat ingkan prapti | saking Surakarta Prabu | jêng sinuhun [si...]

--- 223 ---

[...nuhun] animbali | pra putra kang anèng Ambon ||

41. para garwa miwah para apdinipun | kang nêdya nut aywa kèri | residhèn wus dhawuh gupuh | kang dhèrèk kinèn miranti | tur sandika para sinom ||

43. amung Dyan Mas Amat Dipanagarèku | tan kêna mring tanah Jawi | kèri rumêksèng kadhatun | pasareyan sri bupati | jêng sunan sêmare ing Ngambon[75] ||

44. miwah para mantri-mantri ingkang kantun | balănja saking guprêmin | miwah pra wadana sagung | sadaya maksih lêstari | kèri anèng praja Ngambon ||

45. ya ta dintên Saptu wontên inggalipun | sawêlas Rabingulakir | Jimakir sangkalèng taun | èsthining pra wiku rêsi | mêmuji arjèng lêlakon (1778) ||

46. kangjêng tuwan residhèn wau winuwus | sore tumamèng jro puri | myang para tuwan sadarum | pra nyonyah sami ngurmati | bidhalipun putra katong ||

47. pra Kumpêni sami baris sadaya wus | awit kadhaton dumugi | muara pinggiring laud | sêsiyung mangapit margi | drahgundêr kèlu mirantos ||

48. kawan dasa sami grutni urmatipun | marang putra sri bupati | miwah [mi...]

--- 224 ---

[...wah] wus ingambil sunu | mring Kangjêng Raja Wêlandi | wusing jam gangsal gya bodhol ||

49. nitih rata ginarêbêg prajurit agung[76] | pra militèr ngiring-iring | residhèn nguntapkên laut | tuwin nyonyah Lănda sami | kabèh kumêmbêng rawat loh ||

50. kathah para dulu sauyêl supênuh | atembak atap apipit | satêpining sètu-sètu | băndalayu angêlayoni[77] | kayungyun kang sami nonton ||

51. gumuruh kang pakurmatan slomprèt tambur | suling sru mêlingi kuping | mungsikan umyung gumuruh | anjajari munggèng ngarsi | ing pasisir sampun rawoh ||

52. pra prajurit kang jajari kalih atus | baris pinggiring jaladri | tuwan jendral mêthuk gupuh | bêkta kapal prang kêkalih | miwah kapal layar kaot ||

53. ingkang badhe tinitihan putra prabu | myang sagung para pangiring | tan antara budhal sampun | putra-putrining narpati | nitih kapal layar gupoh ||

54. kinurmatan mriyêm dharatan jumêgur | brondongan drèling Kumpêni | rame kadi gêlap sèwu | kapal prang kalih umiring | wus mancal sing pulo Ambon ||

55. rangu-rangu kapirangu arawat [arawa...]

--- 225 ---

[...t] luh | mangarang tikbra nêkani | pulo Ambon pamanipun | êmbanan sêsotya adi | kapat pra putrane katong ||

56. wus aruntuh sah saking êmbananipun | surêm soroting nagari | wus lêpas ing lampahipun | samodra ombake aris | pinggir gumulung gumolong ||

57. langkung suka para gusti andêdulu | kathah pulo alit-alit | wus têbih nora kadulu | angêlangut tanpa têpi | awang-awang sumarowong ||

58. uwung-uwung tanpa lor kalawan kidul | mung banyu kalawan langit | tantara ana kadulu | pawèstri ayu linuwih | cahyane kuning mêncorong ||

59. lir sutèngsu lênggah ngudayaning alun | nora têlês dening warih | anut pandhêlonging alun | gumulung golong kaèksi | nora owah misih lunggoh ||

60. sarêng cêlak lan baita sang rêtna yu | mèsêm sarwi ngujiwati | bagèkkên pra narpasunu | para apdi anauri | gya wusna tan ana katon (namanipun Putri Srenah ratuning jim ingkang rumêksa laut Ambon) ||

61. sapal mubêng alun gêng swara jumêgur | pêtêng dhêdhêt anglimputi | clèrèt sru gumêbyar

--- 226 ---

barung | jumêprèt balêdhèg kêni | sigar byak palwa wis bobrok ||

62. ting jalêrit sêsambate sru gumuruh | tan ana kacipta urip | pating galagêp nèng laut | wah udan dêrês kapati | prahara gêng lir winuson ||

63. kapal pêrang kalih tulung rumêbut[78] | saking parmaning Hyang Widhi | wilujêng sadayanipun | kapal prang sampun lastari | laju lampahipun alon ||

64. praptèng pulo Bandhan kapal api labuh | putra dalêm sri bupati | sami mudhun saking prau | mampir dhumatêng nagari | ing Bandhan sami nèng kono ||

65. ngantos kawan dasa dintên laminipun | nèng hotèl pinggir jaladri | nêntrêmkên saliranipun | tuwan jendral ugi ngiring | ngêmongi putra sang katong ||

66. kapat wau sajuga Jêng Ratu Timur | arine Dyan Ajêng Gusti | Sapariyam malihipun | Dyan Ajêng Pariyêm katri | kapat Dyan Mas Sawal anom ||

67. ingkang bibi kêkalih sami tumutur | Dyan Ayu Tejasmarèki | lan Dewa Asmaranipun | Dyan Ayu Dapasanèki[79] | nèm sêpuh sami rumojong ||

68. saputrane Dyan Ajêng Ngaisah tumut | Radèn Cakradipurèki |

--- 227 ---

pêpatihira sang prabu | wus seda sumare ugi | anèng astana ing Ngambon ||

69. mung Ngabèi Arjaguna ingkang tumut | Dêmang Prawira rannèki | Ngabèi Sastrawiryèku | Răngga Ranawirya tuwin | Mas Agus buwangan adoh ||

70. lare kêmbar kontha-kanthi apan tumut | anak Dêmang Wăngga nguni | miwah powa-powa catur | bok pênatu mangsak tuwin | para êmban tan kêna doh ||

71. jalêr èstri kawan dasa kathahipun | anèng Bandhan ngantos lami | ngêntosi rotipun laut | samodra agêng tan sipi | alun gulungan gumolong ||

72. pinasangan bandera cêmêng ing laut | tan kenging palwa lumaris | alune sagunung-gunung | sarêng wus kawan dasa ri | rèrèh samodrane rot[80] ||

73. narpaputra sigra budhal sadaya wus | kerit tuwan jendral sami | para pangiring tut pungkur | wus manggih ing kapal api | sigra wus amancal gupoh ||

74. saking Bandhan apan sarèh lampahipun | alon angayêm-ayêmi | maruta nangsayèng ranu | samodra ombake aris | minggir gumulung agolong ||

75. ima-ima ngawêngi wiyat kadulu | wulan mawêlu dhadhari | riyêm-riyêm lir kalayu | kayungyun angêlayoni | marang sang lumampah andon ||

76. sarêng

--- 228 ---

enjing wontên pulo kang kadulu | Sumbawa nagari Bugis | tuwan jendral alon matur | anggèr yèn kaparêng sami | măngga mampir pulo katon ||

77. ing Sumbawa langkung sae kuthanipun | ngiras kulingling mirsani | ulun wontên prêlunipun | panggihan lan mitra mami | wus mangkana nuli laboh ||

78. ngungêlakên mriyêm ping tri jumêgur[81] | palwa alit-alit prapti | samya mêthuk lampahipun | kapal prang kang lagya prapti | tuwan jendral sigra bodhol ||

79. narpaputra kacatur samya tumutur | wus prapta Sumbawa nagri | antara lami nèng ngriku | samya ngenggar-enggar galih | pitu likur dina andon ||

80. tuwan jendral sampun mundhut turăngga gung | wêdalan Bima nagari | sami bopong ulêsipun | badhe katur mring narpati | Surakarta sang akatong ||

81. mung minăngka sal-angsale sang aprabu | tuwan jendral wus samyasih | tan antara budhal gupuh | manjing sing Sumbawa nagri | wanci jam nêm dènnya bodhol ||

82. kapal laju kèh pulo ingkang kadulu | ing Lombok ingkang kaèksi | kathah palakirnanipun | wus lêpas ing lampahnèki | pulo Bali sampun katon ||

83. tanah Jawi Banyuwangi ujungipun | ngêndhanu pêdhut nglimputi | dinulu

--- 229 ---

wingit kalangkung | panjang yèn tinon rêspati | tuwan jendral tuduh gupoh ||

84. lamun tanah Jawa pan sampun kadulu | para putra aningali | kacaryan suka kalangkung | myang para abdi tan sipi | gumyak-gumyak alok-alok ||

85. tan antara Basuki sampun kadulu | saya sukanira sami | para abdi andulu[82] | cikrak-cikrak amênyanyi | dene wus mèh praptèng ênggon ||

86. badhe panggih lan sanak saduluripun | yèn padha maksih basuki | nèng sabrang rongpuluh taun | nyanane tan bisa bisa bali[83] | malih mring tanah Jawa non ||

87. kadang mitra mila sukane kalangkung | katurutan ing sakapti | kangên palêsiran dulu | mring Cayudan mipik-mipik | rame sami kêplok-kêplok ||

88. tan wuwunsan[84] kang buka sukaning kalbu | wau ingkang kapal api | lampahe ngungkuli sampun | tilas karaton narpati | ing Jênggala nandhên mogok ||

89. mugag-mugêg tan bisa lumaku[85] | gègèr jroning kapal api | tuwan jendral nyêmprong gupuh | suwung sajroning jaladri | datan ana ingkang katon ||

90. mabusêkan jro kapal sami rawat luh | nyipta yèn badhe amanggih | bilai gêng malih rawuh |

--- [230] ---

para mantrus kontrang-kantring | tan ana wêruh ing wêwadon[86] ||

91. paran baya kang dadi darunanipun | kapal tan bisa lumaris | maras tyas sadayanipun | tan ana kang nyipta urip | payus cahyanira cowong ||

92. wontên mantrus satunggal ingkang antuk kawruh[87] | yèn ngriku tilas jro puri | karaton Jênggala agung | wingite kapati-pati | padatan wong Jawa nganggo ||

93. payo padha dêdupa kang para mantrus | miwah apdine pra gusti | sami dêdupa kumêlun | buwang kêmbang sami[88] | silir-silir maruta lon ||

94. tan adangu katrima panuwunipun | kapal prang sampun lumaris | enggar tyasi sadarum[89] | laut Surabaya prapti | lore Madura wus katon ||

95. apan kathah palwa ingkang sami labuh | kapal apik warni-warni | jujugan pra nangkoda gung | dagang marang Surawèsthi | kabèh samya anênonton ||

96. para putra kacaryan suka dêdulu | tan antara nulya kèksi | ing Grêsik saurutipun | Ngrêmbang Jêpara wus prapti | ing Samarang sampun katon ||

97. mênarane munggul saking doh kadulu | kathah baita kang prapti | yayah kadya kapirangu | onênging tyas amangun ing | wus lami dènira andon ||

98. mungsik kapal sadaya munya gumuruh | wus laju lampahnya prapti | ing êbum pan lajêng labuh | têngara mriyêm tumali[90] | kaping tri munya gumlonggong ||

--- [231] ---

99. wus pinêthuk palwa lit-alit kumrubut | myang tuwan asistèn prapti | ing êbum pamêthukipun | wusing minggah kapal api | anganthi mring putra katong ||

32. Kinanthi

1. para putra samya mudhun | wus nitih prau sêkèci[91] | Jendral Dhêkok atut wuntat | miwah sagung pra Kumpêni | ing lautan mêntas[92] | kalih atus sikêp karbin ||

2. sapraptanira ing êbum | tumamèng dharatan aglis | pinêthuk ing tuwan jendral | mayor ing nagri Samawis | myang residhèn pra amtênar | miwah wau kang bupati ||

3. ngirid sadaya rèhipun | para wada jajari[93] | miwah sagung para lurah | sami wahana turanggi | sadaya ngangge basahan | makutha cêmêng rêspati ||

4. prajurit dharat mung satus | ingkang baris angurmati | tata têpining samodra | datan mawi kapalêri | tambur rumpuling sapisan | urmate putra narpati ||

5. ginarêbêg ngarsa pungkur | para lurah anjajari | mriyêm laut bal-ambalan | gumalêgêr gêgêtêri | kadya gayuh ing gêgana | pakurmatan narpasiwi ||

6. pinggiring marga supênuh | kathah para nêningali | jalwèstri uyêl-uyêlan | dhêdhêsukan rêbut ngarsi | ana kang lara karuna | sêsambate mêlasasih ||

7. dene maksih padha timur | umure durung winanci | lola tinilar ramendra | eman têmên sri bupati | dene ta maksih taruna [ta...]

--- [232] ---

[...runa] | durung tutuk momong siwi ||

8. ya talah têmên sang prabu | pêpakuning tanah Jawi | dadak surut anèng sabrang | datan kondur angajawi | dhuh lae sri naranata | mêmêlas têmên sang aji ||

9. ya ta wau tan winuwus | warnanên pra narpasiwi | wus prapta ing residhenan | para Kumpêni kang baris | urmat rumpul ping sapisan | binarung kalawan musik ||

10. pèbêr mayor gêndhingipun | lajêng wus lênggah kursi[94] | para putri cara nonah | Dèn Mas Sawal cara Wlandi | andhèr para tuwan-tuwan | ajibêg wus linggih kursi ||

11. residhèn nambrama gupuh | lêladèn mawarni-warni | tan antara lajêng dhahar | pista agêng angurmati | ing rawuhing Litnan Jendral | Dhêkok komêndhan jurit[95] ||

12. ing lautan kang mêngku[96] | prajurit rumêksèng bumi | kundhisi surak wurahan | mariyême wanti-wanti | sabibare dhahar para | putra dalêm sri bupati ||

13. ingaturan pondhokipun | nèng kabupatèn Sêmawis | budhal kinuramtan munggang | carabalèn urut margi | tinata rontok ajajar | jinèjèr kadya jajari ||

14. kalangkung sinuhun-suhun | bujanira mênuhi[97] | lumintu sadina-dina | ngantos wolu likur ari | laminira nèng Sêmarang | tinutug sakarsanèki ||

15. ya ta dintên Akat esuk | kaping sanga likur sasi | Rêjêb maksih nunggal warsa | Jimakir sangkalèng [sang...]

--- [233] ---

[...kalèng] warsi | enthaning para pandhita | pitung buwana ngèstrèni (1778) ||

16. para putra bidhalipun | saking nagari Sêmawis | kerit tuwan litnan jendral | nitih rata pribadi[98] | bupati myang pra wadana | garubyug pra narpati siwi[99] ||

17. praptèng Watês wangsulipun | bupati wadana salin | ingkang sami gadhah bawah | dalah panêkare kêrig | garubyug wahana kuda | ngayap ngarsa kanan kering ||

18. wahananing narpasunu | gumuruh samargi-margi | tansah dadya têtingalan | tigang dintên tigang ratri | lampahe datan winarna | jendral lan pra narpasiwi ||

19. kunêng ta wau ta winuwus[100] | ing Surakarta nagari | sajêngkar dalêm narendra | Pakubuwana kang kaping | ênêm kang gumanti nata | mêngku rat Surakarta di ||

20. kaprênah paman sang prabu | Kajêng[101] Gusti Pangeran Di- | pati Arya Purubaya | jêjulukira narpati | Pakubuwana ping sapta | sawusing alami-lami ||

21. sadiwasanira sampun | putra dalêm sri bupati | kaping nêm ingkang wus jêngkar | anênggih Radèn Mas Gusti | Duksina wus pinaringan | asma sêpuh kangjêng gusti ||

22. Pangeran Ariya Prabu | Wijaya antara malih | sawusing krama narendra | putri Madura yu luwih | putra Sultan Panêmbahan | Cakraningrat kang wêwangi ||

23. wau ing sasurutipun | Kangjêng Gusti Mangkubumi | sapisan karsa narendra | putranya ăngka sawiji | Pangeran Arya Mataram | kaipe lan sri bupati ||

24. ginanjar jinunjung lungguh | gumanti rama Jêng Gusti | Mangkubumi rêng kalihnya | garwane sinantun nami | Jêng Ratu Bayun wus kondhang | mupakat wong sanagari ||

--- [234] ---

25. wau ta ingkang cinatur | pustakane jendral prapti | atur uninga narendra | tamtune dintên kang prapti | busêkan wong jro nagara | samya tata-tata sami ||

26. samêkta pamêthukipun | badhe wontên jendral prapti | ngirit para putra nata | kang wontên Ngambon nagari | mangke tininilar ramendra[102] | samya kondur angajawi ||

27. tangèh winuwus ing kidung | praptaning ari miranti | kadi adat saban-saban | pamêthuke jendral prapti | para pangran putra wayah | prajurit miwah pra pati ||

28. lawan risang mantri ngayun | duk samana sampun salin | warangkane Sri Narendra | Sasradiningrat ping kalih | wus seda sumare marang | ing astana Imagiri ||

29. wau kang gumanti mêngku | paprentahaning nagari | Sasradiningrat kaping tiga[103] | yèku pêpatih wus rêrakit[104] | pamêthuknya jendral marang | ing Kaleca wus miranti ||

30. wau ganti kang cinatur | lampahe pra narpasiwi | kang kerit Twan Litnan Jendral | Dhêkok prapta Bayalali | lêrês anèng asistenan | para putra kadipatin ||

31. apan wus sipêng sadalu | enjinge budhalan malih | gumrubyug wahana kuda | para mantri ajajari | wus prapta ing Kartasura | langkung kathah kang ningali ||

32. pra pangeran sami mêthuk | saya wimbuh kang ningali | atembak pinggiring marga | yêl-uyêlan rêbut ngarsi | bêntêt pindha bêbarisan | turut pinggir marga pipit ||

33. wau pra wadyabala gung | prajurit miji pinilih | tamtama wira utama | tigang atus ngangge grutni | sami yahana[105] turăngga | dinulu anggêgirisi ||

34. miwah kang para tumênggung | tuwin kang panèwu

--- [235] ---

mantri | prajurit ing Kartasura | kalih atus samya baris | sêsiyung têpining marga | urmat rumpul slomprèt anjrit ||

35. putra dalêm samya mudhun | lawan tuwan jendral ngirit | gumrudug para pangeran | sadaya ngaturkên tabik | lajêng lênggah ing Kalitan | pasanggrahan rinêngga sri ||

36. sinugata wedang sampun | inuman mawarni-warni | Jêng Gusti Pangeran Arya | Mangkubumi ngacarani | marang Tuwan Litnan Jendral | Dhêkok raharjaning margi ||

37. tuwan jendral alon matur | dhuh mitra kula jêng gusti | tan kirang arjaning marga | praptèng ngong dinutèng aji | masrahakên para putra | miwah garwendra paminggir ||

38. kang saking Ngambon puniku | katura sri narapati | kangjêng raja ing Nèdêrlan | miwah Guprênur Bêtawi | mangsulkên sagung rêrêksan | kasraha marang kang wajib ||

39. punika ta warnanipun | putra dalêm sri bupati | kang saking nagari sabrang | kacatur putrine katri | kakunge amung satunggal | sampun sinungan wêwangi ||

40. Jêng Pangran Suryatmajèku | Dèn Mas Sawal parapnèki | kang putri ăngka satunggal | kang lair Ngambon nagari | Radèn Ajêng Sapariyam | mijil saking Nonah Kuwi ||

41. kang wus sinung nama sêpuh | Rêtna Asmamara lêluwih[106] | dene kang anom pêparab | Dyan Ajêng Pariyêm nênggih | tunggil bibi lan Radèn Mas | Sawaliman sami mijil ||

42. Dyan Ayu Tejasmarèku | wayah Sultan Mangkubumi | anak Pangran Dipasana | amung patutan kêkalih | wus kinon majêng ngarsa[107] | para putra sri bupati ||

43. rinămpa kinêpung-kêpung | para pangran angarasi [a...]

--- [236] ---

[...ngarasi] | nglus-êlus lungayanira | Kangjêng Gusti Mangkubumi | alon wijiling wacana | matur tuwan jendral lirih ||

44. lah punika kadangipun | jêng gusti ingkang wêwangi | Ariya Prabu Wijaya | Dyan Mas Duksina duk alit | sinung wruh mring kadangira | sarêng samya brêbês mili ||

45. kalih sami onêngipun | drawayan waspa drês mijil | kadi murca jiwa kendhang | kagagas maranta[108] aji | dene dèrèng kongsi wikan | ramendra warnanirèki ||

46. maksih nèng jro garbanipun | lagya antuk tigang sasi | sadaya sami karuna | mulat ingkang nêmbe prapti | satriya sabrang ngajawa | bagus taruna yu luwih ||

47. amawa cahya ngênguwung | sumunu sumunar wêning | tan wingwang lawan ramanira[109] | kang putra lawan kang putri | pasêmon antêng jatmika | wadana anawang sasi ||

48. wau ta Jêng Ratu Timur | mèngêt èngêtaning galih | marang wêlinging ramendra | sigra masrahakên kêris | Ki Setankobêr tinampan | marang ing ari jêng gusti ||

49. tan antara budhal sampun | kumutug bala kang ngiring | sami wahana turăngga | miwah rata tanpa wilis | surêm soroting raditya | kasor dening ujwalaning ||

50. gêbyaring busana sagung | wadyabala balêrêngi | wau kang agung ingayap | para prawira nèng margi | tan dangu lampahe prapta | Kaleca pinêthuk aglis ||

51. residhèn asistènipun | miwah Jêng Radyan Dipati | Sasradiningrat sung urmat | marang jendral ingkang prapti | myang Kangjêng Gusti Pangeran | Dipati Mangkunagari ||

52. nèng Ngasêm pamêthukipun |

--- [237] ---

mangke sampun atut wuri | gumrudug tanpa wilangan | sampun rawuh jro nagari | umèp wong jroning nagara | sami suka aningali ||

53. datan wus langêning kidung | tuwan jendral sampun prapti | ing dalêm paresidhenan | pakurmataning nagari | kadya adating jendral[110] | tan ana owah sawiji ||

54. palêsthaning rawuhipun | pasunggatannya mênuhi | wusing mangkana bibaran | para pamêthuk wus mumih[111] | mung para putra narendra | binêkta mring kyana patih ||

55. ginarubyug pra tumênggung | para mantri jajari[112] | praptanira kapatihan | binujana amênuhi | tan wus ucapên carita | wau ta ingkang winarni ||

56. sang prabu ngagêm kêprabun | makutha tarak rinukmi | lênggah karajan malela | singangsana dhampar gadhing | andhèr kang para pangeran | putra dalah kang sumiwi ||

57. praptane jêng tuwan sampun | jendral ngaturakên tabik | wuse sinunggata wedang | tuwan jendral matur aris | marang kangjêng sri narendra | pukulun ulun tinuding ||

58. eyang paduka Sang Prabu | Sri Maha Wilêm ping kalih | miwah jêng guprênur jendral | sapisan ngêntukkên tabik | kaping kalihe punika | ngaturkên putra narpati ||

59. kang saking Ngambon puniku | măngsa borong sri bupati | eyang paduka wus pasrah | rèh sampun sami basuki | mung sakawan putra nata | kang sêpuh wus dèn paringi || ||

--- [238] ---

60. nama Kangjêng Ratu Timur | arinya malih pawèstri | Radèn Ajêng Sapariyam | Sapariyêm kang satunggil | Jêng Pangeran Suryatmaja | lan garwa paminggir kalih ||

61. punika sami tut pungkur | kang sêpuh namanirèki | Dyan Ayu Tejaasmara | Dewaasmara satunggil | myang Dèn Ayu Dipasana | nèm sêpuh ugi umiring ||

62. myang putra tilaranipun | Pangeran Dipasanèki | nama Dèn Ajêng Ngaisah | sumăngga sri bupati[113] | kawula sampun apasrah | punika warnanirèki ||

63. ngandika jêng sang aprabu | inggih sampun sun tampèni | kang sarta sun pundhut putra | dhasare sampun awajib | dimène eca kang manah | ngriki prajane pribadi ||

64. lah majua sira kulup | kabèh putra-putra mami | kaya pa suwarnanira | nulya maju ganti-ganti | sri narendra rawat waspa | èngêt putranya sang aji ||

65. dangu dènnya kapirangu | mulat ing putra pêkik[114] | wus kêmbar lawan kang rama | mung kaot lurah nglêlêntrih | sri narendra bagus brêgas | baranyak kinon rêspati ||

66. dipun krasan sira kulup | kene prajamu pribadi | wus padha manjinga pura | katêmua garwa mami | tur sêmbah wus manjing pura | wau ta sri narapati ||

67. pangandikanira arum | mring jendral tur trimakasih | dene sagung putra wayah | basuki praptaning nagri | miwah

--- [239] ---

pisungsunging jendral | sakawan kuda Sindêni ||

68. wus katur marang sang pabu | langkung dènnya trimakasih | gantya jendral kang wus sinungan[115] | pusaka wangkingan kalih | myang têkên wus binusanan | ing mas rêtna sêsotya di ||

69. tuwan jendral sakalangkung | marwata dènnya nampèni | pêparingira narendra | sawusing bujana bukti | pista agêng jro kadhatyan | kurmatane jendral prapti ||

70. miwah têtingalan sagung | wirèng badhaya srimpi[116] | wusing purna paripurna | jam kalih mundur tumuli | antara mung pitung dina | nèng Surakarta nagari ||

71. jendral sampun pamid kondur | tan beda nalika prapti | pakurmataning nagara | kunêng wau ta winarni | Kangjêng Tuwan Litnan Jendral | Dhêkok ingkang sampun mulih ||

72. Dèn Mas Sawal kang winuwus | langkung sihe si bupati | wus kadya putra priyăngga | kinadangkên wayahnèki | kang kalih ingambil putra | Dyan Mas Kapur arinèki ||

73. Akadiyan namanipun | putra tilarane nguni | Jêng Pangeran Suryaningrat | kêkalih wau kinasih | Radèn Ayu Suryaningrat | sakendhange raka krami ||

74. malih angsal mantri ngayun | Sasradiningrat kaping tri | tilas mantuning narendra | kaping pat pêputra siji | Dyan Mas Mênggung Arungbinang | parêng tinrimanan malih ||

--- [240] ---

75. putri dalêm kaping pitu | tilas garwanira nguni | Pangran Panji Suyaningrat[117] | nanging ora amêdali | wus tita mandayèng srana | sêsaratan antuk manis ||

 


Kurang satu suku kata: atata anèng pandhapa. (kembali)
Kurang satu suku kata: kasaru salomprèt muni. (kembali)
praptèng. (kembali)
Lebih satu suku kata: sadaya ngaturkên tabik. (kembali)
budhalkên. (kembali)
Kurang satu suku kata: samya mintir gumarunggung. (kembali)
Lebih satu suku kata: lèt-mèlèt ilate mêtu. (kembali)
Kurang satu suku kata: kalawan pratănggapati. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang badhe ndhèrèkakên praptèng pura. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: uwus ngrasuk busana pangantèn Cina. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: gasiyus kalawan srutu. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: amung Cina suling anjrit. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: sung sasmita lan wadya pangayun. (kembali)
14 sinungan. (kembali)
15 Kurang dua suku kata: wênèh ingkang amandhi abir rêspati. (kembali)
16 Kaptin. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: ingkang numpaki nyonyah rongpuluh. (kembali)
18 andulu. (kembali)
19 panganjure. (kembali)
20 mariksani. (kembali)
21 aprabu. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: wus palêstha satata lêlênggahipun. (kembali)
23 bèri. (kembali)
24 tan. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: kang wibawa ambukani nuswa Jawa. (kembali)
26 maksih. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: nêmbe mulat marang kangjêng sang aprabu. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: wus lami angêngirangi. (kembali)
29 lagya. (kembali)
30 putra. (kembali)
31 kangjêng. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: pan anênggih alam makdumira. (kembali)
33 Kurang dua suku kata: iya sira pan ingsun ingkang sayêkti. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: aywa was idhêpira. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: pan wus jangkêp skawan garwanira. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: ingkang kamot sasajroning kintèki. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: Nonah Kuwi wus anggarbini. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: kalamun miyos kakung. (kembali)
39 Lebih satu suku kata: mung wêlasa mring dasih kaswasih. (kembali)
40 karsanta. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: ingsun lawan sira padha anglabuhi. (kembali)
42 amtênar. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: mriyêm ambal-ambalan. (kembali)
44 Guru lagu seharusnya: 10a, ing Sêtu Pon jam sakawan enjang. (kembali)
45 sirnane. (kembali)
46 jendral. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: manêmbrama sarawuhe sri bupati. (kembali)
48 Guru lagu seharusnya: 8e, gantya sang nata nambramèng. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: sri narendra mèsêm angandika aris. (kembali)
50 Kurang dua suku kata: binuwang anèng pawuhan. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: pun Nini Ngabdul Subur. (kembali)
52 saparane. (kembali)
53 wastanipun. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: wènèhêna marang si adhi. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: nata ambangun tapa. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: praptamu ngarsèngsun. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: amumpuni guna prawirèng ajurit. (kembali)
58 Amat. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: lawan kangjêng sri narendra. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: angongkang maring samodra. (kembali)
61 Kurang satu suku kata: pratingkah ingkang utama. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: dèn bisa sira anganggo. (kembali)
63 Kurang satu suku kata: angêmungêna sapisan. (kembali)
64 Kurang satu suku kata: ing lair batin dèn sêtya. (kembali)
65 Lebih satu suku kata: saking bok Ratu Êmas. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: iya marang arinira. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: yêl-uyêlan rêbut ênggon. (kembali)
68 inpantri. (kembali)
69 Kurang dua suku kata: hèh residhèn apan iya karsaningsun. (kembali)
70 Lebih satu suku kata: ngulama wus sami gotong. (kembali)
71 Lebih satu suku kata: layon dalêm wus pinêtak jro kadhatun. (kembali)
72 Kurang satu suku kata: wus jumênêng kalawan pribadinipun. (kembali)
73 gêntho. (kembali)
74 Suryatmaja yuswanèki. (kembali)
75 Lebih satu suku kata: jêng sunan sêmare Ngambon. (kembali)
76 Lebih satu suku kata: nitih rata ginrêbêg prajurit agung. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: băndalayu ngêlayoni. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: kapal pêrang kêkalih tulung rumêbut. (kembali)
79 Dipasanèki. (kembali)
80 Kurang satu suku kata: rèrèh samodrane êrot. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: ngungêlakên mriyêm kaping tri jumêgur. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: para abdi andêdulu. (kembali)
83 Lebih dua suku kata: nyanane tan bisa bali. (kembali)
84 wuwusên. (kembali)
85 Kurang dua suku kata: mugag-mugêg datan bisa alumaku. (kembali)
86 Lebih satu suku kata: tan ana wêruh wêwadon. (kembali)
87 Lebih satu suku kata: wontên mantrus satunggal kang antuk kawruh. (kembali)
88 Kurang dua suku kata: bêbuwanga kêmbang sami. (kembali)
89 Kurang satu suku kata: enggar tyasira sadarum. (kembali)
90 tumuli. (kembali)
91 sêkoci. (kembali)
92 Kurang dua suku kata: pan ing lautan amêntas. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: para wadana jajari. (kembali)
94 Kurang satu suku kata: lajêng wus alênggah kursi. (kembali)
95 Kurang satu suku kata: Dhêkok komêndhan ajurit. (kembali)
96 Kurang satu suku kata: ing lautan kang amêngku. (kembali)
97 Kurang satu suku kata: bujanira amênuhi. (kembali)
98 Kurang satu suku kata: anitih rata pribadi. (kembali)
99 Lebih satu suku kata: garubyug pra narpasiwi. (kembali)
100 Lebih satu suku kata: kunêng wau ta winuwus. (kembali)
101 Kangjêng. (kembali)
102 Lebih satu suku kata: mangke tinilar ramendra. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: Sasradiningrat ping tiga. (kembali)
104 Lebih satu suku kata: yèku pêpatih wus rakit. (kembali)
105 wahana. (kembali)
106 Lebih satu suku kata: Rêtna Asmara lêluwih. (kembali)
107 Kurang satu suku kata: wus kinon majêng mangarsa. (kembali)
108 ramanta. (kembali)
109 Lebih satu suku kata: tan wingwang lan ramanira. (kembali)
110 Kurang satu suku kata: kadya adating kang jendral. (kembali)
111 mulih. (kembali)
112 Kurang satu suku kata: para mantri anjajari. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: sumănggaa sri bupati. (kembali)
114 Kurang satu suku kata: mulat ingkang putra pêkik. (kembali)
115 Lebih satu suku kata: gantya jendral kang sinungan. (kembali)
116 Kurang satu suku kata: wirèng badhaya sarimpi. (kembali)
117 Suryaningrat. (kembali)