Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 01–06)

Judul
Sambungan
1. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 01–06). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 07–16). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 17–25). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 26–32). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 19-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Pakubuwana VI][1]

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. madubrata puspitaning tulis | kang rinêngga pamêdharing kănca | saking pèngêtan gancare | rinumpaka ing kidung | kinudi mrih bisaa dadi | têtuladaning para | ugêring aluhur | nglêluri lêluhur kuna | kang kinênan wusadaning ala bêcik | papa kalawan arja ||

2. mulya waluyanirèng budi[2] | tumanêming kasidaning sêdya | tinêmaha katêmahe | tuman tumon tinêmu | tumalawung lawanging dhiri | kadhadha ing panêdha | lêpiyan kawuwus | sumingkira păncabaya | dinohêna ing halat myang tulah sarik | dènnya murwèng carita ||

3. wau ingkang winursitèng Kawi | nagari têlênging rat Jawa[3] | nênggih ing Surakartane | Adiningrat winuwus | kontap ing rat sanuswa Jawi | tan ana kang mêmadha | sasamaning ratu | agênging karatonira | bawane ing bawana ambawani[4] | kèringan parangmuka ||

4. kathah para raja kanan kering | kusut kasatmata wus warata | samya sumawita wèntèh | têtêpe sabên taun | atur-atur brana lan putri | arta myang wastra-wastra | pira-pira katur | makêtêr saisining rat | nagri Surakarta Adiningrat Jawi | jaya wiji jawata ||

5. wantah wutah wahyu miyatani | muliya [...] têdhaking Mataram | ratu luwih dêrajade | kinasihan Hyang Luhur | paugêran lêluhur nguni | kêna kinocapêna | arjaning praja gung | sabubaring bêrandhalan | ing Dipanagaran sawadya kajodhi | wuwuh arjaning praja ||

6. Surakarta

--- 2 ---

nyata pasir wukir | loh jinawi kêrta tur raharja | panjang-punjung rata rame | kang sarta wus misuwur | murah sandhang lan murah bukti | sabarang tinanêma | ngêmoh pangundhuh[5] | dhasar ngiwakkên samodra | palabuhan kathah ngubêngi pasisir | gampang mrih upajiwa ||

7. mila sangsaya kathah sujanmi | liyan băngsa samya dêdagangan | maneka-neka kawarnane[6] | kathah samya dhêdhukuh | wismèng dhusun lan wismèng nagri | sabaya pêpayonan | nora tuna untung | nadyan sundêl palanyahan | warna-warna lyaning băngsa bêcik-bêcik | akèh rêgane murah ||

8. dhasar kalis pra durjana têbih | abêbasan tumêlung kang cêdhak | amanglung kang têbih kabèh | padhang jagad sumuluh | nagari gêng obore wêning | têbih kunjaranira | kèringan ing sagung | satru jaya dalêm sirna | mungsuh-mungsuh samya sang mangsah ngabêkti | têtêp ratu utama ||

9. tuman-tumanêming tata-titi | têtelaning sajahad[7] warata | têntrêm tan ana bêncorèh | sarèh tan ana saru | sayuk rukun wong sanagari | tan ana cêcêngilan | prabawane ratu | ambêk manik pinasthika | duk samana kang jumênêng narapati | kaping nêm mangun tapa ||

10. kacarita jêjuluking aji | kang Sinuhun Kangjêng Susuhunan | Pakubwana Senapatyèng | Ngalaga ing Matarum | Ngandar Pahman Sayidin Adi | Panatane Agama | sarengating rasul | ratu adil paramarta | kang sambada ing warna taruna pêkik | pindha Sang Hyang Asmara ||

11. cahya mubyar manuksmèng sitangsi | lanyap longok [lo...]

--- 3 ---

[...ngok] barêgas bêranyak | lagya nêmbêlas yuswane | wantêr widagdèng têmbung | widindaya ing agal rêmit | sampurna ing aguna | guna marta nulus | wus kasob kaonang-onang | ratu dibya wirotama ing ajurit | sambada sugih bala ||

12. pra santana samya sêkti-sêkti | kacatur ingkang dadya manggala | para santana lurahe | bêbanthènging praja gung | Kangjêng Gusti Pangran Ngabèi | lawan Jêng Gusti Pangran | Kusumayudèku | katiga Jêng Gusti Pangran | Arya Purubaya kang catur Jêng Gusti | Arya Buminata[8] ||

13. pănca Kangjêng Gusti Mangkubumi | kang sapisan nagri Surakarta | wontên kang winuwus malèh | pêpakune praja gung | măngka agul-agule ngajurit[9] | senapati ngayuda | yogya munah satru | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara kang kaping katri | ipe lan sri narendra ||

14. wasis salir ulahing ajurit | kang minăngka manggalaning praja | inêbing kori sakèthèng | têtêp yèn nêmu ewuh | wontên malih wadya brêtyaji | anglurah ingkang para | wiraning praja gung | kêkasih Radèn Mas Arya | Cakrakusuma gagah prakosa kadi | Sang Prabu Baladewa ||

15. dene pramugarining nagari | kang angasta pusaraning praja | patih măngka pikukuhe | paugêraning ratu | bangbang alum-aluming nagri | apan wus kawisesa | dening mantri ngayun | angayomi sabawana | ajêjuluk kangjêng radèn adipati [adi...]

--- 4 ---

[...pati] | ping dwi Sasradiningrat ||

16. patih dibya wus sasat narpati | sinêmbah-sêmbah para punggawa | samba kanuragane[10] | kathah lamun cinatur | rêroncène patih linuwih | wau para manggala | punggawa gung-agung | kang sami amangku bawat | pra nayaka jaba jro nyakawan sami | Arya Jayadiningrat ||

17. kalih Purwadiningrate katri | Kartadiningrat jangkêpe papat | Suradiningrat namane | para bupati sagung | pan ing jawi ingkang nisihi | Tumênggung Wiraguna | Prawiragunèku | katiganya Mangkuyuda | Hănggawăngsa kapate nayaka jawi | dene para punggawa ||

18. anon-anon pangkat bupati[11] | Wrêksanagara Yasadipura | Yasanagara katrine | lan Bujanagarèku | pănca Jayanagara malih | Mangunnagara lawan | Martanagarèku | sadaya bupati praja | sêkti-sêkti samya wirotamèng jurit | prawira măndraguna ||

19. dene para bupati panamping | gunung misah majêgan galadhag | jêksa cinatur namane | Jaksanagara wau | Dipadirja lan Sumanagri | Mangkudirja kalawan | Wăngsanagarèku | Rajamanggala lan Cakra- | nagara myang Sutanagara lan Niti- | praja myang Kupraja[12] ||

20. Rajaniti lan Tirtanagari |

--- 5 ---

Amongpraja Bupati kratonnya | Pusanagara nandhone | lan Martapuranipun | kathah lamun pinurwèng tulis | dene jawining praja | măncanagarèku | pasisir datan winilang | amung mêndhêt ingkang samya anglurahi | Măncapraja kang wetan ||

21. Adipati Natadirja Pathi | Yudanagara ing Pasuruan | Mlayakusuma ing Pace | Wirasuma Madiun | iku angrèh para bupati | dene măncanagara | bang kulon winuwus | nanging wis kalong sinigar | dening kangjêng gupêrmèn binawah maring | Kraton Ngayogyakarta ||

22. amung kantun bupati kêkalih | ing Banyumas Prawiranagara | Căndranagara kalihe | Kêdhu Pagêlèn têpung | samya angrèh samèng bupati | dene para bupatya | ing pasisir kidul | wadananane mung satunggal[13] | ing Pacitan Suryanagara Dipati | ingkang lor wadananya ||

23. Suryadiningrat Dêmak Dipati | samya angrèh samining punggawa | nêracak kadikdayane | ing sabên taun[14] | gêgiliran para bupati | tugur nèng Surakarta | saprajuritipun | tangèh lamun cinatura | rêroncène wadyabalaning narpati | wau kang kawarnoa ||

24. sri narendra apan sampun akrami[15] | dhaup lawan sadhèrèk nak-sanak | putri saking Ngabeyane | sinung nama Jêng Ratu | Kancana tan antara [a...]

--- 6 ---

[...ntara] lami | sang nata malih krama | wayah kaping têlu | putri Mangkubumèn ika | prênah bibi nak-sanak lawan sang aji | apan wus sinung nama ||

25. Ratu Êmas tan antara malih | krama angsal ing Adinagaran | bibi nak-sanak prênahe | sinung nama Jêng Ratu | Madurêtna tantara malih | amundhut gar malih[16] | putra-putrinipun | Dyan Arya Adipamênang | canggah dalêm ingkang sinuhun ping kalih | apan wus sinung nama ||

26. nênggih Gusti Jêng Ratu Taruni | sampun jangkêp sakawan garwendra | kathah garwa paminggire | pinitung patang puluh | sanès petang badhaya srimpi | jaka palara-lara | manggung myang katanggung | ladèn saking măncapraja | pira-pira prawan miwah para putri | owon[17] kênya jro pura ||

27. samya lagya anêdhêng birai | ing busana ngadi-adi warna | mrih karênan mring sang rajèng | dadya busananipun | jroning pura sagung pra putri | têtêp lir suralaya | kratone Hyang Guru | kadhaton ing Surakarta | sarwa rêtna busananing pura asri | sasat ngendrabawana ||

28. kang minăngka sagung widadari | pêpingitan sagung putri dhomas | miwah bêdhaya srimpine | tangèh lamun cinatur | jroning pura kang para putri | kalangkung awibawa | panjênêngan ratu | garwa sakawan dah-endah | ngasorakên Ratih miwah Rarasati | ing

--- 7 ---

swarga ngendraloka ||

29. yèn cinăndra catur pramèswari | ingkang sêpuh Jêng Ratu Kêncana | putri ing Pangabeyane | langak-langak apatut | kasêmbadan bêranyak manis | dêdêg ngronje ajênar | wiragane kaduk | kèwês sêmune prasaja | lêlewane sêdhêng sèdhêt mêrakati | pindha Dyah Banuwatya ||

30. dene pramèswari kang sumêndhi | nênggih Gusti Kangjêng Ratu Êmas | putri ingkang Mangkubumèn | sêdhêng dêdêge tanggung | kaduk wilêt manising lathi | prasaja tan lêlewa | jêtmika ing têmbung | gandhange winor wiraga | sasolahe amigunani ngrêspatèni[18] | kuning sêmu mardapa ||

31. labêt saking kamuktèning puri | angalêntrèh sarèhing sakarsa | dumêling sênên cahyane | tumeja angênguwung | tinon pindha Dyah Rarasati | dene kang nomêr tiga | garwane sang prabu | putri ing Adinagaran | Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna nami | sèdhêt dêdêg pidêksa ||

32. wănda lurus kaduk ngrêspatèni | jênar wijang marada binabar | wilêt ing salêlewane | wiraga-raga patut | ngêsing sapda winor ing manis | kèwês saparibawa | bawane dyah ayu | pindha putri ing Ngastina | Dyah Lêsmanwati kang wuragil[19] | putri ing Pamênangan ||

33. nênggih Gusti Jêng Ratu Taruni | wiragane lir Dèwi Supraba | ambêngle kengis kuninge | wêwêg salira lurus | rêspatine

--- 8 ---

wuwuh mrakati | parigêl ing tanaga | lêlewane patut | sêdhêp kèwês pangandika | kaduk manising wadana nawangsasi | sumèh sêmu prasaja ||

34. wasis busana sênên ing liring | larang rêngune suwung tan ana | wignya miguna sarèhe | ing karsanirèng kakung | langkung bi basa basuki[20] | anuju nujwèng karsa | anyondhongi kayun | sang prabu langkung trêsna[21] | mring Jêng Ratu Anèm padununganing sih | tan pisah ing saparan ||

35. kasor kabèh pramèswari katri | tan winênang gêgandhengan asta | amung Kangjêng Ratu Anèm | saparan runtung-runtung | tinaruntun nèng asta kering | yèn ngubêngi jro pura | jêng ratu têtêlu | tansah umiring nèng wuntat | gumarubyug wuri kang para paminggir | srimpi miwah badhaya ||

36. yèn pinuju lêlangên sang aji | amakani bandêng nèng bandêngan | tan pisah Jêng Ratu Anèm | miwah lamun pinuju | mubêng-mubêng jroning nagari | tanapi pasanggrahan | tan pisah jêng ratu | jajar lênggah nèng kareta | pramèswari katrinya ngadhêp nèng ngarsi | salaminya mangkana ||

37. kusut ing tyas pramèswari katri | nanging agung winuwus ing driya | apa baya pasthine[22] | tan kandêl swatanipun | marang laki kang mêngku bumi | narima ing satitah | manawa ing besuk | anêmu wisesèng wuntat | tinata ing jroning driya nahên prihatin[23] | jêng pramèswari tiga ||

--- 9 ---

38. nanging tansah lumampah saari | barang karsaning raka narendra | tan mèngèng ing satindake | wèh ngêrês kang samya wruh | sasolahe jêng ratu katri | tan wus yèn cinarita | wau kang winuwus | Jêng Ratu Anèm samana | wus garbini praptèng măngsa mijil putri | warnendah sinung nama ||

39. nênggih bandara Dyan Ayu Gusti | Saparintên datan lami seda | amung jro pura tangise | langkung putêk sang prabu | miwah garwa Ratu Taruni | agung dènnya udrasa | kantu sak gènipun | agung pangimuring raka | mrih lêjare ing garwa kêrêp miyosi | cangkrama maring wana ||

40. amburu mênjangan lan kancil[24] | nuba ngirup mina ring bangawan | tan wus wuwusên critane | lêlangên sang aprabu | dènnya amrih sukaning sori | kunêng wau winarna | jêng ratu kang sêpuh | Kancana putri Ngabeyan | lami dènnya anahên driya prihatin | tangèh kapadhan karsa ||

41. rinasa-rasa pan saya risi | tan bisanon solahing rakendra | nêmpuh byat milalu ngalèh | lênging nala linuluh | lêgugane anglalu lali | puwara ambêbana | dèn wêdalna gupuh | kondur marang Pangabeyan | baya sampun karsaning Hyang Murbèng Pasthi | Kangjêng Ratu Kancana ||

42. panuwune sampun dèn lilani | kondur dhatêng dalêm Pangabeyan | orêg wong jro pura kabèh | pangungune ing kalbu | marang kangjêng ratu kang mijil | namane pramèswara | apan wus kapundhut | sinantun [sinantu...]

--- 10 ---

[...n] ratu bêndara | datatita wau kang winuwus malih | Kangjêng Ratu Taruna ||

43. tantara wus lami anggarbini | praptèng mangsanipun babar[25] | putrèstri endah warnane | kalangkung sukanipun | sang prabu sampun aparing[26] | nama dhatêng kang putra | bandara dyan ayu | nênggih Gusti Sapariyah | pêparaban timur dènira parêkis | langkung dinama-dama ||

44. nèng jro pura winong pramèswari | katiganya ganti-ganti ngêmban | miwah pra bibi sakèhe | giliran patang puluh | angêmongi dyan ayu gusti | tan wus yèn cinarita | wau gusti timur | ingugung sakarsa-karsa | kunêng wau kacrita sri bupati[27] | malih kagungan putra ||

45. putri saking paminggir kêkalih | ingkang sêpuh wus sinung pêparab | Dyan Ajêng Sadiyah mangke | bibi asmaraningrum | mung karane Dyan Ajêng Mênthik | ingkang anèm badara[28] | dyan ajêng winuwus | Mublak ingkang bibi nama | Imbaningrum paripurna putri katri | kalis têbih lêlara ||

46. enggal agêng putra-putri katri | kinêmba mring arta myang busana | kalangênan sawarnine | tangèh ucapên kidung | pangugunge mring putra katri | wau kang winursita | kangjêng sang aprabu | kondur saking siwaka[29] | pinêthukkên garwa pramèswari katri | nèng tundhaning talundhag ||

47. prabayasa mêndhak wus kinanthi | Ratu Anèm manjing kamar gora | lukar lir sabên-sabêne | sakapraboning ratu | palêsthane [pa...]

--- 11 ---

[...lêsthane] busana bukti | kêmbul lan pramèswara | katigane wau | miwah para putra-putra | putra wayah kang wus krama datan kèri | dhahar tunggil sateja ||

48. sabubare dhahar sri bupati | kadi sabên ngubêngi kêdhatyan | sarimbit Jêng Ratu Anèm | ingayab para arum | dene kangjêng ratu kêkalih | Êmas lan Madurêtna | sowangan wus kondur | marang puranya priyăngga | kawuwusa wau kang agung sarimbit | sang nata lan dayinta ||

49. nutug dènnya lêlangên jro puri | wusing kondur têrus masareyan | lawan Kangjêng Ratu Anèm | tumanêm ing sakayun | nguyu-uyu kayungyun sami | miluluting pamalat | pamulêting lulut | saluwaring karasikan | nêmbah matur Gusti Jêng Ratu Taruni | pukulun sri narendra ||

50. têbihêna ing tulah myang sarik | kamipurun cèthine sumêngka | tambuh tan wruh ing awake | nêdya darbèni atur | marang laki tur-atur luwih | mêngku ing sarat Jawa | ajrih yèn kasiku | sang aprabu duk miyarsa | turing garwa gapyuk rinangkul sang dèwi | tan wis ingaras-aras ||

51. liniling-liling dangu ngarasi | sarwi ngêlus-êlus sinomira | dhuh babo intênku dhewe | musthikaning kadhatun | baya ratu manis mrakati | kusuma aja maras | ing tyasira masku | age sira ngandikaa | apa ingkang sira ingkang karêpake gusti[30] | tumplakên tri bawana ||

52. jro kêdhaton kurasên kang

--- 12 ---

bêrsih | lamun ana kurange jaluka | têlung nagara punjule | mas rêtna sêsotya gung | samparana kadi karikil | marmane Hyang tan kurang | ing karaton ingsun | jêng ratu mèsêm manêmbah | dhuh gustiku kang satuhu pangran mami | ratu panutan amba ||

53. ing dunya myang praptanirèng akir | têtêp dununging sêmbah kawula | tulusêna parêkane | manjalmaa ping sèwu | aywa pisah têtêpa nyèthi | dhuh gusti sri narendra | têbih sing puniku | kang dados atur kawula | punapa gih gusti panjênêngan aji | têtêp sih mring kawula ||

54. sri narendra duk miyarsa aglis | angrungkêpi jajahanirèng garwa[31] | dhuh mirahku pindho gawe | kêrigên pra dyah ayu | wus tan ana kang dadya kapti | têbih mring para kênya | lyan sira intêku[32] | sanadyan ngendrabawana | para widadari isining swaga[33] di | tan ana kaya sira ||

55. ing sih trêsnèngwang tumanêm gusti | yèn ngantia trêsnèng dyah liya[34] | amung marang sira dhewe | cumanthèl ing jêjantung | wus gumantung tuntunging ati | mulêt poking paningal | ngidêri pandulu | sasat intên nyawaningwang | têtêp pati uripku nèng sira yayi | gusti aja wêweka ||

56. mèsêm tumungkul Jêng Ratu Ragil | adhuh sokur gusti dèn tulusna | asih marang cèthine[35] | nanging ta kula nuwun | kamipurun [kamipuru...]

--- 13 ---

[...n] nyuwun pêpanggil | tandhaning asih trêsna | mring parêkanipun | gusti nuntên paringana | putra kakung kang bangkit gumantya aji | mêngku rat Surakarta ||

57. paran lamun ngantos lami-lami | inggih botên darbe putra priya | eman têmên karatone | kabyat mèsêm sang prabu | sarèhêna karsanta yayi | yêkti măngsa suwunga | sira jumêrutku | pêputra priya dumadya | gumantyèngsun mêngku rat ing nuswa Jawi | yèn pinarêng dening Hyang ||

58. murbèng ngalam sayêktine gusti | măngsa dadak mindhoni karya[36] | babo pramilane anggèr | sêsuwunên satuhu | dènira Hyang Kang Maha Sukci | Gusti sira wênanga | mêmadhahi êmasku[37] | nurbuat wijining raja | dèn amantêp têmên panyuwun ta gusti | siyang ratri ywa pêgat ||

59. bokmanawa katurunan i[38] sih | ing Hyang Wisesa pinaringan wênang[39] | mêmadhahi ing wijine | ratu kang mêngku wahyu | ambawani bawana Jawi | wajibe mung rialat | yèn têmên tinimu[40] | nora luwih raganingwang | mung sadarma lumaku karsaning Widhi | êndi kang wus winênang ||

60. amadhahi wiji ngong narpati | upamane anyêbara kacang | marang gon sapakolèhe | ing lêmah kang wus patut | êndi ingkang bisa nukuli | yèku kang wus kalilan | anurunkên ratu | jêng ratu matur manêmbah | dhuh pukulun pangandikan ta kapundhi | mugi dèn tulusêna ||

61. lilah dalêm sampun [sampu...]

--- 14 ---

[...n] wontên malih | ingkang ngamungna badan kawula | ingkang madhahi wijine | ing ratu kang amêngku | tanah Jawa sampun lyan malih | sang prabu angandika | dhuh mirah intênku | gusti aywa layang driya | luwih bangêt gon ingsun ngewang-ewangi | kang dadi panuwun ta ||

62. matur malih jêng ratu wotsari | dhuh pukulun kalamun sanyata | kang dadya pangandikane | ing lair batinipun | nrus ing kalbu tan mindho kardi | ulun nyuwun bêbana | ing paduka prabu | lamun dèrèng kalampahan | ing panyuwun kula darbèni siwi[41] | priya ginadhang raja ||

63. gumantya ing kaprabon narpati | jêng paduka sampu[42] ngantos nyata | misik wanodya liyane | gusti kalamun sampun | kaparêng ing panyuwun mami | mugi dèn andikakna | ing sabda kang tuhu | paugêran kang rinêksa | duk miyarsa sang prabu lêgêg tan angling | dangu-dangu ngandika ||

64. adhuh nyawa mirahku kang dadi | paran ing sih ing katrêsnaningwang | nora pracaya batine | mring pangandikaningsun | kudu-kudu minta sayêkti | sajatine prasêtya | kang sêtya satuhu | gusti aja wancak driya | jênêng ingsun wus su tan cipta malih[43] | dyah liya amung sira ||

65. yèn ta durung kalakon mas gusti | panuwunira pêputra priya | têmên ora sêdya sèdhèng | marang dyah liyanipun | angamungna sira mas gusti | nyawa

--- 15 ---

lamun ngantia | ngong cidra ing wuwus | wuwus ingkang kawêdal[44] | aja awèt gusti gon ingsun ngratoni | mêngku rat Surakarta ||

66. gumalêgêr sajawining puri | obah gunung-gununge majupat | oyag sajagat gonjinge | gêtêr-patêr gumludhug | sru balêdhèg jumêbrèt mijil | saking bantala mubal | mandhuwur gumrunggung | sacêlaking pasareyan | măndhakiya gêtêring tyas sri bupati | wus nyipta yèn sanyata ||

67. andikanya ing wau sang aji | dènnya sampun aparing prasêtya | mring garwa Jêng Ratu Anèm | sinêksèn gunung-gunung | isèn-isèn jagad ngèstrèni | mirong-miringing driya | kangjêng sang aprabu | ngungun langkung miduwungnya | nanging agung sinamur-samur ing galih | sruning cipta narama ||

68. wusing purna prasêtyaning aji | wungu sare ngenggar-enggar[45] | marang jro patamanane | ingayap para arum | angalapi kang sari-sari | kulingling jro kalangan | anggèn taru-taru | turut têpining tanêman | sri narendra tansah wagugên ing galih | dene aturing garwa ||

69. pan kagagas-gagas jroning galih | nora lilih malah amêmular | mulur nalare angalèwèr[46] | gumêr woring kêkuwur | kawuryane pating saluwir | osiking tyas mangkana | dhuh babo ragèngsun | durung sah saking lampahan | lagi bae rampung prakaraning jurit | katêkan manèh mêngsah ||

--- 16 ---

70. luwih abot boboting ajurit | mungsuh măndraguna ing ayuda | sêkti tan ana wujude | aprang sajroning kayun | anguyuna ayuning bumi | nanging bênêr manawa | kabanjur wak ingsun | katungkul ing kawibawan | têmah lali nalurine kang mêngkoni | yèn tan pêputra priya ||

71. sapa ingkang gumanti ing benjing | angrèhakên ing karaton ingwang | miwah kang bala sakèhe | gunging kamuktèn ingsun | pan ginagas saya ngranuhi | tangèh yèn winuwusa | kangjêng sang aprabu | kondur mring prabasuyasa | kadya adat tan owah saari-ari | grining kang kawibawan ||

72. bawaning karajan tan winarni | ya ta wau hyang arka wus linggar | manjêr nglarap mangilèn[47] | hyang-hyang jaladra madu | mănda-mănda mindêng nyoroti | kabèh wêwangunanira[48] | jro kêdhatun[49] | hyang arka lèrèh lampahnya | kadi dèrèng marêm dènira ningali | jro pura Surakarta ||

73. srining busana katon adi[50] | miwah wulat èstri jroning pura | kayuyun solah bawane | duk samana sumurup | diwangkara saengga purik | muriki wong jro pura | tan ana wong kang nusul[51] | mangilèn ing dawangkara[52] | gumrah manuk-manuk mêmilih gon sami | kasusu praptanira ||

74. sang hyang wulan pan mèh andhadhari | ingkang pêksi ajrih bok kawênangan[53] | marang ing taman [tama...]

--- 17 ---

[...n] parane | kukila kadi wayuh | anggiliri saking sangêt sih | wulangun tyas angarang | mring kalulutipun | kombang brêngêngêng marêngya | nèng wiwara lir wuwus mriyêm pradèng sih | misesa ing asmara ||

75. amicara carita suruping | toyanya lumrang limut araras | gêgana abra sêkare | lintang kadya sumawur | kèhing para sajroning puri | manuk katut mata[54] | manêmpuh rum-arum | wulan mamingkis araras | amuwuhi kalangênan srining puri | pura surendra loka ||

76. balêrêngi rêsmining kang sasi | gumêbyar busananing jro pura | sangsaya wuwuh rarase | wor lintang-lintang wuluh | muncar-mancur nèng wiyati[55] | tunggal prabaning wisma | ing srikanta panggung | gèning pramèswari nata | pan ing kono kalanira sri bupati | nambrama mriyêmbada ||

77. lawan Gusti Jêng Ratu Wuragil | kilèning wisma kanan kang taman | butulan mring bandêngane | latar krikil sumawur | tinatirah ing bata putih | pinacak suji rancang | tinunjung ing cèt biru[56] | gapura ingukir samya | bêbatune pinulas parada kuning | gumêbyar diwangkara ||

78. wulan mawêlu sumilak kadi | ngintip-intip kontap mangun atap | ing suraloka langêne | gêbyaring lintang luku | silih lawan kayun-kayuning | kang rinênggèng parada | têtirah sumunu | sinêrang ing samirana | tejaning ron kèngêl kadya

--- 18 ---

ngêlayoni | pradapaning parada ||

79. kongas mengas tumamèng gănda mrik | widaning dalu mênuhi grana | graitaning tyas rarase | wangwang wangunan wungu | wonga-wonganing dyah kaèksi | wus kawawas jroning tyas | wiweka kawêngku | têngis anangis upama | rarasing dyah rinabasèng kakung ajrih | liruning têmbing-têmbang ||

80. wênèh ana parêkan aguling | timpah-tinimpah sami rowangnya | liling-linilingan gêntèn | gantya guyu-ginuyu | rewa-rewa ganti nitihi | kalih samya sukanya | myang ngrurum rinungrum | sinau pulang asmara | parandene ana kang wasis awêgig | laris samya sinambat ||

81. yèn angungrum ing awak pakolih | malah kadi rinungrum ing driya | gêtêr mêngkarag wulune | yèn suwe saya angluh | kadi bêdhêl kulit myang daging | tyas ajur ting balêsar | tibèng siti mamur | sumyur mawur acasaran[57] | sru kumêpyar malah rahsanira mijil | sruning asmara cipta ||

2. Asmaradana

1. tangèh langêning pawèstri | wênèh ana jêjelungan | gulaganthi lawah bêncèn | kêndhi gêrit myang jamuran | lèyèk sarta kauman | gumêdêr rame gumuruh | swaraning kênya jro pura ||

2. tan wus warnanê[58] ing tulis | sampun surus[59] sang hyang arka | gumêbyar katon lintange | lumrang gandane puspita | ulêkan jroning pura | pinanduk maruta musus [musu...]

--- 19 ---

[...s] | marma sumawur kang sêkar ||

3. anjrahing siti pan asri | sri tinon pating karêthal | kataman dening obore | para bupati kang nganglang | rêspati nyangking pêdhang | wuri prawira gumrudug | sikêp gêgamaning aprang ||

4. têpung ngubêngi jro puri | ing sabên dalu mangkana | para bupati kang caos | nganglang lan para prawira | wira-wiri kaping pat | ing dalu datan cinatur | kunêng gênti kang kocapa ||

5. enjing kangjêng sri bupati | miyos lênggah ing parasdya | mariksa srimpi galadhèn | bêksa gêndhinge ludira | muluk sênggake umyung | ngrangin găngsa nganyut-anyut | wilêt wor swaraning bawa ||

6. pasindhèn kang para èstri | kawuryan kêplok ngumandhang | condhong lan tibaning êdhong | ing gêndhing gêndhunging kêndhang | alok adhêlak-dhêlak | mêlung swarèng canthang balung | muwuhi kuwunging pura ||

7. rêrêng sêrênge pan asri | sri tinon rêsmining pura | lir Kaendran upamane | duk Hyang Girinata lagya | cangkrama langên taya | para widadarinipun | sarimpi miwah badhaya ||

8. jibêg pra dewa sumiwi | isthane para sêntana | kang sumiwèng ngarsa katong | miwah gung para putra[60] | pangeran panji riya | dènmasan urdênasipun | kang samya saos sadaya ||

9. titim[61] nèng paseban sami | tan awor sapăntha-păntha | mêlatêr nèng palatarane[62] | samya konjêm ing batala | ingkang [ing...]

--- 20 ---

[...kang] samya sewaka | suka tyasira sang prabu | mulat ing putra santana ||

10. katon suyudira sami | lulut sih trêsnèng paseban | tan ana kang ngothangake | pangeran putra santana | riya panji dènmasan | saking kadarmaning prabu | karoban ing danamarta- ||

11. nira sang nata mratani | ambêlabar pindha bêna | ing bêngawan tanpa pêdhot | mili ing sadina-dina | mratani ing sabuwana[63] | bawaning kêprabon prabu | pramukane pramudita ||

12. têtêp tyasira kang mêsthi | sawusing kadya mangkana | wau ta kangjêng sang katong | dangu mirsani badhaya | kang bêksa ing ngarsendra | milih dyah kang ayu-ayu | kang wignya wiragèng raga ||

13. sêdhêng-sêdhênging birai | sampurna ulahing bêksa | parigêl tandang tanduke | kaduk wilêting lêlewa | lêpda sampurnèng basa | iramaning gêndhing lulut | lêkêting raras asmara ||

14. warata wasis pangliring | galak sumêdhèting ulat | ngujiwati mring sang katong | katênta yèn piniluta | warata samya cipta | ciptaning driya atrênyuh | rênyêping solah wigêna ||

15. nata gung dèn inggati[64] | gatining lara wanita | tan tinampan sasmitane | sinamur ningali bala | kadyewa tan kawawa | para dyah samya miduhung | sinamar nyampar seredan ||

16. mêdhi kèngsêr sirig nêbih | muriki kang darbe pura | mila sang prabu têmahe | tan age agah-agahan | tan keguh

--- 21 ---

ing panggugah | kang kagugu ing tyas agung | karasa aturing garwa ||

17. sinamar sinamur ing galih[65] | linali-lali linalar | mulur lir dèn elingake | dangu-dangu sri narendra | matah kêparak jaba | wanita pangkat tumênggung | nama Nyai Sêcapura ||

18. hèh jaba dhawuhna aglis | marang gandhèk ingkang jaba | kon nimbali bapa Patèh | Sasradinengrat dèn enggal | manjinga jroning pura | nyi tumênggung nyêmbah mundur | praptèng bale marcukundha ||

19. wus nuding gandhèk kêkalih | lêlayu mring kapatihan | kunêng ta wau lampahe | kalih dutaning narendra | wau ing kêpatihan | sira risang mantri ngayun | wibawa apdi narendra ||

20. sinêmbah para bupati | sambada ambên muskitha | gunamartane angêntèk | wêweka tyas sadubudya | widakda lêbdèng basa | basa basukining têmbung | asih marang kawlasarsa ||

21. waskitha manthêng patitis | ajêg tindake nagara | miwah ta pangadilane | warata sinama-sama | nyata patih utama | tumanêming bawana gung | warăngka kondhanging praja ||

22. kabèh kang dipun wêngkoni | ing sajroning jagad Jawa | wus sirna pangrêsulane | anggêpe sami ambapa | marang sang mantrimuka | ajrih lulut sumuyut[66] | iyêg sumangsah sumêmbah ||

23. mila kèringan ing têbih | kalising para dursila | durcara ilang labête | saking bawaning apatya |

--- 22 ---

arjaning praja-praja | ing ngamănca miwah dhusun | têntrêm tan ana bêncorah ||

24. eca tyasing wong sabumi | gampang amèt upajiwa | katêkan barang karêpe | saking arjaning nagara | murah kang sarwa boga | sabarang rèhing praja gung | linakon ora rêkasa ||

25. kasamur sunaring ati | suka tètèhing parentah | mung satitah tumindake | kèdhêp ing saparibawa | bawaning sang apatya | wignya sampurnèng pamêtu | jrih asih wong sanagara ||

26. sêmbada lan pra bupati | kang samya bêkêl parentah | samyambêg raharja kabèh | warata pinasthika[67] | asih sasama-sama | milane saya kalangkung | raharjaning Surakarta ||

27. kunêng wau ta winarni | sira risang mantrimuka | lagya kalangênan wirong | anèng ing pandhapa umyang | ngarangin kang gamêlan | rarase anganyut-anyut | wirèng èstri binusanan ||

28. wus kadya badhaya srimpi | bêksa pat dhadhap kreta[68] | dhasar wadagdèng[69] solahe | parigêl bisa wiraga | kaduk galaking ulat | ngècèr èsêming tumungkul | akarya brangtaning priya ||

29. dhasar wus lêbdèng pakarti | titining asmara tăntra | amêmengin sasolahe | jaragan wadon eceran | mila yèn kapatihan | wirèngan èstri gumubyrug[70] | para priya kang tumingal ||

30. ngintip-intip jawi kori | korine ingkang butulan | kathah

--- 23 ---

tumingal ngalèsèt | nèng ngisor waringin jajar | sinambi amêmangan | jajanan kathah ing warung | wira-wiri para magang ||

31. magang pakaryaning sami | samya bêsus ing busana | sambada kabagusane | sutane para bupatya | pasisir măncapraja | myang panèwu mantri patuh | răngga dêmang miwah jajar ||

32. pamagangane kang manjing | kawêngku ing kêpatihan | ngayangan ewon cacahe | busêkan sadina-dina | seba anambut karya | tangèh warnanên ing catur | wau jêng radyan dipatya ||

33. eca dènnya lênggah kursi | nèng pananggap sisih wetan | dèn ayap pra kanomane | kang angampil upacara | tamèng kalawan pêdhang | pakêcohan myang pusipun | nèng ngèmpèr jajar satata ||

34. eca dènira siniwi | sang patih angiras rêrasan[71] | agunên panggaweyane | lan nayaka lid pradata | kang nuju samya seba | anglapurkên karyanipun | tindakên adiling praja ||

35. kasaru praptaning kalih | gandhèk carakèng narendra | gupuh sang patih adêge | saking kursi palênggahan | mêthukkên ing talundhag | pindhane pandhapa manggung | pandhodhoke ngapurancang ||

36. kandhêg dutaning narpati | kalih anèng bale rata | angadêg alon ature | nêdha rahadyan dipatya | jêngandika ngandikan | manjinga jroning kêdhatun | sandika rêkyana patya ||

37. mundur kalih cundaka ji | sang nindyamantri

--- 24 ---

wus sigra | angrasuk kaprabon age | clana gubêg cindhe abang | kampuh rêngganis pradan | ukup moga lugas wungu | makutha biru balibar ||

38. warăngka ladrang rêspati | sinêlut ing êmas sulaman[72] | intêne pating pancorot | kêna sunaring raditya | gumêbyar gêbyar-gêbyar | wusing purna mantri ngayun | dènira busana sigra ||

39. miyos jawi wus cumawis | kuda titihan nèng ngarsa | cara karajan kambile | wus budhal rêkyana patya | gumuruh mawurahan | kang umiring sêlur anglur | gêgaman ngrakit jajaran ||

40. tan kocap rêkyana patih | lampahe anèng marga[73] | mandhap ing galèdhègane | laju malêbèng jro pura | kandhêg ing marcukundha | panggih bupati kang tungguk | sigra wus atur uninga ||

41. ing narendra dèn timbali | kerit Nyi Gung Sêcapura | lawan bopati kang caos | wus praptèng ngarsa narendra | têbih ingawe sigra | cêlak rinakêtan gupuh | wus parêk sarsa[74] narendra ||

42. tur sêmbah gupuh alinggih | sang prabu alon ngandika | bapa mulane sira ge | sun timbala[75] manjing pura | prakara mantunira | Ni Mbok Ratu Nom anjaluk | pêputra ingkang abakal ||

43. gumantya kaprabon mami | ngratoni ing Surakarta | luwih karya walangatos | ribêting tyas ingsun bapa | katêmpuh ing prakara | karane wênang wus sanggup | dombani panyuwunira ||

44. tan liya-liyaning [liya-...]

--- 25 ---

[...iyaning] èstri | kang masthi amadhahana | nurbuwad wijining katong | liyane ing mantunira | Ni Mbok Ratu Taruna | ingsun wus jumurung agung | nyantosani ing paminta ||

45. tibaning wiji narpati | aja nganti tibèng liya | aliya bèk[76]@@ Ratu Anom | onêng tyas têmah prasêtya | sêtyane kang sanyata | mulane asru kaduwung | hèh ta bapa kaya ngapa ||

46. yèn ta kalakona nganti | wiji tibaning aliya | paran baya wêkasane | sêtyèngsun wus kawêdal[77] | ing basa kang rinêksa | bêbasan lamun kalantur | dening Hyang Murbèng Wisesa ||

47. paran widakdane dadi | ing rèh tindaki kasidan | ing panêmu panyuwune | ngaurip wajib istiyar | ngupaya guna bisa | bisane lêstari tuhu | ing sêdya arjaning basa ||

48. bisa sah saking prihatin | rêkyana patih miyarsa | ing pangandikaning katong | kadung sru pangungunira | wusana lon aturnya | dhuh pukulun sang aprabu | kalangku[78] gampil punika ||

49. yèn sampun pinarêng takdir |[79] | ing sarana sêsarate | ing ngriki wontên pandhita | kados paduka nata | sampun mirsa nanging prabu | kasupèn saking wus lama ||

50. sang prabu ngandika aris | ing ngêndi bapa dunungnya | pandhita kang wus linuwèh | tur sêmbah rêkyana patya | inggih Ngrêbabu arga | bawah Salatiga gunung | Kyai Thuthuk wastanira ||

51. kagyat sang prabu lingnya ris |

--- 26 ---

iya bapa sun kèlingan | babane Thuthuk biyèn[80] | duk wurung jumênêng ingwang | kêrêp dolan marana | bapak timbalana gupuh | pak Thuthuk manjinga pura ||

52. ngong arsa mêminta sih[81] | ngalap bêrkahe wong tuwa | nutugake pamitrèngong | duk ingsun masih jêjaka | kêrêp nginêp nèng kana | miwah duk ingsun malêbu | jroning kawah Mêrapika ||

53. kaengsun kon nunggoni[82] | iya pakne Thuthuk ika | pitêkur ana pinggire | ing samêngko kabênêran | bapa ing aturira | dadi nora pindho kayun | nutugake sobat kuna ||

54. nglêstarèkke padha bêcik | bapa aja ngandika gyat | gonira nimbali age | aja karungu ing kathah | sandika kyana patya | tur sêmbah sampun tinundhung | wêdale saking jro pura ||

55. tan wus ucapên ing tulis | sira risang mantrimuka | praptaning dalêm nulya ge | miji jaga satru juga | ingutus kanthi sêrat | lêlayu maring Rêbabu | watês bawah Salatiga ||

56. kocap duk samana nagri | ing Salatiga enggal[83] | kasrahe marang guprêmèn | lagya tumindak rong măngsa | kèlu marang Samarang | datan kinocap ing kidung | Ki Jagasatru lampahnya ||

57. mangsuli carita nguni | sasurut dalêm ping gangsal | sasampuning madêk katong | kaping nêm Pakubuwana | têtilarane kadang | saking ping gangsal winuwus | kang sami sugêng kewala ||

58. kakung putri

--- 27 ---

kang winilis | pitulas kakunge lawan | pitu kang putri cacahe | samyendah endah ing warna | sambada wirutama | susila jatmikèng têmbung | widagda guna wêweka ||

59. pasang sasmitane lantip | wus samya sêdhêng diwasa | ngajêngakên barandhalane[84] | nênggih ing Dipanagaran | ing karsa sri narendra | kang rayi sadaya sinung | nama sêpuh jêng pangeran ||

60. nuju ri sami miyosi | sang prabu amagêlaran | bangsal manguntur lênggahe | ing amparan gadhing gajah | rinêngga ing sêsotya | Jêng Kyai Maesa nêmpuh | pusaka saking Jênggala ||

61. binabut baludru bordir | ingayap para badhaya | sarimpi miwah manggunge | paminggir palara-lara | samya ngampil-ampilan | pracara kaprabon prabu | sawunggaling banyakêmas ||

62. ardawalika kêmit[85] | sulak cêpuri gêndhaga | rotan panjênêngan kawong | gandhewa jêmparing pêdhang | tamèng suduk walanggar | tuwin towok laring manuk | ra ing kering kanan[86] ||

63. bêntêt paglaran kang nangkil | pra bupati pra wadana | kliwon panèwu mantrine | răngga dêmang padêlêgan[87] | myang para măncapraja | kang nuju jaga praja gung | sumiwèng ngarsa narendra ||

64. ulubalang samya nangkil | miwah kang para prawira | prajurit têpung barise | andhêndhêng ngêpang akapang | kang ngêpung pagêlaran | pating prêngangah dinulu | abyor lir sêkar sêtaman ||

65. para putra [pu...]

--- 28 ---

[...tra] kanan kering | miwah kang para santana | nèng taritis mangunture | dhêdhêp tan ana swara[88] | lênggahnya sri narendra | nèng dhampar mangu ngênguwung | dènnya mêdhar pangandika ||

66. marang rêkyana patih[89] | sira Rahadyan Dipatya | Sasradiningrat namane | ing karsa jêng sri narendra | rayi dalêm Radyan Mas | Abu Yahmin sinungan wus | jêjuluk Kangjêng Pangeran ||

67. Arya Suryabrata tuwin | kang rayi malih radyan mas | sang adi sinung arane | Jêng Pangeran Natabrata | de kang rayi malihnya | Radyan Mas Manada sampun | pinaringan nama Pangeran[90] ||

68. Natadiningrat mantêpi | kang rayi Dyan Mas Suparman | pinaringan jêjuluke | Jêng Pangeran Săntasuma | Rahadyan Mas Suharja | pinaring sêbutanipun | Jêng Pangeran Sumabrata ||

69. wau kang rayi nèm malih | nama Radyan Mas Yahuda | jêng pangeran jujuke[91] | Ariya Pringgakusuma | kang rayi malih Dyan Mas | Sêmakud sinungan juluk | Jêng Pangeran Suryaningrat ||

70. anulya kang rayi malih | Rahadyan Mas Samadiman | anèng Banyumas timure | sarêng wus kasrah Walănda | kondur mring Surakarta | diwasa sinung jêjuluk | Pangran Mênggung Sindusena ||

71. tuwin rayinipun malih | pêparab Dyan Mas Sukirman | wus sinung pangran namane | Jêng Pangran Suryapura[92] | kang rayi malih nama | Dyan Mas Salamêt wus sinung | nama Pangran Suryasama ||

--- 29 ---

72. wus warata para ari | sinung sabin tiga bêlah | rongatus sèkêt blanjane | de para kadang narendra | para putri winarna | prênah nèm sadayanipun | dèrèng wontên palakrama ||

73. kang sêpuh namanirèki | nênggih Dyan Ajêng Sangibah | nulya Samaniyah kang nèm | Sangidah miwah Samsiyah | Murtasiyah kalawan | Kadisah wuragilipun | Radyan Ajêng Sasmaniyah ||

74. dene kang sêpuh pribadi | saking garwa pramèswara | nênggih Jêng Ratu Êmase | nênggih Dyan Ajêng Kadibah | krama dhaup kalawan | Mangkunagara ping têlu | sinung nama lan narendra ||

75. Jêng Ratu Kadhaton nami | wusing sampat paripurna | sang nata jêngkar ngadhaton | orêg kang samya sewaka | dhodhok angapurancang | prajurit prèsêntir gupuh | urmat tambur mawurahan ||

76. binarung swaraning musik | salomprèt suling mabyungan | mawarna-warna larase | mawor swaraning pradăngga | malangên kapiyarsa | yèn tinon wau sang prabu | lir jawata ngejawantah ||

77. dèn ayap pra widadari | manggung kêtanggung badhaya | kang ngampil pacara katong | ayu anom warnanira | rinêngga ing busana | rêspati sasolahipun | wiraga-raga karana ||

78. sêdhêng dêdêge rêspati | mandul payudaranira | ambêngle kengis tudinge | gandês saparibawanya | kunêng datan winarna | sapraptanirèng [saprapta...]

--- 30 ---

[...nirèng] ing kadhatun[93] | pinêthuka para garwa ||

79. lajêng dhahar sri bupati | lawan ingkang para garwa | myang para putri sakèhe | nutug dènnya bujana[94] | ya ta ingkang winarna | wau malih kang winuwus | dutyaning rêkyana patya ||

80. Ki Jagasatru wus panggih | lan Kyai Thuthuk pêpajar | yèn duta saking sang katong | andika kyai ngandikan | sarênga lampah kula | gusti sang prabu wulangun | kangên dhumatêng andika ||

81. wus lami datanpa panggih | sajênêngira narendra | tansah kathah kang ginalèh | tan kobêr onênging mitra | mangke pinuju lêga | sang prabu èngêt ing kalbu | lami mitran lan andika ||

82. mila mangke dèn timbali | Ki Thuthuk suka miyarsa | wontên ing ngriku lamine | dutendra kongsi rong dina | langkung sinuba-suba | wuwusên asrining dhusun | ing Rêbabu Jatisrana ||

83. wismane kampung kêkalih | wêlit sinulam ing wilah | pring wulung gêbyog gêdhège | patang aringe tir-tiran | klambune jingga abang | madaringane kumêndhung | bantala putih sungsun sanga[95] ||

84. mubêng kinepang tarêtip | sumêblak putih ingusar | gambare tinata jèjèr | kiwa têngêning krobongan | kaca baligon pradan | ing ngisor bênète tanggung | têbêngê ukir-ukiran ||

85. sêtroline gantung siji | munggèng saluhuring meja |

--- 31 ---

bundêr linaraban sêpre | manggung satêngahing jrambah | kori agêng têtiga | kayu jati cinèt biru | pandhapane blak-êblakan ||

86. mung pagêr hèk kayu jati | turut taritis pandhapa | mubêng mung longkang dalane | ing ngajêng miwah ngiringan | sabên saka sinungan | jêmbangan isi ngrêmbuyung | kêmbang-kêmbange ngayangan ||

87. latare gasik kumrining | têpung winêdhi karakal | pala pêlêm pêthetane | kiwa têngêning padhapa | jambu jêruk kalawan | sawo kêpêl blimbing dhuku | dhuwêt manggis lan kaleca ||

88. cikal kinarikil pinggir | kanthil kananga lan kalak | salam năngka miwah durèn | srikaya mulwa lan maja | soklat pête myang gayam | sinêlan jambe manglajur | mujur jajar bêbanjaran ||

89. turut papan pagêr pinggir | ginalamit ing galagar | regole palêngkung putèh | patut têtirahe sela | mubêng kinarya umpak | katata sor pagêr têpung | winêngku kadya kanaka ||

90. tinon sing mandrawa kèksi | pratapan Gadamadana | Kapi Jêmbawan dununge | munggul nèng puncak aldaka | rumpil margane munggah | ting carèwèh murah banyu | padhukuhan Jatisrana ||

91. tan wusa langêning ardi | ing Rêbabu Jatisrana | Ki Thuthuk ingkang mandhirèng | ngrênggani ing padhepokan | wus raga-raga dadya | misuwur rêsi pinunjul | panggênturing subratanya ||

92. tilar dhahar miwah

--- 32 ---

guling | mung sabên salapan dina | yèn nuju Gara Kasihe | Ki Thuthuk pamanganira | miwah kalamun nedra | amung sabên ari Sabtu | abêbantal roning kamal ||

3. Sinom

1. miwah lêlèmèk balarak | inganam kinarya widhig | munggèng sasoring mandera | sawurining gandhog têbih | singup mojok sandhing pring | ori bayêyêt arungkut | salamine mangkana | lakune Ki Thuthuk masthi | mila saya misuwur liya desa[96] ||

2. maharsi ing Jatisrana | putus ngèmine[97] sajati | gêntur tapa tur ngibadah | mungkul wus sanyata mruhi | ing kukum tan amikir | ing pakewohing lyanipun | mila sangsaya kathah | kang pruwita anyênyantrik | saparentah siyang ratri tan garêsah ||

3. cinatur duk samana[98] | Ki Thuthuk apan wus lami | gandhèng lawan sri narendra | duk dèrèng jumênêng aji | yèn kala akalingling | lêlangên ngubêngi gunung | Ki Thuthuk antut wuntat | ing siyang dalu umiring | andombani ing lampah kang lilakonan[99] ||

4. miwah duk gêbyar ing kawah | sapucake gunung Marapi[100] | Ki Thuthuk tut wuntat[101] | ing siyang ratri tan kari | nunggoni lunggah[102] pinggir | myang kalanya nyêngkal dhusun | ing Paras karsanya kaya[103] | pasanggrahan yèn kêkaring | ing aldaka ngiras mêmasuh sarira ||

5. kunêng sawuse mangkana | dutane rêkyana patih | jangkêp kalih dina budhal | kaya Ki Thuthuk wus kerit | tan wus langêning [la...]

--- 33 ---

[...ngêning] margi | wau ta kaya Ki Thuthuk | wus prapta kapatihan | lêrês sakilèn pandhapi | pan sadalu panggihan lan kyana patya ||

6. majarkên karsaning nata | milane dipun timbuli[104] | aywa dadi mamanging tyas | Ki Thuthuk duk miyarsi[105] | suka aturira ris | yèn makatêna pukulun | mugi dipun samêkta | sêsarate warni pitik | pitik warna cêmêng mulus sabalungnya ||

7. kang lagya wayah kumanggang | lajêng dipun olah êtim | amrih lajêng kadhahara | ing kangjêng sri narapati | ingkang sapalih ugi | lajêng kalorotna gupuh | mring garwa ingkang dadya | panggalih dimèn lêstari | anggarbini kang kados karsa narendra ||

8. yèn wus pinarêng dening Hyang | yêkti botên kaping kalih | kagyat gumujêng sang patya | adhuh kabênêran kyai | manira duk ing wingi | nêmbe nampani pisungsung | saking Bupati Blitar | ayam alas tur cêmani | durung katur marang gusti sri narendra ||

9. bagya kêmayangan baya | kyai upamane iki | ngupayaa pirang warsa | pan durung karuhan olih | ayam alas cêmani | bêcik banjur sesuk esuk | ingsun lapurkên sira | marang kangjêng sri bupati | matur alon Ki Thuthuk inggih sandika ||

10. sang patih malih ngandika | wis kyai ngasoa dhisik | sesuk dèn padha samêkta | wus kondur rêkya patih[106] | ing dalu tan winarni | enjinge samêkta

--- 34 ---

sampun | sira sang mantrimuka | wus masuk kêprabon aglis | lan Ki Thuthuk wus samêkta nuli budhal ||

11. jajaran angering nganan | mênggês sang nata anitih | turăngga bang bèk-èbègan | ingayap pacara wuri | Ki Thuthuk wus miranti | cinara kapêdhak mungguh | ngampil talêmpak sulam | cakêt nèng wuri tan têbih | sapraptane galedhegan laju dharat ||

12. têrus tumamèng jro pura | kandhêg anèng sri pênganti | panggih bupati kang jagi[107] | wus atur uninga aglis | mring nyi mênggung kang tampi | sigra dènnya caos unjuk | mring kangjêng sri narendra | pinuju lênggah panêpin | lan kang paman Jêng Gusti Pangran Dipatya ||

13. Ariya Kusamayuda[108] | pinuju malêbèng puri | duk samana wus warata | para pangeran dipati | sabên ari sumiwi | giliran pan satu-satu | sumiwi ing ngarsendra | wau kangjêng sri bupati | eca lênggah ing kursi alon ngandika ||

14. paman Arya Sumayuda | paran ta wartane nguni | duk alame bêrandhalan | kang dika patah jagani | pakewuhing ajurit | mapakkên mungsuh kang rawuh | para putra santana | sintên kang katingal luwih | matur alon Jêng Gusti Kusumayuda ||

15. inggih ramanta piyambak | bapak Kyai Mangkubumi | wontên Ngampèl bêbarisan | nganthi para putra sami | suyut ing kanan kering | girising tyas sami ngumpul | kawêngku pabarisan [paba...]

--- 35 ---

[...risan] | ing Ngampèl kang Mangkubumin | ngantos sagêd ayasa kutha rêrekan ||

16. mubêng binètèng santosa | ing dhusun Ngampèl tarêtip | prajurite kawan nambang | sanèse kang magêrsari | sarta kang para siwi | prajurit jangkêpe sèwu | mila bêrandhal bibar | gêbug Ngampèl pothar-pathir | kuthetheran kathah kang dadi bandhangan ||

17. Pangeran Dipanagara | palajênge ngilèn gitik | Magêlang kang tumadhah[109] | bupatinipun[110] tindhihi | putra Ngayogya kalih | langkung rame campuhipun | pisah kasaput surya | kathah prajurit kang mati | duk bêrandhal kawus maras asasaran ||

18. plajênge gubêt mangetan | ing sêdya malbèng nagari | gêbog kang wontên Pijenan | baris kasêntanan ngrapit | ingkang nyenapatèni | pun Arya Mataram têguh | santosa angrèh bala | kathah kang kacêpêng mati | pun bêrandhal atusan pêjah gulasah ||

19. mila salamine aprang | pun bêrandhal botên ngancik | dhusun Ngampèl myang Pijenan | kawusa kapati-pati | kèringan ing ajurit | Ngampèl lan Pijenan ywa | lajêng mungsêr kewala | bêrandhal turut pasasir | karusakan kang dèn ambah kaboyongan ||

20. pramilane ulun sigra | mêdal lajêng pacak baris | wontên Kêdhu campuhira | rame ngantos tigang sasi | sinusulan Kumpêni | tindhih Jendral Iman antuk |

--- 36 ---

sawulan brandhal bebas | tumpês kathah kang ngêmasi | palajênge mangidul jujug Têlacap ||

21. kathah siti ing ngamănca | kèdêgan bêrandhal kanji | kabandhang dados boyongan | desane dipun anciki | pinicakan bupati | mantri dêmang răngga gunung | tanah Banyumas kathah | kalongipun tiyang bumi | dalah dhusun pasabinan pagunungan ||

22. kathah kang kawêngkonan[111] | dene barandhal nuli[112] | ginusah bupati Blora | pun Căndranagara kanthi | para bupati tuwin | Kumpêni kang jaga laut | ing Cilacap tri nambang | binendrong gotri lan mimis | kathetheran bêrandhal kaponthal-ponthal ||

23. ngunthul langkung karusakan | palajênge turut wukir | ngalor ngetan ting pasêbar | ginusah para bupati | ing Ngayogya nandangi | miwah pra Kumpêni agung | kang baris Pamancingan | rame dènnya campuh jurit | pra bupatining brandhal kathah kang pêjah ||

24. lèrès têrus mangetan[113] | plajênge ngiras nadhahi | pamoke baris Ngayogya | samarga-marga ajurit | ringutên pra bupati | pangungsire siyang dalu | pisah nèng Pawatêsan | punggawa Ngayogya tuwin | para putra santana sabalanira ||

25. kandhêg lajêng bêbarisan | ing dhusun Watêsan ngriki | pun brandhal lajêng gêbag[114] | baris patihan nadhahi | kanthi Suryanagari | prajurit Pacitan agung | kèlês karoban [ka...]

--- 37 ---

[...roban] lawan | aprang ngantos kalih sasi | pun barandhalal morot anggêbug Sêmbuyan[115] ||

26. tinadhahan parêng tandang | wong Mangkunagaran kanthi | Bupati Malang sabala | aprang ngantos sangang ari | brandhal saya brindhil[116] | gubêt prange ambaliwur | sang prabu andika[117] | kalangkung santosa inggih | para senapati kang mêngkoni bala ||

27. kadi wus tan bisa gagal | nalare pra senapati | têpung barise kalangan | suprandene masih bangkit | lumêbèng jro nagari | ngantos tumêkèng Kêdhawung | Sawojajar gegeran | wong têlukan sami ngili | ingobongan wismane lawan barandhal ||

28. guguping manah kawula | miyosi saking jro puri | nora nganti wadyabala | angamungkên kang kêmit[118] | kaparak sawatawis | lan wiratamtama satus | budhal mring Patêlukan | rame campuhing ajurit | wuri nusul gumalêdhêg pra punggawa ||

29. myang Kumpêni mawurahan | nusul prang bêrondong bêdhil | myang kangmas Mangkunagara | paman Buminata kanthi | Purubaya Ngabèi | atusan prajuritipun | ambyuk sarêng tumandang | kadi angrubuhna langit | pan amuput prang sadintên Sawojajar ||

30. ulun kaparêng tumandang | ngarahkên wong magêrsari | arame ulêng-ulêngan | nèng têngah ingsun nglajêri | kêpanggih padha siji | Pangran Dipanagarèku |

--- 38 ---

ngong suguh mimis mas[119] | Ki Kencarupa ngênani | nèng walikat aniba saking turăngga ||

31. Pangeran Dipanagara | rinêbut binêkta lari | wadyabalane sumahap | ambyuk ngêbyuki pêpati | langkung ramene jurit | pisah kasaput ing surup | plajênge nunjang palang | mangetan tinut Kumpêni | ingsun lajêng kondur manjing kênyapura ||

32. residhèn ngatêr pandhapa | miwah pra pangeran sami | kang tan milu ngungsir mêngsah | sumiwi ngarsèng sun kadi | sabên-sabên tinangkil | sawatara nuli mantuk | bubar asowang-sowang | dene kang sami angungsir | saparane barandhal tansah tut wuntat ||

33. Pangeran Mangkunagara | Buminata Angabèi | kanthi pra bupati jaba | miwah kang bala Kumpêni | jêng gusti matur ris[120] | milane sagêd pikulun | brandhal manjing nagara | awit prang Sêmbuyan nguni | apdi dalêm pun Mênggung Kudanawarsa ||

34. pêpatih Mangkunagaran | pangungsire kirang titi | plajênge brandhal anggiwar | gubêd ngalèr ngilèn gitik | dinalih mlajêng têbih | mangetan anurut gunung | mila Kudanawarsa | sabalane sarêng prapti | Wanagiri kandhêg lêrêp bêbarisan ||

35. kinira lajêng mangetan | sasaba mubêng pasisir | tan nyana nylêmpit umpêtan | ngalèr ngilèn lajêng gitik | barisan Dlanggu nguni | pun Tăndhanagara mlayu | los tilar pabarisan [pabarisa...]

--- 39 ---

[...n] | gègèr prajurite sami | ting bêlulur playune padha tilar gêgaman[121] ||

36. bubar mawur ting salêbar | sagunge wong magêrsari | tambuh parane ngungsia | tinilar ing senapati | bêdhahing Dlanggu nguni | pun brandhal lajêng malêbu | sagêd manjing nagara | ngrêsayah ngobong-obongi | ing Nglêbak lan Tanjunganom mung Têlukan ||

37. tanapi ing Danupayan | sapangilèn pothar-pathir | sapangidul sapangetan | dumugi kampung Sêmanggi | makatên wite nguni | sagêding manjing praja gung | pun brandhal bar-umbaran | saking pun Tăndhanagari | maras tyase mlajêng tilar gêgaman[122] ||

38. gumujêng dènnya ngandika | sang prabu paman kaspundi | manungsa kalamun lagya | kinarya lêlakon pasthi | kadi pun Tăndhanagri | bupati nayaka patuh | tur gagah prakosa[123] | gêng luhur godhèg ngajrihi | brêngos capang sacêngkang galak polatan ||

39. tan pantês ajriha aprang | patut doyan nginum gêtih | muluki ati mêntahan | kajêbul atine cilik | wong dadi senapati | mêngkoni barisan agung | katêmpuhing prakara | ubayane balejani | ora eman ninggal sawah sèwu karya ||

40. tan tumolih kawibawan | ilang tilase bupati | pripèhane naradipa | mantu Pangran Mangkubumi | tan isih wêdi gêtih | kaya têdhake wong bingung | dangu imbalan sabda | sang nata lawan jêng gusti | pan kasaru [kasa...]

--- 40 ---

[...ru] nyi tumênggung aturira ||

41. lamun Rahadyan Dipatya | Sasadiningrat[124] sumiwi | kandhêg bale marcukundha | cumadhong dhawuh narpati | sigra kinèn nimbali | kerit bupati kang tungguk | lan Nyi Tumênggung Soka | kapat Ki Thuthuk kinthil[125] | kanthi ayam alas irêng wus ingêmban ||

4. Kinanthi

1. praptaning byantara prabu | sira sang anindyamantri | tur sêmbah bukuh lênggahnya | kapering kursi Jêng Gusti | Ariya Kusumayuda | sang nata ngandika aris ||

2. baya ana parlunipun | bapa sira manjing puri | sumiwi ing ngarsaningwang | nora nganti sun timbali | tur sêmbah rêkyana patya | pukulun kangjêng dewaji ||

3. milamba manjing kadhatun | sumiwèng ngarsa narpati | tan kongsi nganti timbalan | wit tampi dhawuh narpati | nimbali angajar ing arga[126] | Ngrêbabu kang silih nami ||

4. Kyai Thuthuk punika wus | kabêkta manjing jro puri | dhawuh dalêm sadayanya | ing karsa sampun mangêrti | mawi srana ayam wana | irêng mulus kang sayêkti ||

5. kang wanci lagya lumancur | langkung kalêrêsan gusti | pun patih wus tigang dina | nampèni pisungsung saking | didalêm Bupati Blitar | pun Wira Adisuryèki ||

6. ayam wana irêng mulus | wanci lumancur tarincing | katim lajênga kadhahar | sampun lyan kang nglorot gusti | kajawi kang wus dadya[127] | ing karsa paduka gusti ||

7. suka sang prabu lingnya rum | mara kon maju dèn aglis | mitraku

--- 41 ---

ing Jatisrana | wus ngawe jêng sri bupati | Ki Thuthuk umarêg agya | tur sêmbah majêng ing ngarsi ||

8. wus parêk ngarsa sang prabu | sêsalaman asta kalih | gumujêng sarwi ngandika | sang prabu bage ta Kyai | Thuthuk praptamu nèng praja | apa ta padha basuki ||

9. lawase nora katêmu | lawan panjênêngan mami | sajumênêng ngong narendra | saprene lagi kapanggih | tur sêmbah Ki Jatisrana | pangèstu dalêm narpati ||

10. langkung saking kawan taun | apdi dalêm botên panggih | lawan ing paduka nata | saking kêkathahên kardi | pun apdine padhukuhan | myang kenging ngaradan baris ||

11. dados botên kapalaur | sumiwi paduka gusti | katungkul geger-gegeran | sang prabu mèsêm lingnya ris | sokur maksih padha arja | bisa pêpanggihan malih ||

12. sira lawan jênêng ingsun | dene wis bis mênangi[128] | gon ingsun jumênêng nata | saking parmaning Hyang Widhi | kyai aja katanggungan | gonira ngrêrewangi[129] ||

13. bisane lêstari luhur | slamête karaton mami | tulusa ing kawiryan[130] | ing bawana ambawani | tumurun nak putu canggah | warèng gantung siwur mami ||

14. ratu mêngkua sadarum | ing Surakarta nagari | sirnaa mamanging driya | awit durung darbèni[131] | putra kang binadhe raja | gumanti kêprabon mami ||

15. mulanta tansah wulangun | ing batin nahêna prihatin[132] |

--- 42 ---

sêmanging driya manawa | kabanjur nora mijèni | ing karaton têmah dadya | cacade jumênêng aji ||

16. Kyai Thuthuk nêmbah matur | pukulun sri narapati | sampun sumêlang ing driya | ingkang botên-botên gusti | sayêkti Allah Tangala | sipat rahman lawan rakim ||

17. punapa panyuwun prabu | ingkang têmên dèn têmêni | tinêmu sabarang sêdya | wontên sraninipun gusti | ing benjing yèn wus binuka | dening Hyang Kang Maha Sukci ||

18. andarbèna putra kakung | bagus cahyane nêlahi | sugih putra sugih wayah | sugih donya rajapèni | jumênêng narendra tama | mêmayu hayuning bumi ||

19. arjaning praja kasumbung | kalok kaloka ing bumi | nagari ing Surakarta | murah sandhang murah bukti | sajumênêngipun nata | putra dalêm sri bupati ||

20. kakênan tyasira prabu | mabukuh sêmèdi êning | ing galih manungku cipta | mula Hyang Kang Maha Luwih | nêtêpna ing wêcanira | Ki Thuthuk awya na lingsir ||

21. dangu manungku manêkung | sang prabu sajroning galih | gumulung salênging nala | kawêngku jagad sabumi | nyasmitani jroning cipta | cêpak wus tan nyulayani ||

22. mudhar mangu pungun-pungun | sinamun angandika ris | bagya lamun mangkonoa | bangêt sukane tyas mami | mara age ajokna[133] | ayam alas ngarsa mami ||

23. sigra bupati kang tungguk | ngaturkên ayam wanadri | kang irêng mulus sanyata | ngungun sang prabu lingnya ris [ri...]

--- 53 ---

[...s] | Kyai Thuthuk paran baya | ing mêngko yèn wus dèn êtim ||

24. Ki Thuthuk nêmbah umatur | lamun sampun de ratêngi | pinadhahan bèsi pêthak | sakêdhap ulun dongani | lan pinuja-puja măntra | wontên panggonan kang sêpi ||

25. lawan jênêngana prabu | de suci ciptaning galih | ing panyuwun kang sinêdya | turuning wija[134] narpati | sajèn cara jumênêngan | yèn sampun kadhahar gusti ||

26. linorot sapalihipun | mring garwa jêng pramèswari | pundi kang sampun dumadya | ing karsa sri narapati | sang nata mangayubagya | ayam wana wus pinaring ||

27. inggih marang nyai tumênggung[135] | mring kokèn kinèn angêtim | miwah mring Nyai Dipatya | Sêdhahmirah acêcawis | sajèn cara mumênêngan[136] | sêsintrèn aywa na kari ||

28. wusing dhêdhawuh sang prabu | jêngkar saking ing panêpin | kondur marang dhatulaya | Ki Thuthuk lan nindyamantri | katiga Jêng Gusti Pangran | Kusumayuda wus mijil ||

29. saking pura lajêng kondur | wau ta rêkyana patih | praptanirèng kapatihan | sinusulan saking puri | lorodan dhahar sajodhang | miwah ta ingkang pisalin ||

30. prabot lungsuran sang prabu | nyamping dhêstar pitung sawit | paningsêt miwah rasukan | sapangadêg pitung komplit | myang arta salikur dinar | mring King[137] Thuthuk sampun tampi ||

31. patêdhan dalêm [da...]

--- 44 ---

[...lêm] sang prabu | salangkung dinar panalih | katur mring radyan dapatya[138] | kinon jêkatkên tumuli | marang wong sajro nagara | sigra wus binage radin ||

32. warata wonge pamindhung | panumpang myang magêrsari | miskin papa paparingman[139] | tan ana kliwatan siji | karatan jêkat narendra | ya ta wau kang winarni ||

33. ing dalu Ki Thuthuk[140] | miranti wus manjing puri | katur marang sri narendra | tinimbalan mring panêpin | wusing rampung paripurna | dhahar dalêm êtim pitik ||

34. miwah sarat-saratipun | myang sêsajèn-sajèn sami | wus munggèng sanggar langgatan | ing wanci wis lingsir wêngi | Ki Thuthuk lan sri narendra | wus jêngkar saking panêpin ||

35. kinanthi minggah sang prabu | mring sanggar langgatan nginggil | wus tata sami mêmuja | mêmuji tibaning wiji- | ning raja kang winijaya | bawani karajan Jawi ||

36. sang kalih mêlêng manêkung | manungku cêcipta sêjati[141] | jatine kang wus sanyata | nyatane kang mitayani | ya ta wus sinung nugraha | deneng Hyang Kang Murbèng Bumi ||

37. obah sajroning kêdhatun | barêng gêbyaring wiyati | tibane nurbuat marang | bèsi tutup wadhah êtim | pindha baskara tumiba | ing bumi sumyur nêlahi ||

38. gupita tyasira sagung | manungsa sajroning puri | kapilênglêng gilap sulap | sumaput pindha ngêmasi | kataman gêbyaring jagad | gumolong

--- 45 ---

manjing jro puri ||

39. sirnaning pêpadhang têruh | gumaludhug awor riris | kêpyur-kêpyur wrata sumyar | carata[142] nêlêsi bumi | sang kalih gardijèng[143] nala | samya ngluwari sêmèdi ||

40. têdhak saking sanggar mudhun | Ki Thuthuk lan sri bupati | sang kalih lajêng sêmbahyang | nèng palataraning gupit | wusing bakda lajêng mêdal | Ki Thuthuk wus dèn lilani ||

41. ngaso pamondhokanipun | wau kangjêng sri bupati | enjinge lajêng pinarak | pracima ingayap cèthi | miwah sagung para putra | para wah alit-alit[144] ||

42. kadi sabên-sabênipun | wus adat karaton Jawi | enjing sontên para putra | para wahyah[145] dalêm sami | sumiwèng ngarsa narendra | nyadong[146] dhêdhaharan sami ||

43. jadah sapitan myang puthu | jênang wajik karag roti | sêrabi gêdhang godhogan | miwah balănja satali | enjing sontên pan mangkana | wancine jam wolu prapti ||

44. para putra wayah sagung | para putri alit-alit | andhèr sumiwèng narendra | samya ingêduman picis | têlung wang myang panganan[147] | ya ta wau kang winarni ||

45. lêlangênira sang prabu | sabên dintên Saptu wanci | pukul sakawan ngalêmpak | para wadya brêtyapati | punggawa mantri bupatya | sami wahana turanggi ||

46. bèg-èbègan kambilipun | sadaya anglugas ragi | borehan kuning garutan | sangsangan sêkar inganggit | asêsumping kering kanan | kampuhan [kampuh...]

--- 46 ---

[...an] lir Sênèn Kêmis ||

47. kêbak jroning alun-alun | kathah jamma[148] nêningali | ajune para prawira | rêspati watang pinandhi | gumuruh swaraning munggang | sang prabu miyos tinangkil ||

48. tan antara lajêng dhawuh | marang risang nindyamantri | saguning para prawira | bupati panèwu mantri | dikakakên miwitana | lêlangên watangan sami ||

49. kadi sabên-sabênipun | sandika para bupati | sigra dènnya nata bala | prang tandhing nyêkawan sami | sapăntha-păntha warata | sarêng campuhing ajurit ||

50. gêbang-ginêbang atarung | arame ungkih-ingungkih | kudanira apêndhapan | sêsirig mubêng ngubêngi | ing kalangan linut wuntat | winaos tinangkis aglis ||

51. tan wus ucapên ing kidung | pukul gangsal sri bupati | wus kondur mring kênyapura | mangsuli carita malih | duk sa[149] nata acangkrama | lêlangên marang wanadri ||

52. wana Krêndhawahanèku | kacatur ical sang aji | ngantos sadintên laminya | kapanggih Sang Hyang Bêthari | mundhut lêladèn sang nata | lir adat karaton Jawi ||

53. nênggih sabên-sabênipun | mêmule Sang Hyang Bêthari | ajat maesa lawungan | ulam sawarnining kumlip | de sang nata mangke arsa | anyuwak padatannèki ||

54. sapraptanirèng kadhatun | sang prabu lajêng dhawuhi | marang Nyai Sêdhahmirah | mêmule lir adatnèki | sidhêkah kêbo lawungan | ya ta ganti kang winarni ||

55. putra tilaranipun [tilarani...]

--- 47 ---

[...pun][150] | gusti ayu dyan ing Kêdhiri[151] | garwa bupati Mamênang | Sumadiningrat kang nami | wau Radyas[152] Mas Kuwasa | wayah ping catur sing èstri ||

56. sasedane ramanipun | rahadyan masih alit[153] | kondur marang Surakarta | andhèrèk kang ibu gusti | ngiras pamagange nunggal | para wayah alit-alit ||

57. wau rahadyan mas cinatur[154] | prênahe lan sri bupati | santana kadang nak-sanak | sami wayahnya narpati | ping sakawan Surakarta | Dyan Kuwasa kang ngênèmi ||

58. piniji mring sang prabu[155] | pinundhak têdhaking gupit | praptèng kana pinaringan | lorodan tim munggèng bèsi | kinèn maringakên sigra | marang Jêng Ratu Taruni ||

59. nanging ta kalèntu surup | baya wus karsèng Hyang Widhi | sira Radèn Mas Kuwasa | pamirêngipun nalisir | kêncêng mring Jêng Ratu Êmas | sinêru lampahnya prapti ||

60. ing ngarsanira jêng ratu | pan lagya lênggahan bathik | tur sêmbah Dyan Kuwasa[156] | pukulun ulun tinuding | ing raka jêng sri narendra | paduka dipun paringi ||

61. lorodan tim ayam wulung | kinèn nêlaskên tumuli | gupita Jêng Ratu Êmas | dene ta dingarèn adhi | sinuhun paring lorodan | apa tan klèru sirèki ||

62. radèn mas nêmbah umatur | saèstu botên kang mêsthi | paduka kang pinaringan | jêng ratu agya nampèni | iya dhimas matura[157] | bangêt ing panuwun mami ||

63. kucah dalêm sang aprabu | ngong tampani tangan kalih | matur Radèn [Radè...]

--- 48 ---

[...n] Mas Kuwasa | wêlingipun sri bupati | botên kenging sinantunan | tumuntên paduka bukti ||

64. dipun têlas sampun kantun | sacêrêta botên kenging | ulun kinèn mariksaa | gèn paduka dhahar inggih | gumujêng Jêng Ratu Mas[158] | sigra anulya binukti ||

65. têlasing tim wadhahipun | wus pinaringakên bali | marang Radèn Mas Kuwasa | jêng ratu ngandika aris | yayi mas sira matura | yèn wus ingsun pangan abis ||

66. tim tan kèri sagalugut | lan ênya ingsun wènèhi | dhuwit têlung puluh uwang | gawenên tuku kêmiri | nanging aja sok dhugal[159] | radèn mas tampi wotsari ||

67. mundur saking ngarsa gupuh | sinêru lampahnya prapti | ing ngarsa jêng sri narendra | matur saliring tinuding | kagyat sang nata miyarsa | babo Si Kuwasa tuli ||

68. budhêk dhrêdhêg nora jêdhug | jêgudhêg anggêgêdhêgi | tanpa takon têtaringan | wong dikongkon durung dêling | minggat lêr tanpa pamitan | patut ginitik lir kucing ||

69. gumêtêr sarira lumpuh | radèn mas sarêng miyarsi | dukanira sri narendra | sujud sumungkêm ing siti | sêsambat nyuwun ngapura- | nira risang narapati ||

70. tan anjimpe yèn kalèru | rumaosing tyas sayêkti | mring Gusti Jêng Ratu Êmas | dhawuh jêng sri narapati | saking gênging kalêpatan | pun apdi sumanggèng kapti ||

71. pêjah gêsang ulun katur | sumăngga [su...]

--- 49 ---

[...măngga] ing siyang ratri | ing janalokendra loka | tan garantês lair batin | wajip gusti anguntapna | oncating yitmamba gusti ||

72. sèwu suka sèwu sokur | kaparêng karsa mêjahi | dhasar ratu kadang tuwa | wajib mulyakakên pati | ing akir manggiha arja | ing pangèstu dalêm gusti ||

73. sigra angrungkêbi suku | sang nata kagyat ningali | ing solahe Dyan Kuwasa | sakala lilih ing galih | ginagas apan wus nyata | tinakdir karsaning Widhi ||

74. ngandika sarwi rawat luh | rinangkul lungayannèki | dhuh ari mas wis mênênga | ywa dadi tyasira yayi | baya wus pasthi karsanya | ing Gusti Kang Murbèng Bumi ||

75. aywa pijêr sira angluh | mêngko mundhak juwarèhi | ing salahing lêlampahan | muwuhi ribêting ati | wus dolana nya sun ganjar | tukon dinar têlung iji ||

76. mung dèn bisa wong abagus | nyimpêni wêwadi mami | aja ajarwa mring liyan | tur sêmbah dyan mas nampèni | têlung ukon dinar êmas | marwata sukaning galih ||

77. wus kinadhut anèng sabuk | tur sêmbah lèngsèr sing ngarsa-[160] | nira kangjêng sri narendra | tan winuwus kang wus mijil | sukane tampi ganjaran | wau ta sri narapati ||

78. kari anggana kaduwung | dènira wus nyêmalani | marang Radèn Mas Kuwasa | mitênggêng ngungun ing galih | kondur wuyung palarasan | manjing marang kamar gadhing ||

--- 50 ---

79. kodhêng kandhuhan tyas gidhuh | kudhandhangan awit saking | bakdane dhahar tim ayam | amung ayam-ayam sori | pambajêng Jêng Ratu Êmas | datan pêgat paraning sih ||

5. Mêgatruh

1. sru linipur ing driya mêksa tan lipur | linunta-lunta katali | kadalurung drênging kayun | kangyungyun mring kang nglam-lami | miguna manggung wirangrong ||

2. rangu-rangu angarang kasut kayu[161] | paran wêkasing gung kingkin | brantaning tyas wus kalimput | lêkêting prasêtya suci | sucining driya jinumoh ||

3. jumbuh kambuh kambah pêpuntoning kalbu | sêtyaning tyas sri bupati | têtêp têtelane sampun | pasthine kang murbèng bumi | lakune darma linakon ||

4. tan wuwusên sira sang aprabu[162] | kang agung mangimur galih | gumulunge tyas sinamun | mêmungu rênaning kapti | ing siyang tan winiraos ||

5. rêroncène kadhaton lir sabênipun | tan ana owah sawiji | wiyos dalêm sang aprabu | padinan badhaya srimpi | jêngkar dhahar sakoloron[163] ||

6. wusing nglorot masareyan sang aprabu | kadya saban-sabannèki | wungu asar wus dhêdhawuh | marang nyi mênggung kang tampi | sang nata arsa malancong ||

7. nitih kuda dèn samêkta para wadu | warata dèn dhawuhi[164] | kang samya darbèni laku | pra putra santana tuwin | urdênas kaptin myang mayor ||

8. myang dyah gundêr tamtama caranganipun | tan kèri miji

--- 51 ---

pinilih | sadaya sami nyaplatun | miwah mantri kadipatin | sapanèwu wus mirantos ||

9. timbang lan kêparak sami sapanèwu | sabên-sabên yèn palêsir | wus padatan kadya iku | nitih reta lawan wajik | tan owah kang dhèrèk golong ||

10. amung para putra lan santana wau | lamun sang nata nitih[165] | kareta sakarsanipun | kuda kenging rata kenging | kunêng wau winiraos ||

11. sang aprabu wanci jam lima wus ngrasuk | kêprabon miyos tumuli | nitih kuda janjam biru | nama kyai madusêkti | binusanan sarwa abyor ||

12. kêkambile wêwatangan cindhe wungu | sinulam barêji kuning | sarwa mas cacêplokipun | panunggul intên hèr bumi | sinêling mirah sakêbon ||

13. turut èbèg sinulam swasa têpung[166] | bulu-bulune rêspati | podhang nucuk sari mlêngkung | katrinya nepathak wajik | mêntal-mêntul ting parênthol ||

14. kêkacène kanan kering binurliyun | kadi sêsondhèr tinon sri | badhong ginombyok mas tatur | munggèng soring jaja wajik | wijang ting karêthap abyor ||

15. komplit lawan pangagêmanira prabu | dhêsthar anglung jiwa rintik | kuncung jêjênthitan sinung | cêplok barleyan saklênthing | cundhuk bokèt karang mêlok ||

16. nèng luhuring pilingan kering tumlawung | pindha kêkuwung [kêku...]

--- 52 ---

[...wung] nawêngi | jebeyan tumumpang manggung | ing pêpundhak kanan kering | borèh mêntah amalodong ||

17. ngliga slira tanpa rasukan sang prabu | sangsangan sêkaring gambir | inganggit bawang sabungkul | paningsêt sawit rêspati | èpèk sulaman rêgulon ||

18. wêwangkingan ladrang sinungging slorok byur | nyamping parangrusak klithik | ngagêm gêlang ula manglung | tinarètès êntên[167] bumi | praptèng panêpèn gumuroh ||

19. urmat ingkang prajurit tambur gumuruh | salomprètira mêlingi | orêg sakèhing bala gung | wus samya samêktèng wajik | drahgundêr jajari golong ||

20. gumarêdêg ing wuri kang samya grubyuk | gègèr ingkang nêningali | samarga-marga gumuruh | swarane jalu lan èstri | samya nênonton sang katong ||

21. ngapurancang sapinggiring marga têpung | kapang lir tataning baris | kathah wanodya kapoyuh | mulat ing jêng sri bupati | bagus cahyane mancorong ||

22. nêdhêngira taruna blancèr umancur | kadya putra Dwarawati | bagus barêgas tur kaduk | wiragane ngrêspatèni | parigêl solahing katong ||

23. bêsus wasis ngulah turanggi wus gambuh | sêsirik saurut margi | ginarubyuk ngarsa pungkur | tanapih ing kanan kering | wau lampahe sang katong ||

24. miyos ngalun-alun lor têrus lumaju | sapraptane ngarsèng loji | para garnesun gumuruh | mangurmati [mangurma...]

--- 53 ---

[...ti] sri bupati | lampahe têrus mangalor ||

25. miyos pasar jujug kapatihan rawuh | gugup sang anindyamantri | mêthukkên rawuhing prabu | mandhape saking anitih | rumakêt pinundhak gupoh ||

26. têrus têdhak ing pondhokane Ki Thuthuk | gupuh-gupuh mangênjali | wau kang para garubyuk | sampun ingancaran sami | satata pandhapèng lunggoh ||

27. situ-situ patih kapatihan sampun | sanega sunggatanèki | midêr wedange myang srutu | miwah minuman tan kèri | warata larih sumoroh ||

28. kunêng wau sang prabu ingkang wus pangguh | Ki Thuthuk lan nindya patih | dhawuhkên dènira sampun | dhahar tim sata wanadri | nanging kacuwan ing batos ||

29. saking dahat kirang marêming sang prabu | witnène namung sakêdhik | manawa bisa Ki Thuthuk | ngong amundhut êtim malih | Ki Thuthuk matur wotsinom ||

30. dhuh pukulun punapa karsanta prabu | kawula darmi umiring | nanging ayam wana wulung | punika srana dipun tim | kêdah kang dawêg tumloncong ||

31. sang aprabu wus dhawuh mring mantri ngayun | bapa upayakna malih | ayam wana irêng mulus | kang nêdhêng tumloncong nyêcik[168] | banjur aturna maring ngong ||

32. kyana patih sandika nêmbah umatur | pukulun sayêkti lami | tur dèrèng kantênan antuk | ayam wana ulês langking | namung mênawi kemawon ||

33. sagêd angsal kang dados [da...]

--- 54 ---

[...dos] karsanta prabu | Ki Thuthuk ngandika malih | mangke nyuwun lilah prabu | pun Thuthuk amit umulih | sang nata ngandika alon ||

34. iya ingsun lilani Pak Thuthuk[169] | nanging besuk yèn wus olih | ayam alas irêng mulus | sira sun timbali malih | sandika sarwi wotsinom ||

35. sang aprabu malih pangandikanipun | hèh Pak Thuthuk iya iki | tandurên nèng Paras dhusun | tunggu pasanggrahan mami | jênênga dêmang ing Poncot ||

36. bumi Paras kabèh ampilna Pak Thuthuk | lungguhe nêm jung sakikil | prapta ing saturunipun | miwah sangonana dhuwit | sêlaka nêm atus kêton ||

37. tur sandika kya patih sigra sêdhawuh | maring rahadèn ngabèi | praja Endra iya iku | wêrangkaning nindyamantri | sawusing sampurna gupoh ||

38. parentahe anut karsane sang prabu | Ki Thuthuk wus dèn paringi | sangu kêton nêm atus[170] | miwah badhe kêpyak dadi | dêmang patuh desa Poncot ||

39. tan warnanên purnaning karsa wus rampung | sang prabu kondur tumuli | praptaning pura wus laju | jujug kaêmasan prapti | kagyat jêng ratu duk anon ||

40. rawuh gupuh-gupuh dènnya mêthuk[171] | mêndhak sigra wus kinanthi | têrus manjing jinêm arum | rumakêt nutug karon sih | sang kalih sami kalêson ||

41. datatita tan cinatur solahipun | sang nata

--- 55 ---

lan pramèswari | cinêndhak caritanipun | ya ta lajêng anggarbini | Ratu Mas sawusing bobot ||

42. kunêng wau kacarita sang aprabu | ing karsa ngramakkên rayi | jroning warsa wus tinamtu | Jêng Pangran Suryabratèki | dhaup nan[172] sanak pêrnah nom ||

6. Sinom

1. putri riya Mataraman | mijil saking garwa padmi | putri dalêm ping sakawan | miwah jêng pangeran ari | ya Natabratèki[173] | ugi dhaup lan sadulur | nak-sanak putranira | Jêng Pangran Natabratèki | kang wus seda putra dalêm ping sakawan ||

2. kalawan jêng pangran arya | nênggih Sumabrata nami | dhaup kadang naking-sanak | putra Sumayudan nênggih | dene sadhèrèke putri[174] | kang krama sarêng sataun | Radèn Ajêng Sahibah | dhaup lan radèn mas ari | ya Amangkupura wayah kaping tiga ||

3. putrane Jêng Gusti Pangran | Adipati Mangkubumi | kaprênah paman nak-sanak | rêroncène tan winarni | orêg wong sanagari | dènnya sang prabu mêmantu | sêlur anglur tumingal | panggihing putra lan putri | catur pisan wontên dalêm kapatihan ||

4. pakurmatan kadi adat | mawantu-wantu mênuhi | boga bujana warata | tangèh kalamun winarni | rêrêngganing pangantin | anèng kapatihan agung | pasamuaning karya | sêpasar catur pangantin | pangundhuhe mlêbêt manjing jro pura[175] ||

5. tan [ta...]

--- 56 ---

[...n] owah lir duk panggihnya | pakurmatan urut margi | mung wancine jam satunggal | siyang lêbêting pangantin | pasamuan jro puri | tan ewah lir sabênipun | parte dhansah rong dina | bujanane têlung bêngi | jroning pura pasamuane sapasar ||

6. jangkêpe hara mangkana | cature para pangantin | pan sampun sami kalilan | kondur mring dalême sami | pakurmatane kadi | tan owah duk panggihipun | pasamuaning marga | myang padalêmane sami | tan cinatur gènnya bangun karamean ||

7. risang pêngantèn papat[176] | langkung dènira samya sih | wantuning putri lan putra | tan wus ucapêning tulis | kunêng gantya winarni | wau ta jroning kadhatun | apan sampun warata | wartane wus miyatani | pambobote Gusti Kangjêng Ratu Êmas ||

8. apan wus jangkêp tri wulan | anglonging jiwa nglalêntrih | mêkaring kang payudara | mangkah jaja kaèksi[177] | pating karêncang wilis | bêbayunirèng prêmbayun | ya ta wus kauningan | marang Jêng Ratu Taruni | yèn Jêng Ratu Êmas bobot tigang wulan ||

9. wagugên sêmanging driya | murusing tyas widhag-widhig | wigêna tanpantuk nendra | kawawas warasing galih | kapilêng nala tistis | putusing driya malatkung | wirangrong amangarang | wirang katawêngan runtik | amung marang narendra paraning duka ||

10. dene nyidrani ubaya |

--- 57 ---

sêtyaning cipta kang suci | sawancining jam siyaga | busana lir sabênnèki | sinjang garingsing ringgit | sêmêkane gadhung gêndul | têngah binengkok seta | tinêpi pita kêtangi | kaleweran kinanjing[178] paniti mirah ||

11. ukêl sèntêg mung lugasan | borokan sêkar balimbing | turut pilingan kiwa[179] | sêngkang sêling mirah cêplik | tasik lamatan kuning | arêrimong plangi wungu | tuhu ayu utama | ngilangkên langên sabumi | kasor kabèh wanodya sajroning pura ||

12. tan ana kang mêmiriba | pindha wimbaning sitèngsi | gêbyuring cah tumeja[180] | muwuhi kuwunging puri | sasat Dyah Prabasini | kasor ing sasolahipun | Ngendraloka riloka | sagung para widadari | kasor kabèh pantêse amung parêkan ||

13. ya ta rampunging busana | Gusti Jêng Ratu Taruni | têdhak ingayap pawongan | kang ngampil pucara sori | mring prabayasa panggih | ing raka jêng sang aprabu | lagya arsa busana | kagyat sapraptaning sori | kapang-kapang pinêthuk mêndhak cinandhak ||

14. kang astarsa kinanthia | miwal jêng ratu ngoncati | tangkis asta angujiwat | dhuh pukulun sri bupati | kang sèstu ratu adi | ambawani bawana agung[181] | sampun agung mangkana | karêm ing wanodya cêplik | wong punapa kula kinanthi asta[182] ||

15. mêndhak ingewanan ayam | tan ngayêmi tanpa dadi |

--- 58 ---

kaduk padha nora guna | miguna anênulari | cêdhak wong dhangir kunci | tanpa karya nèng kadhatun | tan pantês tinuladha | adhuh mindhan[183] ngrêrêgêdi | dadèkake sudaning darajat raja ||

16. milane sampun mangkana | gusti panjênêngan aji | ajinên ing kawijayan | ywa arsa marang pawèstri | kang kadi awak mami | wong papa datanpa patut | ngambah jro kênyapura | măngsa kuranga pra putri | endah-endah ewon tur darahing raja ||

17. măngsa ta kadi kawula | turune wong angon mêri | măngsa kêndêla ngawula | nadyan sêtyaa sakêthi | suci tan antuk kardi | nora rumăngsa wak engsun | wong papa papariman | minta kanggêp anyênyèthi | nora wêruh mung ginawe bêbutuhan ||

18. mila mangke wus rumăngsa | nêdya narima ing batin | puluh-puluh kayaparan | dhuh sanyatane wong cilik | nyuwun dipun rêsiki | antukna lir waunipun | dhatêng ing Pamênangan | prapta kawula rumiyin | inggih botên nênêka aninggal dhara ||

19. prapta dhewe soroh badan | nubruk-nubruk angêbruki | wit saking krananing arja | nora cipta nora ngimpi | nêdya kramèng narpati | kang dudu sasamanipun | muk anglara raga[184] | agêgêring-gêring pikir | parlune mung akrama enaking driya ||

20. nadyan mêmikula salang | angindhit anggendhong sênik [sê...]

--- 59 ---

[...nik] | mung sok kanggêpa kewala | narimaa mara nyai | pan lagi tumon iki | narpati cidra ing wuwus | wuwus ingkang wus sêtya | sêtyane prasêtya suci | mila paran kawune dèn awètna[185] ||

21. mindhak dêdawa wirang[186] | ngarang mirong tanpa aring | mundur wirang maju wirang | mêmindha bêbarang baring | luhung prapta ing pati | katimbang dêdawa wuyung | uripa tan kadawa | andulu gêbyaring sasi | mung tulusa gusti mêngkoni nagara ||

22. kawula dèn lilanana | pamit mati mlêbu gêni | urip tan bisa suwita | alaki cidra ing jangji | sang prabu duk miyarsi | wagugên tyasira gidhuh | dhuh nyawa gustiningwang | apa karanane yayi | dêduka mring dasih kawêlasarsa[187] ||

23. paran kaluputan ingwang | mring sira ratuning ratih | intên mugi andikakna | aywa mung kadêrêng runtik | pangrasaningsun gusti | ing siyang ratri datan wus | akuting karsanira | kawulane mung sadarmi | kabèh gadhuh tan liya kang darbe sira ||

24. nadyan mirah mêmundhuta | gunung mas nêla widuri | sayêkti măngsa luputa | kabèh saisining puri | tan liya kang darbèni | wajib mung sira wong ayu | ingkang satuhu dadya | paraning katrêsnan mami | mengo ngêmpus jêng ratu gabêr kewala ||

25. basakna yèn ngandika[188] | kaya-kaya yèn sayêkti | tan wêruh yèn lêlamisan | pêpulasan têmbung lamis | amung ngenaki kapti | mindha bocah [bo...]

--- 60 ---

[...cah] misih kuncung | tan wruh ujar onggrongan | iku antêpana yêkti | nora wurung kajungkêl kaglundhung jurang ||

26. rêncêm ragane mangarang | anganggêp ujar lamis[189] | ngingus ngêse bêbengesan | nora wurung nêniwasi | kang kadi awak mami | ujare pan wus kabanjur | mung gugu gêguyonan | sun sêngguh ujar sayêkti | andikane kang pantês satuhu sêtya ||

27. sang prabu ngangsêg angaras | rinangkul lungayannèki | dhuh babo pêpujan ingwang | ingkang satuju dumadi | paraning kang trêsna sih | ing lair myang batin ingsun | dasihe wus tan nêdya | cipta asih ing dyah malih | ing dêlahan tulusa mangèstupada ||

28. mring sang adining kusuma | sanadyan ingntên[190] ing benjing | manjalmaa ping sayuta | aja liya kang mêngkoni | kalawan sira gusti | angêmungna gèn ingsun[191] | gon ingsun ila-ila | marang sang dèwine ngèstri | cinuthata sihe kang mindha warcita ||

29. kumudu mangèstupada | marang ing sira wong kuning | sêsotya Ngendrabawana | Ratih Ratih Larasati | tan ana kang ngiribi | mung nyèthia kabèh patut | dhuh mirah kang asawang | trênggana mangikis ratri | wus rumasa dasihe anandhang dosa ||

30. amung dèn agung kewala | apuranira mas gusti | mring dasih kawêlasarsa | para yèn tan tulus asih | mring dasih kang kaswasih | baya sida nglalu lampus | jêng ratu tangkis [tangki...]

--- 61 ---

[...s] asta | jêlèh botên têmên mami | andikane mêmêla pindha kawula ||

31. ngasorkên salirèng nata | nganti datan angèmpêri | bawaning garendra[192] tama | mung amrih lunturing kang sih | tur ta yèn anêpi[193] | lunluring[194] sih trêsna sampun | tuman-tumanên draya[195] | durung karuhan nimbangi | pirangbara salewengan guladrawa ||

 


Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
Kurang satu suku kata: mulya waluyanirèng pambudi. (kembali)
Kurang satu suku kata: nagari ing têlênging rat Jawa. (kembali)
Kurang satu suku kata: prabawane ing bawana ambawani. (kembali)
Kurang satu suku kata: ngêmohi pangundhuh. (kembali)
Lebih satu suku kata: maneka-neka warnane. (kembali)
sajagad. (kembali)
Kurang satu suku kata: Ariya Buminata. (kembali)
Lebih satu suku kata: măngka agul-agule jurit. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: sambada kanuragane. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: anon-anon apangkat bupati. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: praja myang Mangkupraja. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: wadanane mung satunggal. (kembali)
14 Kurang dua satu suku kata: ing sabên taunipun. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: sri narendra apan sampun krami. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: amundhut garwa malih. (kembali)
17 ewon. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: sasolahe migunani ngrêspatèni. (kembali)
19 Kurang tiga suku kata: Dyah Lêsmanawati pan ingkang wuragil. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: langkung bisa basa basuki. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: sang prabu kalangkung trêsna. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: apa baya pêpasthine. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: tinata jroning driya nahên prihatin. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: amburu mênjangan lawan kancil. (kembali)
25 Kurang dua suku kata: sampun praptèng mangsanipun babar. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: sang aprabu sampun aparing. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: kunêng wau kacarita sri bupati. (kembali)
28 bandara. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: kondur saking siniwaka. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: apa sira ingkang karêpake gusti. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: angrungkêpi jajahanirèng garwa. (kembali)
32 intênku. (kembali)
33 swarga. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: yèn ngantia trêsnèng mring dyah liya. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: asih marang cêcèthine. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: măngsa dadak amindhoni karya. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: madhahi êmasku. (kembali)
38 ing. (kembali)
39 Lebih satu suku kata: Hyang Wisesa pinaringan wênang. (kembali)
40 tinêmu. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: ing panyuwun kula andarbèni siwi. (kembali)
42 sampun. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: jênêng ingsun wus suta tan cipta malih. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: wuwusku ingkang kawêdal. (kembali)
45 Kurang dua satu suku kata: wungu sare nulya ngenggar-enggar. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: mulur nalare ngalèwèr. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: manjêr manglarap mangilèn. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: kabèh wêwangunira. (kembali)
49 Kurang dua suku kata: jro kêdhatunipun. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: asrining busana katon adi. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: tan na wong kang nusul. (kembali)
52 diwangkara. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: ingkang pêksi jrih bok kawênangan. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: manukma katut mata. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: muncar-mancur anèng wiyati. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: tinunjung cèt biru. (kembali)
57 asasaran. (kembali)
58 warnane. (kembali)
59 surut. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: miwah sagung para putra. (kembali)
61 tintrim. (kembali)
62 Lebih satu suku kata: mêlatêr nèng platarane. (kembali)
63 Lebih satu suku kata: mratani sabuwana. (kembali)
64 Kurang satu suku kata: nata agung dèn inggati. (kembali)
65 Lebih satu suku kata: sinamar sinamur galih. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: ajrih alulut sumuyut. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: awarata pinasthika. (kembali)
68 Kurang satu suku kata: bêksa papat dhadhap kreta. (kembali)
69 widagdèng. (kembali)
70 gumrubyug. (kembali)
71 Lebih satu suku kata: sang patih ngiras rêrasan. (kembali)
72 Lebih satu suku kata: sinêlut êmas sulaman. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: lêlampahe anèng marga. (kembali)
74 ngarsa. (kembali)
75 timbali. (kembali)
76 bok. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: sêtyèngsun uwus kawêdal. (kembali)
78 kalangkung. (kembali)
79 Kurang satu baris: 8a. (kembali)
80 Kurang satu suku kata: babahane Thuthuk biyèn. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: ingong arsa mêminta sih. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: kaengsun kon anunggoni. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: ing Salatiga dèn enggal. (kembali)
84 Lebih satu suku kata: ngajêngkên barandhalane. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: ardawalika akêmit. (kembali)
86 Kurang dua suku kata: lar ira ing kering kanan. (kembali)
87 pandêlêgan. (kembali)
88 Kurang satu suku kata: dhêdhêp tan ana suwara. (kembali)
89 Kurang satu suku kata: marang rêkyana apatih. (kembali)
90 Lebih satu suku kata: pinaringan nama Pangran. (kembali)
91 Kurang satu suku kata: jêng pangeran jêjuluke. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: Jêng Pangeran Suryapura. (kembali)
93 Lebih satu suku kata: sapraptanirèng kadhatun. (kembali)
94 Kurang satu suku kata: anutug dènnya bujana. (kembali)
95 Lebih satu suku kata: bantal putih sungsun sanga. (kembali)
96 Kurang satu suku kata: mila saya amisuwur liya desa. (kembali)
97 ngèlmine. (kembali)
98 Kurang satu suku kata: kang cinatur duk samana. (kembali)
99 linakonan. (kembali)
100 Lebih satu suku kata: sapucake gunung Mrapi. (kembali)
101 Kurang dua suku kata: Ki Thuthuk tansah tut wuntat. (kembali)
102 lungguh. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: Paras karsanya kaya. (kembali)
104 timbali. (kembali)
105 Kurang satu suku kata: Ki Thuthuk duk amiyarsi. (kembali)
106 Kurang satu suku kata: wus kondur rêkyana patih. (kembali)
107 Guru lagu seharusnya 8a: panggih bupati kang jaga. (kembali)
108 Kusumayuda. (kembali)
109 Kurang satu suku kata: Magêlang ingkang tumadhah. (kembali)
110 bupati dipun. (kembali)
111 Kurang satu suku kata: kathah ingkang kawêngkonan. (kembali)
112 Kurang satu suku kata: dene barandhal anuli. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: lèrès têrus amangetan. (kembali)
114 Kurang satu suku kata: pun brandhal lajêng anggêbag. (kembali)
115 Lebih satu suku kata: pun barandhal morot anggêbug Sêmbuyan. (kembali)
116 Kurang satu suku kata: brandhal sangsaya brindhil. (kembali)
117 Kurang satu suku kata: sang prabu angandika. (kembali)
118 Kurang satu suku kata: angamungakên kang kêmit. (kembali)
119 Kurang satu suku kata: ngong suguhi mimis mas. (kembali)
120 Kurang satu suku kata: jêng gusti matur aris. (kembali)
121 Lebih dua suku kata: ting bêlulur playune tilar gêgaman. (kembali)
122 Kurang satu suku kata: maras tyase malajêng tilar gêgaman. (kembali)
123 Kurang satu suku kata: tur gagah aprakosa. (kembali)
124 Sasradiningrat. (kembali)
125 Kurang satu suku kata: kapat Ki Thuthuk akinthil. (kembali)
126 Lebih satu suku kata: nimbali ajar ing arga. (kembali)
127 Kurang satu suku kata: kajawi ingkang wus dadya. (kembali)
128 Kurang satu suku kata: dene wis bisa mênangi. (kembali)
129 Kurang satu suku kata: gonira angrêrewangi. (kembali)
130 Kurang satu suku kata: tulusa ing kawiryawan. (kembali)
131 Kurang satu suku kata: awit durung andarbèni. (kembali)
132 Lebih satu suku kata: ing batin nahên prihatin. (kembali)
133 Kurang satu suku kata: mara age ajokêna. (kembali)
134 wiji. (kembali)
135 Lebih satu suku kata: inggih marang nyi tumênggung. (kembali)
136 jumênêngan. (kembali)
137 Ki. (kembali)
138 dipatya. (kembali)
139 papariman. (kembali)
140 Kurang dua suku kata: ing wanci dalu Ki Thuthuk. (kembali)
141 Lebih satu suku kata: manungku cipta sêjati. (kembali)
142 warata. (kembali)
143 garjitèng. (kembali)
144 Kurang satu suku kata: para wayah alit alit. (kembali)
145 wayah. (kembali)
146 nyadhong. (kembali)
147 Kurang satu suku kata: têlung uwang myang panganan. (kembali)
148 janma. (kembali)
149 sang. (kembali)
150 Kurang satu suku kata: putra têtilaranipun. (kembali)
151 Lebih satu suku kata: gusti ayu dyan Kêdhiri. (kembali)
152 Radyan. (kembali)
153 Kurang satu suku kata: rahadyan pan masih alit. (kembali)
154 Lebih satu suku kata: wau radyan mas cinatur. (kembali)
155 Kurang satu suku kata: piniji maring sang prabu. (kembali)
156 Kurang satu suku kata: atur sêmbah Dyan Kuwasa. (kembali)
157 Kurang satu suku kata: iya adhi mas matura. (kembali)
158 Kurang satu suku kata: gumujêng Jêng Ratu Êmas. (kembali)
159 Kurang satu suku kata: nanging aja sok andhugal. (kembali)
160 Guru lagu seharusnya: 8i, tur sêmbah lèngsèr sing ngarsi-. (kembali)
161 Kurang satu suku kata: rangu-rangu angarang akasut kayu. (kembali)
162 Kurang dua suku kata: tan wuwusên sira kangjêng sang aprabu. (kembali)
163 sakaloron. (kembali)
164 Kurang satu suku kata: awarata dèn dhawuhi. (kembali)
165 Kurang satu suku kata: lamun sang nata anitih. (kembali)
166 Kurang satu suku kata: turut èbèg sinulam swasa atêpung. (kembali)
167 intên. (kembali)
168 bêcik. (kembali)
169 Kurang dua suku kata: iya ingsun wus anglilani Pak Thuthuk. (kembali)
170 Kurang satu suku kata: asangu kêton nêm atus. (kembali)
171 Kurang dua suku kata: rawuh gupuh-gupuh dènnya amêmêthuk. (kembali)
172 nak. (kembali)
173 Kurang satu suku kata: iya Natabratèki. (kembali)
174 Lebih satu suku kata: dene sadhèrèk putri. (kembali)
175 Kurang satu suku kata: pangundhuhe mlêbêt manjing jroning pura. (kembali)
176 Kurang satu suku kata: risang pêngantène papat. (kembali)
177 Kurang satu suku kata: mangkah jajane kaèksi. (kembali)
178 kinancing. (kembali)
179 Kurang satu suku kata: turut pilingane kiwa. (kembali)
180 Kurang satu suku kata: gêbyuring cahya tumeja. (kembali)
181 Lebih satu suku kata: ambawani bawana gung. (kembali)
182 Kurang satu suku kata: wong punapa pan kula kinanthi asta. (kembali)
183 mindhak. (kembali)
184 Kurang satu suku kata: muk anglêlara raga. (kembali)
185 Kurang satu suku kata: mila paran kawulane dèn awètna. (kembali)
186 Kurang satu suku kata: mindhak andêdawa wirang. (kembali)
187 Kurang satu suku kata: dêduka maring dasih kawêlasarsa. (kembali)
188 Kurang satu suku kata: basakêna yèn ngandika. (kembali)
189 Kurang satu suku kata: anganggêp ujare lamis. (kembali)
190 dintên. (kembali)
191 Kurang satu suku kata: angêmungêna gèn ingsun. (kembali)
192 narendra. (kembali)
193 Kurang satu suku kata: tur ta yèn anênêpi. (kembali)
194 lunturing. (kembali)
195 driya. (kembali)