Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 60–74)

Judul
Sambungan
1. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 01–10). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 11–22). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 22–36). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 37–49). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
5. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 50–59). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
6. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 60–74). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 11-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

59. Asmaradana

1. kasmaran karsèng narpati | dènnyanggita sêtatsêblad | sona cinancang gulune | nèng luhur marga prapatan | katèmplèkan srat undhang | supaya kèh wong kang wêruh | dadia kaca benggala ||

2. ing têmbe aywa na mirib | klakuanira Sèkh Jênar | marang sarê'at maido | kang gumlar narik utama | samana wus warata | kasub kasumbagèng catur | Jênar laya dadi sona ||

3. midrawèng rat nyakrawarti | mancapraja desa ngarga | pra pulisi tampa kabèh | wus dangu antaranira | batahangnya[1] asu abang |[2] mudhun wus kapundhut wangsul | sinung jroning krêndhasawa ||

4. dhawuh kinubur lir mayit | prathisthèng kulon Muharam | tanpa kurmat pangubure | samana wus paripurna | kubure Sitijênar | bangke ingkang dadya asu | nèng kulon masjid nggonira ||

5. rampungnya pangupakarti | pangubure sona abang | jêng sultan sapunggawane | patih pangulu lan jaksa | nata nulya ngadhatyan | pra punggawa bubar mantuk | warnanên muridnya Jênar ||

--- 3: 49 ---

Ki Lonthang ing Samarang muride Sèkh Sitijênar

6. sajuga lagyangon kambing | wasta Ki Lonthang Samarang | mirêng pabrataning wartos | yèn Pangeran Sitijênar | patine dados sona | ginantung prapatan lurung | pandhegane wali sanga ||

7. Ki Lonthang ngartikèng galih | iya Allah guruningwang | kinarya tontonan ngakèh | kênèng krênahing musibat | santri karya kiyamat | supaya 'ilmune payu | ngala-ala kawruh liya ||

8. sajêg jumlêg sun durung wrin | janma mati dadi sona | mung akale santri bohong | rahane[3] dhewe sampurna | ring tekad nggawa bathang | ciptane ring suwarga gung | nêmu barang kani'matan ||

9. lumrah bangêt santri nisthip | nistha lakuning pralaya | ginawe mulang muride | kang kranjingan nganti edan | ngarêp-arêp suwarga | ndi nyatane kang swarga gung | yèn santri sêmaya benjang ||

10. besuk yèn wis praptèng pati | bisa têmu karo Allah | anèng swarga panggonane | widadari lêksan jaga | kang mangkono 'ulama | dikon ndumuk êmbuh mau | iku mukmin ngamandaka ||

11. yèn saiki durung uning | besuk manèh yèn wêruha | kang ora ana nyatane | nadyan santri bisa pana | manggon nèng nur Mukhammad | ana santri manjing suwung | wangwung kaya wong anendra ||

12. ana ing ngadebundambi | brutune dhewe suwarga | ana manjing jagad kiye | kang kothong dadi udara | sawênèh manjing rahsa | ana mahya saking kakung | manjing kacampah narendra ||

13. dalane wus dèn liwati | rêbut sungil dadya bocah | mahya saking ratu gêdhe | apêse jumênêng pangran | bagya sumulih nata | kang sawênèh santri kumprung | utêk ginalih suwarga ||

14. ana santri luwih nisthip | patine anggulung badan | dadi samrica gêdhene | mahya saking githokira | manjing ring ula-ula | ana nuksma dalan nupus | ana manjing darusalam ||

15. seje kaya guru mami | Sèkh Sitijênar mukmin khas | mutakad Kuran lafale | mèksi panggonan pralaya | tan ingan ratri rina | anta mutu kabla mutu | mayujalu 'alam Allah ||

--- 3: 50 ---

16. ngukud sarana pribadi | ing kamuksan wus pratignya | nyatane ing kana kene | 'ilmune agal malela | siswa winêjang cêtha | gampang pangèsthining maut | têrus têrang padhang nrawang ||

17. sun iki Lonthang Samawis | kalêbu muridnya rucah | tinimbang santri wus moncol | sanadyan waline pisan | ayah ta ora eram | ana wali tikêl mliyun | payo ngadu kasantikan ||

18. Ki Lonthang siga[4] mring masjid | tan antara laksitanya | prapta tratag srambi ngoprès | dlajigan ambanda tangan | ngalor ngidul ngrang-erang | mring jênênging wali kutup | miwah pra santri sahabat ||

19. waktunya Lonthang Samawis | wali maksih lênggah tata | kathah murid wrêda anom | mabukuh sumiwèng ngarsa | wruh Lonthang tanpa krama | akèh para santri ngungun | kinira janma kunjana ||

20. nulya Jêng Mulana Mahgrib | ngandika ring Sunan Benang | hèh wong apa iku jêbèng | nungkak silaning akrama | tur mangeran uliya | Sunan Kali lon sumambung | punika sahbatnya Jênar ||

21. nama pun Lonthang Samawis | kang arda yayah kunjana | dènira ngrusak krahayon | nguman-uman wali sanga | ngunggulkên Sitirêta | Jêng Mahgrib ngandika arum | hèh ta Benang timbalana ||

22. têtela ingkang kinapti | wong ngrusak atjèng[5] pranata | kang wus gumelar ing akèh | lawan malih takonana | inggih nuwun sandika | gya marêk marang kang muwus | mangkana pangandikanya ||

23. hèh sira Lonthang Samawis | angoprès paran karsanta | trang wuwusmu tanpa gawe | malah nyuda têntrêmira | luput-luput sriranta | antuk pidananing ratu | lah Lonthang sira lungguha ||

24. ingkang liningan gya linggih | kalêrês jajar Sèkh Dumba | nèng surambi marêp ngulon | jegang Lonthang tanpa krama | nir silaning pranata | Sèkh Mlaya ngandika arum | hèh janma sirèku sapa ||

25. dene nglêbur yuning urip | kang tinannya pasrangkara | he e dene pangling kowe | nguni wus kumpul lan ingwang | kêplèk gimêr

--- 3: 51 ---

yèn kalah | angon ulat ngrêbut mênthung | mangke wus dadi uliya ||

26. biyèn aranmu Dèn Sahid | putrane Dipati Tuban | mangkya dadi santri gêdhe | aran wali hulul'ilma | silaning gama 'Arab | layak kowe ring ngong tambuh | aranku Lonthang Samarang ||

27. muridnya Pangran Sitibrit | maksih blilu durung muktas | ngalap wulang durung ngêntèk | nanging pamikirku lawan | uliya ora eram | angadu di guna kawruh | mati urip kanyataan ||

28. Sèkh Dumba sumambung angling | hèh Lonthang praptanta paran | nèng kene wuwusmu ngoprès | nungkak laksitaning tata | wuwus lir talang udan | tan kok candhêt wahyèng clathu | ora wurung dadi wisa ||

29. makan badanta pribadi | sebak punglu saking tinggar | Lonthang mbok aja mangkono | sun tangguh dudu wong edan | nora angeman badan | jamak lakoning tumuwuh | kudu rumêksèng sarira ||

30. sasat rumêksa Hyang Widdhi | ngratoni dunya akhirat | têmah koalani dhewe | mangka wicaraning titah | wa manngrapa napsaha | pakatngarapa rabbahu | sing sapa wruh ing sarira ||

31. têmên-têmên wruh Hyang Widdhi | wong taklim sasama-sama | ngurmati awake dhewe | sapa mamrih kaluhuran | ngluhurna awaking lyan | mangka sira ngrusak ayu | nglêbur jamaking manusa ||

32. yèn wong nêdya ngluru bêcik | ambabara kabêcikan | kang sakadar samurwate | mèt panimbang wajib wênang | ywa tinggal kira -kira | duga-wataraning idhup | mangkono jênênging gêsang ||

33. dene wong yun darbe 'ilmi | aja pêdhot pamrihira | kitab 'Akaid warahe | mangkene tambayèng lafal | nganal'ilmu makhluka | makhluk têgêse puniku | wong yun 'ilmu ngupayaa ||

34. kang mangka sirèku musrik | nora pisan ngalap dalan | kang kanggo ing kana kene | sira mèstu Pangran Jênar | patine dadi sona | tamtu sira dadi asu | wus ilang dadi pocapan ||

35. Ki Lonthang mangsuli wêngis | hus hus edan kowe rucah | ngalor ngidul adol goroh | nuturi wong Buddha desa | dunya ana Hyang Suksma | singa krungu anut gêmblung | manut ujarmu nglêngkara ||

--- 3: 52 ---

36. ngêndi ana Maha Sukci | ing dunya akhirat sunya | ingkang ana ingsun dhewe | sêtun benjang urip ingwang | pribadi tanpa rowang | lah ing kono Dzatu'llahu | pêpasihan dadya kita ||

37. rèhning sun nèng dunya mati | jaba jêro sapunika | kang jro uripku ing têmbe | jaba pati sapunika | lah Dumba rasakêna | aja gugup sira rêngu | pandhegane wali sanga ||

38. sun wus mlaya njajah bumi | Aprika Cina Walanda | Alipuru botên tumon | Hindhu Butun gami Buddha | bangke malih srênggala | têka sadarpa tan nggugu | têtêp pra wali duskarta ||

39. kang mangka ujaring dalil | ing Kuran gandhulaningwang | têmbunge lafal mangkene | munpakum nganilmayitta | basimunpituraba | têgêse pêcating idhup | mayit bosok dadya kisma ||

60. Pangkur

1. wuri gêtun pra uliya | kang nèng srambi wrin Lonthang dènira ngling | mêmancah agama rasul | kang gumlar narik tama | sami njêntung wali sadaya gêgêtun | mriksa muridnya Sèkh Jênar | kang wasta Lonthang Samawis ||

2. nulya Jêng Benang ngandika | hèh ta Lonthang sun antêp sira mangkin | nglakonana sujud rukuk | ing rèh dini'lmustafa | anandhani rukuning Islam kamsatun | mula kudu tumindak khas | sira tamtu dadi wali ||

3. sun sakanca kang misudha | anggêntèni gurumu Sèkh Sitibrit | nanging rina wêngi kudu | nglakoni wêktu lima | yèn Jumungah nèng masjid mutakad makbut | anjunjung Dzat Rabbu'l'alam | Mamikul ing dunya akhir ||

4. sira aran wali tama | kang sinihan marang Hyang Maha Sukci | nging awrat patukunipun | sêdyambêk paramarta | sabar rila ing dunya mangajap layu | yeka wong dadi 'ulama | sun watara sira bangkit ||

5. nglakoni sabar darana | gumyak sagung pra wali jumurung min | samya mupakat biyantu | Ki Lonthang kipa-kipa | kirig-kirig gêtêm-gêtêm sarwi muwus | e Benang yèn ingsun sagah | kênèng begalaning pati ||

--- 3: 53 ---

6. pira lawase sun pêjah | anèng dunya kloreyan dadi wali | kang sabên dina mbêbujuk | ngapus nyêdul manusa | sun wong Islam ing têmbe urip tan layu | kinèn salat limang wêkdal | sun iki dudu wong kapir ||

7. sirarsa misudha ring wang | trima kasih nging tak-kira ngapusi | pamrih punapa jêjuluk | wali tan nganggo bayar | asma Lonthang Samarang bae iya wus | padha-padha tanpa bayar | mêmpêng jênêng ingsun iki ||

8. apa sira wani bayar | sèkêt rupyah sun anggo apa dhuwit | sira sukak glêmbuk-glêmbuk | yèn sun mèlika arta | saka pabrik sabarang pakaryan baut | jro giling lan tukang tanah | pangkat adminisêtratir ||

9. bayar rong atus rupiyah | ingsun êmoh sira arsa ngapusi | janma wali paksa untung | samangke ingsun arsa | lamun wali bisa mbuka lafalingsun | mara padha rungokêna | sun pur drah ingkang patitis ||

10. kadiparan artinira | janma mati suksmane anèng ngêndi | yèn pisah lan raganipun | lah mara aranana | yèn mring langit nyawa têmah sasar-susur | yèn amblêsa marang kisma | 'ilmune kadhadhung eblis ||

11. lamun ngalor ngulon ngetan | anèng têngah pan saya tanpa 'ilmi | yèn tan pisah nyawanipun | sing badan kadiparan | saking bingung 'ilmune sun arsa wêruh | mara batangên uliya | cêp pra wali sarêng myarsi ||

12. Sèkh Malaya nggarjitèng tyas | yèn sun buka pasal Lonthang Samawis | wadine bawana agung | janma kèh nèng ngarsèngwang | dudu wali yèn tan uning bab puniku | bêcik sun kèndêl kewala | karbèn tutug nggone criwis ||

13. manabda malih Ki Lonthang | jêngkang-jêngking sabên Jumungah ring masjid |[6] nêmbah sêpa sêpi suwung | yèn wijange[7] gurwèngwang | wong sêmbahhyang ora pêdhat[8] rintên dalu | hèh Benang wêruha sira | wahyèng napas dadya puji ||

--- 3: 54 ---

14. lêbune napasku salat | rèh pangucap paningal lan pamayarsi[9] |[10] kinèn lêpas ing pandulu | de yèn salat manira | ingkang langgêng sajêrone kita layu | ananging mêksih kiniyas | mangkono satêngah kapir ||

15. yèn bijaksa nawungkridha | tanpa karya yèn nêmbah Rabbu'l'alim | jêr dunya tan na Hyang Agung | rèhning rumakêt bathang | nadyan dèn cèt pinrada tan wurung lêbur | mumur wor lêmah makaman | priye nggoningsun maèsi ||

16. yèn jarwane Sèkh Lêmahbang | wong sêmbahhyang tan antuk ngrika ngriki | yèn katêkan lara bingung | nèk turu yayah bujang | lamun mlarat njaluk sugih nora antuk | luwih manèh yèn sakarat | jlalatan kadhang macicil ||

17. saking sungkan ninggal dunya | kang mangkono gumlar nèng wong trayoli | prandene santri kêpaung | dhikiran napi isbat | nganggit-anggit narupakkên Dzatu'llahu | nuli ana rupanira | iku dèn anggêp Hyang Widdhi ||

18. apa iku dudu sasar | pratandhane njaluk sugih tan olih | prandene sun kinèn makbut | syara' karya sare'at | yèn Jumungah maring masjid pating kranthuk | mêmuji pangeran sunya | dudu ngrika dudu ngriki ||

19. ingsun kinèn makbutu'llah | dèn apusi arsa dèn angkat wali | putêr-putêr angon catur | ruru wuduk rasulan | babon putih bumbu lêmbar cêkoh muluk | sêngadine ora mangan | hèh iku nêm mliyun kidib ||

20. bok aja mangkono Benang | wruhanamu ing dunya iki pati | ing akhirat iku idhup | langgêng tantara masa | kênèng godha sing sapa wong dhêmên layu | rumakêt swarga naraka | panas pêrih ngêlak ngêlih ||

21. Jêng Mahgribi Maulana | nambung sabda hèh kanca -kanca mukmin | wis aja kakèhan wuwus | bab Si Lonthang Samarang | mung têrinên[11] kaya apa sêdyanipun | sandika para 'ulama | Sunan Ampèl nabda aris ||

--- 3: 55 ---

22. marang Ki Lonthang Samarang | hèh ta Lonthang sira ingsun takoni | rèhne gurumu wus mantuk | ing jaman kauripan | mangka sira Lonthang kene nêmu layu | lah ta apa nusul sira | ingkang ngatêr para wali ||

23. Ki Lonthang gumuyu latah | tanpa karya wuwusmu marang mami | wong nêdya urip tan ewuh | yèn murid Sitijênar | gampang bae sadurunge wus kacakup | kene wruh rasaning kana | kana wruh rasaning ngriki ||

24. de sira nari maring wang | jênêng mati sakarsèngsun pribadi | urip nganggo sakarêpku | bab kondurnya Sèkh Jênar | ingsun nêdya labuh bêbarêngan idhup | kang wus tan kacakrabawa | mêngko sadhela sun mulih ||

25. prêluku marene iya | hyun sidêkah mituturi pra mukmin | ywa rikuh ngalap tuturku | cacah têlung prakara | kang sapisan aywa nindakake apus | kang ninggal duga watara | mundhak ginaguyu wingking ||

26. kang kapindho aja sira | ngrusak barang tinggalan dhingin-dhingin | kaya ta rontal sastra yu | guris tulis nèng sela | kayu watu tilasan ywa sira lêbur | wruhanira bangsa Jawa | Buddhane tan bisa ênting ||

27. kang kaping tri bokmanawa | kowe rujuk bubrahên masjid iki | sirnakna sarana latu | sun owêl turunira | ora wurung têmbe anut mêndêm kulhu | kewan-kewanan ring tabat | nganggit-anggit lam yakunil ||

28. kana-kana ora ana | têmah santri kanut mangeran budi | angên-angêne Hyang Agung | lir Prabu Brawijaya | têmbe ana santri kang mangeran bumbung | galih kangkung wuluh wungwang | suwung wangwung klowong angin ||

29. iku ginalih Pangeran | kang nguripi antara bumi langit | ana manèh santri bingung | napas dèn anggêp Allah | mlêbu mêtu amêmuji dhèwèkipun | luwih manèh têmbe ana | asmane Allah pinuji ||

--- 3: 56 ---

30. Allah tan kêna sinêmbah | cocog bae lan guruku Sèkh Abrit | rujuk Kuran jarwanipun | mokal sira tan wikan | mangibadallahu dunal asma kupur | têgêse wong nêmbah Allah | yèn dudu asmallah kapir ||

31. jaman iki wali sanga | kèh asma kang pinangeran ting jêrlih | anèng masjid kancamu tur | nora wêruh Pangeran | yèn wong kapir Pangerane bisa wêruh | wangsul mèt wêwaton Kuran | Allah tan mruhi wong muji ||

32. wa aman ngibadal asma | dunal ma'na makatna iya kang lir | wong nêmbah asma tan wujud | têmên kacêgah marma | poma aja sira padha iku palsi |[12] rucatên masjid punika | jêr sira têmbe sêsiwi ||

33. nurunkên têrah-tumêrah | yèn kabanjur wêruhmu têkan akhir | tan wurung kabèh wong kumprung | wêdi mring Gusti Allah | wani marang pulisi kawasèng ratu | bubrah rusuh akèh nasak | ruwêt tataning agami ||

34. gêtun têmên guruningwang | Sèkh Lêmahbang pagene enggal mulih | coba klamun isih layu | nèng kene bisa mbukak | masjid Dêmak kang ardawalêpa palsu | mèt pathokan saking Kuran | miwah tafsir Kaelani ||

35. wus sun ringkês jarwaningwang | sêdyaningsun yun nusul gurumami | sanadyan urip tan pangguh | yogi budiku tunggal | lan ta payo tontonên nggoningsun nganyut | yèn wis mulih salinana | bangke sakarêpmu dadi ||

36. tikus têkèk kodhok kadhal | kucing pitik kang gampang nggonmu sandi | angupaya ndalan antuk | leyo gajah lan jaran | sun pêsthèkkên sira ora bisa antuk | sabab nganggo cucul arta | Lonthang tantra manjing masjid ||

37. njujug ngimbar pangimaman | para wali mêksih lênggah nèng srambi | Ki Lonthang trangginas mugut | tirta ingkang nirmala | wus munfakun khayat kun dukyamunfakun | yayah telegram blas ilang | gumilang-gilang kang mayit ||

--- 3: 57 ---

38. kagyat pra wali sadaya | dupi swara gumêbrug kapiyarsi | pramila sami lumêbu | wrin Lonthang wus palastra | samya ngungun santero 'ulama gêtun | mancatnya endraning laya | bangke gya binêkta mijil ||

39. cukat santri kang tumandang | karya kluwat nèng dagane Sitibrit | dupi pangupakara wus | sawa Lonthang dèn angkat | malbèng kluwat rampung lir caraning layu | bubaran para uliya | kasmaran kondur pra sami ||

--- 3: 58 ---

61. Asmaradana

Kyai Agêng Pêngging wêkasaning lêlakone: bêbukaning carita Kyai Agêng Tingkir nuwèni marang Kyai Agêng Pêngging

1. nênggih kang pinurwèng kawi[13] | Kyagêng Tingkir Ngardipurwa | mirêng pabrataning wartos | yèn muridnya kang pangarsa | Kiyai Dayaningrat | sampun katimbalan Prabu | Sultan Adi ing Bintara ||

2. kongsi rambah kaping kalih | kyagêng mbêguguk tan arsa | Kyagêng Tingkir gung sumlange | tan wande antuk pidana | rèhning nagara krama | Kyagêng Tingkir hyun mêrtamu | paran kang dadya wasana ||

3. wusnya busana lumaris | ambêkta murid karweka | tan cinitra laksitane | praptèng Pêngging njujug natar | gya ubon-ubon mêdal | Kyagêng Tingkir ngandika rum | hèh rara sira matura ||

4. ingsun iki Allah Tingkir | hyun katêmu bêndaranta | Allah Pêngging anèng kobong | ana wigati sukarya | rara cangkêlak sigra | tur uning sawêlingipun | dhêdhawuh tamu katuran ||

5. Kyagêng Tingkir sampun kerid | malbèng wisma ring toreyan | Kyagêng Tingkir miyak kobong | gubah nulya tata lênggah | karweka rêraupan | ngyubagya andum rahayu | wusnyaso kyagêng ngandika ||

6. margèngsun yayi glis prapti | kagyat pabrataning warta | adhi wis watara suwe | sira tinimbalan nata | sinuhun ing Bintara | prêlune mung nêdya pangguh | rèh sira mêksih sudara ||

7. yayi ingkang kaping kalih | nata ring sira sujana | jêr durung suwe tilase | sira trahing Brawijaya | dhêdhukuh tilas praja | ing Pêngging yayah kadhatun | purwane kêmaru cipta ||

--- 3: 59 ---

8. kondhang kasub warta yakin | adhi mbaguguk tan arsa | pun kakang pakewuh tyase | hèh yayi sabab punapa | sajarwaa sanyata | Kiyagêng Pêngging umatur | kakang sayêkti kang warta ||

9. kula katimbalan aji | ping kalih wangsulan kula | mopo tan sêdya sumaos | rèh mangke bumining Allah | dede ratu kang karya | sadya manusa mung nêmu | gumlating[14] bumi ngakasa ||

10. pakaryamba nanêm gagi | yèn wayah sêpuh kawula | -têdha kêlawan kang pakon | budayaning cipta kula | ring Dêmak datan arsa | gampil yèn jro jaba rujuk | samangkyamba dèrèng arsa ||

11. makatên kula mangsuli | kya patih ingkang dinuta | ananging namur lampahe | sêngadi santri ngêlampra | prapta ngampil sabdendra | maringkên cangkriman têlu | sasagêt kawula batang ||

12. wikan cocog wikan sisip | wusnyamba mancas pralambang | kyana patih ngandikane | kula pinaringan inah | ing dalêm tigang warsa | mangke sampun masanipun | nanging pamanah manira ||

13. mêksih dèrèng anyondhongi | kêkah kraton tan kabawah | jêr bumi langit salire | sayêkti darbèk manira | kula kang paring asma | pratandhane duk pukulun | dèrèng tumitah tan ana ||

14. nadyan Allah sêpa sêpi | jiwangga kita pulastha | sampun ta lah sang akatong | sami titah sifat anyar | pratandha têksih padha | ratu tan uning Hyang Agung | punika tandhane padha ||

15. jumênêng kula pribadi | urip sakarsa manira | dawa cêndhak sakarêpe | boga busana ngupaya | kodrat kula pribadya | budaya ciptamba turut | angên-angên gusti kita ||

16. ingkang kawula ngèngèri | mituhu ratri raina | kang kula nut sapakone | boya mèstu pangran liya | jaba mituhu cipta | mobah molah mosik muwus | atas karsane Dzat mulya ||

17. kula sêbut Maha Suci | la ilaha ha ila'llah | punika asma kemawon | musamane wujud kula | jawi punika rangka | ing jro curiga Hyang Agung | kang tan pae lan warangka ||

18. mênggah Bintara Narpati | rumêngkuh angaku sanak | trahing Brawijaya Katong | lah punika sèwu dora | marmamba tan mlaksana | kang kulèsthi rèhing guru | inggih sadalêm manira ||

--- 3: 60 ---

19. Kyagêng Tingkir nambungi ngling | yayi Pêngging ywa mangkana | sayogya para sumaos | yèn sira yayi tan seba | mênèk wong ngadu basa | tan wun sira nêmu dudu | labêt tindaking prajarja ||

20. tamtu sira dèn dukani | wong mbêgugik[15] ngutha dlika | sun uninga anyar mangke | gurumu Pangran Sitibang | mêrdut antuk pidana | prampungan wisesa layu | kasêbut murtat agama ||

21. malah catur ingkang murid | pinatènan catur pisan | sre'at yudanagarane | murtat kitab masiyasat | apa tan wêdi sira | Kyagêng Pêngging gumyu ngguguk | kakang Tingkir bab punika ||

22. mliyun mokal kula ajrih | sarambut pinra rong lêksa | nadyan jiwangga ngong awor | bantala awor sakisma | boya nêdya suminggah | papêsthèn tan nêdya mundur | ing rèh Kang Murba Masesa ||

23. wong palastra boya sakit | de kang kadunungan lara | urip kang mêksih mandhirèng | yèn jiwitamba pulastha | kondur ring 'alam iya | panggènan kang blangkên takbrung | marma tan ajrih bêbaya ||

24. botên wande tamtu prapti | rèh wus jangkêp tigang warsa | rêkyana patih inahe | sêmana Kya Ngardipurwa | mirêng Pêngging pratignya | iya yayi sokur mliyun | bagya tan suminggah durta ||

25. tumulya Ki Agêng Tingkir | wanci ratri darbe karsa | andhalang ringgit kabèbèr | jaman kina wayang gambar | cinitra munggwing dlancang | lêlakon pralambang kawruh | Dewaruci Wrêkudara ||

26. manuksma ing 'alam sahir | warangka manjing curiga | ngrancana panggonan têmbe | Sang Sena derambêk sêtya | mlayèng jagad walikan | tan siwah 'alam kang baru | sadarpa ambêk martana ||

27. lagyeca kang aningali | wanci ratri tabuh tiga | Nyai Agêng Pêngging kraos | dera garbini wus prapta | ing masa sangang candra | tandya babar miyos jalu | subagyarja tanpa kara ||

--- 3: 61 ---

28. Sucitra anuksmèng sasi | kinawèng cahya nubuwat | liwran wangkawa kinaot | têtela trahing kusuma | rêmbêsing madu tama | tuhu yèn sifatu'lguyub | kyagêng kèndêl dera ndhalang ||

29. mangupakardi bêbayi | rampunge panidhikara | Kyagêng Tingkir ngandika lon | hèh yayi iki sutanta | nubuwat slaning imba | ya sapulunggana mancur | tandha wahyèng wahyu kobra ||

30. lamun panuju ing galih | bayi sun paringi aran | Mas Karèbèt panêngrane | rèh bèbère wayang gambar | kumrèbèt kênèng barat | kang kaping pindho putramu | sun pundhut ring Ngardipurwa ||

31. Kyagêng Pêngging matur inggih | sumangga mangèstu karsa | kawula darmi kemawon | sêmana wus pitung dina | Kya Agêng Ngardipurwa | nèng Pêngging tumulya kondur | Mas Karèbèt wus binêkta ||

32. tan kawarna anèng margi | prapta ing Tingkir sêmana | ngandika ring Nyai Gêdhe | dera angampil kunthara | langkung marwata-suta | wus dèn inyakkên Sang Kusnun | dupi ing alama-lama ||

Kyai Agêng Pêngging nuwèni marang Kyai Agêng Tingkir

33. Kyagêng Pêngging yun têtuwi | mring Tingkir panggya atmaja | nulya laksita ge-age | dupi prapta Ngardipurwa | tata bagya raharja | nanging ing wêktu puniku | Kyagêng Tingkir nandhang roga ||

34. ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi Pêngging wruhanta | sun wus parêk praptèng layon | pratandhane urip sirna | Nur Mukhammad tan ana | miwah jroning netranipun | wus sirna parêk ing masa ||

35. plênggahan rasul ing lathi | ora kèri têtela trang | karacut dening Hyang Manon | Hyang Pramana mlêbu kurang | supêk cipta pangrasa | lah yayi untapna gupuh | Kyagêng Pêngging sru karuna ||

--- 3: 62 ---

62. Sinom

1. matur sarwi nênggakwaspa | tutuk tumèmpèl ing karni | mangkana ing aturira | hèh kakang kula yun uning | mênggah nyataning pati | saking panêngêran palsu | boya kenging kagêga | plênggahan rasul tan yêkti | wong-wongan ing sadalêming netra dora ||

2. napas mahya manjing kurang | lah punika dèrèng yakin | mênggah panêngêran kula | kang kenging kulanggêp pasthi | samênut boya gingsir | lah punika warninipun | uninong |[16] coba kawula tingali | gya katêpak uningong |[17]|

3. Ki Agêng Pêngging anjola | he e kakang dene yakin | paduka kirang sakêdhap | yun kondur ring jagad sunyi | sumangga kula turi | lênggah sakêdhap lan mungkur | ingkang Murba Masesa | mangke nêdyamba takèni | kyagêng lênggah sluku cipta srah jiwangga ||

4. dupi sumuyub kang uswa | Kyagêng Pêngging angêndhoni | matur yayah madubrangta | hèh kakang amba watawis | tan lamamba nututi | mugi antènana ulun | anèng bukari rahmat | sumambung Kya Agêng Tingkir | ywa mangkono yayi tekade wong Budha ||

5. de nganggo êntèn-êntènan | kaya dudu alu'lmukmin | wong Budha nêmu suwarga | wignya panggih garwa siwi | yèn ingsun sira prapti | swarga nraka boya ayun | tan manjing isi dunya | mung ni'mat manfa'at ngakin | lah ta payo yayi enggal untapêna ||

6. mèsêm Kyagêng Pêngging turnya | dhuh sokur bage nêm kêthi | kakang tan klèntu panampa | jêr kula wus kêrêp uning | wong mêntas icip pati | takèn panggenane besuk | rèhning guru tan kewran | umèksi sarjana pingging | gya kadumuk dumunung ing Nur Mukhammad ||

7. kang amêdal angganira | trang blilu mathêm nampèni | punika marmane kula | ngandhani takèn pangèsthi | pun kakang manjing pundi | ing mangke paduka kukuh | manuksmèng tyas sudyarsa | uninong ning |[18] sokur suka dene dunya akhir padha ||

--- 3: 63 ---

8. wus cocog lan guru kula | Sitijênar kang wus mulih | yèn makatên kakang enggal | suwawi kula rencangi | manjing uluhiyakki | Ki Pêngging gya nucup êmbun | asta nêpak wiwara | plas sirna datan kaèksi | gilang-gilang kunarpa mawa ujwala ||

9. susawa wus paripurna | caraning Islam 'Arabi | pinêtak cêlak kewala | pakuburan dhukuh Tingkir | rampung pangupakardi | Kyagêng Pêngging hyun awangsul | nanging kangbok tan klilan | yayi ywa mulih karihin | antosana sapta ri la-ila kuna ||

Sri Sultan Syah 'Alam Akbar anduta Susuhunan Kudus

10. kawarna nagri Bintara | Sultan Panata Agami | ing dintên Soma sewaka | lênggah dhampar budha[19] manik | pêpak para bupati | nayaka mantri panèwu | kuswala hulubalang | mancapraja wus sumiwi | kadya giri pawaka wadya narendra ||

11. sang nata masang sasmita | dinuk ing naya wus kèksi | radyan dipati wus tampa | marêk byantara narpati | sang nata ngandika ris | hèh paman patih wruhanmu | ing Pêngging kadyaparan | pinaring inah tri warsi | praptèng mangkin wus jangkêp ubayanira ||

12. prayoganingsun utusan | Mandaraka maring Pêngging | ngampil nawala wasêsa | anjabut lungayèng kyai | iya sadina iki | kyana patih nêmbah matur | gusti nuwun sandika | kajawi karsa narpati | kang sayogya rêmbagan pra rad agama ||

13. yèn wus mupakat karsendra | utusana wali mukmin | ngampil wasesaning praja | pramila makatên gusti | Jêng Kyai Pêngging maksih | santana dalêm Sinuhun | Brawijaya wêkasan | tan kenging swiyah matèni | yêkti sanès lan pun Jênar trahing sudra ||

14. cocog ing karsa narendra | nulya têdhak maring masjid | patih bupati nayaka | tumuntur tindak narpati | jumujug ing surambi | pra wali sadaya magut | ngurmati sri narendra | lir 'adat lênggahnya Mulki | para wali urut sama tata lênggah ||

--- 3: 64 ---

15. wusnya salaman watara | kang sudibya matur aris | ing Jêng Mahgrib Maulana | tumanduk kula ring masjid | tur uning para wali | mangke wontên durta timbul | Pêngging Ki Dayaningrat | kang majênun tekad baring | ngrisak gama ngina-ina prabon mulya ||

16. kapriksa sahbat pun Jênar | manungkak tataning krami | saking pamanah kawula | nuwun katimbang rad gami | rèhning darah narpati | rama Prabu Majalangu | mênggah tranging pratingkah | kula sampun kaping kalih | animbali pun Pêngging mogok kewala ||

17. para lid wali sadaya | mirêng aturing narpati | Sunan Kali nambung sabda | hèh jêbèng lamun wis yakin | dera mindakèng wali | yogya kapatrapan ukum | utusana punggawa | ngampil wasesa narpati | Jêng Mahgribi Maulana nambung sabda ||

18. yogya wali kang dinuta | Kudus kang panggah bèrbudi | lumaku nggawa prampungan | sultan pêparinga tulis | sigra sri narapati | dhêdhawuh juru citra wus | sandika kang liningan | tan dangu panitra dadi | gya winaca sora cêtha mrih têtela ||

19. pèngêt nawala manira | Jêng Sultan Panata Gami | mandhirèng kraton Bintara | sawuse myarsa pêrgandring[20] | pangadilan para lid | lawan rad agama rujuk | mangke manira arsa | nimbali sira Ki Pêngging | lamun maksih mopo manigas lungaya ||

20. titi têmbayèng pustaka | sinrat Dêmak tanggal kaping | sadasa wulan Zu'lhijjah | taun Be dèn sêngkalani | sad catur guna luwih |[21] katandhan Sinuhun Prabu | Sultan Panata Gama | sadaya 'ulama mukmin | sokur suka mangastuti puja mantra ||

21. srat kabungkus sutra jênar | tumanduk ring Jêng Mahgribi | ingasta nimbali sigra | hèh Sunan Kudus sirèki | kajibah ngampil tulis | masesa anjabut gulu | Pêngging Ki Dayaningrat | kang duskarta ing praja di | Sunan Kudus sandika sêrat tinampan ||

22. bidhal lan sahabat sapta | ambêkta bêndhe sawiji | minangka têngarèng yuda | ginendhong laksitèng wuri | nulya sri narapati | sawadya punggawa mundur | sapraptaning kadhatyan | bubaran para bupati | agêng alit samya mantuk sowang-sowang ||

--- 3: 65 ---

23. warnanên kang dadya duta | Sunan Kudus kang lumaris | wisata ngambah padesan | wus parêk tanah ing Pêngging | bêndhe munya tinitir | kathah janma desa gugup | sami sikêp warastra | ngupadi swara mêlingi | janma kathah ngira sima gembong munya ||

24. kathah kang tutup wiwara | sawênèh mring ranggon ngintip | solahe awarna-warna | janma desa jalu èstri | ana kang mènèk krambil | samyalok na macan ngamuk | ingkang nggawa gêgaman | marêk sunan kang lumaris | atêtannya janma sira priksa sima ||

25. kang swara kagila-gila | Sunan Kudus ngandika ris | paman ngêndi ana macan | kajaba mung bêndhe mami | lah iki ingkang warni | munya yèn sira hyun ngrungu | nulya tinabuh sigra | swara sru grêng nggêgirisi | sabên-sabên parêk desa kagegeran ||

26. Jêng Sunan Kudus ngandika | ring sahabat ingkang ngiring | hèh kabèh sira wêruha | bêndhe iki sun arani | Kyai Macan ing benjing | dadya pusakaning ratu | lan malih iki desa | sun arani Simawali | saur pêksi wran desa suka narima ||

27. nganti têkèng jaman mangkya | karan desa Simawali | samana laju Ki Dhanyang | sunan praptèng tanah Pêngging | ana wong nini-nini | dinangu ring Kangjêng Kudus | nyai ingsun têtannya | Kyagêng Pêngging ana ngêndi | lagi apa yèn lagi mangkene iya ||

28. nyai wrêda nambung sabda | kyagêng ora tampik wanci | nèng kobongan imbal sabda | lan Dzat kang murbèng jêng kyai | kang têbih tanpa têpi | cêlak tan kêna kadumuk | murba ing dhèwèkira | tunggal ingkang ngajak urip | ngajak nendra ngajak seda wus kadriya ||

29. lamun sira wus[22] kapanggya | sun pasthèkkên tan kêpanggih | rèhning kyai badan Suksma | angêningkên puja gaib | kang pinuji amuji | kang dinulu kang andulu | ngandika lagya ngucap | mosik mênêng kumpul siji | lah ta anak tamu balia kewala ||

30. laksitanta tanpa karya | Jêng Sunan Kudus mangsuli | lah ingsun iki utusan- | ning Hyang Kang Murbèng Dumadi | sun Malekat sing nglangit | maringkên kamulyan agung | nyai sira tutura | ring gustimu Kyagêng Pêngging | aturana mêtu sadhela kewala ||

--- 3: 66 ---

31. nyai pasrangkara sugal | sirèki janma yun silib | kawistarèng wanci sa'at | solah yayah janma maling | budyèsmu maring wringis | gênah wuwusmu yèn palsu | sêngadi dutaning Hyang | Malaekat saka langit | yèn wong Pêngging bayi bae tan pracaya ||

32. kene kabèh bijaksana | kang tyas nirmala di murti | caturmu pasthi katara | wong durjana ngrusak budi | ngêndi ana Hyang Widhi | utusan kaya cakrukmu | Allah cêdhak lan kita | sapolahku ngudanèni | malah lamun kyagêng kiniyas tan ana ||

33. hèh durta sira wêcaa | kang prasaja aja kidip | nyatane wong ngêndi sira | de sira cubluk kêpati | kowe taruna pêkik | cacade budimu cubluk | kadi tilas bêdhaya | patrap luwês solah liring | pa kinira janma Pêngging nggon wong papa ||

34. Sunan Kudus ngungun myarsa | ing sujanma wrêda èstri | patitis wicaranira | Sunan Kudus ngandika ris | wruhanta ingsun iki | santri Dêmak yun katêmu | marang bêndaranira | sumêdya pruwitèng 'ilmi | nyai tuwa sugal guyu pasrangkara ||

35. e layak wong sira Dêmak | atunggal wong ngaku wali | anglampra adol carita | mbêbodho mring janma Pêngging | sira prapta nèng Pêngging | tan gumun tyasira kuthung | wus lumah[23] santri nglayap | tan na budi Nitisruti | clingak-clinguk ngupadi wuduk rasulan ||

36. yèn sira têmên yun panggya | ring kyagêng nggêguru 'ilmi | kasampurnan kene kana | supaya blilumu bêrsih | yèn wulange jêng kyai | gampang cêtha galur turut | padhang nrawang gumemblang | turne sun iki janmèstri | lamun karo wali pinggir ora eram ||

37. iya sun aturke sira | janma wrêdèstri gya manjing | ing dalêm wingking silanta | manêmbah atur upêksi | janma Dêmak yun panggih | kalilan kinèn malêbu | sunan dèn awe sigra | kudyarsa manjing pribadi | sahbat sapta kinèn lungguh nèng pandhapa ||

--- 3: 67 ---

38. praptèng toreyan myak gubah | sadarpa kagyat lumyat ing | kang cahya nuksmèng cancala | prabaning wastra ngajrihi | mawa prabawa gaib | sigra sunan ngraup suku | rèhning dangu tan oncat | Jêng Kudus swanita mili | sênggruk-sênggruk mancadrawat mancadrasa ||

63. Maskumambang

Patêmone Susuhunan Kudus karo Kyai Agêng Pengging

1. duk nupiksa Kyagêng Pêngging ngandika ris | janma sira sapa | pinangkanira ing ngêndi | myak gubah laju karuna ||

2. sênggruk-sênggruk apa sira pasang yiyit | matur kangjêng sunan | jêng kyai kula puniki | Sunan Kudus kitha Dêmak ||

3. sowan kula dhapur dinutèng narpati | Jêng Sultan Bintara | Kang Nata Gama 'Arabi | amba ngampil sastra murda ||

4. lah punika srat kabungkus sutra kuning | de kula udrasa | wruh paduka yèn prihatin | mangkyarsa ngrêbasèng praja ||

5. sèwu dora purun mancah gama suci | boya wontên tandha | kang dadya sah ing prakawis | tumiba gêng khukum kisas ||

6. gih punika kyai prapta kula nangis | wêkas ngrasa sama | samining tumitah urip | samya sinung têpa-têpa ||

7. wênang wajib kinèn asih ring sasami | rèh janma punika | agêng alit atas sami | sanèsnya mung pangajaran ||

8. mung punika gêtun kula mliyun kêthi | kang dumadi duta | ngampil sastra wasesa ji | karampungan mancas sigra ||

9. lah punika sastranyamba turi mèksi | gya winaca sora | cêtha ing purwa madya nis | kyagêng wus datan nglêgewa ||

10. yèn mangkono duta sira iku wali | santri tangga desa | nanging batinmu lir prusi | bujuk-bujuk lir duskarta ||

11. ngalor ngidul nggluyur ngaku wruh Hyang Widhi | jêngkang-jêngking salat | pating krêmbyah pating jrêlih | tur sira ora uninga ||

--- 3: 68 ---

12. ora beda kaya kita kang tan muji | jêr manira priksa | yèn Allah dumunung nglari | jagad ngisor dhuwur sunya ||

13. dunya akhir janma tan wignya kêpanggih | mung kasêbut Kuran | ingkang pituture sisip | sarta angèl linakonan ||

14. mangke kangjêng sri bupati manut eblis | wruh wong kaya kita | panas kira darbe melik | marang klakuwan lan dunya ||

15. marma karsa angisas Ki Agêng Pêngging | kinarya bêbuka | tinimbalan ngong tan apti | yèku durung tyas nirmala ||

16. wus têtela si Patah durung agami | dudu tus satriya | nggugu sorah tanpa sêksi | kadi rucah turun kompra ||

17. sakèh wali têdhake pra soroh kardi | tan ana trah wadya | mila Nitisruti sêpi | Nitisastra kabèh tuna ||

18. sira Sunan Kudus dèn utus nimbali | dening sri narendra | yèn ingsun mopo tan apti | kêna manugêl lungaya ||

19. iya sokur rèhning sira wali mukmin | pasthi wus waskitha | wêruh dêdalaning pati | priksa anggoning pralaya ||

20. rèhning sira mangkya dadi duta pati | coba sun têtannya | jawabên ingkang pratitis | sawange muksis utama ||

21. sabab apa dene sira nganggo urip | purwa saking 'arasy[24] | ingkang pirang yuta warni | mangke ujud saking sapa ||

22. ingkang kaping kalih sira jênêng urip | kowe nganggo nendra | sapa ingkang ngajak guling | nèng jro tarkadhang supêna ||

23. kadhang ora jèrèngên cangkriman mami | ingkang kaping tiga | sabab apadene mati | jroning pati ana apa ||

24. kaping catur yèn sira wus praptèng lalis | ing têmbe apa ta | bali manèh dadi bayi | apa nèng kana kewala ||

25. lan batangên punika cangkriman mami | saking Sèkh Sitibang | sajarwane kang sun èsthi | mêmpêng kanggo kene kana ||

26. yèn sira tan uning aja dadi wali | mukmin ngayawara | pisudhèng cundaka pati | priye kanthine pralaya ||

--- 3: 69 ---

27. Sunan Kudus sadarpa ngungun ing galih | wrin soal catur bab | ingkang ngodhêngakên pikir | rumasa datan kawawa ||

28. manuhara mlas-arsa matur ring kyai | dhuh Kangjêng Mardika | lêpat kula mliyun kêthi | agung nyuwun pangaksama ||

29. botên langkung mung nyuwun wahyèng kaswasih | catur sual dika | kababar amba nampèni | kawula pundhi mastaka ||

30. kula dêrma dèrèng wontên ingkang uning | kilap Sèkh Molana | kang jumênêng lurah wali | pramodaning wali sanga ||

31. dèrèng wontên pra wali kang dèn paringi | kilap Suan[25] Benang | bijaksambêk pramugari | marma panuwun kawula ||

32. ingkang mugi paduka paringi wirid | amba srah jiwangga | Kyagêng Pêngging mèsêm sarwi | ngandika pahit sarkara ||

33. he lah gumun kuthung têmên sira wali | luwêsing mlas-arsa | kawruh mati dèrèng uning | lah ta gupuh tampanana ||

34. gya kapêluk kabuka sopanèng karni | sajarwa prasaja | tanpa lambang tanpa kêlir | têrus têrang blaka suta ||

35. Sunan Kudus sampun tampi jarwèng kyai | babarnya cangkriman | kanang ngodhêngakên galih | wus padhang sumilak nrawang ||

36. gya umatur Sunan Kudus mring jêng kyai | sarwi ngaraspada | yèn makatên trang puniki | gêsang kalih pêjah tiga ||

37. gêsang tiga pêjah kalih kosokbali | dene wontên ngrika | ngong upamèkakên wingi | kang sampun upami benjang ||

38. Kyagêng Pêngging sadarpa ngungun ing galih | dupi pamêjangnya | Sunan Kudus bangkit tampi | panjèrèngnya kasatmata ||

39. ing wasana Kyagêng Pêngging ngandika ris | Kudus rèhning sira | dadi dutaning narpati | myang carakaning uliya ||

40. kinèn njabut griwane Ki Agêng Pêngging | payo untapêna | murdèngsun gawanên mulih | katur marang wali sanga ||

41. kudus njola matur mopo nuwun inggih | saking karsa tuwan | kula ajrih nuwun tampi | kyai kyai ywa mangkana ||

--- 3: 70 ---

42. dudu rasa karsane jêng kyai iki | aluwung kawula | kauntapêna rumiyin | amba lêhêng botên priksa ||

43. nadyan kyai botên karsa nglaksanani | kawula pribadya | kula sagêd monah kadim | antaka mulyaning angga ||

44. lami têmên kasasar kula puniki | pêpacangan laya | enggala dhaup ywa lami | rèh tan wurung campur juga ||

45. kyagêng mbêkuh hèh Kudus ciptamu silip | ywa mangkono sira | nyupêt lêlakoning wali | dadya panarik sutama ||

46. de lakumu rèh dinuta pêsthi bali | nyangking murdaningwang | mara saksènana iki | dina praptèngsun pulastha ||

47. awasêna yèn klèru sira dèn aglis | wênang awèh dalan | dadya panarima mami | kyagêng nggayuh Tirtamaya ||

48. plas wus sirna tanpa mês jênêning urip | Kudus langkung cuwa | wignya gathuk imbal lathi | nèng siratulmustakima ||

49. wus kacidra kang uswa kacucup lathi | dadya samya panggya | Sunan Kudus Kyagêng Pêngging | imbal sabda kalih juga ||

50. de sadalêm Nur Mukhammad samya panggih | lir janma supêna | Kyagêng Pêngging nulya bali | dêduka pasang sasmita ||

51. paran sêdya de sira nggêgodha mami | Sunan Kudus nêmbah | tyas kula kuciwa maksih | nuwun wrin rasaning rika ||

52. wontên ngrika badhe wruh rasaning ngriki | kyagêng lon ngandika | payo Kudus marang bèji | anggawaa wastra seta ||

53. sandika wus lumaksana marang bèji | kyagêng lan jêng sunan | gêgandhèngan tantra prapti | mori ginêlar ing kisma ||

54. Sunan Kudus mangkurêp binungkus tartip | katutup kang uswa | sangkêp margi panca pati | ingkang maksih driyanira ||

55. gya pinanjingakên salêbêting warih | wus yayah kunarpa | tan na swara mobah mosik | mênêng pratandha wor Suksma ||

--- 3: 71 ---

56. duk umanjing wanci bakda 'isya akhir | dupi bangun enjang | uluk salam Kyagêng Pêngging | Kudus 'alaikum sallam ||

57. blubug-blubug swaraning we gya tinarik | luwar saking blumbang | wastra seta gya nguculi | garing dayaning kunarpa ||

58. ingkang murda ingusap-usap jêng kyai | gregah ngraup pada | dhuh kyai kula wus uning | ing tirta ingkang nirmala ||

59. kyagêng nabda kayaparan ingkang warni | rasane lir apa | jêng sunan matur kang warni | kadya angên-angên kula ||

60. raosipun walèh yèn kula atur wrin | mênggah pralambangnya | botên nendra dede ngimpi | ngungkuli carêm wanita ||

61. wusnya rampung kondur gêgandhèngan kalih | praptèng wisma sigra | umanjing toreyan malih | Kyagêng Pêngging arum nabda ||

62. rèh wus tutug sêdyamu kang sira kapti | kita sêksènana | ywa ganggu gêgawe ngimpi | Sunan manêmbah sandika ||

63. nêpak yitma kyagêng wus tantara mênit | wus dadya susawa | Sunan Kudus sigra mijil | anggugah sahabat sapta ||

64. bangbang wetan Sunan Kudus sahbat ngiring | warnanên byar enjang | abêt-abêt sontra santri | udrasa wruh kyagêng seda ||

65. para siswa jalu èstri kèh mbelani | prasêtya wor cipta | pira-pira angêmasi | magêrsari kathah prapta ||

66. samya ngupakara mituhu wêwêling | duk maksih swarginya | tan antara kang panidhi | wus dumunung ing astana ||

64. Dhandhanggula

Balining duta Susuhunan Kudus ngaturake rampunging ayahan

1. kudhandhangan Sunan Kudus aglis | tan cinitra ing marga wus prapta | ing Dêmak ring masjid gêdhe | pra wali lumyat gupuh | manambrama sabdanya mukmin | sêsalaman warata | Sunan Kudus matur | mring Jêng Sayid Maulana | dera ngampil sastra wasesa mungkasi | Kyagêng Pêngging wus brastha ||

--- 3: 72 ---

2. kalêksanan purwa madya titi | Jêng Sèkh Mahgrib angandika trima | dènira nyampuni gawe | cukup saprêlunipun | lah sayogya têrusa nuli | tur priksa jêbèng nata | sandika Jêng Kudus | lajèng lan sahabat sapta | sigra-sigra sapta murid milya manjing | lunggyèng sanasewaka ||

3. sri narendra ingaturan uning | lamun Sunan Kudus sowan nata | nuli têdhak lênggah jèjèr | sêsalaman Jêng Kudus | munjuk kangjêng sri narapati | kawula wus laksita | ngampil sêrat rampung | nawala wasesa praja | mila èstu murtat ki agêng ing Pêngging | yêktos sampun gusthika ||

4. sadèrèngnya srat sesa puniki | kula bantah ngabên 'ilmu rasa | Pêngging kang dèn apalake | wusnya nis wêdhar kayun | nulya kula atur umèksi | surasèng sastra murda | wasesaning ratu | mèstu bayu mopo laya | kyagêng tanpa mangsuli sumarah pati | laju seda priyangga ||

5. layon kula pasrahakên maring | para magêrsari muridira | lan dhatêng pawèstri jêro | ri wusnyamba pêpacuh | para siswa tan kenging mirid | ki agêng lahpahira[26] | murtat gama Rasul | ngina-ina kraton mulya | saurpêksi sadaya mituhu karsi | partisara narendra ||

6. jêng pamasa angandika aris | ingsun trima jêbèng laksitanta | cakêp cukup titi rèntès | ora luwih mung sokur | sira karya lunturing kapir | lan arjaning karatyan | lah wis jêbèng Kudus | mundura age ngasoa | matur malih Sunan Kudus mring narpati | adhuh sang nata dibya ||

7. kula gadhah tilaraning kaki | warni bêndhe wontên kramatira | kilap barkahnya sang katong | punika yèn tinabuh | mawa swara yayah harimbu |[27] lir sardula katawan | gègèr janma ngrungu | lah punika warninira | pantês lamun kagêma sri narapati | pêpakuning bawana ||

--- 3: 73 ---

8. nata nabda sun tarima kaki | bêndhe Kyai Macan wus tinampan | Sunan Kudus sigra lèngsèr | saking purantara wus | pra sahabat sapta tan kari | kondur prapta ing wisma | nahên kang winuwus | warnanên Sultan Bintara | wus bubaran dènira siniwèng dasih | sirna rêntuhing praja ||

--- 3: 74 ---

65. Asmaradana

Musawarat tekad gêgêbêngane para wali: bêbukaning carita Jêng Sèkh Maulana Mahgribi ngarsakake musawarat

1. kasmaran rêngganing tulis | arja mulyaning nagara | 'Arab nèng Jawa wus awor | gêtih dagingnya manusa | sudarsana makbullah | wali sanga kang wus makhum | nayakaning rat ing Dêmak ||

2. anuju sajuga ari | Jêng Mahgribi Maulana | pitêkur nèng mimbar ijèn | mangêningakên jiwangga | ing Dzat kang murbèng dunya | gyantuk tarbukèng tyas tuwuh | yun musawarat pangwikan ||

3. karsa nglêmpakkên pra murti | wali kang pamungkas gama | samana dhêdhawuh age | ing dina Jumungah ngarsa | sanggyaning pra 'ulama | apan parêngan sêsulur | mring masjid mangun sukarsa ||

4. Jêng Maulana wus nuding | sahabat juga dinuta | nimbali pra wali kabèh | caraka gya lumaksana | titi liningan jarwa | tantara caraka nusul | sandika mituhu sabda ||

5. cundaka murid wus bali | matur sarèhning dinuta | purwa madya wusanane | dupi ing antara dina | prapta ing ari Sukra | ing wanci têngange rawuh | lir 'adat sami 'ibadah ||

6. wusnya bakda luhur akhir | tarap tata sêsalaman | pra 'ulama lênggah jèjèr | nèng srambi sami susila | Sèkh Mahgrib Maulana | yeka kang mangka têtunggul | keringnya Suhunan Benang ||

7. tumulya Sinuhun Kali | Sunan Crêbon Pangran Modang | lan Sunan Kudus jajare | kanannya wali sakawan | Sunan Ampèl myang atma | Jêng Sunan Giripurèku | sumambung Mulana Iskaq ||

8. Pangeran Bayat prituwin | Sunan Gêsêng lan Sèkh Dumba | lan Sèkh Majagung wurine | para kyai kyai jajar | wus samya makput syara' | wrêda nom tan kêna ngetung | sirna suwara kapyarsa ||

9. nulya Jêng Mulana Mahgrib | ngandika rum pasang netya | lah sumitraningsun kabèh | ywa na kaduk salah tampa | ing rèh kang durgadana | mila sun prih aja sulur | payo padha musawarat ||

--- 3: 75 ---

10. paran tekadmu kang dadi | kêkêncêngannya priyangga | manira yun wrin jatine | sanak kita wali tama | mulane sun sêdya trang | rèh kathah kang samya kerup | karêm kèrêm 'ilmu murtat ||

11. akèh kang ngêncêngi budi | kadariyah jabariyah | lir Sitijênar tekade | sêdene Ki Dayaningrat | Pêngging sadarpa titah | têmên-têmên ngrusak sintru | ambuka wadining jagad ||

12. kinarya mirid mring murid | pra siswa kang punggung mudha | anglêbur ayuning kraton | tur mancas Dini'lmustafa | kasub kalokèng jana | wus pira-pira kang nggilut | wijangan kawruh dupara ||

13. sapa kang murwani mirid | wêwijanganing uliya | kang mutajilah kaprècèt | yèn ora wong ahli papa | lah masa mangkonoa | Sunan Kalijaga matur | pukulun pun Sitirêkta ||

14. angambra budayèng juti | ambrastha agama mulya | dene pun Jênar purwane | jinarwakakên trus têrang | purwa madya wusana | nora suda nora wuwuh | galur turute têtela ||

15. dupi ing alami-lami | adêgnya masjid punika | pun Jênar sangsaya mirong | ngèsi-èsi wali sanga | nggêguyu kraton Jawa | sinêndhu malah andarung | tansah mêmêjang ing janma ||

16. tumular ing warti nguni | pun Jênar alap-ingalap | guru-ginuru kawruhe | lan Pêngging Ki Dayaningrat | nglairkên makjun tekad | puniku darunanipun | kathah tyang nuksmèng sukarta ||

17. ngina-ina gama suci | mêmancah jênênging radya | kadi kang sampun kalakon | Jênar lan Pêngging kalunas | lan muridnya sadaya | subrastha tan wontên tumshuk | kawruh kang murtat agama ||

18. dene mangke padukarsi | nglêmpakkên pra wali sanga | yun musawarat tekade | sangêt suka sokur kula | sigra pra wali nabda | jumurung amin sadarum | sandika wêdhar sasmita ||

19. kang dadya palanging galih | sajuga-juga uliya | paran dadya panganggêpe | wujud jumênêngnya Allah | ing pundi jaman makam | Jêng Mahgrib ngandika arum | hèh kanca wali sadaya ||

--- 3: 76 ---

20. yogyane dipun tulisi | rujuk bedane ing tekad | supaya dadi pangilon | tumêngkar gumrah ing wuntat | wahyaning musawarat | de kang nulisi pakantuk | Majagung kalawan Dumba ||

21. sawiji-wijining wali | panêmune tinulisan | tar lèn dadya sudarsanèng | akhiring jaman manusa | kabèh angrakêt 'ilma | ananging tan kêna mêtu | mrêngkang saking wali sanga ||

22. sing sapa nylayani kapir | sandika para 'ulama | Sèkh Dumba Majagung age | anggrenda kalam panurat | jinidhar papan krêtas | tinumpang lisnar pinangku | ngubêg mangsi pasang karna ||

23. Jêng Mahgrib ngandika aris | lah payo jêbèng Malaya | nglairna dhisik tekade | sandika Sinuhun Jaga | hèh nêdha maklum kanca | sampun wontên sêlang surup | ambabar mastuti wahya ||

66. Sinom

Tekad gêgêbêngane Sèkh Malaya iya Susuhunan Kalijaga

1. sinawung sêkar srinata | Sèkh Mlaya umatur aris | ring Jêng Mahgrib Maulana | ki lurah kang kawulèsthi | jumnêngnya Maha Suci | awang-awang uwung-uwung | kang ngèbêki buwana | tan kakung datan pawèstri | tanpa warna kang dinumuk boya kêna ||

2. sadaya kaanan dunya | antuk purbaning Hyang Widdhi | kang jumênêng wujud mutlak | mênêng datan darbe karsi | nguni cangkramèng wadi | madi mani manikêmmu | ingkang yayah kalpika | plêng dadya obah pribadi | anjênêngkên kayat kayuning manusa ||

3. ingaran wujus[28] Mukhammad | mêngku rusul rasul yakin | dadya Dzat ingkang murwèng rat | mahya manjing jrining[29] jisim | sakarsanya pribadi | midêr raga tanpa dhawuh | karya ringaning badan | ni'mat manfa'at sakalir | nyiram pancadriyasmara rèh jiwita ||

4. puniku pangeran kita | kulèsthi ing ngrika ngriki | de Dzatnya Allah kang nyata | ingaranan salat daim | langgêng salami urip | mila wong punika lamun | urip jatine salat | tan susah dhumatêng masjid | jêngkang-jêngking salat jisim aran sre'at ||

--- 3: 77 ---

5. nging karsanira jêng duta | Mukhammad Rasulu'llahi | umèstu kalaming Pangran | wa akhimmu salatihi | logate kita nabi | jumênêng sira salatu | mangsuli Jêng Mukhammad | salatu kassa wajibi | têgêsipun wajib salat gangsal wêkdal ||

6. mênggah yakine kang prentah | pun pasênêdan pribadi | pasênêdan saking Allah | atas kang ngèbêki bumi | budi tan sagêd mosik | yèn jagad nora na wangwung | sayêkti saking lêga | jumurung sakarsa dadi | lah ing ngriku mulajamah kodratu'llah ||

7. pramila badan lumaksa | sahdat salat pasa khaji | sêdene pitrahtu'lzakat | winastan Islam têtali | lirnya pikêkah pêsthi | jumênêng sare'atipun | mênggah jatining Islam | salat ingkang tanpa budi | mung pribadi mêmuji mring dhèwèkira ||

8. punika salat hakekat | dalil kitab Asalnusi | wa sare'atu Mukhammad | bakin ila kiyamati | muradipun sayêkti | sre'atnya Jêng Mukhammadun | langgêng praptèng kiyamat | punika pan salat daim | kang kulèsthi botên wontên Pangran liya ||

9. ingkang kangge ngriki ngrika | mung Allah urip pribadi | tandhane kangge ing ngrika | amba lamun karsa mulih | pasênêdan ing benjing | hyun kondur napas kagulung | yayah angikal bolah | pêcat saking jêmpol sikil | ingkang kiwa manjing sanubari jaja ||

10. nèng ngriku ngukud ludira | wusnyanting minggah manginggil | mêksih anggulung kewala | laju ring tanaju'ltarki | datan antara mênit | gya nuksma sadalêming nur | kang wasta johar awal | sajatine johar akhir | lah ing ngriku wontên wiwara gumemblang ||

11. maniking netra punika | ran sela matangkêp kori | kalamun bangsaning Buddha | mênggah têmbunging 'Arabi | babu sakratu'lpati | têgêse plawangan layu | nèng ngriku mung sasa'at | pasênêdan nggulung angin | nulya mahya ngèbêki sabuwanarja ||

12. wus campur asal mulihnya | saking wangwung manjing sêpi | kumpuling Gusti kawula | inggih kwula inggih Gusti | sayêktine pribadi | Pangeran wangsul Allahu | watawis kalih sa'at | kula lumyat jisim mami | gilang-gilang nulyamba maca sahadat ||

--- 3: 78 ---

13. mutakat wulu salêmbar | umanjing dhumatêng kulit | kulit manjing daging kula | daging manjing hadahini | hadahini umanjing | mring rasika manjing sungsum | sungsum manjing manira | pasênêdan badan angin | lah pirsaa badan kula têmbe sirna ||

14. sanadyan ta makatêna | nanging atas akulmukin | kêdah ngêncêngi sare'at | kang gumlar narik utami | mituhu nubuwati | Mukhammad Rasulu'llahu | utusaning Pangeran | tatkala jaman rumiyin | wangsul masa ing mangke kula utusan ||

15. manira ran Rasulu'llah | sinêdhahan ring Hyang Widdhi | winisudha jurubasa | mulang mring sujanma pingging | pramilamba kêncêngi | sare'at nêmbah Hyang Agung | wontên jro masjid Dêmak | supados ambrastha wêri | botên kula tan pisan mantuk mring Allah ||

16. mung nêmbah tekad kawula | kang ambèsthi Dzatu'llahi | makatên pamanggih kula | ing lair têrusing batin | lah kanca-kanca mukmin | sampun wontên saru siku | agênging kalêpatan | rèh punika nama waril | mungkir ndhaku mring Pangeran boya salah ||

17. puniku mutakatira | Sèkh Malaya kang kaèsthi | pamlênging cipta kang nyata | Sèkh Dumba Majagung nulis | nèng krêtas titi rêsik | Sunan Kali mbuka kawruh | babaring pangawikan | wus pasrah ring Jêng Mahgribi | kang sumambung Sunan Giri Guladrawa ||

67. Dhandhanggula

Tekad gêgêbêngane Susuhunan Giri

1. Sang Aprabu Satmata rum angling | hèh ta kanca manira sadaya | anêdha prasami barès | ngong nglairakên kawruh | pangawikan kang kula èsthi | mlêng sadalêm mutakat | gêgandhulan ulun | wujud jumênêngnya Allah | la jamana la kamana wa liladin | nanging lir sifatira ||

2. Dzat'lyakin Dzatnya Maha Suci |[30] tunggal lawan Dzat Nabi Mukhammad | ingkang urip tanpa êroh | Jêng Mukhammad wus murud | mangkya sifat janma kang uning | ngawruhi angganira | mêngku rusul rasul | pasênêdan kang kuwasa | lah punika aran Mukhammad sajati | kèksi wayanganira ||

--- 3: 79 ---

3. jajah kita nèng jro netra kalih | urip roro nanging juga rupa | lêbu-linêbu dayane | yeka mayangganipun | pasênêdan kang tanpa warni | jatine angin lêmbat | napas nuksmèng alus | midrawèng badan manusa | awor rasul rasa kawula hakiki | aran Nabi Mukhammad ||

4. dene wujud kula kulit daging | otot balung sungsum têmbe rusak | wangsul asal lêbu awor | tan kenging kula gulung | rèhning wadhag tan sênêng kadim | mênggah daliling Kuran | lotalbisulkhaqqu | bil batali têgêsira | yèn si alus bêbakalan ora apti | kadim wus wujud kidam ||

5. mangke mulajamah kwula Gusti | liripun badan alus lan wadhag | dzatu'l insan panêngrane | pasênêdan pukulun | mila karêm mring owah gingsir | 'aralu'nbasariyah | bungah susah junun | ingkang dèn cipta tan kêna | sêkti murti sring nênarik laku jati | yeka dzating manusa ||

6. prêlu sangêt kawula kawruhi | budi budayaning tyas kang murtat | binuwang kabèh kang dede | rumakêt kang rahayu | barang prentah kêdah pinilih | yèn wus pramana karsa | sarwarja lêstantun | têtêp ma'rifat ing Allah | siyang ratri wus campur kawula Gusti | minggatu badan Suksma ||

7. mila jroning musakaf wêwarti | lapil kalbul mukmin baitu'llah | tyas mukmin wisma Hyang Manon | mênggah dununging kalbu | pasênêdan kita kawruhi | antraning jantung utak | pasuciyanipun | mila jantung lapil Allah | utêk Allah ing ngriku panggènan budi | pasênêdan punika ||

8. mamèt saking jarwèng Sayid 'Ali | ing 'akait makatên ungêlnya | asrakun dimak mancorong | anèng utêk lan jantung | mênggah asal kula ing nguni | botên manira rêmbag | rèhning wus kapungkur | amung jumênêng pribadya | kidam dhihin botên wontên kang ndhingini | pasênêdan punika ||

9. dene napas kula mahya manjing | sun tekadkên puji kang tan pêgat | muji ring pasênêdane | benjang yèn wus kagulung | kita

--- 3: 80 ---

nuksma ring danbundambi | brutu tan kêna rusak | ing 'alam sahiru | napas wontên ngrika pêcah | amênuhi sajagad ing 'alam sahir | dadya wang-awang lêga ||

10. pasênêdan datan badan angin | urip tanpa roh pribadinira | de margi kawula têmbe | umahya 'alam lahut | saking utêk ring githok gigir | ula-ula punika | gya manjing adêbun | amanggya gumlaring jagad | tanpa pama ing jagad tan ana mirib | karaton Tejamaya ||

11. yèn 'arabe ran Janatu'nnangin | rata jêmbar tan kêna cinêngkal | twin ni'mat manfa'at bae | tan ngrasa lamun murud | panggya suta bapa lan bibi | sarwa sarwi sarwendah | natar tratag agung | bêngawan Nil kilah-kilah | binotrawi mubêng nêrahi wisma di | patra mas tatur rêngga ||

12. utaminya nèng ngriki nglampahi | rukuning Slam kamsatun lima |[31] sahdat salat zakat nglowong | khaji ring Bètu'llahu | tanah Mêkah kajar siwadi | ananging tekad kita | bab khaji tan ayun | ing Dêmak ngriki tan beda | Baitu'llah nadyan Allah ati mami | ing riki rika tekad ||

13. bab puasa kawula tan apti | awit nguni duk dèrèng tumitah | pintên yuta taun nglowong | mangkya tumitah wujud | pinrih nêdha marêgi daging | supaya kuwat ngangkat | njunjung Hyang Maha Gung | kalamun nglak ngêlih lêsah | cape sayah tan paedah têmah gêring | milamba botên pasa ||

14. pasa kita tarkumassiwahi | tinggal sabarang liyane Allah | dumadi manusa bae | mangan wedangan bubuk | gula pasir batu tèh kèki | ananging datan ingan | awas ing pandulu | mlêbu mêtu napas kita | sênêng parêng punika kula upadi | sah jumênêng Mukmin khas ||

15. mungguh wajib wong zakatu'lfitri | sun tekadkên pancadriyaningwang | sikil tangan amba roro | rumanti barang dhawuh | mobah molah mangatas Gusti | sujanma tan kuwasa | darmi rèh pituduh | parentahing sifatu'llah | wus têtela pasênêdan wakil Gusti | kula mriki mèt têdah ||

--- 3: 81 ---

16. siyang ratri kang kula ngèngèri | têmbe dhewe eling riki rika | tan nêdya mangeran sanès | mung budi kang kulambun | wus têtela budayèng ati | upama Pangran sirna | tan wêruh lor kidul | nadyan wontên pêdhang ligan | macan galak banthèng ngamuk ula mandi | nora jrih yèn tyas sirna ||

17. kathah lamun kula mbabar kawrin | bokmanawi krêtas saEropah | kirang tyas kabudayane | mung punika pukulun | kawruh ingkang kula antêpi | mèt lapil inahuda | huda lah liripun | pituduhnya manah Allah | lah sumangga para wali dera galih | gya Sèkh Majagung Dumba ||

18. anulisi pangawikan Giri | dènira mlêng gêgandhulanira | sadaya sahbat muride | golong sajuga kawruh | mangèstuti Jêng Sunan Giri | pamêdharing sasmita | ngêblak tanpa sintru | rèh nuksma musawaratan | nêngna gantya Sunan Benang kang nambungi | sinawung Maskumambang ||

68. Maskumambang

Tekad gêgêbêngane Susuhunan Benang

1. Sèkh Karamat mahyakkên kawruhira glis | mangkana lingira | hèh kanca manira mukmin | mugi prastawakna kang trang ||

2. rèhning mangke wêktu Hyang Suksma dèn paril | musawarat tekad | sawiji-wijining wali | makatên pangèsthiningwang ||

3. mênggah Pangran kang sun sêmbah-sêmbah puji | tokhid kang munpasal | punika kulanggêp gusti | Allah kita Rabu'l'alam ||

4. ingkang wujud tan siwah kalawan abdi | dzatu'lmaulana | kuliling njajah nagari | kang botên kengin ing 'aral ||

5. boya sakit boya edan boya sêdhih | ngêlak ngêlih tanpa | tur botên karsa nglabêti | puniku Gusti kawula ||

6. pêpathokan saking kitab Smarakandhi | lapilnya mangkana | wa kayun bila raokhin | tanpa roh urip pribadya ||

7. saksinipun yèn kawula linggih ngriki | Dzzt[32] midrawèng jagad |[33] Mêkah Madinah nganciki | nadyan tirah cakrawala ||

--- 3: 82 ---

8. jroning bumi pitu langit sapta prapti | dalilnya pratela | kadirun bila alatin | kuwasa tanpa bêkakas ||

9. saksinipun yèn kularsa damêl panti | wisma pagêr bata | Pangeran kula wus kardi | tur tanpa srana gêgaman ||

10. saha malih wa'alimun bila ngaklin | wa bila katkata | têgêse Allah ngawruhi | kang boya srana rinêmbag ||

11. la katkata kang ora srana rêrahi | kanyatahanira | pama wong yun marang Turki | Pangran wus ndhingini priksa ||

12. tanpa waktra tanpa netra ngudanèni | rèh kadayanira | ngungkuli rikating mimis | ingkang mahya saking tinggar ||

13. nanging lamun tunggal nèng sajroning jisim | dede nama Allah | pasênêdan ingkang nami | tandha mêksih kenging 'aral ||

14. turu bingung lali eling bungah sêdhih | yèn Dzat kang murwèng rat | mukaning sifat sakalir | tanpa pamrih tanpa tilas ||

15. rusul Rasul Mukhammad sifat kawadis | punika gusthika | wanda kawula puniki | napas hawa barang anyar ||

16. nadyan tirta nirmala ugi kawadis | kang murba wasesa | ing badan anyar sakalir | tandha sêksine rèh rusak ||

17. wangsul Dzatu'lmaulana kang Di Murti | wruh ing kene kana | kana wruh rasaning ngriki | ngriki wruh rasaning ngrika ||

18. lah cupana sagung para wali mukmin | êndi nama Allah | ma'nane ambêbingungi | nadyan kang nulis tan wikan ||

19. luwih manèh kang mirêng datan udani | Pangran kang sanyata | mêngku kaanan dumadi | nèng sajroning salat tobat ||

20. lamun kula sadarpa kêncênging galih | hèh kanca sadaya | manira tan mangran sêpi | nora mangeran kaanan ||

21. tan mangeran Allah lawan puji dhikir | jêr swara lan sifat | sadaya wujud kawadis | nanging Dzatu'lmaulana ||

22. kang kulèsthi tan siwah kita puniki | puniku wujud Khaq | kaladahni wa la karij | dede jêro dede jaba ||

--- 3: 83 ---

23. wujud ingsun sakojur punika mayit | tan wurung gusthika | lêbu pulastha wor bumi | mung Dzat kang tan kênèng laya ||

24. dene Allah dudu johar dudu manik | pasênêdan napas | rèh rahsa kabèh kawadis | punika tekad manira ||

25. de ing têmbe pangèsthi kula yèn mulih | napas wangsul barat | bayu daging mulih asli | namung Dzat kang nuksmèng iya ||

26. iya ingsun sakarsaningsun pribadi | nadyan manjing rêca | kayu growong sagarardi | parandening sun suminggah ||

27. aja manèh dadi wadi madi mani | manikêm ring kuna | lan tumunggal ing bêbayi | mituhu amba ing karsa ||

28. dene Nabi Mukhammad punika mayit | padha lan manira | patine êmbuh ring ngêndi | wali sanga ora beda ||

29. lah sumangga punika mutakad mami | Sèkh Majagung Dumba | cukat trampil anulisi | sampun rampung gantya durma ||

69. Durma

Tekad gêgêbêngane Susuhunan Cirêbon

1. Sunan Crêbon sumambung mahyakkên tekad | kang kèsthi jroning budi | jênêngnya Pangêran | Allah kang murbèng 'alam | gya pasrangkarasmu manis | hèh kanca Islam | mênggah pangawruh mami ||

2. nama Allah punika nama manusa | kang manjing jroning tarki | hu kumpuling rahsa | ing jantung lawan utak | botên têbih saking jisim | lir sifat kita | kang kaèksi pribadi ||

3. malah lamun yun mring ma'rifating Pangran | kêdah sarana puji | munajat dhikir pan | ilat katêkuk cêthak | silasta dwi nêpak siti | umèksi grana | dhikir h[34] kang satiti |[35]|

4. amatèni pancadriya cipta juga | panggih badan guyubi | yèn wus tinarima | sêdya panggya sarupa | lir wulan purnama sidhi | ing ngriku ana | kanthil rukmi miranti ||

5. barang neka suci endraning bawana | sirnaning rupa sasi | têmah wujud kula | tan kakung tan wanudya | wruh gumlaring jagad ruri | rêsêp sru ni'mat | manfa'at rèh sakarsi ||

--- 3: 84 ---

6. 'alam gumlar boya ratri boya rina | kita jumnêng pribadi | -ning Gusti kawula | amung ingsun priyangga | têtêp jroning kitab muni | 'alam kabira | dakala 'alam sahir ||

7. dene rahsa kawula panggya nèng ngrika | nampèni sihing Widdhi | dene rahsa mulya | manfa'at ni'mat tampa | pratandhane boya gingsir | saking manira | rahsa ing dalêm urip ||

8. wus têtela mayit sirna kang pangrasa | sacuwil datan kari | rèh sucining jiwa | tanpa 'alam wusana | de musamane kang yakin | nèng Nur Mukhammad | kutha intên linuwih ||

9. kenging ugi sinêksèn ing sapunika | tan pisan nampik wanci | yèn têmên panêdya | ing rèh tirta martana | sumirat jiwangga radin | gêsang punika | jatine boya lalis ||

10. amung ngalih panggonan ing Tejamaya | inggih Janatu'nnangin | de gêsang samangkya | kinèn wruh sifatira | Mukhammad Rasulu'llahi | sifat manira | rasul rahsaning Widdhi ||

11. wanda kita wontên wujud tigang warna | juga Mukhammad jati | suku praptèng murda | kalih wujud Mayangga | kang kèksi ing dalêm cêrmin | tri wujud Mutlak | inggih Mukhammad Kadim ||

12. lah punika Mukhammad kang kangge ngrika | kapanggya jroning ngimpi | tan karasa lara | lamun nêmu sangsara | rèh wus wujud bangsa kadim | ingkang katingal | pancêring netra kalih ||

13. wus têtela wong pralaya têmbe manggya | gumlar jagad mênuhi | darbèknya priyangga | jatine Nur Mukhammad | kang dèn lêboni sang kadim | cocog kewala | yèn kula puji dhikir ||

14. dhikir pana jlêg manggya gumlaring dunya | sasanamba ing benjing | têtêp jarwèng kitab | wa anahu mayita | fi 'alami'lkubri yajid | kalibu lirnya | satuhune wong mati ||

15. dalêm 'alam kubur manggya wak-awakan | tan siwah dunya riki | mila mukmin wênang | kêdah tilik mring paran | saka dhikir pan kang muksis | yèn sampun lanyah | gampil kewala panggih ||

16. utaminya mukmin wruh rukuning Islam | lêlima dèn kawruhi | sahdat salat zakat | pasa khaji bètu'llah | kang duwe wong kang miranti | sanguning marga | punika sah wong khaji ||

--- 3: 85 ---

17. tandhanipun sahdat kalimah tayibah | linênggahakên dhiri | Allah lan Mukhammad | inggih wujud manira | ing jawi kang lêbêt Gusti | dene wong salat | anêmbah Dzatu'lyakin ||

18. gih punika lêbête napas manira | ninggal tanaju'ltarki | kang mêncorong padhang | ing ngrika ngriki têrang | budayèng utêk mumpuni | dene wong zakat | rila lêgawèng budi ||

19. wong puwasa mèstu kangjêng nabi duta | duk kala prang kajodhi | manjing jroning guwa | tridasa dina pasa | pramila kula tut wingking | rèh 'ilmu kula | piwulang saking nabi ||

20. de wong khaji kinèn manjing ring bètu'llah | bètu'llah kang nèng ngriki | jêjantung kawula | ing bètu'lmakmur utak | bètu'lmukaddas kang nginggil | êmbun-êmbunan | sah punika wong khaji ||

21. sampun tamat pamusthi kula ing tekad | ma'rifat ing Hyang Widdhi | myang rukuning Islam | wajibnya pra 'ulama | mukmin ngrika mukmin ngriki | Majagung Dumba | slêsih dera nulisi ||

70. Kinanthi

Tekad gêgêbêngane Susuhunan Ampèl

1. kinanthi Ampèl winuwus | banda hèh kancamba mukmin | mênggah gêgandhulan kula | siyang ratri mung angèsthi | tan wontên Pangeran liya | Allah kang murba ing bumi ||

2. boya jaba datan kalbu | rèh klimah tayibah muni | la ilaha ha ila'llah | Mukhammad Rasulu'llahi | tan ana Pangeran liya | anging Allah dunya akhir ||

3. satuhune Mukhammadun | utusanira Hyang Widdhi | ing Mêkah seda Madinah | dhawuhe kawula èsthi | miturut jarwaning Kuran | la jamana la makami ||

4. sifatnya layu khayafu | tan kaya ngapa Hyang Widdhi | la nihaya la tahinta | tan miwiti tan mêkasi | de pasênêdan lan napas | punika dede Hyang Widdhi ||

5. Maha Gung lah dede wangwung | yèn kularsa wruh sayêkti | mung lumyat gumlaring 'alam | têrtamtu wontên kang kardi | mokal jumênêng pribadya | boya 'adam boya isi ||

--- 3: 86 ---

6. wa manngarapa rabbahu | pakat jahilan napsihi | sing sapa wêruh Pangeran | têmên bodho-bodhonèki | mila pamlêng kula nêdya | siyang ratri angabêkti ||

7. sujud rukuk limang wêktu | subuh luhur 'asar mahgrib | praptèng 'isya muji Allah | kaluhuran dunya akhir | kang mêngku karaton mulya | kang ngasta khukum myang 'adil ||

8. sirik kula ngaku wêruh | dununge wujud Hyang Widdhi | jro langit jroning bantala | myang antarane tan panggih | kita jrih nglênggahkên jiwa | rèh jarwèng Kuran macuhi ||

9. layakjibu ma'rifatu | minal'ilmu dakhaihi | têgêse wong nora wênang | ngawruhi 'ilmu kang dakik | kajaba salat sêmbahhyang | kang muksis jatining urip ||

10. Allah datan dumunung hu | boya nèng jantunging janmi | kupur lamun ngênggonêna | kapir lamun tanpa Gusti | dadine jagad samoha | saking kodrating Hyang Widdhi ||

11. mobah molah mosik ulun | atas saking Maha Suci | nanging sadalêm kawula | dede Allah dede Gusti | wujud kawula manusa | tan kenging angaku nabi ||

12. yèn nabi pêrsifatipun | sidik amanat lan tablig | wangsul janma tinitah 'am | paran wani ngaku nabi | mênggah panêmbah manira | limang wêktu siyang ratri ||

13. wajib wong nêtêpi rukun | ing Islam sahdat salati | zakat pasa khaji Mêkah | puniku ingkang utami | ywa mikir kang ora-ora | Allah jumênêng jro ati ||

14. punika dwi mliyun luput | pêrsasat kapir Yahudi | mujudkên kang nama Allah | sasana sajroning pikir | mangka jroning kitab Kuran | lamurtanniman pikyali ||

15. boya kacakra Maha Gung | nèng pasênêdan sujanmi | de lamun basa napsara | nyirnakake basa suci | lah iku wong nuksmèng setan | dajal la'nat sifat janmi ||

16. mila kula kukuh bakuh | mantêp tekad nganggêp Gusti | rong puluh sifatnya Allah | jalal jamal kaharihi | agung elok luhur mulya | boya dunung pundi-pundi ||

--- 3: 87 ---

17. al'alam kulumujudun | siwallah jarwane dalil | sabên kang maujud 'alam | sadaya dede Hyang Widdhi | wani kêkêthokan jangga | mati lawan kitab mami ||

18. asal sun nguni saèstu | bumi gêni banyu angin | nuli nêmbêlas prakara | ngalêmpak campur sawiji | saking kodrating Pangeran | dadya kawula puniki ||

19. pramila yogya wong idhup | wajib nêmbah Dzatu'lrabbi | rèh Allah tan kaya ngapa | asma kewala nyukupi | Hyang Suksma uning kang samar | kalam nênulis pribadi ||

20. nyathêti klakuan makluk | ala bêcik dèn kawruhi | mila pamanggih kawula | prayoga ngupa utami | pinaggya dina akhirat | atas gêsang têmbe mati ||

21. de ajal kula ing besuk | mèt tandha jarwaning Sitin | babu sakaratu'lmuta | kula pandêng tamtu kèksi | cahya sarambut umahya | saking brajamusthi mami ||

22. manthêr ring dirgantara nrus | amba nut minggah suwargi | de panggonaning suwarga | dene nglangit dede bumi | tan dumunung nèng antara | saking gaibing Hyang Widdhi ||

23. mila sangêt kula muruk | dhumatêng pra siswa murid | santri Ampèl Surabaya | sare'at kula parsudi | supados têrah-tumêrah | prapta ing kiyamat benjing ||

24. nulya sinêrat sadarum | Sunan Ampèl dènira ngling | marang Sèkh Majagung Dumba | galur turut tan muwuhi | kèndêl jêng sunan sabdanya | sêkar pangkur kang gumanti ||

71. Pangkur

Tekad gêgêbêngane Susuhunan Kudus

1. Jêng Sunan Kudus tumanggap | amahyakkên pangwikan kang hakiki | mangkana pasrangkara rum | hèh kanca ulun 'ilma | lêpat amba sakêthi aminta ampun | rèh kawruh kula selaya | lawan para wali mukmin ||

2. awit pangèsthi kawula | kang asmallah tan liyan saking urip | kang nama urip satuhu | dede roh dede napas | dede rahsa angên-angên [angên-...]

--- 3: 88 ---

[...angên] dede rusul | jumnêngnya saking panabda | ing manusa kang sayêkti ||

3. yantajumi'lkaoliya | dalilipun kang kasêbut ngakait | mila jawi lêbêt dudu | sanès nginggil lan ngandhap | dunya akhir janma tan bisa katêmu | ngupadi kulon myang wetan | lor kidul sadaya sêpi ||

4. kang kapanggih jiwitamba | wus têtela akarya bumi langit | santero barang kang wujud | gumlaring jagad raya | tandhanipun tatkala dèrèng tumuwuh | 'adam boya wontên barang | kang sampun kula sêksèni ||

5. angên-angên nama iman | basa Islam napas kang mahya manjing | sadaya nama pikukuh | jumênênging manusa | de kang nama urip tan kêna winuwus | sangkane tambuh pinangka | kodrat akarya pribadi ||

6. obah ing sakarsa-karsa | tanpa pakon dadya kula puniki | kabèh saking aninganung | inggih pangeran kita | mila kula wastani urip Hyang Agung | sarèhning kang ngajak gêsang | ngajak nendra ngajak mati ||

7. angên-angên tan kawasa | napas nupus ngêmladheyan upami | kulit daging gêtih sungsum | balung otot ngawula | langkung malih rusul rasul ugi nunut | de Allah punika asma | bingung ma'nane ngapusi ||

8. sêksi malih urip kula | yèn jiwita sing pasênêdan gaib | sasana aningananung | ing ngriku sirna pusa | jagad raya jiwamba sirna sadarum | boya èstri boya priya | puniku yèn kula guling ||

9. malah jarwaning musakab | wong anendra karan bangsaning pati | anaumuatu'lmaut | musna budayèng janma | sêksinipun kabèh atasing wong kayun | sami ngalami sadaya | de lamun kawula tangi ||

10. anjênêngakên kaanan | angarani kabèh ananing bumi | badane sakojur wêruh | nêbut klimah sahadat | mila urip kang yêkti nama Hyang Agung | kang cêdhak tanpa gêpokan | têbih datanpa watawis ||

11. wayangane urip kula | bangkit pisah dzat kang wajibu'lwajib | lah punika gambaripun | kliling njajah bawana | nanging sirik lamun angagêma ujud | jiwita tan sagêd suda | langgêng ing salami-lami ||

--- 3: 89 ---

12. mênggah ingkang kenging edan | angên-angên dene kang kênèng sakit | punika rahsa ranipun | pira-pira cacahnya | ingkang datan rumakêt 'aral mung idhup | lan angin napas manira | sami tunggal tanpa pamrih ||

13. kang bangkit saliring guna | myang kirdhaning pancadriya sakalir | ya ika kwasaning kalbu | kang wus tangaluk ing tyas | ambu-ambu pamriksa sabda pangrungu | angalap pamrih sadaya | piranti karsaning budi ||

14. anamung jumbêngnya[36] manah | jumênênging napas kang mahya manjing | saking budayaning idhup | sanggyaning jiwa raga | amung urip kang botên karsa tangaluk | datan anyar datan lawas | tur datan wrêda taruni ||

15. dumunung jiwangga seta | amratani sakojur anèng jisim | mila tyas kawula gumun | pundi panggènan gêsang | langkung malih ngupadi panggènan layu | pêjah gêsang atas karsa | manah tan kuwasa uning ||

16. rèh angên-angên lan napas | sagêd pisah bangkit kumpul sawiji | kados pundi pisahipun | yèn kumpul kadi paran | yèn jiwita botên sagêd benggang catur | sumangga dipun galiha | sagung para wali mukmin ||

17. dene pun kula punika | botên pisan nêdyaa nggayuh pati | ngêlak lêsu lara ngêlu | kula sangêt tan arsa | suprandene mêksa rumakêt maring sun | kajibah rèhning tan pisah | ethok-ethok gêlêm mati ||

18. mila botên kula manah | nama pêjah mung sakarsaning urip | dene swarga nraka lumuh | sumarah nggon kang mulya | wangsul asal ing pundi karsaning idhup | ingkang kadya sapunika | ywa dèn cupi dadi bayi ||

19. kajawi saking punika | amangsuli wicara nama urip | yèn kawijang pintên èwu | mangkya wujud manusa | mangke kula jèrèng sawatawis cukup | rèh tumrap silaning sastra | kêkathahên yèn kaprinci ||

--- 3: 90 ---

20. kawula ringkês kewala | kados wulu angsal gêsang sing kulit | kulit gêsang saking marus | rah saking daging gêsang | daging otot rèh saking daging bêbalung | balung awit sungsum gêsang | sungsum gêsang saking urip ||

21. de rahsa gêsang wit jiwa | nama jiwa angên-angên lan budi | angên-angên urip antuk | mamèt purbaning gêsang | drawèng napas midrawèng badan sakojur | napas urip saking Tirta | -maya Kayah basa 'Arbi ||

22. campurnya budi lan napas | kumpul têlu gulêt campur lan urip | mila ngrika ngriki suwung | tan wontên Gusti Allah | kaprècète manusa ginalih suwung | prasasat cina ing wangkang | sru ngawur kaworan eblis ||

23. yèn wong kang nuksmèng sarjana | tan ngupaya mrih sampurnaning pati | ora ngupadi Hyang Agung | tan sifat asma boya | datan ngaku Mukhammad kang mêngku Rasul | kang mangkono lir Walanda | gama 'Isa ngaku luwih ||

24. lamun kangjêng nabi duta | nora pisan ngaku wruh ing Hyang Widdhi | ngênggonkên kewala kupur | dene nama manusa | namung isi urip sabêkakasipun | kanang yogya kinasihan | têmbe bosok awor siti ||

25. nora yun nuksmèng suwarga | kantha warna suwung wangwung tan apti | mung sumarah praptèng idhup | tan ana urip sasar | wangsul mangkya mangudi santosa ayu | yuning jiwangga sadaya | mila pinardi salati ||

26. rèh gêsang mêngku kaanan | jroning badan sayogya mrih utami | mamrih tumêngkaring tumrun | putra siwayèng wuntat | ywa na murang cilaka duskartèng idhup | suprandene sinasaban | ala bêcik saking Widdhi ||

27. jroning musakab jêjarwa | hatrisarigsêrimina'llahi |[37] ala yogya rèh Hyang Agung | yèn Pangran tan kalilan | kang tartamtu kèhing dudu têmah wurung | lah sumangga kagaliha | sadaya mutakat mami ||

--- 3: 91 ---

28. kathah yèn kawula babar | gêgandhulan ingkang kawula èsthi | Sèkh Dumba Majagung sampun | rèntès panyêratira | wusnya rampung Mulana Iskhaq sumambung | ambabar kang pangawikan | kang kaèsthi siyang ratri ||

72. Pocung

Tekad gêgêbêngane Susuhunan Prawata

1. sêkar pucung Sunan Prawata lingnya rum | hèh ta kanca nêdha | sampun wontên êsak sêrik | wus jaragan punika musawaratan ||

2. mênggah ulun mutakat kang kula ragum | dunya têmah laya | sapunika tepkad[38] kalih | lair Islam yèn sadalêm cipta Buddha ||

3. rèh jro ulun angên-angên dèrèng santun | mêksih têmbung Jawa | nadyan wuwus têmbung 'Arbi | pêpujiyan sêmbahhyang tilawat Kuran ||

4. jawanipun dèrèng salin tyas pukulun | amung asma Allah | kula mituhu wong 'Arbi | suprandene kulanggêp guru manira ||

5. nabi rasul kulanggêp Krêsna lan Wisnu | guru nama Allah | Hyang Pramana tali urip | manjing mahya dhewe-dhewe namanira ||

6. lamun mlêbu Hyang Pramana manabda hu | yèn mahya Hyang Atma | dene lamun karsa mulih | Tejamaya karan Hyang Siwandakala ||

7. mênggah ulun sêmbahyang nèng masjid ngawur | tan tumanêm jiwa | ati mêksih mikar-mikir | pancadriya rumanti pêpak sadaya ||

8. nganti wuru nganti sarupa kadulu | tan manggya punapa | bênêr luput trinaning sir | wus têtela sing pasênêdan Dzatu'llah ||

9. barang kayun barang mênêng osik nêbut | rèh dhawuhing cipta | mila mangke kang kulèsthi | mung sumarah samerang karsaning manah ||

10. sêmbah sujud rintên ratri gangsal wêktu | yèn kataman 'aral | rubeda sangsara prapti | sami ugi lan Buddha kang tan wruh sastra ||

11. lajêng tuwuh tyas-kula kanang-kanang wus | têtela tan beda | surasane 'Arab Jawi | mung klakuwan kang sulaya kanyatahan ||

12. kang kulèstu mung sêmbahhyang yun têtêmu | mêksih cara Buddha | budi kang kawula èsthi | mangêningkên cipta nutup pancadriya ||

--- 3: 92 ---

13. wontên krungu pandulu pamyarsa ambu | ngong pathêt nirbaya | sirna kamanusan mami | namung ngèksi satiti tiksnaning grana ||

14. Sang Hyang Guru yèn kawula lagya têmu | samadi mlêng karsa | nèng antara napas manjing | lan antaraning napas kita kang mahya ||

15. napas mlêbu mlaku kumpulnya anèng hu | ran Wisnu Bathara | yèn mahya Hyang Krêsna Jati | anguripi bawana uswa kawula ||

16. de Hyang Guru antara mahya myang mlêbu | yèn kêncêng panyipta | sarupa lir sifat mami | warna seta samrica mahya nèng grana ||

17. lah ing ngriku Hyang Guru sarupa ulun | jiwangga subrastha | Hyang Pramana êning-êning | Sang Hyang Êning uning jagadnya priyangga ||

18. yayah jumrut langên cipta wus kapêcut | ning Gusti kawula | anging pribadi ngratoni | lah punika sarêsmi antaya mulya ||

19. Jêng Sang Hyang Nurcahya Nurrasa wus kumpul | wasta Sang Hyang Tunggal | nuksmèng jagad sunyaruri | Jonggringslaka wujud mosik Tejamaya ||

20. marma ingsun ing têmbe yèn arsa murud | dewa catur warna | anggêgodha ngiming-iming | sajatine pancadriya wèh bêncana ||

21. kang kula nut seta samrica binubut | dangu peyah abra | mênuhi jagad sakalir | kèksi kita mawas cahya marudasta ||

22. ngong tumutur nuksmèng cahya kang umancur | mila jaman Buddha | kuwanda katunu bahni | kang supaya dadi triyatra wor suksma ||

23. lah ing ngriku nyatane sampurna murud | rêjasèng jawata | watarantuk sèwu ari | yèn sumeja manjanma maring kunthara ||

24. gandaripun manuksma aran Sang Hyang Nur | -cahya manjing netra | sarat njanma priya èstri | kang kasêbut Hyang Nurrasa wangsul njanma ||

25. wongsal-wangsul makatên janma tumuwuh | nyakrapanggilingan | wanda rusak salin warni | kaki-kita dumadi kula punika ||

26. kula murud manjing nyawa aran nupus | marma kathah padha | siswa lageyan nyèplêsi | lah punika dadya pratandha sanyata ||

--- 3: 93 ---

27. arda ngungun wali nênêm jarwanipun | Jêng Sunan Prawata | mutakat pamanggih Jawi | jaman Buddha dadya Dewa kang kadriya ||

28. nambung wuwus Jêng Mlaya mring Sunan Jimbun | hèh yayi Prawata | sabab punapa si adhi | sênêng Buddha pagene manjing agama ||

29. Islam 'Arbu sujud rukuk limang waktu | mring masjid Jumungah | ngaji kitab Kuran rafsir[39] | lah bok inggih ngawruhi rontal kewala ||

30. Jêng Sinuhun Prawata mangsuli ngguguk | o kakang Malaya | salat sujud kula niki | têmbung 'Arab nanging sun ma'nani Jawa ||

31. kitab ulun Kuran tafsir aranipun | sadalêm kawula | sadaya rèh cara Jawi | dene malaekat manira lih dewa ||

32. pancakalbu wontên malaekatipun | lamun bangsa Jawa | dewata sawiji-wiji | wus tartamtu Jawa 'Arab sanès kêcap ||

33. nanging jumbuh ing ma'nane ing tyas kalbu | napa jêngandika | lair 'Arbi batin 'Arbi | sirna Jawa yèn makatên mêsthi dora ||

34. watra dangu dènira sêndhu-sinêndhu | Jêng Mahgribi mancas | hèh kanca aywa na milih | rêbut silih unggul gunardikèng prana ||

35. ing mau wus prajangji ywa na slang surup | lan malih punika | musawarat mbabar kawrin | tan dadyapa sanadyan mangeran rêca ||

36. jangji lamun wus kawahya kagêm sampun | aja kawadaka | dening para mudha pingging | bokmanawa ambrastha krêtartèng praja ||

37. para jamhur para santri anèm sêpuh | dupi prastawèng tyas | pangawikannya pra wali | kathah ngungun saking pamanggya sulaya ||

38. tujumênu sawiji-wiji tinêmu | ning para 'ulama | mutakat kinèn nulisi | mring Sèkh Dumba Majagung bangkit ing sastra ||

39. rêbut dudu Sèkh Mlaya dènira padu | wus sirêp kalihnya | sadaya rumasa sisip | Jêng Mahgribi Maulana guladrawa ||

73. Dhandhanggula

Pamancase Jêng Sèkh Maulana Mahgribi

1. hèh ta sagung pra mitrèngsun mukmin | sun wis mirêng têtla saha trang |[40] ing tekad siji-sijine | tekad tan ana kumpul | dhewe-dhewe èsthining tokhid | nanging pamancas ingwang | kabèh-kabèh bagus | mungguh ing sadalêm tekad | jangji

--- 3: 94 ---

darbe gandhulan ingkang kaèsthi | nêtêpi dalil Kuran ||

2. pakadistamsakadilkurwatti | muradipun ing lapal punika | lah padha darbeya kowe | gandhulan tali kukuh | nama tali ciptaning tokhid | kang kêncêng saha trima | yeka aran 'ilmu | sanadyan nêmbah brahala | lamun têmên-têmên nora owah gingsir | iku nama sampurna ||

3. gama iku pranataning bumi | rumêksa yu sasamining gêsang | awor yudanagarane | dene sêmbah lan sujud | manut caranira pribadi | galibu'lbalat lirnya | tata nagri ngriku | boya kêna ingowahan | wus 'adate boya kêna dèn wahoni | mangkana cipta tama ||

4. lawan malih kabèh sun tuturi | dalil usul kalaming pujangga | 'Arab mangkana lapale | asmane Hyang kasêbut | walahomin logatu'l'Arbi | têgêse têmbung Allah | basane wong 'Arbu | anapon wong seje bangsa | pasthi beda mungguh surasane tunggil | yêkti tan dadi bahya ||

5. ingsun iki wong 'Arab ngajawi | saking Mêkah tinundhung miruda | rèh sulaya lan wong akèh | praptèng Dêmak mamuruk | gama Islam iyasa masjid | batin mung kalairan | batin sakarêpmu | jêr mung mamrih ayuning rat | basa lair yogya nêmbah Dzatu'llahi | saking asma bae sah ||

6. sajatine tan amulang pati | jêr wong mati padha bae bathang | swarga nraka ora katon | rèh wus layu kayafu | durung ana wong mati bali | de kangjêng nabi mikrad | wungu saking turu | sanadyan Buddha tan beda | Wrêkudara bisa manjing Dewa Ruci | Wlanda Cina ring swarga ||

7. kabèh êmbuh goroh êmbuh yêkti | rèh sun sira padha durung wignya | nglakoni mikrad mangkono | tar lèn panjaluk ingsun | lah pikirên ingkang sayêkti | kalamun sira bisa | anging ywa katungkul | sre'at lair aja pêgat | limang wêktu dadya pratandhane suci | pirukunirèng Islam ||

8. sarta manèh klakuwan kang bêcik | tamarjayu busananing gêsang | bisaa langgêng slamine | sokur bisa tumurun | putra wayah ing

--- 3: 95 ---

wuri-wuri | kanut ran janma tama | trahe wong linuhung | iku paedah kang nyata | yèn wong urip murang tindaking utami | trahnya kanut ran durta ||

9. de prakara 'ilmu dalêm pati | yêkti kabèh durung tau wikan | bênêr kalawan lupute | tan ana saksinipun | sun pribadi uga tan uning | kaanan jroning pêjah | ananging yèn ayun | manuksmèng yanjana tama | uga bêcik ambudi nyataning pati | rèh Kuran sung wêwarah ||

10. dhawuh maring jêng nabi sinêlir | lah mangkene unining kang lapal | antamutu kablalmaot | mangkene logatipun | lah matia sadurung mati | iku paran kang tingkah | tanggap Sunan Kudus | mangsuli sabda Sèkh Mlana | lêrês sabda paduka Kangjêng Mahgribi | langkung rungsit punika ||

11. para janma arang kang udani | patrapipun ngicipi pralaya | kathah klèntu panampine | sasar katriwal tamtu | rinancana setan lan eblis | luluh rumakêt ing tyas | lamun icip layu | anutup talining gêsang | awit mèstu lapil Usul al-Islami | dapiku'lnupus lirnya ||

12. ingkang jênêng wong Islam sayêkti | kanang wignya namblèh napsunira | mangka napsu bangsa batos | klèntu napas katutup | yêkti botên sagêd dumugi | bagya jêjantungira | boya kongsi njêblug | budayèng napas sarosa | yèn tinutup marginya njalari pati | tur pati siya-siya ||

13. arsa icip têmah banjur mati | dalil Kuran tur sampun pêpacak | lah ta makatên lapale | waltaksim kablillahu | artinipun ngrêksaa sami | marang talining gêsang | de musamanipun | punika napas manira | mênggah kula kalamun ngicipi pati | gampil sangêt patrapnya ||

14. kenging ugi dèn sêksèni mangkin | yèn kadadak de pra wali samya | kodhêng angrungu ciptane | Kangjêng Suhunan Kudus | karya obahirèng pambudi | amung Sèkh Maulana | tan samar awit wus | nglakoni datan sandeya | patrapira wêruh kanyataning pati | tandya abên sasmita ||

--- 3: 96 ---

15. Jêng Mahgribi angandika aris | jêbèng Kudus apa wruh sanyata | hèh êndi palawangane | sajratu'lma'rifatu | Sunan Kudus umatur aris | sarta ndumuk punika | wah gambare idhup | Sèkh Mahgrib sadarpa suka | pasrangkara êndi musamanirèki | kanang Murba Masesa ||

16. ingkang karya wujudmu sakalir | Sunan Ngudung prastawa sasmita | gya ndumuk lumpyane gorèng | datan sandya dwinipun | sami cocogira ing tokhid | ananging kijabira | siyang ratri kudu | nêtêpi rukuning Islam | Sèkh Mulana Mahgribi ngandika aris | suwawi kanca bibar ||

17. rèhning sampun klakon karsa mami | dene sêrat kawruhe pra Olya | sayogya tinêdhak manèh | sabên sawiji Kutup | pêsthi duwe pustaka iki | Sajarah Jati rannya | sandika sadarum | sagunge wali sadaya | amèstuti tumuli bubaran mulih | mring dalêmnya priyangga ||

 


bathangnya. (kembali)
Lebih satu suku kata: bathangnya asu abang. (kembali)
ragane. (kembali)
sigra. (kembali)
arjèng. (kembali)
Lebih satu suku kata: jêngkang-jêngking sabên Jumngah ring masjid. (kembali)
wêjange. (kembali)
pêdhot. (kembali)
pamiyarsi. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: rèh pangucap paningal lan pamyarsi. (kembali)
11 tarinên. (kembali)
12 Biasanya guru lagu u: palsu. (kembali)
13 § Ing babonipun kasebut: Gantya kang pinurwèng kawi (R. Tanaya). (kembali)
14 gumlaring. (kembali)
15 mbêguguk. (kembali)
16 Kurang empat suku kata, dan biasanya guru lagu a: uninong ning anana. (kembali)
17 Kurang lima suku kata, dan biasanya guru lagu a: gya katêpak uningong aning anana. (kembali)
18 Kurang empat suku kata: uninong aning anuning. (kembali)
19 dênta. (kembali)
20 pêrgadring. (kembali)
21 Tanggal: sadasa (10) Zu'lhijjah (Bêsar) Be: sad catur guna luwih (1346). (kembali)
22 yun. (kembali)
23 lumrah. (kembali)
24 Dibaca: aras. (kembali)
25 Sunan. (kembali)
26 lampahira. (kembali)
27 Biasanya guru lagu i: harimbi. (kembali)
28 wujud. (kembali)
29 jroning. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: Dzat'lyakin Dzatnya Kang Maha Suci. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: rukuning Slam kamsatun lêlima. (kembali)
32 Dzat. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: Dzat midrawèng jagad. (kembali)
34 hu. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: dhikir hu kang satiti. (kembali)
36 jumnêngnya. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: hatrisarigsêrimina illahi. (kembali)
38 tekad. (kembali)
39 tafsir. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: sun wis mirêng têtela saha trang. (kembali)