Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 086–160), Martadarsana, 1910, #520

Judul
Sambungan
1. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 001–086), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 086–160), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 481–558), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 558–640), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab ingkang Kaping Sanga.

Angkat-angkatan Tiyang dhatêng Mêkah Minggah Kaji.

Anuju ing dintên ingkang dipun tamtokakên dhatêng tiyang Konstantinopêl, kangge karamean angkatipun têtiyang ingkang sami kesah minggah kaji dhatêng Mêkah, inggih punika kithanipun suci băngsa Islam turuning Nabi [Na...]

--- 1 : 87 ---

[...bi] Muhkamad, tiyang-tiyang ingkang sami ngibadah sasagêd-sagêd kêdah minggah kaji, manawi ing dintên makatên ing kitha Sêtambal[1] sakalangkung ramenipun, nanging sadèrèngipun andumugèkakên cariyos ing nginggil punika, ing mangke prayogi anyariyosakên bab kawontênanipun nagari Mêkah manawi mangsanipun tiyang minggah kaji rumiyin. Miturut cariyosing sudagar băngsa Ngarab kados ing ngandhap punika:

Sarib agêng ing kitha Mêkah punika sagêd têmbung Prang, gêsangipun kados băngsa Eropah, sarta ing salami-lami dhaharipun agêng, asmanipun: Ali Èl Rasid, manawi ing wanci enjing sarapanipun madu, wedang kopi kênthêl saêkan, powan sagênduk,[2] warni-warni manisan, tuwin wedang tèh tigang cawan lêgi sangêt. Manawi ing wanci siyang dhaharipun lumados kaping sêlangkung, olah-olahan daging warni-warni, sêkul kalihan mêrtega winoran gêndhis, bubur galêpung, sosis, woh-wohan, tuwin sanès-sanèsipun, manawi ing wanci dalu olah-olahan pêksi dara, dipun isèni daging gorengan, sayuran, manisan warni-warni, ulam kagorèng tuwin wedang kopi kênthêl. Sadaya têtêdhan wau kawadhahan ing piring porsêlin alus, ananging ing ngriku dèrèng wontên caranipun nêdha ngangge sendhok porok sarta lading, namung dipun puluki kemawon, salêbêting griyanipun kathah isèn-isènipun praboting [pra...]

--- 1 : 88 ---

[...boting] griya, dipun buntêli ing baludru. Kasugihanipun sarib agêng Mêkah punika angungkuli Sang Raja Turki.

Manawi panuju mangsanipun tiyang minggah kaji, rêginipun rêjêki sadaya nyêngkrèk, amargi ing nalika punika cacah jiwa ing salêbêting kitha kintên-kintên wontên: 100.000, pramila dalah barang-barang rêginipun inggih mindhak, kados ta: daging sapun 60 sèn, roti sapun 2½ sèn, sasaminipun, makatên ugi pasewan griya, tiyang anyewa griya ingkang wontên kamaripun 20 ing dalêm 20 dintên kemawon kêdah ambayar 700 rupiyah.

Margi-margi kapasanganting ngangge lisah petroliyun saking Amerikah, dene waragad panumbasipun lisah saha sanès-sanèsipun, dipun sanggi dening têtiyang siti. Margi-marginipun agêng dipun urug ing sela kaêbrug, ing ngriku sumur namung sakêdhik, manawi badhe ngangge toya, kathah ingkang mêndhêt dhatêng pancuran, pinangkanipun saking parêdèn. Griya-griya ing kitha Mêkah ugi kathah ingkang inggil, têrkadhang wontên griya lotèngipun ngantos sap pitu, ing ngriku inggih sampun wontên kantor pos, sabên dintên sapisan lumampah dhatêng Jedah kitha sacêlakipun sagantên, sêrat-sêrat wau kaêtêrakên dhatêng griyanipun ingkang wajib tampi piyambak-piyambak dening palayangan, ingkang tampi kêdah ambayar dhatêng palayangan [pa...]

--- 1 : 89 ---

[...layangan] wau minăngka têdhanipun, tiyang satunggal gangsal wêlas sèn. Kajawi punika inggih sampun wontên tukang gambar (potograp), griya-griya panyadean buku, ananging botên wontên ingkang sade bukunipun tiyang Kristên, amargi sami dipun sêngiti. Griya-griya pamulangan botên patos dipun prêlokakên, griya pamulangan kathah-kathahipun namung kados warung kemawon. Sabên ing wanci magrib, kintên-kintên wontên 500 molah saha dêrwis sami linggih wontên sangajêngipun kukbah, amulang ngaji sarta lampah-lampahipun tiyang minggah kaji, guru-guru punika angsal balănja saking pirukunanipun para băngsa ruhur tuwin băngsa sugih yatra, arta ingkang sami kaangge tiyang Mêkah inggih punika arta Ustênrik, Inggris, saha arta Turki, dene arta Rus tuwin Dhit, awis-awis kasrambah.

Para têtiyang Islam, parlu sangêt sami minggah kaji, kalipah-kalipah sabên taun inggih tumut, ananging ing jaman sapunika kangjêng sultan sampun angewahi adat caranipun, amargi ajrih yèn kenging ing sêsakit, kangjêng sultan namung maringi ganjaran ingkang awis rêginipun kemawon. Manawi ing dintên agêng kasêbut nginggil wau, kangjêng sultan namung têdhak dhatêng ing masjidipun piyambak ing Sêtambul, para ruhur saha băngsa mardika ugi sami sowan ing ngriku. Kangjêng sultan ing ngriku sêmbahyang luhur, lajêng têdhak dhatêng pasanggrahan ingkang [ing...]

--- 1 : 90 ---

[...kang] dumunung ing sangajênging kadhaton, jumênêng sangajênging jandhela amriksani arak-arakan angkatipun tiyang minggah kaji langkung sangajêng kadhaton, ing dintên wau wanci enjing tiyang sakitha Sêtambul sampun sami rame. Para tiyang sugih miskin, jalêr èstri, sêpuh ingkang sampun uwanên, jêjaka, rare alit, prawan, èstri wungkuk bucu, sadaya tumplak bêlak sami dhatêng tumut arak-arakan punika, utawi salong sami ningali kemawon. Ing jandhela lotènganing griya-griya sapinggiring margi ingkang badhe dipun langkungi arak-arakan wau, sakêdhap kemawon lajêng dhêdhêt kêbak tiyang sami aningali, ngrika-ngriki sami manjêr bandera ijêm, para abdi dalêm sarta para pulisi sami anjagi tata têntrêm urut margi, angawisi tiyang ingkang adamêl rêrêsah, nyêpêng tiyang mêndêm, tuwin anjagi kasênêngan, para priyantun ingkang dhatêng saking kitha-kitha mănca, sami manggèn wontên ing lotèng ingkang kêbak tiyang wau, ing samargi-margi kathah pêkir miskin apariman, sadèrèngipun taksih kirang pintên dintên kalihan dintên wau, tiyang-tiyang sampun sami tata-tata badhe ningali dhatêng Konstantinopêl, salong wontên ingkang kapengin ningali barang-barang gagrag enggal, wontên ingkang badhe sumêrêp angkatipun kaji-kaji wau.

Kacariyos, wontên tiyang èstri sampun sêpuh wah wungkuk ningali, rasukanipun abrit, sarta kudhung

--- 1 : 91 ---

sinjang sampun lungsêd, tiyang èstri sêpuh wungkuk punika jèjèr kalihan băngsa Grik nama Lasaro, inggih punika tukang panjagining kamar saha kêkasihipun Sang Putri Rokanah. Nanging dhatêngipun Lasaro wontên ing ngriku, bètên[3] parlu ningali arak-arakan, wontên kajêngipun sanès, Lasaro punika sawêg umur 22 taun, rainipun pucêt kados kiyang[4] nyêrèt, sacêlaking panggenanipun Lasaro kathah para sudagar-sudagar, tiyang èstri-èstri sami kudhungan, băngsa Prang, kuli-kuli, nonah-nonah saha têtiyang sêpuh ing Turki, sami ngangge kaptan lan surban, tiyang Grik punika botên pisah-pisah kalihan pawèstri sêpuh wau, lajêng sami minggah ing undhak-undhakaning griya, ngantos dumugi ing panggenan ingkang inggil, cêtha aningali pundi-pundi. Arak-arakan sampun mèh langkung, tiyang-tiyang sami pating cranguk aningali saking pundi jumêdhulipun arak-arakan punika, tiyang-tiyang sawêg sami rame aningali, tiyang Grik kalihan èstri sêpuh sami omong-omongan, tiyang Grik wicantên rumiyin, kowe kăndha yèn wong wadon iku andhêlik marang omahing para nyai jênêng Hanipah.

Èstri sêpuh: Dhèk wingi olèhe mangkat, amarga dhèwèke wus wêruh yèn dak golèki akuwin[5] têka marang omahe kadri, masjid tuwa, ananging ora kêtêmu Syèh Ul Islam.

--- 1 : 92 ---

Lasaro: Mau kowe kăndha yèn Resiyah anake Al Mansur, angopèni bocah cilik.

Mak Kadhisah (èstri sêpuh): Iya aku wêruh.

Lasaro: Apa kowe duwe pangira yèn iku Rajaputra Saladin.

Mak Kadhisah: Laraso, kowe dhewe apa ora duwe panduga mangkono, sumurupa, durung suwe ana wong tuwa aran Korah Sandi, ditimbali kangjêng ratu agêng, didangu: ana ngêndi anggone andhêlikake rajaputra, amarga kangjêng ratu utusan opisir marang omahe Korah Sandi, rajaputra digolèkti[6] ora bisa kêtêmu, yèn katêmua rajaputra iku bakal dipatèni, miturut undhang-undhang lawas, Korah Sandi ora gêlêm ngaku liyane, kajaba munjuk nalika dhèwèke lagi jajan mênyang warung, rajaputra dicolong uwong, dhèwèke dipêksa-pêksa supaya ngaku, ananging tanpa gawe, mung ngakoni ora wêruh bae.

Lasaro: Kapriye ênggonmu bisa kêtêmu Resiyah, ana ing omahe Hanipah.

Mak Kadhisah: Syerah amêsthi wis taus[7] wêruh, ing sawijining dina wayah bêngi Syerah lunga ora pamit, nunggang prau tambangan, aku ngêtutake [ngêtuta...]

--- 1 : 93 ---

[...ke] andingkik, dhèwèke lumêbu ing omahe Hanipah, kira-kiraku Syerah wus kêrêp anggone mênyang omahe Hanipahkono, dhèk wingi nalika aku nginjên, wêruh Resiyah ana sajroning omah lan bocah lanang cilik, kira-kira umur wolung taun kang tansah dibêbungah atine.

Ciptanipun Lasaro: Hèh silanat, saiki kiraku gampang bangêt panyêkêle.

Mak Kadhisah: Kowe iku rak dhêmên marang Resiyah ta, kiraku kowe iku digunani, iya apa ora, ananging Resiyah kêpengin munggah pangkate, ora sudi karo kowe, sing didhêmêni Basi panggêdhening prajurit pangayape kangjêng sultan, awake kedanan bangêt.

Mak Kadhisah gumujêng, tiyang Grik wau sakalangkung merangipun, botên dangu rêmbagipun kêsapih dhatêngipun arak-arakan langkung ing ngriku surak-surak, ingkang lumampah wontên ing ngajêng piyambak amiyak margi, baris kapalan Turki sami ngangge rasukan abrit, wingkingipun lajêng Èmir lan sanès-sanèsipun tiyang turunan nabi, ngangge kêthu enggal ijêm, srêban ijêm sinulam ing bênang êmas (mèmpêr Topèng Êmas) lajêng para èfèntasi (residhèn) ing Sêtambul, Galatah sarta Perah, khakim agêng ing Rumèli [Ru...]

--- 1 : 94 ---

[...mèli] lan Anatoli, lajêng barisan para molah lan guru-guru, ingapit-apit dening juru srat juru srat sami kêkapalan dipun tuntun ing tiyang, wingkingipun malih para priyantun agêng para mantri-mantri, mangangge sandhangan biru sinulaming renda êmas salaka. Sadaya tiyang punika urut margi sami anyêbut: Allah, Allahu Akbar. Syèh Ul Islam numpak kapal, kairing para karèrèhanipun ingkang apangkat agêng sangêt, agênging panggalih amriksani kaji-kaji ingkang sami tumut pangkat sakalangkung kathah, sarta kathah tiyang ningali sêlur urut pinggir radinan, jêjêl uyêl-uyêlan, ingkang wontên ing lotèng kathah wanudya ayu-ayu, sadaya sami asung urmat dhatêng Syèh Il[8] Islam, wontên ingkang sujud saking katêbihan. Sawingkingipun punika iring-iringan sêrat ingkang kasêrat dening kangjêng sultan piyambak, dhumatêng sarib ing Mêkah, kawadhahan ing bumbung tinumpangakên ing lèmèk, dipun sunggi sarta dipun săngga tangan kalih, tumuntên unta suci kêkalih, ingkang dipun wastani: masnili, sèripi, unta kêkalih punika botên kenging kasamèkakên kalihan unta-unta sanèsipun, amargi punika turunipun unta titihanipun Kangjêng Nabi Mukhamat, nalika kabujêng ing mêngsah, sarta salajêngipun namung kangge padamêlan suci. Unta ingkang satunggal rinêngga sakalangkung adi, ambên wadhuk, kêndhali sarta apus buntutipun ingkang kadamêl wacucal ijêm, [ijê...]

--- 1 : 95 ---

[...m,] pinatik ing sêsotya, ing gulu sarta buntutipun dipun kalungi jimat-jimat, ing êndhasipun dipun ênggèni makutha saking laring mêrak, wingkingipun malih dipun tutupi ing lakên sinêkar-sêkar ing mas, dipun iring pintên-pintên bandera. Pêthi wau isi barang-barang paringipun kangjêng sultan dhatêng sarip ing Mêkah, ananging unta satunggalipun botên dipun praboti punapa-punapa, kajawi slebrakipun kangjêng sultan ingkang dipun wastani masipil, palênggahanipun Kangjêng Nabi Mukhamad kala jaman kina, manawi sawêg amutusi prakawis, nanging sapunika sampun dipun dandosi linapis baludru ijêm tinarètès ing êmas, kewan kalih punika dipun rêrompa para juru rêrêsik kandhang kalihan urmat, sawingkingipun lajêng tiyang maèwu-èwu sami têtabuhan, wontên ingkang nabuh gêmbrèng, bêndhe, saha sanès-sanèsipun, sadaya sami mungêl: Allah, Allah, huk, huk, wingkingipun malih lajêng kuldi suci pitu, momot arta saha barang sanès-sanèsipun caosan dhatêng sarip Mêkah, angkatipun mawi kinurmatan ungêling mariyêm.

Têtiyang kathah ingkang sami lumampah wau, wontên ingkang badhe tumut minggah kaji, wontên ingkang botên tumut, wontên malih pawèstri băngsa Turki lingak-linguk aningali ngiwa nêngên, sajak wontên ingkang dipun upadosi, nuntun rare alit kintên umur wolung taun, inggih punika Resiyah kalihan Rajaputra

--- 1 : 96 ---

Saladin, Resiyah sangêt kagètipun sarêng sumêrêp dhatêng Lasaro kalihan Mak Kadhisah, lajêng enggal nalêsêp dhatêng saantawising arak-arakan, ananging Mak Kadhisah sampun sumêrêp, lajêng suka sumêrêp dhatêng Lasaro sarwi bêbisik, wicantênipun: Dêlêngên kae, dhèwèke arêp lumayu, lan Rajaputra Saladin uga ana, saiki kêna dicêkêl sakarone. Tiyang Grik mangsuli: Iya bênêr, kae Resiyah lan Rajaputra Saladin, arêp padha andhêlik, ananging kowe arêp apa, ing sajroning karamean iki ora kêna dicêkêl, mung kudu diêtutake bae, manawa dhèwèke nunggang kapal.Mak Kadhisah mangsuli sêmu sêrêng: Ora, ora. Sasampuning wicantên makatên, Mak Kadhisah lajêng lumampah sowan ing ngarsanipun Syèh Ul Islam ingkang taksih jumênêng pramugarining arak-arakan, Mak Kadhisah andhodhok lajêng matur: Ing karamean minggah kaji punika Resiyah anak èstrinipun Al Mansur inggih tumut sarta nganthi Rajaputra Saladin, ananging kawula piyambak ajrih nyêpêng, amargi karamean suci, kajawi panjênêngan piyambak ingkang kagungan panguwaos. Mansur Èpèndi ngandika: Cêkêlên dak lilani.

Dhuh saiba ta anggènipun amêmêlas, saupami Resiyah saha Rajaputra Saladin kacêpêng dhatêng tiyang Grik kalihan Mak Kadhisah. Tiyang kêkalih wau sami analêngsêng angupadosi.

--- 1 : 97 ---

Babingkang Kaping Sadasa.

Parentah ingkang Anggêgirisi.

Kacariyos Sadi sangêt susahing manah, amargi sampun botên sagêd kêpanggih malih kalihan Resiyah lan Rajaputra Saladin ing griyanipun ing Sêkutari, dhatêng pundi anggènipun dhêlik, manggèn ing pundi, punapaatêka kesah, Sadi botên kêndhat panggagasipun, dados anggènipun sagêd kêpêthuk malih punika tanpa damêl, amargi botên sumêrêp kesahipun, saking sangêting panggagas, palêncut kakintên Resiyah botên rêmên dhatêng awakipun sarta botên sêtya, ananging botên dangu Sadi rumaos kêduwung anggènipun gadhah cipta makatên wau, dening Sadi sampun namtokakèn manawi Resiyah manahipun suci, botên kengguh dening panggodhaning priya sanès, kănca-kancanipun inggih punika Sorah Bèi sarta Hasan, sami gumun sumêrêp Sadi tansah mèndêl, gèsèh kalihan sabên-sabènipun, sanadyan makatêna ingatasing padamêlan Sadi botên ewah, ulatipun kabingar-bingarakên, Sadi botên purun anglairakên kasusahaning manahipun dhatêng kancanipun kêkalih.

Ing wanci sontên sasampunipun arak-arakan angkatipun tiyang minggah kaji rampung, dumadakan Sadi dipun undang dening pangagênging prajurit linggih wontên ing kamar [ka...]

--- 1 : 98 ---

[...mar] pajagèn kadhaton, Sadi urmat satataning prajurit, ananging kêpala prajurit têrus linggih kemawon, sukunipun ingkang satunggal dipun pangku, kalihan udud okah katumpangakên ing dhipan sacêlakipun meja. Sarêng Sadi dhatêng Mukamad Bèi wicantên: Kowe duwe pangayoman băngsa ruhur kang amaringake kowe marang aku, aku uga dhêmên marang kowe, amarga kowe sawijining prajurit pintêr lan tabêri, dak pêpuji supaya kowe tumuli munggaha kalungguhamu, kowe saiki pangkat baski, aku ora bisa mulang apa-apa marang kowe, kajaba awèh wêwêling supaya ngati-atia lan tabêria marang pagaweyan. Ing wêktu iki ana pagaweyan kang bisa angunggahake darajatmu, mulane kowe dak elingake, Sadi. Aturipun Sadi, dhuh Mukamad Bèi ingkang ambêk utami, dhawuh sampeyan punika sampun kula anggêp kasaenan sarta kautaman, suwawi sampeyan pangandikakakên, padamêlan punapa ingkang kêdah kula lampahi supados kula tumuntên minggah pangkat, punapa têtiyang ing parêdèn adamêl rêrêsah, kula kapurih anyirêp. Sawêg samantên aturipun Sadi lajêng dipun sêlani, rungokna, aku ora bisa wêruh pagaweyan kang kudu kolakoni, aku mung wêruh ganjarane, yèn kang anglakoni pagaweyan iku durung adarbe pangkat, amêsthi banjur bisa dadi baski, ananging [ana...]

--- 1 : 99 ---

[...nging] balik yèn kowe kang bisa ngêntasi gawe amêsthi dadi bèi. Sadi pitakèn: Sang Mukamad Bèi ing pundi anggèn kula tampi dhawuh punika, sanadyan dumugia pêjah botên wande kula lampahi, wangsulanipun Muhkamad Bèi: Bêngi iki kowe bakal anampani dhawuh saka Mansur Èpèndi, mulane mangkata marang masjid lawas panggonan kakim agama, nungganga jaran bandhangna marang masjid pratapan saburining kutha Sêkutari, anjujuga ing mênara panggonane wong linuwih, Syèh Ul Islam angêntèni têkane prajurit kang sêtya, kang bakal dak kirimake ing bêngi iki uga, mulane bêcik enggal mangkata marang masjid pratapan, golèk pangkat kang luwih dhuwur, wangsulanipun Sadi: Manawi makatên sukur, Muhkamad Bèi.

Sadi lajêng mêdal saking griya pajagèn, akèn amêndhêtakên kapalipun ingkang wontên ing gêdhogan, nuntên dipun tumpaki kabandhangakên dumugi lèpèn wingking kadhaton, lajêng mêndhêt gondhèl satunggal kapurih anyabrangakên dalah kapalipun dhatêng kitha Sêkutari, sarèhning nalika punika sampun wanci têngah dalu, pramila juru mudhi kapurih enggal kemawon anggèning nglampahakên baitanipun, botên dangu dumugi ing pinggir, kapalipun katumpakan malih, kaplajêngakên dugi ing masjid kadri dêrwis.

Ing mênara masjid wau, wontên prayantunipun kêkalih sawêg ngandikan, inggih punika: Syèh Ul Islam lan tiyang

--- 1 : 100 ---

sêpuh anama Hamid Kadi:

Syèh Ul Islam: Namung kantun prakawis saêbab ingkang tansah angrêncana manah kula, inggih punika kadospundi anggèn kula sagêd nyêpêng Rajaputra Saladin.

Hamid Kadi: Kadospundi dene sampeyan botên sagêd nyêpêng Saladin, gajêgipun juru nujum èstri wau sampun matur.

Syèh Ul Islam: Inggih makatên, dhukun èstri wau cariyos, yèn anakipun èstri Al Mansur anuntun putra Saladin, lumampah kêmpal kalihan tiyang-tiyang ingkang sami minggah kaji, ananging dipun padosi botên kêpanggih, mila kula botên pitados dhatêng kojahipun dhukun punika.

Hamid Kadi: Dados sapunika punapa sampun ical malih. Bêbujêngan kêkalih lapis punika pancèn prakawis agêng.

Syèh Ul Islam: Yèn icalipun babar pisan kados inggih dèrèng, namung manawi wontên bêgja kula, sagêd nyêpêng gêsang-gêsangan dhatêng Saladin, Saladin wau badhe kula opèni wontên ing griya ngriki.

Botên watawis dangu tukang anjagi kori dhatêng, atur uninga, Baski Sadi wontên ing jawi, tukang anjagi kori kapurih nimbali, lajêng mêdal, Mansur Èpèndi [È...]

--- 1 : 101 ---

[...pèndi] ngandika dhatêng Hamid Kadi: Punika Muhkamad Bèi angintunakên tiyang dhatêng kula, ingkang kenging pinitados, amargi rumiyin sang putri Rokanah paring sumêrêp, manawi punika tiyang sae sarta sagêd, saha mundhut supados tiyang punika kula dadosakên prajurit, ing têmbe sagêda apangkat agêng, tiyang punika migunani sangêt tumrapipun paprentahan wados, Hamid Kadi pitakèn: dhuh saudara ingkang minulya, punapa sampeyan pitados saèstu dhumatêng Sadi punika.Wangsulanipun: Ingkang dipun kirimakên Mukamad Bèi punika baski ingkang sampun dipun pitados. Sarta kapengin minggah pangkatipun, sawêg samantên anggènipun ngêndika, kasaru lumêbêtipun Sadi dhatêng kamar, lajêng urmat kados adat sabênipuna[9] sarta angaturakên yèn dhatêngipun punika saking parentahipun Mukamad Bèi.Mansur Èpèndi ngandika: Aku isih eling, kowe diparingi pangkat dening kangjêng sultan dadi baski, katarima anggonmu anjajari golèk dalan nalika kondure sang nata saka masjid.Sadi umatur: Inggih lêrês, ananging sapunika panjênêngan badhe dhawuh punapa, badhe kula lampahi, punapa badhe panjênêngan kintunakên dhatêng paprangan, punika kula rêmên sangêt.Mansur Èpèndi: Ora, kowe arêp dak parentahi anyêkêl wong loro, kang siji prawan sijine bocah lanang cilik, dhèwèke padha manggon ana [a...]

--- 1 : 102 ---

[...na] ing omahe abdi tuwa jênêng Hanipah, ing kutha Sêtambul, Sadi pitakèn: Rare èstri sarta jalêr wau namanipun sintên, wangsulanipun Mansur Èpèndi, nonah iku jênênge Resiyah anake Al Mansur, dene bocah cilik kang diopèni jênênge Saladin, banjur cêkêlên kabèh, ladèkna mrene, arêp dak priksa prakarane.Sadi sangêt kagètipun mirêng dhawuh makatên wau, sanalika mèh purun amabêni sarta ambikak wêwadosipun, ananging lajêng mêdal pikiranipun ingkang prayogi kangge mitulungi pacanganipun, ciptaning manah sanadyan pêjaha botên badhe masrahakên Resiyah dhatêng tanganing mêngsah, pramila manahipun katahan-tahanakêngn[10] sasagêd-sagêdipun, amargi Sadi sampun sumêrêp, manawi Resiyah kaladosakên, masthi nandhang siksa tanpa prakawis.Mansur Èpèndi ngandika, he, baski taruna, aku mangêrti ênggonmu mênêng bae iki, kowe duwe pangira yèn ing mêngko bakal tămpa parentah kang abot, wusana jêbul anampani dhawuh kang ora sapiraabobote, amarga prakara nonah lan bocah lanang cilik siji bae, ananging sumurupa, dhawuh iki kaanggêp luwih gêdhe tinimbang dhawuh liya-liyane, marmane kowe angatokna kasêtyanmu kang luwih saka ing mêsthi, supaya kowe bisa anampani ganjaran kang luwih gêdhe sawise kalakon bisa nyêkêl bêburon loro mau. Ati-atinên, [Ati...]

--- 1 : 103 ---

[...atinên,] panggawamu mrene aja nganti ana kang wêruh. Lah mangkata èstokna dhawuh iki.

Sadi sangêt bingah dene sagêd lajêng mêdal saking griya pratapan wau, sarêng sampun anampèni kapalipun, lajêng sêmbahyang, sukuring Allah, dene dhawuh punika botên kadhawuhakên dhatêng tiyang sanèsipun, ananging saking kajêngipun Mansur Èpèndi saha Hamid Kadi nyêpêng Resiyah, badhe kangge punapa, punika Sadi botên mangrêtos babarpisan, ingkang dipun mangrêtosi namung bab putra Saladin, bilih sagêd kacêpêng kados botên wande mêsthi dipun pêjahi, supados panguwaosipun badhe gumantos jumênêng nata ical, Sadi enggal numpak kapal sarta kabandhangakên dumugi Sêkutari, sapinggiring lèpèn, tumuntên numpak gondhèl dalah kapalipun, para pambêlah sami dipun êdumi arta, anggèning nglampahakên kapurih rikat, nalika punika rikating lampahipun ngantos kados mabur-mabura wontên sanginggiling toya, sarêng sampun dumugi ing pinggir, kapal lajêng kacengklak malih, anuju griyanipun tiyang Arab, Hanipah, sakêdhap kemawon sampun dumugi, lajêng thothok-thothok kori, ingkang gadhah griya pitakèn saking candhela: Sampeyan sintên, dalu-dalu pados punapa, baski taruna.

Sadi: Sampeyan bikak kori sampeyan, mangke kula criyosi, manawi botên, sampeyan [sa...]

--- 1 : 104 ---

[...mpeyan] dalah Resiyah mêsthi manggih bilai.

Hanipah: O o Resiyah ayu punika, punapaa, adhuh wong urip. Sadi mirêng naratap, wicantênipun: kula badhe mitulungi ing awakipun, enggal sampeyan bikak, sampun dangu-dangu.

Hanipah: Sumêrêpa, Resiyah sampun kesah, sampun botên wontên ing ngriki, baski taruna, kala wingi tumut tiyang-tiyang ingkang sami kesah dhatêng Mêkah.

Sadi: Kadospundi, punapa inggih kalihan rare alit punika.

Hanipah: Inggih, Resiyah têlênging katrêsnan kula ingkang pinunjul sarta bandhanipun Al Mansur, kala wingi ambêkta putra timur punika kesah rare kalih.

Sadi: Manawi sampeyan botên balaka, benjing enjing Resiyah amêsthi nandhang cilaka.

Hanipah sumpah: Mugi-mugi sinêksènana ing Allah, manawi kula ngantosa cariyos dora, ananging sampeyan kula purih balaka, sampeyan punika punapa Sadi, ingkang asring dipun cariyosakên Resiyah dhatêng kula punika.

Sadi: Inggih, kula punika Sadi.

Hanipah: Eman-eman sangêt dene dhatêng sampeyan sampun kasèp, Resiyah angsring sangêt [sangê...]

--- 1 : 105 ---

[...t] cariyos dhatêng kula, bab katrêsnanipun dhatêng sampeyan, mila Resiyah badhe sumêrêp sarta rêrêmbagan kalihan sampeyan sapisan êngkas kemawon, adhuh, mêsakakên sangêt, ingkang dipun èngêt-èngêt namung sampeyan kemawon.

Sadi: Kalihan tiyang munggah kaji, badhe dhatêng pundi purugipun.

Hanipah: Kesah saking nagari ngriki, andhêlik kalihan rajaputra dhatêng panggenan ingkang santosa. Badhe cariyos sarta pamit dhatêng sampeyan, ananging botên sagêd kêpanggih, amargi dhatêng sampeyan sampun lungse sangêt.

Ciptanipun Sadi, ing ngêndi bae anggone andhêlik Resiyah, ora wurung Mansur Èpèndi lan Hamid Kadi bisa nyêkêl, amarga wong loro iki padha kuwasa lan nganti misuwur tumêka ing tanah Mêkah, manawa aku bali mulih, matur yèn omahe Hanipah ora ana, panggêdhe agama iku masthi banjur kongkonan uwong liyane, anggolèki nganti kêtêmu. Mulane luwih prayoga aku nusul uwong-uwong kang padha munggah kaji, manawa bisa katêmu, dhèwèke dak ajak mulih marang omahku, ing kono amasthi bisa bungah, amarga ora ana wong kang anggolèki mênyang omahku.

Sadi lajêng salaman kalihan Hanipah, lajêng numpak [numpa...]

--- 1 : 106 ---

[...k] kapal badhe dhatêng pinggir lèpèn, nêdha tulung kalihan pambêlah supados kasabrangakên dalah kapalipun, dumadakan wontên tiyang ngadêg ing ngajêngipun, ngantos kapalipun kagèt saking wayanganipun tiyang wau. Wicantênipun, Sadi, Sadi, Sadi nolè[11] ngiwa nêngên. Dangu-dangu sumêrêp tiyang wontên ing ngajêngipun, panganggenipun sarwa lami, ngangge udhêng ijêm, sangandhapipun udhêng katingal wontên pasmènipun êmas, tiyang wau cêluk-cêluk sangsaya sora, supados Sadi enggal sagêd sumêrêp: Sadi, Sadi, kowe anggolèki Resiyah, anake Al Mansur lan Rajaputra Saladin, lungaamarang pojokaning kadhaton, ing kono pandhêlikane, dhèwèke nunggang gondhèl, ananging ati-atinên, aja mung andhêlikake Resiyah lan rajaputra bae, nyawamu dhewe uga rêksanên kang tarêtip, amarga kowe duwe mungsuh kang bakal ambilaèni. Sadi mangsuli sarta sampun botên manah punapa-punapa, apa aku bisa kêtêmu karo Resiyah ana ing kana, sukur: sewu sukur marang calathumu, muga-muga kowe antuka barkahing Allah, seluman. Botên dangu Popèng[12] Êmas musna, botên kasumêrêpan purugipun.

Kapalipun Sadi lajêng dipun cêmêthi, lajêng ambandhang dumugi panggenan pitêdahipun Topèng Êmas, Resiyah sarta rajaputra sagêd pinanggih, numpak gondhèl [go...]

--- 1 : 107 ---

[...ndhèl] wontên lèpèn sawingkinging kadhaton, kalih-kalihipun lajêng kapurih numpak ing gondhèlipun Sadi, kabêkta dhatêng Sêkutari, nuntên kaajak mantuk dhatêng griyanipun Sadi, ing kampung Mèdskiyansioli (Lurung Mrêjan), nalika punika sampun mèh êbyar.

__________

Bab ingkang Kaping Sawêlas.

Racuning Manah Darêngki.

Kacariyos Sang Putri Rokanah kagungan karsa badhe ngandikan kalihan Muhkamad Bèi, lajêng utusan abdi nama Lasaro animbali, sakêdhap malih lajêng sowan, nyêmbah saha sujud, sawingkingipun sang putri, kathah para abdi-abdinipun sami ngadhêp, Lasaro ugi wontên.

Sang putri ngandika kalihan Muhkamad Bèi, kowe iku panggêdhening prajurit, sarta angêrèhake baski ênom, jênêng Sadi.

Aturipun Muhkamad Bèi: Sangêt bingahing manah kula sang putri karsa angandikakakên prajurit karèrèhan kula. Ananging aturipun wau botên kagalih dhatêng sang putri, lajêng têrus ngandika: Baski Sadi anggone munggah pangkat cilik ora saka pitulungamu, ananging saka paringane kangjêng sultan, amarga dhèwèke anglakoni pagaweyan sarana têmên-têmên, aku gumun dene kowe sawijining panggêdhe ora sumurup marang karèrèhane kang tumêmên [tu...]

--- 1 : 108 ---

[...mêmên] lan tabêri, amarga kowe ora angulatake marang Sadi, mulane Sadi nganti saiki isih dadi baski bae.

Muhkamad Bèi mangrêtos manawi sang putri sangêt asih dhumatêng Sadi, sarta sasagêd-sagêd badhe asuka pitulungan. Sanadyan sang putri kuwaos amêksa dhatêng piyambakipun, amurih indhaking pangkatipun Sadi, ananging piyambakipun sumêrêp, bilih sang putri taksih wontên ingkang angungkuli panguwaosipun, inggih punika Mansur Èpèndi.

Muhkamad Bèi lajêng matur: Baski Sadi punika satunggaling tiyang ingkang kêndêl sarta gagah prakosa, sang putri piyambak sampun mriksa, milanipun kula pantês anyukani pangkat ingkang langkung inggil angrumiyini tinimbang kănca-kancanipun, ananging manawi Sadi sampun sagêd angrampungi padamêlan ingkang wêkdal punika sawêg dipun lampahi. Sang putri ngandika malih: pagaweyan apa iku.

Muhkamad Bèi: Inggih punika bab amikut bêbujênganing praja ingkang sakalangkung agêng, ingkang kêdah dipun lampahi, sarta botên kenging kapitadosakên dhatêng sadhengahatiyang, anakipun èstri Al Mansur nama Resiyah, sarta rare alit satunggal, kêdah kabêkta dhatêng masjid agama, wêwêngkonipun Mansur Èpèndi.

Sang putri: bocah cilik, iku parentahe Mansur [Ma...]

--- 1 : 109 ---

[...nsur] Èpèndi.

Muhkamad Bèi: Inggih sang putri awit saking punika sang putri tamtu sagêd nimbang piyambak mênggah awrating dhawuh wau.

Sang putri lajêng mangrêtos bab bêbujêngan punika Rajaputra Saladin, nuntên ngandika: Apa bocah iku ana ênggone nonah sing jênêng Resiyah.

Aturipun Muhkamad Bèi,inggih makatên, mila Baski Sadi kapurih nyêpêng nonah sarta rare alit wau, saha sampun dipun têdahi panggenanipun, ananging botên kêpanggih, dados botên sagêd angaturakên dhatêng Mansur Èpèndi.

Lasaro mèsêm, bokmanawi badhe nyariyosakên wêwados punika ngantos satêlasipun, sang putri ngandika malih: Baski Sadi iku sawijining wong ênom kang ora lumuh marang pagaweyan, kongkonên apa-apa liyane bae kang bisa angege unggahe ing tataran kang dhuwur, aku nêmtokake yèn mêsthi dilakoni têmên-têmên, dhèwèke wong lanang prakosa, isin manawa diêkon nyêkêl nonah lan bocah cilik, kongkonên ambêdhah nagara, ing kono uwong-uwong bisa sumurup yèn Sadi nyata pantês digancar[13] pangkat kang dhuwur: Sadi uga pantês nganggo sandhangan opisir, luwih dhisik tinimbang liya-liyane, akèh karèrèhanmu kang padha manganggo, iku ora ana kang pantês, lungaa, saiki. [sai...]

--- 1 : 110 ---

[...ki.] Sang putri sangêt dukanipun dhatêng Muhkamad Bèi, ing têmahanipun katundhungingandikakakên kesah. Saking sangêting dukanipun sang putri sadaya para parêkan ngantos sami gumêtêr.

Kangênipun sang putri Rokanah kalihan Sadi saya ngranuhi, nanging Sadi botên sagêd dhatêng ing kadhaton, amargi sêsupe wasiyat paringipun sang putri botên dipun angge, sarêng Muhkamad Bèi sampun mêdal, sang putri ngandika dhatêng Lasaro: apa kowe wis wêruh Baski Sadi.

Aturipun: Inggih sang putri, kawula sampun sumêrêp dhatêng Baski Sadi ingkang barêgas sarta pêng-pêngan punika, sang putri tansah angarsa-arsa pisowanipun Sadi, angêntosi dhatêngipun, ananging kula kaparênga munjuk ing sang putri, kintên-kintên Sadi kados botên badhe sowan salaminipun ing ngarsa dalêm.

Sang putri: Apa kowe wêruh, têka kowe bisa masthèkake, amarga saka calathumu andadèkake sumurupku, yèn kowe wêruh sakabèhe, mulane kanakna[14] kang cêtha kabèh kawêruhanamu, ananging manawa kandhamu ora bisa cêtha, kowe mêsthi dak ukum.

Lasaro: Manawi makatên langkung prayogi kawula kèndêl kemawon.

--- 1 : 111 ---

Sang putri: Kowe kudu nyaritakake apa-apa kang kosumurupi. Sang putri ngandika kalihan duka. Kowe dak êkon, yèn kowe ora carita, dak ukum.

Lasaro: Prayogi kawula mangke cariyos, ananging kawula gadhah panyuwun rumiyin, mugi para parêkan punika sadaya kadhawuhana mêdal.

Sang putri andhahar aturipun Lasaro, para nyai sadaya sami mêdal, Lasaro tumuntên matur: kauningana, Sadi punika sampun gadhah pêpacangan nonah ayu, ing pundi panggenanipun nonah punika dipun êtut kemawon dhatêng Sadi, kawula asring sumêrêp ing wanci dalu Sadi kesah ngupadosi panggenanipun nonah wau.

Sang putri: Kapriye wêruhmu yèn Sadi duwe pacangan nonah iku, bokmanawa nonah mau sadulure.

Lasaro: Baski Sadi botên gadhah sadhèrèk èstri, manawi pacangan gadhah, malah sapunika sampun dipun pêndhêt somah. Sang putri sakalangkung sêngkêl ing galih kalanipun midhangêt unjukipun Lasaro wau, wusana lajêng ngandika: Ngêndi ênggone andèlèh bedhangane iku, supiyun.

--- 1 : 112 ---

Lasaro: Sanadyan sang putri duka dhatêng kawula, kawula botên badhe matur dora. Kauningana, Baski Sadi ambêkta bedhanganipun punika dhatêng ing griyanipun, lajêng dipun semah amargi saking rêmênipun, sasagêd-sagêd Sadi sumêdya angayomi dhatêng bedhangipun wau murih lêpat saking bêbaya.

Sang putri: Bêbaya kapriye.

Lasaro: Bedhanganipun Sadi nonah Resiyah wau, anakipun èstri Al Mansur, Sadi kautus Sang Mansur Èpèndi, nyêpêng dhatêng nonah wau, sarêng kapanggih, botên kaaturakên jêbul malah lajêng kabêkta mantuk dhatêng griyanipun piyambak.

Sang putri: Apa uga karo bocah iku.

Lasaro: Inggih sang putri, ingkang kula aturakên punika sadaya têmên.

Sang putri: Kowe amêsthi wêruh omahe Sadi, kang kanggo andokokake Resiyah karo Saladin.

Lasaro: Kawula sampun tamtu kemawon bilih sumêrêp, griya wau dumunung ing Lurung Mrêjan, sabên tiyang kemawon kados tamtu sagêd anguningakakên griyanipun Sadi ing panjênêngan dalêm.

Sang putri: Kowe mêngko kang masthi tak dhawuhi anuduhake [anu...]

--- 1 : 113 ---

[...duhake] aku, aku arêp nyatakake caritamu, lan aku arêp wêruh lan ngrungokake, apa nonah iku digawa Sadi marang kamar paturon, iku aku arêp wêruh dhewe apa cocog kaya katrangamu mau.

Lasaro: Kenging ugi, sang putri. Ananging murih botên kêtawis, panjênêngan dalêm kêdah anyêlamur pangagêman, makatên ugi kawula.

Sang putri: Saiki wus surup, lungaa saka ing kamar kene saêjam bae, aja ngêntèni ana ngarêp kadhaton, raimu tutupana lan salina sandhangan, ênggonku nyatakake kabarmu iku bêngi iki.

Sasampunipun punika sang putri sangêt bingunging panggalih, lajêng animbali para nyainipun kadhawuhan masang dilah, para nyai sanèsipun kadhawuhan mêndhêt agêm-agêman, ingkang adatipun masthi kaagêm, manawi nyalamur. Namung manawi dipun manah, pancènipun para pawèstri băngsa Turki punika harak botên patos parlu mawi nyalomar-nyalamur, amargi sadaya tiyang èstri rainipun sami dipun kudhungi barukut, rasukanipun panjang anutupi badan sakojur, pamrihipun supados tiyang botên sumêrêp dhatêng angganipun, tur awakipun sagêd kesah dhatêng pundi-pundi panggenan ingkang dipun kajêngakên, para nyai ambêkta kudhung sanèsipun, kacaosakên sang

--- 1 : 114 ---

putri, lajêng dipun pasang piyambak, dèrèng nate wontên tiyang ingkang sumêrêp sang putri botên ngagêm kudhung, sarta botên wontên tiyang ingkang cariyos sampun nate sumêrêp pasuryanipun sang putri, sanadyan para nyainipun ingkang dipun kasihi, ingkang dipun lilani angagêmakên agêm-agêman sabên dintên, ugi botên kalihan saupami mandênga pasuryanipun manawi pinuju botên dipun tutupi, dene bilih pinuju dandos, ingkang lêlados saha andandosi, inggih para nyainipun kêkasih wau, namung bilih ambikak sarta anutupakên kudhunging pasuryan kemawon sang putri piyambak, wêkdal wau agêmipun rasukan agêng ijêm, ingkang amasangakên abdi èstri nama Èsmah.

Sang putri lajêng mêdal saking kadhaton, Lasaro sampun nyêgat wontên ing undhak-undhakan wiyar sapinggiring lèpèn, ngangge udhêng lorèk-lorèk anutupi rainipun, sarta kaptan, kados caranipun băngsa Turki ing jaman kina. Lasaro lajêng nyêmbah, sarêng sumêrêp sang putri langkung kèndêl kemawon, mandhap ing undhak-undhakan, lajêng dhawuh dhatêng tukang baita supados nyabrangakên, sang putri lajêng nitih baita, Lasaro inggih andhèrèk êtut wingking. Baita lajêng kalampahakên manêngah, Lasaro lajêng marentahi pambêlah, kapurih lumampah dhatêng kitha Sêkutari. Sarêng sampun dumugi, lajêng sami minggah ing dharatan, nuntên lumampah angênêr ing kampung Lurung Mrêjan, pramila

--- 1 : 115 ---

kawastanan makatên, awit sakiwa têngêning lurung wau, kathah sudagar mrêjan ingkang sami gêgriya ing ngriku. Ingkang kathah băngsa Yahudi, ing wanci punika kathah ingkang dèrèng sami tilêm, sarta tiyang-tiyang Turki kathah ingkang sami lêlinggihan omong-omongan wontên ing jawi, sinambi udut okah, ananging botên wontên tiyang ingkang anggraita bilih tiyang kêkalih ingkang nêmbe lumampah punika Sang Putri Rokanah, sarêng lampahipun anglangkungi griyanipun Sadi, Lasaro lajêng umatur aklêsik-klêsik: Ing ngriki, gusti, griyanipun Sadi punika alit ananging taksih sae. Ing sakiwa têngênipun wontên griyanipun sêpên, sang putri lajêng têdhak ing griya sêpên wau, Lasaro anyêlaki korinipun, nuntên mêndhêt sorog saking kaptanipun, kori lajêng kabikak, mênga, botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang sumêrêp pratingkahipun sang putri kalihan Lasaro. Sang putri andangu: Apa iki omahe Sadi, kapriye ênggonmu bisa olèh soroge, aturipun Lasaro ririh: Griya ingkang sasisih punika gadhahanipun Sadi, sang putri, nanging griya punika sanès gadhahanipun Sadi, griya pasewan, sagêd kula malêbêt mariki mawi ambucal waragad tanpa wicalan, saking griya ngriki ing mangke sang putri sagêd uninga punapa ingkang kakêrsakakên, botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang sumêrêp dhatêng kula sarta sang putri, mugi-mugi [mugi-mu...]

--- 1 : 116 ---

[...gi] sang putri sagêda kasêmbadan ing karsanipun. Sang putri ngandika malih: Ing ngomah iku apa ana wonge. Aturipun Lasaro: Botên wontên sang putri, griya punika sêpên, kenging kangge anindakakên punapa karsanipun sang putri.

Sang putri lajêng lumêbêt ing griya, Lasaro êtut wingking, kori lajêng kakancing saking lêbêt, Lasaro angêdalakên êting saking kanthonganing kaptanipun, lilinipun kasumêd, kangge amadhangi lampahipun sang putri, aturipun: Mugi wontên lilah dalêm, sang putri kawula tuntun. Lampahipun dugi ing satunggilipun kori, lajêng kabikak dhatêng Lasaro, sawingkingipun griya wau wontên undhak-undhakanipun minggah dhatêng lotèng, sang putri sarta Lasaro ugi minggah ing ngriku, wontên kamaripun ingkang sinungan kontên kathah.

Griya-griyanipun tiyang Turki ing Konstantinopêl, ingkang limrah wingkingipun dipun êdêgi griya malih, supados têtiyang ingkang sami langkung ing margi botên sagêd ningali, ing salêbêtipun dipun dèkèki kamar pintên-pintên kangge panggenanipun tiyang èstri, sang putri lajêng kabêkta dhatêng satunggiling griya punika ingkang sampun dipun kulinani dhatêng Lasaro, êtingipun dipun kanthongi malih, kuwatos manawi kêsumêrêpan tiyang. Kamaripun griya wau pêtêng tur suwung, dumunung sajawining kamar agêng, ing ngriku mawi jandhela alit satunggal, Lasaro

--- 1 : 117 ---

matur dhatêng sang putri: Mangke sakêdhap êngkas panjênêngan dalêm sagêd priksa Baski Sadi kalihan Resiyah, kawula nyuwun lilah kaparênga nêdahakên panjênêngan dalêm supados sagêd mriksani kamaripun Sadi.

Ing nalika punika sang putri mirêng swaraning tiyang kalih jalêr èstri pating kalêsik, anêdahakên yèn sami srêdhanipun, sang putri kagèt ing panggalih, ananging dèrèng sumêrêp wujudipun Sadi lan Resiyah, dados manawi makatên cariyosipun Lasaro Sadi gadhah bedhangan nonah, Sadi ngantos botên sagêd uwal dening kêtangsulan endahing suwarni punika botên dora, Lasaro lajêng nyêlaki tembok, amêjahi lilin sarta ambikak tangkêbing jandhela, saking ngriku swaranipun Sadi kalihan Resiyah, sanadyan taksih lamat-lamat kamirêngakên, ewadene sampun têtela awijang, dene kamar ingkang dipun ênggèni Lasaro kalihan sang putri wau, sagêd kasorotan soroting dilah gantung ingkang dumunung kamar griyanipun Sadi. Sang putri ugi nuntên cêlak kalihan tembok nginjên wontên ing bolongan alit, bolongan punika damêlanipun Lasaro, nalika Sadi botên wontên griya, amargi tunggil satembok kalihan griya satunggalipun ingkang kothong wau, saking bolongan punika sang putri Rokanah sagêd anguningani kawontênanipun patrap pratingkahipun Sadi, amargi ing kamaripun Sadi padhang, sami [sa...]

--- 1 : 118 ---

[...mi] sanalika sarêng Sang Putri Rokanah wuninga punapa ingkang kadadosan salêbêting kamar ingkang kainjên, lajêng anjêgrêg pindha kajêng agêng koncatan maruta sumendhe ing tembok koncatan kêkêtêk sarta uswanipun.

Lah punapa ingkang katingal wontên salêbêting kamar, botên wontên malih kajawi Resiyah ingkang têtilêman sarwi binantalan tanganipun Sadi, kalihan dipun arasi mawantu-wantu, pandêng-pinandêng amratandhani sami sangêting trêsnanipun, punika satunggaling gambar ingkang anênangi manahing para kênya ingkang sawêg nêdhêng-nêdhênging birai, pasrah jiwa raga ing kakung ingkang dipun trêsnani, Resiyah lajêng gumlèyèh têtilêman kêwuron dening manising pamriyêmbadanipun Sadi ingkang sagêd damêl agênging manah, Sadi andumugèkakên kajêngipun dhatêng Resiyah, cucup-cinucup acakot-cinakot lathi, botên paepêksi dara angloloh piyikipun, pêpungkasan kamirêng suwantên sengoking panguswa ingkang kalangkung andêmênakakên.

Sang putri botên sagêd tahan dangu anguningani gambar sagêd wicantên punika, amargi sayêktosipun sang putri piyambak sakamantyan kasmaran dhatêng Sadi, mila sakala wau kados anjêrit-jêrita, sanadyan badan sampun gumêtêr pasuryan pucêt, ewadene taksih sagêd mudhun saking dipun takat-takatakên, Lasaro kadhawuhan anyoloki saha nêdahakên [nê...]

--- 1 : 119 ---

[...dahakên] marginipun.

Lasaro sumêrêp dhatêng pêpungkasan pangintenipun sang putri, ananging kèndêl kemawon, amargi ingkang kacipta namung angèstokakên dhatêng dhawuhipun sang putri. Sang putri sampun botên èngêt punapa-punapa malih kajawi angèngêti dhatêng Sadi, nanging sang putri sirik bilih sêdyaalumêbêt ing griyanipun Sadi. Têmahan dhawahing bêndu dhatêng Resiyah, sang putri ngantos pratignya salêbêting panggalih, sasagêd-sagêd sumêdya angangkah pêjahipun Resiyah dununging katrêsnanipun Sadi.

Sanalika wau sang putri lajêng kondur dhatêng kadhaton, sadalu muput botên sagêd sare sakeca, margi salêbêting panggalih tansah kèngêtan wêwarnèn ingkang adamêl lam-laming paningal wau.

__________

Bab ingkang Kaping Kalih Wêlas.

Tiyang Èstri ingkang Mangrêtos Dhatêng Impèn.

Manawi tiyang lumampah ing kitha Sêtambul anglangkungi karêtêg agêng badhe anyabrang lèpèn, Tandhuk Êmas, tamtu mawi anglangkungi kampung Galatah, sarta Perah rumiyin, ing ngriku panggenanipun băngsa ngamănca, konsul-konsul saha băngsa Kristên, mila tiyang wicantênan ing ngriku punika têmbungipun amănca warni, wicantênipun sami ngangge têmbungipun [tê...]

--- 1 : 120 ---

[...mbungipun] piyambak-piyambak, adat caranipun sampun kados băngsa Eropah, ngantos kathah pakampungan-pakampungan ingkang dipun namakakên ngangge têmbung Prang, griya-griya panyadean têtêdhan kados ing kitha-kitha agêng tanah Eropah. Ananging sajawining pakampungan wau, kados ing kampung Galatah sasaminipun, kajawi panggenaning para juragan tuwin para pangagêng, tiyang gêgriya namung kados gubug kemawon.

Ing salêbêtipun kitha Galatah namung wontên masjidipun satunggal, ananging kitha sanès-sanèsipun masjidipun ngantos mèh satus, amargi saking punika mratandhani yèn Galatah kathah tiyangipun băngsa Yahudi, tiyang Grig sarta sanès-sanèsipun ingkang sami dêdagangan. Sabên dintên ing krêtêg Galatah kathah tiyang lumampah, ngantos mèh sêsak, kados kitha-kitha ingkang sakalangkung agêng ing tanah Eropah. Krêtêk punika dumunung wontên saantawisipun kampung Kristên ing Galatah saha kitha Sêtambul. Têtiyang sagêd aningali endahing kitha wau saking ing ngriku kemawon, inggih punika têngênipun kêtingal kukbah-kukbahing masjid, saèmpêr rêdi anakan jèjèr-jèjèr, mangiwa kêtingal margi agêng ing kitha Perah. Amargi saking kathahipun băngsa Prang ingkang dêdunung ing ngriku, kawastanan kampung Prangkênwik. Ing lèpèn wau kathah baita kapal alêlayaran saha alabuh, [ala...]

--- 1 : 121 ---

[...buh,] kesah dhatêng tanpa kêndhat, makatên ugi baita tambangan botên kêkirangan, têrus mêngajêng kêtingal sagantên Marmorah sarta pulo-pulo putri, dumunung sakiwa têngênipun lèpèn Bosurês. Saking karêtêk wau dipun dèkèki margi kangge minggah saha mandhapipun tiyang ingkang sami badhe numpak baita kapal alit, ingkang badhe lêlayaran angubêngi sagantên-sagantên wau. Wiwit enjing ngantos sadintên muput tanpa kêndhat dhatêngipun sadhengah băngsa ingkang sami badhe amajêngakên daganganipun.

Wontên ing ngriku tiyang-tiyang sumêrêp Pakhah nitih kareta, sangajêngipun kareta gulang-gulang, (drahgondêr), sami kêkapalan gangsal iji, anisihakên tiyang lumampah. Kajawi punika kathah garobag-garobag momot arêng kajêng lampahipun urut-urutan kados kareta latu, tiyang-tiyang èstri băngsa Grik, Armèni, tuwin èstri Turki ingkang lumampah mêdal ing ngriku, sami mangangge warni-warni, dipun iringakên rencangipun èstri. Tiyang-tiyang ingkang sami numpak kapal, lumampah dharat, băngsa kulit pêthak, cêmêng, pêthak jêne, abrit sêmu pêthak, sarta băngsa kulit cêmêng, tiyang surbanan, songkokan saha sanès-sanèsipun, sadaya punika lumampah carub dados satunggal. Wontên malih katingal payung-payungipun nyonyah Eropah, lumampah sacêlakipun joli, tumpakanipun nyonyah-nyonyah [nyo...]

--- 1 : 122 ---

[...nyah-nyonyah] Turki băngsaruhur, mawi kudhungan barukut, para prajurit, pangagênging paprentahan dalah saandhahanipun, ugi botên beda uyêl-uyêlan wontên ing ngriku, samantên ramenipun ngantos botên kantênan, punapa malih wicantênipun, wontên ingkang ngangge têmbung Turki, Itali, Prang, Sêpanyol, Inggris, tuwin sanès-sanèsipun, barang-barang utawi têtêdhan punapa kemawon ingkang badhe katumbas wontên.

Ing kampung Galatah punika ingkang cêlak lèpèn dipun ênggèni sakathahing têtukangan, kados ta: tukang sulap, tukang kaelokan, tukang main sawêr, nonah-nonah sarta pawèstri talèdhèk, warni-warni băngsa ingkang awon saha ingkang sae. Ananging băngsa Eropah botên rêmên manggèn ing ngriku, amargi hawanipun botên sae, botên beda kalihan hawaning pêkên.

Anuju ing satunggaling dintên wanci dalu, dumadakan wontên swara gumêrah, wontên ing margi pêtêng ing kitha Galatah, amargi tukang anjagi mênara ing Nèpiyah, inggih punika ing bètèng lami, damêlan kala jaman kina, sumêrêp griya kabêsmèn ing kitha Sêkutari, lajêng anabuh bêdhug, têngara suka sumêrêp dhatêng para tiyang ing kitha ngriku, lajêng dipun sambungi têngaranipun tiyang jagi panggenanipun mantri pêrang, ing pasisiripun lèpèn Tandhuk Êmas, inggih punika mênara Sêraskir,

--- 1 : 123 ---

lajêng ungêling mariyêm kaping pitu. Tukang jagi-jagi wau sami abêngok-bêngok, yaunpar, yaunpar (ana omah kobong).

Ing nalika punika margi agêng sêsak tiyang, sarta anggènipun bêngok-bêngok sangsaya sora, para prajurit sami tandang wontên ingkang ambêkta wadung, pirantos pumpa saha sanès-sanèsipun, makatên ugi tulam baski (punggawa pumpa) inggih dhatêng, latu wau mulad-mulad agêng sangêt, ananging sakêdhap kemawon sampun sirêp, amargi balunganing griya, kajêng ingkang sampun lami-lami kala ing jaman kina.

Botên watawis dangu tiyang ingkang ulêng-ulêngan ing margi wau saya suda, dangu-dangu saya têlas, saha latu sampun sirêp babar pisan nuntên kêmirêngan swaraning lare èstri ambêngok nêdha tulung, sakêdhap kemawon kathah tiyang ingkang dhatêng murugi lajêng kêpung kados pagêr, ngantos ingkang sampun wontên ing têngah botên sagêd mêdal, makatên ugi kosok wangsulipun, ananging amargi saking sabab ingkang botên kêsumurupan, tiyang-tiyang wau sami kesah asalang-tunjang, pados gêsang piyambak-piyambak. Sarêng têtiyang wau sampun gusis, ing ngriku katingalan wontên tiyang jalêr satunggal ngangge rasukan baludru abrit, topi sêtambul, amandhi peso lirap-lirap, angancam badhe nyuduk sintên ingkang nyêlaki piyambakipun. Têtiyang sadaya botên mangrêtos, dene wontên rare èstri [è...]

--- 1 : 124 ---

[...stri] jêrit-jêrit, namung sawêg saking pandugi-duginipun tiyang kathah, rare èstri punika dipun sudug dening tiyang wau, rare jêrit-jêrit wontên pêtêngan kalihan anggulêt sukunipun tiyang jalêr wau. Botên dangu kathah tiyang sami dhatêng malih aningali tiyang kêkalih wau, dene tiyang jalêr ingkang angobat-abitakên pesonipun punika Lasaro, dene rare èstri punika Seirah, setan cêmêng, anakipun Mak Kadhisah, sukunipun Lasaro dipun gondhèli kemawon botên dipun êcul-culakên, kalihan jêrit-jêrit:Uwong iki cêkêlên, iki kang angobong omah ing kana mau, saiki arêp matèni aku.

Tiyang Grik wau lajêng mênthungi Seirah ngantos adus êrah, anggaloso ing siti, botên sagêd tangi, sarêng tiyang wau badhe dipun cêpêng ing kathah, lajêng wicantên: Sapa sing wani nyêkêl aku, amasthi dak patèni sarana peso iki, aku iki panjaga kamare Sang Putri Rokanah. Awit saking mirêng sêsumbaripun Lasaro makatên punika, sakathahing tiyang sami ajrih sarta mundur palarasan, amargi sumêrêp dhatêng agênging panguwasanipun ingkang kagungan abdi, inggih punika putri Rokanah.

Watawis dangu lajêng wontên kareta rakitanipun sae sangêt, isi tiyang èstri kêkalih, Lasaro sampun sumêrêp dhatêng ingkang wontên kreta punika lajêng mundur, rare [ra...]

--- 1 : 125 ---

[...re] dipun tilar taksih gumlethak wontên ing siti. Ingkang wontên salêbêting kareta mêdal, inggih punika kangjêng ratu agêng sarta abdinipun èstri, andangu kawontênanipun ing ngriku wau, sarêng wontên ingkang munjuk manawi punika anakipun èstri Mak Kadhisah, kangjêng ratu agêng dhawuh dhumatêng abdinipun ingkang lumampah sawingkinging kareta nama Salim, andikakakên bêkta mantuk dhatêng griyanipun Mak Kadhisah, Salim lajêng angèstokakên dhawuhipun kangjêng ratu agêng, saha karetanipun lajêng dipun lampahakên, botên antawis têbih rajaputri mirêng swaranipun tiyang èstri sêpuh napsu, makatên ungêlipun: Ngêndi panggonane si ula bêdhudhak kang mandi iki, ana ing ngêndi panggonane manungsa kang tanpa guna iku, setan irêng ora gênah, yèn katêmu bocah iku mêsthi dak patèni. Mak Kadhisah sangêt napsu sarta lumampah madosi anakipun, botên sumêrêp sintên ingkang dhatêng ing panggenanipun, sarêng katiling-tilingakên têtela yèn kangjêng ratu agêng, sarta lajêng andangu: Kowe iki apa Mak Kadhisah dhukun juru nujum ing Galatah. Dhukun lajêng andheprok saha nêmbah. Rajaputri ngandika malih: Aku arêp têka marang omahmu, ayo atêrna.

Dhukun: Badhe manggih kabêgjan punapa kawula punika, dene têka panjênêngan dalêm karsa rawuh ing gubuk kawula.

--- 1 : 126 ---

Rajaputri: Manawa kowe gêlêm, rak iya bisa manggon ing omah kang bêcik, aku wêruh kowe mêsthi bisa. Kadhisah kowe apa duwe anak.

Dhukun: Inggih, sang rajaputri, kawula gadhah anak èstri, anak kawula anak setan, manahipun awon, angeman sarta trêsna dhatêng liyan, ananging botên trêsna dhatêng kawula.

Sasampunipun punika Salim ingkang ambêkta lare wau dipun timbali, sarwi ngandika: Dêlêngên, apa iku anakmu.

Dhukun: Inggih punika Seirah anak kawula, pêjah adus rah, punika tilasipun dipun suduk peso, punika malih bênjut tilas dipun sotho, sarta punika tilas dipun dugang mawi cripu.

Rajaputri: Jupukên anakmu, olèhku anjupuk ana ing dalan, apa kowe wus wêruh yèn bocahmu wus mati.

Dhukun: Sampun pêjah gusti, sampun pêjah. Alkamdulillahi sukur.

Rajaputri: Pasêmonmu kaya bungah anakmu mati iku.

Dhukun: Piyambakipun punika titahing Allah ingkang cilaka, gusti, gêsang ing dalêm donya botên [bo...]

--- 1 : 127 ---

[...tên] wontên pigunanipun, rupinipun saking jawi awon, saking nglêbêt ugi awon, sapunika pêjah, Allahu Akbar.

Rajaputri: Aku arêp caturan prakara parlu sadhela karo kowe, ayo aku êtêrna marang omahmu.

Sang rajaputri lajêng kadhèrèkakên dhatêng griyanipun, para nyainipun saha Salim kantun wontên ing jawi, Seirah kaglethakakên wontên sawingkingipun kori, amargi dipun kintên sampun pêjah, ananging sajatosipun dèrèng, sawêg kalêngêr kemawon, sang rajaputri lajêng ngandika.

Ngandikanipun: Kowe sumurup marang karêpku arêp nyêkêl Rajaputra Saladin, putuku, amarga miturut undhang-undhang raja ora kêna duwe anak lanang. Durung lawas anggonmu matur marang aku, mratelakake panggonane, ananging saiki ing kana wus ora ana.

Dhukun: Sang putri, rawuh dalêm sampun kasèp.

Sang putri: Rajaputra iku wus andhêlik ngalih panggonan.

Dhukun: Ing ngrika inggih sampun botên wontên, sanès dintên kawula èsthi sangêt sagêda ngunjuki uninga ing sang rajaputri, mangke badhe kawula padosi ngantos kêpanggih, kawula sumêrêp [sumêrê...]

--- 1 : 128 ---

[...p] yèn rajaputra sadaya botên kenging gêsang, putra Saladin ugi kêdah makatên, ananging panjênêngan dalêm kagungan mêngsah ingkang sakalangkung santosa, ingkang tansah rumêksa murih sang rajaputra botên seda.

Sang putri: Mungsuh santosa sarta gêdhe, iku sapa, coba kandhakna.

Dhukun: Topèng Êmas, gusti, pakêmpalanipun santosa sangêt, kawula sadaya sampun wêgah nyirnakakên, amargi manawi dipun pêjahi satunggal, thukul malih satunggal minăngka gêgêntosipun. Kala rumiyin kintên-kintên sampun sadasa taun punika, nalika ing kitha Kairo kadhatêngan sêsakit kadhêmên cêmêng, atusan manungsa ingkang pinanggih pêjah wontên ing margi-margi, nalika punika Topèng Êmas sampun dhatêng ing ngriku sadèrèngipun wontên sêsakit wau, kawula saha Seirah wilujêng, ugi sami sumêrêp, kawula lan Seirah lajêng sami oncat dhatêng Sêtambul.

Kajawi punika sampun pitung taun dumugi sapriki, ing kitha Perah wontên bêbaya kabêsmèn agêng sangêt, ewon griya ingkang dados awu, Topèng Êmas ugi kêtingal, wontên sangajêngipun griya-griya ingkang

--- 1 : 129 ---

kabêsmèn wau, lumampah wontên radinan agêng urut griya-griya wau.

Sang putri: Apa saiki godha iku isih katon ana kene.

Dhukun: Inggih taksih sang putri, piyambakipun botên kenging tatu dumugi pêjah. Sampun langkung saking kalih dasa taun, nalika dèrèng wontên pêpêrangan, Topèng Êmas angatingal wontên ing Sêtambul. Nalika Syèh Ul Islam rumiyin ingkang nama: ArmidÈpèndi, sampun dhawuh amêjahi, kêlampahan sampun pêjah sadaya, ananging namung saking pangintênipun têtiyang kathah kemawon, sayêktosipun sami reka-reka, amargi sasampunipun dipun kubur, sami wangsul gêsang malih. Topèng Êmas punika botên pêjah, gêsang kemawon salaminipun, sarêng Sang ArmidÈpèndi mirêng kabar makatên wau, kuburanipun lajêng kapurih andhudhuki badhe kapariksa, ananging mayit-mayit wau sampun ical sadaya.

Kangjêng ratu agêng sarèhning pitados yèn ingkang makatên wau pakartining setan, sarta ajrih amirêngakên lêlampahan tiyang pêjah sagêd gêsang malih, amila sami sanalika kangjêng ratu ibu lajêng enggal kondur angadhaton.

--- 1 : 130 ---

Bab ingkang Kaping Tiga Wêlas.

Prajurit Têtiga Panjaginipun Kangjêng Sultan.

Kacariyos ing griya pajagèning prajurit ing kadhaton, wontên prajurit têtiga sami mitra sae sarta taksih neneman sadaya, satunggal nama: Sorah Bèi apilênggah opisir, anakipun satunggaling tiyang ingkang pangkat agêng lan sugih ing nagari Sêmirnah, Sorah Bèi ajenggot barintik bagus lan rambutipun cêmêng. Sacêlakipun malih nama Hasan, apangkat baski, kalairanipun ing Sirkasir, ananging agêngipun wontên ing kitha Sêtambul, amargi piyambakipun wêdalan saking pamulangan pêpêrangan ing Topanah. Langkung ênèm tinimbang Sorah Bèi, umuripun kintên-kintên 23-24 taun, ngingah jenggot saha brêngos anylakunthêr, irungipun ragi nyanthuk kados cucuking pêksi nori, tiyang tiga punika ingkang bagus piyambak Baski Sadi, ananging sêmunipun susah botên bingar kados kala wingi-winginipun. Hasanpitakèn dhumatêng Sadi. Hèh Sadi mitraku kang tak trêsnani, apa bab kobonging omahmu iku kang andadèkake bangêting kasusahanmu. Wangsulanipun: Kobonging omahku iku kaya dimaha dèning uwong kang murih patiku sabrayat, tandhane ora ana panunggalane manèh kajaba omahku dhewe. [dhe...]

--- 1 : 131 ---

[...we.] Sorah Bèi badhe nguruni waragad kangge andandosi griyanipun Sadi wau, ananging Sadi botên purun tampi, wicantênipun: Bangêt sukuring ati sadulurku arêp têtulung, ananging wus ora susah, amarga aku wus kulina bisa urip sênêng kalawan waragad cilik, mungguh susahing pikirku iki ora amarga saka kobonging omah pusakaku saka si bapa iku, saka sabab liyane, kang mêngko bakal dak caritakake ing kowe sakaloron, amarga kowe wis padha manjing sudara wèdi karo aku, dadi aku ora was sumêlang angandhakake wêwadi tumraping kowe, sumurupa, durung lawas aku andhêlikake anake wadon Al Mansur aran Resiyah ana ing omahku, bocah iku dadi bêburone panggêdhening kadri, ing măngka aku wêruh dhewe yèn bocah mau ora duwe kaluputan utawa dosa barang-barang.

Sorah Bèi: Apa kogolèki tita ora katêmu.

Wangsulanipun Sadi: Wus dak golèki marang panggonan sakiwa têngêne ora kêtêmu, ing panggonan awuning omah uga ora ana tilase, Rajaputra Saladin uga ana ing omahku, dadi momongane Resiyah iya ilang.

Hasan wicantên kalihan napsu: Aku gêlêm dikêthok guluku, yèn iku dudu panggawene kadri-kadri ing

--- 1 : 132 ---

masjid pratapan.

Sorah Bèi: He, aja sêru-sêru, yèn kêrungu ing liyan, dadi bojomu sarta Pangeran Saladin ilang ora karuan.

Sadi: Iya, loro pisan.

Hasan: Iku dudu panggawene wong liyane kajaba parentahing para kadri.

Rajaputra Saladin punika putranipun kakung Pangeran Murad, sangêt dipun trêsnani dhumatêng ingkang rama, Pangeran Murad punika kalêrês putra kaponakan kalihan Kangjêng Sultan Abdul Asis, sarta ingkang ginadhang-gadhang badhe gumantos kaprabon bilih sultan punika surud, pramila sintên-sintêna ingkang angopèni Rajaputra Saladin, ing têmbe saèstu badhe angsal pangalêmbana saking Pangeran Murad ingkang ing mangke sawêg ngupadosi ingkang putra dèrèng sagêd kapanggih inggih awit saking sabab ingkang kados makatên punika anjalari putra Saladin tansah dados rêrêbatan saha bêbujêngan.

Amangsuli cariyosipun Sadi, Sorah Bèi sarta Hasan, ing wêkdal samantên lajêng sami sumpah-sinumpah, badhe tulung-tinulung ngantos dumugi ing pêjah, sarta sami kapengin pindhah dados prajurit sanèsipun, botên rêmên dados karèrèhanipun para kadri. Hasan wicantên malih: Dak kira uwong anggone maha angobong omahmu iku supaya [supa...]

--- 1 : 133 ---

[...ya] bisa gampang panjupuke rajaputra lan bojomu.

Sadi lajêng wicantên: Kowe wêruh dhewe, yèn ing bêngi iku aku ora jaga, dadi wong kang ngobong mau nyêngaja gawe patine Resiyah, Saladin lan patiku, ananging ing wêktu iku aku pinuju ora ana ing omah, barêng aku krungu unining loncèng tăndha ana bêbaya gêni, aku banjur rêrikatan lumaku mulih, durung wêruh yèn omahku kang kobong, barêng wis cêdhak aku lagi sumurup kalawan kagèt, Resiyah lan Saladin tak golèki wus ora ana. Nêdhêngipun sawêg sami angrêmbag badhe madosi ingkang ical, sanadyan ngantosa dumugi ing pêjah sumêdya dipun andhêmi, Sorah Bèi lajêng wicantên: Mênênga, ana wong têka. Kori pajagèn lajêng kabikak, jêdhul abdi dalêm pangrêksa kamaripun kangjêng sultan dhatêng, mitra têtiga wau sami angurmati, kados tatacaranipun para prajurit, pangrêksa kamar wicantên dhatêng Sorah Bèi: Muhkamad Bèi punapa wontên, bilih wontên dipun timbali kangjêng sultan, amargi badhe kondar[15] dhatêng ing Bèhlèrbèh. Wangsulanipun: Botên wontên, ananging manawi sampeyan kêparêng kula kèngkènan madosi. Utusan wicantên malih: Punika kêdangon, sintên ingkang dados wêwakilipun pangagênging prajurit jagi ing dalu punika. Wangsulanipun: Kula Sorah Bèi. Utusan wicantên: Sumăngga sampeyan tumut kula,

--- 1 : 134 ---

sang nata badhe utusan parlu, ananging parlu punapa kula botên sumêrêp, kula ajrih wangsul manawi botên sarêng kalihan pangagênging prajurit ingkang dipun timbali.

Sorah Bèi lajêng tumut lampahipun utusan punika, sowan dhatêng kamaripun kangjêng ratu agêng, kangjêng sultan ugi pinuju lênggah ing ngriku, ngandikan kalihan ingkang ibu, amargi kangjêng ratu agêng punika sabên pêpanggihan kalihan ingkang putra kangjêng sultan, kathah sangêt paringipun warsita ingkang parlu-parlu tumraping praja, sadaya ingkang dipun pangandikakakên, botên kawon migunani tinimbang kalihan unjukipun para nayaka. Ing wêkdal wau kangjêng sultan angagêm agêm-agêman cêmêng cara Eropah, ananging agêmipun topi sêtambul, jajanipun rinêngga ing bintang satunggal, sacêlakipun wontên mejanipun panggenan sêrat-sêrat, sarêng sampun sami lumêbêt kamar, utusan lajêng mêdal malih, Sorah Bèi dipun tilar kantun ngadhêp sang nata, sadèrèngipun Sorah Bèi sowan, sang nata pasêmonipun kados ragi sêngkêl ing galih, ananging sarêng Sorah Bèi sowan, sêmunipun santun kados rêna, lajêng ngandika dhatêng Sorah Bèi: Ing kene aku uga wis duwe ajudan loro, ananging ingatase prakara kang lagi dak panggalih iki, luwih bêcik aku utusan panggêdhening prajurit liyane.

--- 1 : 135 ---

Aturipun: Dhawuh dalêm badhe kawula èstokakên.

Sang nata: Iku aku ora kuwatir, ananging dhawuhku iki pagaweyan kang luwih abot, kowe dhewe mêsthi ora bisa nglakoni, măngka kudu banjur dilakoni, lan aja nganti ana wong kang wêru.[16]

Sorah Bèi: Sarèhning abdi dalêm kawula panjênêngan dalêm pitados, dados badhe ngèstokakên kalihan pangatos-atos, minăngkaa tăndha kasêtyan kawula. Tiyang sêpuh kawula inggih dados pitadosipun sang nata, dèrèng nate kalêpatan.

Sang nata: Kowe anake sapa.

Sorah Bèi: Abdi dalêm kawula anakipun Esad Agah, ajidan dalêm sri paduka kangjêng sultan.

Sang nata: O, kowe anake Esad Agah, yèn mêngkono bapakmu iku aku wis kulina wiwit cilik, bangêt marêming atiku krungu aturmu, apa bapakmu isih urip.

Sorah Bèi: Nuwun inggih gusti, saking barkah saha pangèstu dalêm, abdi dalêm pun bapa sapunika dados gupêrnur ing nagari Sêmirnah.

Sang nata: Uwis-uwis samene bae wus nyukupi, balik saiki aku arêp utusan [utusa...]

--- 1 : 136 ---

[...n] kowe kang kudu enggal kolakoni. Ana sawijining uwong munjuk ing panjênêngaku, yèn ana salah sawijining warangkaku saabipraya karo pangeran kaponakanku sabên bêngi kirim-kinirim layang kang surasane ora prayoga tumrap ing panjênêngaku, kang iku andadèkake kuwatir, mulane aku arêp wêruh surasane layang kang padha ditulis iku, kowe ora pêrlu sumurup jênênge warăngka iku, bêngi iki warangkaku mau iya arêp kirim layang marang pulunaku kang dêdunung ing Perahpiyah, sing dikongkon ajidane jênêng Alil Bèi, iku cêgatên lakune banjur cêkêlên, ladèkna marene, lan layange rampasên, wis banjur mangkata, aja rame-rame.

Sorah Bèi: Sarèhning marginipun tiga, punapa botên kêdah dipun jagi tiyang tiga, kawula gadhah kănca kêkalih ingkang tunggil manah kalihan kawula, manawi panjênêngan dalêm anggalih prayogi, kănca kawula kêkalih wau badhe kawula kanthi anglampahi ayahan dalêm punika.

Sang nata: Sapa kancamu iku.

Sorah Bèi: Baski Hasan sarta Baski Sadi, gusti.

Sang nata: Apa Sadi iku kang andhèrèkake kondurku saka masjid marang Bèhlèrbèg biyèn.

--- 1 : 137 ---

Sorah Bèi: Nuwun inggih sang prabu.

Sang nata: Iya prayoga êjakên, ananging dhèwèke aja nganti wani-wani ambukak wadi iki, manawa ora ngèstokake dak patèni, utawa yèn kowe bisa ngrampas layang iku, mêsthi banjur munggah kalungguhanmu, saiki mangkata.

Sorah Bèi nêmbah sujud lajêng mêdal saking kamar, ananging dipun timbali malih, sarta dipun pangandikani: Aku kondur angadhaton marang Bèhlèrbèg, kang iku apa kang bakal tinêmu aturna marana, lan wonge kang anggawa layang pisan. Sorah Bèi nuntên mêdal manggihi kancanipun, wicantênipun: Aku tămpa dhawuh tumraping wong têlu iki, padha ingandikakake nyêgat lakune Alil Bèi nganti kêcêkêl, Hasan pitakèn, Alil, ajidane Mustapa Pakah geneya. Sorah Bèi anjunjung pundhak sarwi mangsuli: Iku aku ora wêruh, sing tak wêruhi aku sakănca mung kudu nyêkêl dhèwèke, bokmanawa bae dhèwèke anggawa layang, kudu dirampas banjur katur ing sang nata. Sadi pitakèn: Ing ngêndi ênggonku padha nyêgat. Wangsulanipun Sorah Bèi: Ing Tèrèpiyah, dalême para pangeran, kang iku saka pamrayogaku, Hasan anyêgata ana ing dalan Skutari, Sadi nyêgat ana ing sabrangan kali, dene aku nyêgat ana sapinggirining kali Dolmabag. [Do...]

--- 1 : 138 ---

[...lmabag.] Wangsulanipun Hasan: Bêcik, dhèwèke wus ora bisa marucut. Sadi mangsuli: Aku wani totohan, Alil mêsthi ora nunggang prau, ananging aku uga mêsthi nyêgat ing kali. Wis padha andum salamêt bae, ananging kapriye ana ing ngêndi anggonku padha bisa kêtêmu manèh yèn salah siji bisa nyêkêl Alil, lan kapriye tandhane. Sorah Bèi wicantên: Sapa kang bisa nyêkêl Alil salayange, awèhatêngara unining pistul ping têlu, dadi kănca kang loro bisa sumurup sarta banjur marani têtêmonan ana ing pinggir kali Bèhlèrbèg, rampasan iku banjur diaturake ing sang nata.

Tiyang tiga wau lajêng sami pangkat, ingkang kalih numpak kapal, Sadi numpak baita. Ciptanipun Sadi: Aku têka kêpengin wêruh surasane layang iku.

__________

Bab ingkang Kaping Kawan Wêlas.

Malaekat sarta Eblis.

Ing wanci dalu nalika griyanipun Sadi kabêsmèn, Lasaro wangsul sowan ing Sang Putri Rokanah, panganggenipun pating sarêmpal, pating dalèwèr badanipun gupak êrah, ananging Lasaro botên anggraita [anggra...]

--- 1 : 139 ---

[...ita] bilih tatunipun wau ing mangke badhe kacakrabawa manawi mêntas kêrêngan.

Nalika piyambakipun sawêg dumugi undhak-undhakaning kadhaton, wontên abdi èstri nama Èsmah dhatêng, suka sumêrêp bilih sang putri tansah andangu ing awakipun, ngantos sang putri katingal botên sabar angêntosi.

Lasaro lajêng êtut wingking abdi èstri wau sowan sang putri dhatêng kamar, Èsmah lajêng mêdal malih, tiyang Grik kantun piyambak, sang putri sawêg ngunjuk anggur sampanyêwinadhahan ing gêlas êmas tulèn.

Sang putri andangu dhatêng Lasaro: aku krungu ing kampung lurung Mrêjan ana omah kobong, aku kuwatir marang nyawane si Sadi, amarga kang kobong iku omahe.

Aturipun Lasaro: Inggih lêrês sang putri, griyanipun Sadi ingkang kabêsmèn.

Sang putri: Apa ing wayah iku Sadi ana ngomah, gage kandhakna.

Lasaro: Botên, manawi piyambakipun wontên ing griya, griyanipun têmtu botên kabêsmèn.

Sang putri: Dak arani Sadi ana ing ngomah, apa kowe wis wêruh kowe yèn dicêkêl uwong, amarga ênggonmu ngobong omah, dikapakake.

--- 1 : 140 ---

Aturipun Lasaro ririh: Manawi kawula dipun cêpêng, Resiyah kalihan Pangeran Saladin botên sagêd kêcêpêng.

Sang putri: Aku takon, kapriye bakal kadadeyanamu.

Lasaro: Nuwun inggih sang putri, manawi kawula dipun cêpêng amasthi lajêng dipun bêsmi.

Sang putri lajêng ngêndika abêbisik, kowe kudu sukuring Allah, dene Sadi ora mati kobong, manawa nganti kadadeyan mangkono, ing bêngi iki uga kowe mêsthi banjur dak dhawuhi ambuntêl karung lan banjur tak dhawuhi buwang marang sagara.

Lasaro: Ananging sang putri, ananging punapa kawula punika botên angèstokakên dhawuhipun sang putri, inggih punika kêdah nyêpêng Resiyah kalihan Saladin.

Sang putri: Kêna apa kowe têka takon, pancèn aku kang dhawuh.

Lasaro: Badhe nyêpêg Resiyah kalihan Saladin, kawula kêdah pados akal, pramila griyanipun Sadi lajêng kawula bêsmi, kawula sumêrêp manawi piyambakipun botên wontên ing griya, ing salêbêtipun rame-ramenipun sami amêjahi latu, kula pados akal ambêkta kesah lare kalih

--- 1 : 141 ---

punika, cobi, manawi kawula kêcêpêng, amasthi pêjah, makatên punika sadaya saking parentahipun sintên, kawula anglampahi makatên êtoh nyawa, namung badhe angèstokakên dhawuhing sang putri kemawon, kadospundi têka panjênêngan dalêm badhe andukani. Dene sapunika Sadi kapitunan griyanipun ical, sang putri prayogi dhawuh, andikakakên yasa griya enggal malih.

Sang putri: Dadi Sadi ing nalika iku ora ana ngomah, tutugna aturmu.

Lasaro: Sarêng sampun pêtêng griya wau lajêng kula bêsmi, kawula lumêbêt ing griya sumêrêp Resiyah wontên ing wingking, rainipun pucêt kados marmêr, sang putri midhangêt aturipun Lasaro makatên punika sangsaya sujana ing galih, wêwah-wêwah Lasaro matur makatên: Resiyah sadangunipun dipun pêndhêt dening Sadi warninipun saya mindhak ayu pindha pudhak sinurat. Kocapa bab kabêsmèn malih, griya-griya sami katutupan kêluk, kathah tiyang ingkang sami tandang anyirêpakên ubaling latu, wêkdal punika Resiyah sawêg mangku Pangeran Saladin, lajêng kawula gêlandhang kawula tumpakakên kareta ingkang sampun kawula sudhiyakakên, kawula bêkta dhatêng pinggir [ping...]

--- 1 : 142 ---

[...gir] lèpèn, kawula pasrahakên dhatêng Mak Kadhisah.

Sang putri: Apa ora ana wong kang wêruh.

Lasaro: Upami wontên ingkang sumêrêp akal kawula, lare kêkalih punika kawula cariyosakên sakit ewah badhe kawula jampèkakên.

Sang putri: Apa nalika kowe lagi ngobong uga ora ana kang wêruh.

Lasaro: Inggih wontên gusti, ingkang sumêrêp Sèirah, sapunika sampun kawula pêjahi.

Sang putri: Sèirah iku sapa.

Lasaro: Anakipun Mak Kadhisah, dhukun ambadhe impèn.

Sang putri: Saiki ana ngêndi bocahe.

Lasaro: Sampun pêjah sang putri, piyambakipun anututi kawula wontên Galatah, badhe nyêpêng sarta badhe mratelakakên kalêpatan kawula, nyakar-nyakar sarta nyuwèki sandhangan kawula, lajêng kawula kipatakên kawula jêjêgi ngantos pêjah gumalinting ing margi.

Sang putri: Naliyane[17] kuwi apa ora ana manèh kang wêruh.

Lasaro: Botên wontên gusti, namung kawula. Resiyah sarta Saladin sampun kawula tutup wontên kamaripun Mak Kadhisah, punika kuncinipun [kuncini...]

--- 1 : 143 ---

[...pun] kawula bêkta, tiyang kalih punika ing mangke sampun dados panguwaosipun sang putri,punapa ingkang dados kaparêng dalêm sagêd kalampahan.

Sang putri: Kowe saiki wus anuduhake kêkêndêlan sarta kanggoning pagaweyanmu, amarga saka iku kowe dak paringi opahan 10.000 piyastêr (1200 rupiyah) anjaluka marang tukang wang.

Sang putri lajêng dhawuh dhatêng Lasaro, tiyang kalih wau supados tumuntêna kaladosakên dhatêng griya pratapan, panggenanipun Mansur Èpèndi, Lasaro lajêng pangkat kuncinipun kabêkta, dhatêng panggenanipun Mak Kadhisah, sang putri angunandika: Dhuh saiki Si Sadi sida dadi duwèkku.

Amangsuli cariyos Sèirah ingkang sampun dipun kintên pêjah gumalinting ing sawingkingipun kori, badanipun sakojur tatu sadaya, sayêktosipun dèrèng pêjah, taksih sagêd tangi rambatan kados wrangutan, sarta mirêng swaraning tiyang nangis wontên salêbêting kamar, piyambakipun sampun anitèni manawi punika swaranipun Resiyah ingkang kaanggêp lurahipun, ciptanipun: Iki mêsthi saka panggawene wong Grik, anutup Resiyah ana sajroning kamar iki.

Mak Kadhisah botên amraduli dhatêng Sèirah, kajêngipun benjing enjing utawi êmbèn badhe dipun kubur.

--- 1 : 144 ---

Sarêng kangjêng ratu ibu sampun kondur, Mak Kadhisah lajêng nyêrèt dhatêng ing bambon sacêlakipun ngriku, antukipun ambêkta minuman kêras sabotol, dipun ombe ngantos mêndêm, botên kèngêtan punapa-punapa. Sarêng Sèirah sumêrêp manawi êmbokipun mêndêm, lajêng ambrangkang badhe ambikak korining kamar ingkang kangge nutup Resiyah saha rajaputra wau, wicantênipun saking jawi: Aja wêdi Resiyah aku mêngko kang nulungi kowe. Resiyah pitakèn: Apa kowe iku Sèirah, kang ana jaba. Wangsulanipun: Iya. Resiyah lajêng sêmbahyang sukuring Allah Tangala.

Sèirah sawêg badhe ambikak kori wau, mirêng wontên tiyang thothok-thothok kori, sarêng dipun wêngani dening Mak Kadhisah, ingkang dhatêng wau Lasaro, suka sumêrêp badhe mêndhêt Resiyah saha Pangeran Saladin, badhe kaladosakên dhumatêng Mansur Èpèndi. Wicantênipun: Sesuk bêngi têkaku marene anjupuk wong loro iku. Wangsulanipun Mak Kadhisah: Aja kuwatir anakku, saiki setan irêng wus mati, ora ana kang ngalang-alangi kêkarêpanaku kabèh.

_________

--- 1 : 145 ---

Bab ingkang Kaping Gangsal Wêlas.

Panyêpênging Kèngkènanipun Mustapa.

Nalika Kangjêng Sultan Abdul Asis dhawuh dhatêng Sorah Bèi andikakakên nyêpêng dutanipun Mustapa, ambêkta sêrat dhatêng sadhèrèk dalêm ing kitha Terahpiyah, Sorah Bèi lajêng mupakatan kalihan Hasan sarta Sadi, kadospundi anggènipun sami angreka murih kacêpêngipun Alil Bèi wau.

Sorah Bèi lajêng kesah numpak kapal urut lèpèn Bosurês anjog ing kadhatonipun para pangeran, Hasan anurut ing sabranganing lèpèn sisih têngên, dene Sadi numpak baita dipun wêlahi piyambak, dêdamêlipun dipun tumpangakên baita, supados botên angèwêd-èwêdi. Amargi saking punika sadaya gadhah pangintên manawi Alil Bèi amasthi kenging kacêpêng, ananging tiyang têtiga punika sami botên sumêrêp manawi nalika kangjêng sultan dhawuh dhatêng Sorah Bèi, saha nalika Sorah Bèi amranata lampah-lampahipun, sami kasumêrêpan dhatêng têlik sandi upaya pitadosipun Alil Bèi.

Alil Bèi punika sakalangkung dipun sêngiti dening kănca-kancanipun opsir, amargi manawi sawêg gadhah kajêng ngupados indhaking pangkat, patrapipun sawênang-wênang, sanadyan amêjahana tiyang wontên ing

--- 1 : 146 ---

margi inggih dipun têmah sarta kakintên botên dados punapa, waton kadumugèn ing sêdyanipun.

Alil Bèi sasampuning mirêng cariyosing têlik bilih awakipun badhe dipun cêgat, manahipun sakalangkung bingah, dening rumaos badhe sagêd nandukakên gêlar sandi, inggih punika angungêlakên pistul tigang rambahan, tiyang tiga wau supados lajêng sami wangsul ngalêmpak malih, botên angsal damêl punapa-punapa. Piyambakipun sagêd ambêkta sêrat lulus wilujêng akalihan sênênging manah, pramila lajêng dhawuh dhatêng pambêlahipun, baitanipun kalampahna ing têngah-têngahing lèpèn kemawon, supados sagêd sumêrêp mêngsahipun kiwa têngên, sarta sarèhning Sadi taksih neneman, dados dipun kintên gampil apus-apusanipun, botên sumêrêp manawi Sadi tiyang gêgambèn ulig-uligan imbêt gagah prakosa, kêndêl saha pintêr, botên gampil dipun balithuk.

Ing wanci têngah dalu, lampahipun Alil Bèi sampun angsal sapalih langkung, botên kapanggih punapa-punapa, amargi sampun sêpi sangêt saha botên kêtingal wontên baita satunggal-tunggala, namung ombak sumorot kados konang, lajêng parentah angênêrakên lampahing baita dhatêng satunggaling panggenan ingkang andhêlik sangêt, inggih punika sangandhaping wit-witan, ing ngriku badhe kangge panggenan ngungêlakên pistulipun kaping tiga. Sorah Bèi sarêng mirêng ungêling [u...]

--- 1 : 147 ---

[...ngêling] pistul kaping tiga. Ciptanipun: He, kongkonan iku wus kacêkêl, geneya dudu aku kang bisa anyêkêl, ananging sanadyan ora kacêkêla dening aku rak iya kacêkêl marang Sadi utawa Hasan salah siji, ah ya wis cikbèn, waton karsane sang nata bisa kalêksanan. Sorah gêgancangan wangsul anuju kadhaton, badhe kapanggih kalihan kănca-kancanipun.

Hasan ugi mirêng swaraning pistul wau pramila ugi lajêng wangsul angênêr ing panggenan ingkang kangge kêncan, dumugi ngriku dèrèng wontên tiyang satunggal-tunggala, botên watawis dangu Sorah Bèi dhatêng. Hasan pitakèn: Apa kowe kang nyêkêl.Wangsulanipun: Dudu, apa dudu kowe kang ngunèkake pistul mau. Wangsulanipun Hasan : Bokmanawa Sadi, ayo padha diêntèni bae.

Lampahipun Sadi angrumiyini Alil Bèi, sampun mèh dumugi ing Terahpiyah, lajêng kèndêl, baitanipun dipun pasangi layar, amargi wontên angin. Sawêg ribêd pamanahipun dhatêng Alil Bèi, dumadakan mirêng ungêling pistul tigang rambahan, ciptaning manah, kae wis ana têngara tăndha yèn kongkonan iku wus kacêkêl, saiki dak mulih, ananging durung karuan, bokmanawa gêrma ambêdhil kewan kaping têlu, amarga lakuku durung sapira suwene. Ananging ya êbèn, dak mulih, karo angulat-ulatake. [angulat-u...]

--- 1 : 148 ---

[...latake.]

Layaring baita dipun pêndhêt malih, nuntên dipun lampahakên mantuk, mripatipun angawas-awasakên, kados sima, sarta piyambakipun sampun kulina nêningali wontên ing pêtêngan, ananging botên kêtingal punapa-punapa. Sadaya sampun sirêp, namung mirêng swaraning tiyang mêlah ing baita ananging baitanipun Sadi botên anyuwara, amargi anggènipun anglampahakên wontên pinggir kemawon, botên dangu Sadi sumêrêp barang cêmêng-cêmêng wontên ing pêtêngan, saya cêlak saya kêtingal cêtha manawi satunggaling baita. Dêdamêlipun dipun pêndhêt, dumadakan piyambakipun mirêng swara akèn manêngah, piyambakipun lajêng majêng anuju baita wau, badhe sumêrêp isinipun.

Sarêng isining baita wau sumêrêp mênawi dipun tututi baita sanès, lajêng dipun rikatakên angêtog karosanipun, awit saking parentahipun Alil Bèi ngadêg wontên baita. Sadi lajêng mangrêtos yèn punika kengkenanipun Mustapa Pakah, Sadi botên tahan malih lajêng ngoyak, lampahing baita kêkalih wau rikatipun ngantos kados pêksi mabur wontên ing ngawang-awang. Alil Bèi ngadèg wontên ing ngajêng kalihan parentah supados rikata sangêt lampahing baita dhatêng tukang pambêlah kalih. Sarèhning Sadi pancèn tilas pambêlah, sakêdhap kemawon lajêng katututan sarta sampun cêlak kalihan Alil [A...]

--- 1 : 149 ---

[...lil] Bèi, sangêt sukuring manah, saupami botên wontên swara ungêling pistul, amêsthi Alil Bèi lampahipun lulus kemawon, wicantênipun Sadi: Mandhêga. Têtiyang tiga wau sami anggêgujêng. Pamanahipun Sadi: Sarèhning dipun cariyosi kalihan pitêmbungan manis botên dipun paèlu, dados badhe dipun andhêg kalihan parusa, awit saking punika Sadi lajêng ngêtog karosan, lampahipun anglancangi Alil Bèi, sarêng sampun dumugi ing ngajêngipun, baita lajêng dipun andhêgakên malang lèpèn, supados baitanipun Alil Bèi botên sagêd majêng. Sapunika Sadi kêdah păncakara kalihan Alil Bèi, sanadyan botên sababagipun, amargi kajawi Alil dèrèng sayah, taksih mawi gadhah pambantu kêkalih. Ing nalika wau Alil Bèi sakalangkung ngungun, dene ingkang sagêd kalêbêt ing gêlaripun namung Hasan kalihan Sorah, Sadi botên tumut kenging dipun balithuk, ing ngriku Alil Bèi mêdal tekadipun dadakan, ngantos pêjah badhe botên angulungakên sêratipun Mustapa Pakah, ingkang dipun wadhahi ing kanthong wacucal dipun kalungakên.

Sanadyan Sadi wontên salêbêting kasusahan agêng makatên, ewadene taksih sagêd gumujêng, wicantênipun dhatêng mêngsah: Mandhêga, nuruta dak ladèkake marang kangjêng sultan.Wangsulanipun Alil Bèi: Hèh wong gêndhung, bok aja lonyo ing pangucap. [panguca...]

--- 1 : 150 ---

[...p.] Sadi wicantên malih: Yèn kowe kêna tak eman aja bacut, apa kowe ora wêruh yèn uwis katututan tak cêgati, nurut apa ora.

Lampahing baita kalih wau sampun gathuk saha lajêng minggir sadaya, Alil Bèi mêndhêt pistulipun saking sabuk, kapistulakên dhatêng Sadi kenging rambutipun. Sadi inggih lajêng mêndhêt pistulipun, tanganipun kiwa nyêpêng wêlah, têngên nyêpêng dêdamêl, ananging sarêng sawêg badhe kaincêngakên, pambêlahipun Alil Bèi kalih sami amênthung mawi wêlahipun, saking sagêdipun Sadi angendhani, dados pamênthungipun namung angèngingi tambiring baita kemawon. Sarêng Alil sumêrêp yèn Sadi taksih ngadêg kemawon, lajêng dipun pistul malih kasrèmpèt pundhakipun, Sadi kraos kêsrèmpèt pundhakipun sangêt kagèt lajêng mancolot sarwi malês amistul, Alil kenging tanganipun ingkang têngên, pistulipun lajêng dhawah botên sagêd andumugèkakên păncakara malih.

Alil Bèi sampun rumaos kawon, sêrat lajêng kasukakakên pambêlah ingkang satunggal, kapurih ambêkta ngêlangi dhatêng dharatan, ananging Sadi botên sumêrêp akal ingkang makatên wau. Pambêlah satunggalipun sumêlang sangêt ningali dhatêng Sadi, lajêng mênthung malih, ananging dipun endhani lêpat, pambêlah dhawah. Sadi lajêng ngunus pêdhangipun, katamakakên [katamakakê...]

--- 1 : 151 ---

[...n] kenging pundhaking mêngsah lajêng ambruk botên sagêd ngadêg malih, mêngsah kalih wau sampun botên sagêd tumandang, Sadi lajêng malumpat dhatêng baitaning mêngsah, Alil Bèi wicantên: Apa sababe dene kowe anrajang prauku, wangsulanipun Sadi: Kowe iku mungsuh, aku uwis kăndha kalawan têmbung aris supaya kowe amasrahake awak lan gêgawanmu, kowe malah adol sêngung nantang-nantang, saiki layange dak jaluk. Alil Bèi: Sapa kang ngapusi marang kowe, aku ora anggawa layang. Sadi: Prakara iku kangjêng sultan piyambak kang priksa, aku mung angèstokake dhawuh, êndi layange tampakna. Alil Bèi mangsuli: Têkamu wus kêliwat, layang wus ora dak cêkêl, wus digawa lumaku uwong. Sadi: Iku ora dadi ngapa, êndi gêgamanmu, kowe dak aturake marang kadhaton.

__________

Bab ingkang Kaping Nêmbêlas.

Ukuman Pêjah.

Hasan sarta Sorah Bèi anggènipun sami angêntosi Sadi wontên pinggiring lèpèn Bèhlèrbèg tanpa damêl, Hasan linggih wontên kajêng kalihan anyêpêngi kêndhalining kapalipun, wicantênipun: Apa aku iki digorohi, swaraning pistul mau, Sorah Bèi ngadêg wontên sacêlakipun Hasan sarwi tansah ngulatakên obahing toya, wicantênipun, [wicantê...]

--- 1 : 152 ---

[...nipun,] saiki aku wiwit duwe pangira, manawa sajroning prakara iki ana têngadure, hèh mitra kowe mau apa ora wêruh apa-apa. Wangsulanipun Hasan: Yèn aku ora wêruh apa-apa, kajaba krungu suwaraning pistul kaping têlu mau, kira-kira rak iya mêsthi Sadi kang angunèkake. Sorah Bèi: Iya, bokmanawa dhèwèke luwih ngati-ati lan luwih akal tinimbang aku karo kowe, mung yèn pistul mau dudu Sadi bae kang ngunèkake, kiraku awake malah ora ngrungu, lah saiki aku kuwatir yèn kêna ngapus.

Hasan: Kapriye têka kowe duwe kira mêngkono.

Sorah Bèi: Alil Bèi iku sawijining wong kang ngati-ati lan julig, mêsthine sabisa-bisa kudu anandukake reka daya apa-apa kang kinira bisa nyamarake awake murih slamête lumaku ing wayah bêngi.

Hasan: Apa kowe duwe pangira yèn kang ngunèkake tăndha mau dhèwèke, yèn mangkono dak lumaku manèh urut kali, dhuh ora tahan têmên aku angrasakake pasêmon iki. Hasan lajêng nyengklak kapalipun, ananging dipun èngêtakên dhatêng Sorah Bèi, amargi Sorah Bèi sumêrêp bilih Hasan punika tiyang neneman ingkang watak [wa...]

--- 1 : 158 ---

]

[...tak] barangasan.

Wicantênipun Sorah Bèi: Disabar atimu mitra, luwih prayoga angêntèni têkane Sadi bae dhisik, bokmanawa dhèwèke anggawa pawarta kang nyênêngake ati, saiki aku kudu sarujuk lan kowe, ayake luwih kapenak aku karo kowe padha bali angubêngi dalan-dalan Terapiyah, andhisiki lakune Alil Bèi, ananging sarèhning prau kang nyabrangake aku wus mulih mau-mau, dadi aku lan kowe mêsthi padha ora bisa nyabrang, kajaba mung kari bisa ambalèni laku urut kali iki bae.

Wangsulanipun Hasan: Krêntêking atiku cocog karo kowe, ayo banjur padha lumaku, aja nganti kêsuwèn.

Sorah Bèi mangsuli sarwi nyengklak kapalipun: Kowe manuta dalan kang marang Terahpiyah, aku dalan Skutari, mêngko patêmon ana ing kene manèh. Sanalika punika tiyang kêkalih sami sêsarêngan pangkat.

Sarêng lampahipun Hasan sampun angsal sapalih sumêrêp ayang-ayanganing tiyang lumajêng andhêlik ing wana alit ingkang dumunung sapinggiring lèpèn, Hasan tumutên anututi dhatêng panggenan bêbondhotan ingkang tansah katingal ebah kalihan wicantên: Sapa [Sa...]

--- 1 : 154 ---

[...pa] kang ana ing kono iku: Kăndhoa, yèn ora gêlêm mangsuli amêsthi dak pistul lan dak pêdhang nganti aku wêruh kowe uwong utawa dudu. Sakèndêling wicantênipun Hasan, bêbondhotan wau lajêng botên kêtingal ebah malih. Hasan mandhap saking kapal, nuntên amadosi ing salêbêting wana bêbondhotan, kayêktosan, pandulunipun Hasan botên kalintu, ing ngriku wontên tiyang juru dhayungipun Alil Bèi, ing nalika juru dhayung sumêrêp dhatêng Hasan murugi, cangkelak wangsul sumêdya malajêng, mila lajêng dipun oyak dhatêng Hasan sarwi wicantên: Mandhêga, manawa kowe angeman marang umurmu, kăndhaa, yèn ora gêlêm, dak pistul nganti mati. Ananging pambêlah saya rikat palajêngipun, Hasanlajêng angrogoh pistulipun dipun pistulakên tiyang wau wontên ing pêtêngan, sapurug-purugipun dipun oyak kemawon, amargi kakintên manawi punika Alil Bèi, utawi tiyang sanèsipun ingkang ambêkta sêrat saking Mustapa Pakah. Makatên ugi pun pambêlah ciptanipun sampun ngantos kasumêrêpan warninipun dening Hasan, ananging Hasan kêdah nyêpêng kemawon. Palajêngipun Hasan saya dangu saya cêlak kalihan ingkang dipun bujêng, dene pun pambêlah ingkang dipun bujêng, inggih sampun rumaos manawi mêsthi kacêpêng, dados kapêksa lajêng ambucal bêbêktanipun awarni buntêlan, kapinujon Hasan sumêrêp, mila

--- 1 : 155 ---

lajêng mandhêg ngupadosi bungkusan ingkang kabucal wau ing parumputan ingkang inggil-inggil, dangu-dangu kapanggih, inggih punika kanthong isi sêrat saking Mustapa Pakah, akalihan sangêt sênênging manah Hasan lajêng numpak kapal malih, wangsul dhatêng Bèhlèrbèg.

Sorah Bèi botên manggihi punapa-punapa, inggih ugi lajêng wangsul dhatêng Bèhlèrbèg, wontên ing ngriku pinanggih kalihan Sadi, ambêkta tiyang tawanan kêkalih, Sorah Bèi pitakèn dhatêng Sadi: Kapriye dene kowe anggawa prau loro mêngkono.

Wangsulanipun Sadi: Mêsthi, prauku lan praune Alil Bèi.

Sorah Bèi: Apa kowe kêlakon bisa nyêkêl Alil Bèi.

Sadi: Iya, Alil kanthi pambêlahe, dadi wong loro.

Sorah Bèi: Yèn mangkono kang ngunèkake pistul mau kowe.

Sadi: Ora, dudu aku.

Sadi lajêng minggir, Sorah Bèi murugi nêdya têtulung, sumêrêp manawi baita ingkang wingking isi Alil Bèi sawêg linggih kalihan pambêlah satunggal ngolang-ngaling asêsambat awit saking sakiting badanipun. Sorah Bèi lajêng wicantên: Kaslamêtan Sadi, kowe bisa nyêkêl Alil Bèi. Baitanipun tumuntên [tumuntê...]

--- 1 : 156 ---

[...n] dipun cancang wontên ing pinggir, tiyang kêkalih wau nuntên kairid badhe katur sang nata.

Alil Bèi mukir, ngakên botên ambêkta sêratipun Mustapa Pakah, piyambakipun badhe munjuk ing sang prabu manawi kinaniaya tanpa dosa dhatêng Sadi, pambêlah dipun tilar wontên ing griya pajagèn kadhaton, Sorah Bèi sakancanipun lajêng sowan sang nata, ing nalika samantên sang prabu pinuju ngenggar-enggar panggalih wontên dalêm kradenayon, tiyang têtiga sami dipun timbali minggah, prakawisipun Alil kapriksa sang nata piyambak, pangandikanipun: Sapa uwong kang kogawa iki.

Sorah Bèi matur: Alil Bèi, gusti, pitadosipun Mustapa Pakah, Sadi ingkang nyêpêng, păncakara rame sangêt, Sadi kaêbut kalih kalihan pambêlahipun Alil.

Sang nata: Êndi layange.

Alil Bèi sujud ing ngarsanipun kangjêng sultan lajêng amunjuk: Kalilana kawula matur ing panjênêngan dalêm, pangagêng-pangagênging barisan punika sami nyêgat lampah kawula wontên ing margi, anatoni kawula lajêng dipun sèrèt kabêkta mriki, kawula botên rumaos lêpat punapa-punapa.

Sang nata: Kowe sapa.

Alil Bèi: Kawula Alil Bèi sang prabu.

--- 1 : 157 ---

Sang nata: Kowe dadi apa.

Alil: Kawula ajidanipun abdi dalêm ingkang wicaksana Mustapa Pakah.

Sang nata: Apa kowe dhèk bêngi anggawa layang wadi marang Terahpiyah.

Alil: Sang nata mugi kaparênga andangu piyambak dhumatêng pangagêng prajurit kalih pisan punika, punapa sakalih-kalihipun angsal sêrat saking badan kawula, malah kawula dipun tatoni sarta dipun niaya kados pandung.

Sang nata andangu dhatêng Sorah Bèi sarta Sadi: Kowe apa ora olèh apa-apa.

Sorah Bèi: Botên angsal punapa-punapa, gusti.

Sang prabu sangêt dukanipun sarta ngandika dhatêng pangagênging prajurit kalih wau: Saiki Mustapa Pakah amasthi sumurup, manawa aku utusan anggledhah ajidane kang ora anggawa apa-apa, kang dak pundhut iku layang sauwonge kang anggawa.

Ing sanalika punika Sorah Bèi kalihan Sadi kados pêjah tanpa kanin, sakalangkung botên nyana bilih dumugining ngabyantara namung badhe anampèni bêbêndu, ing măngka sawau kala taksih wontên ing jawi gadhah pangintên bilih badhe anampèni kanugrahan agêng. Alil Bèi taksih sujud wontên sacêlaking sampeyanipun kangjêng sultan, saha matur

--- 1 : 158 ---

sarèhning piyambakipun botên dosa, nyuwun pangadilan supados Sadi kalihan Sorah Bèi kaparingana ukuman, sarêng kangjêng sultan badhe amutusi kamênanganipun Alil, nuntên wontên ajidan lumêbêt, sang nata andangu: Ana apa. Aturipun ajidan: Wontên baski neneman nyuwun lilah badhe sowan ing ngarsa dalêm, munjuk prakawis pêrlu dhumatêng sang nata. Sang nata andangu malih: Parlune apa. Unjukipun ajidan: Baski Hasan badhe munjuk bab ingkang winados ing saandhap sampeyan dalêm piyambak, Sorah Bèi sarta Sadi ragi bingahing manah, bokmanawi Hasan angsal katêrangan kalêpatanipun Alil Bèi.

Sang nata ngandika malih: Baski Hasan iku sapa.

Sorah Bèi sumalonong saos unjuk: Hasan makatên panunggilan kawula anglampahi ayahan dalêm, gusti.

Sang nata: Dhawuhana lumêbu.

Alil Bèi mirêng makatên wau sanadyan taksih sila dèrèng ewah linggihipun, ananging badanipun gumêtêr saha sangêt ajrihipun, Hasan lajêng lumêbêt kalihan ambêkta sêrat, sang nata lajêng andangu: Ana kabar apa, Hasan. Hasan munjuk: Gusti, kawula ngunjukakên sêratipun Mustapa Pakah, anggèn kula angrampas saking pambêlahipun Alil Bèi wontên ing margi Terahpiyah. Sasampunipun makatên piyambakipun [piyamba...]

--- 1 : 159 ---

[...kipun] lajêng sila, sêrat kaunjukakên, katampèn lajêng kabikak sarta dipun waos dening sang nata piyambak, Sorah Bèi saha Sadi dipun kêdhèpi dening Hasan, nalika punika pasêmonipun sang nata sampun santun, ciptanipun, ora kliru pangira-kiraku, yèn Mustapa Pakah iku wong ambêk lamis, durjana.

Sang nata lajêng ngandika dhatêng Alil: Kowe salah, kowe kang anggawa layang iki, apa kowe arêp mukir manèh, he, si nistha. Alil sangsaya sangêt gumêtêripun, sang nata ngandika malih: Layang iki nyêbutake kowe kang dipitaya anggawa, dadi kowe mêsthi kudu diukum kayadene kang anggawa layang iki. Wis wong durjana iki rantenên, lan banjur gawanên marang Sêtambul, ing kana mêngko dhèwèke bakal tak ukum, sesuk aja ana swara manèh, padha lungaa.

Satêlasing pangandikanipun sang prabu, Alil lajêng kacêpêng para ajidan kabêkta mêdal, sêrat wau dipun waos malih dhatêng kangjêng sultan, satamating panupiksa, kangjêng sultan sawêg uninga manawi pangagêng prajurit têtiga wau taksih sami ngadhêp, sang nata lajêng ngandika: Kowe wong têlu wus padha angèstokake parentahku, lan wus padha anglakoni kuwajibanamu kalawan sêtya tuhu, saiki apa kang dadi panyuwunmu mêsthi dak turuti. Hasan lajêng matur nyuwun mingsêr saking padamêlanipun lami, prajurit panjagi kadhaton.

--- 1 : 160 ---

Sang nata andangu: Apa kowe ora dhêmên dadi prajurit iku.

Sadi: Kawula sakalangkung bingah manawi kaingsêr dhatêng gêgolonganing prajurit sanèsipun.

Sang nata: Iku aku ora susah andangu apa sababe, kang parlu aku mung kudu banjur anuruti panyuwunanamu, amarga aku wis prajanji. Sakêdhap sang nata lajêng andangu dhatêng Hasan: Sapa jênêngmu.

Hasan umatur: Baski Hasan, gusti.

Sang prabu: Hasan dak paringi pangkat dadia ajidane putraku Pangeran Yusup Isèdin.

Hasan: Sukur alkamdulillah, gusti.

Sang prabu: Sorah Bèi sarta Sadi dak têtêpake dadi prajurit baski bosuk, padha aja angucap sukur, aku kang wajib sukur ing Allah, dene kagungan abdi panggêdhening prajurit kang sêtya, mantêp marang ratune, pamujiku lêlabuhanamu iku lêsarèkna nganti tumêka ing pati, sarta tinulada marang sakabèhing bocah panggêdhening prajuritku kabèh. Satêlasing pangandika tiyang têtiga wau kadhawuhan mundur, sarana sasmita kumlawening asta. Saunduripun saking ngarsana-

(Candhakipun kawrat Topèng Êmas jilid kalih).

__________

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

 


Sêtambul. (kembali)
sagêndul. (kembali)
botên. (kembali)
tiyang. (kembali)
wis. (kembali)
digolèki. (kembali)
tau. (kembali)
Ul. (kembali)
sabênipun. (kembali)
10 katahan-tahanakên. (kembali)
11 nolèh. (kembali)
12 Topèng. (kembali)
13 diganjar. (kembali)
14 kandhakna. (kembali)
15 kondur. (kembali)
16 wêruh. (kembali)
17 Saliyane. (kembali)