Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 558–640), Martadarsana, 1910, #520

Judul
Sambungan
1. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 001–086), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 086–160), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 481–558), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 558–640), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab ingkang Kaping 13.

Pitulungan Salêbêting Kasangsayan.

Gênging kasusahanipun Sorah Bèi saha Sadi Bèi wontên salêbêting guwa Èlnuri, botên kenging winiraos malih, amargi pêluking latu saya dangu saya angèbêki salêbêting guwa, mila sang wirotama kêkalih ngantos prasasat mèh botên sagêd ngunjal ambêkan, langkung malih kapal têtungganganipun, dhuh punika mêmêlas sangêt, botên sagêd ngadêg, kajawi kantun agobag-gabig gabêr-gabêr kalemahan.

Sang wirotama ambundêrakên sêdya, pêpungkasaning panggusthi sami badhe narajang mêdal, ciptaning manah, langkung prayogi pêjah rinampog wontên ing jawi, tinimbang pêjah sinangsaya wontên salêbêting guwa kados makatên, nanging sadèrèngipun nyoba mêdal, Sadi Bèi kalihan Sorah Bèi nêlas-nêlasakên obat mimis, anyênjata mêdal kaping salangkung rambahan, [ra...]

--- 4 : 559 ---

[...mbahan,] panyênjatanipun sagêd angèngingi mêngsah tiyang gangsal dumugi pêjah. Sasampuning obat mimis têlas, Sadi tumuntên angancang-ancangi badhe narajang latu ingkang makantar-kantar ing cangkêm guwa, ananging botên sagêd kalêksanan, amargi latunipun sakalangkung agêng, Sadi mundur malih tur sandhanganipun sampun sami gosong, awit saking punika banthènging prajurit Turki sampun sirna pangajêng-ajêngipun, têmahan lajêng sami pasrah ing Pangeran sumendhe dhatêng pêpasthèning gêsangipun.

Nalika Sorah saha Sadi wangsul dhatêng lengkonganing guwa, sangêt anglês saha karănta-rănta ing manah aningali kapalipun anjunjung sirah mandêng dhatêng sakalih-kalihipun, yèn sagêda tata jalma, bokmanawi kapal punika badhe wicantên: dhuh, sabab punapadene sampeyan kalihan kula wontên ing ngriki, punapaa botên sami mêdal, wangsul kapal inggih namung gobag-gabig amênggos-mênggos angraosakên susah panariking napasipun.

Sorah Bèi: Dhuh Sadi mitra kang dahat trêsna, awit saka wis ora ana pitulungan kang kaarêp-arêp, saiki jênêng wis tutug, mulane ayo padha banjur bêbarêngan mati nanging sadurunge aku lan kowe suduk-sinuduk barêng, jaran iki prayoga disuduk dhisik, awit supaya ora bangêt-bangêt lan kasuwèn [kasuwè...]

--- 4 : 560 ---

[...n] anggone angrasakake sangsara kaplêpêgên.

Sadi: Sorah sadulurku sinara wèdi, sarambut pinara sèwu aku ora wêdi mati, insa Allah, dêmi Allah dêmi rasulollah, mung sathithik, yaiku Si Resiyah, sajroning mangkene têka tansah gawang-gawangan, iku kang agawe susah lan anjarêming atiku, dening saiki dhèwèke dadi lola têmênan, hêm, Gusti Allah, kaya priye kadadeyane bocah kang bangêt dadi wêlasan kae.

Sorah: Aja prihatin mitra, sadulurmu Hasan Bèi isih ana, samăngsa awake ngrungu warta yèn aku lan kowe padha mati ana kene Hasan mêsthi ora tega marang bojomu sabisa-bisa ora ketang dilakoni kapriye-kapriye, bojomu mêsthi diingoni disandhangi lan diayomi sapantêse.

Sadi wicantên suwantênipun kamirêngan gumêtêr, mratandhani bilih anawung sungkawa agêng: Hêm, hêm, hêm, cilaka têmên awakku, dene ora kasinungan kabêgjan bisa katêmu sapisan êngkas lan pamit mati marang bocah kae. O, ya talah, kariya slamêt, wong ayu

--- 4 : 561 ---

woding atiku, dina iki kowe tak tinggal, muga-muga kowe pinayungana ing Pangeran.

Sorah: Hut, wis rampung, aku sida mati kêplêpêgên.

Wicantênipun Sorah makatên wau kamirêngan sêrak sangêt, sarta sanalika punika sanadyan kalihan Sadi ajêng-ajêngan, nanging Sorah sampun botên sagêd sumêrêp Sadi, awit salêbêting guwa sangsaya pêtêng andhêdhêt kêbak pêluk abêlêk. Sadi kalihan Sorah enggal murugi dhatêng ênggèning kapalipun, sasampuning dumugi, Sadi enggal anyuduk kapalipun kalêrês ing lambung narajang manah, botên dangu kapal lajêng pêjah, namung Sorah kalithihan sajak botên mêntala badhe mêjahi kapalipun ingkang sampun dangu dipun ingah, ananging kadospundi malih, awit amêjahi wontên ing ngriku punika botên kalêbêt nama panyiksa, pitulungan, dados inggih lajêng dipun lêksanani kalihan anggêgêt untu sarwi mengo, botên tahan ningali wujuding kapalipun ingkang sawêg pradondi kalihan pêpêjah.

Sorah narik sêking sarwi wicantên: Saiki bagèhaku lan bagèhamu Sadi.

Sadi mangsuli sarwi angrangkul: Dhuh, Sorah mitraku, ayo banjur bêbarêngan cublês-cinublês kalawan angucap andum salamêt kang pêpungkasan, [pêpungka...]

--- 4 : 562 ---

[...san,] supaya patiku bisa barêng runtung-runtung ing donya tumêka ing akir, ayo mitra, prênahna ing kulung atiku sêkingmu. Dene sêkingku iya tak prênahne ing kêkulunging atimu.

Sorah minangkani punapa rêmbagipun Sadi, tumandang amrênahakên pucuking sêking kaangkah-angkah tumrap ing kêkêtêk, awit ing ngriku langkung enggal tinimbang kalihan ing kêkulung manah, makatên ugi sêkingipun Sadi inggih sampun tumèmpèl ing kêkêtêkipun Sang Sorah sudibya, wusana dupi sakalih-kalihipun sawêg badhe kumêcap abain twe: dri murih sarênga ing panyublês, dumadakan kagèt kêsaru mirêng sabawa sajawining guwa surak wurahan sênjata pating jarêthot barondongan, awit saking punika Sadi sarta Sorah botên saèstu anamakakên sêkingipun.

Sadi wicantên sarwi andêngongok: Kowe krungu apa, Sorah, apa têgêse suwara gumêrah jaban guwa kiye.

Sorah: hê êh, aku krungu, aku krungu surak lan bêdhil barondongan, ora kêna ora wong Baduwi jaban guwa kuwe mêsthi dibendrong ing bêdhil dening wadyabalaku, mulane dhèknèn banjur padha malês ambêdhili.

Sadi: Adhuh nyawa, emane aku ora bisa mêtu, amarga kêpalangan mulad-mulading gêni

--- 4 : 563 ---

ing cangkêm guwa kuwi, awit saka iku aku kapêksa mêsthi kudu andhoko ana kene karo mati kaplêpêgên sadurunge olèh pitulungan.

Sorah: Hud, aku wis ora kêlar ngadêg manèh, Sadi, lan mataku wis ora bisa mêlèk.

Sadi mangsuli kados panglipur: Srantèkna sadhèlêt êngkas. Mitra prajurit sudibya, bokmanawa Gusti Allah paring pitulung, dhuh, ya wala wala kuwata, kinuwatna dening Allah.

Ing jawi taksih kamirêngan sênjata barondongan, nanging botên dangu sênjata sirêp, gêntos kamirêngan sabawaning tiyang pating barêngok wicantên sora, têmbungipun: Kene, kănca, wong Baduwi padha obong-obong ana cangkêm guwa, bokmanawa sing dikêluki kiye lurah senapati karo pisan, Allahu, bok katêmu isih padha sugêng mana.

Kancanipun mangsuli: Ayo kêbat, wongwa-wongwa kiye disingkirake saka cangkêm guwa, ing jêro cikbèn nuli adhêm.

Sadi mirêng wicantên wau sanadyan badanipun sampun satêngah pêjah, ewadene taksih sagêd anjêlèh, têmbungipun: Iya rikat, aku ana kene.

--- 4 : 564 ---

Wadyabala Turki sarêng mirêng suwantênipun Sadi wau saya sêngkut, rêbatang-rêbatang ingkang sampun dados wongwa kacarukan kemawon, enggalipun sampun rêsik, Sadi nuntun Sorah mêdal grêmêt-grêmêt, sarêng dumugi jawi sakalih-kalihipun dhawah brêg sami kantaka, amargi kagèt angsal hawa rêsik, ngantos dumugi byar enjing sawêg sami èngêt saha ngalilir.

Bêgja kamayangan, wadyabala Turki sagêd angsal jêjarahan kapal, kenging dados lintune têtungganganipun sang wirotama kêkalih, yèn botêna makatên, Sadi kalihan Sorah saèstu kacipuhan anggènipun badhe nututi palajênging mêngsah ingkang sami botên pêjah.

Sorah andangu dhatêng karerehanipun ingkang anindhihi wadyabala: Saiki ana ngêndi mungsuhmu, lan ana ngêndi pangantèn gêtih, iku amêsthi kudu kaupaya nganti kêtêmu.

Aturing karerehan: Mêngsah kula gêbag sampun sami kaplajêng têbih asar-saran, ananging manawi karsa sampeyan dipun bujêng, sumăngga lajêng kabujêng.

Sadi sarta Sorah botên talompe angabani wadya angêlut mêngsah, lampahing wadya anggrêgut gumulung amratandhani bilih sudira, lampahipun anut tipak lacak sukuning kapal, kintên-kintên lêlampahan gangsal jam, lampahipun wadyabala Turki dumugi satunggaling [satungga...]

--- 4 : 565 ---

[...ling] padhukuhan alit, ing dhukuh ngriku wontên griyaning tiyang juru pangèn, Sadi sarta Sorah dipun tampèni kanthi pahargyan saha suka êntyarsaning manah, amila sakalih-kalihipun karsa mandhap saking kapal.

Sadi wicantên dhatêng juru pangèn: Yèn atimu dhangan, aku muga wèhana puhan sapi sathithik.

Juru pangèn sêpuh amangsuli: Sangêt dhangan saha eklas kula, bêndara, mangke kula prêrêsakên, cuwaning manah kula dene kula badhe botên sagêd angaturi sêsêgah satunggal punapa katur ing panjênêngan, amargi dèrèng wontên satêngah jam, kula kadhatêngan tiyang kêkalih sami numpak kapal, lajêng ngrampas barang sagadhah-gadhahan kula, ingkang awarni parumatan têdha têlas kabêkta sadaya.

Sorah: Wong loro padha jêjaranan, apa kowe wis sumurup marang wong loro iku.

Pangèn sêpuh: Piyambakipun băngsa Bènikawas,[1] miturut criyosipun anak kula, tiyang kêkalih wau putranipun Èmir.

Sadi: Lha parane, kyai, mênyang ngêndi.

Pangèn sêpuh anudingi satunggaling prênah tanpa wicantên.

Sadi amaringi arta ringgit sakilan sarwi ngandika:

--- 4 : 566 ---

Ênya tampanana, sanadyan ana ing kene dhuwit iki ora kanggo ngabahan, nanging yèn kowe mênyang kutha Bèdhi utawa Madinah, kêna kogawe tuku apa-apa kang kokarêpake, mulane rimatên ... adhuh ngêlakku ora jamak, kyai, yèn dhangan atimu, bok aku jaluk puhan sathithik êngkas bae.

Pangèn sêpuh: Sampeyan êntosi sakêdhap, kula pêrêsakên kapal, bêndara, gajêgipun kapal punika dèrèng apuh pamêrêsipun.

Botên talompe pangèn sêpuh dhatêng kadhogan amêrês kapalipun, angsal sabotol kasaosakên, salajêngipun kaombe Sadi kalihan Sorah.

Puhan kapal punika sayêktosipun inggih sae dayanipun, sintên ingkang purun ngombe puhan kapal, badanipun ngadat kasinungan kuwat kados kapal, makatên gotèk gêgujênganipun Sadi sarta Sorah.

Sarampunging ngombe puhan, senapati kêkalih ngucap sukur ing Pangeran sarta paring tarima kasih dhatêng kyai juru pangèn, salajêngipun anyengklak kapal têrus mangkat anglacak plajênging mêngsah, dene lampahipun Sadi, Sorah sawadyabalanipun, ingkang dados tuntunan namung tapak ingkang katingal ing siti pawêdhèn, [pawê...]

--- 4 : 567 ---

[...dhèn,] taksih katingal cêtha, dèrèng ical, amargi êlêtipun ingkang nututi kalihan ingkang dipun tututi namung watawis satêngah jam, mila lampahing wadyabala tansah binêrêg daya-daya sagêda anututi, ananging sarêng dumugi pasitèn ingkang miring minggah, lacak wau ical ing ngriku.

Sadi Sorah sawadyabala kèndêl, Sadi sawêg badhe kumêcap angajak minggah ing rêdi, supados sagêd aningali ngiwa nêngên mangandhap saking pucuk, dumadakan kasaru wontên tiyang satunggal numpak kapal mêdal saking èrèng-èrènging rêdi kaplajêngakên anuju dhatêng panggenan pakèndêlaning wadya Turki, Sorah manahipun kirang sakeca, ugi makatên Sadi, mila enggal angangkat pistulipun badhe dipun pistulakên.

Tiyang ingkang numpak kapal sumêrêp dipun thungi pistul enggal ambêngok sarwi angebah-ebahakên tanganipun, têmbungipun: Sampun mistul, kula anaking Kyai Bènunahmur, juru pangèn ingkang sampeyan tindaki wau dhatêng kula badhe ngaturi kabar parlu. Kapalipun kagêdrug lajêng nyandêr kados angin, sakêdhap dumugi panggenaning Sadi sarta Sorah sawadyabalanipun.

Pangèn neneman: Bêndara, punapa sampeyan ngupadosi prajurit Bènikawas kêkalih ingkang kaplajêng kêponthal-ponthal wau.

Sadi enggal amangsuli: Iya mangkono, apa [a...]

--- 4 : 568 ---

[...pa] kowe sumurup, ing ngêndi panggonane andhêlik.

Pangèn neneman: Kawuningana piyambakipun botên kênging sumêrêp pisowan kula ing ngarsa sampeyan, amargi manawi ngantos sumêrêp, botên wande kula dipun pêjahi. Têtiyang Baduwi ingkang sami kaplajêng wau mêntas anjarah rayah barang rajadarbèk kula saisining griya ngantos gêmêt, awit saking punika, piyambakipun ing mangke manjing dados satru kula. Pisowan kula ing ngarsa sampeyan, parlu ngaturi pêpèngêt ing sampeyan, sampeyan mugi ingkang prayitna ngatos-atos, mêngsah sampeyan sami umpêtan wontên sawingkinging rêdi punika, saking ngriku sami angintip salampah jăntra sampeyan. Awit saking punika atur pamrayogi kula, sampeyan sampun têrus mêdal ing ngriki, nyimpanga ing margi sanès punika, supados ing mangke sampeyan sagêd anjog ing papan sawingkinge ingkang dipun ênggèni mêngsah, manawi lampah sampeyan lajêng utawi kèndêl wontên ing ngriki, kintên kula sampeyan sawadya badhe curna ing aprang.

Sadi: Bangêt tarima kasih lan bungahing atiku, thole, kowe duwe pamrayoga sa-

--- 4 : 569-570[2] ---

--- 4 : 571 ---

ngèn neneman wau, wusana sarêng lampahipun dumugi ing rêdi pêthak, kasaru wontên tiyang Baduwi kêkalih sami kêkapalan, inggih punika Abu Wardi sarta Abu Parèsi putranipun Amir Harun, jumêdhul saking lêngkèhing rêdi, Sadi kalihan Sorah Bèi, sarèhning sampun sami manggèn wontên panggenan inggil, mila sami tumungkul nalosor ing gulu kapal sarwi anyênjata dhatêng băngsa Baduwi kêkalih punika, nanging ingkang dipun sênjata trampil palikêt ing kapal, botên kidhung amolahakên dêdamêl wontên sanginggil kapal, dening kulina sampun ajar wiwit alit, amila botên kêwran angladosi gêndhingipun sang wirotama kêkalih, sabên dipun sênjata gêntos anyênjata, sami botên kengingipun, dangu-dangu prajurit Baduwi kêkalih kèndêl panyênjatanipun anyêrang sumêdya ngrukêt, ciptanipun badhe numbak Sadi tuwin Sorah, amargi gadhah pangintên, manawi pêrang caruk akosok watang, ingkang mêsthi awakipun mênang parigêl sarta tarampil, lêpata panumbakipun sapisan kaping kalih, kaping tiga kaping sakawan, Sadi Sorah măngsa wandea botên kenging kaprajaya. Baduwi tumuntên anggêbrag kapalipun ambandhang kados pasêr, sakêdhèping netra sampun ajêng-ajêngan kalihan Sadi sarta Sorah satunggal sami satunggal, Baduwi angwêdalakên kabaudanipun ulah watang, wusana jêbul kêcelik, sanadyan [sana...]

--- 4 : 572 ---

[...dyan] Sadi sarta Sorah dêdamêlipun pêdhang, anglawan lumaraping tumbak botên kewran, awit sakalih-kalihipun inggih prajurit gagalan, dados ciptanipun prajurit Baduwi wau sasat angapusi awakipun piyambak, botên basa kêcelik, malah kalêbêt ing gêlar balêjêd, sakêdhap-sakêdhap prajurit Baduwi kenging dipun rapêt, watanging ganjur manawi lumarap kêwangsul mèh anggrègèli, têmahan ngantos gadhah raos kamarasan.

Pêranging para wira sasampuning langkung sèkêt tangkêban, dumadakan, sanadyan Sadi tatuning badanipun sawêg timah-timah, ewadene Sadi ingkang angrumiyini sagêd amêjahi mêngsah, inggih punika kalanipun mêngsah rumaos lirip badhe ngantêp karosan, gulunipun kenging winuwung ing pêdhang ingkang landhêpipun pindha panyukuran, thêl tigas kapisanan êndhasipun mancêlat têbih, gêmbung dhawah gumêbrug kapal ambalap malajêng sakajêng-kajêng sakêdhap ical kados nyeluman, inggih punika bawaning kapal sampun matêng ajaripun.

Sapêjahing mêngsah Sadi enggal angingêr kapal badhe mitulungi Sorah, awit ing nalika punika Sorah taksih dêdrêg sêrang-sinêrang, sarta katingal karepotan, sanadyan makatêna, bawaning prajurit linangkung, sarêng Sorah sumêrêp badhe dipun pitulungi, ambêngok sora ngèngêtakên sampun ngantos dipun pitulungi, têmbungipun: Wis Sadi, aja mrene, tak [ta...]

--- 4 : 573 ---

[...k] rampungane dhewe.

Sasampuning cariyos makatên, Sorah angantêp karosan daya-daya sagêda angêntasi damêl, batosipun: Sadi kang lagi rumbu-rumbu bae bisa matèni mungsuh, aku manèh sing ora mêntas lara yèn ajaa bisa nigas êndhasing mungsuh padha siji, kaci apa aku tinimbang Sadi. Cipta makatên punika pancèn botên lêpat, namung sarèhning kapalipun Sorah kapal enggal ingkang dèrèng kulina kangge pêrang kados kapaling mêngsahipun, dados prigêlipun Sorah sagêdhagan punika botên narimah suda saprapatan tinimbang padatanipun, măngka mêngsahipun inggih sawung gagalan sayêktos, amila sakêdhap-kêdhap mèh kenging dipun cuthat utawi katumbak, ananging wantuning Sorah pancèn wantêr tatag tangguh botên ngêdhapan, panangkisipun dèrèng nate angowani. Lha punika ingkang nama tandhingan rame, Sorah wontên mênangipun parigêl ing tangkêp, kapalipun sangêt nguciwani, dene pun Baduwi wontên siguging tandang sawatawis, nanging kapalipun sampun lêbda sangêt kangge pêrang, tanpa kaêrèh malang megung sagêd amakangsalakên dhatêng ingkang numpaki, awit saking punika anjalari danguning pêrang botên wontên ingkang kasilib, sarta sakalih-kalihipun botên kobêr nyumêrêpi pêrangipun Sadi kalihan prajurit Baduwi ingkang sampun kapracondhang wau saklebatan kemawon, [kemawo...]

--- 4 : 574 ---

[...n,] amargi sawêg parlu rêbat unggul piyambak, sumêrêpipun bilih Sadi sampun wasesa ing aprang, inggih sarêng Sadi sampun katingal dhatêng murugi dhatêng panggenanipun.

Kala Sorah èngêt-èngêt dhatêng Sadi sampun ngantos amitulungi pêrang wau, prajurit Baduwi angsal ombèr sagêd anumbak kapal tungganganipun Sorah kenging tepongipun, têmahan anglumba ajondhil-jondhil sarta malumpat anyulayani têtangsuling kêndhali, adhuh, ing sapunika tiwasipun Sorah, wusana sarêng prajurit Baduwi angayatakên tumbakipun ingkang kaping kalih badhe mrajaya dhatêng Sorah, dumadakan sakêclapan pun Baduwi anolèh kados parlu badhe ningali punapa-punapa ingkang kêdah dipun sumêrêpi, inggih punika pangèn neneman numpak kapal anyandêr saking katêbihan amurugi panggenanipun, huh, inggih namung lena sakêclapan punika kemawon, Sorah sampun sagêd anandukakên pêdhangipun gêjras, angèngingi tanganing prajurit Baduwi sapisan pagas watês sangandhaping sikut, tangan dalah tumbak ingkang dipun cêpêngi rêntah singsal saking lêngên dhumawah ing siti, mila lajêng dipun kaping kalihi winuwung sirahipun, bêt, sirah sigar dumugi dhadha pêjah tanpa sêsambat.

Senapati kêkalih sami sagêd mrawasa mêngsah sêkti măndraguna, sakalih-kalihipun sakalangkung êntyarsa [êntyar...]

--- 4 : 575 ---

[...sa] ingkang tanpa upami, nanging nêdhêngipun sawêg purug-pinurugan badhe kapanggih, kasaru amirêng suwantên acêrik-cêrik saking katêbihan, têmbungipun: sampeyan oncat, enggal sampeyan malajêng, yèn botên, sampeyan amêsthi tiwas, punika suwantênipun pangèn neneman kalihan nyandêrakên kapal amurugi panggenanipun sang sudibya kêkalih, botên dangu dumugi ngêndhêgakên kapalipun.

Pangèn neneman: Bêndara, pangantèn gêtih sampun sagêd anglêmpakakên wadyabala, kathahipun kirang langkung wontên gangsal atus, katingal sami sêsandêran kados mèh botên ngambah siti purugipun mriki, manawi ing mangke sampeyan lajêng kenging dipun kêpung wakul, pangintên kula sampeyan tamtu dhatêng ing tiwas, mila mumpung taksih ragi têbih, sampeyan kula aturi tumuntên sêsingidan, yèn botên inggih lajêng ngêriga wadyabala sampeyan sadaya, supados sampun ngantos karoban tandhing, samantên punika yèn botên cikat-cikat, kula kuwatos sampeyan tamtu kêsompok.

Sadi sarta Sorah ing nalika punika guwayanipun katingal muncar pindha kancana sinangling, inggih punika katarik dening kabingahan saha wantêripun, mila sanadyan mirêng kabar angêmar-êmari makatên, ayêming pasêmonipun [pasêmo...]

--- 4 : 576 ---

[...nipun] botên ewah.

Sadi wicantên: Sapa sing wani mati, yaiku sing mênang, aku tarima kasih bangêt marang kowe, dene kowe marlokake awèh pawarta kang parlu bangêt iku marang aku, mulane barang rêmbugmu iya bakal tak turut, aku tumuli arêp angêrig wadyaku lan banjur mapagake têkane pangantèn gêtih. Ayo Sorah nuli maju.

Pangèn neneman: Dhuh, manawi mangke Siti Solia (pangantèn gêtih) dumugi ngriki, măngka sumêrêp wangkening kadangipun kêkalih punika, iba anggènipun gidra-gidra, kintên kula sampun kalihan mêsthi, botên lêga-lêga manahipun yèn dèrèng sagêd nututi sampeyan, ananging sampeyan sami rinêksa ing Pangeran, bêndara, bèi kêkalih ingkang pinunjul, pamuji kula mugi sampeyan rahajênga sampun kirang satunggal punapa.

Sampat aturipun dhatêng senapati kêkalih, pangèn neneman nyengklak kapalipun brêng ambandhang kesah kados mabur-mabura lampahipun, sakêdhap lajêng botên katingal dening kalingan ing pêpunthuk.

__________

--- 4 : 577 ---

Bab Kaping 14.

Lolosipun Resiyah.

Gêntos ingkang kacariyos, Hasan saha Pangeran Yusup punapa malih Resiyah kalanipun badhe lolos saking kadhatoning pêpêjah, dumugi kontên kaanggrak Syèh Ul Islam kanthi para dêrwis, sami sanalika Resiyah ngalumpruk bayuning angga kados dipun lolosi, acipta bêbaya têlas pangajêng-ajêngipun sagêd angsal pitulungan, satêmah linggih andheprok tanpa karêkat awit saking sangêting kagèt.

Hasan wicantên abêbisik: Sampeyan lolos tumuntên, sampun tansah andhoko makatên, punika mumpung wontên măngsa ingkang prayogi tumrap sampeyan, suwawi, suwawi, sampun kalayatan, kajêngipun kula kènêb wontên ing ngriki minăngka lêlintu sampeyan, nanging sampeyan sampun tan botên lajêng alolosa.

Resiyah inggih lajêng anjarunthul sarwi wel-welan badanipun sakojur, awrat-awratipun anggèning niyat amituhu pitêdahipun Hasan, ananging sayêktosipun, Resiyah piyambak inggih botên mangrêtos, kadospundi anggènipun badhe miruda sarta sagêd anglimpe mêdal saking ngriku, jalaran sanadyan sanalika wau Syèh Ul Islam sawêg katungkul pabên [pa...]

--- 4 : 578 ---

[...bên] kalihan Hasan saha Pangeran Yusup, dêrwis-dêrwis inggih pating jaronggol sami angulatakên, ewadene wantuning tiyang tanpa dosa sinangsaya, sarêng Resiyah nekad anglimpe sayêktos, têka ugi lêstantun wêdalipun botêk[3] kasumêrêpan dening para dêrwis sayêktos. Wusana sarêng lampahipun sampun dumugi ing margi sanès, dumadakan lajêng mirêng suwantên angringik sambat mêlasasih, saking ngêrêse sambatipun, Resiyah ngantos kèndêl anilingakên. Suwantên tangising rare: O Allah Gusti, bok aku iya mèlu diluwari.

Sakêdhap wau Resiyah sampun lajêng sumêrêp, botên pangling manawi ingkang nyuwantên kamirêngan punika putra Saladin.

Resiyah nyêlak ing tutupan lajêng wicantên bisik-bisik: O o ênggèr, apa kowe putra Saladin, aku dhangan anggawa kowe, sok uga aku bisa ngwêtokake kowe.

Saladin: Sing ana jaban gêdhong kuwe sapa? Apa Resiyah.

Resiyah: Iya ênggèr, aku Resiyah.

Saladin: Adhuh nyawa, apa kowe saiki wis luwar, Resiyah, o alah, bok aku iya kok luwari sisan.

Resiyah: O, ênggèr, kapriye lawangmu dikunci. [diku...]

--- 4 : 579 ---

[...nci.]

Saladin: Ora bakyu, ora, ora dikunci, dicanthol saka jaba kono bae, wis tak pramanakake bangêt, ta dêdêlên, mêngko rak banjur mênga.

Amangsuli cariyos ing ngajêng, kalanipun Resiyah lumampah lolos wau, Hasan anjarag cariyos kathah-kathah dhatêng Syèh Ul Islam, pangangkahipun supados Syèh Ul Islam kêtungkula mêmabêni, têmahan botên kèngêtan dhatêng kesahipun Resiyah, dadosa kèngêtan, Resiyah sok sampun amêdal saking salêbêting karaton pêpêjah ngriku.

Sapunika wangsul anggancarakên Resiyah malih, sarêng mirêng pangandikanipun putra Saladin, inggih lajêng dipun lampahi, canthelan kaulir kanthi kadêdêl, jêkrèk, kontên mênga, putra Saladin tumuntên anjarunthul mêdal, kados punapa bingahing panggalihipun putra timur punika, para ingkang maos sêrat punika saèstu sagêd anêpus piyambak.

Kalanipun putra Saladin badhe kumêcap angandika, Resiyah enggal amambêng: Ês, mênênga bae ênggèr, aja caturan, balik ayo padha lumaku kêkêbatan, awit yèn ora mêngkono, ora wurung aku lan kowe padha bilai ana ing kene. Resiyah nyandhak tanganipun Saladin kaajak lumajêng, tangan kiwa anudingi prênah ngajêngipun,

--- 4 : 580 ---

yèn kumêcapa badhe cariyos, daya-daya dumugia ing panggenan ingkang tinudingan punika. Nanging sarêng lampahipun dumugi ing undhak-undhakan badhe mandhap, Resiyah tuwin putra Saladin sami mirêng sabawa garubyuging têtiyang lumampah, ing ngriku Resiyah lajêng anggraita, yèn ingkang nyabawa gumrêdêg punika dêrwis anututi dhatêng awakipun, awit saking punika Resiyah sangêt gêtêr sukunipun andharêdhêg, sanadyan makatêna badanipun dipun kiyatakên lajêng mandhap ing undhak-undhakan gêgancangan, dumugi ing ngandhap ngajak lumajêng putra Saladin, dene Pangeran Saladin ingkang ugi sampun mangrêtos manawi sariranipun dipun bujêng dening para dêrwis, mila inggih lajêng nêlasakên karosan lumajêng sipat kuping supados botên pisah kalihan plajêngipun Resiyah, nanging sarêng palajêngipun sampun dumugi sajawining mênara, lajêng kèndêl ajrih anglajêngakên langkung têbih malih, jalaran ingkang sami anututi lolosipun wau, saya dangu saya cêlak, katingal bêbayakan langkung dêrwis gangsal wêlas tur sami anyangking colok lilin agêng nyatunggal-nyatunggal, saking sangêting kamarasan sayah sangêt, Resiyah nekad ngajak putra Saladin menggok anêmpuh malêbêt ing wana bêbondhotan ingkang tuwuh sakiwa têngên tuwin sangajênging mênara kadhatoning pêpêjah ngriku, sukunipun angidak-idak êri badanipun sami karêrèndhèt êri botên karaos utawi [uta...]

--- 4 : 581 ---

[...wi] botên dipun raosakên, dhuh sangsara punapa ingkang dipun lampahi kawontênanipun Resiyah kalihan putra Saladin sagêdhagan punika, ananging tekadipun Resiyah, inggih suka lila kacakota ing sawêr mandi wontên ing wana bêbondhotan ngriku tinimbang katututan dening para dêrwis lajêng kakunjara tanpa dosa malih. Sarêng lêbêtipun sampun sawatawis têbih saking margi panyidhatipun, Resiyah kalihan putra Saladin sami ngaso wontên salêbêting garumbul, amargi sukunipun sampun sami lêmês, sarta napasipun sampun mèh pêdhot.

Putra ngandika klêsik-klêsik: Bakyu Resiyah, upama para dêrwis mau amburu tumêka kene nganti bisa nyêkêl aku lan kowe kaya priye.

Resiyah: Iya wis mung măngsa bodhoa karsaning Pangeran kang amayang titah, aku lan kowe mêsthi bali malêbu ing kunjara manèh, ênggèr.

Wondêning para dêrwis ingkang ambujêng Resiyah wau sadumuginipun sajawining gapura mênara, tumuntên dipun êdum-êdum, wontên ingkang lumampah lajêng turut margi, wontên ingkang nyidhat malêbêt dhatêng wana bêbondhotan, pinuju Resiyah sampun asêsingidan ing garumbul ingkang kandêl, saking katêbihan sagêd angulatakên lampahing dêrwis ingkang angosak-asik bêbondhotan, soroting lilinipun ingkan [ing...]

--- 4 : 582 ---

[...kang] sami ngupadosi prasasat suka pitulungan agêng dhatêng Resiyah, awit sapurug-purugipun tansah katingal cêtha. Saya dangu para dêrwis saya cêlak dhatêng grumbul padhêlikanipun, sabên gêgrombolan dipun biyak dipun osak-asik, Resiyah sakalangkung gumêtêr lajêng ngajak ngalih panggenan, lampahipun ambarangkang kemawon, awit badhe ngadêg kuwatos manawi katingal dening soroting colok lilin, inggih botên kirang rêkaos saha kasangsaya, nanging angsal pitulunganing Pangeran, pandhêlikanipun Resiyah wilujêng botên sagêd kêpanggih kalihan ingkang ngupadosi.

Para dêrwis sarêng sampun rumaos katog pangupayanipun, tita botên sagêd kapanggih, lajêng sami wangsul dhatêng mênara, makatên ugi dêrwis-dêrwis ingkang anututi mêdal ing margi agêng.

Sapêngkêring para dêrwis, Resiyah kalihan putra Saladin sawêg gadhah rumaos gêsang, sakalih-kalihipun lajêng sami ngadêg mêdal saking pasingidan.

Putra Saladin: Dhuh Resiyah bok ayuku kang bangêt wêlasasih marang aku, muga lêstarèkna wêlasasihmu marang aku iku, saparan-paranmu aku aja nganti kotinggal, mangkono uga aku, punagiku marang ing ngêndi-êndia bae paranmu iya bakal tut buri salawase.

--- 4 : 583 ---

Resiyah: Saparan-paranku ênggèr, iya prayoga, nanging gèk banjur mênyang ngêndi.

Sigêg ingkang sawêg mêdal saking salêbêting bêbondhotan, amangsuli ingkang taksih wontên salêbêting kadhaton pêpêjah, sarêng sadalu wau Syèh Ul Islam saèstu nyêpêng Pangeran Yusup dalah ajudanipun ingkang misuwur ing nama: Hasan Bèi. Inggih punika ingkang dados kurbanipun Resiyah saha putra Saladin ingkang sampun sagêd lolos.

Syèh Ul Islam: Lah ing mangke kula sampun têrang dhatêng panjênêngan paduka, bilih sanyata Pangeran Yusup, ingkang putra Kangjêng Sultan Abdul Asis, ananging sanadyan makatêna, parêng botên parênga, sadalu punika panjênêngan paduka inggih kêdah kula aturi kèndêl wontên ngriki ngantos dumugi benjing enjing, awit kula parlu angaturi uninga rumiyin ing kangjêng sultan mênggah kawontênanipun prakawis punika sadaya, benjing enjing kadospundi ingkang dados kaparêngipun rama jêngandika kangjêng sultan, dene ajudan Hasan Bèi, inggih kajêngipun taksih lêstantuna botên pisah kalihan panjênêngan paduka.

Sakala wau sarêng pangeran mariksani Resiyah sampun botên wontên, dhasar kawêwahan midhangêt wicantênipun Syèh Ul Islam ingkang botên anyênêngakên [anyênêngakê...]

--- 4 : 584 ---

[...n] punika, panggalihipun pindha rinujit.

Pangeran Yusup angandika: Apa, aku kokon mandhêg ana kene, iku aku suthing, aku mêsthi kudu mêtu saka kene saiki, apa sababe dene aku manggon kene, apa pakarti edan-edanan.

Syèh Ul Islam: Pangintên kula pangeran anggêga dhatêng wêwaduling tiyang awon, mila karaya-raya ngantos dipun bandhani malêbêt dhatêng pakunjaran, awit saking punika botên kenging botên, pangeran kêdah sumêrêpa raosipun, sarta kontêning pakunjaran punika botên kenging dipun wêngakakên, sadèrèngipun rama jêngandika kangjêng sultan anguningani urusaning prakawis punika sadaya.

Hasan amabêni: Gusti Kangjêng Pangeran Yusup kagungan wêwênang ngunjuki uninga ing saandhap sampeyan dalêm kangjêng sultan piyambak bab punika, awit saking punika sampeyan pancèn botên wajib anahana ingkang putra kangjêng sultan wontên ing ngriki, punika akal punapa, yèn sampeyan kenging kula aturi, sampun sampeyan lajêng-lajêngakên kajêng sampeyan, mindhak botên sae wusananipun.

Syèh Ul Islam: Ora susah kowe kăndha akèh-akèh, kaya amêdèni bocah [bo...]

--- 4 : 585 ---

[...cah] cilik, sumurupa, sakèhing karampungaku mêsthi kalakon, ora kêna diowahi manèh.

Pangeran Yusup sêmu botên anggalih dhatêng ujaripun Syèh Ul Islam, malah lajêng malampah ing margi ingkang dipun wêdali Resiyah kalihan angandika: Măngsa sudia aku manggon ing kene, aku mêsthi lunga.

Syèh Ul Islam sumêrêp Pangeran Yusup malampah, enggal aparentah dhatêng dêrwis: He dêrwis, ayo banjur tutupên lawang-lawange, aja kongsi ana wong bisa mêtu.

Para dêrwis angèstokakên dhawuhipun Syèh Ul Islam, trangginas lajêng sami angênêbakên kontên-kontên sadaya, Hasan Bèi sumêrêp pratingkah makatên punika sakalangkung nêpsunipun, ngantos angganipun sakojur dados gumêtêr, kados lajêng badhe anuwêg-nuwêga tiyang tanpa dosa sanalika.

Hasan asru wicantên: He, Syèh Ul Islam, punapa sampeyan sumêrêp mênggah kawusananing pakarti sampeyan ingkang sawênang-wênang punika.

Pangeran Yusup: Sanadyan aku bakal rinampok, ananging aku mêsthi mêksa mêtu sanalika iki.

Hasan matur bêbisik: Panjênêngan dalêm kêdah èngêt [è...]

--- 4 : 586 ---

[...ngêt] gusti, sampun nandukakên pakarti ingkang kirang prayogi, inggih kajêngipun kêdah dipun tahan, benjing enjing măngsa wandeya mêdal inggih botên.

Syèh Ul Islam: Pangeran, sarèhning panjênêngan putranipun kangjêng sultan, ingkang mêsthi rêmên dhatêng samubarang ingkang prayogi, mila ing ngriku ugi sampun kula sêdhiyani papan ingkang asri, rêsban ingkang mawi linèmèkan baludru, sumăngga lajêng kagêma sare sadalu punika.

Pangeran angandika sêmu prihatos: Apa aku iki dikunjara têmênan, ora mung gêguyon bae.

Hasan: Satunggaling pakarti panganiaya ingkang botên pantês.

Syèh Ul Islam: Sapa sing duwe pakarti panganiaya kang ora patut, sesuk bakal kawruhan ing ngakèh manawa wus ana karampungane kangjêng sultan.

Pangeran Yusup: Lah yèn mangkono karêpe iya uwis, aku manggon ing kene bae sadurunge ana karampungan, nanging apa wong kaya mangkono duwe panguwasa ngunjara aku ana ing kene.

Pangandikanipun Pangeran Yusup makatên wau kamirêngan [kamirêng...]

--- 4 : 587 ---

[...an] cumlêring sêmu prihatos, botên prihatos amargi katutup, prihatos sabab pisah kalihan Nyonyah Resiyah, ingkang endahing warninipun tansah katingal gawang-gawangan ing panggalih.

Syèh Ul Islam: Pangeran kula prênahakên ing panggenan ingkang pantês botên karsa, kêdah manggèn wontên ing ngriki kemawon, kenging, kula botên praduli. Ayo dêrwis andhèrèka aku mêtu, lawange gêmbokên.

Sasampuning wicantên makatên, Syèh Ul Islam mêdal kadhèrèkakên drêwis gumrudug, mêdal margining kadhaton pêpêjah ingkang sakalangkung sêpi mamring, ananging katingal padhang dening dipun sumêti ting pating kalêncar, dumugi ngandhap sakathahing kontên sami dipun gêmboki sadaya, suwantênipun pating jlêthor kamingarêngn[4] ing Pangeran Yusup tuwin Hasan, ingkang ing nalika wau dêdunung ing lotèng perangan wingking, sakalih-kalihipun sami ngandhut rudita agêng.

Pangeran andangu dhatêng Hasan: Pamikirmu kêpriye ingatasing tanduk panganiayane Syèh Ul Islam iki, Hasan.

Aturipun Hasan: Pamanah kawula panjênêngan dalêm kêdah miturut gusti, botên parlu băngga, supados dumugining kapariksa wontên ing ngarsa rama dalêm, panjênêngan dalêm botên [botê...]

--- 4 : 588 ---

[...n] kawon ing pabên.

Pangeran: Iya bêcik, aku miturut apa kang dadi pratikêlmu, Hasan, ananging, hêm, ana nalar siji têka agawe susahing atiku kang tanpa upama.

Hasan: Nalar punapa ingkang anjalari sêngkêling panggalih dalêm.

Pangeran: E dene aku nganti ora bisa angiringake sing miruda mau, iku Hasan, kang anjalari susahing atiku, tujune aku wis jênêng bisa mitulungi angwêtokake dhèwèke, awit saka iku rada agawe lipuring susahku ing sawatara.

Hasan matur katingal sangêt ngungun: Punapa panjênêngan dalêm sanès dintên kaparêng ngupadosi pun Resiyah, gusti.

Pangeran: Êlho, iku ora kêna ora, Hasan, aku kapengin bangêt bisaa katêmu lan caturan sapisan êngkas bae karo Si Resiyah, dhuh, dene ana wong ayu kaya mêngkana, ora paribasan bae, nyata, ora nganggo cacad, sabobote nawung prihatin, manise mêksa suk-sukan, saiba mukti wibawaa, layak singa kang kataman ing liringe banjur mati dening mawa prabawa kaya èlêktris.

--- 4 : 589 ---

Hasan matur sarwi anjêngêr: Punapa kasulistyanipun Resiyah angebahakên panggalih dalêm, gusti.

Pangeran: Ora basa ngobahake, Hasan, malah angrontagake, mula cêkake aku bakal milu marang dhèwèke, dene bêngi iki aku arêp manggon buri kana, ayo Hasan, lumêbu kamar kang durung luwih saêjam mêntas diênggoni ratu-ratuning wong ayu têlung jagad tur kang nuju anandhang prihatin sasèn-sasèn.

Pangeran tumuntên malêbêt kamar ingkang mêntas dipun ênggèni Resiyah, sadumuginipun ing gêdhong blêng, guwayanipun Pangeran Yusup mancorong sumunu pindha kadhawahan wahyu nurbuwat katarik saking êntyarsaning panggalih, sami ugi kalihan malêbêt ing griya suci.

Pangeran angandika: Mara Hasan, dêlêngên, dhèk mau Resiyah ana kene, lha iki ênggon yèn dhèwèke nuju linggih karo ambrêbês mili angrasakake pêpasthène, kana kae yèn nuju kêsêl lèrèn alèyèh-lèyèh, jandhela kuwi kang ing sabên digawe inguk-inguk kaanan sajabaning kamar, o Allah Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, cikbèn Hasan, cikbèn, aku tak manggon ana ing gêdhong kene dadi sêsulihe Si Resiyah. [Re...]

--- 4 : 590 ---

[...siyah.]

Sarêng Hasan aningali solah bawaning gusti, anelakakên bilih sakalangkung kasmaran dhatêng Resiyah, Hasan sanalika ugi lajêng andhèrèk malêbêt dhatêng kamar tilas ênggèn pangunjaranipun Resiyah wau, sanadyan kamar punika ciyut tur isinipun sarwa botên pakra.

Pangeran anglajêngakên ing pangandika: Kamar iki pinilih kanggo angunjara Si Resiyah, awit saka iku dadi lan sucine kagawa dening kang ngênggoni ratu-ratune wong ayu salumahing bumi sakurêbing langit, dhuh aku ngucap sukur ing Pangeran Kang Maha Kuwasa, lan awèh tarima kasih mawantu-wantu marang Syèh Ul Islam, dhèwèke awèh wêwêngan aku bisa ngênggoni kamar kang durung luwih karo têngah êjam mêntas diênggoni wong ayu kawêlasasih. Adhuh, bêgja jobining kamar lotèng iki, dene nganti sasèn-sasèn tansah diidak talapakan kang alus kalane Resiyah mloka-mlaku, luwih bêgja manèh kasur dami kae, sabên bêngi akêkosodan kalawan kulit kang alus alumêr, cikbèn Hasan, muga kowe aja munasika anggonku arêp turu ing kasur iki. Hasan kang sudibya lan susêtya, mara, apa kowe mangêrti, êndi

--- 4 : 591 ---

kang anjalari rontag lan anênangi rasaning atiku kiye.

Mênggah pangandikanipun pangeran makatên punika, pangeran kalihan ngrangkul dhatêng Hasan Bèi.

Hasan umatur: kawula nuwun gusti, mugi botên anuwuhakên dêduka dalêm, abdi dalêm kawula badhe munjuk kalihan prasaja, sayêktos-yêktosipun kawula botên dungkap kanthi eram sangêt anyumêrêpi solah bawa saha mirêng pangandika dalêm ingkang kathah-kathah punika.

Pangeran: Sabab apa kowe eram, apa dupèh sakèhing parêkan kang ayu-ayu kang padha ngladèni aku ora ana kang tak karsakake, dadi aku banjur kokira ora duwe karêp marang wong wadon, wusana dumadakan aku banjur duwe kasmaran marang wong wadon iki, apa mêngkono kang koerami. Satêmêne aku dhewe iya ora andungkap, apa sababe dene aku banjur kasmaran bangêt marang Resiyah, rupane kang tak wêruhi mung sabrèbèt durèn, banjur cumithak bae ana ing angên-angênku ora kêna tak sirnakake, ananging sadurung-durunge, atiku kayadene wus kêrasa, yèn aku bakal kenyut marang Resiyah, mulane sêdyaku

--- 4 : 592 ---

sabiyantu karêpmu niyat angluwari dhèwèke tansah adrêng ora kêna kodurake, dhèk samana dêrêngku angungkuli manawa ana kagungan karsa kang parlune tumrap ing aku dhewe, lah upamane cangkriman mono saiki wis kêcandhak pêthèkane.

Hasan: Ananging gusti, o, kadospundi, tiyang ing mangke namanipun Resiyah punika sampun botên lamban, wontên ingkang andarbèni semah, kawula kuwatos sangêt, manawi raosing panggalih dalêm punika ing têmbe aminihi bêbaya agêng.

Pangeran: Bêbaya, Hasan, sagaluguting kolang-kaling aku ora wêdi, parluni anggêr aku bisa andulu sapisan êngkas bae marang rupa kang agawe gonjinging atiku iki, dene sawêngi kiye kang ngadhêmake ribênging ati, aku bisa manggon ana ing patilasane si gustining manis, hêm, bêgja apa manèh kang tak golèki, têka aku bisa wêruh wujud kaya ngana kalawan mataku dhewe, ngangsi aku duwe rasa sumlêngêrên ing sanalika, awit saka iku Hasan, ora ana rêrupan manèh kang kumantil-kantil ing jêjantung kajaba siji thil, rupane Resiyah iku bae.

--- 4 : 593 ---

Hasan: Kawula nuwun, gusti, saya malih sarêng panjênêngan dalêm amahyakakên agênging katrêsnan dalêm dhumatêng pun Resiyah, kuwatosipun manah kawula sangsaya agêng, amargi saupami panjênêngan dalêm kapanggih kalihan Resiyah, măngka Resiyah lajêng munjuk, manawi awakipun sampun kadarbe ing tiyang jalêr saha awakipun sampun trêsna sangêt, kadospundi, saiba sangsaya agênging karibêdan, punika ingkang andadosakên was sumêlang kawula.

Pangeran: Kowe was sumêlang Hasan, aku ora, lan saupama kowe duwe pangira, mung ana sawijining wong lanang bae kang rumasa trêsna marang Resiyah iku luput, gèsèh karo pangiraku, yèn pangiraku, sabên manungsa salumahing bumi sakurêbing langit iki amêsthi ora ana sing ora dhêmên lan trêsna marang Resiyah anggêre matane bisa wêruh kaya aku mau kae, lho.

Hasan: Kawula nuwun, makatên punika pamanggih dalêm kangjêng gusti.

Pangeran: Aja nyêbut kangjêng gusti utawa rajaputra, Hasan, angundanga: Yusup utawa: mitra ngono bae aku bungah, kowe tak paringi lilah.

--- 4 : 594 ---

Mirêng pangandikanipun rajaputra makatên punika Hasan tumuntên angrangkul bangkekanipun Pangeran Yusup sarwi wicantên: Cihnaning pawong mitra enggal ingkang paduka paringakên ing kula, inggih punika kalilan anyêbut asma utawi namung: mitra kemawon, andadosakên ambadhêdhêg kula, mitra Yusup.

Yusup: E, apa sing mêntas arêp kokandhakake iki mau.

Hasan: Anu mitra, sampeyan punika talingsingan dhatêng rêmbag kula, mênggah cariyos kula Resiyah punika sampun trêsna sangêt dhatêng satunggaling tiyang neneman sanès.

Yusup: Iku ora andadèkake sêriking atiku mitra, sarta awit saka nalar kang kaya mangkono, mula iya arêp tak gagas-gagas apa kang dadi prayogane, mung sadurunge katêmu gagasaku bae, aja koregoni aku arêp angeling-eling mulya-mulyaning lêlakon sakêclapan kang tak anggêp kayadene wong ngimpi kiye, sabab apa kowe têka arêp angrusak rasaning atiku kang lagi anawung kanugrahaning Allah.

Hasan: Supados ing têmbe sampeyan botên angraosakên sêrik langkung saking ngêkat, Yusup.

Yusup: Mitra, kowe aja angira, dupèh

--- 4 : 595 ---

aku dhêmên lan trêsna marang Resiyah, aku banjur duwe cipta arêp ngêpèk bojo utawa sêlir marang dhèwèke, o iku ora susah, aku mung dhêmên andêlêng ayune bae, mula rasa katrêsnan kang manjing ing atiku iki ujanên bae.

Botên kacariyos lajêngipun dalu wau, gêntos kocapa dumugining byar raina, sang pangeran rumaos sêngkêl ing galih dene angintên amêsthi badhe mêdal saking salêbêting gêdhong patilasanipun Resiyah, ing măngka Pangeran Yusup pancèn dèrèng marêm manggèn wontên gêdhong romot ingkang kaanggêp dununging kamulyan punika.

Mênggah panyakrabawaning panggalihipun pangeran makatên punika inggih botên malèsèd, jêr botên dangu wontên kareta karajan pêthukan saking dhatulaya dhatêng ing mênara kina, utusan dalêm kangjêng sultan animbali sang pangeran dalah ajudan Hasan Bèi, satampining timbalan dalêm, pangeran inggih botên suwala lajêng anitih kareta pêthukan kadhèrèkakên Hasan têrus sowan dhatêng kadhaton ing Bèhlèrbèg, wontên margi pangeran botên pisan-pisan anggaliha pasulayanipun kalihan Syèh Ul Islam, ingkang dipun galih namung ingkang murca ing wau dalu, kadospundi anggènipun ambudi sagêdipun kapanggih malih, têbih sungsatipun kalihan manahipun Hasan Bèi, samargi-margi namung tansah anggagas kadospundi

--- 4 : 596 ---

mangke manawi kadangu ing kangjêng sultan, ingkang supados pabênipun sagêd mênang, amargi Hasan sampun gadhah pangintên kalayan mêsthi, bilih Syèh Ul Islam tamtu wêwadul ingkang botên-botên ing saandhap sampeyan dalêm kangjêng sultan.

Makatên wau botên lidok, sarawuhipun Pangeran Yusup ing kadhaton Bèhlèrbèg taksih anggagas ingkang dados lênging panggalih, Syèh Ul Islam dèrèng kesah saking ngabyantara dalêm kalihan munjuk kathah-kathah amadulakên Pangeran Yusup, bêbasan, dhandhang-dhandhang dipun ungêlakên kontul, ingkang supados sagêd anjalari wahyaning bêbêndu dalêm. Sarèhning Syèh Ul Islam punika pancèn wêgig sangêt anandukakên ujar kamandaka, sanalika kangjêng sultan inggih lajêng tanpa siring dêdukanipun, ngantos botên sagêd jênjêm alênggah, têmahan jumênêng agêdrug-gêdrug tindak awongsal-wangsul wontên salêbêting kamar, saha lajêng angatag ajudan ingandikakakên nimbali Pangeran Yusup ingkang sampun ngêntosi timbalan wontên jawi. Sakêdhap pangeran malêbêt ing kamar, pratingkahipun kados adat sabên bilih botên wontên nalar punapa-punapa punika kemawon, ananging sarêng pangeran umangsah badhe nêcêp asta ingkang minăngka pangastuti, sang nata anginggati katingal wadana dalêm anjêrbabak amratandhani bilih bêndu sangêt.

--- 4 : 597 ---

Sang prabu: Hèh, pakarti apa kang kolakoni dhèk mau bêngi, dene kongsi ana wong kang anggugatake kalakuanmu marang ing ngarsaku, apa patut sawijining putra nata binathara, anglakoni panggawe kang ora anêtêpi pranatan lan undhang-undhang, nganti kêna diarani amurang tata.

Pangeran: Dhuh kangjêng sultan rama kawula ingkang sakalangkung mirah saha asih, punapa jêjalaranipun panjênêngan dalêm dêduka, punika adamêl pangungun saha ajudhêg kawula ingkang tanpa upami, dene samêndhang kawula botên angrumaosi darbe sisip.

Sang prabu: Apa gawene kăndha lamis, kowe ora rumasa dosa? Hêm, pintêr, dudu wulangaku, sawijining putra ratu, wani-wani malêbu ngomahing uwong tanpa anjaluk palilah marang kang duwe omah, kaya wong kapir mêndêm arak, nganti ditutup sawêngi, apa iku ora ala lan luput bangêt, ewadene kowe ngaku ora duwe dosa, iku apa patut putraning raja, minggat, ing saiki Sultan Abdul Asis wis ora kagungan putra jênêng Yusup, lungaa saka ngarêpku, aja nyêpêt-nyêpêti mata.

Sanalika wau kangjêng sultan sampun tanpa parimarma

--- 4 : 598 ---

malih, jalaran unjuk wêwadulipun Syèh Ul Islam amranani sangêt dhatêng panggalihipun sang prabu.

Pangeran: Dhuh rama ratu sêsêmbahan kawula ingkang binathara saha bijaksana, mugi-mugi wontêna lunturing sih kawilasan dalêm aparing pangaksama ingkang agêng dhumatêng ing dosa kawula.

Sultan: Wis, aku ora duwe pangapura manèh, kowe ala, wiwit iki aku pêpisahan lan kowe, sadhela êngkas bakal ana panguluning kadhaton (seraskir) angêmban dhawuh karampungaku kang tumiba marang kowe.

Pangeran: Kawula nuwun, paukuman punapa ingkang badhe sumandhang ing badan kawula, mugi wontêna dhawuh pangandika dalêm paring sumêrêp.

Sultan: Ora susah takon, mêngko kowe wêruh, lan saiki kowe ora kêna lunga, yèn kowe ora miturut dhawuh, bakal disantosani marang prajurit jaga.

Pangeran: Kawula nuwun, dados kawula dipun kunjara wontên ngarsa dalêm ngriki?

Sultan anudingakên asta sarwi angandika: Kowe kinunjara ana ing kadhatonmu dhewe, wis muliha.

Pangeran Yusup umangsah badhe angrangkul pada, sumêdya [su...]

--- 4 : 599 ---

[...mêdya] nyoba nandukakên atur panangis sapisan êngkas, tanpa damêl, sang nata enggal anginggati botên kaparêng anyawang dhatêng Pangeran Yusup, dening sanalika punika katrêsnaning galih dhumatêng putra ingkang saijap-ijap lajêng sirna tanpa lari, mila Pangeran Yusup inggih lajêng mundur palarasan kondur dhatêng dhatulayanipun, sadumugining dalêm kasatriyan, pangeran anuntên amartosakên dhawuh dalêm sang prabu anggènipun badhe nyundaka pangulu salêbêting kadhaton ngêmban dhawuh karampungan.

Hasan umatur: Kawula nuwun gusti, bilih sadaya ingkang panjênêngan dalêm pangandikakakên punika têtêp, rama dalêm utusan pangulu salêbêting dhatulaya amundhi dhawuh karampungan sayêktos, manah kawula têka akêtir-kêtir acarub maras, dene angintên manawi badhe wontên lêlampahan ingkang kirang prayogi wusananipun.

Pangeran botên amangsuli dhatêng unjukipun Hasan Bèi, amargi pangeran ing dalêm batos pancèn inggih kagungan panyakrabawa makatên, wusana sarêng ing wanci sontên, pangeran amarêngi lênggah ing kamar kaadhêp Hasan Bèi, kasaru abdi panjagi kamar ngunjuki uninga, bilih wontên utusan saking kadhaton amundhi supatra, inggih punika pangulu pura, mila enggal kadhawuhan malêbêt, pangulu [pa...]

--- 4 : 510[5] ---

[...ngulu] pura inggih lajêng malêbêt, sasampunipun nêmbah saha sujud, pangulu pura tumuntên anampèkakên sêrat kêkancingan ingkang minăngka karampunganing prakawisipun Pangeran Yusup, wusana sarêng pangeran maos karampungan wau, ing sanalika pangeran anjêgrêg pindha tugu sinukarta, tigang pandurat tanpa ebah saking ênggèn jumênêngipun, dangu-dangu dhawah ngalumpruk ing pangkonipun Hasan Bèi, awit saking kagèt sangêt dene ing karampungan anêtêpakên ukuman kisas ing pangeran.

__________

Bab Kaping 15.

Pêjahipun Muskir Isèd.

Mênggah pêjahipun muskir jêjalaran mêntas anêdha dhahar cêcawisanipun Pangeran Murad, punika adamêl pangungun dhatêng sakathahing tiyang salêbêt saha sajawining nagari Turki ingkang sami mirêng, têmahan anuwuhakên rêraosan, sawênèh amastani bilih kenging sêsakit kolerah, wontên ingkang angintên kenging racun, inggih punika racun pancèn nêdya dipun lêbêtakên Pangeran Murad, kalintu angèngingi dhatêng Muskir Isèd wau, warni-warni panduginipun tiyang sanagari.

Dene ingkang winastan: muskir, punika dede nama, sêsêbutan utawi: pangkat, muskir makatên tumrapipun ing salêbêting kadhaton Sêtambul, agêng sangêt, imbang-imbangan kalihan pangkat senapatining

--- 4 : 601 ---

prang, amila tiyang pangkat muskir kaurmatanipun inggih nglangkungi, tiyang alit manawi anyêbut dhatêng muskir kêdah mawi têmbung: dhèrflèti, jalaran muskir punika kaanggêp manungsa ingkang angsal kanugrahan, punapa malih manawi katarimah, lajêng sagêd jumênêng pêpatih agêng, aliya saking pangkat muskir punika, awis sangêt tiyang agêng Turki sagêd dumugi pangkat patih agêng wau.

Muskiring wadyabala militèr punika balanjanipun kawon agêng kalihan muskir mardika, wondene Muskir Isèd sêsêbutanipun: dhèrflèti, awit padamêlanipun anjagi sarta angulat-ulatakên solah bawaning para kangjêng-kangjêng pangeran ing praja Turki.

Ananging botên sabên muskir sêsêbutanipun dhèrflèti, wontên ugi ingkang angsal sêsêbutan: rêtbèi bala. Rêtbèi bala wontên kêkalih, satunggal angsal sêsêbutan: oktufèti, satunggal rutbèi urla, kêkalih punika tumrap tiyang alit kasêbut skadhètlên, kajawi punika wontên malih muskir asêsêbutan mutimayès, angsal jêjulukan: èpèndhim, mutimayès makatên manawi Eropahipun kados sami kalihan pangkat dhirèktur utawi insêpèktur kantor-kantor nagari.

Pangkat punika miturut gêgolonganing pangagêngipun piyambak-piyambak, kados ta: rêtbèi salige (pêperangan ingkang katiga), angsal nama jêjulukan: rifatuli (angluhurakên) wontên malih:

--- 4 : 602 ---

rêtbèi rabi (perangan ingkang kasakawan) angsal nama jêjulukan: pitufètli (ambêk darma utawi lêgawa).

Wondene manawi ingatasipun rèhing agami, ingkang apangkat agêng piyambak punika: Syèh Ul Islam, ambawahakên supêr-supêr gangsal golongan ing Sêtambul, ing kitha-kitha cuci,[6] ing Biladhê, ing Arbaa, ing Rumèli tuwin ing Anatoli.

Amangsuli Muskir Isèd ingkang kadadak kenging sakit padharan, lajêng kausung dhatêng kamar suwung saking dhawuhipun Kangjêng Pangeran Murad, wontên ngriku dipun têngga para abdi-abdinipun pangeran. Sasampuning kangjêng pangeran adhêdhawuh ambayang-bayang Muskir Isèd, kaparêng malêbêt ing kamar badhe sare, wungu sare, Pangeran Murad kasupèn dhatêng kawontênanipun muskir, nitih kareta tindak dhatêng dhatulayaning Pangeran Abdul Amid, namung parlu badhe pêpanggihan kemawon, kalanipun Pangeran Murad kasêgah dhahar kêmbul kalihan Pangeran Abdul Amid, Pangeran Murad sawêg èngêt dhatêng bab lêlampahanipun Muskir Isèd, amila inggih lajêng dipun pangandikakakên dhatêng Pangeran Abdul Amid. Wanci jam 12 dalu, Pangeran Murad sawêg kondur saking dalêmipun Pangeran Abdul Amid, dumugi ing dhatulaya lajêng anggoyang gêntha anelakakên bilih animbali dhumatêng abdinipun ingkang kinasih anama Eskam, badhe kadangu kadadosanipun [kadadosanipu...]

--- 4 : 603 ---

[...n] Muskir Isèd, ananging andadosakên ngungun sarta dêduka, dene ingkang sumiwi panjagi kamar tiyang sanès, dede Eskam.

Pengeran Murad: Êndi Si Eskam, dhèwèke kang tak undang.

Unjuking abdi enggal: Kawula nuwun, abdi dalêm pun Eskam botên wontên gusti.

Pangeran: Ora ana kene, mênyang ngêndi lungane Si Eskam.

Abdi enggal: Kawula nuwun, sasumêrêp kawula, punika wau dipun purugi Mukhamad Bèi, ananging dipun jak dhatêng pundi kawula kirang têrang.

Samirênging unjukipun abdi panjagi enggal punika, Kangjêng Pangeran Murad lajêng mangrêtos kemawon dhatêng pundi purugipun pun Eskam, awit Mukhamad Bèi makatên upsir pangagênging wadyabala panjagi kadhaton.

Pangeran: Kowe wong anyar kang didhawuhi ngladèni aku, jênêngmu sapa.

Abdi enggal: Kawula nuwun, nama kawula pun Mohamad, gusti.

Pangeran: Apa kowe wêruh, kapriye kadadeyane Si Muskir Isèd anggone nandhang lara.

Mohamad: Kawula nuwun, pamirêng kawula, Muskir Isèd kalajêng ngajal, sawêg lap kemawon. [kema...]

--- 4 : 604 ---

[...won.]

Pangeran: Mati? Si Isèd mati.

Mohamad: Kawula nuwun, nuwun inggih gusti, pêjah, mayitipun taksih wontên kamar lotènging dhatulaya dalêm.

Pangeran: Apa wong sajabaning dhatulayaku kene wis padha krungu patine Isèd iku.

Mohamad: Kawula nuwun, satunggal kalih inggih sampun wontên ingkang sumêrêp, kajawi makatên, sadaya abdi dalêm ingkang kapatah anglêladosi panjênêngan dalêm, ingkang sampun sami kalêbêt lami-lami, sami kawêdalakên, linintu para abdi dalêm ingkang sami enggal.

Pangeran: Rame-rame ing jaba iku apa?

Mohamad enggal mêdal jaranthalan saking kamaripun sang pangeran, botên dangu tumuntên wangsul nêmbah sarwi sujud.

Mohamad: Prikănca gêgolonganing para ngulama sami mêndhêt mayitipun Muskir Isèd, gusti.

Pangeran Murad: Dene padha têka cancut-cancut têmên, iku aku dhêmên, sapa sing dadi panggêdhening pangupakara.

Mohamad: Kawula nuwun, Imam piyambak, [piyamba...]

--- 4 : 605 ---

[...k,] gusti.

Pangeran: Têka Imam iku kêndêl bangêt, wani malêbu ing dalêmku.

Mohamad: Kawula nuwun, amargi wontên ingkang angirid.

Pangeran: Sapa sing ngirid malêbu?

Mohamad: Kawula nuwun, ingkang ngirid muskir enggal, gusti, inggih punika ingkang anggêntosi Muskir Isèd ingkang sampun mantuk dhatêng kalanggêngan.

Pangeran: Muskir anyar? Sapa jênênge.

Mohamad: Kawula nuwun, namanipun Khiosi, gusti.

Pangeran: Khiosi, mara undangên, aku arêp wêruh.

Mohamad sujud sarwi matur sandika lajêng mêdal, botên dangu Khiosi malêbêt ing kamar sirahipun konjêm ing siti.

Pangeran angandika: Apa kowe kang pinatah anjaga kadhatonku?

Khiosi: Kawula nuwun, nuwun inggih makatên, gusti, samantên wau bilih andadosakên kaparêngipun panggalih dalêm.

Pangeran: Sapa sing akon kowe têka ing dalêmku kene.

Khiosi: Kawula nuwun, abdi dalêm Muhkamad [Muhkama...]

--- 4 : 606 ---

[...d] Bèi, gusti.

Pangeran: Kowe arêp anjaga aku, kudu tak paringi sumurup dhisik, ana ing kene iki gaweane abot, manawa aku dhahar, kowe kudu andhèrèk madhang, lan kudu angicipi kabèh dhêdhaharaku kang arêp tak dhahar, amarga aku bangêt sujana lan kuwatir, bokmanawa ana wong sumêdya nglêboni racun marang aku diworake ing dhêdhaharaku, iku sing nglêbokake ora kêna ora mêsthi uwong kang sabăngsa kaya kowe mêngkono.

Muskir Khiosi: Kawula nuwun, pamirêng kawula saking cariyosipun têtiyang kathah, pêjahipun Muskir Isèd, jêjalaran sakitipun ingkang sampun sawatawis lami, dados botên saking prakawis sakit dadakan.

Pangeran: Apa kangjêng ratu agêng wus mirêng prakara matine Si Muskir Isèd.

Muskir Khiosi: Kawula nuwun, abdi dalêm kawula botên angsal pamirêngan bab pandangu dalêm punika.

Pangeran: Lah apa kowe sumup,[7] sababe apa punakawan-punakawanku sing lawas-lawas padha diwêtokake diijoli punakawan-punakawan anyar kabèh.

--- 4 : 607 ---

Muskir Khiosi: Kawula nuwun, pangintên kawula bokmanawi sami kagalih anyumêlangi.

Pangeran: Apa baturku panjaga kamar sing jênêng Eskam, iya dianggêp anyumêlangi mangkono?

Khiosi: Kawula nuwun, kados ugi botên sanèsipun, gusti.

Pangeran: Satêmêne bab owah-owahan iki bangêt andadèkake kurang rêna marang panggalihku, kowe sumurupa tak kandhani. Lah mara, kowe tak utus katêmu Muhkamad Bèi, warahên, sanadyan punakawanku sing akèh-akèh padha disalini, iya uwis, mung Eskam bae tak jaluk bali.

Muskir Khiosi mirêng dhawuh timbalanipun pangeran makatên wau tumungkul sarwi anjunjung pundhakipun.

Pangeran: Apa têgêse ngalamating pratingkahmu iku.

Khiosi: Kawula nuwun, kanthi susahing manah kawula ingkang tanpa pêpindhan, ing mangke kawula kapêksa kêdah munjuk ing panjênêngan dalêm, walèh-walèh punapa, abdi dalêm pun Eskam ... kaukum ... kaukuma ... pêjah.

Pangeran sangêt kagèt sarta lajêng ngandika: Diukum [Diu...]

--- 4 : 608 ---

[...kum] pati, Si Eskam wis mati dipatèni ing uwong, hêm.

Muskir Khiosi: Cêkakipun, bilih panjênêngan dalêm botên rêna dhumatêng para abdi-abdi dalêm enggal punika, panjênêngan kaparênga paring dhawuh kemawon, supados ing mangke lajêng dipun lintoni malih.

Pangeran angandika sêmu duka, pasêmonipun katingal andik, têmbungipun: Kowe enggal mêtua tak utus amartakake marang sakèhe wong jaban kadhaton, yèn Si Eskam iku têmên wong bêcik, salawase ngladèni aku dilakoni kalawan sêtya tuhu, durung tau nandhang dosa sarta cacad, luwih manèh prakara patine Muski Basèd,[8] Si Eskam ora magêpokan saluguting kolang-kaling, amarga matine Si Isèd mau, kêna racun panggawene dhewe, kang dipasangake marang aku, wusana angênani awake dhewe nganti mati, iku wus nêtêpi ing paribasan, sapa sing gawe jêjogangan kang nêdya digawe mitênah uwong, ora kêna ora awake dhewe mêsthi lumêbu dhisik ing jogangan kang dipasangake mau.

Khiosi: Kawula nuwun, punapa dhawuh dalêm badhe lajêng kawula lampahi sapunika.

--- 4 : 609 ---

Sasampuning matur makatên, Muskir Khiosi nêmbah sujud sarta lajêng mêdal saking kamaripun sang pangeran, wusana dupi lampahipun sawêg dumugi ing jawi kontên cakêt, katimbalan lajêng dipun paringi dhawuh.

Pangandikanipun Pangeran Murad: Sadurunge kowe mêtu jaba, kowe dhawuha marang bocah punakawan anyar, warahên angladèkake pangunjukaku wedang srêbat.

Khiosi: Kawula nuwun, nuwun inggih dhatêng sandika.

Khiosi têrus malampah, botên dangu lajêng wontên punakawan anama Mohamad, angladosakên pangunjukan srêbat kawadhahan gêlas kancana tumrap ing baki salaka, sarèhning pangeran karaos sangêt ngorong, amargi mêntas unjuk-unjukan anggur wontên dalêmipun Pangeran Amid wau, amila tumuntên ngasta sapit kancana kagêm mundhut is saprongkal kacêmplungakên ing srêbat, sarêng sampun sawatawis, srêbat kaunjuk kintên-kintên sapratigan gêlas, ananging tumuntên kasèlèhakên, awit srêbat punika raosipun dipun kênyam-kênyamakên beda kalihan adat sabên, saha sanalika wau Pangeran Murad lajêng kèngêtan aturing Nuripakah, awit saking punika pangunjukipun botên kalajêngakên, sanadyan makatêna, wantuning sampun kalêbêtan, saking ampuhing wisa ingkang kauwor salêbêting srêbat, sami sanalika [sa...]

--- 4 : 610 ---

[...nalika] sariranipun Pangeran Murad lajêng dados kêjêng, lidhah mangkêrêt, pangeran badhe ambêngok nimbali abdi kemawon sampun botên sagêd, suwantên êrak sêrêt, ewadene saking kêdah-kêdahipun badhe angsal pitulung, pangeran ngetog karosan ambêngok sakayangipun, makatên pambêngokipun: Adhuh, Eskam, mrenea rikat, aku mati, tulung, tulung Eskam tulung, rikat ngundanga dhoktêr wong băngsa Grik, aku mati, srêba ...t, ana ra ..., nanging pambêngok punika tanpa damêl, botên pisan-pisan sagêda kamirêngan dhatêng para punakawan, awit jangganipun pangeran prasasat kados tinêkak, dados suwantênipun namung kados tiyang abêbisik kemawon, tur bêbisik saking katêbihan.

Pangeran Murad sakêdhap lajêng dhawah gumêbrug ing jobin pindha kendhang yitmanipun, asta, sampeyan tuwin sarira kakên akêjêng, kados angganipun têtiyang ingkang kataman ing sawan bangke, paningalipun mêrêm ngringin, saèstu yèn sampun botên beda kalihan tiyang pêjah, namung kaot kêkêtêking jaja dèrèng kèndêl.

__________

Bab Kaping 16.

Kangjêng Sultan Amanggihi Nabi Èstri.

Amangsuli cariyos bab kawontênanipun pangeran [pangera...]

--- 4 : 611 ---

[...n] Yusup, ing nalika anampèni sêrat dhawuh karampunganipun ingkang rama kangjêng sultan wau anglês ing galih sampun botên susah kacariyos malih, dene sayêktosipun botên nyana pisan-pisan manawi panjênênganipun lajêng anampèni punis kisas makatên.

Kalanipun sang pangeran lênggah ing kamar dipun adhêp dhatêng Hasan piyambak, sang pangeran sakêdhap netra guwayanipun kawuryan sumringah angêgèt-êgèti, ngantos andadosakên malêngakipun Hasan, amargi sadangunipun nampèni sêrat dhawuh wau guwaya katingal pucêt, saya adamêl wêwahing pangungun sarêng Hasan tanganipun kaasta sang pangeran sarwi ngandika.

Pangandikanipun sang pangeran: Hasan, mung kari ana saprakara bae kang dadi pangèsthining ati kabungahaku, iya iku: ing sadurunge aku nglakoni paukuman pati, sing tak suwun marang Gusti Allah, muga aku pinarêngake bisa andulu wujude Resiyah sapisan êngkas bae, wis iku bae cukup anglakoni ukuman kalawan eklas, ora mayang tumolih.

Mirêng pangandikaning pangeran makatên punika Hasan anjêginggat kagèt sangêt, wusana lajêng matur: Punapa, ukum kisas, gusti, kauningana, panjênêngan dalêm botên kenging seda.

Rampung wicantênipun, Hasan ngadêg nyad tanpa pamit lajêng [la...]

--- 4 : 612 ---

[...jêng] mêdal saking kamaring gusti, tingkahipun kados tiyang ingkang ewah datipun ing sanalika.

Pangeran sangêt kagèt lajêng animbali: Mênyang ngêndi Hasan mitraku, mênyang ngêndi, balia, aja lunga. ...

Hasan anggênjrèt botên tolèh wingking, sarêng dumugi sajawining kontên kamar malah lajêng lumajêng makatên ugi kangjêng pangeran, ngantos jumênêng anututi, nanging pangeran dumugi kontên, Hasan sampun botên katingal.

Hasan saking kamaripun pangeran wau, kalihan ambêk pêjah sowan dhatêng kadhaton kamar panyêratan dalêm kangjêng sultan, saking anggèning angênêp kanêpson, cahyanipun Hasan sanalika punika sakalangkung pucêt. Sadumugining kantor panyêratan dalêm, sarèhning para băngsa ruhur sampun anguningani, bilih Hasan punika ajudaning putra dalêm ingkang pambajêng, dados botên wontên ingkang angarubiru lêbêtipun, amargi ajudaning putra dalêm pambajêng pancèn kenging sowan ing kantor panyêratanipun ingkang sinuhun sultan.

Mênggah kapurunanipun Hasan saijap-ijap punika, katarik saking karampungan ingkang kaêmban ing pangulupura dhumawah Kangjêng Pangeran Yusup, punika panganggêpipun Hasan, punis ingkang botên apsah, pundi wontên putra ingkang dipun trêsnani sangêt [sa...]

--- 4 : 613 ---

[...ngêt] dipun ukum kisas, punapa baya ing wingking botên badhe piduwung, awit saking punika lêbêtipun Hasan tanpa matur dhatêng para pêpatih sarta para ajud dalêm kangjêng sultan, ciptanipun suka lila dados lêlintuning pangeran, utawi kabelakakên kaukum kisas, anggêripun sampun sagêd munjuk ing kangjêng sultan.

Sasampunipun Hasan dumugi salêbêting kamar, enggal sujud angrungkêbi sampeyan dalêm kangjêng sultan, andadosakên kampita sarta lajêng andangu.

Kangjêng sultan: Lah, iki têka kaya ajudane Si Yusup, cara apa kowe kumawani malêbu kene tanpa nyuwun palilah, gèk apa bae sing kotohake ing kadiksuranmu.

Hasan munjuk tètèh têtela nêdahakên ing wantêripun, ananging katitik bilih ngandhut prihatos agêng: Kawula nuwun, nyawa kawula ingkang minăngka tohing kalêpatan kawula, gusti, mila abdi dalêm kawula kalampahan sagêd dumugi wontên ing saandhap sampeyan dalêm tanpa mawi canthèl unjuk rumiyin.

Sang prabu malênggong sangêt midhangêt unjuk makatên punika, amargi wiwit jumênêng ngantos dumugi ing dintên pisowanipun Hasan wau, sayêktosipun dèrèng nate amrangguli wontên abdi dalêm ingkang gadhah kakêndêlan kados makatên, inggih kajawi sapisan sawêg [sawê...]

--- 4 : 614 ---

[...g] pun Hasan Bèi punika. Wondene pun Hasan, sagêdhagan wau wujudipun pancèn inggih katingal tanpa lirip sayêktos, dados ingatasing pêjahipun botên pisan dipun praduli, awit saking punika sang nata ngantos kados sumlêngêrên amirsani ingkang tansah sumungkêm ing pada.

Sang nata andangu: He, bèi, apa kowe durung wêruh tata utawa carane wong kang arêp seba ing ngarsaku?

Hasan andêngèngèk nêmbah lajêng munjuk: Kawula nuwun, sang ratu agung binathara, mugi andadosakên kauningan dalêm, punapa ingkang kadadosan sakêdhèping netra punika, sayêktosipun angicalakên sakathahing tata ngadat saha pikiran, Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa ingkang angudanèni sadaya lêlampahan. Kawula nuwun, kalihan asmaning Pangeran ingkang sipat mirah saha asih, kawula badhe munjuk ing saandhap sampeyan dalêm, awit saking punika sampeyan dalêm ratu kawula ingkang agung saha binathara, mugi kaparênga amidhangêtakên, kawula nuwun, wiyosing dhawuh timbalan dalêm karampungan, ingkang kadhawahakên ing putra dalêm, punika sangêt angebat-ebati, sanès pakarti ngadil salêrêsipun.

--- 4 : 615 ---

Kangjêng sultan: Aku ngêrti, biyèn Si Yusup wis tau nyuwunake pangapura marang kowe lan kancamu loro supaya luputa saka ukum pati, awit saka iku ing mêngko kowe arêp malês, nyuwunake pangapura gênti, harak mêngkono?

Hasan munjuk kalihan botên wangwang: Kawula nuwun, kawula botên niyat badhe darbe unjuk anyênyuwun, namung ngunjukakên pêpèngêt, mugi-mugi ingkang sinuhun kaparênga ngidaki ngadil, wiyosing dhawuh karampungan dalêm punika lêpat, botên dhumawah dhumatêng ingkang darbe dosa, putra dalêm sayêktosipun botên lêpat, dene ingkang lêpat punika, kawula, mila kawula kemawon kaukuma kisas, putra dalêm kawula suwun batalipun saking pidana.

Kangjêng sultan: Kowe mèlu nglakoni dosa utawa ora, iku aku ora parlu golèk sêsurupan, mung dêdukaku marang Si Yusup awit dhèwèke kang disêrêg ing wong, mulane dhèwèke kang bakal tak ukum, sarta punisku wus kabanjur tak dhawuhake.

Hasan: He, gusti ratu kawula, mugi-mugi panjênêngan dalêm lajêng kaparênga ambatalakên dhawuh punis wau, botên prayogi wusananipun,

--- 4 : 616 ---

awit bilih sampun dipun lampahi botên kenging wangsul, sintên ingkang piduwung ing têmbe.

Sang prabu: He, Hasan Bèi, ... .

Hasan Bèi: O, kawula gusti, kawula sampun saèstu bilih pêjah, punika pancèn sampun kawula kajêngakên, sanadyan pêjah makatên sapisan rampung, botên kenging dipun ambali kaping kalih, ananging botên dados punapa, anggêripun unjuk kawula sampun sagêd konjuk ing saandhap sampeyan dalêm, wondening unjuk kawula botên wontên malih, mawantu-wantu, mugi pajênêngan dalêm anglunturakên sih kawilasan dhumatêng roh dalêm ingkang sampun mawujud punika.

Sang prabu: Dadi têgêse apa kowe iki arêp angelingake katrêsnaning bapa marang anak kang dikasihi, apa ngono.

Hasan Bèi: Lah inggih kadospunapa kemawon kumêsar saha ngêrêsing manah, sanèsipun sampeyan dalêm, badhe anguningani sumêmburing êrah mêdal saking sariraning putra ingkang salaminipun tansah kumantil-kantil ing jêjantung, abdi dalêm kawula ingkang dèrèng angraosakên anak-anak kemawon, sabên angèngêti bab punika wulu kawula ing badan sakojur lajêng mêngkarag, punapa ingkang botên [botê...]

--- 4 : 617 ---

[...n] anjêgrig saha dhêg-dhêgan kados manah kula punika panggalih ingkang minulya sarta utami? Hêm, ngeram-eramakên sayêktos, dene wontên satunggaling băngsa ruhur ingkang ambêk utami, uninga ing lêrês lêpat, anindakakên pakarti sae paring pitulungan angluwari tiyang kinaniaya tanpa dosa, tundonipun angsal paukuman, tur paukuman kisas saking ingkang rama, ingkang tanpa pêpariksan namung anggêga ujar wara wêwaduling tiyang gêthing, dhuh, mêmêlas sangêt, gusti, mugi sampun saèstu kapatrapakên karampungan dalêm ingkang ngebat-ebati nyêbal saking lêrês punika. Ing jaman kina, nagari Prusi wontên nata binathara, badhe amidana ingkang putra pangeran adipati anom, kalêpatan saking anglampahi tindaking tiyang ingkang kêlimrah dipun lampahi dhumatêng sakathahing para neneman, wusana lajêng wontên satunggaling punggawa sudibya ingkang sangêt pinitados sumiwi angunjukakên atur pamrayogi, sarèhning kalanipun pangeran adipati anindakakên pakarti ngantos badhe katrap pidana wau wontên sakuthunipun, inggih punika mantri anama Kate, amila pancènipun pun Kate punika kemawon pinidanaa [pi...]

--- 4 : 618 ---

[...nidanaa] kisas dadosa korbanipun ingkang putra pangeran adipati, têmahanipun, unjuking punggawa makatên wau dipun dhahar dhumatêng sang nata ing Prusi, ingkang putra botên saèstu pinidana kisas, angêmungakên mantri pun Kate kemawon ingkang dipun ukum pêjah, lêstantun tanpa kara-kara, dumugi sasurud dalêm Sri Bagendha Maha Raja Prusi, ingkang putra pangeran adipati lajêng sumilih ing kaprabon ajêjuluk Sang Prabu Frèdêrik Dhê Grutê ratu agung ing praja Prusi. Makatên: Gusti, ngadilipun ratu binathara ing jagad, taksih kaparêng andhahar unjuking punggawa, ing wêkasan inggih sae botên amanggih piduwung. Kawula nuwun, manawi andadosakên kaparênging panggalih dalêm, panjênêngan dalêm mugi anglunturna sih kawilasan, karsa ngagêm têtuladan panggalihanipun Raja Prusi punika kemawon, dene ingkang minăngka mantri Kate: kawula, dadosa lêlintunipun putra dalêm, sumăngga lajêng kadhawuhna angisas dhumatêng kawula, kalihan eklasing manah ing donya ngakir kawula anglampahi paukuman pêjah punika, anggêripun putra dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Yusun[9] lêstantun sugêng.

Mênggah lêlampahan kados lêlampahanipun Hasan [Ha...]

--- 4 : 619 ---

[...san] punika, sayêktosipun, wiwit nagari Turki dumados, inggih sawêg sapisan thil pun Hasan punika, wontên tiyang wani munjuk ing Sultan Turki sok gêlogok makatên, sarta inggih sawêg sapisan thil punika, sultan ing Turki midhangêt unjuking mantri tur taksih apangkat alit, ngantos rumaos dahat trênyuhing panggalih, amila kangjêng sultan tigang pandurat alêgêg tanpa ngandika.

Hasan lajêng munjuk malih: Sumăngga, gusti, tumuntên kaparênga animbali jendral tindhihing wadya panjagi pura, salajêngipun ingandikakna anuwêg dhadha kawula sarana sangkuhing sanjata, kawula sakalangkung eklas suka lila, kalihan mèsêm kanthi angucap sukur salêbêting sakaratil maut, anggêr kalanipun kawula tinuwêg, talingan kawula mirêng ujaring tiyang bilih putra dalêm sampun angsal pangapuntên luwar botên saèstu badhe katrap ing pidana, saya sèwu sukur kawula, bilih pamirêng wau kawahya saking pangandika dalêm piyambak.

Satêlasing ngunjukipun Hasan Bèi, sultan katingal sêmu piduwung, awit lajêng kagungan panggraita, bilih karampungan ingkang kadhawuhakên dhumatêng ingkang putra wau saking sawêg sangêting anawung bêndu, dados dede karampungan ingkang mawi têtimbangan wêning.

Sultan angandika: He, Hasan, kuwanènmu

--- 4 : 620 ---

iki anelakake manawa kang kounjukake ing ngarsaku bênêr kabèh. Sawijining pagaweyan kang salawase jagad dumadi durung tau dilakoni ing manungsa, samêngko kolakoni kanggo mitulungi umure Si Yusup, iku awit saka trêsna lan wêlasmu marang dhèwèke mung diksura lan murang tatamu iki kang ora pantês anampani pangapura.

Hasan Bèi: Dhuh, sukur ing Gusti Allah, kawula ing mangke sagêd angajêng-ajêng sugêngipun Pangeran Yusup, pamuji kawula kamirahan dalêm dhumawaha ing putra dalêm sadaya, abdi dalêm botên kapengin kacipratan satètèsing êbun, anggêr putra dalêm sampun botên wontên sakara-kara, sampun cêkap, kawula namung angajêng-ajêng paukuman pêjah ingkang kawula anggêp kamulyan kawula, gusti.

Sanalika punika sang nata kados amanggih raos enggal salêbêting galih, jalaran salaminipun jumênêng sultan ing nagari Sêtambul, dèrèng nate kangjêng sultan anguningani utawi midhangêt pawartos, wontên tiyang ingkang kêndêl saha pratitisipun kados Hasan makatên, amila wêwangsoning panggalih sakala wau, sayêktine, panjênêngan ingsun pancèn parlu bangêt kagungan punggawa kang kaya mangkene kuwantêrane, karana panjênêngan ingsun iki sugih mungsuh.

--- 4 : 621 ---

Kangjêng sultan angandika: He, Hasan Bèi, wis tangia saka ing sikilku, aku bakal mitongtonake sawijining têtuladan kang luwih bêcik lan kamurahaku, ananging ora mung marang Si Yusup bae, iya marang kowe uga. Sumurupa, mungguh anggonmu murang tata, wani malêbu ing kamar panulisaku tanpa palarapan, iku tak paringi pangapura, kajaba iku aku anglastarèkake apa kang dadi panyuwunmu, saiki Si Yusup tak paringi pangapura luwar ora sida kaukum pati, mung kowe bae sarèhning wus dadi dhanganing atimu dhewe anyulihi Si Yusup, marmane mêngko bêngi paukuman iku tampanana, banjur tak têlasi.

Hasan katingal lêga nêmbah sarwi amunjuk: Sukur, sukur sèwu sukur, gusti, ing mangke abdi dalêm kawula rumaos bêgja kêmayangan tanpa timbangan, dene pangèsthining manah kawula ingkang sakalangkung agêng salêbêting mêngku gêsang, sagêd kasêmbadan ing Gusti Allah, sukur, sukur, sukur ing Gusti Allah kaping kalih ing rasulullah kaping tiga ing sampeyan dalêm.

Sultan: Iya wis mundura, sowana daramu lan matura, yèn awake saiki wis tak paringi pangapura, luwar saka paukuman pati, nanging [na...]

--- 4 : 622 ---

[...nging] janji, daramu aja kongsi mrene anjalukake pangapura marang kowe, măngka sadurunge tumêka dina sesuk-esuk bêndaramu sowan aku, iku Yusup sida tak ukum, kowe iya bacut kêna ukum kisas, sumurupa, mula yèn kowe angèsthi urip ing gustimu, mêngko bêngi sawusing wayah jam 9, kowe banjur têkaa dhewe kene anampani paukuman kang wus koarêpake.

Hasan sujud katingal bingah sarwi munjuk: Kawula nuwun, nuwun sandika, sadaya dhawuh dalêm kawula èstokakên kalihan sêtya tuhu.

Sarampunging unjukipun, Hasan lajêng lèngsèr saking ngarsa dalêm kangjêng sultan kanthi bingah ingkang tanpa upami, sanadyan mangke dalu badhe dipun têlasi, punika botên dados pikiran, ingkang dipun gagas namung bêgjanipun dene sagêd angluwari Pangeran Yusup saking pidana kisas, lampahipun Hasan tansah pinandêng ing kangjêng sultan, sarta salêbêting nyawang punika, sultan sangêt asih dhatêng Hasan, dene wontên tiyang mantêp kados makatên.

Wondene Hasan Bèi punika wêdalan ing kitha Sirkasi, dhatêngipun ing kitha Sêtambul parlu lumêbêt ing pawiyatan militèr, sagêdipun katampèn, dipun rencangi kangelan, rêkaos sarta anandhang

--- 4 : 623 ---

kasusahan matumpa-tumpa, lami-lami katarik saking antêp sarta wêkêlipun, têmahan katarimah ngantos sagêd dados upsir, namung sadèrèngipun malêbêt ing pamulangan militèr, miturut grênênging têtiyang kathah ingkang sampun sami sumêrêp, Hasan punika kacriyos panggêsanganipun dados tiyang dagang têtiyang jalêr calon suldhadhu. Tumrap nagari sajawining jajahan tanah Turki, tiyang dagang manusa punika winastan awon-awoning padamêlan, ananging sarêng ing Turki makatên punika sampun limrah, dados inggih botên kawical punapa-punapa, sami ugi kalihan dados balantik kemawon.

Amangsuli kawantêranipun Hasan ingkang angedap-edapakên wau, sanalika sagêd anarik asih saha owêling panggalih dalêm tumrap dhatêng awakipun, pangunandikanipun Sang Prabu Abdul Asis: Bèi kang kaya Si Hasan iku, patut bangêt kasariraa ing panjênênganing ratu kaya aku.

Saya dangu panggagas dalêm, katrêsnaning panggalih dalêm sang prabu dhatêng Hasan sangsaya cumithak, saha awit saking pakartinipun Hasan ingkang mêntas dipun lampahi wau, kangjêng sultan lajêng kagungan raos trêsna tuwin wêlas sangêt dhumatêng ingkang putra Pangeran Yusup, bêbêndunipun ingkang tanpa pêpindhan sirna sami sanalika, saya malih sarêng kangjêng sultan angèngêti unjukipun Hasan ingkang makatên: Lah inggih kadospunapa [kadospuna...]

--- 4 : 624 ---

[...pa] kemawon was kumêsar saha ngêrêsing manah, sanèsipun sampeyan dalêm, badhe anguningani sumêmburing êrah mêdal saking sariraning putra ingkang salaminipun tansah kumantil-kantil ing jêjantung ... dumugi salajêngipun, punika panggalih dalêm kangjêng sultan ngantos angraos lingsêm sangêt, dene panjênêngan nata kalipatullah, mèh kemawon angêcakakên paukuman siya-siya namung katarik saking arda wêwaduling tiyang gêthing.

Panjang-panjanging panggagas, sadaya unjukipun Hasan kacathêt botên wontên ingkang nalisir, amila têlêbing trêsna tuwin owêlipun dhatêng Hasan sanadyan sawêg sagêbyaring kilat, sampun angèl sirnanipun, têmahan sakala wau sang prabu malik cipta lajêng dados gêthing anjêring dhatêng Syèh Ul Islam, kawêwahan lajêng èngêt anggènipun êru kalihan ingkang ibu, ngantos sawatawis dintên botên karsa apêpanggihan, punika inggih saking pangabên-abênipun Syèh Ul Islam, dadak ing mangke anggêgosok malih kanthi têmbung arum manis ngantos kangjêng sultan andhawuhakên karampungan kisas tumrap putra ingkang dipun trêsnani sangêt, dados têtela Syèh Ul Islam wau namung sumêdya adamêl risak tumrap panjênêngan dalêm nata, wêwangsonipun panggalih dalêm kangjêng sultan: Lah, apa dosane anakku Si Yusup, dene ora kira-kira timên panginggit-inggite Syèh Ul Islam.

--- 4 : 625 ---

Upami tiyanga lumampah, Sultan Abdul Asis ing mangke sampun wangsul saking kêsasar, punika saking ambêk kasudiranipun Hasan ingkang anuntun, saupami botên wontên Hasan Bèi, karampungan siya-siya wau sampun saèstu bilih kalampahan, amila asih sarta pitadosipun kangjêng sulta dhatêng Hasan sagêdhagan wau prasasat dipun kêtog, punapa malih sanalika punika, sang prabu sampun anamtokakên karampungan tumrap badanipun Hasan Bèi, ananging Hasan Bèi botên pisan-pisan angrumaosi.

Saunduripun saking ngarsa dalêm sang prabu, Hasan kalihan girang gumuyu wangsul dhatêng kamaripun Kangjêng Pangeran Yusup, manahipun amarwata suta angungkuli senapati mêntas unggul ing jurit, sadumugining kamar, Hasan angrangkul walikating gusti katingal asih trêsnanipun.

Hasan umatur kalihan bingah sangêt: Panjênêngan dalêm tampi pangaksama saking rama dalêm, gusti, botên saèstu pinidana kisas, ugi botên tampi pidana sanès-sanèsipun, karampungan punis kadamêl batal, ing mangke padamêlan kawula sampun rampung.

Pangeran: Antuk pangaksama saka pitulunging mitra darma kang utama, dhuh bangêt sukurku ing Gusti Allah lan tarima kasihku marang kowe Hasan, awit saka iku, aku banjur arêp [a...]

--- 4 : 626 ---

[...rêp] sowan ing kangjêng rama, angunjukake gunging panuwun pamundhiku, kangjêng rama paring pangaksama sadosa-dosaku.

Hasan matur sarwi gumuyu nelakakên bingahing manahipun: Punika prayogi sangêt, gusti, nanging sampun sowan sapunika, benjing enjing kemawon, rama dalêm kala wau sampun paring dhawuh dhumatêng kawula, sadèrèngipun dumugi ing dintên benjing enjing, rama dalêm botên kaparêng anampèni pisowan dalêm.

Sakathahing para ruhur ing kadhaton, ingkang sami sumêrêp kadospundi mênggah karampunganing prakawisipun Hasan, punika kala nguningani wêdalipun Hasan saking kamar panyêratanipun kangjêng sultan, sadaya sami malêngak akanthi ngungun, dene tiyang sampun gênah cêtha awela-wela mangke dalu badhe nampèni pidana kisas makatên, têka ulatipun ambrêngangang botên ewah, sarta bingahipun pindha tiyang ingkang nampèni ganjaran arta kathah, putri ayu tuwin minggah pangkat. Inggih bingahipun, tiyang sagêd reka-reka supados dipun tarkaa agêng manahipun, wangsul brênganganging guwaya punapa inggih kenging dipun damêl, punika ingkang anggawokakên para ajudan dalêm kangjêng sultan saha para pêpatih dalêm, wusana lajêng sami rumaos botên andungkap tuwin angalêmbana bilih Hasan [Ha...]

--- 4 : 627 ---

[...san] punika sanyata tiyang gêgambèn sayêktos.

Amangsuli Pangeran Yusup, ing nalika dipun aturi Hasan, sampun ngantos sowan ingkang rama sami sakala wau, inggih andhahar, namung Pangeran Yusup lajêng andangu, kadospundi unjukipun ing kangjêng sultan kala nyuwunakên pangapuntên panjênênganipun.

Pangeran Yusup: Coba Hasan, aku wartanana, kapriye anggonmu munjuk ing kangjêng rama, dene kangjêng rama nganti kalakon bisa lilih dêdukane ngangsi aku tămpa pangaksama crucut saka pidana pati, amarga dhèk kowe mangkat saka kene mau, atiku maras bangêt angrasakake kowe gèk nganti nêmu bilai, kaya apa ta gêtun piduwung lan susahku.

Hasan umatur sarwi gumuyu: Parlu punapa panjênêngan dalêm andangu prakawis ingkang sampun rampung wilujêng, anggêr panjênêngan dalêm sampun kêsugêngan, sampun, kawula bingah sangêt.

Pangeran: Ora, ah, aku kandhanana, mêngko gèk, ... kalawan dadakan sajroning atiku kok mandhak duwe kira-kira kang ora kapenak, dening katarik anyumurupi solah bawa lan bungahmu iki. Satêmêne salawase aku koladèni, aku durung tau wêruh, kowe bungah nganti

--- 4 : 628 ---

lakak-lakak kaya ngene, mulane gêlêm ora gêlêma kowe tak jiyad banjur tutura satêmêne. Ana apa.

Hasan: Biyah, kêkathahên panggalih timên panjêngan dalêm punika, botên wontên punapa-punapa, inggih kajawi namung bingah-bingah lugu dene panjênêngan dalêm sagêd anampèni pangaksama, têka wontên sabab sanès botên, kadospundi anggèn kawula botên bingah langkung saking ngêkat, darbe gusti pancèn seda, dados botên, kaot sapintên kalihan dipun tilar seda ing gusti ananging lajêng wungu malih, makatên gusti, ingkang anjalari bingah kawula langkung saking adat sabên punika, dados botên punapa-punapa, e, kalihan mangke dalu jam-jam sanga, abdi dalêm kawula nyuwun pamit, panjênêngan dalêm kaparênga kawula tilar.

Pangeran: Aku arêp kotinggal? Kotinggal lunga mênyang ngêndi.

Hasan: Botên dangu, gusti, namung sakêdhap kemawon, parlu sowan ing ngabyantara rama dalêm, miturut dhawuh dalêm sampeyan dalêm kangjêng sultan ingkang kadhawuhakên dhumatêng kawula kala wau.

Pangeran ngandika èsmu kagèt: He Hasan,

--- 4 : 629 ---

aku duwe pangira sing ngebat-ebati tumrap kowe, mula prasajaa, kowe mau munjuk kapriye marang kangjêng rama mungguhing aku.

Hasan: Ah, panjênêngan dalêm punika têka tansah andhêdhês-dhêdhês kemawon, wau kawula sampun matur, botên munjuk punapa-punapa ing kangjêng rama dalêm, kajawi ngunjukakên rêmbag ingkang kawula anggêp pantês saha ingkang kawula anggêp dados kuwajiban kawula, sanèsipun sampun botên, dados namung unjuk lêrês, botên mokal-mokal, panjênêngan dalêm sampun sandeya saha susah ing panggalih.

Pangeran: Nanging kowe ing mêngko arêp ninggal aku miturut dhawuh dalêm kangjêng rama, iku wis mêsthi ana nalar sing wadi lan ora niyat koaturake marang aku, harak iya, ta. O, iku aja Hasan, aku kandhanana, parlune apa, kapriye.

Hasan: E, ngêdêr bae, yêktos gusti, panggalih dalêm sampun kuwatos, botên, botên, botên wontên punapa-punapa, kalihdene malih panjênêngan dalêm punika punapa botên mariksani guwaya kawula, sumăngga, saupami angandhut prakawis ingkang damêl mirising manah punapa sagêd [sagê...]

--- 4 : 630 ---

[...d] bingah tansah lèkèk-lèkèk makatên, harak botên.

Pangeran: Hêm, aku ora mudhêng bangêt, Hasan, dene rasaning atiku anyulayani bangêt karo kandhamu kabèh, saupama kowe amadi prakara kang uwis kolakoni lan kang durung kolakoni, iku aku ora bisa wêruh, ananging krêntêking atiku iki têka pijêr tutur-tutur bae, yèn mêsthi ana nalar apa-apa kang agawe mirisku bangêt, iku apa sababe, êmbuh aku ora andungkap.

Satêlasing pangandika, pangeran kawistara ing nitya anjêgrêg èsmu prihatos, andadosakên sulêg tumrap manahipun Hasan, mila sanalika Hasan lajêng anggrenda manah nyoba matur-matur ingkang dipun kintên sagêd dados panglipur tumrap sungkawaning pangeran, inggih punika lajêng andongèng ngandharakên lêlampahan kasangsayanipun Resiyah, sarèhning Pangeran Yusup pancèn kasmaran sayêktos dhatêng Resiyah, ngantos kagungan panggalih badhe ngupadosi ing pundia pasênêtanipun murih sagêda anguningani wujudipun sapisan êngkas kemamewon,[10] măngka lajêng dipun bukani dening gotèkipun Hasan, mila sanalika inggih lajêng kasupèn dhatêng panggalihan sanès-sanèsipun, saindênging cipta tumpêk blêg dhumatêng Resiyah

--- 4 : 631 ---

ingkang katingal gawang-gawangan, prakawis badhe katilar Hasan, plêng sampun botên kèngêta sakêdhik-kêdhika, ananging sarêng saya dangu anggènipun lêlênggahan, wancinipun sangsaya sontên, dangu-dangu sêrap surya, têmahan angancik dalu ing wanci ingkang sampun katamtokakên, awit saking punika Hasan lajêng amuntu cipta ambundêrakên tekad, murih punapa barang ingkang badhe dipun lampahi, botên kawadaka ing Pangeran Yusup.

Hasan rewa-rewa kagèt kados botên nyana bilih sampun dalu, lajêng matur: Gusti, kantuna sugêng, kawula lajêng badhe wangsul sumiwi ing ngabyantara rama dalêm.

Pangeran sakalangkung kagèt èngêt prakawisipun Hasan malih, tumuntên angandika: Hasan, apa aku bakal ora andulu marang kowe manèh.

Hasan matur angangkah sagêda sang pangeran suka ing panggalih: Botên gusti, sakêdhap kawula mangke rak lajêng sowan ing ngarsa dalêm malih, bilih sampun mundur saking ngarsanipun rama dalêm.

Pangeran: Sabab apa anggonmu pamit beda karo adat sabên, nganggo muni: kantuna sugêng, iku agawe kurang sênêng tumraping aku, mula aku ing saiki sudhing kèri, mênyanga ngêndi paranmu, aku mèlu.

--- 4 : 632 ---

Hasan: O, punika botên kenging, gusti, wau kawula harak sampun matur, sadèrèngipun dumugi dintên benjing enjing, rama dalêm botên karsa anampèni pisowan panjênêngan dalêm. Awit saking punika sampun mawi was sumêlang, panjênêngan dalêm alitipun kawula, harak sami tinitah tiyang jalêr, ingkang sayogi kêdah botên ajrih dhatêng wujuding bêbaya ingkang ginantungakên tumraping badanipun, sanadya warnia punapa kemawon, amargi bilih botên wontên cihnaning kasêtyan kawula ingkang lumèngkèt ing panjênêngan dalêm, ing ngriku sampun saèstu botên badhe wontên punapa-punapa, mila botên kenging botên, kawula sapunika inggih kêdah pangkat, botên langkung mugi wontêna lunturing sih pangaksama dalêm kemawon ingkang agêng, dene kawula kapêksa nilar panjênêngan dalêm, saha bab nilar punika sampun botên kenging ewah, kêdah kalampahan. Sapisan êngkas kawula matur: kantuna sugêng.

Pangeran: Ah, kowe mêsthi ora bali mrene manèh Hasan, atiku kăndha mêngkono mênyang aku.

Hasan: Makatên punika namung katarik saking gênging sih dalêm dhumatêng kawula, gusti.

--- 4 : 633 ---

Pangeran: Lan uga awit sihing Allah marang kowe, mulane kowe banjur matura, lan kowe aja sida lunga, Hasan.

Hasan malumpat saking ênggènipun linggih angrangkul sang pangeran, amithing-mithing sarwi angambungi kados pakartining tiyang ewah, dene pangeran animbangi amêluk dhatêng guluning Hasan, sarêng anggènipun amêmithing sampun katog, Hasan tumuntên nguculakên pangrangkulipun kalihan amêksa, astanipun pangeran ingkang amêluk ing gulunipun dipun udhari kalihan dipun cêngkah, sarêng sampun uwal Hasan tumuntên malajêng mêdal botên tolèh wingking, Pangeran Yusup trangginas anututi, nanging Hasan sampun botên katingal, lampahipun gêgancangan, ciptanipun daya-daya dumugia ing ngabyantara dalêm kangjêng sultan, lajêng anampèni pidana ingkang sampun dipun dhadhani.

Antawis sajam kalihan lèngsèripun Hasan, wontên tiyang abdi dalêm salêbêting kadhaton dhatêng ing ngarsanipun Pangeran Yusup, parlu ngaturi wuninga manawi ing mangke kangjêng pangeran sampun luwar saking pidana kisas, dening Hasan sampun amasrahakên badan kadugi minăngka lêlintu.

Kados punapa kumêpyuring galih kalanipun pangeran midhangêt atur pawartos punika, angèl dipun upamèkakên, tumrap tiyang dipun têbak sima lêpat, taksih tumratap galihipun Pangeran Yusup [Yu...]

--- 4 : 634 ---

[...sup] nalika mirêng atur pawartosing abdi dalêm ing kadhaton punika, mila sanalika sang pangeran ngadêg nyad tindak badhe sumiwi ing kangjêng sultan, sêdyaning galih badhe nyuwunakên pangapuntên dhatêng Hasan, dene botên kaparêng, tekadipun pangeran namung badhe anarik kasanggupanipun Hasan amasrahakên supados paukuman kisas saèstu katindakna tumrap ing sariranipun, amargi ingkang dosa punika dede Hasan, panjênênganipun sang pangeran, nanging sadumugining kontên, pangeran botên sagêd lajêng malêbêt, amargi kontên-kontên sampun katutup sadaya, sarta para panjagi sampun sami tampi dhawuh, bilih pangeran katingal badhe malêbêt kadhawuhan mangsulakên, sadèrèngipun dumugi benjing enjing, pangeran botên kalilan sumiwi ing ngabyantara dalêm kangjêng sultan. Awit saking punika pangeran lajêng wangsul kondur kanthi angăngga-ăngga sarta muwun, dumugi ing dalêm andhawah ing pasareyan angungkêp-ungkêp anutuh sarira, rumaos katuhon sangêt dene dalah prakawis pêjah inggih mêksa dipun sangkul dhumatêng Hasan, gèk punapa ingkang kagêm wêwalês, sarta kadospundi patraping pamalês, manawi Hasan sampun kalajêng pêjah, makatên sumpêking galihipun sang pangeran.

Amangsuli sumiwinipun Hasan wau, sadumugining jawi kamar kapanggih para băngsa ruhur ingkang sami sowan, [sowa...]

--- 4 : 635 ---

[...n,] lajêng dipun pêthukakên kalihan satunggaling ajudan dalêm kangjêng sultan, Hasan dipun paringi sumêrêp, atas saking dhawuh dalêm, Hasan ingandikakakên santun pangangge grutni (pameran satataning militèr) bilih sampun lajêng kadhawuhan malêbêt kamar sumiwi ing sang prabu.

Mênggah dhêdhawuhan makatên punika sajêgipun dèrèng nate wontên, mila adamêl cingak sarta pangunguning para prayagung ruhur ingkang sami mirêng, langkung malih tumrap Hasan, inggih saya botên mudhêng, dene tiyang namung badhe nglampahi paukuman pêjah kemawon dadak kadhawuhan mangangge pameran, ewa samantên Hasan inggih botên suwala, enggal-enggal kengkenan mêndhêt sandhangan pameran, sadhatêngipun lajêng dipun angge, sarampunging dandan kairid dhatêng ajidan dalêm wau malêbêt dhatêng kamaripun kangjêng sultan.

Salêbêting kamar padhang jumêngglang kados siyang, Hasan sasampuning sujud lajêng ngadêg anggêkêng satataning upsir, ing ngriku Hasan sangsaya ngungun tanpa upami, dene anyumêrêpi kangjêng sultan inggih angagêm busana klawu pameran, cara paprangan, sang nata angasta sorog kancana.

Wangunipun sang nata sampun ragi sawatawis dangu anggènipun angêstosi[11] Hasan, tandhanipun sadhatêngipun Hasan ing ngabyantara, sang nata lajêng adhêdhawuh: Ayo, kowe mèlua. Sang nata lumampah

--- 4 : 636 ---

amurugi kontên ngiringan, kontên kawêngakakên sarwi ngandika: Tutupên lawang iku lan kuncinên, Hasan sasampuning nginêb tuwin angunci kontên ingkang dipun wêdali wau, inggih lêstari andhèrèkakên tindakipun kangjêng sultan, malampah ing margi salêbêting dhatulaya ingkang ginêlaran ing babut sutra, ananging punapa karsanipun kangjêng sultan tindakan akalihan Hasan punika, sarta kaparêng badhe tindak dhatêng pundi, punika Hasan botên pisan-pisan mangrêtos.

Dumugi ngiringaning dhatulaya, sang nata mandhap ing undhak-undhakan marmêr, ing ngriku lajêng wontên gapura ingkang kontênipun dipun kunci, sang prabu paring dhawuh: bukakên lawange, lan kowe banjur paringa dhawuh marang kusir, konên makèhi kareta, yèn wis banjur jakên marene, nanging dhawuhana aja nganti kăndha marang sapa-sapa yèn aku bêngi iki têdhakan, mangkono uga kowe, poma aja rasanan marang sadhengaha wonge yèn bêngi iki andhèrèk aku, dene kusir mêngko yèn wis anggawa titihaku têka kene, dhawuhana anglakokake kareta marang Sêkutari mandhêga ana ngarêping omahe Soptah kang diênggoni nabi wadon, wusana kowe, dibisaa nyamarake pratingkah, supaya aku lan kowe ora kasumurupan mungguhing sajatine.

Hasan tumungkul munjuk sandika lajêng lumampah, salêbêting malampah kalihan angangên-angên punapa têgêsipun [têgê...]

--- 4 : 637 ---

[...sipun] karsa dalêm dhawuh makatên wau, punapa paukumanipun pêjah punika badhe dipun tindakakên wontên griyaning Soptah sangajêngipun nabi èstri, mokal sangêt, nanging yèn botêna makatên, parlu punapa kangjêng sultan têdhak dhumatêng griyaning Soptah, punapa kangjêng sultan badhe kaparêng anguningani piyambak mênggah tumindaking pidana ingkang kapatrapakên ing awakipun, punika sangsaya andadosakên judhêgipun Hasan.

Hasan tumuntên ambikak kontên ingkang anjog dhatêng dhatulaya Bèhlèrbèg, inggih punika kontên margining para tamu băngsa ruhur bilih badhe sowan kangjêng sultan angrêmbag prakawis wados, sanèsipun parlu rêmbag wados, botên susah mêdal ing kontên ingkang dipun bikak Hasan punika.

Saking ngriku Hasan dumugi ing kadhogan, ingkang kapalipun atusan tur botên wontên ingkang awon, sadhatêngipun Hasan, sampun wontên kareta cawisan kêkalih ingkang samapta, satunggal kareta kus titihan dalêm, dipun pasangi rakitan sakawan, satunggalipun kareta ampilan, pinasangan ing kapal kêkalih. Hasan lajêng andhawuhakên timbalan dalêm dhatêng kusir, kusir inggih lajêng makèhi kareta kados ingkang kadhawuhakên, dados kareta cawisan kêkalih ingkang sampun cumêpak wau botên kangge, awit kusir sampun mangrêtos, sabên kangjêng sultan paring dhawuh badhe têdhakan dhêdhêmitan, kretanipun [kretanipu...]

--- 4 : 638 ---

[...n] kêdah kreta ingkang dèrèng nate kasumêrêpan tiyang bilih kagungan dalêm. Sarampungipun pinakehan, kareta tumuntên kaajêngakên, kangjêng sultan enggal anitih lênggah ing êbak wingking, dene Hasan kadhawuhan minggah kalilan linggih wontên ing êbak ngajêng, kreta brêng mangkat lampahipun kados pêsating jêmparing, watawis sajam, dumugi alun-aluning masjid agêng ing Boston Dhêsoli, sampun cakêt kalihan griyaning Soptah Ibam ingkang dipun ênggèni nabi èstri, sanadyan makatêna, ewadene Hasan dèrèng gadhah panggraita bilih rawuh dalêm ing ngriku kaparêng badhe amanggihi Syerah ingkang liningga-lingga nabi.

Sasampuning sang nata paring dhawuh dhatêng kusir angêndhêgakên kareta, lajêng angandika klêsik-kalêsik dhatêng Hasan: Aku dhèrèkna marang omah iku, lan satêkaku ing kono, kowe kang prayitna ngati-ati, aja nganti kowe pisah karo aku.

Unjukipun Hasan: Kawula nuwun, nuwun inggih sandika.

Kangjêng sultan têdhak saking kreta tindak dhatêng griya ingkang dipun ênggèni Syerah, Hasan andhèrèkakên lumampah ing pêngkêran dalêm cakêt kalihan sakalangkung dening prayitna, ananging sadèrèngipun kangjêng sultan rawuh ing griya ngriku, Syèh Ul Islam kanthi HamidKadi, kala [ka...]

--- 4 : 639 ---

[...la] wau sampun mriku rumiyin, sarta ngantos dumugi ing wanci rawuh dalêm, tiyang agêng kêkalih punika taksih wontên ngriku sami amusawaratan ingatasing bab ingkang sakalangkung wigatos.

Syèh Ul Islam: Dhawuhing Nabi Mukhamad kang wus sawatara lawase ora dipikir, ing mêngko prayoga diêjokake mitra, iku kang tak karêpake kaliwat saka parlu sajroning aku amêngku urip.

Hamid Kadi: Sadaya ingkang paduka sêdyakakên ing têmbe badhe kalampahan sadaya, saudara, punika kula sampun sumêrêp.

Syèh Ul Islam: Karêpku iku nganggo tak êtohi nyawa, anggêr bisa kalakon dadi bae. Pangarêp-arêpku cahyaning praja bisaa pulih kaya dhèk kuna katon gumilang-gilang. Ana uga kang dadi sarana, yaiku, yèn wong bumi bisa rukun padha anjunjung banderane Kangjêng Nabi Mukhamad, amêsthi băngsa ngamănca ora ana kang kuwawa anandhingi marang aku sakănca. Bisane wong bumi saekapraya banjur anjunjung bandera nabi mau, mung yèn duwe rasa panas sajroning ati, dene bisane duwe rasa panas iku, ora ana manèh kajaba yèn di bêbujuk anumpês wong agama Kristên.

--- 4 : 640 ---

Hamid Kadi: Sakathahing utusan paduka sami sakalangkung tabêri anggènipun anggêgosoki tiyang-tiyang ingkang manggèn ing nagari ngamănca, supados latu gêgêthingan ingkang tumuwuh salêbêting budi tumuntêna murub angalad-alad, saudara, lah punapa utusan-utusan paduka sampun sami ngaturi pawartos ingkang nyênêngakên panggalih.

Syèh Ul Islam: Gêni paprangan iku kira-kira mubale sapisan bakal ana ing Bosni, tandhane wong băngsa Kristên saiki wis padha duwe rumasa, dene kang bakal miwiti gawe rêrusuh, iku kêna diduga mêsthi wong pagunungan dhisik, banjur wong ing Pèrsi, Montênagro lan liya-liyane, pêpungkasane wong bumi ing Turki kene kabèh banjur padha mèlu agawe rêrusuh pisan. Saiki bae gênining gêgêthingan mau wis wiwit angurêng mangan alon-alonan ora kasumurupan, samăngsa kang padha angêbyuki êmpan-êmpan tumindak kalawan tabêri tanpa kêndhat, ora suwe amêsthi bisa mubal ngalad-alad. Tumrape ing tanah Salonika, aku iya wis olèh êmpan-êmpan, mulane mung kalawan sawijining tăndha bae, layak wus sêdhêng kanggo nguruba-

--- 4 : [0] ---

[4 halaman kosong]

 


Banikawas. (kembali)
Halaman 569-570 hilang. (kembali)
botên. (kembali)
kamirêngan. (kembali)
[600]. (kembali)
suci. (kembali)
sumurup. (kembali)
Muskir Isèd. (kembali)
Yusup. (kembali)
10 kemawon. (kembali)
11 angêntosi. (kembali)