Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 001–086), Martadarsana, 1910, #520

Judul
Sambungan
1. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 001–086), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 086–160), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 481–558), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 558–640), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

TOPENG MAS

BAGIAN 1.

Sêrat Cariyos Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopêl (Sêtambul = Turki)

Lêlampahan jaman sapunika, sanès dongèng, limrahipun winastan cariyos Topèng Mas.

[Grafik]

Kajawèkakên saking têmbung Malayu dhatêng Radèn Ibrahim.

[Grafik]

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. ALBERT RUSCHE & Co. Surakarta, 1922.

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

--- 1 : [0] ---

TOPENG MAS

Jilid ăngka: 1

Sêrat Cariyos Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopêl (Sêtambul= Turki)

Lêlampahan jaman sapunika, sanès dongèng, limrahipun winastan cariyos Topèng Mas.

[Grafik]

Kajawèkakên saking têmbung Malayu dhatêng Radèn Ibrahim.

[Grafik]

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V.Mij t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co. Surakarta, 1922.

--- 1 : [0] ---

[Grafik]

--- 1 : 1 ---

[Grafik]

Prakawis wados ing kadhaton Konstatinopêl.

Bab Ingkang Sapisan.

Topèng Êmas.

Ing tanah Turki punika kithanipun agêng winastan: Konstatinopêl utawi Sêtambul, ambawahakên kitha-kitha saubêngipun anama: Skutari, Perah, Galatah, Topanah, Kasimpakah sarta Eyub, kalihan ing Konstatinopêl, kitha pêpitu wau dunungipun sami kaêlêtan toyaning lèpèn agêng ing kitha Sêtambul. Kacariyos ing tanah Sêtambul punika wontên pakêmpalan ingkang sêdyanipun sae tumraping panjênênganipun sultan, lid-lidipun kawastanan: Topèng Êmas.Pakêmpalan punika anyumêrêpi sadaya wêwados ingkang sami dèrèng kêlampahan sarta ingkang sampun kapêngkêr, punapa malih ingkang sawêg dipun lampahi, amargi cakêp tarampiling lid-lidipun prasaksat setan, anggêgirisi sangêt, ngantos andadosakên [andadosa...]

--- 1 : 2 ---

[...kên] ajrih sarta gêtêripun tiyang ingkang sami sumêrêp. Pakêmpalan punika ugi sampun sumrambah ing nagari ingkang ragi têbih-têbih, ngantos dumugi ing tanah Ngarab, sigêg.

Wontên satunggaling băngsa Turki neneman, dados juru pambêlah baita tambangan, ing têmbung Turki winastan: kaikski, anglampahakên baita saking sapinggiripun lèpèn Bosorês. Pambêlah wau nama: Sadi, sawêg ngumur kalih dasa taun, tanganipun rosa anyêpêngi wêlahing baita, ngangge topi Sêtambul abrit, rainipun cêmêng dening tansah kataman soroting srêngenge, cahyanipun singêr amratandhani yèn watakipun sae, têmên sarta sagêd, utawi ing salaminipun Sadi dèrèng nate kêcacad awon dhatêng tiyang Turki.

Wontên satunggaling pambêlah băngsa Grik pitakèn dhatêng Sadi têmbungipun: Kadospundi dene saking Sêkutêri sampeyan sagêd dumugi ngriki, Sadi.

Wangsulanipun Sadi: Mikalinos, Gusti Allah ingkang langkung kuwasa, lah ing mangke kula sawêg badhe anyabrangakên tiyang Prangkrik ingkang sumêdya dhatêng ing Dholmabag rumiyin.

Băngsa Grik: Mangke dalu pangintên kula ing sadèrèngipun sampeyan dumugi ing ngrika, mêsthi wontên prahara, galudhug sarta balêdhèg.

Sanadyan makatêna Sadi mêksa lajêng anglampahakên [anglampahakê...]

--- 1 : 3 ---

[...n] baitanipun manêngah, sêbutipun: insa Allah, sumăngga karsaning Pangeran, kayêktosan, sadèrèngipun dumugi dalu kados pangintên-kintênipun tiyang Grik wau, sampun wiwit wontên angin sumribit ingkang ing sabên angsring lajêng dados prahara, wondene Sadi wêkdal samantên pinuju linggih wontên ing baita, baitanipun alit panjang sarta tanpa kêmudhi, ing măngsa kados makatên punika gampil sangêt kenging bêbaya, ewadene Sadi botên pisan-pisan uwas malah sênêng manahipun, kalayan amawas molak-maliking alun, Sadi ngenggokakên baita angênêr ilining toya sagantên, sarta awit saking agênging lesus tuwin ombak, baitanipun Sadi ngantos kêbak toya.

Sadèrèngipun prahara dhatêng, baita kapal alit-alit ingkang sami lumampah saking krêtêk agêng Konstatinopêl, dhatêng pakampungan, wontên ing lèpèn Bosorês sami minggir pating saliri arêbat dhucung kados angganing pêksi ngupados pangauban sampun ngantos kajawahan, dene baita alit-alit sami kèndêl wontên ing têluk-têluk, namung Sadi piyambak ingkang botên kèndêl, botên kuwatos manawi kèrêm.

Dumadakan botên antawis dangu Sadi mirêng swaraning tiyang angaru-ura[1] kamarasan, têmbungipun: Lae tulung. Sadi lajêng angêndhêgakên baitanipun, sarta

--- 1 : 4 ---

aningali kiwa têngên, angupadosi ing pundi panggenanipun swara wau. Botên dangu saking katêbihan Sadi sumêrêp gondhèl, inggih punika baita tambangan ingkang canthikipun mawi sinungging sarta pinarada, salêbêting baita wontên panggunganipun alit linungsir-lungsir ing klambu sutra sinongkèting bênang emas, pambêlahing baita tiyang sakawan sami angawe saha ambêngoki Sadi, wontên malih satunggaling abdi punakawaning băngsa ruhur, ngadêg sarta angawe-awe ngangge kacu sutra, wontên ingkang wicantên: tulung, tulung, gondhèl borot, kene, kene, punika Sadi sawêg sagêd mangrêtos, sawênèh wontên ingkang anyêbut putri-putri makatên, pramila Sadi lajêng gadhah pangintên yèn ingkang wontên salêbêtipun gondhèl wau putri băngsa ruhurTurki ingkang sugih.

Ing ngriku Sadi lajêng angêtog karosanipun, anglampahakên baitanipun nuju panggenaning gondhèl ingkang sampun kêlêbêtan toya, salêbête panggunganing gondhèl, katingal wontên putrinipun băngsa ruhurTurki, wadananipun dipun kudhungi sinjang pêthak barukut, ngantos awis-awis tiyang ingkang sagêd sumêrêp dhatêng warninipun sang putri, ewadene Sadi sagêd sumêrêp, pangagêmanipun sang putri salêbêting kudhung, rasukanipun sutra alus, tênunan saking bolah êmas, solahipun akontrang-kantring,

--- 1 : 5 ---

amratandhani sandeyaning galih katêmpuh ing bêbaya. Tumuntên wontên abdi punakawan băngsa Grik wicantên: Suwawi sampeyan mriki, sang putri kabêthêng ing bêbaya, gondhèl punika borot, sampeyan enggal mêndhêta baita tambangan sanèsipun dhatêng ing pinggir sarta ing kitha-kitha, sanadyan baitanipun para priyantun inggih kajêngipun, anggêripun tumuntên angsal. Dumugi samantên kêsaru sang putri angandika: Iki wis bêngi, banyune wus malêbu ing panggungan kene. He, tukang prau tambangan, kowe bae saiki mêsthi anggawaa aku marang Skutari, babut iki êlihên marang praumu.

Sadi lajêng botên sagêd aningali dhatêng sang putri malih, dening kataman sambang sabda punika sanalika santun cipta anjalari kagèt sarta gumêtêr. Abdi punakawan băngsa Grik wicantên: Sang putri dhawuh dhumatêng sintên, punapa sampun pantês dhawuh dhatêng tiyang makatên, sanalika punika Sadi gadhah pangintên, yèn tiyang Grik punika anggadhahi sêdya ingkang winados, amargi sajêg-jêgipun Sadi dèrèng nate amanoni paraupaning tiyang ingkang wandanipun sagêd damêl kagèting liyan, sadlerengan ing nalika Sadi ningali tiyang Grik punika, soroting mripatipun tiyang Grik wau katingal kadosdene sênêning mripatipun tiyang wicaksana (têmbung Turki: napir) ananging botên antawis dangu tiyang wau angungkurakên Sadi [Sa...]

--- 1 : 6 ---

[...di] sarta tumuntên nyambut damêl angèstokakên dhawuhing gustinipun, Sadi mêmuji sukur mawi dipun etangi kalihan têsbèh ingkang dipun kalungakên ing gulunipun.

Sang putri sagêd anguningani saking salêbêting kêkudhung dhatêng wujuding juru pambêlah neneman bagus punika sakalangkung kacaryan, ananging kacaryaning galih punika botên wontên ingkang sumêrêp pisan-pisan, Sadi rêkaos sangêt anggènipun nyêlakakên baitanipun dhatêng gondhèl wau. Sadi lajêng anggêlar gêlaran wontên panggenan ingkang andhap, nginggil lajêng katumpangan babut dhatêng tiyang Grik, wusana sang putri lajêng pindhah panggenan dhatêng baitanipun Sadi, sakêdhap-kêdhapanolèh băngsa Grik wau, namung ingkang tinolèh tansah andhingkluk kemawon, ajrih aningali dhatêng sang putri, sang putri angandika, he, tukang prau, aku iki mêngko gawanên mênyang ing Sêkutari, ananging sing ngati-ati, manawa kowe trêsna marang gulumu, sumurupa, samăngsa kowe bisa anggawa aku nganti tumêka ing pasisir, sacêdhake kadhatonku akanthi slamêt, ing mêngko kowe dak paringi ganjaran kang gêdhe, nanging manawa aku nganti nêmu bêbaya patikêlêm, kowe amasthi dikêthok gulumu. Aturipun Sadi: Dhuh sang putri Rokanah, panjênêngan dalêm sampun kuwatos (asmanipun sang putri wau Rokanah) sanadyan nêmpuhabalêdhèg sarta kilat panjênêngan dalêm botên wande tamtu kula bêkta [bê...]

--- 1 : 7 ---

[...kta] angungsi dhatêng pinggiran ingkang gampil kaambah.

Kacariyos abdi punakawan băngsa Grik punika botên pindhah saking gondhèl borot wau, amargi baitanipun Sadi sampun botên amot upamidipun êmoti tiyang satunggal êngkas kemawon, wêwah-wêwah prahara wau sangsaya agêng, tiyang Grik anglampahakên baita gondhèl, ngupados pitulungan dhatêng pasisir. Sadi anglampahakên baitanipun rikat, sarta botên sumêlang ing manah, lumampah anrajang prahara ingkang binarung ing balêdhèg sarta kilat thathit, baita tambangan alit-alit sanèsipun sampun sami kèndêl wontên ing têluk-têluk.

Sang putri bingah ing galih, sarta botên anggadhahi kuwatos, amargi sampun pitados dhatêng pun Sadi, bingah amriksani patrapipun Sadi, anggènipun anglampahakên baita, rasukanipun lakên abrit, acalana gêmbyong dhasar pêthak pating klabèt katêmpuh angin, sang putri sangêt ngungun ing galih anguningani kadibyanipun Sadi nglampahakên baita anêmpuh ombak agêng, baitanipun kombak kombul sanginggiling alun.

Sadi matur ing sang putri: Sang putri kula botên sagêd lumêbêt lèpèn ingkang wontên undhak-undhakanipun dumugi ing kadhatonipun sang putri.

Sang putri: Aku gawanên marang panggonan kapal api

--- 1 : 8 ---

sarta kreta-kreta andhong kang saka Sêmirnah.Apa kowe bisa andharatake aku saka kana.

Sadi: Inggih sandika, kula cobanipun.

Sang putri: Sapa jênêngmu.

Sadi: Nama kula pun Sadi, anakipun tiyang ingkang misuwur sagêd nama pun Rahman.

Sang putri: Apa bapakmu isih urip Sadi.

Sadi: Bapa kula kala rumiyin dados bilaling[2] masjidipun kangjêng sultan, ajalipun watawis sampun gangsal taun sapriki, namung kula piyambak ingkang anungkuli, kula sapunika namung dados tukang baita tambangan kemawon, amila kula taksih kapengin sinau, angudi kasagêdan.

Sang putri: Sanadyan kowe baut bangêt anglakokake prau, ananging ora pantês, sapa kang bisa anglakokake prau katrajang ing prahara iki, amasthi bisa uga anglakoni pagaweyan liyane kalawan sênênging ati, awit saka iku: Sadi, liya dina kowe sowana aku marang kadhaton, arêp dak opahi kang akèh amarga kowe bisa angêntasake aku saka ing bêbaya kang bisa andadèkake [andadèka...]

--- 1 : 9 ---

[...ke] pati.

Sadi: Anggèn kula têtulung punika botên melik dhatêng epahan kathah, kaparingana sami kalihan sanès-sanèsipun kemawon, cêkap, sampun ngantos langkung.

Sang putri: Iya, kowe ora bakal dak paringi luwih akèh, ananging kowe kudu têkaa dhewe marang kadhatonku.

Baita wau lampahipun saya cêlak kalihan pasisir, ingkang kathah baitanipun agêng alit sami labuh ing ngriku, ing dharatanipun kathah griya-griya bango têtêdhan saha wedang kopi, ing sacêlakipun kathah kareta andhong cumawis.Mênggah angin agêng wau akanthi jawah, balêdhèg saha galudhug tanpa kêndhat, griya-griya salêbêting kitha Skutari punapadene margi-margi, sami pêtêng kalimputan ing pêdhut sarta êbun.

Kalihan karosanipun ingkang sakalangkung ajêg, Sadi anglampahakên baita dumugi pasisir, kalêrêsan ing nalika punika ing dharatan wontên tiyang kêrêngan, têtiyang ingkang wontên warung sami mêdal, Sadi sadèrèngipun minggah dhatêng dharatan angrante baitanipun, supados sang putri sagêd minggah dhatêng dharatan kalihan gampil, salêbêtipun Sadi ambikak gêlaran ingkang wontên baita wau kagêlar wontên ing undhak-undhakan, sang putri andangu: Apa rame-rame [rame-ra...]

--- 1 : 10 ---

[...me] kae, sapa kang kêrêngan, Sadi matur: Tiyang băngsa Prangkrik, kalihan băngsa Arab sarta Islam saking Skutari, sami adamêl rêrêsah kêkêrêngan wontên ing bango, sadaya mawi dêdamêl golok saha lading, ngantos sami adus rah, para agèn pulisi ajrih anyêlaki. Para matrusing kapal tiyang Turki ingkang sami nêpsu alok-alok akèn anundhung sarta mêjahi dhatêng têtiyang Kristên, lajêng ambyuk rok băndawalapati suk-sukan suduk-sinuduk kalihan têtiyang ingkang adamêl rêrêsah wau sakalangkung rame. Ing ngriku Sadi lajêng sêdhakêp sarta andonga kados pakartining tiyang sêmbahyang. Sang putri uninga patrap makatên wau nuntên andangu: Kowe iku anu apa Sadi. Aturipun: Sumăngga kula aturi mriksani, wontên Topèng Êmas dhatêng. Sang putri amriksani satunggaling tiyang dhatêng amangangge ubêd-ubêd pating sarembong, lampahipun sêmpoyongan, rainipun ingkang sapalih dipun tutupi sapalihipun kêbak êrah, sirahipun dipun tangsuli akalihan kacu Arab ijêm, pucuking kacu katirahakên, dipun kalawèrakên wontên sakiwa sarta satêngênipun sirah, anyangking kacu ijêm, dipun sèrèti ing êmas, botên antawis dangu sang putri lajêng angandika: Satêmêne iya iku Topèng Êmas.

Topèng Êmas lumampah anrajang têtiyang ingkang sami kêrêngan, sanalika dêdamêlipun sami runtuh, têtiyang [têti...]

--- 1 : 11 ---

[...yang] wau sarêng sumêrêp Topèng Êmas lajêng sami mundur kalayan ajrih. Topèng Êmas botên wicantên sakêcap-kêcapa, têrus lumampah kemawon, amargi sampun cêkap makatên kemawon anggènipun misah. Botên watawis dangu lajêng musna. Ing ngriku sang putri adhêdhawuh dhatêng Sadi ngupados kareta andhong, sanalika angsal, sang putri lajêng andangu dhatêng kusir: Apa kowe sumurup wong mănca kang liwat ing kene mau. Aturipun kusir kalêsik-kalêsik: Inggih punika ingkang dipun wastani Topèng Êmas, ingkang sami dipun ajrihi ing sabên tiyang.

Sang putri: Êtutna wong iku, mêngko kowe dak opahi sèwu ringgit.

Kusir: Sanadyan wontên ingkang ngepahi tikêl sadasa, kula mêksa botên purun anglampahi.

Sang putri: Aku iki putri Rokanah, apa kowe ora gêlêm dak prentah.

Kusir: Dhawuh makatên wau ugi badhe kula èstokakên, ananging sang putri punapa inggih ugi karsa angêtutakên Topèng Êmas, ingkang ing mangke anênuntun lumêbêt dhatêng salêbêting kasangsaran agêng. Sarta malih punapa paedahipun, Topèng Êmas sapunika sampun ical. Sadi mirêng aturipun kusir dhumatêng sang putri makatên wau lajêng

--- 1 : 12 ---

anginguk-inguk griya-griya sakiwa têngênipun margi agêng, badhe sumêrêp warninipun Topèng Êmas.Sang putri sêmuduka, lajêng minggah dhatêng kareta, salaman kalihan Sadi sarta angurmati sarana ebahing astanipun.

_________

Bab ingkang Kaping Kalih.

Prawan Băngsa Turki ingkang Endahing Warni Anama: Resiyah.

Ing nalika wau prahara ingkang angiringakên Topèng Êmas inggih lajêng sirêp, rikat kados nalika dhatêngipun, enggaling cariyos kala samantên sampun wanci dalu, Sadi sasampunipun aningali lêlampahan ing warung wau, lajêng wangsul dhatêng panggenaning baitanipun. Mênggah mula bukanipun kêrêngan ingkang kasêbut ing bab sapisan wau makatên:

Wontên prawan băngsa Honggar kêkalih, sumêdya kainggaktakên[3] kabêkta dhatêng kitha Galatah dhatêng tiyang jalêr băngsa Turki sampun sêpuh, badhe kapasrahakên supados dados sêliripun băngsa ruhuring Turki. Ananging prawan kêkalih wau botên purun, lajêng ajêrit-jêrit nêdha tulung dhatêng băngsa ngamănca ngantos [nganto...]

--- 1 : 13 ---

[...s] adamêl pasulayan punika, sarta sadhatênging Topèng Êmas prawan kêkalih wau sampun sami sagêd lumajêng, nêdha pitulungan dhumatêng konsul, ingkang gêgriya sacêlakipun ngriku. Saking cariyosipun tiyang ingkang sami wontên ing warung, ingkang badhe numbas wanodya punika tiyang Turki băngsa ruhur anama: Hamid Kadi.

Sadi lajêng anuwèni baitanipun, amargi badhe katilar mantuk, dumadakan babut kagunganipun sang putri kantun, lajêng dipun kêmpit sarta wicantên: Iki wus wayah têngah wêngi, bêcik sesuk bae dak caosake bali marang kadhaton, supaya aku ora kadakwa anggêgampang. Babut kasimpên wontên ing baita, awakipun lajêng mantuk. Lampahipun Sadi angambah margi ciyut sarta rêgêd, kiwa têngên wontên griya-griya balungan kajêng sampun lami, inggih punika margi ing kitha Skutari ingkang sêpi saha menggak-menggok, ingkang sami gêgriya ing ngriku namung băngsa Turki sarta Yahudi, manawi dalu pêtêngipun dhêdhêt, sintên ingkang lumampah ing ngriku prayogi ingkang rikat, supados enggal dumugi ing masjid ingkang dumunung ing kêbon ijêm sacêlakipun griya-griya punika. Lampahipun Sadi dumugi ing kampung Kupa, ing ngriku ugi pêtêng sarta sêpi, botên wontên êting satunggal-tunggala, namung wontên tiyang Turki satunggal kalih lumampah mantuk saking warung, sarêng Sadi badhe lumêbêt ing

--- 1 : 14 ---

plataranipun masjid ilat, mirêng swaraning tiyang nangis Sadi mandhêg sarta aningali ngiwa nêngên, ananging botên sumêrêp punapa-punapa, sarta wontên swara kadosdene tiyang bêbisikan, têmbungipun: Resiyah, wong ayu imbuh mêrakati, aku lagi bisa kêtêmu karo kowe sapisan iki. Sarta wontên malih swara ingkang mêmêlas, sanèsipun punika botên wontên malih kajawi namung swara pambujuking priya dhatêng wanodya angasih-asih, sarèhning wanci dalu dados Sadi sangsaya sujana sangêt, ananging kadospundi, amargi ing pundi panggenanipun wanodya saha priya wau botên kasumêrêpan.

Sadi sumêrêp margi alit butulan dhatêng masjid pinasangan ting-ting sawatawis kathah, sacêlaking ngriku kathah pilaripun agêng alit, botên antawis dangu sumêrêp tiyang èstri Turki wontên ing panggenan pêtêng undhuking pilar, saya dangu saya têrang paningalipun, kintên-kintên mêntas sêmbahyang ing masjid, katawis anggèning ngadêg sarwi gumêtêr, badhe lumajêng botên sagêd, badhe ambêngok ugi botên sagêd, tiyang èstri punika dipun ancam-ancam dening tiyang jalêr, ananging Sadi botên sumêrêp wujuding tiyang jalêr namung mirêng swaranipun kemawon.

Wanodya punika sawau mawi kêkudhung sinjang pêthak, ananging sampun kabikak, endahing warnitanpa upami, kuciwa bias ing nitya, candranipun namung damêl wêlas [wê...]

--- 1 : 15 ---

[...las] ingkang sami sumêrêp, dene mripatipun sang rêtna tansah apêndirangan, amratandhani yèn ajrih kadosdene pêksi ingkang badhe kamăngsaing sawêr, mripatipun biru, idêp panjang dumunung wontên ing kulit akus[4] jêne sarta rêsik, ayunipun sangsaya katingal dumêling, rambut cêmêng kaore rinêngga ing mutyara, rainipun dipun kudhungi, lambe abrit anggula sathêmplik, untunipun kawuryan pêthak kados lêlarikaning mutyara, Sadi ngantos kamitonggongên aningali endahing warni. Botên dangu wontên priya dhatêng anyêlaki wanodya wau, bokmanawi kala wau andhêlik aling-alingan pilar agêng, ciptanipun Sadi: Punapaa dene nonah punika gumêtêr sarta angêntosi tiyang jalêr punika, punapaa têka botên purun bêngok-bêngok nêdha tulung, punapa nonah punika lumpuh amargi kenging amăntra, dene têka lajêng gumêtêr saha botên sagêd lumajêng, ananging Sadi lajêng mangrêtos dhatêng lêlampahan ingkang makatên punika. Dene priya ingkang dhatêng wau panganggenipun, rasukan baludru abrit sêpuh, ngangge topi abrit mawi koncèr, mèmpêr kalihan tiyang Grik ingkang sampun kasumêrêpan dening Sadi nalika wontên baitanipun Sang Putri Rokanah.

Nonah ingkang endah ing warni ngantos dados pangungunipun Sadi punika, dhatêngipun ing masjid ngriku sumêdya sêmbahyang minăngka panglipuring duka cipta, upami

--- 1 : 16 ---

botên lajêng dipun pitulungi dening Sadi, bokmanawi sampun katubruk priya wau. Sadi majêng sacêlaking pilar ngajêng masjid sarta sêsumbar sora, wicantênipun: Nonah iki arêp kokapakake, he Grik. Kacariyos sang rêtna, ing nalika mirêng wicantênipun Sadi punika, maras saha gêtêring manah sirna, tiyang Grik mirêng pitakènipun Sadi ingkang katingal jaja bang mawingawêngis, netra lir pendah sang hyang bagaspati, punika pun Grik sangêt maras, namung nonah wau lajêng jèngkèng tanganipun kalih pisan kaêcungakên, wicantên dhumatêng Sadi sarwi nangis: Alkamdulilahi, mugi kula sampeyan tulungi. Sadi sangêt nêpsunipun aningali tiyang Grik katingal anjontong, kados angganing sawêr kecalan bêbujêngan dening pangarubiruning liyan, makatên ugi tiyang Grik, mundur palarasan nilar sang pindha kumala, ingkang sawêg nangis sarwi angrêrêpa nêdha tulung dhumatêng Sadi. Ciptanipun, upami anglajêngna sêdyanipun, botên wande manggih bêbaya agêng dening pangalang-alangipun Sadi, dene ingkang sangêt dipun kuwatosakên, inggih punika bilih Sadi lajêng angundang pulisi.

Pramila tiyang Grik kasêsa kesah sarta wicantên dhumatêng nonah: Kowe măngsa wurunga kagêgêm ing tanganku, sarta mêsthi dadi bojoku, sanadyan tumêka kiyamat pisan, aku mêsthi kêtêmu karo kowe. Sasampunipun makatên lajêng kesah tanpa sabawa sarta botên katingal, amargi saking pêtêng saha kathahipun [kathahi...]

--- 1 : 17 ---

[...pun] pilar-pilar, Sadi tumuntên anyêlaki nonah wau, nonah taksih gumêtêr sarta pucêt, botên kudhungan, lajêng wicantên alon kalayan salaman: Sampeyan sintên, kula aturi cariyos supados kula sagêd amasrahakên dhatêng tiyang sêpuh sampeyan. Wangsulanipun nonah kalayan swara ngêrês, kula botên gadhah bapa biyung, punapa malih sadhèrèk.

Sadi: Dados yèn mêkatên sampeyan punika punapa lola, nama sampeyan sintên, sarta ing pundi anggèn sampeyan manggèn.

Nonah: Nama kula Resiyah anakipun Al Mansur ingkang rambutipun sampun pêthak punika. Kula mugi sampeyan dhêlikakên supados botên ngantos kenging panganiayanipun tiyang Grik wau, wicantên makatên kalihan lingak-linguk wandanipun pucêt kados nalika băngsa Grik taksih, nonah anglajêngakên wicantênipun: Kintên kula punika băngsa Grik ingkang amêjahi sadhèrèk kula jalêr ingkang kula trêsnani, nama pun Abdullah, kapanggihing mayitipun wontên ing pêkên dêdamêl, amargi sasampunipun sadhèrèk kula dipun pêjahi, lajêng kasèrèt kaglethakakên wontên satêngahing pêkên wau, mênggah

--- 1 : 18 ---

kajêngipun supados awakipun lêpat saking pandakwaning tiyang, bapa kula sarêng sumêrêp wujudipun mayit, sakala ambruk anubruk mayiting anakipun.

Sadi: Punapa sadhèrèk sampeyan gadhah mêngsah, dene ngantos makatên.

Nonah: Tiyang Grik punika sampun kêrêp dhatêng angindhik-indhiki kula, sarta Abdullah inggih sampun nate pabên kalihan tiyang Grik punika, sasampunipun mayitipun Abdullah kakubur, wontên malih prakawis sanèsipun ingkang anjalari prihatosing manah kula. Kawêwahan pun bapa kalihan agêgancangan kesah anglampahi padamêlan ingkang botên kenging dipun selaki, awit saking punika manah kula tansah angandhut sandeya, sarta kapêksa kêdah manggèn piyambak, wontên salêbêtipun griya risak sarta runggut, bapa kula kesahipun dhatêng tanah sabrang botên wangsul mantuk malih. Têtiyang ingkang sampun têpang, angabarkên yèn bapa kula sampun pêjah kabalabak, sawênèh wontên ingkang cariyos, pêjahipun bapa dipun niaya dening begal.

Sadi: O, Resiyah, mêsakakên sangêt sampeyan punika, kula anama Sadi anakipun [ana...]

--- 1 : 19 ---

[...kipun] Rahman tumut abela sungkawa. Ing sanalika wau manahipun Sadi bingung kapilut dening sêsambatipun sang pindha Ratih.

Nonah: Wêkdal kula manggèn wontên ing griya piyambakan, tiyang Grik wau dhatêng saha lajêng angoyak ngantos dumugi ngriki, kula bêngok-bêngok nêdha tulung dhatêng tăngga-tăngga, botên wontên ingkang sudi anulungi, amargi wontên sudagar tukang mrêjan băngsa Yahudi nyariyosakên yèn punika abdi kêkasihipun Sang Putri Rokanah, botên wontên tiyang purun miawon, ing nalika punika kula andhêlik wontên kamar wingking, tiyang Grik mêksa sagêd lumêbêt sarana mènèk temboking kamar ingkang sakalangkung inggil, kula lajêng ngalih panggenan wontên griyanipun bapa kula, ananging manah kula botên têtêk, kuwatos manawi dipun purugi malih, lajêng manggèn griyanipun bapa ingkang suwung, dalu punika kula badhe sêmbahyang, sarêng lampah kula dumugi sacêlaking pilar-pilar, sumêrêp-sumêrêp tiyang Grik punika sampun dumugi ngajêng kula sarwi mandêng mênthêlêng, saking ajrih kula: kula ngantos botên sagêd ebah, ambagêgêk kados rêca, dene namanipun tiyang Grik wau: Lasaro.

--- 1 : 20 ---

Sadi: Sampun kuwatos, Resiyah, anggêr sampeyan akanthi kula, pancèn tiyang Grik punika setan ingkang sakalangkung awon.

Resiyah: Ajrih kula dhatêng tiyang wau botên kenging winiraos, amila sasagêd-sagêd kula nêdya angesahi.

Sadi: Dhuh, prawanipun Al Mansur, sumăngga sampeyan kula êtêrakên mantuk dhatêng bale griya sampeyan, sadhèrèk sampeyan jalêr sampun dipun pêjahi, bapa sampun ical, salêbêting jagad traya botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang minăngka sanak sampeyan, mila manawi karsa, kula kemawon kaabdèkna dados pêputhut.

Nonah: Sampeyan anggadhahi wêlas samantên dhumatêng kula, sangêt ing panuwun kula, dene kula sampun luwar saking bêbaya panganiayanipun tiyang Grik dening pitulung sampeyan, ananging sapunika kula sampeyan tilar, kula badhe piyambakan kemawon, dene manah sampeyan ingkang suci mugi tulusa ing salajêngipun, sampeyan sampun tumut kula, supados botên dados rêraosaning tăngga têpalih yèn kula anêrak wêwêlinging bapa ingkang utami.

--- 1 : 21 ---

Botên watawis dangu Resiyah kêraos yèn rainipun botên tutupan, jalaran kagèndèng ing tiyang Grik kalawau sarosanipun kalihan nêpsu, Resiyah kasupèn anutupakên malih. Resiyah isin sangêt ngantos pucêt, amila kalihan kasêsa, tanganipun ingkang katingal sangêt alus alumêr, tumuntên nyandhak kêkudhung katutupakên ing rainipun, ing ngriku Sadi angunandika: Dhuh Allah, kula botên badhe kasupèn sadangunipun, dhatêng maujud ingkang tuwan paringakên sumêrêp dhatêng kula ing dalu punika. Dhuh Resiyah, sanadyan wadana sampeyan kasasaban ing kêkudhung, ewadene kalihan cipta kula sagêd amanoni mêlok wela-wela. Sakêdhap malih Sadi wicantên sarwi angêthungakên tanganipun dhatêng Resiyah ingkang taksih jèngkèng wontên ngajêngipun, pamurihipun: Resiyah lajêng angadêga kalihan gêgondhelan tangan, têmbungipun: Panêdha sampeyan supados kula kesaha, inggih kula pituruti, ananging sayêktosipun sampeyan botên kenging yèn ta anulaka dhatêng katrêsnan kula. Wangsulanipun Resiyah: Sumăngga sampeyan kesah. Wicantênipun ririh mèh botên kêmirêngan, tanganipun katarik alon-alon saha taksih gumêtêr anggènipun salaman kalihan Sadi. Resiyah tumuntên mantuk lumampah saantawising pilar-pilar, saha rasukanipun panjang ngantos kangsrahing jobining masjid, Sadi

--- 1 : 22 ---

kamitonggongên aningali lampahipun Resiyah, santun gagasan, ingkang dipun manah kadospundi sagêdipun dhaup kalihan Resiyah, anakipun èstri Al Mansur punika.

__________

Bab ingkang Kaping Tiga.

Griya Pratapan.

Griya pratapan punika sami kalihan griya klostêr, inggih punika panggenan pangulu-pangulu ing Rum, pangulu-pangulu ing griya pratapan wau kawastanan: dêrwis, inggih punika manungsa ingkang gêsangipun namung sêsarawungan kalihan agami, botên manah dhatêng kadonyan, sarta botên kenging rabi.

Kacariyos tiyang ingkang botên dados liding pakêmpalan, botên sumêrêp kalihan têtela mênggah dunungipun pratapan wau, amargi adêging pratapan punika sapalih kapêndhêm ing siti, ing jawi kèdêran têtanêman tuwin kêkajêngan agêng-agêng sarta rungkut, ngantos kêtingal kados wana kemawon, sintên ingkang badhe lumêbêt dhatêng masjid wau, lampahipun kêdah ambrangkang sarta mundhuk-mundhuk tumungkul supados botên kasangkut ing oyod-oyodan sarta pang-pangipun [pang-pangi...]

--- 1 : 23 ---

[...pun] wit-witan wau. Saking laminipun ngantos tembok-tembokipun masjid wau kathah ingkang badhe rêbah.

Ing wanci têngah dalu, nunggil sadalu kalihan bab ingkang kaping kalih, wontên tiyang ragi wungkuk, ngangge ubêd-ubêd pating saluwir sarta kacu ijêm, lumampah ing kampung Kapu lan Skutari, lumêbêt ing korining margi ingkang anjog ing pratapan, nalika lampahipun dumugi sangandhaping ting sangajêngipun kori wau, katingal cêtha yèn tiyang punika cahyanipun pucêt, ngangge topi pasmèn êmas, nanging lumêbêtipun dhatêng kori botên wontên tiyang ingkang sumêrêp, lampahipun dumugi ing pratapan ingkang kinubêng ing kêkajêngan ngantos kados wana, sangsaya cêlak kalihan pratapan tiyang wau saya cêtha mirêng kadosdene swaranipun tiyang mêndêm, ananging botên pinaèlu, lajêng mirêng swara tanpa kêndhat, kados swaraning tiyang sêmbahyang. Ilaha ilaha, ing salêbêtipun pratapan wau kathah para dêrwis sawêg sami sêmbahyang. Tiyang wau lumêbêt ing siti têrus lumêbêt korining griya pratapan, ingkang ugi manggèn salêbêting siti, botên antawis têbih lajêng sumêrêp satunggaling dêrwis băngsa Turki jenggotipun sampun pêthak, dhadha kaumbar ngangge kalung sela sarta karang kados panganggenipun băngsa Indhu, botên kêndhat-kêndhat anggènipun andonga, lailahailallah muhkamad rasulollah.

--- 1 : 24 ---

Watawis dangu wontên kareta angambah ing radinan Konstantinopêl, tumuntên kèndêl sangajêngipun griya pratapan wau, dipun tumpaki satunggaling tiyang Turki, ngangge topi Sêtambul abrit, dhadhanipun rinêngga ing bintang-bintang, mandhap saha lajêng lumêbêt ing griya pratapan wau. Dêrwis ingkang ajenggot pêthak sarêng sumêrêp tiyang Turki ingkang sawêg dhatêng, sujud sarwi anêkêm dhadha tăndha agênging pakurmatan.

Ing sacêlakipun margi wontên dêrwis sami linggih alêlèmèk kuliting menda, angêpung tuwan sèh ingkang minăngka pangagêngipun, linggih ing têngah-têngah sukunipun sarwi anjêjak-jêjak waswan, sanèsipun sami andonga: ilaha ilaha, dêrwis-dêrwis wau sampun sami kêsupèn dhatêng rencangipun sapalinggihan kadosdene mêndêm.

Tiyang Turki lampahipun anglangkungi panggenan kupêngan wau, lajêng dumugi sanèsing panggenan ingkang jêmbar, kalihan panggenan sanès-sanèsipun kaêlêtan ing tembok, ingkang minăngka tutupipun ara-ara wau namung langit, lintang-lintang saha rêmbulan, ara-ara punika panggenan tiyang dêrwis ingkang kenging paukuman, sadaya wuda sarta sami kapurih sambuk-sambukan mawi sambuk êri, ngantos êrahipun sami pating dalèwèr, têtiyang punika anglampahi paukuman kalihan kanêpson, ewadene dipun lampahi tanpa ngadhuh ngêsês kados sami botên karaos [kara...]

--- 1 : 25 ---

[...os] sakit, namung manawi aningali saking pêpolatan, sanyata sadaya wau sami anahên gênging sangsara. Tiyang ukuman sêpuh panggenanipun kapisah kalihan ingkang neneman, saking soroting rêmbulan sarta srêngenge tiyang sagêd amanoni têtingalan ingkang adamêl anglêsing manah, bilih tiyang sanèsing praja sumêrêp lêlampahan punika sampun tamtu kados sumêrêp setan utawi tiyang Papuah sami jêjogedan, ewadene tumrapipun băngsa ruhur Turki ingkang langkung punika, kados botên măntra adamêl eram, amargi sampun kulina dhatêng lêlampahan ingkang angidap-idapakên, pramila botên pinaèlu lajêng têrus lumampah anglangkungi satunggaling kamar anjog ing mênara sampun risak, ugi panunggilanipun griya pratapan, sangajêngipun korining mênara wontên dêrwis satunggal andhodhok, tiyang Turki lajêng pitakèn: Apa Mansur Èpèndi ana ing omah pratapan. Wangsulanipun: Dhuh Sang Mustapa Pakah ingkang agung saha wicaksana, pêpatihipun sribagendha sultan, panjênêngan tindak dhatêng kamar sabda kemawon, ing ngriku sagêd pinanggih kalihan Tuwan Mansur, ing pakêmpalanipun Hamid Kadi ingkang sangêt ngadil. Băngsa ruhur Turki pitakèn malih: Apa Sang Putri Rokanah bêngi iki wus rawuh mrene. Wangsulanipun: Anggèn kula linggih ngriki sampun dangu, têka dèrèng sumêrêp anggènipun langkung [lang...]

--- 1 : 26 ---

[...kung] sang putri.

Mênara punika ingkang kadamêl sela, sakalangkung atos saha awèt dèrèng nate rubuh, ing lêbêt wontên dilah êmas latunipun kêlip-kêlip, tiyang Turki lajêng lumêbêt ing ngriku, anjog kori tosan, lajêng kabikak têrus lumêbêt dhatêng satunggaling kamar agêng bundêr, dipun rêngga ing mèbêl-mèbêl, turut pinggir kadekekan meja-meja saha dhipan, jobinipun kagêlaran babut, kapasangan lampu kalih, ginantung ing rante panjang saha rinêngga ing sanès-sanèsipun, kori tosan katutup malih dening dêrwis.

Kacariyos salêbêting kamar, wontên tiyangipun Turki kêkalih sami linggih ing rêsban angajêngakên kontên, panganggenipun mèmpêr panganggening para pandhita Turki ing jaman kina, inggih punika sami ngangge srêban agêng awis pangaosipun, clana, sabuk sae, rasukan cêkak sulaman, sêpatu ingkang kadamêl kulit alus. Ananging patih ingkang sawêg lumêbêt punika panganggenipun cara Walandi, namung kêthunipun abrit ingkang amratandhani băngsa Turki. Tiyang ingkang linggih wontên ing rêsban wau satunggal sampun sêpuh, jenggot panjang pêthak dumugi ing dhadha badan lêma rai bundêr sarta rambut pêthak, tuwin mripatipun wiyar, inggih punika ingkang anama Hamid Khadi, pangagêngipun khakim ing kitha Konstatinopêl. Dene tiyang satunggalipun taksih neneman, jenggot cêmêng

--- 1 : 27 ---

badan kêra, ananging guwayamanthêr, amratandhani yèn kêndêl, namanipun Mansur Èfèndi, para dêrwis anyêbut Babah Mansur.

Babah Mansur punika pangagêngipun băngsa Islam ing tanah Turki, imam agêng ing masjid, apangkat: Syèh Ul Islam, inggih punika punggawanipunkangjêng sultan ingkang apangkat agêng piyambak. Mustapa Pakah lajêng anyêlaki tiyang kêkalih punika sarwi uluk salam, lajêng linggih ing sacêlakipun, dêrwis ingkang jagi kori kesah, amargi dipun dhawuhi Babah Mansur sarana sasmita, Mustapa Pakah punika umur: 40 taun, wicantênipun: kakahsihing[5] Allah, sangêt sukaring manah kula dene kula sagêd pêpanggihan kalihan sampeyan sakalihan wontên ing ngriki, kula badhe anyaosi kabar sae minăngka pangèngêt-èngêt.

Babah Mansur: Wilujêng ing rawuh sampeyan, umat nabi ingkang sêtya, kadospundi pawartosipun.

Mustapa Pakah:Kula gadhah pamrayogi ingkang sakalangkung sae, punapa sampeyan èngêt tiyang sêpuh ingkang têrang dhatêng suraosing Kuran, nama Al Mansur, tiyang sêpuhipun Abdullah. Kauningana wontên lêlampahan ingkang awis kapranggul, prakawis elok ingkang angèmpêri ngalamat, punika ingkang andadosakên [a...]

--- 1 : 28 ---

[...ndadosakên] èngêt kula dhumatêng tiyang kalih wau, kala wingi nalika kula sowan ing kadhaton Sêtambul, wontên ing pasowananipun para mantri, kula sawêg badhe mancik ing kareta, sumêrêp sawêr alit analêsêr kolèt-kolèt mêdal saking bolongan tembok sacêlakipun suku kula, badhe dipun pêjahi kalihan pêdhang dhatêng têtiyang jagi, kula botên suka. Salajêngipun sawêr wau angoyak cêcak ingkang wontên ing tembok, lampahipun rikat kados jêmparing, cêcak kêcandhak lajêng kagondhol lumêbêt ing lèngipun. Inggih punika lêlampahan ingkang kula sumêrêpi ing salêbêtipun wontên ing purug, mila kula èngêt-èngêt kemawon, sawêr lajêng nalosor angambah suku kula, sarèhning kula pitados dhatêng supênan punapa malih ngalamat ingkang sarupi punika, pramila kala wingi kula kesah dhatêng Galatah, manggihi dhukun èstri anama Kadhisah, kula purih ambadhe kadospundi mênggah badhe wahananipun ngalamat wau.

Babah Mansur pitakèn sinamuning èsêm pindha pasêmon, ananging sakalangkung rapêt, têmbungipun: Kadospundi anggènipun suka

--- 1 : 29 ---

katrangan dhatêng sampeyan pun èstri kapir punika.

Mustapa Pakah: Dhuh, sang wicaksana sadhèrèk kula, sampun age-age anyênyeda dhatêng wicantênipun dhukun punika, kamirêngna rumiyin cariyos kula, dhukun wau botên sumêrêp dhatêng kula, amargi kula pancèn niyat nyalamur ngangge sandhangan awon, dene wicantênipun dhukun èstri wau makatên: Ing Skutari wontên tiyang ingkang sagêd dhatêng suraosipun Kuran, tiyang wau turunan kalip sêpuh saking Abasid. Awit saking punika wajib sampeyan ajrihi saturun-turunipun, inggih amargi pakartining tiyang wau ing têmbe karajan ngriki badhe ewah padatanipun. Sawêr wau rèhning adamêl pêjahing cêcak ingkang mawa cahya sumunu, mila kêdah sampeyan pêjahi tumuntên sadèrèngipun ingkang sinêdya kadumugèn, makatên wicantênipun dhukun wau. Salajêngipun: kula lajêng têrus kesah dhatêng Skutari, ngupadosi tiyang ingkang sampurna sêsêrêpanipun ingatasing Kuran, botên wontên malih kajawi Al Mansur, ingkang sagêd piyambak, mila têtêping pangintên kula bilih awakipun punika turunan kalip Abasid. Syèh UlIslam [U...]

--- 1 : 30 ---

[...lIslam] kalihan Hamid Kadi sami botên mangsuli. Mustapa Pakah wicantên malih: Ananging sampeyan wuningaa, mênggah ingkang badhe dados wêwinihing prakawis agêng, dene Al Mansur andhêlikakên Rajaputra Saladin ngantos agêng, bokmanawi dhukun punika sumêrêp, pundi anggènipun andhêlikakên. Kèndêl sapandurat, Mustapa Pakah wicantên malih kawistara sangêt prihatos, têmbungipun: Awit saking katrangan sadaya punika, andadosakên pitados kula dhatêng tiyang èstri kapir wau. Hamid Kadi lajêng pitakèn dhatêng Mustapa Pakah: Pawèstri punika rak inggih sampun murih dhatêng sampeyan ta, supados amêjahana sawêr, mupung dèrèng kasêmbadan ingkang sinêdya.

Mustapa Pakah: Inggih lêrês, pancèn makatên.

Babah Mansur: Kisanak, sawêripun sampun dipun pêjahi.

Mustapa Pakah: Punapa Al Mansur sampun pêjah. Tiyang kalih lajêng sami manthuk sarêng, Amid Kadi wicantên: Piyambakipun gadhah anak nama Abdullah, ugi sampun botên manggèn ing alam donya. Mustapa Pakah: Yèn makatên mitra sakalihan sampun sami mangrêtos dhatêng pikajêngan kula ingkang badhe kula pratelakakên. [pratelaka...]

--- 1 : 31 ---

[...kên.]

Babah Mansur: Sangêt ing panarimah kula dhatêng sampeyan, dene sampeyan suka kabar makatên, nanging sadaya bêbaya sampun sirna, namung wadosipun Rajaputra Saladin dèrèng kawiyak, Al Mansur sumêrêp panggenanipun putra Saladin, ananging botên purun nêdahakên ngantos dumugi ing pêjah.

Hamid Kadi: Wados punika kinêkêr pramati ngantos botên kawêdhar. Mila kula gadhah pangintên, yèn mitra jêngandika Patih Rosim Pakah sêsangkutan atasing bab punika.

Mustapa Pakah: Mênggah pandakwa makatên dhatêng Rosim Pakah punika padamêlan kula ingkang kaping kalih, mitra-mitra, ing mangke kula botên pitados dhatêng awakipun, amargi awakipun botên angêmungakên dados mêngsahing badan kula, ananging mêngsah ugi ingatasipun prakawis kula punika. Rosim Pakah gadhah pangintên manawi gadhah panguwaos agêng, pramila sangêt-sangêt pangudinipun dhatêng kamajênganing wajibipun băngsa kapir, sarta badhe anandhingi kuwajiban kula sakănca. Wicantênipun Syèh Ul Islam: Kados dene karampunganing pangadilan ruhur ingkang agênging panguwasanipun tanpa upami, sarta sabarang ingkang

--- 1 : 32 ---

sinêdya mêsthi dados. Têmbungipun: Yèn makatên pakartinipun, Rosim Pakah pantêsipun namung dipun kisas, kados satataning tiyang ingkang murtat ing nabi kita. Hamid Kadi wicantên kalihan tumungkul, suwantênipun lêlah, têmbungipun: Awakipun botên kenging botên kêdah kinisas.

Sawêg ecaning wawan ginêm, kasaru panjagi kori lumêbêt asuka sumêrêp, manawi Sang Putri Rokanah rawuh, Mustapa Pakah lajêng ngadêg sarta wicantên dhumatêng tiyang kêkalih wau: Pikajêngan kula sampun kasêmbadan, Allah ingkang mêlasi ing sampeyan. Wangsulanipun: Mugi sampeyan pinayungana ing Pangeran. Mustapa Pakah lajêng mêdal, Sang Putri Rokanah rawuh, angagêm kudhung sinjang tênunan bênang êmas, panjagi kori mêndhêt kasur baludru, kasèlèhakên ing têngah, kangge palênggahanipun sang putri, sarêng sang putri sampun lênggah, Babah Mansur sarta Hamid Kadi lajêng sujud, sang putri ngandika: Pakumpulaku ingarubiru dening bêbaya gêdhe, mulane aku mrene arêp awèh warta marang kowe, aku utawa kowe ora beda padha wêruh marang mungsuh kang kuwasa marang sakèhing kadis lan anyumurupi sakabèhing wadi kang kinêkêr, he, Syèh Ul Islam, aja kagèt, mungsuhira kang ambêbayani wus angaton ana ing kuthane kangjêng sultan.

--- 1 : 33 ---

Mansur Èpèndi andêngèngèk kados botên miris, namung nityanipun kawistara kapranan ing galih midhangêtakên pangandikanipun sang putri, aturipun: Ingkang panjênêngan dakwa lumêbêt ing kitha kasultanan punika sintên.

Sang putri: Aku dhèk wingi wêruh Topèng Êmas ana ing sungapan Skutari.

Babah Mansur: Nalika sang putri ngandika bab mêngsah kula sampun gadhah pangintên, nanging upami mêngsah wau kula pêjahana satunggal, amêsthi dhatêng malih satus, pramila langkung prayogi analêsihakên punapa ingkang dados wadosipun Topèng Êmas ingkang niyat lumawan dhatêng kajêng kula, salajêngipun sangêt bêgya bilih kula sagêd ambikak topèngipun.

Syèh UlIslam anarik tali sutra ingkang lumêbêt bolonganing tembok, anyènèngklinthing, têngara animbali abdi, botên watawis dangu ingkang jagi kori dhatêng, sarta lajêng kapurih mêndhêtakên dalancang saha kalam. Panjagi kori lajêng ambêkta meja, dalancang, kalam tuwin mangsi, sarêng sampun katata wontên ngajêngipun Hamid Kadilajêng mêdal. Wicantênipun Hamid Kadi: Kisanak, punika sampeyan sêrat. Lajêng kasêrat ungêlipun: sakabèhing odslah, molah, pangulu sarta para kawula Islam, kawas-kawas lan kulak, padha angupayaamarang wong kang

--- 1 : 34 ---

diarani Topèng Êmas, amarga dhèk wingi katon angambahana ing kutha Skutari, ing ngêndi ênggone kêtêmu banjur cêkêlên. Sapa kang ora ngèstokake marang parentah iki, kêna paukuman pati. Ing ngandhap lajêng dipun tèkêni Babah Mansur sarta Hamid Kadi. Sang putri angandika: Topèng Êmas iku durung lunga saka ing kutha kene, pamuji kula lantaran parentahira iki, Topèng Êmas bisaakacêkêl tumuli, topènge nuli kabukaka, anjaba saka iku, aku duwe parlu sapele, anjalukake pagaweyan wong cilik marang kowe, kang supaya wong mau ing têmbe bisa dadiapangkat gêdhe, amarga aku sumurup, manawa kowe dhêmên marang wong kang gagah prakosa sarta gêdhe atine.

Syèh Ul Islam: Sang putri ingkang minulya, karsa panjênêngan badhe kula èstokakên, tiyang ingkang panjênêngan pangandikakaken wau lajêng ingandikakna mariki, kula pacakipun ing damêl, supados ing têmbe sagêd tampi ganjaran pangkat agêng. Kula sarta Hamid Kadi sakalangkung bingah, dene sang putri anêdahakên kasêtyaning panggalih. Manawi kaparêng kula nyuwun katrangan, punapa panjênêngan sampun munjuk atur dhumatêng ibunipun kangjêng sultan.

Sang putri: Pakumpulan rêmbug iki ora bisa olèh katrangan kang têtela, sumurupa

--- 1 : 35 ---

aku wus tau nyoba pitakon marang ratu agêng, ing ngêndi padhêlikane Rajaputra Saladin, isih urip apa wus mati, yèn urip ing ngêndi panggonane.

Sang putri sawêg eca angandika, kasaru dhatêngipun panjagi kori, Babah Mansur sakalangkung bêndu sarta pitakèn dhatêng tiyang wau punapa pikajêngipun lumêbêt, panjagi kori anyêlaki dhatêng Mansur sarwi bêbisik ngantos adamêl kagèt, wicantênipun: Topèng Êmas wontên salêbêtipun pratapan, Babah Mansur ngadêg sarta pitakèn: Apa Topèng Êmas lumêbu pratapan sapa kang wêruh. Panjagi kori: Pangagênging para kawula ingkang nama Suleman, sumêrêp Topèng Êmas manggèn ing sawingkingipun mênara. Sang putri ngadêg lajêng ngandika: Ah, wong iku bokmanawa impèn-impènên, aturing juru kontên.

Pun Mohadan Sèh inggih sumêrêp katingal dening kataman soroting rêmbulan. Babah Mansur lajêng parentah, yèn pancên nyata, Topèng Êmas wani lumêbu ing omah pratapan, golèkana banjur cêkêlên, supaya iku eblis tumuli sirna, ing lurung-lurung jaganên, aku dhewe uga arêp mèlu anggolèki sarta nyêkêl, miturut undhang-undhang. Syèh Ul Islam tumuntên mêdal, sang putri sarta Hamid Kadi kantun lêlênggahan.

__________

--- 1 : 36 ---

Bab ingkang Kaping Sakawan.

Sadi kalihan Sang Putri Rokanah.

Ing wanci enjing Sadi tangi tilêm, dalunipun mêntas pêpanggihan kalihan Nonah Resiyah, ingkang kasêbut bab kaping kalih, Sadi taksih tansah agawang-gawangan dhatêng warninipun nonah wau, sarta sadangunipun tangi taksih wontên ing patilêmanipun ingkang botên pakra, Sadi angèngêt-èngêt lêlampahanipun ingkang mêntas dipun lampahi kala wau dalu. Sadi sakalangkung trêsna dhatêng Resiyah, ananging sarêng èngêt wicantênipun nonah dhatêng awakipun mêkatên: Sampeyan kesah, kula sampeyan tilar dening sampeyan sampun anulungi kula saking piawonipun tiyang Grik, ingkang sayogi andumugèkna padamêlan sampeyan. Sadi sanalika sirna karêkatipun, ananging sanadyan siyang kadamêl dalu, dalu kadamêl siyang, tekadipun Sadi namung badhe madosi Nonah Resiyah ingkang ngantos kapanggih. Ing sadangunipun angèngêt-èngêt dhatêng Resiyah, dumadakan Sadi lajêng èngêt babutipun Sang Putri Rokanah ingkang kantun wontên baitanipun, wusana Sadi lajêng dandan santun sandhangan ingkang rêsik, nuntên pangkat dhatêng panggenane baitanipun.

Nalika wau ing wanci enjing, srêngenge sampun malêthèk [ma...]

--- 1 : 37 ---

[...lêthèk] anyoroti baita-baita kapal saha baita alit-alit katingal asri, gêdhong-gêdhong sarta mênara-mênara masjid salêbêting kitha Turki saking katêbihan katingal sakalangkung endah, pindha gambar salêbêting kaca, makatên malih tembok-temboking kadhaton kawistara munggul, dumunung ing papan wiyar, kintên-kintên wontên saêmil pasagi wiyaripun, manawi kasawang dangu-dangu kados sanès dêdamêlaning manungsa, para bakul sampun sami lumampah ngetan ngilèn ambêkta daganganipun.

Sadi anuwèni baitanipun wilujêng botên kirang satunggal punapa, lajêng kalampahakên anurut lèpèn anjog bangawan têrus dumugi kadhatonipun sang putri.

Temboking lèpèn wau sampun sêpuh sangêt, ngantos katingal ijêm lumutên, toyanipun cêmêng dening botên nate kêsorotan srêngenge, labêt tansah keyuban ing kêkajêngan ingkang agêng-agêng. Dhatulaya ingkang dumunung sacêlaking lèpèn wau, punika kadhatonipun sang putri, rumiyindados panggenan ingkang sakalangkung anggêgirisi, kangge padalêmaning para sadhèrèkipun kangjêng sultan, gampil dipun kêpang sarta dipun jagi. Tatacara ing tanah Turki bilih wontên nata seda, miturut pranatan undhang-undhangipun Bagendha Ngusman, ingkang sumilih ing kaprabon sanès saputraning nata ingkang seda wau, putraning sadhèrèkipun [sadhèrè...]

--- 1 : 38 ---

[...kipun] jalêr ingkang sêpuh piyambak, pramila sang nata saha ratu ing Turki ing salaminipun tansah sujana dhatêng sadhèrèk ingkang ing têmbe anggêntosi kaprabonipun, sarta kajagi kalayan santosa, sampun ngantos sadhèrèk dalêm wau lampah cidra, anandukakên piawon dhumatêng sang prabu, supados sagêda enggal anggêntosi jumênêng sultan, namung sajumênêngipun Sultan Abdul Asis, para pangeran-pangeran kadhawuhan dêdalêm ingkang ragi têbih kalihan kadhaton, ing wingking badhe kacariyosakên. Awit saking punika Sang Putri Rokanah ingkang lajêng angadhaton wontên ing Skutari.

Sarêng Sadi sampun ragi têbih lampahipun, sumêrêp baita-baitanipun sang putri, namung baita ingkang borot kala wau botên katingal, bokmanawa sampun kapasrahakên dhatêng kartisananing baitanipun kangjêng sultan ing Topanah, supados dipun dandosi, baita-baita wau karêngga ing toya êmas, wontên ingkang kaêcèt ijêm sarta jêne, kamar-kamaripun rinêngga sakalangkung èdi. Sacêlakipun baita-baita wau wontên undhak-undhakanipun wiyar sampun lami, inggih punika inggah-inggahan ingkang dumugi palatarane kadhatonipun Sang Putri Rokanah, sanginggilipun undhak-undhakan kajagi gêgêntosan. Baitanipun Sadi lajêng kacêlakakên ing undhak-undhakan, botên maèlu dipun ulatakên ingkang

--- 1 : 39 ---

jagi, baita kacancang, piyambakipun lajêng minggah, ananging nuntên wontên tiyang jagi anyêgati lampahipun, Sadi dipun awisi botên suka nglajêngakên lampahipun, Sadi suka sumêrêp mênggah ingkang dados pêrlunipun, ananging wadya jagi botên maèlu, malah badhe abănda, mênthungi punapa malih Sadi kagiri-giri badhe kalêbêtakên dhatêng kunjaran.

Sawêg rame-ramenipun Sadi garêjêgan kalihan wadya jagi, dumadakan wontên abdi cêmêng dhatêng, andhawuhakên saking dhawuhipun sang putri, wadya jagi sami kadhawuhan kesah, supados Sadi têrus lumêbêt sowan sang putri. Sang putri kados kemawon sampun dangu nginjên saking korining jandhela, mila botên kadangon sagêd utusan biyada angêndhakakên pangarubiruning wadya jagi, wadya jagi lajêng sami mundur palarasan, biyada cêmêng amurih dhatêng Sadi angêtutakên lampahipun, dumugi ing margi pêtêng anjog ing undhak-undhakan sela, tiyang Grik ingkang anjagi kamaripun sang putri botên katingal, sarta Sadi inggih botên kèngêtan dhatêng băngsa Grik wau, amargi tansah dhêg-dhêgan amanah kadospundi badhe aturipun dhatêng sang putri. Sadi sumêrêp rêrêngganing kadhaton thukul gagasanipun: Saiba sakeca sarta sênêngipun tiyang gêsang ingkang sugih kados makatên punika, punapa sasêdyanipun sagêd kêdugèn, undhak-undhakan sela wau ginêlaran babut èdi, saha

--- 1 : 40 ---

kori-kori mawi kapasangan kulambu sutra ijêm. Wontên malih palêngkungan êmas, kadadêl[6] gandhulan pêksi jakatuwa, wulunipun awarni-warni, ing tembok-tembokipun sami linèmèkan bantal sutra sakalangkung gilap, manawi klambu wau sampun katutup, kori sangajêngipun kulambu lajêng kabikak.

Sanalika punika Sadi prasasat sirna akal budinipundening gawok amanoni rêrêngganing kadhaton sakalangkung èdi punika, botên beda kados tiyang sanèsipun ingkang nêmbe anyumêrêpi wêwarnèn ingkang endah, ewadene Sadi lampahipun tansah êtut wingking dhatêng tiyang cêmêng wau kalihan nyantosakakên manah, botên dangu dumugi ing kamar agêng, mênggah patrap saha tatakramanipun Sadi botên anguciwani, margi sampun winêlêg ing wulang sae dhatêng bapakipun anama Rahman ngulama ing masjid. Ing kamar agêng ngriku panggenanipun sang putri sawêg lênggah ing kasuran baludru jêne, kaadhêp para pawongan cèthi, cèthi punika salong angêbuti sang putri, ngangge êlar mêrak, wontên ingkang maligi ngadhêp anjagèni manawi sang putri karsa utusan, sanèsipun malih ngampil upacara, nampan sarta cawan-cawan tuwin sapanunggilanipun, sang putri ngagêm kudhung, makatên ugi sadaya para pawongan punika. Sadi lajêng linggih wontên ing babut, sang putri angandika: Apa kaslamêtan têkamu: Sadi, aku kèlingan yèn kêpotangan [kêpo...]

--- 1 : 41 ---

[...tangan] umur marang kowe.

Aturipun Sadi: Kula botên pisan anggadhahana rumaos amotangakên, agêngipunbadhe nagih, sowan kula namung badhe angaturakên babut kagunganipun sang putri, kala wingi kantun wontên ing baita kula. Babut kasèlèhakên, tumuntên kapêndhêt ing para nyai lajêng karimatan.

Sang putri: Sadi, pira ênggonmu anjaluk opah anyabrangake dhèk wingi bêngi.

Sadi: Miturut pranatan, gangsal piyastêr (kintên-kintên kalih rupiyah).

Sang putri: He, kowe pancèn sanyata yèn wong kang awicaksana, iya aku mung miturut bae. Ing ngriku sang putri lajêng animbali abdi èstri sarta lajêng dhawuh, Èsmah bocah iki wènèhana sapanjaluke. Pangandikanipun sang putri dhatêng Sadi, Sadi, iki bayaran sabrangan, dudu piwalêsku marang kowe, mungguh ênggonmu anulungi nyawaku, iku mung gumantung ana ing aku, mulane kowe mung sumaraha bae marang kaparêngku, apa ing mêngko kang bakal dak paringake marang kowe, amarga panganggêpku, gêdhe-gêdhening pangaji iku ora angungkuli gêdhene pangajining nyawaku, marmane pitulunganamu iya tak anggêp [ang...]

--- 1 : 42 ---

[...gêp] kang tanpa upama mungguh pangajine, awit saka iku lah mara ngaranana, ganjaran apa kang kojaluk, sanadyan sapira gêdhene utawa dhuwure, iya bakal dak turuti, amarga saka pamikirku, kaya-kaya ora ana gêganjaran kang patut sarta anyukupi, manawa tak timbang karo gêdhening pangajine pagaweyanmu pêrang karo mêsêsing lesus, blêdhèg nyambêr-nyambêr lan ombak mawalikan nganti bisa angluputake aku saka sajroning bêbaya pati, mara tutura Sadi.

Sadi umatur: Dhuh sang putri ingkang linuhung, panjênêngan paduka sanyata mirah ing galih, ananging gèk punapa ingkang kula suwun, amargi kula botên gadhah sêdya punapa-punapa, kajawi namung anyumanggakakên karsanipun sang putri.

Sang putri ngandika kalihan gumun: Kowe apa ora kapengin apa-apa Sadi, bêgja yèn mangkono, dene ora duwe susah awit saka ginodha pêpenginaning ati, satêmêne arang-arang ana manungsa kaya kowe. Lah bokmanawa ing batin kowe iku duwe sêdya kang kaliwat sakangêkat, têmahan duwe pangira gêdhening panguwasaku nganti ora bisa anutugi sêdyamu iku, yèn oraamangkono apa kowe dhêmên [dhêmê...]

--- 1 : 43 ---

[...n] dadi tukang prau tambangan bae salawase urip, lan apa kowe durung tau wêruh barisan prajurit mêtu saka tangsi ing Baski Bosuks, Yanitsar, Sirkasir lan Opsêhar, apa atimu ora krêjotan yèn karungu unining tambur lan salomprèt Yanitsar, sarta manawa kowe wêruh opisir mlaku-mlaku, manganggo sandhangan dhinês pating calorot, apa kowe ora duwe rasa kapengin, lan apa kowe ora kapengin manganggo cara jendral, apa kowe ora tau krungu pawartane wong prakosa, apa kowe ora tau ngimpi mênang pêrang, olèh pangalêmbana kaewokake wong gagah prakosa.

Sadi umatur kalihan bingah: Inggih sang putri, inggih, panjênêngan punika anênangi manah kula ingkang sakalangkung anggêgirisi.

Ing nalika sang putri midhangêt unjukipun Sadikados makatên, sanalika lajêng kagungan panggraita manawi pangandikanipun sagêd amranani dhatêng manahipun Sadi, mila lajêng angandika kalihan têmbung ingkang sakamantyan manuhara, kowe rak ora mêsthi yèn ta dadia tukang prau bae salawase. Kowe dianakake iki supaya dadi wong kang

--- 1 : 44 ---

apangkat ruhur, ora dadi tukang prau bae, ing sajroning atimu ana thêthukulan rohing senapati kang samêngko isih turu, mulane satangmu tak pêpuji tumuli diijolana pêdhang opisir, kulambimuabang panganggoning tukang prau, banjur maliha dadi panganggoning prajurit, sarta nunggang jaran anindhihi barisan dikurmati unining suling kang agawe gambiraning ati, wuwuh-wuwuh kaapit ing bandera kang aciri rêmbulan tumanggal karo bandera kang aciri buntut jaran, yaiku banderaning karajan Turki, dhuh saiba ta gêdhening ati, awit saka kowe ora duwe wêdi anêmpuh bêbaya gêdhe nganti bisa mitulungi nyawaku, marmane ing mêngko sayogyane kowe amasrahna nyawa lan karosaning tanganmu marang nagara wutah gêtihmu, supaya kowe bisa nyêkêl pagaweyan nagara, ing kono aku wani mêsthèkake yèn kowe bakal bisa nampani ganjaran bintang buntut jaran, yaiku cihnaning kasudiran utawa ungguling jurit alabuh praja karana agama dhawuhing nabi.

Sadi: Kala rumiyin kula inggih sampun nate badhe lumêbêt dados prajurit, ananging Ali Bèi cariyos dèrèng wontên lowongan, [lowong...]

--- 1 : 45 ---

[...an,] prajurit sampun cêkap.

Sang putri: Prayogane kowe dadia suldhadhu, sawatara dina banjur arêp tak dadèkake panggêdhening barisan panjagaku, dene prasêtyaku marang kowe, kowe tak angkas-angkas bangêt supaya bisaa tumuli apangkat ruhur, mangkono pamujiku rina wêngi marang awakmu.

Sadi mirêng pangandikanipun sang putri makatên wau manahipun sangêt gambira, aturipun dhatêng sang putri. Dhuh sang rêtna ingkang minulya, pangandika paduka kados sampun cêkap dumugi samantên kemawon, awit kauningana, sayêktosipun kula botên rêmên saupami kula sagêd dados ruhur, karuhuran punika amargi kabêkta saking panguwaos saha palimarmanipun sang putri, wondene ingkang kula èsthi, kula sagêda dados tiyang agêng wiwit saking pangkat alit, salajêngipun mindhak-mindhak kabêkta dening kasagêdan saha katabêrèn kula piyambak, lah makatên ingkang tansah kula impi-impi.

Sang putri: Dhuh Sadi, gêgayuhamu iku pancèn luwih têmênan, katon saka kêkarêpan kang kolairake iku, saiki aku bisa wêruh cêtha, yèn ing têmbe kowe patut bisa

--- 1 : 46 ---

dadi gêdhe, mungguh panampikmu marang pitulunganaku, iya ora dadi ngapa, kêna kowe anuruti kêkarêpanmu dhewe, watone kabèh prakara iku kopasrahake marang aku, supaya aku tumuli amaringi pangkat gêdhe ing kowe.

Sadi: Inggih sang minulya, kula namung nyuwun dados suldhadhu kemawon, botên inggil-inggil.

Sang putri: Sadi, sesuk esuk kowe tămpa dhawuh wangsulaku, saiki muliha dhisik, êntènana nganti satampamu dhawuh, dene pagaweyanmu kang wus katon, iya iku kakêndêlanmu anulungi wong kabancana, ing têmbe uga bakal angrêrêngga marang awakmu.

Sasampuning ngandika sang putri lajêng jumênêng sarta andudut sêsupe ingkang dipun agêm ing dariji manis, inggih punika supe êmas mripat intên barleyan agêng-agêng, sang putri ngandika malih: Ênya Sadi, ali-ali iki tampanana, minăngkaa dadi pratandhaning sukur lan piwalêsku marang kowe, sarta manawa kowe kangên marang aku, ali-ali iki bisaangatêrake sawayah-wayah kêtêmu aku kalis saka pamunasika.

Sadi: Dhuh sang putri, têka saijap-ijap makatên [makatê...]

--- 1 : 47 ---

[...n] agênging gêganjaran paduka tumrap padamêlan kula ingkang sapala.

Sang putri: Anggonên Sadi, sanadyan ora sapiraa rêgane, kuwasane ali-ali iku bisa anggawa kowe lumêbu ing kadhatonku katêmu aku. Wis ta saiki muliha, nanging panjalukku marang kowe, kowe aja nganti lali marang aku, sarta ing măngsakala sok awèha kabar marang aku mungguhing kaslamêtanamu. Kacariyos salêbêtipun sang putri wawan pangandika wau botên katingal wadananipun dening botên kaparêng ambikak kêkudhungipun.

Wusana sang putri amaringi asta dhatêng Sadi, darijinipun kêbak sêsupe ingkang pinatik ing sêsotya nawarêtna pating galêbyar, makatên ugi ugêl-ugêling asta ingkang gilik mêntês pêthak amênthur, katingal angagêm binggêl rukmi tinarètès ing intên.

Mênggah tampinipun sêsupe Sadi wau, kados upaminipun tăndha katrêsnan, mila Sadi ngantos kinarilan anguswa asta, sarta amanoni wujuding ugêl-ugêl ingkang mênthur pêthak punika.

Sasampadipun aparing asta dhatêng Sadi, sang putri lajêng mêdal saking kamar, kairingakên para-para nyai sadaya, Sadi taksih kantun, watawis dangu ngadêg lumampah mêdal, kairingakên abdi cêmêng, kados nalika [na...]

--- 1 : 48 ---

[...lika] lumêbêtipun.

Sarêng anglangkungi kamar sanèsipun, Sadi sumêrêp tiyang băngsa Grik nama Lasaro, panjagi kamaripun sang putri, tiyang Grik punika botên pangling dhatêng Sadi, amargi bêbujênganipun sampun nate dipun rêbat, inggih punika nalika êmbènipun dalu wontên palataraning masjid, sanadyan tiyang punika aningali dhatêng Sadi kalihan mingid-mingid, Sadi botên pisan-pisan purun maèlu, amargi sumêrêp yèn punika kêkasihipun sang putri.

__________

Bab ingkang Kaping Gangsal.

SêkernahSerah, Têgêsipun: Setan Cêmêng.

Nunggil ing dalu wau, inggih punika nalika tiyang-tiyang sami sumêrêp wontên tiyang mănca mangangge pating sarembong, malêbêt ing griya pratapan, ing kitha Skutari wontên parawan ingkang sawêg susah manahipun, prawan punika anama: Resiyah, ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, Resiyah manggèn wontên griyaning bapakipun ingkang sampun kakintên pêjah, Resiyah sangêt susahing manah, badhe sêmbahyang ing kuburan, botên sumêrêp kuburipun, ing dharatan punapa ing sagantên.

--- 1 : 49 ---

Ing nalika Sadi sumêrêp wujuding Resiyah, kala Resiyah ingarubiru dhatêng Lasaro, punika sakala Sadi lajêng dhawah trêsnanipun dhatêng Resiyah, samantên malih Resiyah, sanalika inggih lajêng gadhah cipta trêsna dhatêng Sadi.

Kacariyos kala samantên, Resiyah pinuju ngadêg anjêngêr wontên salêbêting jandhela sarwi angunandika: Dhuh, aku gèk mau bêngi ditulungi wong lanang nonoman kae, atiku têka banjur duwe rasa trêsna, apa baya dhèwèke iya trêsna marang aku, aku kapengin bangêt bisaakatêmu sapisan êngkas bae.

Ing wanci tênga[7] dalu, Resiyah sawêg badhe mapan tilêm, kasaru dhatêngipun tiyang mangangge cara setan, mènèk tembok inggil têrus mangandhap dumugi griyanipun Resiyah, andhodhog-dhodhog korining kamaripun Resiyah, Resiyah tangi sangêt ajrih sarta botên purun ambikak korinipun, tiyang wau thothok-thothok malih langkung sêru, mila Resiyah kalihan kumêtêr kapêksa lajêng ambikak jandhela badhe sumêrêp sintên ingkang wontên ing jawi punika, saha badhe sumêrêp saking pundi marginipun, dene ing wanci dalu sagêd dhodhog-dhodhog kori ing ngriku. Tumuntên wontên swara saking jawi: Resiyah, bukakên lawange, aku kang têka Syerah. Resiyah gumun lajêng pitakèn: Kapriye têka kowe ana ing kene ing wayah tênga wêngi, kowe saka

--- 1 : 50 ---

ngêndi, lan kapriye patrapmu lumêbu mrene. Tiyang wau anudingi tembok ingkang inggil sarta mangsuli: Aku mènèk saka tembok, amarga aku arêp caturan karo kowe Resiyah, mula mudhuna lan bukakên lawangmu, aku arêp kăndha kang luwih parlu marang kowe. Mirêng makatên punika Resiyah tumuntên mandhap ambikak kontêning griyanipun, setan cêmêng lajêng kaajak minggah ing lotèng. Mênggah ingkang nama Syerah punika rare èstri, dêdêgipun namung kawan kaki, gêgêripun mungkuk, warninipun awon, rainipun cêmêng, saking awoning warni tuwin cêmêngipun, ngantos dipun parabi setan cêmêng dhatêng tiyang kathah, Syerah dipun acarani kaajak linggih jèjèr botên purun, kêdah linggih ing ngandhap kemawon, Resiyah pitakèn: Kowe bêngi-bêngi têka apa saka Galatah, karo manèh apa Mak Kadisahwêruh yèn kowe bêngi iki marene. Syerah gèdhèg lajêng mangsuli: Ora wêruh, si biyung luwih bungah yèn aku mati kalêlêp ing banyu, lan awake mêsthi ora wêruh yèn aku mrene, sabab barêng aku olèh tambangan banjur dak purih nyabrangake aku mrene rêrikatan, amarga aku krungu warta kang kurang kapenak tumraping kowe.

Resiyah: Dhuh mêsakake têmên kowe bocah mlarat, dene anggonmu arêp awèh kabar apa-apa marang aku, nganti kobandhani [kobandha...]

--- 1 : 51 ---

[...ni] nglimpe-nglimpe êmbokmu, yèn Mak Kadisah tangi gèk kapriye, apa awake iya isih sêngit karo kowe.

Syerah angakêni pitakènipun Resiyah, wicantênipun: Iya, si biyung bangêt gêthinge marang aku, sabên dina aku tansah didugangi lan digêbugi, nanging gèk kapriye manèh, rupaku nganti èlèk lan nganti karan: setan irêng, kowe rak iya uwis wêruh dhewe ta.

Resiyah: Lha mêngko kapriye ulihmu marang Galatah.

Syerah: Êmbuh mêngko, kajaba dibudi, mung saiki rungokna dhisik kandhaku, satêmêne sagêdhagan iki kowe ana sajroning bêbaya, mulane aku ora bisa têka ing kene tumuli.

Resiyah: Kandhamu iku agawe mirising atiku.

Syerah: Dhèk wingi bêngi ana băngsa ruhur anyalamur têka ing omahe si biyung (Mak Kadisah), parlu nyarawèdèkake. Aku dikon mêtu ora olèh angrungokake apa kang dirêmbug, ananging aku nginjên, dadi bisa krungu kabèh. Băngsa ruhur mau anyaritakake impène, ana ula [u...]

--- 1 : 52 ---

[...la] lumaku sangarêping sikile, si biyung anêgêsi ula iku pangawakaning bapakmu (Al Mansur) mulane bapakmu kudu aja kêsuwèn dipatèni, yèn ora, bakal ora bêcik, amarga saka iku băngsa ruhur mau anggolèki bapakmu lan sadulurmu sing jênêng Abdullah arêp dipatèni. Si biyung sêngit marang kowe, mulane băngsa ruhur, mau diojok-ojoki supaya anumpêsa marang turune wong tuwamu.

Resiyah: Syerah, apa kowe ora sumurup, yèn si rama wus mati ana ing sagara, dene sadulurku kang aran Ngabdullah, uga wis mati kinaniaya marang wong ala, ananging sanadyan mangkonoa, kowe (Syerah) aja kuwatir yèn aku bakal lumayu, awit saiki aku duwe kuwanuhan wong lanang nonoman kang saguh angayomi marang aku, mulane apa kandhamu mau iya arêp tak kandhakake kabèh. Wis saiki muliha, mupung Mak Kadisahdurung tangi, mung sing ngati-ati, supaya êmbokmu ora wêruh yèn kowe saka kene.

__________

--- 1 : 53 ---

Bab ingkang Kaping Nêm.

Wadyabala ingkang Anjagi Sang Nata.

Kacariyos sapêngkêring Topèng Êmas saking griya pratapan, ing ngriku gègèr uyêk-uyêkan angupadosi Topèng Êmas, ingkang kasumêrêpan ing kathah angambah salêbêting masjid, ngantos Syèh Ul Islam ingkang panguwaosipun prasasat raja, ugi tumut angupadosi, ananging botên wontên ingkang kapanggih.

Êlêt sadalu kalihan wontênipun Topèng Êmas, wontên tiyang numpak kapal dhatêng ing griya pratapan, warninipun kados opisir băngsa Turki, arasukan lakên biru, acalana cêmêng, anganggar pêdhang bengkok, sarta nyangkêlit pistul tuwin golok alit satunggal, namung topinipun topi Sêtambul. Sarêng lampahipun dumugi ngajêng masjid, tiyang wau mudhun saking kapal, kêndhalinipun kapasrahakên dhatêng dêrwis sêpuh ingkang têngga kori, dêrwis-dêrwis ingkang sami jagi kori sami anguluki salam, ananging ingkang dipun uluki salam botên maèlu, tiyang punika namanipun Mukamad Bèi, pangagênging barisan kapidsêki, wujud sarta tandang-tandukipun kasar sangêt, inggih punika ingkang anjagi kangjêng sultan, lampahipun têrus dumugi ing mênara lajêng anjog kamar pawicantênan, sarêng sumêrêp Syèh

--- 1 : 54 ---

Ul Islam lênggah ing ngriku, Mukamad Bèi atur pahargyan saha uluk salam, ingkang wontên salêbêting kamar wau namung Mansur Èpèndi piyambak, amargi sadhatêngipun Mukamad Bèi, panjagi kori tumuntên kesah, Mukamad Bèi wicantên: Babah Mansur, prayagung minulya saha kuwaos, punapa parlunipun panjênêngan animbali dhatêng kula.

Babah Mansur: Kowe arêp tak patah anglakoni pagaweyan kang luwih abot, Mukamad Bèi, iki mèh tanggal kaping 15, sasi Pasa, dina iku aku mêsthi sêmbahyang marang masjid gêdhe, kang iku kowe sakalerehamu mêsthi angiringake lakuku.

Mukamad Bèi: Dhuh sang minulya, awrata ingkang kados punapa dhawuh paduka, amasthi badhe kula lampahi.

Babah Mansur: Tanggal kaping 15 Pasa iku măngsa kang prayoga, kowe anuduhna kasêtyanmu marang aku, Mukamad Bèi, lan kowe sumurupa marang karampunganing pangadilan ruhur, ing dina iku Rasim Pakah ana ing masjid gêdhe lan para kakim liya-liyane sarta para pêpatih, kang iku Rasim Pakah mau ora kêna mêtu saka ing masjid isih urip, amarga dhèwèke wani-wani angrèmèhake panguwasaning agama Islam, mulane pangadilan ruhur [ru...]

--- 1 : 55 ---

[...hur] bakal anibakake ukum pati marang awake.

Mukamad Bèi: Sandika Babah Mansur.

Babah Mansur: Mara coba apa kowe wis sumurup, Si Rasim Pakah bakal kapatrapan ukum pati kapriye, manawa miturut undhang-undhang, sarta mirit kaluputane.

Sawêg nêdhêngipun awawan pangandika, dumadakan kêsaru dhatêngipun Sadi saking Skutari, ambêkta sêratipun Sang Putri Rokanah, Babah Mansur angandika: Muhkamad Bèi, ngêndikane sang putri, wong nonoman iki jare gagah prakosa lan bangêt wantêre, mula banjur dadèkna prajurit kalerehanamu, manawa dhèwèke ngati-ati, banjur kêna diunggahake pangkate. Sadi lajêng kapurih lumêbêt dhatêng kamar, kapanggih kalihan tiyang apangkat agêng kêkalih punika.

Syèh Ul Islam katingal sangêt rêna ing galih aningali dhatêng Sadi, amargi wujudipun gagah pasemonipun kêndêl tajêm, Syèh Ul Islam lajêng ngandika dhatêng Mukamad Bèi: He, Mukamad Bèi, uwong iki ajakên sarta banjur dadèkna suldhadhu, dhawuhana anindakake pagaweyan kang wus tak pitayakake ing kowe mau, supayane tumuli kauningan kêndêl lan jirihe, yèn awake ora anggatèkake dhawuh, wêdi matèni Rasim Pakah, aja talompe banjur patènana, amarga amratandhani yèn jirih,

--- 1 : 56 ---

ora patut dadi prajurit Turki. Muhamad Bèi matur sandika: wêkasan anolèh wicantên dhatêng Sadi, Sadi, aku duwe suldhadhu anyar jênêng Sorah Bèi, iku gagah prakosa lan kêndêl, kowe kumpula dadi siji karo dhèwèke. Wangsulanipun Sadi: Tuwan manggalaning aprang, kula nyuwun dados prajurit, badhe kula lampahi kalihan tumêmên, supados kula enggal angsal pangkat, kula botên ajrih pêjah ing paprangan. Syèh Ul Islam pitakèn dhatêng pangagênging pabarisan: He Bèi, apa kowe wus anyumurupi kalawan yakin, yèn Sorah Bèi kêndêl sarta gagah, manawa têmên kaya kandhamu, Sorah Bèi lan wong iki prentahana matèni Rasim Pakah, ing nalikane arêp mêtu saka masjid, besuk tanggal limalas sasi Pasa mau Rasim Pakah aja nganti mulih isih urip, awit saka kang mangkono Sorah lan Sadi padha paringana prajanji, manawa angèstokake dhawuh iki kalawan têmên-têmên, sakaro-karone bakal dak paringi pangkat: baski, ananging yèn nganti cabar lan wêwadi iki nganti kabrojol, aja takon dosa mêsthi bakal tak kisas. Sasampuning têlas pangandikanipun Syèh Ul Islam, pangagênging barisan kalilan mantuk anganthi Sadi.

Gêntos ingkang kacariyos sarêng sampun dumugi tanggal 15 wulan Siyam, inggih punika dintên [dintê...]

--- 1 : 57 ---

[...n] pasamuanipun tiyang Turki, kangjêng sultan amirantos badhe sêmbahyang dhatêng masjid agêng, awit ing masjid ngriku punika wontên barang gangsal warni wasiyat pêparingipun Kangjêng Nabi Mukhamad. Ing nalika samantên, Kangjêng Sultan Abdul Asis lênggah wontên ing kamar, angêntosi sowanipun para pêpatih saha khakim-khakim, ingkang badhe anggarêbêg têdhak dalêm, sami mangangge pameran, kangjêng sultan angagêm pêdhang ngusman, inggih punika minăngka lêlintuning makutha kasenopatèn karajan Turki, kajawi jumênêng ulu-uluning senapati, sang nata inggih jumênêng pangagênging agami Islam, sang prabu punika sariranipun katingal wêwêg asubur, yuswanipun kintên-kintên kawan dasa taun, kulina mangagêm cara Eropah, makatên ugi para pêpatih, kados ta: amangagêm rok calana cêmêng, topi abrit, asangsangan bintang Turki agêng, ananging wêkdal punika agêm-agêmanipun cara Turki dêlês, rasukan binalodir ing êmas sarta salaka, agêm dalêm surban pinatik ing sêsotya nawarêtna, intên barleyan jumêrut nila widuri, langkung malih agêm dalêm paningsêt sangsaya angebat-ebatakên abyor mompyoripun, dene ing pranaja dalêm kangjêng sultan angagêm bintang warni-warni.

Patih Rasim Pakah angadêg ing sakiwanipun kangjêng sultan, ngangge surban pêpameran, acalana Turki kombor, paningsêtipun kêncana pinitik[8] ing sêsotya [sê...]

--- 1 : 58 ---

[...sotya] pating galêbyar, Rasim Pakah punika prayagung neneman bagusing warni, kuciwa wadana pucêt dening kêkathahên wungu dalu, Rasim Pakah mèh sabên dintên sowan, punapa aturipun kathah ingkang kadhahar ing sang nata, amila Rasim Pakah saya majêng anggènipun angunjukakên pralampita ing kangjêng sultan, supados pangastaning paprentahan sang prabu anulada paprentahan tanah Eropah, pamurihipun ing nagari Turki saya lami saya santosaa, tata ngadat kina agami tumut-tumut mranata nagari, punika dipun parsudi sagêda sirna tumuntên. Kangjêng sultan andhahar dhatêng atur makatên wau, pramila Rasim Pakah dipun gêthingi sangêt dhatêng sakathahing băngsa ngalim, sarta ngantos amêmêngsahan kalihan Patih Mustapa Pakah ingkang dipun biyantu dhatêng para pandhita-pandhita agêng, kados ta Syèh Ul Islam.

Sang nata angandika dhumatêng Rasim Pakah, durung suwe kowe ngunjuki uninga marang aku, manawa ing kene ana sawijining pakumpulan wadi, iya iku Mustapa Pakah sabiyantu lan para pangeran sarta para putra iku kapriye karêpe, bêcik apa ala.

Aturipun Rasim Pakah:Dhuh gusti, bab makatên mau kêkilapan punapa panjênêngan dalêm, kawula botên kaconggah munjuk saha angrampungi.

Sang nata: Hêm, ora enak têmên rasaning atiku, lan aku ora pracaya bangêt marang para pêpatihku [pêpa...]

--- 1 : 59 ---

[...tihku] kang padha saekapraya karo para pangeran iku.

Rasim Pakah: Tumuwuh saking kawicaksananing panggalih dalêm, dangu-dangu panjênêngan dalêm amasthi badhe sagêd anguningani wêwados punika. Dumugi samantên unjukipun Rasim Pakah, kasaru dhatêngipun Mustapa Pakah anjujug ing kamar sisihing kamar ingkang dipun lênggahi kangjêng sultan, awit saking punika Mustapa Pakah sagêd mirêng dhatêng sadaya aturipun Rasim Pakah dhatêng kangjêng sultan, Rasim Pakah munjuk malih: Gusti, panjênêngan dalêm sampun sandeya dhatêng Mustapa Pakah, Mustapa Pakah sêtya sangêt ing panjênêngan dalêm, saha abdi dalêm kawula siyang dalu ugi tansah anjagi ing sarira dalêm. Midhangêt unjuk makatên punika, sang nata katingal singkêl sarta botên rêna sangêt. Mustapa Pakah mirêng aturipun Rasim Pakah mawi ngucapakên namanipun, anjalari kirang rêna, mila satingkah polahipun Rasim Pakah tansah dipun sawang kemawon ngantos mandêlik, ciptanipun: Saiki patimu, Mustapa Pakah tumuntên sowan ing ngarsanipun sang prabu lajêng amunjuk: Sowan kawula angunjuki uninga, sadaya wadyabala sampun sami sowan, wontên ing kamar pasewakan, [pasewa...]

--- 1 : 60 ---

[...kan,] midhangêt unjuk punika, sang prabu katingal kirang rêna angalêntrih, panggalih dalêm pasamuan punika daya-daya bibara, amila sang nata lajêng têdhak dhatêng kamar pasewakan, kadhèrèkakên patih kêkalih wau, sami mangangge pameran sadaya. Sarawuhipun ing kamar pasewakan, sang prabu pinêthukakên kalihan Syèh Ul Islam sakarèrèhanipun, para kakim-kakim, para nayaka sarta Ali Pakah inggih punika patih agêng nagari Turki dalah sakarèrèhanipun, sadaya sampun sami andhèring ngriku, sarawuh dalêm, sêsarêngan angucap kasugêngan dalêm ing dintên agêng wulan Ramêlan, lajêng anggarêbêg tindakipun sang nata dhatêng masjid agêng, ing wêkdal punika sadaya sami mangangge caranipun tiyang Turki dêlês, mila ing salêbêtipun kamar ngriku katingal abyor dening kasoroting pangangge ingkang sami tinarètès ing sêsotya.

Ing nalika punika Syèh Ul Islam majêng sumiwi ing ngarsanipun sang prabu angunjuki uninga, bilih kamar parimataning wasiyat barang suci ingkang winastan irkas kêris, odhisi, sampun kabikak, mila sadaya lajêng sami bidhal dhatêng masjid agêng kados barisan ajèjèr panjang, Syèh Ul Islam ingkang dados pangirid minăngka wêwakilipun Kangjêng Nabi Mukhamad, awit saking punika Mansur Èpèndi kalihan para molah-molahipun sarta pangulu-pangulu, sami lumampah rumiyin badhe

--- 1 : 61 ---

sêmbahyang,ing wingkingipun lajêng sang nata nitih joli kapikul ing pintên-pintên abdi cêmêng, kaayap para ajudan-ajudan tuwin Mukamad Bèi manggalaning wadya pabarisan, sadaya punika sami mangangge pêpameran anggêgirisi.

Sang nata punika kajawi ing dalêm sataun sapisan bilih anujoni ing dintên agêng wulan Ramêlan, botên nate karsa têdhak ing masjid agêng, dene ingkang dipun rênani namung têdhak dhatêng kêbon ingkang dipun wastani Bèhlèrbèg, dumunung sapinggiripun lèpèn: Bosurês, bab punika ing wingking badhe kacariyosakên.

Amangsuli arak-arakan, sarêng sampun cêlak kalihan masjid, sadaya tiyang sami sumêrêp manawi gapuraning masjid mawi kajagi dhatêng wadya prajurit kêkalih, satunggal anama Sadi, satunggal anama Hasan, prajurit kêkalih punika sarêng sumêrêp sang prabu sampun cêlak, tumuntên mapan angunjukakên pahargyanipun sarana kumlawening pêdhang, Syèh Ul Islam majêng enggal ambikak kontêning gapura masjid, ing ngriku sang nata lumêbêt kadhèrèkakên para abdi dalêm agêng-agêng sadaya.

Botên dangu sadaya barang wasiyat kawêdalakên, kangjêng sultan angaosi sangêt dhatêng barang-barang wau, dene sadaya barang wasiyat punika mawi dipun cirèni ing sastra mungêl: masallah. Masjid agêng punika siyang dalu mawi kajagi ing prajurit, salaminipun dèrèng [dè...]

--- 1 : 62 ---

[...rèng] nate wontên băngsa Kristên ingkang lumêbêt ing masjid ing ngriku, sampun malih tiyang Kristên sukaa angambah, sanadyan tiyanga agami Islam pisan, anggêripun botên katingal ngalim, inggih dèrèng mêsthi yèn angsala lilah lumêbêt, wondene barang wasiyat ingkang winastan barang suci wau, 1. awarni bilah, 2. bandera suci (sêhan sêhak sêhèrip), 3. singêpipun Kangjêng Nabi Muhamad, 4. jenggot, 5. waja sêkawan, jenggot punika jenggotipun kangjêng nabi rasul, pamarasipun kala kangjêng nabi seda, ingkang amarasi tukang cukur anama Sêliman, dene waja sakawan wau punika rêntahipun nalika kangjêng nabi pêrang ibêdhir, dipun wadung ing mêngsah, miturut ingkang kasêbut ing sêrat Babad Islam, ing nalika punika Malaekat Jabarail angirid malaekat langkung saking tigang ewu arêrencang yuda ing kangjêng nabi, ananging pêranging malaekat botên kasumêrêpan ing mêngsahipun.

Ing nalika kangjêng sultan sampun ragi karaos sayah, kaparêng lumêbêt ing kamar saha alèyèh-lèyèh ing rêsban kaprabon, ing ngriku botên wontên tiyang ingkang purun lumêbêt, kajawi Rasim Pakah ingkang kapêksa purun sumiwi malêbêt ing kamar, amargi badhe angunjuki uninga bab ingkang sakalangkung parlu, aturipun: Dhuh gusti, ing wêkdal punika panjênêngan dalêm wontên ing salêbêting bêbaya, kawula gadhah pangintên [pangi...]

--- 1 : 63 ---

[...ntên] bilih ing ngriki kathah tiyang ingkang sami saeka kapti sumêdya nandukakên lampah cidra ing panjênêngan dalêm.

Kangjêng sultan angandika: Kapriye wêruhmu, aturipun: Kawula sumêrêp tiyang bêbisikan kalihan abdi dalêm prajurit panjagi pura, manah kawula botên sakeca. Kangjêng sultan ugi lajêng botên sakeca panggalihipun, pramila nuntên kasêsa kondur, dumugi ing jawi anguningani Muhamad Bèi sawêg andhawuhakên punapa-punapa dhatêng Sadi. Sang nata enggal amurugi Sadi sarwi andangu, he wong jaga, kowe jênêngmu sapa. Sadi umatur: Kawula pun Sadi, gusti. Sang nata ngandika malih: Aku arêp mulih, lumakua ana ngarêpku, manawa ana kang wani-wani angadhangi lakuku, pêdhangên gulune aja kasuwèn. Kalihan agêng utawi gambiraning manah, Sadi lumampah sangajêngipun kangjêng sultan sarwi aningali kiwa têngên, sangêt anggèning rumêksa dhatêng ing panjênênganipun sang nata, têmahan ngantos botên wontên tiyang ingkang wani anyêlak ing pabarisan, dening ulap saha giris aningali dhatêng pratingkahipun Sadi ingkang sakalangkung gambira punika. Sang nata ugi botên kirang rêna amriksani tingkahipun Sadi sakalangkung gagah prakosa, mila sarawuhipun ing kadhaton, Sadi lajêng kaparingan pangkat litnan.

Sadaya para luhur ingkang andhèrèk sang nata mantuk, namung Rasim Pakah sarêng badhe minggah dhatêng kareta, [kare...]

--- 1 : 64 ---

[...ta,] dipun cidra dhatêng suldhadhu kêkalih kaprajaya dhadhanipun kapisanan têrus pêjah.

__________

Bab ingkang Kaping Pitu.

Ingkang Ibu Kangjêng Sultan.

Kadhaton Turki punika kajawi kadalêman ing kangjêng sultan, ingkang sasisih kadalêman ingkang ibu, kangjêng ratu agêng tabêri sangêt angupados rekadaya, murih panjênênganipun sagêd anguwasani praja saha dipun pituruta dhatêng ingkang putra, kajawi makatên kangjêng ratu agêng sangêt rumêksa supados sang prabu botên kêkirangan kasênêngan, sarta rumêksa ampil-ampilipun ingkang putra, asring andhatêngakên wanudya ingkang ayu-ayu, amargi saking punika karajan ing Konstantinopêl kathah sangêt wêdalipun arta waragad.

Mênggah ingkang dados pangèsthinipun kangjêng ratu agêng, punika namung kalih prakawis, sapisan, sagêda angasta panguwaos paprentahanipun ingkang putra, kaping kalih supados karajanipun botên sagêd gumantos dhumatêng tiyang sanès, amargi saking punika ratu ibu botên owêl angwêdalakên waragad kathah, anggêripun ingkang sinêdya ing galih sagêd kasêmbadan.

Manawi asal-usulipun ratu agêng punika pancèn têdhaking [tê...]

--- 1 : 65 ---

[...dhaking] asudra kemawon, ananging awit saking kawicaksananipun sagêd jumênêng ruhur, langkung malih panjaginipun karaton angatos-atos, mila sajumênêngipun sultan ingkang rama Sultan Abdul Asis, ratu ibu wau kasêngkakakên ing aruhur jumênêng garwa pramèswari. Sasedanipun kangjêng sultan wau, lajêng kagêntosan putra ingkang pambajêng saking pramèswari ajêjuluk Sultan Abdul Majid, Sultan Abdul Majid makatên ingkang raka Sultan Abdul Asis, inggih ing nalika jumênêngipun Sultan Abdul Majid wau, ingkang ibu kaangkat jumênêng ratu agêng, Sultan Abdul Majid botên dangu lajêng seda, kaprabonipun lumungsur dhumatêng ingkang rayi inggih punika Sultan Abdul Asis, sajumênêngipun Sultan Abdul Asis, kangjêng ratu agêng sangsaya agêng panguwaosipun.

Kacariyos amarêngi ing wanci sêrap, wontên parêkan angaturi uninga ing ratu ibu, manawi wontên juru nujum èstri sowan, nama Mak Kadhisah, angêntosi wontên jawi, mênggah sowanipun badhe angunjukakên prakawis wados. Ratu ibu kala rumiyin inggih sampun uninga dhatêng dhukun èstri saking Galatah punika, amargi ratu ibu inggih sasampun[9] asring nyarawèdèkakên supênan, kala rumiyin dhukun punika sampun nate ambatang, bilih ratu ibu badhe dados ruhur, wusananipun sayêktos, pramila ratu ibu sangêt pitados dhatêng dhukun punika, [pu...]

--- 1 : 66 ---

[...nika,] lajêng kadhawuhan lumêbêt, dhukun èstri punika wungkuk, rainipun pucêt, guwayanipun kados tiyang sakit, mangangge sarwa abrit, kudhungan, ngangge trumpah têkênan kangge nyagaki lampahipun, lêbêtipun juru nujum wau angantawisi manawi sampun kêrêp lumêbêt ing kadhaton, kudhungipun lajêng kabikak, katingal cêtha, sampun sêpuh ananging taksih sae rupinipun, juru nujum èstri lajêng andheprok sujud, ngantos sirahipun tumèmpèl ing babut, ratu ibu ngandika: Tangia, Kadhisah, ana parlumu apa: aturipun, wontên pakabaran ingkang parlu sangêt, sang rajaputri: salami kula gêsang kados sawêg badhe sapisan punika kula angunjukakên pawartos ingkang parlunipun tanpa upami tur wados sangêt, botên kenging kêmirêngan tiyang sanès, kajawi panjênêngan dalêm, milanipun para parêkan punika sadaya mugi kadhawuhana mêdal, supados kantuna tiyang kalih kemawon, mangke kula munjuk, sarêng para parêkan sampun sami mêdal, ratu ibu ngandika, saiki wus kari ijèn, Kadhisah, kowe arêp carita apa. Aturipun: Gusti, ing mangke bêbujêngan dalêm sampun kantênan dunungipun, kawula sumêrêp, amila kawula pasrahing panjênêngan dalêm.

Rajaputri: Kadhisah, sing kounjukake iku apa.

--- 1 : 67 ---

Dhukun: Karsa dalêm ngadil lan wicaksana, amargi panjênêngan dalêm botên rêna manawi para pangeran-pangeran Turki kagungan putra, punika ugi sampun kêlampah wiwit kala jaman kina, saking dhawuhipun Bagendha Ngusman, panjênêngan dalêm rumiyin dhawuh amadosi panggenanipun Rajaputra Saladin, saha nate andangu dhatêng kawula, nanging kawula botên sagêd angunjuki uninga ing pundi dunungipun, wangsul ing sapunika kawula bokmanawi sagêd angunjuki uninga kalihan gamblang.

Ratu ibu: Kowe apa wêruh ana ngêndi saiki panggonane pangeran kang bakal gumanti nata iku.

Mak Kadhisah: Saking juligan kawula, kawula sagêd anyumêrêpi panggenanipun putra wau, awit saking punika kawula ugi lajêng badhe angunjukakên uninga ing panjênêngan dalêm.

Unjuk makatên punika adamêl rênaning galihipun kangjêng ratu agêng, mila tumuntên angandika malih. Mara kandhakna: ngêndi ênggone.

Mak Kadhisah: Ing sawingkingipun kitha Kasim Pakahwontên pasitèn wiyar sarta griya gêdhong-gêdhong gadhahanipun tuwan kabudidayan, kiwa têngênipun katanêman wit-witan agêng-agêng saha

--- 1 : 68 ---

kathah thêthukulanipun, ing ngriku dipuna[10] ênggèni abdinipun putra dalêm kangjêng sultan, inggih punika ingkang angopèni Rajaputra Saladin, bab punika kajawi kawula botên wontên malih manungsa ingkang sumêrêp.

Kangjêng ratu ibu: Apa kowe sumurup têrang, yèn bocah iku têmên Saladin.

Mak Kadhisah: Sampun kuwatos, kula purun tanggêl kanthi angêtohakên umur kawula, masthi punika Rajaputra Saladin, mila mugi-mugi lajêng kapikuta, bilih sampun dhumawah ing asta dalêm, gampil tumuntên pinêjahan.

Kangjêng ratu ibu: Sapa jênênge uwong kang ngopèni rajaputra mau.

Mak Kadhisah: Korah Sandi, asli saking tanah Ngarab.

Ratu ibu: Kapriye dene kowe bisa sumurup bab iku.

Mak Kadhisah: Kawula gadhah anak angkat nama pun: Syerah, juligipun kadosdene sêgawon wana ingkang saba ing sabên dalu. Panjênêngan dalêm kados kemawon taksih kèngêtan, kala rumiyin rajaputra punika wontên panggenanipun tiyang sêpuh nama Al Mansur ing Sêkutari, Al Mansur wau gadhah anak èstri, rêmên dolan-dolan kalihan Syerah dhatêng pakêbonan wau, dados piyambakipun [piyambaki...]

--- 1 : 69 ---

[...pun] sumêrêp yèn rajaputra wontên ing ngriku, wusana dèrèng watawis pintên dintên dumugi sapunika, Resiyah kalihan Syerah wau sami dhatêng kêbon, kawula kodhol saking katêbihan, dumugi ing ngriku, kalampahan kawula ngantos sagêd sumêrêp dhatêng wêwados punika, pramila kawula lajêng enggal-enggalan sowan, parlu badhe munjuk ing panjênêngan dalêm.

Kangjêng ratu agêng jumênêng lajêng dhatêng meja panyêratan, ambikak pêthèn wadhah arta, kaparingakên dhatêng dhukun punika, pangandikanipun: Jupukên dhuwit iki, minăngka ganjaran ênggonmu nyaosi kabar, Hèh Mak Kadhisah, uwong sajrone gêdhong-gêdhong mau apa ora ana sing wêruh marang kowe. Aturipun: Botên, sang rajaputri ingkang minulya, botên wontên satunggal-tunggala ingkang sumêrêp, munjuk makatên punika Mak Kadhisah majêng anggrêmêt sujud, sarwi angambungi têpèn rasukan agêmipun kangjêng ratu agêng, Mak Kadhisah munjuk malih. Sangêt-sangêt ing panuwun kawula ing sih kamirahan dalêm, mugi-mugi panjênêngan dalêm karsaa utusan ing abdi dalêm sanèsipun anyidikakên unjuk kawula punika. Ratu agêng lajêng miyos, Mak Kadhisah katilar wontên ing kamar linggih babut, ing nalika ratu ibu badhe miyos, amêling para parêkan kadhawuhan anjagongi [a...]

--- 1 : 70 ---

[...njagongi] Mak Kadhisah, supados sampun ngantos mantuk rumiyin, saha ingandikakakên nata sêkul tuwin têtêdhan sanès-sanèsipun ingkang èdi-èdi kangge amaringi Mak Kadhisah, kajawi punika ratu ibu anêdah parêkan mêdal animbali pangagênging prajurit ingkang dados tindhih rundha ing dalu punika, botên antawis dangu dhatêng, sowan ing kamaripun kangjêng ratu ibu, inggih punika tiyang neneman gagah prakosa sarta wingit, nama pun Sorah Bèi, lajêng sumungkêm asujut, wêkdal wau ratu ibu sampun angagêm kudhung pasuryan.

Sorah Bèi sampun mangrêtos mênggah agênging panguwasanipun kangjêng ratu agêng ingkang jumênêng anjêjêr kados angganing prayagung priyadipun sujudi punika, sarta mangrêtos ugi bilih sadhawuh-dhawuhipun kêdah dipun lampahi botên sae[11] kalihan dhawuhipun kangjêng sultan.

Ngantos dangu kangjêng ratu agêng anggènipun amariksani dhatêng Sorah Bèi sawêg kaparêng andangu, pangandikanipun:

Sapa jênêngmu.

Aturipun: Sorah Bèi, gusti.

Ratu ibu: Wus pira lawase anggonmu anglakoni dadi prajurite sultan.

Sorah Bèi: Sawêk sataun, gusti.

Ratu ibu: Kapriye têka kowe wus olèh [o...]

--- 1 : 71 ---

[...lèh] jênêng Bèi.

Sorah Bèi: Amargi saking lêlampahan kadosdene pakartining tiyang kapri ingkang ambêkta sêrat-sêrat dhatêng Kairo, gusti.

Kangjêng ratu ibu sapandurat kèndêl tanpa ngandika, bokmanawi sawêg anggalih punapa pangagênging prajurit punika sagêd anglampahi ayahanipun ingkang kaanggêp padamêlan agêng, botên watawis dangu malih lajêng ngandika: Apa kowe wis wêruh masjid ing Kasim Pakah kang kaprênah sangarêping kutha iki.

Aturipun: Kawula dèrèng sumêrêp gusti, namung kawula sagêd angupadosi.

Ratu ibu: Saka ing masjid iku ana dalane mêtu, satêngêne dalan iku ana omah gêdhong-gêdhong kinubêng ing wit-witan lan thêthukulan, ing kono ana wonge aran: Korah Sandi, dhèk biyèn dadi tukang rêrêsik kamare anakku sultan kang wis suwarga, iku timbalana mrene, manawa ora ana ngomah, omahe priksanên sing nganti gêmêt, ing kono apa ana bocahe kang lagi ngumur 8 taun, yèn ana banjur gawanên mrene sanalika.

Sorah Bèi nêmbah sujud, amratandhani yèn badhe angèstokakên dhawuh.

Ratu ibu: Manawa kowe ora bisa bali bêngi [bê...]

--- 1 : 72 ---

[...ngi] iki, amêsthi ana sabab apa-apa. Ananging yèn bocah mau isih urip, aja tan ora colongên gawanên mrene.

Sorah Bèi: Sandika, gusti, dhawuh dalêm badhe kawula lampahi kalihan têmên-têmên.

Ratu ibu: He, Bèi taruna, elinga marang parentah kang suci, anglakoni sapakon kalawan tanpa calathu.

Sorah Bèi nyêmbah lajêng bidhal, anjujug ing pinggir lèpèn pados baita tambangan, sarêng sampun angsal nuntên dipun tumpaki dumugi ing kitha Kasim Pakah. Dumunung sungapaning kitha Konstantinopêl, ingkang dipun wastani: Tandhuk Êmas, inggih punika panggenan palabuhaning baita-baita prang kagunganipun kangjêng sultan. Kitha punika dumunung sawingkingipun kitha Galatah lan Serah, sawingkingipun pakuburan: Pikolokampo, sarta sangajêngipun margi kampung Grikah, kawastanan: II Dhêmitri, urut sapinggiring lèpèn têrus anjog ing parêdèn. Ing nalika punika sampun wanci dalu, amarêngi padhang rêmbulan, prabanipun sumunu dening botên katawêngan ing mega, Sorah Bèi botên purun linggih ing lêbêt, linggih ing jawi karênan aningali dilah-dilahing baita, atusansan[12] ingkang sami labuh ing ngriku, wêkdal punika Sorah Bèi botên manah punapa-punapa kajawi anggagas dhawuh ingkang dipun lampahi,

--- 1 : 73 ---

sarêng danguning lampahipun watawis sampun sajam, dumugi sangajêngipun kitha Kasim Pakah, ing ngriku Sorah Bèi lajêng minggah dhatêng dharatan, baita kapurih wangsul, awakipun lajêng dhatêng masjid amanggihi tiyang Turki sampun sêpuh, parlu nêdha sêsêrêpan kawontênaning margi-margi ing ngriku, nalika punika têtiyang ing kitha ngriku dèrèng sami tilêm, amargi kathah griya-griya panyadean têtêdhan sarta wedang bubuk, dhasar têtiyang jalêr kathah ingkang rêmên jêjagongan ngantos dalu utawi ngantos sadalu muput. Sorah Bèi wontên sacêlaking masjid kêpanggih kalihan kusir, lajêng dipun pitakèni: Apa kowe wêruh dalan-dalan sajroning kutha iki.

Wangsulaning kusir: Sampun mêsthi yèn sumêrêp, amargi griya kula ing kitha ngriki.

Sorah Bèi: Kene apa ana omah gêdhong, kang duwe jênênge: Korah Sandi, tilas tukang rêrêsik kamare kangjêng sultan kang suwargi.

Kusir: Inggih, griya punika dunungipun ing sawingkingipun kêbon, punapa sampeyan badhe kêpanggih kalihan Korah Sandi, wau kula sumêrêp gajêgipun sawêg dhatêng warung pakopèn (panggenaning tiyang sade wedang bubuk)

Sorah Bèi: Bangêt ing panarimaku, kowe awèh katrangan marang aku.

Lampahipun kareta têrus dhatêng griyanipun Korah

--- 1 : 74 ---

Sandi, kalêrêsan korinipun taksih dipun bikak, Sorah Bèi panganggenipun sarwa cêmêng, Sorah Bèi lajêng lumêbêt, kori dipun kancing saking lêbêt, sasampunipun dumugi ing griyanipun tuwan kabudidayan, lajêng lumampah malih ragi têbih, dumugi ing griya malih, lajêng dipun lêbêti, dumugi kamar patilêman, Korah Sandi botên wontên, ananging ing kanthil sanèsipun katingal wontên rare kintên ngumur 8 taun pinuju tilêm kinêmulan kamli, wangunipun sakeca sangêt, inggih punika Pangeran Saladin, ingkang dèrèng mangrêtos pisan-pisan bilih sariranipun putraning calon sultan, sarta botên sumêrêp bilih ing wêkdal punika kadhatêngan bêbaya, Sorah Bèi dhatêng griya sasisihipun, pados margi ananging botên sumêrêp punapa ing salêbêtipun griya wau wontên tiyangipun sanès malih, nuntên thothok-thothok kori, botên wontên ingkang angêngakakên, ananging kori botên dipun kancing, Sorah Bèi lajêng dhatêng pasareyanipun Rajaputra Saladin, sang rajaputra taksih sare kapati, Sorah Bèi nyêlaki saha angiling-ilingi dhatêng rajaputra, kalihan amêmanah sakecanipun ingkang badhe linampahan. Rajaputra lajêng kajunjung purun, katut dalah kêmulipun, ngantos kagèt sarta ajêrit-jêrit sakayangipun, Sorah Bèi wicantên lirih sarta antal: Cêp, mênêng aja jêrit-jêrit: [jêrit-jê...]

--- 1 : 75 ---

rit: yèn kowe dhêmên urip, rajaputra lajêng wicantên ugi lirih èsmu ajrih, têmbungipun: Dhuh aku wêlasana, aku kogawa mênyang ngêndi, kowe iku sapa. Wangsulanipun: Aja takon, mêngko kowe wêruh dhewe, sanadyan apa-apaa kowe aja anjêrit, manawa ora anggugu kandhaku, kowe mêsthi mati.

Rajaputra sakalangkung dhêg-dhêgan sarwi muwun amingsêk-mingsêk wontên ing êmbanan amêmêla[13] sangêt, dipun kêmuli lajêng kabêkta mêdal saking kamar, botên kapanggih tiyang satunggal-tunggala, Sorah Bèi têrus mêdal, korinipun katutup malih, dumugi ing jawi lumampah rêrikatan kalihan ngêmban burukanipun.

__________

Bab ingkang Kaping Wolu.

Guru ingkang Samar.

Sarêng sampun watawis dangu ugi nunggil ing dalu wau, kintên-kintên êlêt kalih jam, wontên baita dhatêng sapinggiring lèpèn Skutari, dipun pandhegani dhatêng pangagênging prajurit panjaginipun kangjêng sultan taksih neneman, salêbêting baita punika wontên barang dipun tutupi kêmulipun pangagênging prajurit punika. Sakèndêling baita pangagênging prajurit wau minggah ing dharat, aningali kiwa têngên sêpi mamring, tumuntên wangsul dhatêng baita malih amêndhêt kêmulipun ingkang

--- 1 : 76 ---

katutupakên ing baita wau kasampirakên ing pundhak, ing mangke kasumêrêpan manawi pangagênging prajurit punika Sadi. Wondene ingkang wontên ing baita wau Rajaputra Saladin sawêg sare kapati ananging awit saking ebahing baita punapa malih sangêt asrêpipun, rajaputra kagèt wungu garagapan ajrih manawi dhawah, pipinipun wontên tilasing êluh, Sadi tumungkul angiling-ilingi sangêt wêlas lajêng kawungu kalênggahakên, nalika sawêg kaangkat badhe kalênggahakên, rajaputra pitakèn sarta ambrêbês mili: Êndi Babah Korah Sandi, aku arêp mulih mênyang omahe, kowe sapa, aku ora wanuh. Sadi lajêng wicantên kalihan anjunjung: Mênênga bae anakku kang bangêt tak trêsnani, aku ora bakal miala ing kowe. Rajaputra wicantên malih: Aku iki ana ngêndi, aku arêp digawa mênyang ngêndi. Sadi: Marang sawijining panggonan kang ora ana bêbaya tumrap kowe, Saladin. Rajaputra wicantên malih: Aku arêp bali mênyang ênggone Babah Mansur. Wicantên makatên wau Rajaputra Saladin kalihan anjêrit, dening taksih alayap-layap satêngah kèngêtan lêlampahanipun ingkang sawêg dipun lampahi. Tangisipun saya sora kalihan karoncalan, Sadi botên pêgat angênêng-ênêngi, têmbungipun: Aja nangis, mêngko suwaramu mundhak karungu ing uwong. Kowe ora kêna mulih marang omahe [o...]

--- 1 : 77 ---

[...mahe] Babah Kora[14] Sandi, nanging aja wêdi aku bakal andhêlikake kowe. Sadi ngadêg sawatawis dangu anggagas ing pundi anggènipun badhe andhêlikakên. Sorah Bèi sampun masrahakên rajaputra punika langkung saking saêjam, ngantos piyambakipun mantuk dhatêng Sêtambul. Sakêdhap Sadi mèsêm kèngêtan rekadaya ingkang dipun kintên prayogi, nuntên wicantên lirih sarta sarèh: Mênênga ênggèr, kowe dakgawa marang panggonan kang ora nguwatiri, ing kana kowe bakal rinêksa marang wong wadon kang ayu rupane, dieman-eman lan didhêlikake sajroning kamare. Rajaputra lajêng kagendhong alon-alon sarta dipun kêmuli, ananging sadaya wicantênipun Sadi botên pisan-pisan sagêd angicalakên kasusahaning rajaputra. Ing wanci têngah dalu lampahipun Sadi dumugi ing kitha Skutari, botên pinanggih tiyang satunggal-tunggala, warung-warung taksih sami padhang, ing jawi wontên tiyangipun sami udut saha rame awicantênan, ewadene ngantos dumugi ing griyanipun Al Mansur, Sadi botên kasumêrêpan ing tiyang satunggal-tunggala, Sadi sumêrêp manawi Resiyah manggèn ing ngriku, sampun lami anggènipun madosi botên sagêd kapanggih, Sadi tansah awidhak-widhik, têmahan lajêng thothok-thothok kori sarwi ningali ngiwa nêngên sampun ngantos wontên tiyang andingkik lampahipun, sarêng sampun têtela bilih sêpên, panothokipun [pa...]

--- 1 : 78 ---

[...nothokipun] saya sora, sanalika Sadi mirêng tiyang lumampah wontên ing jobin, andadosakên taratabaning manahipun, ciptanipun: Kuwi mêsthi Resiyah. Amargi rikala Resiyah mirêng sabawaning kontên kathothok wau enggal-enggal anggènipun anangèni, dening dipun kintên manawi bapakipun mantuk saking purug, mila sarêng sampun dumugi ing kontên lajêng pitakèn: Sapa thothok-thothok lawang kuwi: apa si rama mulih, mara kondhaa, apa kowe si rama. Sadi mangsuli saking jawi: Kula sanès tiyang sêpuh sampeyan Resiyah.

Resiyah: Êlho kula kok kados sampun nate mirêng suwantên sampeyan, punapa sampeyan punika Sadi.

Sadi: Inggih wong ayu, botên lêpat pangintên sampeyan, kula Sadi, mila sampeyan bikak kori sampeyan.

Resiyah: Wontên punapa, têka dalu-dalu sampeyan rawuh ngriki.

Sadi: Kula ambêkta barang sêsotya, sêsotya punika badhe kula dèkèk ing ngriki murih sampeyan rêksa kalihan pramati, mila kula lajêng sampeyan lilani lumêbêt ing griya, sampun ajrih, amargi kula trêsna lair batos sayêktos dhatêng sampeyan, dhuh pêpujan adi musthikaning jagad [ja...]

--- 1 : 79 ---

[...gad] woding manah kula sanyata.

Resiyah: Dhuh, sampeyan ambêkta barang sêsotya.

Sadi: Ta, sampeyan bikak, murih sampeyan lajêng sagêd sumêrêp barang ingkang kula bêkta, kula sampeyan paringi lilah lumêbêt ing griya sampeyan salajêngipun sampeyan mirêngakên cariyos kula, amargi kajawi sampeyan, botên wontên malih tiyang ingkang kula pitados angrimati barang sêsotya, bêktan kula punika.

Saking sangêting trêsnanipun Resiyah dhatêng Sadi, botên kadangon malih kori lajêng kabikak, Sadi kapurih lumêbêt, dhasar Resiyah èngêt wêwentehan nalika awakipun dipun srênggara tiyang băngsa Grik anama Lasaro dipun pitulungi dhatêng Sadi, punika ingkang tansah agawang-gawangan wontên salêbêting manahipun Resiyah. Ing ngriku Sadi lajêng lumêbêt, kori dipun kancing malih, Sadi suka wilujêng dhatêng sang apindha kumala, Resiyah sawêg anyoloki kalihan mulat sadlerengan, kagèt dene Sadi mangangge sandhangan opisir, Resiyah sawêg badhe pitakèn, Sadi kasêlak wicantên: Sampeyan mangke sumêrêp dhatêng wêwados punika, ananging suwawi sami dhatêng kamar sampeyan, supados sarêmbag-rêmbag kula botên kêmirêng ing tiyang sanès.

--- 1 : 80 ---

Resiyah aminangkani panêdhanipun Sadi, têmbungipun: Suwawi. Sadi lajêng kaêjak lumêbêt ing kamaripun, sadumugining kamar rajaputra wau kasarèkakên ing jobin, kêmulipun kapêndhêt, sarêng Resiyah sumêrêp wujudipun rajaputra, sangêt kagèt botên mangrêtos kadospundi ingkang badhe dipun lampahi, rajaputra lajêng kajunjung dipun rangkul saha dipun ambungi kados sadhèrèk utawi anakipun piyambak, makatên ugi rajaputra sarêng mêlèk byar sumêrêp pramana dhatêng Resiyah, bingahing galihipun inggih tanpa upami lajêng angrangkul gulu, pratingkahipun pindha kuthuk pados pandhêlikan ing sangandhaping lareêmbokipun. Resiyah wicantên: Dhuh Saladinku, saiki kowe kêtêmu aku manèh. Pêpanggihan punika manawi ginagas sanyata adamêl trênyuhing manah, dene sakalih-kalihipun katingal sami kangên saha trêsna sangêt, namung Sadi anggènipun ningali sangêt andomblong, botên mangrêtos kadospundi dene sakalih-kalihipun sangêt trêsna angantawisi manawi kala rumiyin sampun nate têpang.

Sasampuning onêng-ingonêngan, Resiyah lajêng nyariyosakên: Rajaputra punika rumiyin dipun êmong dhatêng bapa kula, inggih punika Al Mansur, sampun dipun sadhèrèkakên kalihan kula, wusana ing satunggaling dalu dipun colong ing tiyang ngantos sapriki sawêk kêpanggih malih punika. Sadi gêntos cariyos [cari...]

--- 1 : 81 ---

[...yos] dhatêng Resiya:[15] Manawi rajaputra punika dipun padosi dhatêng kangjêng ratu agêng badhe dipun pêjahi, pramila punika dipun plajêngakên, supados kadhêlikakên. Sarèhning rajaputra punika sampun saekapraya kalihan Resiyah, dados inggih lajêng dhangan kemawon tumut Resiyah. Sarta sanalika punika Resiyah cariyos dhatêng Sadi, têmbungipun: Dhuh Sadi, kula kapengin sangêt ing dalu punika amahyakakên saraosing manah kula dhatêng sampeyan. Sadi wicantên sarwi nyandhak tanganipun Resiyah: Dhuh nyawa, sampeyan punapa rêmên dhatêng kula, dhuh intên, sampeyan punapa trêsna dhatêng kula, dhuh mirah, sampeyan punapa purun dados bojo kula. Wangsulanipun Resiyah: Dhuh dununging katrêsnan, sapintêna têbihipun panggenan sampeyan, kula punika mugi kaanggêpakagungan sampeyan salaminipun. Ing ngriku Sadi lan Resiyah lajêng sami ngatingalakên tandhaning sih-sinihan ngantos mèh êbyar. Sadi lajêng wicantên: Dhuh mêmundri, iki mèh raina, aku kudu enggal lunga saka kene, soroting srêngenge anundhung aku saka kowe kang bangêt tak trêsnani. Wangsulanipun Resiyah sêmu gêtêr sakalangkung alus alumêr sarta lêbêt: Dhuh nyawa ingkang sêtya, kula bingah sangêt sagêd damêl kabêgyan sampeyan, hêm saiba ta bingahing manahipun, upami bapa kula Al Mansur taksih

--- 1 : 82 ---

gêsang sumêrêp lêlampahan kula kalihan sampeyan punika. Sadi wicantên malih: Aja kuwatir, aku wis kăndha marang kowe, yèn aku dhêmên sarta trêsna tênan marang kowe, ora ana manèh kang dadi bojoku kajaba sawiji kowe, sarta aku wis sumurup yèn kowe têmên trêsna ing aku, mulane aku arêp anglakoni pagaweyan kang tumêmên, supaya bisa tumuli apangkat gêdhe, aja susah atimu ora-orane nganti kêsuwèn kowe banjur dadi duwèkku salawase, sasampunipun makatên Sadi tumuntên pangkat mantuk dipun êtêrakên Resiyah ngantos dumugi ing jawi.

Ing wêktu punika sampun wanci siyang, sawangsulipun Resiyah saking jawi, lajêng anuwèni dhatêng patilêman, punapa Rajaputra Saladin wontên, sasampuning anuwèni rajaputra, Resiyah mapan tilêm dhatêng kamar sanèsipun, wontên ngriku Resiyah tilêm kapati saha impèn-impènên lêlampahanipun nalika pêpanggihan kalihan Sadi wau punika.

Resiyah angucap sukuring Allah, dene kala wau Sadi abisik-bisik anglairakên sumpah bab trêsna lan sêtyanipun, wicantênipun Sadi punika sakêcap-sakêcapipun dipun tirokakên wontên salêbêting manahipun kanthi kabingahan ingkang tanpa upami, bab punika kaanggêp kanugrahan agêng tumraping awakipun, mila Resiyah ajrih mêsthèkakên, [mêsthèka...]

--- 1 : 83 ---

[...kên,] punapa inggih satunggiling priya băngsa ruhur sarta pinunjuling warni makatên, ing têmbe dados bojonipun, sarta punapa inggih Sadi mêsakakên dhatêng awakipun, lan awakipun lajêng dipun ningkah kalihan tumuntên, batosipun Resiyah bilih sampun kalampahan dipun ningkah, punika sawêg angandêl manawi sêdyanipun kadumugèn.

Sabên enjing Resiyah tanginipun angrumiyini rajaputra, dene manawi rajaputra sampun wungu lajêng kaêmong sarta ginulawênthah, dhasar rumiyin sampun nate kaênul-ênul, kawêwahan sapunika mawi kapasrahakên dening Sadi, mila Resiyah sangsaya wêwah wêlasasihipun dhatêng rajaputra, anggènipun angopèni langkung sae tinimbang angopèni pèni-pèni rajapèni, makatên ugi Rajaputra Saladin, sabên wungu sare sampun tamtu amurugi ing pundi panggenanipun Resiyah, amargi rajaputra mangrêtos bilih sariranipun dipun jagi kalihan prayitna angatos-atos sampun ngantos dipun colong ing tiyang.

Anuju ing wanci sêraping srêngenge, Resiyah ambêkta kalênthing badhe ngangsu dhatêng sumur ing sangajênging kori griyanipun, rajaputra kadhêlikakên ing kamar, dipun kancing sabab ajrih èngêt dhatêng cariyosipun Syerah. Toya punika badhe kangge adus sarta angguyang rajaputra, dumadakan ing sumur ngriku

--- 1 : 84 ---

taksih kathah para tiyang èstri sêpuh anèm sami ngangsu, dados Resiyah ngêntosi saking katêbihan, sarêng sampun sami mantuk, Resiyah sawêg purun ngangsu gêntos, sakêbaking êjun lajêng lumampah mantuk, wontên ing margi dumadakan kêpapag satunggaling tiyang sêpuh, sandhanganipun sampun lungsêt, botên kasumêrêpan sakanipun dening sampun ing wanci pêtêng, dados Resiyah botên patos pramana dhatênging tiyang wau, saha botên sagêd lajêng enggal-enggalan mantuk, namung sarêng Resiyah nolèh, tiyang wau sampun cêlak sangêt, katingal ngangge udhêng Arab dhasaripun ijêm, pucukipun kalih sisih katirahakên ngalèwèr anutupi rainipun, ngangge topi pasmèn êmas katingal ing sangandhapipun udhêng, inggih punika Topèng Êmas, lajêng angundang dhatêng Resiyah, Resiyah mandhêg angurmati, amargi sampun sumêrêp dhatêng padataning Topèng Êmas, samăngsa dhatêng sampun tamtu suka kabar awon sae utawi pêpèngêt sabarang ingkang badhe linampahan, wicantênipun Topèng Êmas: Aku wêruh kowe mêtu saka omahe bapakmu, banjur dak êtutake marang sumur, amarga aku arêp mêkas apa-apa marang kowe, Resiyah sangêt gumunipun, dene tiyang punika sagêd sumêrêp pasênêtanipun, ing măngka sampun pêtêng, Topèng Êmas wicantên malih: Kowe bangêt trêsna marang Sadi, wong nonoman panggêdhening [panggêdhe...]

--- 1 : 85 ---

[...ning] prajurit pangayape kangjêng sultan, Sadi iya trêsna lan wêlas bangêt marang kowe, kuciwane Sadi bakal ora bisa angayomi awakmu saka panguya-kuyaning mungsuhmu, iya iku mungsuh kang tansah angarah umure Rajaputra Saladin, kang dhèk wingi kodhêlikake ana ing kamarmu.

Kadospundi têka Topèng Êmas sumêrêp manawi Sadi anggadhahi katrêsnan dhumatêng Resiyah, sarta kadospundi têka sumêrêp rajaputra kadhêlikakên dhatêng Resiyah, Resiyah kèndêl anjêngêr botên sagêd wicantên amirêngakên wicantênipun tiyang sêpuh ingkang saèmpêr tiyang tangi saking kubur punika, Topèng Êmas andumugèkakên wicantênipun: Iki mau juru nujum Kadhisah golèk katrangan, kowe wus ngalih saka kene apa durung, dhèwèke lumaku angubêngi oma[16] iki, mulane wis wêruh yèn Rajaputra Saladin ana ing ênggonmu, saiki dhèwèke lunga marang masjiding wong kadri, arêp lapur marang Syèh Ul Islam supaya tumuli amatèni kowe lan Rajaputra Saladin, ananging têkane kana wis kasèp, dadi ora bisa katutugan apa kêkarêpane, mulane kowe aja suwe-suwe manèh manggon ing kene, banjur enggal lungaa lan putra Saladin, Resiyah pitakèn: Dhatêng pundi kesah kula. Wangsulanipun: Andhêlika marang panggonane wong tuwa tukang rêrêsike kamar kangjêng

--- 1 : 86 ---

sultan jênêng Hanipah, wong iku saiki isih urip, nganti tumêka ing măngsa kang prayoga kowe lan rajaputra bisa oncat saka sajroning kutha Konstantinopêl, sanadyan ing wêktu iki kowe bangêt trêsna marang Sadi lan sumêlanggèk mêngko ora katêmu manèh. Resiyah sangêt gumunipun, dene Topèng Êmas sumêrêp dhatêng wêwadosipun, Topèng Êmas wicantên malih: Sadi mêngko kêtêmu kare[17] kowe, aku bakal ngandhakake kaananmu marang dhèwèke. Wêwarahku iku lakonana, enggal lungaa karo Saladin, aja nganti sesuk, Resiyah wicantên: Sangêt sukuring manah, Topèng Êmas manthuk lajêng lumampah, Resiyah andhingkluk mêndhêt kalênthingipun, ananging sarêng ngadêg malih Topèng Êmas sampun botên katingal, botên kasumêrêpan saking pundi saha dhatêng pundi kesahipun, Resiyah lajêng anyêbut asmaning Allah saha sêmbahyang nuntên mantuk.

__________

 


angaru-ara. (kembali)
§ Punggawa masjid. (kembali)
kainggatakên. (kembali)
alus. (kembali)
kêkasihing. (kembali)
kadamêl. (kembali)
têngah (dan di tempat lain). (kembali)
pinatik. (kembali)
sampun. (kembali)
10 dipun. (kembali)
11 pae. (kembali)
12 atusan. (kembali)
13 amêmêlas. (kembali)
14 Korah. (kembali)
15 Resiyah. (kembali)
16 omah. (kembali)
17 karo. (kembali)