Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 481–558), Martadarsana, 1910, #520

Judul
Sambungan
1. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 001–086), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 1: hlm. 086–160), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 481–558), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Wêwadosipun Karaton Ing Konstantinopèl (Jilid 4: hlm. 558–640), Martadarsana, 1910, #520. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[4 halaman kosong]

TOPENGMAS.

Jilid ăngka 4.

Sêrat Cariyos Wêwadosipun Karaton ing Konstantinopêl (Sêtambul = Turki).

Lêlampahan jaman sapunika, sanès dongèng, limrahipun winastan cariyos Topèng Mas.

[Grafik]

Kajawèkakên saking têmbung Malayu dhatêng Radèn Martadarsana, mèdhê rêdhaktur Jawi Kandha, ing Surakarta.

[Grafik]

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan N. V. Mij. t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co, Surakarta, 1910.

--- 4 : [0] ---

[...]

--- 4 : 481 ---

sana, mila sanalika kula dipun bêkta dhatêng griya pakunjaran, dipun lêbêtakên ing ngriku, galundhêng, salajêngipun sabên dintên kula dipun wêdalakên wira-wiri kabêkta dhatêng griya pangadilan dipun priksa tuwan jaksa.

Sapisan panjênênganipun wasir bêsar kaparêng tindak dhatêng griya pangadilan, badhe wuninga wujud sarta paturan kula, sarêng mirêng aluraning nalar saha paturan kula anggalèdhèg anyariyosakên sawantahipun, dhuh dhuh, wasir agêng muring-muringipun dhatêng kula tanpa upami, kala samantên ngantos karsa angandikani dhatêng kula, têmbungipun: Kowe wong ala, durjana gêdhe, matèni anakku karana opah, he: bangsat. Ngandika makatên punika wasir agêng sarwi anggêgêt-gêgêt waja, pinuju presidhèning pangadilan lajêng angaturi pêpèngêt, supados wasir agêng sampun ngantos tumut-tumut angandika saha anglajêng-lajêngakên dêdukanipun, botêna makatên, aningali sangêting dêduka, kados kemawon kalampahan anjêmalani dhatêng kula sayêktos, kula lajêng kadhawuhan ambêkta wangsul dhatêng pakunjaran malih, awit pangadilan badhe mariksani sêrat-sêrat parimatanipun sang putri ingkang mêntas kula

--- 4 : 482 ---

sedani kalihan botên anjarag wau.

Ing dintên enjingipun, kula kabêkta dhatêng gêdhong pangadilan malih, wontên ing ngriku kula sumêrêp, ing meja ingkang kaadhêp para liding pangadilan, wontên sêrat-sêrat sawatawis, ingkang sêsêratanipun cèplês kalihan sêrat kêkalih ingkang sami kula tampèni, sarta panunggilaning sêrat-sêrat wau wontên ingkang katandhan nama: Sèt, suraosipun angincim-incim dhatêng sang putri ingkang pêjah, manawi sang putri kalampahan purun kapêndhêt bojo dhatêng pêpacanganipun Nonah Sèt, sampun pitakèn dosa, sang putri amêsthi badhe dipun angkah pêjahipun, mêdal saking pakarti alus utawi pandamêl kasar botên praduli. Sanadyan sampun cêtha wontên sêrat pangancam-ancam makatên, ewadene têtiyang sapraja mêksa taksih anganggêp bilih kula ingkang dosa adamêl pêpêjah, makatên punika botên lêpat, tiyang lasar kula ingkang amêjahi, awit saking punika, ing dintên wau ugi pangadilan lajêng andhawuhakên karampungan, kula katêtêpakên kokum kisas dening dosa amêjahi tiyang sarana angalap epah.

Sasampuning presidhèn andhawahakên karampungan, [ka...]

--- 4 : 483 ---

[...rampungan,] kula lajêng kawangsulakên dhatêng tarungku malih, manah kula sakalangkung anglês, badan kula tanpa karêkat, angangên-angên pêpasthèn kula ingkang dahat cilaka punika, têmahan ngantos dumugi dalu, kula tansah anjênggruk botên sagêd tilêm.

Ing wanci têngah dalu, kontêning tarungku ingkang kula ênggèni dipun bikak saking jawi, lajêng wontên tiyang satunggal malêbêt angiling-ilingi rai kula, botên dangu tiyang wau wicantên: Dhuh Salukos, aku kêtêmu karo kowe ana ing kene. Kula botên pangling, punika suwantênipun tiyang awasta Palete, kănca kula sêkolah kala wontên Paris, sapunika wontên kitha Plorènsê ngriki tumut tiyang sêpuhipun. Palete mirêng manawi kula kenging prakawis, dalu-dalu amarlokakên têtuwi, mila kula lajêng nyariyosakên sakathahing lêlampahan, ing purwa madya wusana. Palete angrangkul dhatêng kula kalihan carocosan êluhipun, dangu-dangu cariyos, Salukos, nyênyuwuna marang Gusti Allah, kang supaya kowe bisa olèh pangapura, ing jaba aku sing angobèktake[1] prakaramu, muga-muga kowe uwala

--- 4 : 484 ---

saka bêbaya pati. Palete tumuntên mêdal, kontêning gêdhong tarungku dipun gêmbok malih, sarêng antawis kalih dalu, Palete wangsul amanggihi kula kados kala winginipun dalu, katingal ing sêmu sangêt bingah, lajêng wicantên: Salukos, sukura ing Gusti Allah, kowe ora sida kokum pati, mung tanganmu bae kang têngên dikêthok. Sanadyan kula badhe botên gadhah tangan sasisih, ewadene kula inggih mêksa taksih rumaos bingah, dene botên saèstu kinisas. Palete pamitan wangsul mêdal, kula kantun ing tarungku.

Enjingipun kayêktosan, kula dipun wêdalakên badhe katrap ing paukuman wau, pangêthoking tangan kula wontên têngah pêkên dipun tontonakên têtiyang kathah.

Sasampuning dipun kêthok, kula kabêkta Palete dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun, wontên ngriku kula dipun pulasara dipun opèni ngantos saras. Sasampuning saras, kula dipun purih mantuk dhatêng Konstantinopêl, waragading lampah pun Palete ingkang ambayari, sarta Palete kadugi angêtêrakên ngantos dumugi ing Konstantinopêl.

Kula inggih purun kalihan bingahing manah, batos [ba...]

--- 4 : 485 ---

[...tos] kula samăngsa kula dumugi ing Konstantinopêl, kula badhe gêgriya gêsang cara tiyang malarat kemawon, arta ingkang kula titipakên ing pawong mitra kula, kula têdha ngantos dumugi pêjah kados cêkap anggêr panêdha kula kanthi ngatos-atos. Ananging kados punapa gumun kula, sadumugi kula ing Konstantinopêl, kula tatsih[2] dipun ajak manggèn ing griyanipun Palete piyambak, Palete lajêng cariyos, wontên tiyang băngsa ngamănca tumbas griya wontên pakampungan Grik, ananging panumbasipun wau mawi nama kula, kula lajêng kapurih dhatêng ing griya wau, kula inggih miturut, sadumugi kula ing griya ngriku, kula dipun tampèni sae dhatêng sudagar sêpuh satunggal, wusana lajêng nyukakakên sêrat dhatêng kula tumuntên kula waos, ungêlipun makatên: Salukos, kula sumêrêp, sênênging manungsa punika nyambut damêl kanthi tanganipun kêkalih, wusana sampeyan, namung gadhah tangan sasisih, saiba ta anyêlipun galih sampeyan, ananging supados sampeyan mantun anyêl, sarta botên angraos manawi namung adarbe tangan satunggal, griya saisinipun ingkang

--- 4 : 486 ---

sampeyan pariksani punika kadarbea ing sampeyan, amurih sampeyan têtêp manggèn wontên nagari wutah rah sampeyan kalihan botên kêkirangan, utawi kawastanana ing liyan tiyang sugih, namung panyuwun kula ing sampeyan, mugi sampeyan kaparênga aparing pangapuntên kaping sèwu dhatêng pun Cilaka, inggih punika ingkang nyukani griya dhatêng sampeyan punika.

Kula mangrêtos, ingkang nyukani sêrat kula sarta anyêbut badanipun pun Cilaka, punika tamtu băngsa ngamănca ingkang gadhah mantol rumiyin.

Dumugi sapunika sampun langkung sadasa taun, ewadene kula upadosi dhatêng pundi-pundi botên kapanggih. Ing sabên sataun sapisan, inggih punika amarêngi tanggaping warsa, kula mêsthi nampèni kintunan arta mas 1000, makatên tanpa kêndhat dumugi samangke, kula eram sangêt dhatêng balabane manahipun tiyang cilaka punika, suprandosipun pawèwèh ingkang saijap-ijap wau botên sagêd anyirnakakên sêriking manah kula, jêr enjing siyang sontên punapa malih dalu bilih kula badhe mapan tilêm, wadananipun Sang Putri Biansa [Bi...]

--- 4 : 487 ---

[...ansa] ingkang kula tigas, tansah gawang-gawangan katingal wontên ing mripat kula kemawon. Mêngkono mitra, pêpungkasaning caritane kyai tuwa rambut putih kang amulasara tatuku iku.

Saka bêciking pamulasara, tatuku tumuli waras, mulane gèk mau aku banjur pamitan arêp anggolèki dununging wadyabalaku, dhèwèke anggondhèli, durung awèh, marga kandhane tatuku iki ing jêro durung pulih, nanging aku nekad bae, sabab aku ora bêtah suwe-suwe dikon ngathang-athang ana ing paturon, kandhaku: Kyai kula punika senapatining paprangan, dados botên kenging upami kèndêla lami-lami, barêng tak kandhani ngono kok awèh, malah nalika arêp mangkat mau tatu-tatuku ditambani uga. Ananging ana kasusahan kang anusuli, jaranku êmbuh mati ana sajroning paprangan êmbuh ilang.

Sorah Bèi mangsuli: Apa yèn mêngkono kowe iku nganggo jaran anyar, ah mungguhing aku: yèn mung prakara jaran bae têka ora tak gawe parlu.

Sadi Bèi: Iya, nganggo jaran anyar pawèhe patih gêdhe ing praja Bèdhi, mula aku

--- 4 : 488 ---

bangêt tarima kasih marang dhèwèke, uga marang kyaine tuwa aku angucap sukur, sabanjure ing wayah suruping srêngenge mau aku banjur mangkat, sêdyaku anggolèki ing ngêndi panggonamu. Sakawit aku niyat anurut dalan kang diambah arak-arakane wong mungguh kaji, ananging jêgagig kaya ana sing mênging, ora sida, sidaa anurut dalan arakan mau, aku amêsthi ora bisa katêmu karo kowe ana kene.

Sorah Bèi: Critamu wis cuthêl Sadi, yèn uwis, ayo padha turu.

Sadi Bèi kèndêl sampun botên amangsuli, sakalih-kalihipun sampus[3] sami mapan ngupados sakecaning tilêm, mila ing guwa sanalika wau lajêng nyênyêt botên kamirêngan sabawaning tiyang malih, kajawi suwantên sênggor-sênggoring napas kapal kêkalih ingkang ugi sampun tilêm kapati, dene sajawining guwa pêtêng andhêdhêt. Suwantêning sima anggêrêng, sêgawon wanan ambaung kamirêngan umyung wontên salêbêting wana, sami ngupados mêmangsanipun mêdal dhatêng sêgantên wêdhi. Ananging botên angêmungakên kewan pawanan kemawon, salêbêting pêtêng punika sami ngumbara ngupados mêmangsan ing sêgantên wêdhi, dalah băngsa Baduwi, bilih măngsa makatên punika inggih tansah pating kaluyur agêgrombolan sami ambêbegal sarta angècu

--- 4 : 489 ---

ngambah sêgantên wêdhi wahana kapal gumarubyug suwantênipun pindha lesus anêmpuh kêkajêngan.

Ing wanci lingsir dalu, wontên tiyang kalih wêlas sami numpak kapal bêbandhangan dhatêng panggenan ngriku, ingkang tiga wontên ngajêng minăngka pangirid lampah, ingkang sanga wontên ing wingking anggarubyug. Tiyang kalih wêlas punika prajurit Baduwi ing Banikawas, pangantèn êrah kanthi kadangipun jalêr kêkalih, dipun iringakên wadyanipun tiyang sanga, mantuk saking ngupados bêbantu utawi saraya pêrang, botên angsal damêl.

Pawartos kalindhihipun pangantèn êrah mêngsah wadya Turki ngantos wadyanipun têlas sapisan punika, sakalangkung enggal kamirêngan dhatêng băngsa Baduwi tăngga-tangganipun, awit wasir agêng amaradinakên pêpacak dhatêng para Èmir, sampun ngantos tumut-tumut dhatêng pakartining Èmir ing Banikawas, amargi bilih kauningan dhumatêng Sultan Turki, botên wande dados dêduka agêng ingkang têmahan lajêng utusan angrabasa dhumatêng băngsa Baduwi sadaya, lah punika ingkang anjalari siyal dhatêng Solia botên angsal bêbantu.

Wadya Baduwi ing Banikawas, sapunika kathah-kathahipun botên langkung 500 sênjata, sok makatêna cêpak bêbayanipun, botên lăngka sarêng anggènipun nêdha bêbantu dhatêng tăngga têpalih dipun tulak, wadyabalanipun sangsaya angandhut sumêlang.

Wondene Solia kalihan kadangipun kêkalih

--- 4 : 490 ---

wau, saantukipun saking kêkesahan angandhut manah rudita, dening panêdhanipun pitulungan dhatêng sasamining Èmir botên angsal damêl sadaya, măngka padatanipun, sabên ing Bènikawas[4] adamêl pêpucuking yudabrata, Èmir sanès-sanèsipun sanadyan botêna sinêdhahan inggih lajêng ambiyantu wadya sakadaripun piyambak-piyambak, botên kados sagêdhagan punika, dalah ngantos dipun têmbungi bêbantu dipun tulak.

Pêrangipun wadya Baduwi kalihan wadya Turki ingkang dipun pramugarèni Sorah Bèi punika, wadya Baduwi ingkang curna ing ranangga botên kirang saking 3000, dalah sadêdamêlipun, amila manawi botên tumuntên angsal pitulungan ingkang sampurna, sampun tamtu lêbur tumpur tanpa dados. Wêkdal punika raosing manahipun pangantèn êrah kados jinuwing-juwing, langkung malih kadangipun kêkalih sarta wadyanipun sanga ingkang ngiringakên, awit sami mangrêtos kaananing angganipun, ciptaning manah sami botên wande badhe anêmahi papa cintraka ing tanganing mêngsah Turki.

Solia wicantên: Ing saiki aku wis jêbul ing guwa Èlnurip, awakku sayah bangêt, yèn sêmbada bok ayo padha ngaso sasawatara jam ana ing kene.

Abu Wardi: Aku mangayubagya bangêt kang dadi karêpmu [ka...]

--- 4 : 491 ---

[...rêpmu] iki.

Abu Parèsi: aku uga anjurungi, malah prayogane, Solia, kowe lèrèna ana ing guwa, aku lan Abu Wardi sarta wong sanga iki, rèhning padha wong lanang, bêcik lèrèn ing jaba ngiras angêmit jaran têtunggangane dhewe-dhewe.

Lampahipun Solia kalajêngakên anuju guwa Èlnurip, inggih punika guwa ingkang dipun kèndêli senapati kêkalih, Sorah Bèi akalihan Sadi Bèi.

Sadumuginipun sajawining guwa, sadaya sami mandhap saking kapal, tiyang kêkalih pinatah manggèn ragi sawatawis têbih ngiwa nêngên, anjagi bokmanawi wontên punapa-punapa, dene sanèsipun lajêng sami pating gêluntung wontên parumputan, namung Solia piyambak lajêng lumêbêt dhumatêng ing guwa alon-alonan badhe ngaso.

Adhuh, mêmêlas sangêt senapati kêkalih ingkang nêdhêng tilêm kêpati wontên salêbêting guwa, inggih punika Sorah Bèi kalihan Sadi Bèi, sapisan punika, botên kenging botên sampun mêsthi yèn badhe pêjah katigas utamangganipun dening Solia (pangantèn gêtih).

Lêbêtipun Solia dhatêng guwa kanthi pangatos-atos, amargi Solia, sanadyan kulina sangêt angambah [a...]

--- 4 : 492 ---

[...ngambah] ing pêpêtêng, nanging pêtênging bêbulak tuwin ara-ara, wangsul pêtênging guwa awis-awis sarawungan, mila lampahipun anggrêmêt kemawon, wusana sarêng sampun dumugi ing têlênging guwa, Solia sakalangkung kagèt tanganipun andêmok sirahing kapal, lajêng dipun garayangi, têtela wontên kalih, grêg, Solia angangên-angên: Yèn mangkene, amêsthi guwa iki wis diênggoni marang wong loro. Sanalika Solia lajêng mundur alon-alon wangsul mêdal, dumugi ing jawi kapanggih sadhèrèkipun abêbisik: Sapa sing bisa ngagar utawa musus andadèkake gêni, ing guwa ana jarane tunggangan loro, sabên ana jaran, ing kono ora kêna ora mêsthi ana wonge.

Kalêrêsan, salah satunggaling tiyang Baduwi wau wontên ingkang sagêd angagar, trangginas ngupados pang-pang garing, ingkang ragi agêng dipun sisiki kaangge kados balabagan, satunggal malih dipun sisiki lajêng kasêsrêdakên ing balabagan ingkang sampun kacowèk sakêdhik, kiwa têngêning sêsrêdan kadèkèkan rumput-rumput garing, antawis tigang mênut, rumput bêl murub, urubing rumput dipun êmpan-êmpani rêrèncèk pang alit-alit, sakêdhap dados latu agêng angrêbda, Solia enggal wangsul malêbêt dhatêng guwa malih, kadang-kadangipun tuwin wadya sanga kapurih sami kantuna ing jawi sampun sami tumut malêbêt.

--- 4 : 493 ---

Mênggah malêbêtipun Solia, tanganipun kiwa nyêpêng colok panging kajêng damar, èpèk-èpèk têngên angaling-alingi rai murih botên sulap, lampahipun kalihan prayitna, manahipun marwatasuta tanpa pêpindhan, dene anggadhahi panyakrabawa, bilih ingkang wontên salêbêting guwa punika tamtu senapatining wadya Turki, măngka botên wande mêsthi kapusthi ing tanganipun, sapêjahing senapati kêkalih punika, botên wande anjalari kamênanganipun, awit samăngsa wadya Turki pangagêngipun pêjah, gêlar yudabrata amêsthi badhe santun, dening botên wontên ingkang anata, têmahan gampil sangêt pangrunjangipun, lah ing ngriku dununging kabêgyanipun wadyabala Baduwi. Solia dumugi ing lêbêt, grêg, kèndêl, angadêg kados pilaring tembok, ciptanipun: Gèk kapriye yèn senapati loro iki kagèt banjur tangi, ah ya tangia, măngsa wurunga kowe kagêgêm ing tanganku.

Ciptanipun Solia punika botên lăngka, Sorah Bèi akalihan Sadi Bèi, kintên-kintên sampun tamtu yèn botên badhe sagêd oncat, kilap kacêpêng pêjah kilap kacêpêng gêsang mêsthi yèn kacêpêng dhatêng Solia, jalaran guwa punika marginipun namung satunggal saking ngajêng, măngka ing ngajêngan sampun dipun barisi amarapit, lah badhe lolos mêdal ing pundi.

Saking bêbêging manahipun, Solia sanalika wau [wa...]

--- 4 : 494 ---

[...u] mèsêm kacêmutan, mripatipun amêrêm-mêrêm, untunipun katingal kados jagung rêrentengan, sarta Solia taksih ngadêg anjêjêr pindha pilaring gapura, amandêng dhatêng mêngsahipun kêkalih ingkang taksih tilêm kapati napasipun sêsênggoran, alon-alonan angunus kalewangipun ingkang katingal alirab-lirab wiyar satêbah, badhe kangge amagas guluning mêngsah kêkalih, nanging sanalika punika Solia santun cipta, mêngsah kêkalih namung badhe kacêpêng gêsang, lajêng kabêkta dhatêng pakuwonipun, supados kasumêrêpana dhatêng sakathahing wadyabala Baduwi, manawi piyambakipun sagêd amikut pangagênging mêngsah gêsang-gêsangan, saiba badhe bingahing manah, kajawi makatên, sampun tamtu badhe adamêl mirising wadyabala Turki ingkang taksih sakalangkung santosa pabarisanipun.

Kalanipun Solia badhe mêdal angundang kadangipun kêkalih tuwin wadyanipun sanga, kaajak malêbêt mikut mêngsah, dumadakan Sadi Bèi janggerat tangi gêragapan kagèt, amargi salêbêting tilêm punika, nyupêna sumêrêp dhatêng wujudipun Solia, wusana samêlèkipun, andoradarsi jêbul sumêrêp dhatêng Solia sayêktos, ngadêg ngrêgancang anyêpêng klewang ligan anungkuli badanipun, mila kagètipun botên kadosa, enggal anggraut dhatêng Sorah kapurih tangi tumuntên, Sadi Bèi èngêt wêwentehan [wê...]

--- 4 : 495 ---

[...wentehan] mênggah agênging bêbaya ing sakala punika.

Sorah Bèi kagèt tangi gêragapan ucêk-ucêk paningalipun, pitakèn kalihan gugup: Ana apa, ana apa, Sadi.

Sang prawira kêkalih trangginas anyêpêngi garaning kalewang, Solia sumêrêp mêngsahipun sampun tata-tata punika, enggal unduripun kalihan ambêngok ngundang kadangipun kêkalih, ujaripun: Ayo ayo rene, sajroning guwa ana wong loro, senapatining mungsuh kabèh, ayo banjur padha dicêkêl, aja ngangsi gagal.

Wadya Ngarab mirêng cariyos punika sakalangkung gambira, sadèrèngipun anampèni parentah kadospundi patraping pamikut, sampun suk-sukan rêbat rumiyin badhe malêbêt ing guwa.

Sadi Bèi sarta Sorah Bèi sami rumaos manawi kapèpèt ing bêbaya agêng, lêpat kacêpêng pêjah inggih kacêpêng gêsang dhatêng mêngsah tiyang Ngarab, mila botên talompe lajêng malumpat dhatêng cangkêming guwa, sakalih-kalihipun sampun sami asikêp kalewang ligan.

Sakawit kadangipun Solia ingkang satunggal, angirid wadya Ngarab satunggal, nirbaya nirwikara malêbêt dhatêng guwa, sawêg mancungul katingal sirahipun, Sadi Bèi kalihan Sorah Bèi botên talompe angangsahakên kalewangipun, sumiyuting kalewang, [ka...]

--- 4 : 496 ---

[...lewang,] tèmbêl angèngingi guluning tiyang Arab punika satunggal sewang, saking landhêping kalewang saking rosanipun ingkang anamakakên kawêwahan parigêl, sirah kêkalih tugêl tigas pacing kapisanan, sirah mêncêlat gêmbung dhawah gumêbrug kados pilar rêbah.

Sapêjahipun Baduwi kêkalih, wontên malih Baduwi satunggal angonyog lumêbêt ing guwa akumasura, nanging sawêg anapakakên sukunipun ingkang sasisih ing lambe guwa, sirahipun inggih sampun paplas kataman kalewang saking lêbêt guwa, makatên punika andadosakên mirisipun Solia tuwin kancanipun, têmahan ajrih majêng malah sami mundur badhe arêrêmbagan kadospundi ingkang prayogi dipun lampahi.

Sapunika gêntos kacariyos Sadi Bèi kalihan Sorah Bèi, sanadyan sakêdhèp netra sampun sagêd amrawasa mêngsahipun tiyang têtiga, ewadene mêksa taksih was sumêlang saha rumaos manawi badhe anêmahi bilai, gagasanipun, inggih yèn mêngsah punika malêbêta saking satunggal, sang prawira kêkalih kawawa ambengkas, lah manawi lumêbêt sêsarêngan, kadospundi, punapa botên badhe karepotan, sampun tamtu bilih kadrawasan. Mila kalanipun ing jawi guwa kamirêngan anyênyêt tanpa sabawa, Sadi Bèi enggal wicantên dhatêng

--- 4 : 497 ---

Sorah Bèi, wicantênipun: Mitra, kapriye saiki karêpmu.

Sorah Bèi amangsuli klêsik-klêsik: Aku lan kowe kinurung bêbaya gêdhe bangêt Sadi.

Sadi Bèi: Bok ya ayo, coba-coba padha malumpat mêtu bae, kêpriye.

Sorah: Nganggo akal mêngkono kira-kira aku lan kowe mêsthi mati dirampog.

Sadi: Anaa kene apa iya ora mati, kiraku prakara mati ora gagal, luput mati digêgamani, aku lan kowe mêsthi bakal mati lantaran kalirên mung sarana kinêpung bae.

Sorah Bèi mangsuli: Mara Sadi, ayo padha dirêmbug kang kapenak, sakèhing prakara kang bakal dilakoni, prayoga dikênthêlake, jêr aku lan kowe padha ora wêruh, pira kèhing mungsuh kang ana sajabaning guwa iki, apamanèh duwe karêp apa marang aku, ananging ora kêna ora aku lan kowe mêsthi padha kinêpung wakul ana ing kene, awit saka iku, apa kowe rujuk, upamane padha anguculake jaran mêtu saka kene, samangsane mungsuh ing jaba anubruk marang jaranku, lah aku lan kowe banjur malumpat bêbarêngan mêtu, mangkono kêpriye.

--- 4 : 498 ---

Sadi Bèi: Rêmbugmu iku kok iya kapenak, kalawan nganggo reka mêngkono ayak aku lan kowe bisa oncat kalawan salamêt. ...

Wicantênipun Sadi sawêg dumugi samantên, Sorah Bèi wicantên sêmu kagèt kalihan anudingi lomponganing guwa, têmbungipun: Lho, kuwi apa Sadi, kuwi apa.

Sadi Bèi gêntos pitakèn ugi kanthi gugup: Apa apa Sorah, ana apa.

Sorah Bèi wicantên: Hut mati aku saiki, mati Sadi, ora wurung patiku lan patimu ana ing kene, wong Arab nganggo akal laknatollah, dudu pambêkaning prajurit linuwih, dadak agawe gêni gêdhe sinumpêlake ing cangkêm guwa, parlune supaya aku lan kowe mati kaplêpêgên ing kukus, utawa amasrahake awak dadi bongkokan, dhuh, Gusti Allah, cilaka apa kang kaya mangkene.

Sadi Bèi: O, Allah kang asipat sawiji, kapriye dene aku anêmahi pati kang siya-siya dicara landhak, saiki upama nêdyaa malumpat mêtu wis kaplêpêg bangêt, marga cangkêming guwa gênine wus angarab-arab bangkono,[5] dadi aku wis ora bisa mêtu.

--- 4 : 499 ---

Sarêng latu sampun akantar-kantar, tiyang Baduwi surak-surak sarwi ajêjogedan, Solia tansah aparentah angêjogi urub-urub, supados latunipun wêwaha agêng, kukusipun enggala angêbêki salêbêting guwa.

Kocapa Sadi Bèi akalihan Sorah Bèi, dupi salêbêting guwa sampun kalêbêtan ing pêga amulêk, prasasat lajêng sami sirna akal budinipun, amila tumuntên nyênjata saking lêbêt kalihan ngawur kemawon, ewasamantên mêksa angèngingi tiyang Baduwi satunggal ingkang lajêng pêjah sanalika, ananging punapa sênjatanipun wau dados pitulungan, botên pisan-pisan, amargi pêga ingkang malêbêt ing guwa sangsaya amêlêk, sakêdhap guwa sampun kêbak, têmahan sang wirotama kêkalih tumuntên andhawah ngaloko dening kaplêpêgan.

Mênggah akal amêgani mêngsah punika, tiyang Baduwi sami anulad wadyabala Prasman, kala mêmêngsahan akalihan tiyang ing nagari Algêri, sarêng tiyang Algêri sami andhêlik dhatêng ing guwa-guwa, guwa-guwa wau lajêng dipun obori dening mêngsah Prasman, tiyang Baduwi sami sumêrêp, sapunika dipun tiru kangge angutugi Sorah Bèi akalihan Sadi Bèi, Solia tanpa kèndêl anggènipun akèn anumpuki kajêng-kajêng tuwin anumpangi uwuh-uwuh, saya dangu latunipun saya ngangsêg malêbêt, pêganipun [pêganipu...]

--- 4 : 500 ---

[...n] inggih sangsaya mêlêg.

Lah sapintên êngkas dangunipun Sadi Bèi sarta Sorah Bèi kuwawi anahan bêlêging kêluk punika, măngsa ngantosa saêjam malih, mila saking kobêngipun, sumêdya narajang mêdal atêtekadan, ananging: o Allah, latu ing cangkêm guwa agêng sangêt, matêng dados arêng kalampahan, dumugi ing jawi măngsa sagêda, tiyang Baduwi surak acêrik-cêrik, Solia anamtokakên ungguling aprang, sumbaripun: Padha măngsa padhaa karo Solia, dhèwèke saiki amêsthi matêng ana ing guwa kaya babi panggang, wadyabalane sesuk bubar sar-saran giris andulu ing kaprawiraning wong Banikawas, uga kanji dene senapatine loro tur wong ulig-uligan padha kêna tak cêkêl matêng.

__________

Bab ikang[6] Kaping 10.

Santun Cariyos.

Coba-coba Nandukakên Pitulungan.

Pangeran Yusup: Hasan, sakèhing rekadaya wis tanpa gawe, aku kaya nganti wis ora duwe pangarêp-arêp bisaa angluwari Resiyah kang tinarungku tanpa dosa iku.

Hasan: Hêm, upami Sadi wontêna.

Pangeran Yusup: Apa aku, kowe sarta manèh bocah kang tinarungku iku kudu angêntèni [angê...]

--- 4 : 501 ---

[...ntèni] Sadi kang durung karuwan lawas gêlising têkane kuwe, o, satêmêne iya sêlak susah bangêt, ing măngka kangjêng rama wus paring pangandika marang aku, ingatasing bab iku ora karsa anggalih.

Hasan: Kawula sampun gadhah panyakrabawa makatên, gusti.

Pangeran: Iya, nanging ing sabisa-bisa, aku mêsthi kudu anyoba nandukake pitulungan, kapriye supaya Resiyah bisane luwar saka ing panganiaya iku.

Hasan: Karsa dalêm makatên punika sayêktosipun utami sangêt, namung kuciwa sakêdhik dene abdi dalêm kawula botên măngga bilih manonana sarira dalêm kalêbêt ing bêbaya.

Pangeran: Hasan Bèi, wêwatêkamu aku ora kasamaran, marmane barêng panyuwunku pitulungan ing kangjêng rama ora olèh gawe, sajroning atiku wus rumasa, yèn kowe wis mêsthi duwe sêdya bakal mitulungi marang wong wadon iku bisane mêtu saka ing tarungku, sanadyan bakal apa bae kang kosandhang, iya ngono apa ora.

Hasan matur sarwi mèsêm: Gusti, kaluhuran dhawuh dalêm punika, kadospundi anggèn kawula

--- 4 : 502 ---

botên gadhah sêdya makatên, amargi Resiyah punika woding manahipun mitra kawula sinoroh wadi.

Pangeran: Hasan, pangiraku kaya lumrah sabên uwong mêsthi kadunungan ati kaya atimu mêngkono, dadi têgêse sêdyamu iku ora lăngka, ananging saiki aku arêp pitakon, apa kowe duwe panyana, yèna liyane kowe ora kasinungan ati trêsna tumrap mitrane sinoroh wadi.

Hasan: O, kadospundi anggèn kawula munjuk, bilih manungsa botên kasinungan budi katrêsnan kados kawula, jêr abdi dalêm sumêrêp têrang, panggalih dalêm malah kadunungan katrêsnan langkung agêng dhumatêng kawula, angungkuli katrêsnan kawula dhumatêng Sadi, awit saking punika lèjêming panggalih dalêm, sumêdya ngêtog karosan ambiyantu dhumatêng padamêlan kawula mênggah ingkang makatên nama kamirahan agêng tanpa pêpindhan, saha botên sagêd rampung winalêsa wiwit gêsang dumugi pêjah, ananging panyuwun kawula, mênggah sêdyaning panggalih dalêm ingkang samantên wau mugi-mugi kaparênga anyandèkakên, sampun ngantos linaksanan.

--- 4 : 503 ---

Pangeran: Sababe apa, Hasan, apa dupèh aku dadi pangeran sarta putrane rama sultan iki, yèn mêngkono pamikirmu, tak anggêp kaliru, manawa pamikirku ta ora mêngkono, awit saka aku pangeran sarta putrane sultan kang jumênêng, dadi aku kudu anggalih prakara iku, panganggêpku wajib sarta utama bangêt.

Hasan: Gusti, upami dèrènga wontên dhawuh timbalanipun kangjêng rama dalêm, panjênêngan dalêm kadamêl kawon kalihan Hamid Kadi, punika inggih botên dados punapa, panjênêngan dalêm taksiha kaparêng anggalih prakawisipun Resiyah.

Pangeran: Iya, iya, Hasan, iya, aku wis nyandhak marang lèrèging aturmu iku, têgêse rak supaya aku angèstokna dhawuh timbalan dalêm kangjêng rama, ta, ora luput aturmu iku, nanging pikirên manèh kang dawa, balik kangjêng rama ora anggalih marang tanduk kang sawênang-wênang lan siksa siya-siya marang wong tanpa dosa, kapriye, apa aku iya mung kudu angèstokake, yèn mangkono dudu anak kang sêtya lan trêsna marang wong tuwa arane, upama kangjêng rama piniluta ing basa êla-êla ingaturan ngunjuk banyu wisa,

--- 4 : 504 ---

măngka aku wêruh, apa ora tak trênggalangi kanthi angêtog karosan, sanadyan panrênggalangku mau dadia duka kang nganti aku dijêmalani, lah apa aku kudu mundur dening laraning jêmala mau, o, iku dudu laku Hasan, tekadku, cikbèn aku ajur kumur-kumur, anggêre karuhuraning karatone kangjêng rama sangsaya andêdêl, iku ora dadi ngapa, karodene sing kowe bae duwe tekad nêdya mitulungi wong wadon iku, saka sumurup manawa ora dosa, aku manèh oraa sangsaya kêncêng, mulane aku lilanana, dadi kanthimu Hasan, aja kowe nampik panjalukku, dupèh aku sawijining pangeran gêdhe putrane kangjêng sultan. Manawa kowe êmoh-êmoh têmênan anganthi aku marga aku pangeran, panjalukku, aku anggêpên sawijining wong kang jênêng Yusup thok bae, dudu pangeran, kang supaya ora kotampik sabanjure bisa gêgandhengan milu mikul pagaweyanmu iku.

Hasan: Ah botên gusti, botên, panjênêngan dalêm mugi sampun anggalih bab punika.

Pangeran: Apa sababe kowe mêksa nampik panjalukku, apa kowe nêdya anggorohi aku.

--- 4 : 505 ---

Hasan: O punika botên pisan-pisan gusti, namung panjênêngan dalêm angèngêtana mênggah badhe dêdukanipun kangjêng rama dalêm, makatên atur kawula.

Pangeran: Bangêt tarima kasihku kowe duwe pangowêl marang aku samono, iku amracihnani manawa kowe asih lan bêkti têmênan marang aku, ananging kowe sumurupa, mungguh bakal dêdukane kangjêng rama kang ora miturut garising bênêr iku wis ora pisan tak pikir, balik sing bangêt tak gagas, ora ana manèh kajaba mung sangsarane wong wadon kang kinunjara tanpa dosa, kaya apa ta susahe, kang wajib mitulungi marang awake lagi ora ana pinuju nglakoni ayahan lunga adoh wusana ing besuk saulihe, yèn bisa andulu bojone kang bangêt kawlasasih iku wis bisa luwar dening pitulungamu, dhuh saiba ta sukure ing Gusti Allah marang kowe, mangkono manèh tumraping atimu dhewe, kaya apa lêga lan ambadhêdhêge, bisa kasambadan ngêntasake bêbayane bojoning mitrane angêplêki saèsthining cipta.

Hasan: Sadaya pangandika dalêm punika sakalangkung-langkung ing kaluhuran, gusti, mila mangke [mang...]

--- 4 : 506 ---

[...ke] dalu abdi dalêm kawula sumêdya wiwit badhe nyoba ngêntasakên Resiyah saking bêbaya.

Pangeran: Iku aku wus anduga, mitra, dening aku wus wanuh bangêt karo wêwatêkamu, marmane kowe aja anampik kang dadi panjalukku, mêngko bêngi aku mèlu kowe.

Mênggah pangandikanipun Pangeran Yusup makatên wau sarwi ngasta tanganipun ajudan Hasan Bèi, saistha rare alit kilayu ing biyung badhe kêkesahan, dipun ring-ringi punapa-punapa tansah andruwolo kêdah tumut.

Pangeran anglajêngakên pangandika: Hasan, mung sapisan iki bae aku mituruti kêncênging karêpku, aku dhewe nganti ora ngêrti, mulane kowe aja mêmalangi manèh, karo dhèk kapan aku duwe karêp ora kêna kopalangi, sasuwene sanadyan aku arêp barang-barang, anggêr kowe matur ora rujuk aku iya ora ambacut, harak iya, nanging sapisan iki, panjalukku mênyang kowe, kowe mituruta aku gênti, aku sing angrampungi prakara iki.

Aturipun Hasan: Inggih gusti, prayogi, manawi makatên wiwit sapunika, sakathahing têtanggêlan kawula ingatasing bab wau, kawula [kawu...]

--- 4 : 507 ---

[...la] pasrahakên panjênêngan dalêm, kawula gêntos dados barang, sumăngga, mangke dalu karsa dalêm têdhak ing pundi, kawula andhèrèk.

Pangeran: Dhuh, bangêt sukur lan lêganing atiku, Hasan, kowe wus amasrahake prakara iku marang aku, amarga aku têrang bangêt, yèn kowe trêsna sarta bêkti marang aku, kapriye yèn aku oraa trêsna asih marang kowe. Wêktu iki kowe nêdya nglakoni pagaweyaning kasangsaran, awit saka iku aku kapengin bangêt angêtut buri ing lakumu, sanadyan aku bakal laku samar mêtu saka dhatulaya. Lah balik saiki kang tak galih wong wadon sangsara iku manèh, kira-kira pamanggone mêsthi ana sajroning mênarane para kadri, ananging prênahing ênggone gèk sing êndi, apa kowe wus têrang kaanan sajroning mênara iku.

Hasan: Manawi griya-griyanipun abdi dalêm kawula nuwun inggih sampun sumêrêp, gusti, namung ing pundi panggenan ingkang kangge narungku Resiyah, punika kawula dèrèng sumêrêp.

Pangeran Yusup: Lha sing nguwèhake layang marang kowe kuwi sapa.

Hasan: Nuwun tiyang sêpuh sampun nini-nini ingkang ambêkta.

--- 4 : 508 ---

Yusup: Kira-kira wong nini-nini iku apa bisa katêmu karo Resiyah, sok ngonoa, upamane aku bisa katêmu karo si nini iku, bokmanawa aku bisa olèh katrangan panggonan panarungkune Resiyah.

Hasan: Kaluhuran dhawuh dalêm, kawula inggih gadhah kintên makatên, mila kala wau kawula lajêng kengkenan ngupadosi pun nini ingkang ambêkta sêrat punika, namung tanpa damêl botên sagêd kapanggih.

Pangeran Yusup: Lha, saiki mungguh kang dadi kakêncênganing pikirmu kapriye.

Sanalika punika Hasan kèndêl botên amangsuli pandangunipun pangeran, sajakipun sawêg angèngêt-èngêt satunggaling prakawis ingkang kêsupèn, wusana sarêng sampun sawatawis dangu, Hasan anjêginggat sêmu kagèt matur ing pangeran, têmbungipun: Gusti, panjênêngan dalêm punapa sampun anguningani kapal Inggris, ingkang nêmbe dhatêng ing palabuhan punika.

Pangeran Yusup: Apa, Hasan ... kowe arêp ngajak caturan prakara seje, coba-coba ngêcakake gêlar kang supaya aku lali rêmbug ngarêp, banjur amurungake kang dadi kêkêncênganing atiku, rak iya ngono

--- 4 : 509 ---

ta karêpmu, nanging aku wani supata, mêsthi ora bakal lali, lan karêpku ora kêna batal, gèk mau aku duwe pangira, yèn Resiyah mêsthi kinunjara ana mênara panggonaning kadri-kadri, nanging prênahing pangunjara ana gik êndi kowe ora wêruh, lah saiki aku takon sapisan êngkas marang kowa,[7] mungguh kang dadi kakêncênganing pikirmu kapriye, apa kowe sumêdya lumêbu marang mênara kono kalawan bêgjan-bêgjan sarta tekad-tekadan. Aku krungu mênara kono kuwi diênggoni sakèhing dêrwis, kajaba dêrwis lan wong alim ora kêna lumêbu mrono.

Hasan: Gusti, kawula badhe ngangge akal cara akaling băngsa neneman, supados sagêd angsal katrangan ingkang sampurna.

Pangeran: Lha ya kuwi kandhakna marang aku, supaya aku bisa wêruh.

Hasan: Dados kêkêncênganing panggalih dalêm botên nêdya mêndha, sanadyan kalêbêta bêbaya agêng ingkang anggêgirisi sangêt, panjênêngan dalêm ugi botên suminggah, inggih prayogi, lah, panjênêngan dalêm punapa sampun midhangêt pawartos bab wontênipun nabi èstri ingkang dêdunung wontên ing griyanipun Soptah Ibam.

--- 4 : 510 ---

Pangeran Yusup: Iya, aku wis krungu, kowe apa arêp nêmoni nabi wadon kuwi.

Hasan: Inggih, kawula badhe pitakèn dhatêng nabi èstri punika, panggenanipun Resiyah wontên ing pundi, manawi awakipun nabi èstri sayêktos, sampun saèstu sagêd anjawab badhe pitakèn kawula satunggal-satunggal kalihan pratitis.

Pangeran: Dadi kowe ngandêl marang kasaktèning nabi wadon iku.

Hasan: Inggih tinimbang kalihan sanèsing tiyang, kawula ngandêl dhatêng nabi èstri punika, amargi miturut ujaring ngakathah, sayêktosipun ngeram-eramakên.

Pangeran: Lah iya bêcik, aku bakal ngêtêrake lakumu mrana.

Hasan: Pamirêng kawula, nabi èstri punika taksih nèm sangêt, piyambakipun sampun nate pêjah sarta kakubur, wusana gêsang malih.

Pangeran: Iya anèh bangêt, besuk apa gonmu arêp mrana.

Hasan: Sêdya kawula manawi wilujêng inggih dalu punika mangke, jam jam 1.

Pangeran: Supaya lungaku ora kawruhan ing sapa-sapa, ayo wiwit sore padha kretan malancong.

--- 4 : 511 ---

Hasan: Punika langkung prayogi, namung sadèrèngipun pangkat, gusti, abdi dalêm kawula nyuwun prajanji, mangke manawi kawula sagêd pêpanggihan kalihan nabi èstri, kawula kaparênga rêrêmbagan piyambak, panjênêngan dalêm sampun ngantos anyênyampuri pangandika, kawula kuwatos manawi pangandika dalêm lêpat, satêmah anuwuhakên cilaka tumraping abdi dalêm kawula.

Pangeran: Iya, aku mituruti apa kang dadi unjukmu iki kabèh.

Hasan: Nuwun, sakalangkung-langkung panuwun saha pamundhi kawula, gusti sampun anyanggêmi panjanji kawula, awit saking punika, sumăngga lajêng tumuntên bidhal, ananging ingkang sayogi panjênêngan dalêm punapadene kawula, kêdah santun pangangge nyalamur.

Pangeran Yusup andhahar unjukipun Hasan Bèi santun busana, sarampungipun, lajêng bidhal kadhèrèkakên Hasan têdhak dhumatêng lèpèn, ing ngriku baita titihanipun sang pangeran sampun cumawis, pangeran tuwin Hasan lajêng anumpak, baita kalampahakên sarana kawêlahan kemawon, miturut sadhawuhipun Hasan anuju ing kitha Sêkutari, dumugi ing ngrika angajêngakên têngah dalu. Sasampuning baita kainggirakên, Pangeran Yusup kalihan Hasan [Hasa...]

--- 4 : 512 ---

[...n] Bèi sami mandhap.

Pangeran Yusup andangu: Kowe apa wis wêruh omahe Soptah Ibam, mara ing ngêndi prênahe saka kene.

Hasan: Miturut saking pitêdahipun Rasid Èpèndi prênahipun kawula sampun sumêrêp, sumăngga kawula dhèrèkakên, gusti.

Pangeran tumuntên tindak, botên dangu rawuh ing Bostandhêsoli, ing ngriku kathah tiyang jêjêl uyêl-uyêlan, satunggaling tiyang jagi nyêlaki dhatêng Hasan Bèi, sasampunipun Hasan mratelakakên nama sarta asmanipun ingkang kadhèrèkakên, têtiyang jagi enggal aparentah dhumatêng têtiyang kathah wau kapurih sami sumingkira, dene pangeran akalihan Hasan kaaturan malêbêt murih tumuntên kapanggiha nabi èstri.

Sarawuhipun ing lotang[8] padununganipun nabi èstri, pangeran anguningani pasang rakitipun, ing ngriku kapasangan dilah-dilah sêtroli pating kalêncar, kutuging dupa kumêlun tanpa kêndhat, wêkdal punika Syerah angucapakên daliling Kuran sarta ayat-ayat mawantu-wantu.

Syerah pitakèn dhumatêng ingkang nêmbe rawuh, têmbungipun: Duwe karêp apa kowe wong sakaroron têka ing kene.

--- 4 : 513 ---

Hasan amangsuli: Dhatêng kula ing ngarsa sampeyan, kula badhe nyuwun pitakèn sarta pitulungan sampeyan, mugi sampeyan andhanganakên suka sêsêrêpan dhatêng kula, wontên pundi panggenan pangunjaranipun rare èstri ingkang tanpa dosa punika.

Nabi èstri (Syerah): Mara tutura kang têtela tak rungokne, bocah wadon iku saka ngêndi pinangkane, lan jênênge sapa.

Hasan: Rare punika nama: Resiyah, anakipun Al Mansur guru angaji Kuran.

Sanalika punika ingkang amindha nabi lajêng mangrêtos, bilih ingkang pitakèn dhatêng awakipun punika Hasan Bèi, mila sami sakala raosing manahipun pindha ginarit, amargi Syerah pancèn trêsna sangêt dhatêng Resiyah, ananging prihatose anggènipun angraosakên dhatêng Resiyah, wêkdal punika botên pisan-pisan kengisa dhatêng Hasan, langkung sèwu ribêd saha susah malih sarêng awakipun dipun pitakèni Hasan makatên wau, jalaran awakipun kapêksa amangsuli miturut pangajaripun Syèh Ul Islam ingkang sêsingidan wontên salêbêting klambu tansah abêbisik, dados sadaya wêwangsulan ingkang dipun cariyosakên dhatêng Hasan punika botên mijil saking rêmbagipun Syerah piyambak.

Syerah pitakèn miturut piwulangipun ingkang anyamar [a...]

--- 4 : 514 ---

[...nyamar] ing klambu, ujaripun: Kowe arêp sumurup prakara kapriye.

Hasan: Kula nyuwun mugi sampeyan paringi pitêdah, pangunjaranipun Resiyah wontên pundi, sarta kintên-kintên kula punapa sagêd angluwari dhatêng rare wau.

Syerah miturut piwulang: Ing wayah jam siji bêngi, kowe têkaa ing masjid kuna panggonaning para kadri, kana ana dalan siji kang bangêt pêtênge mêtu sangisoring lêmah, iku banjur lêbonana bae.

Hasan: Punapa margi punika lajêng dumugi ing ênggèn pangunjaranipun Resiyah.

Syarah[9] miturut wisik: Yèn kowe wis malêbu ing kono, ora suwe amêsthi kêpranggul undhak-undhakan dhuwur, kowe munggaha, sajêbuling dhuwur ana dalan siji, yaiku dalan sing sapisan, turutên bae, samăngsa kowe tumêka ing dalan simpangan, kowe banjur menggoka nêngên.

Hasan: Sadumugi kula ing ngriku, punapa kula lajêng sagêd kapanggih Resiyah.

Syerah taksih miturut wisik: Pojok dalan iku ana kamar saguthêk, iku lêbonana, nanging kurang-kurang bêgjamu bokmanawa kowe nêmoni bêbaya ana ing kono, [ko...]

--- 4 : 515 ---

[...no,] awit saka iku kowe aja kurang ngati-ati, sabab anggêr kowe wis bisa ngalahake kang dadi bêbayane mau, kang kokarêpake iku amêsthi ora bakal marucut. Lah rasakna sing nganti karasa pituturku iki, kajaba mêngkono, wayahing têkamu ing kana aja kongsi onya, ora kêna ora kudu jam siji thèng.

Hasan: Kula sukur ing Gusti Allah sampeyan kaparêng paring pitêdah dhatêng kula samantên, amargi jêjalaran rare èstri ingkang sakalangkung sinangsaya punika, kula badhe anglampahi padamêlan ingkang parlu sarta agêng tumindak kalihan kautamèn.

Têlasing wicantênipun, Hasan tumuntên mêdal saking lotèng ngriku kalihan Pangeran Yusup sumêdya kondur, sapêngkêripun Pangeran Yusup, Syèh Ul Islam inggih nututi mêdal saking klambu mandhap saking lotèng, dumugi ngandhap enggal numpak karetanipun, makatên malih punggawa ingkang tinanggênah jagi ing ngriku, sapêngkêripun Syèh Ul Islam wau anututi mantuk, Syerah kantun anggana, manahipun sakalangkung molak-malik, wêwangsonipun: Dhuh Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, kang têka kene mau tuwan Hasan Bèi, mitra darma kalawan Sadi, sêdyane arêp mitulungi Resiyah kang kinunjara tanpa dosa

--- 4 : 516 ---

dening Syè[10] Ul Islam, ing mêngko samăngsa dhèwèke mituhu samubarang kang tak wulangake mau, dhuh, Allah, ora kêna ora mêsthi tumiba ing bilai gêdhe, amarga sakèhing calathuku kang akèh-akèh mau dudu êkak saka calathuku dhewe, calathune Syèh Ul Islam kang anganggêp mungsuh lan angunjara tanpa dosa marang Resiyah, o, Allah, Allahu akbar, cintraka têmên kowe Resiyah, Resiyah.

Manahipun Syerah sangsaya bingung tanpa upami, mila sarêng amulat ngiwa nêngên samun, dhat, osiking manah sumêdya kesah saking lotèng ngriku nututi Hasan, parlunipun yèn kapanggih badhe dipun cariyosi, supados sampun malampah dhatêng padununganing para kadri.

Syerah enggal ngupados tampar, sarêng angsal, tampar katangsulakên rujining jandhela, sarampungipun, Syerah tumuntên gumandhul mandhap turut tampar ngriku namung kalihan tanganipun satunggal kemawon, yèn wontêna ingkang sumêrêp, kados winastan kalong, culing tangan gêgêntosan kalihan cangkêmipun, dados untunipun ingkang minăngka lêlintuning tangan ingkang kinuthungan, hêm, mêmêlas. Marambatipun dumugi siti, Syerah tanpa tolèh wingking mlajêng dhatêng kadhatoning Pangeran Yusup, botên dangu dumugi, ananging kasèp, pangeran kadhèrèkakên Hasan Bèi sampun pangkat tindak dhatêng masjiding para kadri, dhuh kados [kado...]

--- 4 : 517 ---

[...s] punapa kemawon cuwaning manahipun Syerah.

Sanadyan ing nalika Hasan amanggihi Syerah wau Pangeran Yusup botên pisah-pisah tansah rêruntungan, ewadene Syerah botên gadhah pangintên manawi ingkang rêruntungan kalihan Hasan Bei punika Pangeran Yusup, dipun kintên prikănca utawi sêsarêngan kemawon, namung Syèh Ul Islam ingkang têrang gamblang-gamblang dhumatêng Sang Pangeran Yusup.

Amangsuli cariyos konduripun pangeran ingkang kadhèrèkakên Hasan saking manggihi Syerah wau, dumugi ing dhatulaya, Hasan Bèi botên sarănta ing manah, tumuntên bidhal dhatêng mênara kina panggenaning para kadri, Pangeran Yusup inggih botên karsa kantun, ing wanci ngajêngakên jam satunggal kirang saprapat, sampun sami dumugi ing mênara, upami Hasan Bèi anggènipun dhatêng mênara botên kasêsa makatên, bokmanawi Syerah botên kêpancal lampahipun.

Sarawuhipun ing mênara, Pangeran Yusup kalihan Hasan Bèi, miturut sapitungkasipun ingkang pinindha nabi, lajêng ngambah ing margi pêtêng andhêdhêt kalihan santosa ing galih botên mawi uwas sumêlang malih, inggih margi punika ingkang dumugi karatoning pêpêjah sarta ingkang dipun wêdali Resiyah kala kalêbêtakên ing prasada, Hasan Bèi lumampah ing ngajêng pangeran wontên wingkingipun, sangsaya majêng sangsaya alêlimêngan, [alêlimêng...]

--- 4 : 518 ---

[...an,] bêbasan pêtêngipun andumuk irung, ewadene Hasan Bèi botên was sumêlang samênir tumraping badanipun piyambak, namung sakêdhik ingkang adamêl kirang sênênging manah, dene dadak mawi dipun tut wingking gustinipun, punika ingkang tansah damêl kirang sakeca, amargi tumrapipun para ruhur, ing nagari Turki punika pancèn kathah sangsayanipun, ingkang sagêd anyênêngakên manahipun sawatawis, Hasan salêbêting malampah wau kèngêtan, manawi tindakipun pangeran ing dalu punika botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang sumêrêp.

Botên watawis dangu lampahipun Hasan dumugi ing undhak-undhakan, ing ngriku Hasan anggadhahi cipta bilih lampahipun sampun cêlak kalihan ingkang tinuju ing sêdya, wêwangsonipun: Anggêre aku wis jêbul ing lotèng kono, măngsa Resiyah wurunga ora katêmu aku ora, wusana sarêng Hasan tumênga manginggil, sakêdhap punika Hasan sumêrêp soroting dilah arêmêng-rêmêng wontên ing lotèng.

Hasan matur ing sang pangeran: Gusti, panjênêngan dalêm punapa botên langkung prayogi upami angêntosi wontên ing undhak-undhakan ngriki kemawon.

Pangeran Yusup: Ora Hasan, mênyanga ngêndi bae paranmu, aku êmoh kèri satindak, lah uwis, aja kakehan rêmbug lan [la...]

--- 4 : 519 ---

[...n] pamikir, ayo tumuli padha munggah, iki aku lan kowe wis padha mancik ing undhak-undhakan.

Hasan umatur: Dhuh gusti momongan kawula, sayêktosipun manah kawula tansah akêtir-kêtir karana sarira dalêm, amargi paningal kawula, saidêring mênara punika têka sawêrni pakunjaran sadaya.

Pangeran: Sanadyan kapriye kadadeyane ing mêngko, iku aku ora bakal suminggah, anggêr aku ora pisah karo kowe bae.

Hasan kapêksa lajêng minggah ing undhak-undhakan, pangeran tut wingking lumampah alon ing ngandhapipun Hasan, sadumuginipun lotèng, Hasan aningali wontên margi narênthêng panjang, pêpungkasaning margi punika dipun sumêdi ting sumorot, Hasan matur ing sang pangeran, kaaturan angêntosi ing undhak-undhakan ngriku, Hasan badhe mêndhêt dilahipun ing êting punika parlu sangêt ing mangke kangge acolok-colok. Pangeran anayogyani aturipun Hasan, mila Hasan tumuntên anilar sang pangeran, salêbêtipun sang pangeran jumênêng ngêntosi wangsulipun Hasan, sang pangeran amidhangêt sambat pangrêsula tuwin tangising têtiyang ingkang sami nandhang siksa wontên ngriku sakalangkung ngrantêk mêmêlas sangêt, sanali [sanali...]

--- 4 : 520 ---

[...ka] sang rajaputra anjêgrig saha gumêtêr ingkang sarira, amargi sasugêngipun punika, sawêg sapisan thil punika ngambah jaman kados makatên sarta midhangêt pangrêntaking tiyang ingkang anggêgirisi ngêrêsipun wau, langkung malih sarêng mirêng pasambat ingkang anggarês angungkuli sanès-sanèsing pasambat, plês, sêsambat wau pindha sumusup dhatêng panggalihipun rajaputra, têmahan pindha pamunguning panggalih angiyatakên dêrênging sêdya anggènipun kagungan karsa badhe atêtulung dhumatêng Resiyah ingkang sampun têtela kasangsaya sinangsaya.

Botên sawatawis dangu Hasan sampun wangsul kalihan ambêkta ting ingkang kapêndhêt, pangeran kalihan Hasan enggal mariksani sakathahing gêdhong-gêdhong, ananging andadosakên pangungunipun sang pangeran saha Hasan Bèi, dene sadangunipun wira-wiri wontên ngriku botên kapranggulan tiyang jagi satunggal-tunggala, gagasanipun Hasan Bèi, punapa baya karsanipun nabi wanudya, mila kapurih dhatêng ing wanci jam satunggal thèng, dipun tangguhakên suwungipun ing panggenan ngriki, kados kemawon pancèn inggih makatên, awit saking punika Hasan angucap sukur ing Pangeran.

Ing lotèng ngriku punika kathah sangêt margi-margi, sabên margi satunggal tamtu wontên kontênipun, kontên punika salong mênga salong minêb, sarta wontên [wontê...]

--- 4 : 521 ---

[...n] ingkang kêkancing wontên ingkang botên.

Hasan tumuntên malêbêt ing margi simpangan kalihan rajaputra, tangan kiwa ambêkta ting, tanganipun têngên anyêpêngi garaning sêking ingkang sinangkêlit ing bangkekan.

Sarêng lampahipun sampun sawatawis têbih saking kontêning margi, Hasan saha sang pangeran sami mirêng suwantên jumêdhèr kados inêbing kontên katangkêbakên, pangeran sarta Hasan sami anolèh badhe sumêrêp ingkang mawa suwantên, ananging botên sagêd anyumêrêpi punapa-punapa, awit kajawi sampun ragi têbih saking kontên, tingipun Hasan urubipun kirang sumênthèt.

Hasan wicantên: Apa têgêsing suwara iki.

Rajaputra: Inêb-inêbaning lawange dalan iki kanginan banjur minêb, suwarane jumêblès.

Hasan lajêng wangsul cangkelak badhe anyumêrêpi punapa ingkang amurugakên wontên suwara garobyagan punika, pangeran ugi botên purun kantun, wusana sadumugining kontên, Hasan sakalangkung kagèt anyumêrêpi kontên wau minêb mawi kêmunci, mila Hasan lajêng angulir budi murih sagêda ambikak kontên punika, ananging tanpa damêl, wêkasan Hasan lajêng anothok kontêning kamar ingkang cêlak kalihan margi ingkang dipun wêdali punika sarwi pitakèn: Punapa salêbêting kamar ngriki dipun ênggèni tiyang èstri [è...]

--- 4 : 522 ---

[...stri] putranipun guru Kuran anama Al Mansur ingkang kondhang sakalangkung wicaksana, inggih punika padoning manahipun Sadi Bèi anama Resiyah.

Pitakèn punika botên angsal wangsulan, mratandhani bilih salêbêting kamar: suwung, ewadene Hasan dèrèng kêmba pangajêng-ajênging manah sagêd kapanggih kalihan ingkang dipun upadosi, mila lajêng dipun dhodhog malih sêrunipun angungkuli ingkang sampun, sanadyan makatêna mêksa anyêp kemawon dening pancèn botên wontên, awit saking punika anjalari gêtêring galihipun rajaputra, sarta katingal biyas pasuryanipun.

Rajaputra Yusup andangu: Iki priye Hasan.

Hasan Bèi: Ing mangke abdi dalêm kawula anggraita manawi kalêbêt ing paeka, amila panjênêngan dalêm kêdah anêtêpi prajanjiyan.

Pangeran Yusup: Sabisa-bisa aku lan kowe padha kudu ngulir budi supayane mrucut saka ing paeka iki.

Hasan: Pangintên kawula rêkaos sangêt sagêdipun uwal saking bêbaya, jêr kawula kalihan panjênêngan dalêm sampun sami kalêbêt ing kunjara, mila kawula sadèrèngipun inggih sampun bèbèl amunjuk, panjênêngan dalêm sampun ngantos tumut-tumut, wadosipun [wa...]

--- 4 : 523 ---

[...dosipun] inggih bilih manggih bêbaya makatên punika ingkang kawula sumêlangi.

Pangeran: Apa kowe nyana yèn aku piduwung, o, ora Hasan, ora bangêt.

Hasan: Inggih sukur sangêt bilih panggalih dalêm santosa, ananging sasagêd-sagêd ing mangke kêdah ambudi sagêda mêdal saking ngriki, amargi Resiyah botên wontên.

Mênggah aturipun Hasan ing rajaputra makatên wau têmênipun namung supados dadosa têtêking galihipun pangeran kemawon, manahipun Hasan piyambak sampun pêpêt sirna ing pangajêng-ajêng. Inggih sintên tiyangipun ingkang botên lajêng pêpêt kacupêtan nalar, anglampahi kasangsaya kados makatên, badhe lajêng botên wontên têtêrusanipun, wangsul kontênipun sampun kakunci saking jawi.

Nêdhêng pangeran kalihan Hasan sawêg angangên-angên punapa ingkang kêdah dipun lampahi, dumadakan sang kalêngka sakalihan mirêng suwantênipun tiyang undang-undang, têmbungipun: Hasan Bèi, Hasan Bèi.

Hasan kagèt lajêng amangsuli: Kula wontên ing ngriki.

Suwantênipun ingkang undang-undang wau: Dhuh bagya aku bisa katêmu karo kowe ana kene.

Hasan: Mangke ta, sampeyan sintên.

--- 4 : 524 ---

Tiyang ingkang undang-undang: Aja kowe pitakon prakara jênêngku, têkaku kalawan rêrikatan kasusu arêp amitulungi kowe lan kancamu iku, ayo kowe tak tuduhake ênggone Resiyah.

Hasan matur dhatêng sang rajaputra: Pamirêng kawula suwantên punika têka kados suwantênipun Nabi Syerah, punapa inggih.

Pangeran Yusup dèrèng anjawab aturipun Hasan, ingkang nyuwantên wau tumuntên dhatêng kalihan cariyos: Ayo tut buria aku, aja suwe-suwe, iki wis kêsusu bangêt.

Mênggah ingkang dhatêng suka pitulungan dhumatêng Hasan saha rajaputra punika inggih Syerah sayêktos, namung Syerah botên purun mitongtonakên wujudipun, tansah akêkrodhongan barukut.

Rajaputra kalihan Hasan ing batos sangêt anggèning kapengin badhe uninga, sintên ingkang mitulungi panjênênganipun punika, ananging Syerah mêksa botên sajarwa, kajawi namung lajêng wicantên: Ênya iki sorog gêdhonge Resiyah, mranaa, bukakên dikêbat, yèn wis banjur tumuli oncata aja suwe-suwe, ing kene panggonan kang linuwih bêbayane. Kowe mau mêntas bae kinunci, nanging soroge, dilalah isih digandhul-gandhulake ana ing lawang lan banjur ditinggal marang Si Tahir

--- 4 : 525 ---

juru lawang, mulane nuli tak jupuk tak gawe ambukaki sakèhing lawang kang padha kêmunci kabèh.

Têlas wicantênipun, ingkang ingakên nabi èstri enggal-enggal mêdal saking ngriku, dene Hasan ugi tumuntên amurugi gêdhong ingkang dipun têdahakên Syerah, sadumuginipun ngriku Hasan undang-undang saking jawi, têmbungipun: Dhuh, anak èstrining Al Mansur ingkang kondhang endah ing warni sarta sampun kapilih dhumatêng Sadi Bèi, punapa sampeyan wontên salêbêting gêdhong ngriki.

Saking salêbêting gêdhong tumuntên wontên suwantên ingkang kamirêngan sakalangkung gêtêr, inggih punika wicantênipun Resiyah, têmbungipun: Sintên ingkang undang-undang kula, sampeyan sintên.

Anggènipun wicantên makatên wau kalihan tangi saking patilêman, sakêdhap lajêng kapanggih kalihan tiyang kêkalih ingkang sajêgipun dèrèng nate kêpranggul, mila raosing manahipun Resiyah, sanalika punika botên pae kalihan tiyang supêna.

Hasan Bèi enggal cariyos: He, Resiyah ingkang nyata pinunjul ing jagad têtiga, dhatêng kula ing ngriki saèstu awit saking namanipun Sadi Bèi badhe suka pitulungan angrêbat sampeyan saking papa cintraka, nama kula Hasan Bèi ingkang sinudara widhi dhatêng Sadi [Sa...]

--- 4 : 526 ---

[...di] Bèi guru laki sampeyan.

Resiyah gumêtêr wel-welan amangsuli suwantênipun pêgat-pêgat: Punapa ... punapaa ... Sadi bo ... botên rawuh ing ngriki ... pi ... pi ... yambak, na na ... na... mung amurih ing panjênêngan sampeyan kemawon, ba ba ba ya ya Sadi bundhêlaning nyawa kula sampun kasupèn saha botên praduli dhumatêng kula.

Hasan Bèi: Dhuh Resiyah tiyang ingkang sêtya ing laki, punika botên pisan-pisan, sampeyan sumêrêpa, mila laki sampeyan botên dhatêng ing ngriki piyambak, awit ing wêkdal punika sawêg anglampahi ayahaning ratu nyenapatèni wadyabala anglurug pêrang dhatêng panggenan ingkang sakalangkung têbih.

Resiyah: Dhuh bèi ingkang ambêk utami, kula mugi panjênêngan pitulungi sagêdipun tumuntên mêdal saking ngriki, kula badhe lajêng nusul Sadi Bèi laki kula.

Ing wêkdal samantên saking bingahing manah, Resiyah ngantos kasupèn bilih botên mawi kêkudhung, amargi ing wau sontên kalanipun badhe mapan tilêm, kudhungipun kabikak, lan rasukanipun ugi mênga watês sanginggiling payudara, dhadhanipun pêthak kawuryan pindha sêkar bakung, wusana sarêng èngêt manawi angliga Resiyah

--- 4 : 527 ---

kumêsar garagapan ulat katingal biyas tumuntên amêndhêt kêkudhungipun lajêng kaangge, sasampuning kudhungan barukut satataning para èstri băngsa Turki, Resiyah lajêng tut wingking lampahipun Hasan Bèi.

Sadangunipun Resiyah apaginêman kalihan Hasan Bèi, solah bawanipun tansah kapandêng akêdhèp têsmak dhumatêng Sang Rajaputra Yusup, ing sanalika punika rajaputra lajêng sangêt kasmaran dhumatêng Resiyah, mila kalanipun sami mangkat saking kamar wau, Pangeran Yusup kanthi arsayaning panggalih anyandhak tanganipun Resiyah jumênêng juru panuntun lampah, dene Hasan Bèi andhèrèkakên sarwi ambêkta ting. Wusana sarêng tindakipun pangeran andungkap rawuhing kontêning margi, dumadakan lajêng kasaru dhatêngipun Syèh Ul Islam ingkang kadhèrèkakên para drêwis.

Syèh Ul Islam: He, sapa kang wani-wani ngambah kene ora nganggo nyuwun idin marang aku, mara drêwis, kabèh lawang kang padha mênga banjur padha tutupên tumuli, ing kene sanyata ana sawijining kadadiyan laku ora bênêr.

Midhangêt têmbung makatên wau rajaputra lajêng angandika tanpa mawi dipun panggalih, têmbungipun: Hèh kowe balia, aja marene, balik wêngakna lawange, aku arêp angwêtokake wong kang kinunjara tanpa

--- 4 : 528 ---

dosa.

Syèh Ul Islam: Sapa wonge kang diksura wani-wani calathu sakêcoh-kêcoh ana panggonaning para kadri.

Rajaputra: Aku, kowe durung wêruh marang aku, yèn durung tak kandhani, iya aku Yusup Èsèdin, ingkang putra kakung kangjêng sultan kang luwih kuwasa ingatasing wong Islam sapraja Turki lan sajajahane kabèh.

Syèh Ul Islam: Sanadyan sultana pisan, apa aku gigrig marang kowe, sumurupa, sajroning mênara iki, ora ana manungsa kang kuwasa awèh parentah, kajaba siji Syèh Ul Islam. Ayo drêwis, kancingên lawange, prakarane sesuk bakal katindakake, sapa sing kumalungkung adol gêndhung, wani lumêbu kene kalawan paripêksa, amêsthi bakal anampani karampungan saka ingkang panjêngan kangjêng sultan.

__________

Bab Kaping 11.

Kawontênaning Para Rajaputra.

Gêntos ingkang kacariyos, mênggah bab kawontênanipun Pangeran Murad akalihan Pangeran Ngabdul Kamid, punika manawi dipun timbang kalihan kala rumiyin, sampun beda sangêt, dening kala rumiyin sami

--- 4 : 529 ---

dêdunung ing dhatulaya ingkang sadintên-dintên tansah dipun jagi, wangsul ing wêkdal samantên, botên, miturut saking dhawuh timbalan dalêm Kangjêng Sultan Abdul Asis, para pangeran kaparêng manggèn wontên ing padalêmanipun piyambak-piyambak tanpa kajagi.

Ingkang panjênêngan Pangeran Murad punika, beda sangêt lêlagonipun kalihan para pangeran sanèsipun, Pangeran Murad botên rêna sangêt dhumatêng kabingahan ing dalêm donya, amargi ingkang ibu pangeran punika, sawau asalipun saking Sirkasi tiyang ingkang angangge agami Kristên.

Miturut dhawuhipun Kangjêng Sultan Mukhamad II para nata ing nagari Turki kêdah kagungan putra kakung satunggal ingkang mijil saking wanudya agami Kristên, Pangeran Murad wau sarèhning ingkang bibi têdhakipun tiyang agami Kristên, panjênênganipun sêdyanipun kêncêng badhe malêbêt Kristên, ananging dipun cêgah sangêt dhumatêng nagari sarta anggêr-anggêring karaton.

Pangeran Murad sampun lami kagungan sêdya badhe krama dhaub kalihan putri băngsa Eropah, salajêngipun angagêm tata ngadat sacaranipun băngsa Eropah, namung rèhning undhang-undhanging agami Islam sangêt angawisi, langkung malih panjênênganipun kagungan wajib jumênêng nata saha sangêt kaajêng-ajêng, wah lampah makatên punika kina-kumina asring anuwuhakên pêpêjah utawi lampah cidra ing kradenayon, dados [da...]

--- 4 : 530 ---

[...dos] Pangeran Murad tansah anyabili karsanipun badhe krama angsal putri Eropah wau.

Sakawit Pangeran Murad garwanipun namung satunggal thil, namung sarêng ingkang garwa wau lami sangêt botên apêputra, pangeran lajêng mundhut garwa paminggir kalih sarêng sadintên, garwa paminggir kêkalih punika pêpilihanipun ingkang garwa sêpuh, botên sawatawis lami ingkang satunggal lajêng apêputra, inggih garwa paminggir punika ingkang bibi putra Saladin.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, Pangeran Murad saha Pangeran Ngabdul Hamid punika sami ingkang putra Kangjêng Sultan Ngabdul Majid, Sultan Ngabdul Majid makatên ingkang raka cêr kalihan Kangjêng Sultan Ngabdul Asis ingkang taksih jumênêng punika, kalanipun suwargi Sultan Ngabdul Majid gêrah andungkap sedanipun, animbali ingkang rayi Sultan Abdul Asis kala taksih nama pangeran, sadhatênging ngarsanipun ingkang raka, Kangjêng Sultan Ngabdul Majid amasrahakên kaprabonipun dhumatêng ingkang rayi, pangandikanipun: He, ariningsun Abdul Asis, gêrah ingsun iki angranuhi, panjênêngan ingsun kaya wus ora kêlar ambanjurake angrênggani pasamuaning donya, awit saka iku manawa panjênêngan ingsun kabanjur seda, ingsun lila têrusing batin kaprabon ingsun sira gêntèni, ananging samono iku manawa sira kaduga ingsun titipi putraningsun loro Pangeran Murad lan Pangeran Ngabdul Hamid kalawan sumpah ing ngarsaningsun [ngarsaningsu...]

--- 4 : 531 ---

[...n] kasaksèn marang pangeran, bakal ora nyênyênggring lan anganiaya. Unjukipun Pangeran Abdul Asis: Inggih kawula anyagahi, manawi panjênêngan dalêm saèstu surud, kawula gumantos jumênêng sultan, kawula badhe anyaèni dhumatêng putra dalêm kapulunan kawula kêkalih, pun Murad kalihan Ngabdul Hamid, manawi kawula ngantos siya-siyaa saha anganiaya, kawula mugi sampun ngantos angsal pangèstu dalêm, saha anampènana wêwêlakipun Pangeran ingkang amurwèng gêsang.

Satêlasing aturipun Pangeran Abdul Asis, Sultan Ngabdul Majid lajêng seda sampun botên mayang tumolih, dene ingkang sumilih kaprabonipun inggih Pangeran Abdul Asis ajêjuluk Sultan Abdul Asis ingkang ing mangke taksih jumênêng punika.

Amangsuli Pangeran Murad, sasedanipun ingkang rama sajumênêngipun sultan ingkang paman, panjênênganipun lajêng jumênêng pangeran adipati anom, dene ingkang rayi Pangeran Ngabdul Hamid, jumênêng pangeran adipati mirunggan, inggih punika upami ing têmbe Sultan Abdul Asis seda, Pangeran Murad sumilih kapraboning sultan, Pangeran Abdul Hamid ingkang jumênêng pangeran adipati anom gêntos, dhasar sampun makatên pranataning praja Turki.

Pangeran Abdul Hamid punika sanès bibi kalihan Pangeran Murad, sarta taksih timur sangêt katilar seda [se...]

--- 4 : 532 ---

[...da] ingkang bibi, ananging lajêng kapêndhêt putra angkat dhumatêng ingkang ibu kuwalon ingkang sakalangkung sugih, amargi ingkang ibu kuwalon wau botên patutan kalihan Sultan Abdul Majid (ingkang rama Pangeran Abdul Hamid), saking trêsna saha sangêting pangênjong-ênjong, sadiwasanipun Pangeran Ngabdul Hamid, ingkang ibu kuwalon wau kaanggêp kados ingkang ibu piyambak.

Pangeran Ngabdul Hamid punika wiwit timur ngantos dumugi yuswa kalih dasa taun, watês sedanipun ingkang rama, sugêngipun langkung saking mulya, alit sinakajêng ing ibu, pakêmpalanipun sami rare alit, sarêng sampun ragi agêng, yuswa sadasa taun dumugi kawan wêlas, kêkêmpalanipun para pawongan cèthi, yuswa gangsal wêlas dumugi kalih dasa taun, kinêmbong pawongan ingkang sulistya-sulistya ing warni pindha hyang-hyang sinurat.

Sasêlanipun suka-parisuka akalihan para kênya, Pangeran Ngabdul Hamid tumut-tumut ajar ingkang raka Pangeran Murad, amahamakên kawruh sêsêratan têmbung Turki sarta têmbung Arab. Kala ing taun Walandi 1867, pangeran kêkalih wau ingandikakakên andhèrèk panjênênganipun Sultan Abdul Asis anguningani tèntunsêtèlêng dhatêng kitha Paris, wontên Paris sang pangeran kêkalih nyambi ajar têmbung Prasman, sanadyan ajaripun namung sakêdhap sangêt, ewadene [ewa...]

--- 4 : 533 ---

[...dene] sakêdhik kalih kêdhik ugi lajêng mangrêtos.

Kajawi ajar têmbung Pras, Pangeran Abdul Hamid anyambi nguningani kawruh sanès-sanèsipun ingkang kagalih paedah, inggih wiwit nalika samantên, sang pangeran kaparêng angagêm agêm-agêman cara Eropah, sakonduripun saking Paris, padalêmanipun katata sarta karêngga-rêngga cara Eropah, sarta kaparêng angabdèkakên dhoktêr băngsa Dhitslan kaparingan sêsêbutan: bèi anama Iskandêr.

Pangeran Murad punika sakalangkung angêbrèh, karêmênipun angunjuk minuman kêras, beda sangêt kalihan Pangeran Abdul Hamid, ngatos-atos, sugêngipun kanthi pranatan, ngunjuk awis botên karsa, sariranipun kêra aking, sanadyan makatêna, padawadananipun katingal sêrêng santosa ing galih, garananipun agêng sarta anbangir,[11] punapa malih ragi nyanthuk, kados irung-irunganipun băngsa Turki pranakan Armènian, gumbalanipun capang, paningalipun agêng, cêmêngipun wiyar amratandhani bilih pangeran kêsinungan wiji landhêp ing panggraita, kajawi saking punika, Pangeran Abdul Hamid sakalangkung rosa, botên timbang kalihan kêraning sarira. Ingkang dados kasênênganing panggalih, pangeran angingah pêksi jakatuwa akalihan amêng-amêngan sênjata.

Pangeran Abdul Hamid kêncêng sangêt dhatêng agaminipun, [agaminipu...]

--- 4 : 534 ---

[...n,] upami pinuju tindakan, măngka wêktunipun sêmbahyang, sanadyan wontêna satêngahing margi, inggih lajêng kèndêl aparing dhawuh dhumatêng abdi ingandikakakên anjèrèng babut lajêng kagêm sêmbahyang, kangjêng pangeran botên praduli wontêna ing pundi kemawon.

Sasedanipun ingkang rama, pangeran lajêng adêdalêm wontên dhatulaya alit kalihan garwa putranipun, kala samantên pangeran sawêg kagungan putra kakung satunggal putri satunggal.

Pangeran Abdul Hamid prasasat sugêng tanpa mitra ingkang kenging kaêculan wados, kajawi ingkang raka Pangeran Murad, abdi băngsa Prasman anama Emablê, punika ragi pinitados angandhut wêwados sawatawis. Dene ingkang sakalangkung pinitados dhumatêng Pangeran Abdul Hamid, punika abdinipun anama Hasim, ananging ing wingking santun Nuripaka ingkang pinitados dhumatêng Pangeran Hasim wau, Nuripaka makatên angrabi putri Fatima kadang tunggil rama sanès ibu kalihan Pangeran Abdul Hamid, putri Refeke, ugi ingkang rayi Pangeran Hamid, krama angsal Èdhèmpakha, Nuripakha wau ing têmbe badhe dados senapatinipun Pangeran Murad.

Gêntos ingkang kacariyos, kangjêng ratu agêng sabakdanipun amanggihi nabi èstri, watawis dintên kaparêng têdhak dhatêng dhatulaya alit padalêmanipun Pangeran [Pange...]

--- 4 : 535 ---

[...ran] Murad, nitih kareta karajan, mandhap saking kareta, paring dhawuh dhumatêng pangagênging wadya jagi, ingandikakakên paring sumêrêp ing pangeran bilih panjênênganipun rawuh badhe apaginêman.

Kangjêng ratu agêng tumuntên minggah ing undhak-undhakan, sanadyan Pangeran Murad sagalugut botên gadhah trêsna ing kangjêng ratu agêng, ewadene kabêntêl ing tatakrami inggih lajêng amêthukakên jêranthalan kanthi kaurmatan, botên beda kalihan karawuhan kangjêng sultan, ugi makatên kangjêng ratu agêng, sajak-sajakipun inggih botên maèlu dhumatêng kurmatipun Pangeran Murad, amargi kangjêng ratu agêng sampun mangrêtos, bilih tanduking kaurmatan kados makatên punika namung katarik dening tatakrama utawi kêncênging dhawuh undhang-undhang kemawon.

Sasampunipun kangjêng ratu agêng manthuk kados wêwangsuling pahargyanipun Pangeran Murad, kangjêng ratu lajêng kaparêng angandikan.

Kangjêng ratu agêng: Pangeran, aku arêp cêcaturan wadi karo kowe, murih ora kawruhan ing uwong, mara ayo nyingkir marang kamarmu kang rada sêpi.

Sarwi lumampah pangeran umatur: Dhuh eyang rajaputri ingkang ibu kangjêng rama, rawuh dalêm ing padunungan kula, andadosakên sênêng asrêping manah kawula.

--- 4 : 536 ---

Tindakipun kangjêng ratu agêng botên dangu rawuh ing kamar alit, ing ngriku lajêng lênggah wontên rêsban gadhing ingkang ginêlaran babut baludru kaadhêp Pangeran Murad.

Kangjêng ratu agêng: Kowe manggon kene luwih kapenak lan luwih sênêng, tinimbang ana panggonana[12] liyane.

Pangeran: Inggih punika saking gêngipun sih kawilasaning paman sultan, ingkang sakalangkung minulya saha kuwasa, pêparingipun pitulungan dhumatêng kula, kula anggêp tanpa pêpindhan, salami-laminipun kula tansah sêmbah nuwun saha sukur ing Gusti Allah.

Ratu agêng: Têkaku iki aku arêp paring pawarta marang kowe, Pangeran Murad, yèn ora sawatara lawas manèh, kowe bakal anampani kasênêngan luwih gêdhe tinimbang saiki, yaiku kowe bakal pinaringan idi kêna lêlungan sakarêpmu.

Pangeran: Dhawuh dalêm punika andadosakên kagèt dhumatêng manah kula, eyang, lêlantaran saking punapa kula sagêd kasêmbadan amanggih kabêgjan agêng kados ingkang panjênêngan dalêm dhawuhakên punika.

Kangjêng ratu agêng: Kabêgjan iku gumantung ana ing tanganmu dhewe ênggèr, awit kabèh kasusahanamu iku ora nana manèh jalarane,

--- 4 : 537 ---

kajaba saka undhang-undhanging karajan kang anamtokake kowe iku pangeran adipati.

Pangeran: Punika parentahing undhang-undhang, eyang, nanging salami kula gêsang, dèrèng nate kula matur ing panjênêngan dalêm, agêngipun ing kangjêng paman sultan, supados kula kaangkata dados pangeran adipati, anêtêpi suraosing undhang-undhang wau.

Kangjêng ratu: Kowe aja kăndha ngono, Murad, aku wêruh gonmu ora darbe panyuwun marang sultan supaya kowe nuli tinêtêpake pangeran adipati miturut surasaning pranataning karaton, sabab kowe tansah diintip marang sakèhing sêpiyun, mara, upama kowe duwea panyuwun kalawan kêncêng bisane têtêp kaya kang wus kapasthèkake, pangiraku mêsthi ora suwe kowe tumitah ana ing alam donya iki, amarga banjur ana bae kang kaduga anyidra marang kowe. Ing saiki kowe urip kalawan sênêng karo sadulurmu, iku ora liya awit saka sih kadarmane pamanamu sultan, harak iya. Kandhaku iki aja kopadoni, karana kabèh padha bênêr, piwêlingku marang kowe, salawase kowe [ko...]

--- 4 : 538 ---

[...we] kang eling. Kasênêngamu iki awit saka pitulungane pamanamu kangjêng sultan kang luwih minulya, wusana ana pratikêl saprakara êngkas kang bisa amarahi dawa umurmu lan amuwuhi gêdhening kabungahamu, anggêre kowe ora abot anglakoni.

Pangeran: Eyang kangjêng ratu agêng ingkang sakalangkung mulya saha kuwasa, sumăngga mugi kaparênga andhawuhakên, lampah-lampah punapa ingkang sagêd dados jalaran murih kula sagêd amanggih kanugrahan angungkuli ing sapunika.

Kangjêng ratu: Anggêr kowe kaduga anyèlèhake kuwajibamu bakal sumilih kaprabon nagara Turki, têgêse kowe gêlêm duwe atur nampik êmoh diangkat sultan sasurude pamanamu, kowe mêsthi bakal kanugrahan gêdhe lan dawa umurmu.

Pangeran: Dhuh sultan putri ingkang dahat srêdha punapa panjênêngan dalêm kagungan pandalih, manawi kula sampun nampik pangkat sultan punika, lajêng botên wontên pangeran adipati sanèsipun.

Kangjêng ratu agêng: Liyane kowe aku ora praduli, anggêr kowe wis nampik bae, wis rampung, lan kauripamu banjur salin kaanan, [kaana...]

--- 4 : 539 ---

[...n,] mêngko rajabranaku banjur tak paringake marang kowe kabèh, samono iku yèn kowe wis nyaguhi nampik sumilih kaprabone pamanamu mau, lah iki aku wis anggawa daluwang sègêl, banjur tulisên prajanjiyan ingatasing panampikmu êmoh anggêntèni kapraboning pamanamu mau.

Pangeran Murad botên sagêd aminangkani dhumatêng pamundhutipun kangjêng ratu agêng punika, sanadyan kangjêng ratu agêng pangandikanipun akathah-kathah kanthi pamiluta.

Pangeran: Kula sukur ing Gusti Allah, panjênêngan dalêm badhe amaringi rajabrana agêng dhumatêng kula, ananging manawi kula kadhawuhan nampik wajib kula sumilih kaprabon nagari Turki, punika kula nyuwun pangapuntên kaping sèwu, botên sagêd anyaosakên, amargi kula ajrih sangêt dhatêng piawonipun têtiyang alit ingkang salami-laminipun tansah angajêng-ajêng ing jumênêng kula, dados sanadyan badhe kadospundi kemawon kawontênanipun badan kula punika, kula ugi botên badhe anampik dhatêng kuwajiban kula kenging sumilih kaprabon nagari Turki.

Midhangêt aturipun Pangeran Murad punika kangjêng

--- 4 : 540 ---

ratu agêng nyad jumênêng kalihan angandika.

Yèn mangkono kakêncênganing atimu, lah iya uwis, kowe narimaa anglakoni sangsara salawase, măngka rawuhku ing kene niyatku arêp amitulungi kowe, murih kauripamu bisa sênêng sarta ora tansah sinangsaya, kari-kari kowe êmoh, dudu luputku, ora liwat iya rasakna lan sandhangên dhewe.

Pangeran: Sadaya-sadaya wau tiyang sampun kula kajêngakên, sanadyan badhe kadospundi kemawon kadadosanipun.

Kangjêng ratu agêng: Sanadyan têkaning sakaratil mautmu iya koarêpake?

Mênggah wahyaning pangandikanipun kangjêng ratu agêng dhatêng Pangeran Murad makatên punika èsmu pangancam-ancam, ewadene botên pisan-pisan adamêl ulaping galihipun Pangeran Murad.

Pangeran lajêng umatur: Manawi pêpasthèning badan kula badhe pêjah dening panganiaya, inggih badhe punapa malih, măngsa kenginga kula singgahi, namung kula botên sagêd bilih ambucala wêwênang kula jumênêng sultan ing têmbe.

Kangjêng ratu agêng: Ya uwis. Ana saprakara manèh kang arêp tak takokake, aku krungu warta anakmu Saladin kang bangêt kotrêsnani, [kotrêsna...]

--- 4 : 541 ---

[...ni,] jare ilang dicolong uwong, apa nyata.

Pangeran kumêsar ing galih lajêng matur: Kaluhuran pangandika dalêm, manah kula ajur rontang-ranting sabên èngêt dhatêng pun Saladin, dening anak namung satunggal thil botên wontên tunggilipun.

Kangjêng ratu agêng: Apa kowe ora duwe pangèsthi bisaa katêmu karo anakmu iku manèh.

Pangeran Murad: Dhuh eyang kangjêng ratu agêng ingkang sakalangkung kuwasa, angèsthi kula ingkang agêng piyambak, inggih namung satunggal sagêda kapanggih kalihan Saladin malih.

Kangjêng ratu agêng: Lah anakmu bakal katêmu kalawan salamêt ora kurang sawiji apa, anggêr kowe wus gêlêm anampik marang wêwênangmu gumanti sultan ing Konstantinopêl.

Sapisan punika kangjêng ratu agêng kagungan panyakrabawa, pangandikanipun badhe kadhèrèk dhatêng Pangeran Murad, dhasar Pangeran Murad lajêng kèndêl sapandurat botên amangsuli, karana kodhêng kawêdhêngan ing panggalih angraosakên babagan kalih prakawis.

Kangjêng ratu agêng: Kapriye, Murad, apa kowe ora kangên anakmu.

Pangeran: Dhuh kangjêng ratu agêng, sayêktosipun [sayêktosi...]

--- 4 : 542 ---

[...pun] kula punika sangêt anjagi dhatêng kuwajiban, ing mangke katrêsnan kula dhatêng anak, angrubêd-ngrubêdi dhatêng panjagi kula dhatêng kuwajiban wau.

Kangjêng ratu: Dadi têgêse anggonmu suthing anampik wêwênangmu gumanti sultan mau puguh.

Pangeran: Botên wontên margi sanès ingkang kenging kula wêdali.

Kangjêng ratu agêng: Cêkake kowe ora anggugu sapituturku kang bênêr bêcik.

Pangeran: Sapisan punika kula botên sagêd andhèrèk.

Kangjêng ratu agêng kèndêl botên angandika, namung wajanipun kamirêngan akêrot-kêrot, inggih punika mratandhani bilih duka.

Pangeran Murad umatur malih: Dhuh dhuh eyang kangjêng ratu agêng ingkang sakalangkung kuwasa saha minulya, ingkang ibu suwargi kangjêng rama, kadospundi dene ing sêmu panjênêngan dalêm sangêt bêndu dhumatêng wayah sampeyan pun papa makatên.

Kangjêng ratu agêng: Hèh Pangeran Murad, parlu apa kowe nyêbut eyang marang aku, yèn kowe nyata putuku, kowe harak miturut tuturku, balik kowe ora praduli saujarku, wiwit dina iki aku dudu eyangmu,

--- 4 : 543 ---

wis, aku mulih. Ing buri kowe aja piduwung.

Pangeran nyad jumênêng, karsanipun badhe anguntapakên tindakipun kangjêng ratu agêng dumugi ngundhak-undhakan, nanging kangjêng ratu botên karsa.

Botên kacariyos ing dintên wau ngantos dumugi dalu, sarêng enjing, Pangeran Murad anampèni pisowanipun Nuripaka, inggih punika kalêrês ipe kalihan sang pangeran, sasampunipun asêsalaman saha satata lênggah, Pangeran Murad lajêng andangu karaharjanipun ingkang rayi Sang Putri Patimah, awit sang pangeran pancèn trêsna sangêt dhatêng sadhèrèk èstri.

Pangeran Murad: Bojomu padha kaslamêtan?

Wangsulanipun Nuripaka: Pangèstu dalêm pangeran, wilujêng, rayi sampeyan sang putri angaturakên sêmbah pangabêkti ing panjênêngan dalêm, anjawi punika, rayi sampeyan matur wêwisikan ing panjênêngan dalêm, sadintên kalih dintên punika panjênêngan dalêm kaaturan angatos-atos ingkang sangêt.

Pangeran: Aku diaturi ngati-ati kang kaluwih bangêt? Apa karêpe bojomu dene mêkas mangkono marang aku, măngka ing sadina-dina pangati-ati lan kaprayitnanku wis ora kêkurangan.

Nuripakha: Mênggah aturipun rayi sampeyan putri

--- 4 : 544 ---

makatên wau pangraos kula kados botên lêpat, amargi pun Muskir Isèd katingal anggalibêd wontên salêbêting dhatulaya dalêm ngriki.

Pangeran sêmu kagèt lajêng angandika: Muskir Isèd, iku aku ora wêruh pisan-pisan.

Nuri: Têka anèh, abdi-abdi dalêm punapa botên wontên ingkang munjuk.

Pangeran: Kabèh-kabèh baturku ora tak pikir, balik Si Eskam têka iya ora munjuk marang aku, apa dhèwèke uga ora sumurup.

Nuri: Pangintên kula pun Eskam ugi botên sumêrêp, amargi tiyang ingkang gadhah sêdya awon punika manawi dhatêng têmtu nglimpe-nglimpe.

Pangeran: Duwe sêdya ala apa.

Nuripakha: Sowan kula ing ngarsa dalêm punika pancèn kula lêng-lêngakên, parlu badhe ngunjuki pêpèngêt ing panjênêngan dalêm, salêbêtipun sawatawis dintên saking dintên punika, panjênêngan dalêm mugi ingkang ngatos-atos tumrap dhêdhaharan ingkang sumaos ing ngarsa dalêm, awit kula mirêng calêmik, bilih wontên tiyang badhe darubêksi panjênêngan dalêm, dipun uworakên ing sêsaosan dalêm [dalê...]

--- 4 : 545 ---

[...m] dhêdhaharan, wusana pun Muskir Isèd angatingal wontên ngriki, katingalipun punika tamtu wontên damêlipun.

Midhangêt aturipun Nuripakha punika, Pangeran Murad sakalangkung kagèt, enggal animbali ingkang abdi kêkasih nama Eskam, sasampuning dhatêng, Eskam tumuntên kadangu.

Pangeran Murad: Eskam, apa kowe wêruh, mu bêngi sapa lumêbu marang omahku.

Unjukipun Eskam: Kawula botên sumêrêp sintên-sintên, gusti.

Pangeran: Matamu ora dêlok Si Muskir ana ing ngisor kono.

Eskam: Êno, pun Muskir, gusti, abdi dalêm kawula têka botên kapranggul.

Pangeran: Nah, matamu picêk narêthêk, dithong-thong bêlanthong ing uwong ora wêruh, nanging iya uwis, cangkêmu kuncinên kang rapêt, aja tutur marang sapa-sapa yèn aku wis wêruh Si Muskir lumêbu marang omahku, lah, ing mêngko aku arêp dhahar barêng kalawan dhayohku nunggal sameja, ananging tatanên kaya adat, kang bakal dipangan dhayoh sèjèkna karo kang bakal tak dhahar dhewe.

Nuripakha: Langkung prayogi panjênêngan dalêm botên dhawuh rumiyin makatên, mangke mawon bilih [bi...]

--- 4 : 546 ---

[...lih] sampun wontên ing meja sawêg kadhawuhakên.

Pangeran tumuntên paring dhawuh dhumatêng juru madharan ingandikakakên tata dhahar, saprapat jam sasampuna samapta, karsanipun pangeran, Nuripakha kadhawuhan andhèrèk dhahar, supados dadosa saksi manawi wontên punapa-punapa, Nuripakha ingandikakakên dhèrèk dhahar wau namung mèsêm kemawon.

Botên dangu Eskam sowan, ngaturi uninga bilih anggènipun tata dhahar sampun cumawis, pangeran tumuntên têdhak dhatêng kamar dhahar kalihan Nuripakha, sadumugining kamar dhahar, pangeran aparing dhawah dhumatêng abdi, kinèn ngupadosi Muskir Isèd, pangandikanipun pangeran: Warahên Si Isèd tak timbali.

Eskam enggal mangkat saking ngarsanipun sang pangeran, sakêdhap kapanggih Muskir Isèd lajêng andhawuhakên timbalanipun pangeran, kocapa Muskir Isèd, sarêng mirêng bilih awakipun dipun timbali kakarsakakên kêmbul dhahar, clop manahipun kumêsar kados dipun sambêr ing gêlap tuna, ulatipun pucêt pindha mayit, wangsulanipun dhatêng Eskam kalihan gumêtêr, sampeyan matur dhatêng pangeran, kula nyuwun pamit, margi sawêg ribut ing padamêlan ing kamaripun gusti kangjêng sultan.

Eskam wicantên: Yèn sampeyan wangkot tinimbalan sapisan punika, sampeyan amêsthi [a...]

--- 4 : 547 ---

[...mêsthi] cilaka dening kacihna durjana sampeyan.

Muskir Isèd ajrih mirêng ujaripun Eskam, mila sanadyan kalihan gêtêr inggih dipun lampahi sowan, sadhatêngipun Muskir Isèd ing ngarsanipun pangeran, sang pangeran api-api kagèt sarwi ngandika:

Suwe têmên têkamu ing ngarêpku, lha mundhak kêpancal, aku karo Nuripakha wis padha mangan, mung kari kowe, mara banjur madhanga dhewe, tak tunggoni, aku sing ngladèni kowe.

Ulatipun Muskir Isèd sangsaya pucêt, sarta salêbêting manah anggraita, manawi pratingkahipun awon badhe ngracun sang pangeran kasumêrêpan ing tiyang, ingkang lajêng kaadul-adulakên ing sang pangeran, awit saking punika mila lajêng wontên gêlar kados makatên, dados Muskir Isèd ambangkang botên purun nêdha, ngantos kaatag marambah-rambah deni[13] sang pangeran, Muskir Isèd mêksa anjublêg, andadosakên ing dêdukanipun sang pangeran, sanalika angasta pistul repolpêr kaêthungakên dhatêng rainipun Muskir Isèd, pangandikanipun: Yèn kowe êmoh mangan sêga kang wus cumawis, lan ora gêlêm ngombe srêbat sagêlas iku, aja takon dosa, kowe mêsthi banjur tak ilangake larimu sarana pistul iki.

Dhuh kados punapa, ta, kagètipun Muskir Isèd, [I...]

--- 4 : 548 ---

[...sèd,] para tiyang tamtu sagêd anggalih piyambak, awit saking punika Muskir Isèd inggih lajêng nêdha dening ajrihipun, sêkul sapiring salawuhanipun, imbêt srêbat sagêlas tatas.

Pangeran angandika: Wiwit ing dina iki lan sabanjure, kowe kudu mêsthi andhèrèka dhahar marang aku, miturut wirayat pangandikane eyang Kangjêng Sultan Suleman: manawa sira sujana marang sawijining uwong, kokira arêp angracun marang sira, yèn sira arêp mangan, wong mau mêsthi sira ajaka mangan barêng utawa angicipi panganan kang arêp sira pangan mau.

Sanalika wau Muskir Isèd kataman sêsakit padharan ingkang sakalangkung sangêt, mila pangeran lajêng adhêdhawuh dhumatêng abdi ingandikakakên anggotong Muskir Isèd dhatêng kamar ingkang kothong.

__________

Bab ingkang Kaping 12.

Dukanipun Mansur.

Amangsuli cariyos ing ngajêng, Syerah sasampunipun angêtêrakên Hasan Bèi saha Pangeran Yusup dhatêng kamar pakunjaranipun Resiyah, dhat sakêdhap kèngêtan sakathahing bêbaya ingkang badhe dhumawah, awit saking punika Syerah botên talompe mêdal gêgancangan saking salêbêting griya mênara ngriku.

--- 4 : 549 ---

Bab bêbaya ingkang badhe sumandhang ing badanipun piyambak, botên pisan-pisan dados was sumêlang sarta pikiranipun, namung sarêng anggènipun sumêdya mitulungi Resiyah dèrèng kasambadan, punika ingkang anjalari lajêng enggal-enggal lumajêng oncat saking mênara, parlunipun badhe ngupados rekadaya malih, kadospundi sarananipun, Resiyah sagêd mêdal saking kasangsayan.

Kajêngipun Syerah ingkang kaanggêp utami, sampun dipun êcapi kalihan sumpah, awakipun botên ajrih ajur kumur-kumur dados wêwadalipun Resiyah, mila samubarang krêdatipun Syèh Ul Islam ingkang sampun dipun sumêrêpi, sumêdya dipun batalakên, kêkajêngan ingkang bengkong niyat dipun lêncêngakên, măngka upami sêdyanipun ingkang utami punika botên sagêd angsal margi, Syerah nekad badhe ngupados akal sanès malih ingkang sagêd anjalari Syèh Ul Islam dhumawah ing papa sinangsaya.

Kala samantên Syerah dèrèng sumêrêp kadospundi mênggah kawontênanipun Hasan Bèi, Resiyah saha Pangeran Yusup, amila Syerah gêgancangan wangsul dhatêng kampung Postadhêsoli griyanipun Soptah Ibam ingkang sampun pêjah kasiksa dening para kadri, sadumuginipun ing griya, Syerah lajêng mapan ing panggenanipun lami jumênêng nabi èstri malih.

Dèrèng sapintêna danguning dhatêngipun, Syerah sawêg [sawê...]

--- 4 : 550 ---

[...g] alèyèh-lèyèh badhe anêntrêmakên badan, dumadakan mirêng suwantênipun tiyang lumampah minggah ing undhak-undhakan, Syerah gadhah pangintên bilih ingkang minggah punika têtiyang jagi badhe anuwèni awakipun, amargi nalika Syerah kesah dhatêng mênara, para tiyang jagi sami abilulungan angupadosi, botên sagêd kapanggih sabab Syerah dèrèng wangsul.

Wêkdal punika suwantêning tiyang lumampah sangsaya cêlak, ewadene Syerah botên praduli, awit namung dipun kintên tiyang jagi kemawon, ananging sasampuning dumugi panggenanipun, Syerah sakalangkung kagèt aningali ingkang nêmbe dhatêng punika, amargi katitik saking sandhang panganggenipun pating srompal asurban ijêm sèrèt jêne, amratandhani manawi punika warga Topèng Êmas.

Tiyang ingkang dhatêng wicantên: Cernah Syerah.

Syerah: Wontên pangandika punapa animbali.

Topèng Mas: Sumurupa, kowe bakal anampani pangancam-ancame Mansur (Syèh Ul Islam) kang kaliwat nêpsu, ananging kowe bêgja bangêt manawa gêlêm miturut samubarang pituturku.

Syerah tumungkul sarwi mangsuli: Suwawi mugi lajêng dipun pangandikakna kula mirêng.

Topèng Mas: Kowe ora bakal bêbaya, aku rumêksa marang kowe salawase,

--- 4 : 551 ---

mulane apa kang tak wulangake rungokna kang satiti sarta banjur lakonana, sumurupa, sesuk bêngi Sultan Abdul Asis arêp têka ing kene, nganggo sandhangan cara muskir (pangulu), mungguh têkane mau parlu arêp pitakon marang kowe, kang iku wangsulamu aja miturut piwulange Mansur kang sêsingidan saburining klambu, wangsulana kaya pituturku mangkene: ngarêpake ing tanggal kaping 3, sasi Ramlan, kalungguhan bakal suwung, ora amarga saka mati, saka akal pakartining manungsa. Mungsuh kang dumunung ana sajroning kadhaton, luwih angebat-ebati tinimbang mungsuh băngsa Baduwi. Kang bakal sumilih kaprabon Pangeran Mukamad Murad kaping V, nanging jumênênge ora bisa langkah têlung sasi, karaton koncatan sultan manèh, iya dening akal lan pakartining manungsa bae. Abdul Hamid ing kono dadi sultan, wusana karaton koncatan sapisan êngkas, banjur jumênêngane Muhamad Rasid Èpèndi, lah kabèh wêcaku iki kêna diêntèni lan dititèni kadadeyane.

Dumugi samantên wicantênipun Topèng Mas lajêng kèndêl.

Syerah tumuntên amangsuli: Sadaya pangandika sampeyan sampun kula mirêngakên kalihan yakin, [ya...]

--- 4 : 552 ---

[...kin,] mênggah punika badhe kula èstokakên kanthi sêtya tuhu.

Satamating wicantênipun, Syerah andêngèngèk Topèng Mas sampun musna saking ngajêngipun, namung sabawanipun kemawon kamirêngan kados mandhap ing undhak-undhakan.

Mandhapipun Topèng Mas saking lotèng amanggihi Syerah, tiyang ingkang pinatah jagi ing griya ngriku inggih sami sumêrêp atêtela, ananging botên wontên ingkang wani ngarubiru agêngipun anyêpêng, awit tumrapipun têtiyang satanah jajahan Turki, Topèng Mas punika kaanggêp bangsaning wali ingkang mulya sarta ingkang sangêt cêsplêng barang sabda pangandikanipun.

Sapêngkêripun Topèng Mas, wontên tiyang jagi satunggal minggah ing lotèng nuwèni Syerah, Syerah sampun katingal mênguk-mênguk kados adat sabên, andadosakên sangêting pangungun, lajêng mandhap cariyos dhatêng kănca-kancanipun, satêmah dados rêrêmbagan, dangu-dangu lajêng sami angèngêti wajibipun, inggih punika ing mangke badhe sami ngaturi wuninga manawi Syèh Ul Islam rawuh ing ngriku, pamurihipun sanadyan tampia paukuman sampun awrat-awrat.

Enjingipun Syèh Ul Islam rawuh, sadaya tiyang jagi lajêng ngaturi wuninga punapa ingkang dipun sumêrêpi kala wau dalu, awit saking punika Syèh Ul Islam sakalangkung duka, dene Syerah ngantos sagêd kesah

--- 4 : 553 ---

botên wontên ingkang umêrêp, têtela bilih tiyang jagi wau sami andaleya botên nêtêpi ing kuwajiban, saya malih sumêrêp Topèng Mas botên wani nyêpêng.

Syè Ul Islam andangu: Akale kêpriye dene Syerah bisa mêtu.

Tiyang jagi: Kawula nuwun Babah Mansur mila Syerah sagêd mêdal, sarana tampar panjang katangsulakên ing jandhela lajêng kangge rêrambatan.

Syèh Ul Islam: Iya iku saka pandaleyamu dhèk mau bêngi, sapisan iki kowe tak ngapura, nanging mêngko bêngi kowe aja padha sêmbrana, sing ngati-ati bangêt, sarta samăngsa Topèng Mas marene manèh, aja talompe sakèhing lawang-lawang banjur padha kancingên, supaya băngsa musibat iku ora bisa oncat kaya kang uwis.

Satêlasing pangandikanipun Syèh Ul Islam, wontên tiyang jagi angaturi wuninga, bilih Hamid Kadi wontên ing lêbêt. Mirêng atur punika Syèh Ul Islam lajêng jumênêng tindak malêbêt badhe manggihi mitranipun.

Mansur Èpèndi (Syèh Ul Islam): Olèhmu ngêntèni aku apa uwis suwe, kisanak, kiraku uwis, amarga gèk mau bêngi aku kapambêng anindakake pagaweyan luwih

--- 4 : 554 ---

gêdhe, dadi baliku marene nganti kasèp mangkene. Pangeran Yusup, karo ajidane kang jênêng Hasan, mau bêngi aparipêksa wani malêbu marang karatoning pêpati, sumêdya angluwari anak wadone Al Mansur, awit saka iku padha kêna tak cêkêl kabèh, mung Resiyah kang babal.

Hamid Kadi: Bab babalipun rare èstri punika botên nyumêlangi, amargi gampil kacêpêngipun malih, namung bab kacêpêngipun Pangeran Yusup wau dados bingahing manah kula tanpa upami, awit pangintên kula, pangeran punika dalah ajudanipun, kados botên wande badhe sagêd kalêbêt ing paukuman.

Syèh Ul Islam: Dhèk mau sadurunge aku mrene, aku wus katêmu kangjêng sultan, unjuk-unjukku racun kang luwih ampuh wangune kaya wus bisa kalêbu, pêpujinên bae, kajaba iku têkaku kene, aku anggawa layang pusaka saka para kalip ing jaman kuna, mara ênya tampanana, banjur ling-lingên karo Si Ali wong loro kang têtela, supaya aku sakănca bisa olèh dhuwit akèh saka kang kasêbut ing layang pusaka iku, kapriye reka lan akale.

Hamid Kadi: Panjênêngan sampeyan sampun sandea [sa...]

--- 4 : 555 ---

[...ndea] ing panggalih, mangke kula angajêng-ajêng rawuh panjênêngan ing mênara kina, sapunika kula panjênêngan lilani.

Hamid Kadi sasampuning salaman, lajêng mantuk, dene Syèh Ul Islam enggal rawuh dhatêng panggenanipun Syerah dêduka kathah-kathah.

Syèh Ul Islam: Kowe saiki wani-wani anyidrani prajanji, mau bêngi kowe minggat saka ngomah kene, mara, mênyang ing ngêndi paranmu.

Syerah: Kula kesah dhatêng mênara kina.

Syèh Ul Islam: Parlu apa kowe têka ing kana.

Syerah: Ngupadosi panjênêngan sampeyan.

Syèh Ul Islam: Anggolèki aku??

Syerah: Inggih, Babah Mansur.

Syèh Ul Islam asmanipun dipun sêbut dening Syerah punika kumêsar sakalangkung kagèt, sarta sangêt piduwung dene Syerah ing mangke sampun sumêrêp ing panjênênganipun.

Syèh Ul Islam: Kowe biyèn wis janji karo aku, manawa kowe bakal ora pisan golèk katrangan sapa panjênêngaku, sabab apa saiki kowe sida golèk sêsurupan mrana nganti wêruh marang jênêng lan pangkatku.

Syerah: Kula botên parlu ngupados sêsêrêpan asma saha pangkat panjênêngan, amargi [amar...]

--- 4 : 556 ---

[...gi] rumiyin mila kula pancèn sampun sumêrêp têrang bilih panjênêngan sampeyan anama: Mansur Èpèndi alêlênggah Syèh Ul Islam, syèh ingkang agêng piyambak ingatasing sadaya syèh agami Islam, ananging kula eram sarta ngungun sangêt, kadospundi sababipun, dene panjênêngan sampeyan ajrih kula sumêrêpi asma saha pangkat panjênêngan.

Syèh Ul Islam: Kowe aja nyonyok-nyonyok cêcaturan karo aku, yèn kobanjur-banjurake ujar kasar iku, ora wurung kowe tak ukum.

Syerah: E e, kadospundi? Kula badhe sampeyan ukum, têka gampil sampeyan angabani kula, coba măngga sampeyan anggrayanga badan kula, yèn sampeyan botên kêtoring-toring kula sampun sampeyan undang, Syerah. Kula sampeyan damêl nabi èstri, sampeyan angge pirantos nandukakên pambalithuk dhatêng sakathahing tiyang, kula nurat-nurut kemawon, wusana sapunika sampeyan abani badhe sampeyan ukum, kok mayar, yèn makatên kajêng sampeyan, inggih singa tiwasa kemawon, nanging manawi sampeyan taksih

--- 4 : 557 ---

rêmên angrênggani kawibawan, mugi ingkang ngatos-atos, sampun ngantos kula abêngok-bêngok ambikak wêwados sampeyan ingkang sakalangkung anggêgirisi punika.

Syèh Ul Islam mirêng wicantênipun Syerah makatên punika sapandurat kèndêl sakalangkung ngungun, dene samantên kapurunanipun Syerah ing panjênênganipun.

Syèh Ul Islam ngandika malih: He, aku eram marang kowe, dene saiki calathumu clêmang-clêmong kaya wong edan.

Syerah: Edan? Edan kados Soptah Ibam ingkang sampeyan siksa ngantos pêjah punika. Punapa ngatên, o, atur kula ing sampeyan, kula sampun sampeyan damêl kados Ibam, makatên manawi sampeyan karsa, murih sampeyan lêstaria jumênêng Syèh Ul Islam, aluwung kula têtêpa sampeyan angge nabi èstri, punika sae, kula taksih purun anglampahi dados têtuwaking karsa sampeyan, makatên prajanji kula.

Syèh Ul Islam sangêt anjêngêr, wêwangsonipun ora, ora, sadurunge kowe bisa ambukak wêwadiku lan agawe cilakaku, kowe mêsti wis tak ilangi larimu dhisik.

Syèh Ul Islam angandika malih: Lah iya uwis, [uwi...]

--- 4 : 558 ---

[...s,] sapisan iki kowe tak paringi pangapura, nanging besuk manèh bae kowe aja wani lunga-lunga kaya mau bêngi.

Syerah tumuntên tumungkul sarwi anguncupakên tangan angaturi pahargyan, kadosdene botên mêntas darêdah, mracihnani sampun rukun, wangsul kados wingi uni malih.

__________

 


angobètake. (kembali)
taksih. (kembali)
sampun. (kembali)
Banikawas. (kembali)
mangkono. (kembali)
ingkang. (kembali)
kowe. (kembali)
lotèng. (kembali)
Syerah. (kembali)
10 Syèh (dan di tempat lain). (kembali)
11 ambangir. (kembali)
12 panggonan. (kembali)
13 dening. (kembali)