Gancaran Warni-warni Ing Jaman Punika, Mellema, 1933, #460 (Hlm. 133–269)

Judul
Sambungan
1. Gancaran Warni-warni Ing Jaman Punika, Mellema, 1933, #460 (Hlm. 001–132). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
2. Gancaran Warni-warni Ing Jaman Punika, Mellema, 1933, #460 (Hlm. 133–269). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
» Taman Sriwedari dalam Cerita Wayang. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 29-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab Ajêngipun Kagunan Jawi

Karanganipun Radèn Sulardi

Ing wêkdal punika băngsa kula Jawi warni-warni ingkang dados kamajênganipun, kados ta: wontên ingkang ngajêngakên dêdagangan, têtanèn, nênukang utawi kriya, kasarasaning badan, kasusastran, kawruh-kawruh tuwin sanès-sanèsipun amêpêki sawarnining kamajêngan. Sadaya kamajêngan wau kenging kula ringkês dados kalih prakawis, inggih punika kamajêngan lair, tuwin kamajêngan batos, nanging kalih prakawis wau ugi kenging kula grêba dados satunggal, inggih punika kula wastani kamajênganipun băngsa Jawi.

Mênggah têtêpipun kamajênganing băngsa, utawi băngsa ingkang winastan majêng sarta misuwur ing donya, punika botên sanès inggih amung băngsa ingkang sugih kasagêdan, sarta langkung kasagêdanipun, nanging utamining utami kasagêdan wau botên kados ingkang tumuwuh saking pangudinipun piyambak, sarta sagêdipun sampurna pangudi wau botên kados angudi dhatêng dhasaring kasagêdanipun piyambak. Sanadyan angudi kasagêdan tuwin kagunan saking mănca utawi ngudi kawruh-kawruhipun sanès [sanè...]

--- 134 ---

[...s] băngsa punika sakalangkung prayogi sarta maedahi, nanging ngudi sampurnaning kagunan lan kawruhipun piyambak punika wajib sarta langkung prêlu, amargi agênging wohipun pangudi wau ing têmbe badhe mikantuki sarta sagêd mulyakakên anak putu kita băngsa Jawi.

Kula inggih sampun nyumêrêpi sarta pitados, bilih indhaking kasagêdanipun satunggil-tunggiling băngsa punika saking sarawungan, sarasehan tuwin nyinau dhatêng kasagêdanipun băngsa sanès-sanèsipun, nanging yèn kula anggagas indhaking kasagêdanipun băngsa kula Jawi ing bab kagunan Jawi, punika têka tansah dados pangunguning manah, amargi kula tingali kadadosaning pangudi-pangudi murih ajêngipun kagunan Jawi ingkang sarana ada-ada utawi pakêmpalan-pakêmpalan, ingkang sapriki kirang langkung sampun wontên sadasa taun, punika dèrèng wontên ingkang marêmakên sarta nukulakên pangajêng-ajênging manah.

Wondene saking pandugi kula wontênipun kagunan kita Jawi kangelan ajêngipun, punika sabab warni-warni kados ing ngandhap punika.

1. Băngsa kula ingkang nêdya ngindhakakên kagunan kita sampun kêkilapan lacak, têgêsipun: sampun botên gadhah pathokan kangge anglajêngakên pangudinipun. Ingkang kula wastani pathokan, inggih punika ngèlmi kagunan, ingkang kangge landhêsaning [landhê...]

--- 135 ---

[...saning] pangudi tuwin pamulang. Awit saking punika kula gadhah pangintên, bilih para ahli kagunan Jawi ing jaman kina, punika botên patos marlokakên ulah kasusastran, măngka ingkang sagêd anggêlarakên pathokaning kagunan, punika kêdah tiyang ingkang lêbda dhatêng kagunan tuwin kasusastran. Dene wontênipun băngsa kita Jawi kula wastani dèrèng sagêd angindhakakên kagunanipun, punika amargi kula titik kawontênanipun sadaya yêyasan-yêyasan, sêkar-sêkar (têmbang), wêwangunaning griya, olah-olahan, tuwin sanès-sanèsipun sadaya jinis kagunan Jawi, dumugi ing dintên punika prasasat dèrèng wontên indhakipun, sadaya-sadaya taksih wêtah gagrag lami.

2. Băngsa kula Jawi ingkang sampun kasinungan kasagêdan kagunan Jawi awis ingkang mangrêtos, yèn kagunanipun, utawi kagunaning satunggil-tunggilipun băngsa, punika sagêd mindhak-mindhak ngantos sagêd katulad ing sanès băngsa, sarta dipun angge ing băngsa sanès-sanèsipun.

3. Awit ingkang sumêrêp dhatêng pêncaring kagunan, upami, kagunan bathik, punika limrahipun namung kangge: sinjang, udhêng, tuwin sêmêkan, ingkang paedahipun namung kangge ing băngsa Jawi, măngka kagunan bathik wau lajêng sagêd pêncar dados rêrênggan tembok, tutup kontên, lurup-lurup, sêpre, bantalan, [banta...]

--- 136 ---

[...lan,] taplak meja, sapanunggilanipun rinêngga ing lung-lungan tuwin gambar wayang, sadaya wau sagêd dipun angge ing sadhengah băngsa.

4. Watakipun băngsa kula Jawi para marsudi, thukuling pangudi lan anggit-anggitanipun amung yèn panuju sênêng manahipun, yèn botên sênêng manahipun ingkang kathah namung wêgah sarta wangwang anglajêngakên pangudinipun, satêmah kathah ingkang kandhêg utawi jugag, lah yèn makatên punapa kêdah dipun sênêngakên manahipun rumiyin. Gèk sintên ingkang kaconggah minangkani. Makatên sapanunggilanipun.

Kajawi punika saking pamanggih kula ing bab panimbang tumrap ajêngipun kagunan Jawi, kula aturakên kados ing ngandhap punika:

Mênggah sadaya kawontênaning kasagêdan tuwin kagunanipun manungsa, punika kenging kula grêba dados gangsal prakawis:

1. Kula wastani kagunan larasing pandulu, inggih punika wêwangunaning barang, kados ta: lung-lungan, sêkar-sêkaran, ukir-ukiran, sêsunggingan, sapanunggilanipun sadaya damêlan ingkang larapipun dhatêng sakecaning pandulu, punika ugêripun wontên ing kawruh anggambar.

2. Kula wastani kagunan larasing pamirêng, inggih punika laguning swantên, kados ta: sêkar-sêkar, bawa swara, gêndhèng, gêndhing sapanunggilanipun sadaya dêdamêlan utawi kagunan ingkang [ing...]

--- 137 ---

[...kang] larapipun dhatêng sakecaning pamirêng, punika ugêripun wontên ing kawruh karawitan.

3. Kula wastani kagunan larasing pangucap, inggih punika basa pawicantênan, kados ta: ahli cariyos, ngucap piwulang lan kawruh, mardowèng Kawi, mardi basa sapanunggilanipun sadaya kasagêdan ingkang larapipun dhatêng utamining sabda pangandika, punika ugêripun wontên ing kawruh kasusastran.

4. Kula wastani kagunan larasing pangraos, inggih punika pangulahing têtêdhan, unjuk-unjukan, dhêdhaharan, jampi-jampi sapanunggilanipun sadaya dêdamêlan utawi kasagêdan ingkang larapipun dhatêng kasarasaning badan tuwin sakecaning badan, punika ugêripun wontên ing kawruh ngèlmi pamisah tuwin sêsadon.

5. Kula wastani kagunan larasing panggănda kados ta: jêjêbadan, borèh, kêkonyoh, băngsa arum-arum sapanunggilanipun sadaya dêdamêlan ingkang larapipun dhatêng ecaning panggănda.

Wondene saking pamanggih kula kawontênanipun kagunan kita Jawi ingkang sampun gumêlar, kados ta: basa kasusastran, ukir-ukiran, bathik, dhuwung, găngsa, ringgit wacucal, gêndhèng, gêndhing, padhalangan, tuwin sandhangan, inggih punika kagunan ing golongan, ăngka: 1, 2, 3. Punika sampun kula wastani [wa...]

--- 138 ---

[...stani] sae, utawi sampun kula wastani sampurna. Wontênipun kula wastani makatên, amargi kagunan tigang prakawis wau sampun têtêp kanggenipun wontên ing pasamuan Jawi, amung kagunan ing golongan ăngka 4, 5, inggih punika jêjêbadan, unjuk-unjukan, jampi-jampi tuwin kawontênanipun olah-olahan Jawi, punika dèrèng kula wastani sae, amargi kanggenipun wontên ing pasamuan Jawi dèrèng têtêp.

Mênggah kagunan tigang prakawis ingkang sampun kula wastani sae ing nginggil wau, punika amargi saking pangudinipun para sagêd, para êmpu tuwin para linangkung ing jaman kina kanthi papriksaning panjênênganipun Nata Jawi dalah waragadipun.

Wasana pangarang kula kula kèndêli samantên rumiyin.

--- 139 ---

Bab Kabudayan Jawi.

Sêsorahipun Tuwan Dhoktor T. Piso

Sadèrèngipun kula sêsorah sawatawis bab kawontênanipun sarta asal-usulipun kabudayaning tiyang Jawi, măngga kaparênga rumiyin nêrangakên têmbung kabudayan suraosipun sayêktos punapa.

Têmbung kabudayan punika lingganipun budaya, manawi têgêsipun, têmbung budaya: budi, lajêng malih pikir, sarta guna. Mila têmbung kabudayan gadhah suraos: kapintêran, kasagêdan. Sapunikanipun têmbung kabudayan wau kanggenipun tunggil têgês kalihan têmbung ngamănca: kultir, inggih punika samukawising kasagêdan tuwin kagunan, sarta adat waton punapa malih tata cara ingkang dados gêgadhuhanipun salah satunggaling băngsa. Mila manawi ngangge ukara kabudayaning tiyang Jawi, punika ingkang karaosakên samukawis ing kasagêdan tuwin kagunan sarta adat waton punapa malih tata cara ingkang dipun angge tiyang Jawi, wiwit kina ngantos dumugi jaman samangke.

Sarêng ngraosakên ukara kabudayaning tiyang Jawi ingkang kados makatên suraosipun, sampun têtela kabudayan [kabu...]

--- 140 ---

[...dayan] wau wiwit jaman kina dumugi samangke kathah ewahipun. Upaminipun: ing jaman kina agaminipun tiyang Jawi agami Buda, wiwit jaman kawalean santun agami Islam. Ing jaman kina pancèn kathah adat waton tuwin tata cara ing jaman samangke sampun botên kangge. Nitik kawontênan ingkang kados makatên, kados kenging kula wastani sampun mêsthi badhe kalampahan ing têmbe wingking kabudayaning tiyang Jawi botên kêndhat badhe ewah-ewah malih. Saupami kula tandhinga adat waton sarta tata caranipun tiyang Majapahitan kalihan caraning tiyang jaman kamajêngan, ingkang samangke, bokmanawi mèh botên wontên ingkang lêstantun. Ewadene sapintêna gèsèhipun, kalih pisan mêksa kula wastani kabudayan Jawi. Mila makatên, sabab kalih pisan punika kalêbêt kabudayanipun tiyang băngsa Jawi.

Kados-kados sapunika sampun têrang punapa suraosipun ingkang kula wastani kabudayaning tiyang Jawi makatên, inggih punika: samukawising kasagêdan tuwin kagunan sarta adat waton punapa malih tata cara ingkang dipun angge tiyang Jawi wiwit jaman kina makina ngantos sapriki, malah ingkang badhe kalampahan ing têmbe wingking.

Ingkang badhe kula sêsorahakên punika, bab salasilah utawi asal-usulipun kabudayan Jawi. Kala wau sampun [sa...]

--- 141 ---

[...mpun] kula têrangakên, kabudayan Jawi wiwit jaman kina dumugi jaman samangke kathah ewah-ewahipun. Kabudayan inggih punika kasagêdan tuwin tata caranipun tiyang Jawi ingkang sami barakan sapunika, pancèn sampun nama gèsèh katandhing kalihan kabudayan ingkang nurunakên, inggih punika ingkang bapak, êmbah, buyut, sapanginggil, sabên tiyang wontên ingkang nurunakên. Saminipun anggêr nama kabudayaning tiyang mêsthi wontên kabudayan ing ngajêngipun ingkang nurunakên utawi ingkang anjalari sapunikanipun. Kadosdene upaminipun: pun bapak kalihan anakipun, sanadyan mèmpêra mêsthi botên nate plêk sami wujudipun, makatên ugi tumrapipun kabudayaning tiyang. Ingkang ngrumiyini botên nate plêk sami kalihan ingkang kantun. Trêkadhang bedanipun kabudayan ingkang kantun kalihan ingkang ngrumiyini radi kathah, trêkadhang namung sakêdhik sangêt. Upaminipun, jaman kamajêngan ingkang samangke ewah-ewahing kabudayaning tiyang pancèn kenging kula wastani langkung santêr tinimbang kalihan jaman kina. Ewadene sanadyan ewahipun sakêdhik-sakêdhik, ngantos prasasat botên katingal gèsèhipun, mêsthi ewah-ewah botên nate ajêg lêstantun kawontênanipun.

Mênggah kabudayaning tiyang sabăngsa anggènipun ewah botên ajêg, trêkadhang kathah bedanipun trêkadhang namung sakêdhik,

--- 142 ---

trêkadhang santêr lampahipun trêkadhang prasasat kandhêg. Punika wontên mula bukanipun.

Ingkang dados mila-milanipun botên gampil dipun raosakên, manawi kaparêng badhe kula têrangakên sarana pêpindhan. Manawi gêsangipun tiyang dhusun kalihan gêsangipun tiyang nagari utawi para priyantun, sampun têtela gêsangipun tiyang dhusun kathah jumbuhipun, lêlampahanipun tansah sami kemawon mèh botên nate kasaru dhatêngipun ingkang rumiyin dèrèng nate kapranggul. Sêlang-sêlinging mangsanipun inggih botên kêndhat tansah ajêg giliripun. Sanadyan asring wontên lindhu utawi bêna tuwin pagêblug, mêsthi wontên tiyang kaki-kaki ingkang mêningi utawi kèngêtan wartosipun lindhu sasaminipun ingkang langkung agêng malih. Mila inggih sagêd kalampahan bilih pikiranipun tiyang sadhusun mèh sami radin botên wontên ingkang unggul. Manawi nitik kawontênanipun ingkang kados makatên, sampun têrang mangrêtosipun, jalaran punapa punika pikiranipun tuwin kagunanipun sarta tata caranipun tiyang dhusun, anggènipun prasasat botên ewah-ewah, inggih punika awit saking jumbuhing gêsangipun mèh botên nate kêpranggul tiyang enggal ingkang pikiranipun tuwin kagunanipun sarta tata caranipun gèsèh kalihan pikiranipun piyambak.

Balik tiyang nagari beda sangêt kalihan ingkang kula aturakên [atura...]

--- 143 ---

[...kên] wau, dhasar sampun wiwit jaman kina, langkung malih jaman samangke nagari inggih punika kitha-kitha punika panggenan dunungipun tiyang warni-warni kathah bedanipun, wontên ingkang jumênêng nata utawi pangagêng ing nagari saputrasantananipun. Wontên para priyantun, para prajurit, wontên para ahli sastra tuwin agami, wontên para among dagang, para tindak anggaota, para pados bêrahan, wontên malih kathah tiyang ngamănca sanès băngsa, sanès agami saking pundi-pundi pinangkanipun. Golongan-golongan sadaya punika wontên kasagêdanipun tuwin adat watonipun sarta budinipun piyambak-piyambak. Upaminipun: sampun têtela para pados bêrahan tamtu beda budinipun kalihan ingkang ambêrahi. Makatên ugi para priyantun ingkang ngêrèhakên praja beda budinipun kalihan para tindak anggaota ingkang pados kauntungan sadintên-dintênipun. Măngka golongan-golongan punika botên nate piyambak-piyambakan, sabên dintên botên kêndhat sami sêsrawungan jalaran saking pandamêlanipun sarta kabêtahanipun. Upaminipun, para priyantun ingkang pandamêlanipun ngêrèhêkan[1] praja, têmtu sêsrawungan kalihan para priyantun kalèrèhanipun sadaya. Sisihanipun, para priyantun kabêtahanipun sandhang têdha kêdah ihtiyar sarana tumbas ingkang bêtah dhatêng sintên-sintên ingkang purun nyade, inggih [ing...]

--- 144 ---

[...gih] punika dhatêng para among dagang utawi para tindak anggaota. Manawi botên makatên, sagêdipun angsal sandhang têdha saking pundi. Tiyang botên sagêd damêl sandhangan saliranipun piyambak, botên sagêd nanêm pantun piyambak. Awit saking punika golongan sanagari sadaya punika kenging kula wastani kapêksa sami sêsrawungan: ingkang mêksa inggih kabêtahanipun piyambak.

Anggêr tiyang sami sêsrawungan botên sagêd lêstantun ajêg budinipun piyambak-piyambak, sanadyan sakêdhik-sakêdhik, katêmtu ewah-ewah pados gampilipun anggènipun sami sêsrawungan. Saupami botêna makatên, sêsrawunganipun rêkaos, asring andadosakên sêrik, utawi sakit manahipun salah satunggal, upaminipun tumrap tiyang among dagang: sanadyan budinipun nêtêpi agami sarta nyirik ingkang kharam, rêkaos sangêt anggènipun ngantêpi sadintên-dintênipun, awit kathah tiyang kawanuhanipun sami sade tinumbas, botên nêtêpi agaminipun, malah sanès băngsa sanès agami, botên ngrêtos kharam wajibing agaminipun. Upaminipun malih: tumrap tiyang ingkang ngugêmi piandêl kina, kados ta petangan-petanganipun griya pakarangan, kêkesahan sapanunggilanipun, sanadyan ing batosipun kuatos botên purun ngênggèni griya ingkang sangar utawi botên purun kêkesahan [kê...]

--- 145 ---

[...kesahan] dèrèng sangatipun, lairipun inggih kêdah nglampahi. Mila makatên awit tiyang kathah botên patos ngugêmi piandêl ingkang kados makatên, botên purun nyumêrêpi petanganing sangatipun. Pangkating sêpur katêtêpakên ing wancinipun, botên mawi petangan ingkang gêgandhengan kalihan piandêl kina.

Kados-kados awit saking ingkang kula aturakên wau sampun dados têrang, pamanggih kula bab kawontênanipun kabudayaning tiyang, inggih punika, ingkang kaping sapisan: anggêr nama kabu dayaning tiyang sabăngsa punika botên nate lêstantun ajêg kawontênanipun, malah tanpa kêndhat ewah-ewahipun. Ingkang kaping kalih: ingkang andadosakên ewah-ewahipun punika, tiyang kathah sami sêsrawungan. Saya kêrêp sarta saya sêsêg sêsrawunganipun punika saya kathah ewah-ewahipun budining tiyang, punapa malih saya santêr lampahing ewah-ewah wau.

Măngka manawi ngrêmbag ewah-ewahing kabudayaning tiyang ingkang sampun kalampahan tuwin ingkang andadosakên ewah-ewah wau, sampun kalimrah para sarjana mastani makatên: sabên kabudayaning tiyang sabăngsa ewah-ewahipun awit kaparag ing sawab. Ingkang kawastanan sawab utawi samat utawi malih kêkênan punika tumrap kabudayan, botên liya

--- 146 ---

namung ingkang andadosakên ing ewah-ewahing kawontênanipun.

Têmbung sawab, kinanipun pancèn gadhah suraos panguwaos batos ingkang kaêtrapakên tumrap ing tiyang kathah botên mawi sarana dêdamêl sapanunggilanipun: sawabing nata utawi sawabing pandhita. Nitik suraosipun ingkang kados makatên, kados-kados botên nama katêbihên manawi panguwaosipun tiyang kathah ingkang batos punika ingkang kaêtrapakên tumrap ing budine sasaminipun manungsa ugi kula wastani sawab. Sabên wontên tiyang sêsrawungan, kenging kula wastani têmtu sami sawab-sinawaban, langkung malih manawi sêsrawunganipun tiyang ahli budi lêbêt, rêmbagipun botên nama cèthèk kemawon, têmtu sawabipun sagêd andadosakên ewah-ewahing budinipun salah satunggal, manawi kêrêp makatên budinipun tiyang kathah sagêd ewah-ewah sarana sakêdhik ngantos dumugi têmahanipun ingkang alami-lami kabudayanipun tiyang sabăngsa sadaya kenging kula wastani sampun santun wujud babar pisan.

Mila manawi ngrêmbag salasilah ingkang kados makatên, kabudayan punika ingkang prêlu katitik botên liya namung ewah-ewahing kabudayanipun tiyang kathah ingkang sampun kalampahan ing jaman kina ngantos dumugi sapriki punapa malih sawab-sawabipun [sawab-sawa...]

--- 147 ---

[...bipun] ingkang andadosakên ewah-ewahanipun wau.

Namung samantên atur kula bab suraosipun têmbung kabudayan dalah salasilahipun. Manawi kaparêng kula sapunika ngaturakên pamanggih sawatawis bab sawabipun ingkang sampun nate katrapakên dhatêng kabudayaning tiyang Jawi wiwit jaman kina ngantos dumugi sapriki. Ingkang dados sawabipun punika pancèn dèrèng kasumêrêpan sadaya, malah ingkang kathah inggih samar. Cêthanipun namung punika: sawabipun sadaya punika kenging kawijang dados: 3 golongan, inggih punika: ingkang kaping sapisan, sawabipun tiyang agami Hindhu, ingkang kaping kalih, sawabipun tiyang agami Islam, ingkang kaping tiga, sawabipun tiyang băngsa kilenan.

Saupami kula cariyosakên sadaya punika pancèn ngantos dangu sangêt, mila ingkang kula angkah namung nyukani katrangan sawatawis bab sawabipun tiyang agami Hindhu kemawon.

Mênggah nalikanipun tiyang agami Hindhu nêmbe matrapakên sawabipun dhatêng manahipun tiyang Jawi, punika para sarjana pancèn dèrèng sagêd nêtêpakên kalihan satiti. Namung dugi-duginipun sampun kirang langkung kalih èwu taun sapriki.

Awit saking laminipun ingkang samantên punika, kawontênan ing kabudayanipun tiyang agami Hindhu utawi tiyang Jawi ingkang [ing...]

--- 148 ---

[...kang] ajêg gêsangipun, kala samantên botên wontên ingkang nguningani kalihan satiti. Mila ingkang klêbêt sêsêrêpanipun para sarjana bab prakawis punika, kauninganipun namung jalaran saking budi nalar utawi yuda nagara, inggih punika ingkang kawastanan kiyas mênggaha sarak. Kados-kados botên prêlu kapratelakakên ing ngriki rincik-rincikaning nalaripun para sarjana ingkang marsudi kawruh ing kabudayanipun tiyang Jawi ing jaman kina. Ingkang kula criyosakên namung kêkênthêlaning budi nalaripun.

Kala wau sampun kula têrangakên patraping sawab punika, ingkang andadosakên ewah-ewahanipun kabudayaning tiyang sabăngsa, inggih punika jalaran saking sêsrawunganing tiyang kathah. Manawi sawabipun tiyang-tiyang agami Hindhu, ingkang kaêtrapakên dhatêng manahipun tiyang Jawi, punika pancèn inggih jalaran saking sêsrawunganipun tiyang agami Hindhu kalihan tiyang Jawi kala samantên. Mila supados sagêd têrang mangrêtosipun dhatêng sawabipun tiyang agami Hindhu kadospundi patrapipun utawi sêsrawunganipun tiyang agami Hindhu kalihan tiyang Jawi punapa mula bukanipun, măngka ingkang prêlu kayêktosakên rumiyin ingkang kaping sapisan: kabudidayanipun tiyang agami Hindhu ingkang nêmbe sêsrawungan kalihan tiyang Jawi warni punapa. Ingkang kaping kalih: kabudayanipun tiyang Jawi ingkang nêmbe sêsrawungan [sêsrawunga...]

--- 149 ---

[...n] kalihan tiyang agami Hindhu warni punapa. Manawi sampun têrang mangrêtosipun dhatêng kabudayanipun tiyang kalih băngsa punika nalika nêmbe sêsrawungan, lajêng bokmanawi kenging kagayuh ing budi sawabipun tiyang agami Hindhu ingkang tumrap ing kabudayanipun tiyang Jawi kala samantên patrapipun kadospundi.

Mênggah tiyang agami Hindhu ingkang nêmbe sêsrawungan kalihan tiyang Jawi, pinangkanipun dèrèng kasumêrêpan kalihan satiti. Pinangkanipun pancèn saking tanah Hindhusêtan, ananging punapa saking tanah Hindhusêtan sisih wetan, punapa sisih kidul, punapa sisih kilèn, dèrèng têrang. Ingkang dumunung wontên tanah Hindhusêtan punika wiwit kina ngantos dumugi jaman samangke bangsanipun kathah sangêt, beda-bedanipun botên kantênan, botên sanès kadosdene kawontênanipun salêbêting wawêngkonipun nusantara Indhonesiah ngriki, bangsanipun inggih kathah tur beda-beda. Măngka eman sangêt ngantos samangke dèrèng sagêd angyêktosakên tiyang agami Hindhu wau ingkang nêmbe sêsrawungan kalihan tiyang Jawi băngsa pundi.

Mênggah tujuning sêdyanipun tiyang agami Hindhu wau anggènipun bidhal saking tanah wutah rahipun numpak baita badhe dhatêng tanah Jawi, pancèn saèstunipun botên sagêd kula nyariyosakên. Namung dugi-dugi tiyang agami Hindhu wau ingkang purugipun angêjawi, panunggilanipun satriya lêlana ingkang

--- 150 ---

lolos saking nagarinipun sabab katundhung utawi kasoran ing mêngsahipun, utawi sabab sanès-sanèsipun, lajêng ngupados nagari enggal ingkang pantês kadunungan. Salolosipun saking nagari wutah rahipun, manawi satriya luhur utawi rajaputra, têmtu ambêkta rajabrananipun sarta kadhèrèkakên ing putra santana wadyabalanipun. Mila sarêng dumugi ing tanah Jawi lajêng sagêd nata nagari enggal anelad tuladanipun nagari wutah rahipun ingkang sampun katilar. Utawi saupami kalêrêsan dumugi nagari ingkang sampun dados, sagêd ugi sarujuk prasanakan kalihan ingkang kagungan nagari punika, lajêng dangu-dangu bokmanawi anak putunipun sagêd jumênêng piyambak.

Tiyang agami Hindhu ingkang enggal dhatêng punika sarêng dumunung wontên tanah Jawi, piandêlipun dhatêng agami Hindhu lêstantun kêkah. Punapa malih sanadyan dangu-dangu sagêd ugi dados kulina ginêman cara Jawi, botên kêndhat anggènipun marsudi kasusastran Hindhu, langkung malih manawi wontên tiyang brahmana utawi ahli sastra ingkang tumut purugipun angajawi. Wêwah-wêwah sarêng ing tanah Hindhusêtan para satriya utawi para among dagang kapirêng pawartos bilih tanah Jawi wontên nagari enggal ingkang dados kagunganipun rajaputra saking Hindhu, têmtu wontên ingkang nututi dhatêng tanah Jawi, sêdyanipun badhe andhèrèk ngabdi utawi [uta...]

--- 151 ---

[...wi] malih badhe sade tinumbas angliyêrakên barang wêdalan Hindhu kalihan barang wêdalan Jawi. Awit saking punika sêsrawunganipun tiyang baku ingkang dumunung ing tanah Jawi kalihan tiyang agami Hindhu ingkang enggal dhatêng punika pancèn kêrêp tur sêsêg, mila botên sande sami sawab-sinawaban kabudayanipun.

Sisihanipun tiyang Jawi nalika nêmbe sêsrawungan kalihan tiyang agami Hindhu punika kabudayanipun warni punapa. Eman sangêt bab punika sêsêrêpanipun para sarjana nama cupêt. Mila makatên awit botên wontên sêrat-sêrat kina ingkang nyariyosakên kawontênanipun tanah Jawi kala samantên, malah patilasan sanèsipun warni piagêm, sela utawi candhi-candhi botên wontên. Mila ingkang kula aturakên bab kawontênanipun tanah Jawi nalika nêmbe kadhatêngan tiyang agami Hindhu punika sampun kalih èwu taun sapriki, sadaya punika namung dugi-dugi utawi gagasan kemawon, botên wontên ingkang nyumêrêpi kalihan satiti. Ewadene bokmanawi wontên paedahipun ngraosakên ingkang dados gagasanipun para sarjana ingkang marsudi kawruh kabudayanipun tiyang Jawi, amargi manawi mriksani gagasan punika ugi sagêd dados lantaran supados langkung têrang mangrêtosipun utawi suraosipun dhatêng kabudayan Jawi.

Panduginipun para sarjana punika tanah Jawi nalika kadhatêngan [kadhatêng...]

--- 152 ---

[...an] tiyang agami Hindhu mèh sadaya wana agêng liwang-liwung, kadosdene kawontênanipun tanah Borneo ingkang ngantos jaman samangke. Tiyangipun namung wontên sakêdhik, grombol-grombolan dumunung wontên dhusunipun ingkang kaêlêt-êlêtan wana agêng ngantos pintên-pintên têbihipun

Anggènipun pados panggêsangan, sadaya sarana olah têtanèn kasambi ambêbêdhag bêbujêngan wana, mêndhêt ulam loh, ramban utawi pados-pados dhatêng wana sanèsipun. Têtanènipun tiyang baku Jawi sampun wontên ingkang baud sêsabin. Ewadene sêmunipun ingkang kathah namung anggaga kemawon, mila makatên awit wananipun kathah, tiyangipun namung sakêdhik, asring botên kaconggah anggarap sabin, aluwung anggaga kemawon.

Kagunanipun tiyang baku Jawi punika sampun wontên sawatawis. Angsalipun sandhang pangan saking kapas katênun, wontên ugi ingkang ngangge sandhangan kuliting wit, glugu kakêmplong, èmpêripun sapunikanipun dlancang Panaraga. Punapa malih sêmunipun sampun wontên ingkang sagêd nyêrat (bathik), utawi damêl sinjang karêngga ing warni-warni sanèsipun. Ananging nyêrat (nulis) dèrèng wontên ingkang sagêd, amargi aksara Jawi punika damêlan Hindhu.

Mênggah piandêlipun tiyang Jawi sadèrèngipun sêsrawungan kalihan [kali...]

--- 153 ---

[...han] tiyang agami Hindhu punika para sarjana pancèn dèrèng sagêd nyariyosakên kathah, mila makatên, awit botên wontên tilaranipun tiyang jaman samantên warni sêrat-sêrat utawi malih candhi-candhi ingkang kenging dipun angge pangangsoning sêsêrêpan. Mila sêsêrêpanipun para sarjana bab piandêlipun tiyang Jawi jaman kina punika sadaya namung jalaran saking udakara kemawon. Kados piandêl wau ingkang kathah-kathah dhatêng basanipun dhêmit, gêndruwo sasaminipun ingkang manggèn wontên pucuking rêdi, sarta ingkang ngratoni wana, ingkang ngêrèhakên saisining sagantên, utawi malih dhatêng para lêluhur, dhatêng cakal bakaling dhusunipun, dhatêng ingkang ambaurêksa pantun palawija, inggih punika tunggal datipun kalihan ingkang samangke kawastanan Dèwi Sri Radèn Sadana. Panêmbahipun tiyang Jawi jaman kina dhatêng dhêmit, utawi dhatêng ingkang kagungan kuwasa punika wau mawi nyaosakên sêsajèn wontên ing papan pêpundhènipun piyambak-piyambak. Sarta mawi mêmuji utawi andêdonga warni kidung-kidungan. Kajawi panêmbahipun ingkang kados makatên kawontênanipun, wontên malih sirikan, pêpali, wêwalêr, petangan warni-warni ingkang dipun èstokakên tiyang Jawi jaman kina. Sêsirikan sasaminipun wau wontên sawatawis ingkang taksih gêsang samangke, padatanipun tiyang ginêman, makatên wau kaewokakên gugontuhon.

--- 154 ---

Mila makatên awit kirang mangrêtosipun dhatêng suraosipun utawi dhatêng ingkang anjalari sirikan wau. Ingkang dipun ugêmi tiyang Jawi jaman kina punika awarni wêwalêr sarta sanès-sanèsipun wau pancèn botên sakajêngipun piyambak. Ingkang dipun ugêmi wau sadaya gêgandhengan kalihan suraosipun ingkang karaosakên bab prakawis pranataning bumi langit, anggêr pêpathokan ingkang tumănja dhatêng saisining buwana agêng, ingkang mênggaha sapunikanipun kawastanan adating kodrat. Măngka ingkang kaanggêp pranataning buwana dhatêng tiyang Jawi jaman punika pancèn gèsèh kalihan adating kodrat ingkang kalêbêt sasêrêpanipun para sarjana jaman samangke. Awit saking punika sêsirikan sasaminipun ingkang gêgandhengan kalihan suraosipun tiyang baku Jawi bab pranataning buwana wau, jaman samangke pancèn kakintên mokal.

Ewadene sanadyan sampun botên kenging dipun ugêmi, mêksa kêdah dipun titik para sarjana supados sagêd ngrêtos kabudayanipun tiyang Jawi jaman kina.

Ing ngajêng sampun kula pratelakakên ingkang klêbêt kabudayanipun tiyang Jawi nalika nêmbe sêsrawungan kalihan tiyang agami Hindhu. Pados gampilipun sapunika kula princi kuciwanipun kabudayaning tiyang baku ingkang dêdunung ing tanah Jawi. Sadèrèngipun [Sadèrèng...]

--- 155 ---

[...ipun] tiyang agami Hindhu dêdunung wontên tanah Jawi, ing pangintên dèrèng wontên sêratan (tulisan) sarta aksara Jawi. Kawruhipun tiyang baku Jawi punika dipun luntak-luntakakên sarana ijêman kemawon, botên wontên ingkang gadhah sêrat. Pun bapak mulangakên kawruh saèngêt-èngêtipun dhatêng anakipun, makatên sapangandhap. Ugi dongèng-dongèng kidung-kidung sapanunggilanipun ingkang kalêbêt kasusastran, sadaya èngêtan kemawon, botên nate kapacak ing sêrat. Mila asring kala kawruh wau sarêng ingkang ngèngêti kawruh badhe pêjah, botên wontên ingkang sagêd tampi, têmtu ical botên sagêd migunani dhatêng sintên-sintên.

Kados-kados wontên malih kuciwaning kabudayanipun tiyang Jawi jaman kina sadèrèngipun sêsrawungan kalihan tiyang agami Hindhu, inggih punika kala samantên dèrèng wontên panjênênganipun nata ingkang kagungan nagari.

Tiyang Jawi gêsangipun grombol-grombolan wontên dhusunipun, bokmanawi sok wontên dhusun kalih tiga utawi dhusun macapat macalima ingkang kaêrèhakên karajan satunggal, ananging sajawining tiyang baku dhusun botên wontên ingkang kuwasa tata-tata utawi ngêrèhakên gêsangipun tiyang dhusun sadaya punika. Jalaran saking punika satanah Jawi dhusun-dhusun gêsangipun tansah miturut sakajêngipun piyambak kemawon, sok paprangan [pa...]

--- 156 ---

[...prangan] kalihan sasaminipun dhusun. Kados-kados kawontênanipun kala samantên botên liya kadosdene kawontênanipun băngsa Dhayak utawi Torajah ingkang dêdunung wontên tanah Borneo utawi Sèlèbês anggènipun tansah sami paprangan, sadèrèngipun kaêrèhakên kangjêng gupêrmèn. Tiyang dhusun tanah Jawi punika ingkang gêsangipun sakajêngipun kemawon, botên mawi kaêrèhakên dhatêng sintên-sintên, sampun têmtu kasagêdanipun botên sagêd mindhak, awit botên sagêd marsudi kawruh punapa-punapa, jalaran tansah kêdah anjagèni kabêtahaning badanipun utawi papêrangan kalihan mêngsahipun dhusun sami dhusun.

Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên, tiyang Jawi jaman kina mèh botên wontên ingkang rêmên among dagang, kêkesahan têbih-têbih ngliyêrakên barang wêdalan dhusun wutah rahipun, kalihan barang wêdalan dhusun sanèsipun, mila makatên awit manawi wontên ingkang purun kêkesahan dhatêng sajawining wêwêngkoning dhusunipun piyambak, têmtu kaanggêp mêngsah dhatêng tiyang liyan dhusun sadaya. Manawi botên sagêd angsal sih pitulunganipun pangagêng dhusun ngriku ambayar bea sasaminipun, têmtu kuwatos dipun pêjahi, apêsipun dipun rampas barangipun. Awit saking punika manawi wontên dhusun kaparag ing pacêklik kêkirangan têdha botên sagêd angsal pitulungan [pitulung...]

--- 157 ---

[...an] punapa-punapa, amargi botên wontên têtiyang among dagang ingkang purun amborong wos utawi pantun dhatêng dhusun macapat supados sagêd nyade dhatêng dhusun ingkang kêkirangan wau. Saupami puruna makatên wosipun têmtu karampas tiyang sanès sadèrèngipun sagêd mitulungi ingkang bêtah. Mila manawi wontên dhusun kaparag ing pacêklik, sampun têmtu tiyangipun ingkang kathah dados ing pêjahipun.

Bokmanawi kados makatên sampun cêkap atur kula bab kabudayanipun tiyang Jawi tuwin tiyang agami Hindhu piyambak-piyambak nalika nêmbe sami sêsrawungan. Kados-kados saking punika sampun dados têrang sawabipun tiyang agami Hindhu ingkang katrapakên dhatêng tiyang baku Jawi punika patrapipun kadospundi.

Manawi kaparêng kula criyosakên ringkêsan kemawon ingkang kalêbêt patraping sawab wau kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

Ingkang kaping sapisan: awit saking sawabipun tiyang agami Hindhu, tiyang baku Jawi dangu-dangu sagêd kulina dipun rèhakên gêsangipun dhatêng ingkang jumênêng nata utawi ingkang ngasta panguwaos luhur. Awit saking punika tiyang Jawi sagêd kèndêl anggènipun sami mêngsahan dhusun sami dhusun, dangu-dangu sagêd têntrêm gêsangipun malah purun sarujuk, sanadyan tiyang liyan dhusun manawi bêtah utawi tiwas mêksa katulungan sêsagêdipun.

--- 158 ---

Ingkang kaping kalih: tiyang agami Hindhu ingkang dêdunung wontên tanah Jawi sampun turunan kalih utawi tiga, dangu-dangu sagêd kulina ginêmipun cara Jawi, langkung malih manawi jêjodhohan utawi prasanakan kalihan tiyang baku Jawi. Măngka tiyang agami Hindhu wau sampun sagêd nyêrat (nulis) têmbung Hindhu ngangge aksara Hindhu, nuntên kasagêdan punika ugi katrapakên dhatêng têmbung Jawi. Makatên purwanipun wontên têmbung Jawi kasêrat, dangu-dangu aksara Hindhu wau kalantur-lantur dados sawarninipun aksara Jawi. Ingkang kasêrat rumiyin pancèn namung bab prakawis ingkang kaanggêp prêlu piyambak murih tata têntrêming nagari, inggih punika piagêm-piagêm, anggêr-anggêr, piwulang-piwulang sasaminipun ingkang kalêbêt sêsêrêpanipun bêbêktan saking tanah Hindhu. Dangu-dangu sarêng wontên tiyang agami Hindhu ingkang dunungipun wontên tanah Jawi sampun turunan pintên-pintên ngantos sampun botên kenging kabedakakên kalihan tiyang Jawi dêlês, ginêman cara Hindhu inggih kasupèn, têmbung Hindhu mèh sampun botên ngrêtos. Mila sêrat-sêrat Hindhu kapurih nyantuni cara Jawi, supados sampun ngantos sirna babar pisan kawruhipun kina bêbêktanipun saking tanah Hindhu. Dangu-dangu sêrat Jawi santunan saking Hindhu wau wontên ingkang purun nêrangakên malih, wontên ingkang rêmên ngarang sêrat enggal cariyos Hindhu kawangun cara Jawi. Wêwah-wêwah cariyos-cariyos sasampunipun [sa...]

--- 159 ---

[...sampunipun] punika wau, ingkang baku Jawi, sanès bêbêktanipun tiyang agami Hindhu, ugi kaimpun sarta kadhapur sêrat waosan.

Makatên purwanipun wontên kasusastran Jawi ingkang mawi sêrat.

Ingkang kaping tiga: tiyang agami Hindhu ingkang angajawi, kasagêdanipun dhatêng anggaota warni-warni kados-kados nglangkungi kasagêdanipun tiyang baku Jawi nalika nêmbe sami sêsrawungan. Upaminipun: tiyang agami Hindhu wau sampun baud anggarap sela katatah kadamêl wangun warni-warni, kangge yêyasanipun cara Hindhu, kados ta: pagêr capuri, kontên gapura, piagêm katatah ing sela, candhi pasareaning awu tilas bêbêsmèning lêluhuripun sapanunggilanipun. Dangu-dangu tiyang baku Jawi ugi sagêd nelad tuladanipun tiyang agami Hindhu, langkung malih sarêng wontên tiyang agami Hindhu ingkang dunungipun wontên tanah Jawi sampun turunan pintên-pintên ngantos prasasat tiyang Hindhu pranakan Jawi.

Sawabipun tiyang agami Hindhu ingkang kados makatên, murugagên tiyang baku Jawi sagêd mindhak kasagêdanipun dhatêng panggaotan tuwin kagunan warni-warni.

Ingkang kaping sakawan: tiyang agami Hindhu ingkang angajawi sampun ngrasuk agami, inggih punika agaminipun Bathara Siwah utawi malih agaminipun Sang Hyang Buda. Agami punika wontên [wo...]

--- 160 ---

[...ntên] pathokanipun piyambak-piyambak sampun katata, sadaya kapacak wontên sêrat-sêrat Hindhu, kados ta: tataning panêmbah dhatêng jawata, patraping nyaosakên sêsajèn, karam wajibing agami sapiturutipun. Punapa malih suraosing agami sampun wontên sêrat Hindhu kathah ingkang isi andharanipun. Balik piandêlipun tiyang baku Jawi pancèn botên wontên ingkang kapacak wontên ing sêrat. Mênggah panêmbahipun dhatêng ingkang pinundhi, sabên dhusun wontên adat watonipun piyambak. Măngka sarêng wontên tiyang Jawi ingkang sagêd maos sêrat Hindhu kawangun Jawi, piandêl baku Jawi punika kasamèkakên kalihan agami Hindhu, têmahan dados ingkang sami pinundhi wontên tanah Jawi: ingkang jumênêng wontên rêdi-rêdi, ingkang kagungan wana ingkang ngêrèhakên bêbujêngan sadaya, katunggilakên para jawata pêpundhènipun tiyang agami Hindhu, kados ta: Bathara Siwah, Bathara Brama, Bathara Wisnu, Bathari Durga, makatên ugi tiyang Jawi sarêng maos sêrat santunan saking Hindhu ingkang macak suraosipun agami Hindhu, dangu-dangu katunggilakên suraos kalihan piandêl tuwin sirikan, sarta wêwalêran sanèsipun ingkang baku Jawi. Kados makatên sawabipun tiyang agami Hindhu, ingkang kalêbêt piandêl sarta kawruh baku Jawi, dangu-dangu kaewahan dhapuripun sagêd katunggilakên agami sarta sêrat-sêrat Hindhu.

--- 161 ---

Bokmanawi samantên sampun cêkap atur kula bab sawabipun tiyang agami Hindhu ingkang kaêtrapakên ing manahipun tiyang baku Jawi. Botên langkung namung kula ngaturi èngêt cariyosipun Sang Aji Saka ingkang asli saking sabrang, nuntên angêjawi, yasa aksara Jawi sarta jumênêng ratu. Kados-kados cariyos punika pasêmonipun dhatêng dunungipun tiyang agami Hindhu wontên tanah Jawi.

Namung samantên atur kula.

--- 162 ---

Wawasan Dhatêng Santun sumantuning Kawontênan Saha Padatanipun băngsa Jawi.

Pêthikan Saking Karanganipun S.H.K.

Bab Asli

Nitik kawontênan ingkang katingal dumugi sapunika băngsa Jawi punika, ing purwanipun kados inggih lêrês aslinipun saking tiyang băngsa warni-warni. Katitik saking pasikon pakulitan saha kaciptan (pakarêman) tuwin padatan punapadene cara panganggenipun. Ewadene manawi dipun wawas ing kabatosan saha piandêlipun lajêng katingal sami. Kados ta: băngsa Madura, Jawi Têngah, saha Sundha. Waradinipun sami gadhah piandêl tigang prakawis.

1. Bab pêjahing manungsa punika jiwanipun taksih sagêd gêsang mawi badan alus (sukma) sarta sukma wau gadhah pangawasa manjing ing sadhengah, kados ta ing kêkajêngan saha sela utawi sato. Awit saking punika gadhah pangidhêp dhatêng samukawis ingkang elok saha katingal gadhah daya prabawa.

--- 163 ---

Ing ngriku wontênipun piandêl dhatêng kayu aèng, lêmah sangar, watu angkêr. Pangraosipun ingkang makatên wau sami kanggenan utawi kadunungan ing sukmanipun manungsa ingkang linangkung. Lajêng nuwuhakên pangidhêp dhatêng padhanyangan, pêpundhèn saha patilasan tuwin pakuburan.

2. Piandêl bilih jiwaning para lêluhuripun punika taksih tansah anjangkung dhatêng sadaya turun-turunipun, kalayan abadan sukma. Awit saking punika tiyang sami tabêri tirakat nênêpi dhatêng ing pakuburaning para lêluhuripun, manawi pinuju kapêtêngan manah utawi karisakan. Ingkang makatên wau lajêng anuwuhakên lampah têmên utawi bêkti, inggih punika mituhu saha ngèstokakên dhatêng punapa piwulang saha piwêlingipun para lêluhuripun wau, ajrih nyulayani utawi nêrak ing wêwêling. Inggih punika bêbukanipun wontên bêbasan ila-ila. Sarèhning sampun mantêp ing piandêlipun, mênggah para lêluhur wau tamtu asih trêsna dhatêng têdhak turunipun, ingkang punika piwulang saha piwêlingipun wau tamtu lêrês tuwin mamrih kawilujênganing turunipun, pramila sadaya ila-ila saking wêcaning kina botên pisan dipun paibên saha kalirwakakên, kaanggêp ingkang asung wasita wau nadyan sampun pêjah taksih ngulatakên saking alam gaib. Punapa malih sadaya ingkang kapacak dados wêca wau tamtu sampun dipun yêktosi [yêkto...]

--- 164 ---

[...si] botên saenipun dening ingkang asung wêca. Ingkang punika kabêkta saking watak bêkti, lajêng botên purun maibên sarta anêrangakên sababipun malih. Tiyang sanès ingkang klayu dhatêng wêwarah pêpacak wau saking kapenginipun wilujêng, nama mèlu-mèlu, ing ngriku têtêpipun têmbung ila-ila.

3. Tiyang sami pitados manawi jiwaning manungsa punika, gadhah daya ingkang kenging utawi sagêd suminggah dhatêng samubarang, srana lampah brata saha dêrênging pangèsthi, dening ingkang gadhah rumiyin utawi ingkang anggarap damêl sasaminipun. Ingkang punika andadosakên piandêl saha angaji-aji dhatêng gêgaman saha barang damêlanipun para linangkung, utawi kagunganipun para luhur, dados pusaka, jimat saha isarat. Makatên wau kaanggêp yêktosan, lair batos, winastan anggugu tuhu (sanès panganggêp gugontuhon).

Mênggah cara pambêkan ingkang makatên wau kalampahan ing tiyang Jawi watawis tigang atus taun.

Bab piwulang Hindhu

Ing nalika samantên tiyang Jawi sawêg kadhatêngan tiyang Hindhu ingkang ambêkta piwulang tata cara sarta agami, gampilipun tiyang Hindhu amulangakên agaminipun, margi kawarah manawi jiwaning manungsa ingkang sae pambêkanipun punika dados dewa, dene dewa wau sami gadhah pangwasa saha kabêbahan panuntuning jagad punika [pu...]

--- 165 ---

[...nika] warni-warni. Ingkang măngka pangagêngipun pamarentah wontên nênêm sami putrinipun Sang Hyang Guru, ing ngriku dewa têtindhih nênêm wau gadhah tata agami piyambak-piyambak, kados ta: Sambu, Bayu, Endra, Brama, Wisnu, Kala. Ing nalika punika tiyang Jawi enggal pangidhêpipun dhatêng tata agami warni nênêm punika milih ingkang dipun kaconggahi. Dene watakipun tiyang Jawi lêstantun lampah bêkti saha mituhu, ajrih goroh para cidra. Ingkang makatên wau ngantos kasandhang sèwu taun laminipun, ananging têlênging pangidhêpipun taksih dhatêng lêluhur.

Bab Piwulang Eslam saha Nasara

Kala samantên tanah Jawi kadhatêngan ing băngsa Arab, amulangakên agami Eslam ingkang warni satunggal, langkung pêdhês saha kêncêng, sarana dipun ajrih-ajrihi naraka tuwin dipun pêpengini dhatêng swarga. Ing ngriku tiyang Jawi pancènipun awrat, amargi nyulayani dhatêng tekadipun lami, angrèmèhakên panganggêp dhatêng patilasan, andosakakên tiyang ngidhêp dhanyang sasaminipun, anglêpatakên dhatêng pusaka wêsi aji. Ananging kabêkta lajêng katêtêpakên dening panjênênganing nata mila inggih kalaksanan sapra sakawaning piandêl, utawi sapra sadasaning cacah, dene têlênging piandêlipun taksih ngidhêp dhatêng para lêluhur. Pangidhêpipun dhatêng Allah amung wontên ing lambe, tandhanipun: manawi kataman rupaking manah taksih lumajêng [lu...]

--- 166 ---

[...majêng] dhatêng patilasan saha makamipun para linangkung, wali, oliya, măngka dipun awisi agami Islam babar pindhah kaanggêp ngidhêp brahala. Awit botên marêm pangidhêp tanpa lesan wujud. Ing nalika punika para waspada lajêng damêl pêpali, piwulang ambêk kasujanan, wiweka, sawarni lumuh (sanès lumuh malincur), nanging lumuh darêdah para pabên, dados ing jaman samantên wiwitipun tiyang Jawi gadhah watak goroh lêlamisan. Sintên ingkang ngucap têmên awêwaton barang kang botên katingal, dipun anggêp gadhah kawasa, punika winastan gumaib. Sintên ingkang mungêl manawi barang gadhah daya, winastan gugontuhon. Ing nalika punika tiyang Jawi kêndho katêmênanipun lajêng rêmên lêlamisan, anyanggi krami murih wilujêng, karantên piandêl kalihan tindakipun beda. Ingkang momot saha jêmbar ing manah ambêk sujana, ngantos têmbung sujana dipun têgêsi watak sae, nanging sanès pangatos-atos utawi wiweka. Makatên wau kalampahan tigang atus taun lajêng kasusul wontênipun băngsa Eropah ingkang amradinakên agami Nasara (Kristên), kajawi mardi bab kaprasêtyan, anata bêbudèn mamrih wangsul lampah têmên malih. Punika sampun kangelan, margi wontên paprentahan piandêl warni kalih. Ing ngriku wiwit risaking băngsa Jawi, saya mlorod, amargi risak piandêlipun, amarêngi jaman dahuru, sampun kêndho panganggêpipun [pangang...]

--- 167 ---

[...gêpipun] dhatêng lêluhur saha wêsi aji, satêmah watak ngucira, sêmang-sêmang tindakipun, watawis kalih atus taun.

Bab Jaman Kagunan

Sarêng tanah Jawi sampun têtêp kaparentah ing kangjêng guprêmèn (băngsa Eropah) paprentahanipun ngadil saha jêmbar, botên maèlu agami, ing ngriku băngsa Jawi rumaos kobèt, kabêkta niyating kamajênganipun lastantun, rêmên nêniru utawi nênulad ingkang nyata, anggayuh mangaji-aji, punika sampun cêtha. Ing ngriku băngsa Jawi langkung sêsêg ajêngipun anggayuh kawruh saha kagunaning băngsa kilenan, ingkang sampun têtela kuncara saha luhuring dalajat kabangsan. Inggih wêktu punika pamaliking piandêl babar pindhah, saking lampah bêkti sirna, santun watak nalar, lampah sujana kandhih, santun ambêk ngăngsa-ăngsa. Inggih punika risaking lair batosipun băngsa Jawi, kados bingung anggèning sadaya ngupaya pamarêm.

Bab Pangudining Kasagêdan

Ing jaman samangke sami rumaos kataman sangsara, para sêpuh saha para tarunanipun. Kados punapa para sêpuh anggèning ngaya-aya mragadi anakipun angudi kasagêdan ing pamulangan kanthi paribasan maliridi usus anêkak têlak (langkung malih bilih anakipun kathah) botên kadosa. Pun lare inggih makatên ugi anggèning ambanting raga ngudi kasagêdan, saiba [sa...]

--- 168 ---

[...iba] rudatinipun upami botên sinambadan waragad dening tiyang sêpuhipun.

Upami sinambadan, saiba rudatinipun bilih botên sagêd angsal dhiploma. Upami angsala, lajêng sangsara malih margi botên sagêd angsal padamêlan (pasuwitan). La, sapunika kêdah wontên pambudi, lan santuna dhêdhasar.

Kauningana, yèn ing donya punika taksih kathah kawruh saha kagunan ingkang inggih wajib dipun gayuh ing tiyang, sajawining wulangan ing sakolahan, punapadene ugi dados kabêtahaning sagung kang sarwa gêsang saha kumêlip, punapaa têka lajêng kacipuhan, punapa amung tiyang suwita ingkang sagêd mulya, manawi tiyang têtêp sampun sarwa sugih kagunan, kados taksih jêmbar sangêt papan pasabanipun. Ingkang ăngka: 1, adhêdhasara manah rahayu saha sêdya têtulung, sampun amung anjagèkakên suwita dados ingon-ingoning sami tiyang. Suwawi sami amêlasana băngsa kita, ingkang sami taksih wungkul, yutun ing manahipun, sarana dipun tuntuni ing kasagêdan, punapa ingkang sampun sami kaparsudi wau. Kados ta: ingkang gadhah kasagêdan maos nyêrat saha petang, inggih amucala makatên dhatêng tiyang sêpuh-sêpuh ingkang sampun botên sagêd malêbêt ing pamulangan dhusun, wancinipun sasêlaning têtanèn, inggih punika wanci sontên, manggèn ing

--- 169 ---

bale dhusun, mawi nyuwun idi parentah pulisi, kanthi amupu arta sakêdhik minăngka pituwas, manawi siyang jêngandika taksih sagêd ngupaboga têtanèn utawi ngingah rajakaya, sampun kasêsa muktèkakên badan piyambak, ingkang prêlu anggalih têtulung nuntuni suka kawruh.

Ingkang gadhah kasagêdan bab tanêm tuwuh, punika langkung prayogi mawi pawitan alit anuladhani nênanêm punapa ingkang mêmpan pasitènipun, nandangi piyambak utawi nganthi tiyang dhusun satunggal kalih. Ingkang makatên wau manawi talatèn saha tabêri sagêd mindhak-mindhak, langkung malih sinambi mranakakên ayam, kambangan utawi menda ingkang dipun opèni sae. Manawi sagêd, ngingah lêmbu brênggala kangge jalêran utawi pêrêsan.

Ingkang gadhah kagunan kriya, langkung malih pikantukipun anuntuni ugi bêbêrah andamêlakên samukawis, dados tiyang dhusun sagêd wêwah, kagunan utawi sêsêrêpan.

Dene para taruna ingkang gadhah kagunan saking pamulangan luhur, kados ta: insinyur, dhoktêr, mistêr, paningal kula dèrèng karupêkan papan, nanging sampun supe têtulung dhatêng băngsa, liripun amarlokna kanthi mirahakên prabeanipun, dados băngsa kita badhe angsal kacêkapan dene bangsanipun wontên ingkang gunawan sarta bèrbudiman.

--- 170 ---

Ing mangke ajêngipun para priya sampun kacêtha, dene kamajênganipun para wanita kadospundi, măngka sumêdya anjèjèri lampahipun para priya, punapa badhe angsal papan. Inggih prayogi, tamtu angsal papan, nanging sampun amasthèkakên salah satunggal. Tumrap para wanita ingkang taksih anggayuh sêsemahan, punika ingkang mêmpan saha mikantuki, kajawi maos sarta nyêrat tuwin petang, anyinaua kagunan tangan tumraping wanita, rêratêng (ocal-ocal), ngopèni griya, ngopèni tiyang sakit, kawruh usada sawatawis, mêmulang saha ngopèni lare. Manawi kèndêl makatên, ing têmbe manawi semahan taksih kasrambah kangge nglagani lakinipun. Ingkang makatên wau badhe dados pilihaning para priya.

Dene manawi malulu ngudi panggêsangan, inggih prayogi ngudi pamulangan luhur, insinyur, dhoktêr, mistêr, sasaminipun, anamung manawi gadhah kagunan makatên kangge semahan, lajêng ngèthèrakên wajibing gêgriya, karantên badhe kêrêp katilar kesah, ingkang jalêr kapiran. Upami kagunanipun botên katindakakên, punika nama ngècèr-ècèr waragad. Punapa botên mêsakakên tiyang sêpuhipun. Kados mênggah pawèstri ingkang gadhah kalangkungan makatên wau, botên dados pilihaning para priya, adhakanipun sampun botên kadugi kaêrèh ing

--- 171 ---

laki, kajawi manawi ngupados priya ingkang sagêd botên susah ngêrèh, malah purun kaêrèh, botên susah kesah ngupaboga (makatên nama sungsang buwana balik).

Bab Tata Krama ingkang Alus

Alusing tata krami Jawi kalihan Walandi punika mèh sami kemawon, kaot ngadêg kalihan lênggah kursi.

Băngsa Walandi katêtêpakên ing cara, rêmên têtulung ing karepotan, kasusahan saha kacilakan, langkung malih dhatêng lare tuwin pawèstri. Ingkang dipun pitulungi kêdah anglairakên saha ngatingalakên panuwun, nadyan amung prakawis alit-alitan kemawon.

Băngsa Walandi rumêksa sangêt dhatêng sêsarêngan saha pakêmpalanipun, sampun ngantos adamêl sêdhihing kiwa têngên. Botên purun udut cêlak tiyang èstri, punapa malih tiyang sakit. Ajrih damêl suwantên ing salêbêting kêmpalan mirêngakên lêlagon saha gêgêndhingan utawi sêsorah, sadaya wau kaanggêp ngarubiru ing katêntrêman.

Kula nate sumêrêp pangeran putraning Raja Dhitslan, tuwin Èrtoh ing Swèdhên nalika rawuh ing tanah Jawi. Kula awasakên ing sadangunipun lênggah watawis kalih jam, sampeyanipun tumapak têtêp tanpa mingsêd, astanipun kalih pisan tansah pinangku têkêm-tinêkêm, tanpa nolèh, ngantos kados [ka...]

--- 172 ---

[...dos] rêca. Manawi pinuju ngandikan dhatêng kiwa têngênipun, amung mingêr sawatawis, nalika dipun sowani para agung sanès ingkang ambêbêkta, trangginas jumênêng saklangkung taklim sumèh ing netya nampi atur saha pisungsung gambar, ngantos rambah-rambah anggèning manthuk, ngatingalakên gênging suka panarimahipun kanthi mèsêm.

Inggih kados makatên ugi tata krama Jawi ingkang sae, manawi lumampah tamban, tandang tandukipun sarèh, wicantên lêlah cêtha, patrapipun jênjêm botên rongèh nolah-nolèh. Kajawi para militèr ingkang kapardi trangginas saha polatan ladak tajêm, tandang tanduk kêdah sarwa cukat, makatên ugi inggih botên ngantos kadandapan.

Băngsa Prasman gadhah panitikan, tiyang ingkang udut srutu angipatakên awu srana kaslênthik, punika pratăndha tiyang botên kapama, ing griyanipun tamtu botên gadhah wadhah awu. Makatên ugi tiyang Jawi, gadhah panitikan manawi tiyang linggih nyat-nyatan kêdah ngadêg (botên jênak) punika pratăndha lare kirang mitadosi. Tiyang ingkang lumampah botên nêtêp tungkakipun, saha wicantên kêdhèpipun narithil, punika tăndha manahipun botên burus, botên tanggon dhatêng pakèwêd. Langkung malih para wanita, dados pratăndha botên bêkti ing laki.

--- 173 ---

Bab Kaborosan Padintênan

Gêsangipun tiyang Jawi ing padintênan punika racak-racakipun sami nyêngka ukur, amargi kêkathahên tuladan ingkang kasandhang, upami anggènipun nênulad wau mawi dugi-dugi inggih prayogi, kabêkta botên anyatitèkakên dhatêng sangkan paraning arta, kabujêng sugih pêpenginan ingkang botên kacandhêt, satêmah gêsangipun tamtu sarwa cingkrang.

Tiyang ingkang sugih anak, sugih kalangênan, gadhah pakarêman saha kasênêngan, sadaya wau amung anggêga ardaning pêpenginan, botên pisan-pisan angèngêti sapintên pamêdalipun kacocogakên dhatêng tumanjanipun, inggih punika kalêpatan ingkang ăngka 1.

Ingkang ăngka 2, tiyang Jawi botên angèngêti manawi tiyang punika kathah sandhunganing lêlampahan, pakèwêd ingkang tuwuh dumadakan, saha kuwajiban ingkang botên kenging dipun selaki. Inggih punika: tiyang kêdah ambayar griya, minăngka pasewan utawi tambal sulam. Ingkang gadhah anak, badhe nyandhangi, wragading pamulangan, gadhah damêl saha kasripahan, sapiturutipun. Sadaya wau limrah botên dipun èngêti sadèrèngipun, ingkang limrah anjagèkakên pitulunganing liyan, utawi nyorok pamêdal ing wingking, (srana nyambut), ingkang măngka sapêngkêripun botên [bo...]

--- 174 ---

[...tên] lajêng angirid, dados kalajêng cuwak wêwah cingkrangipun.

Ingkang ăngka 3, tiyang Jawi sugih têtuladan, kautamèn ingkang mawi waragad, tanpa dipun sumêrêpi prêlu tuwin nalaripun. Inggih punika bab amêmule para lêluhur, utawi wilujêngan, kondangan (kêpungan).

Ing kina sadèrèngipun wontên agami, tiyang Jawi sampun gadhah bujana nêdha eca sêsarêngan tiyang kathah, ing dintên kala mangsaning bibar panèn, punapa ingkang katanêm bakuning panggêsangan, ingkang taksih kalampahan dumugi sapunika dening tiyang tani winastan brêsih dhusun, ingkang dipun mêmule dhanyang makayangan, kang cikal bakal smara (rumêksa) bumi, tuwin para lêluhur, makatên punika bêktan pangidhêp dhatêng para lêluhur, mêmêtri.

Sarêng tiyang Jawi ngangge agami Hindhu, sumêrêp petangan dintên pawukon sasaminipun, lajêng gadhah pamêmulèn milujêngi badan, sabên dintên wêdalanipun taunan, mawi mêmule dhatêng para dewa, winastan sriyatan (têtulaking kala) manut pawukon.

Sarêng ngangge agami Eslam, pancènipun sami kasuwak. Rèhning tiyang Jawi kêkah, inggih dipun lumuhi kalilan, ananging kawêwahan donga Arab. Saha mèngêti lêlabêtanipun para nabi, kados ta: Suran, Muludan, Ruwahan, Malêman, Ariayan sapiturutipun (ing wulan Siyam, Sawal [Sawa...]

--- 175 ---

[...l] saha Bêsar). Minăngka santunipun mêmule dhatêng dhanyang makayangan. Brêsih dhusun winastan Rasulan, supados malik pangidhêpipun dhatêng para nabi, botên dhatêng dhêmit saha para dewa. Bab dhatêng lêluhur kasantunan ing wulan Arwah (Sakban).

Ananging tumindakipun tiyang Jawi sadaya wau taksih kaangge, botên santun sumantun, măngka sajatosipun ing agami Eslam utawi Kristên, botên wontên babar pindhah. Wênang tiyang nêdha eca, sabên Ariadèn saha dintên wêdalan, tanpa ujub, tanpa donga, ingkang katêdha inggih punapa ingkang kaanggêp eca. Ulam menda kasate saha gule.

Makatên wau tiyang Jawi inggih wontên ingkang ngangge, măngka kêpunganipun inggih kaanggêp baku. Ing kinanipun inggih wujuding ambêngan ingkang kinêpang wau srananing nêdha eca, amung wujud tumpêng asrêp, janganan kêkuluban saha lalaban, godhogan sakathahing pala pêndhêm sarta wowohan, awis sangêt mawi ulam-ulaman, ayam kambangan utawi sanès-sanèsipun, dêstun amung tigan.

Para tiyang Jawi têngahan (madya) sampun anindakakên rangkêp, enjing kêpungan, nalika dintên wêdalanipun, kinêpang tăngga têpalih lare-lare, dumunung wilujêngan sidhêkah, sontênipun ulêman para mitra nêdha eca. Mawi mragad menda, kaolah sate gule cara Arab. Wontên ingkang

--- 176 ---

pancèn sanès santri, sugatanipun mawi: bakmi, kimlo, cara Cina. Sawênèhing kang agêng manahipun, mawi sugata, kênthang bêstik, sop, sêlat, têtularan Walandi. Kala măngsa mawi klênengan, wacucalan, tayuban.

Dados têranging panggêsanganipun tiyang Jawi punika kawratan ing têtuladan, margi saking ginalandhang ing pêpenginan. Upami gadhah pamêdal pintên kemawon, manawi pêpenginanipun botên kawatês, caranipun botên kasinggêt, tamtu inggih taksih cingkrang kemawon, langkung malih manawi mawi kawimbuhan ing lêlangên, saha pakarêman, kados ingkang kawrat ing sêrat. Mim 7. Tamtu dhumawahing sangsara. Manawi sampun sangsara lajêng muring-muring dhatêng sintêna ingkang katuju.

Bekaning Lêlampahan

Băngsa Jawi punika kalêbêt tiyang ingkang agêng manahipun. Saking gênging panggayuhipun, têmah lena panjagining badan, inggih punika manawi gadhah prêlu angangkat anak, kados ta manawi gadhah damêl anyunatakên, anêtakakên, punapa malih mantu, saha gadhah anak utawi putu, mawi dipun jagongi langkung agêng wiwahanipun, anulad patrapipun băngsa sanginggilipun ingkang sarwa sarwi (botên kêkirangan), amiwaha anak putu punika inggih lêrês pantês awajib, ananging sampun ngantos langkah saking takêraning badan, manuta ing

--- 177 ---

sapangkating darajat saha kacêkapanipun sampun sinêngka, awit kathah kemawon tiyang amiwaha anak mawi pasamuan ingkang wragadipun srana anyênyambut ngantos botên ngèngêti ing wingking (ginêmipun kados punagi: ngrasakake gulung alang-alang). O, makatên punika pancèn sanès kaprawiran ingkang pantês kapamèrakên ing kathah. Upaminipun tiyang gadhah anak utawi putu, mawi dipun jagongi saha andhatêngakên tamu sapêkên muput, utawi amung sapindhah, ing sapêkênipun mawi winiwaha klênengan utawi wayangan. Punika pancèn nyulayani ing pangajêng-ajêng. Awit mênggah griya ingkang kanggenan bayi, dipun dhatêngi tiyang kathah, wontên dilah kathah punika angrisakakên kasarasaning lare, punapa malih ingkang èstri mêntas ambabar anak wau nama tiyang sakit, sagêd ugi dumugi jalaraning tiwas. Punapaa têka abingah-bingah ingkang angêtog kêkiyatan saha mamrih pangalêmbana. Punapa malih tiyang nyunatakên jalêra èstria, punika tata Eslam panjagining kasarasan ugi, têmbung sunat wau, wênang, sanès prêlu tuwin wajib, pramila botên pantês dipun wiwaha agêng-agêngan, cêkap dipun tênggani saakrab kemawon.

Tiyang mêmantu angêntas anak èstri, punika wontênipun prêlu andhatêngakên sanak sadhèrèk saha mitra tăngga têpalih, punika bakunipun supados anêksèni dhauping [dhau...]

--- 178 ---

[...ping] anakipun karabi dening sintêna. Wontênipun kawiwaha wau murih utamaning tindak, supados pun mantu jalêr wau ngèngêti bilih anggèning angrabi mawi kasêksèn ing tiyang kathah saha rinagadan kathah, dados awrat upami amindhaha.

Ing jaman kina tiyang andhaupakên anak wau amung anêksèni makatên, lajêng sêsarêngan nêdha eca, asuka parisuka. Nalika jaman Hindhu, utawi kabudayan Jawi, wontên kupiya mêmantu punika kathah paliyasanipun warni nênêm (amriksanana Sêrat Pustaka Rajapurwa, jaman Panjênênganipun Prabu Kano, ing taun surya 316, căndra sangkala 325), wontênipun mawi panggih kaarak, andrawina bujana, bêdhudhakan (bêksan), bêntoyang, gêgulutan, sintrèn saha sasrahan patah kêmbar mayang, punika kala jaman samantên.

Sarêng jaman ing karaton Dêmak, sadaya wau sampun kasuwak, ingkang prêlu: ningkah, inggih punika nêksèkakên prajangji talak nikah, sri kawin (kasagahaning jalêr, panêdhaning èstri). Sajawinipun punika nama kautamèn (sunat) têgêsipun sanès prêlu sarta wajib.

Kajawi punika, bab patraping panglayon, inggih punika pangupakaraning layon, dumugi jaman samangke inggih taksih campuran, bakunipun panglayon wau, dipun sucèni kapêtak tumuntên ingkang lêbêt. Makatên wêwarahing agami Eslam [Esla...]

--- 179 ---

[...m] lajêng dipun ajèkakên dening para warisipun ingkang taksih gêsang, laminipun samarêming manah, inggih punika sakaraosing (eklas) lila dhatêng waris ingkang ajal wau, utawi manut sakiyating nyunggata akrab ingkang sami ngaji sabên sontên. Dene kurban sêsaji ingkang winastan kekah punika tata kanabean, lêrêsipun linaksanan nalika bayi lair.

Nalika jaman kabudan Jawi, panglayon punika inggih warni nênêm, kados tataning agami warni nênêm wau, inggih ing jamanipun Prabu Kano, mawi ginuyang: lăndha mêrang kêtan cêmêng, ron dalima, utawi ron widara. Patraping sawa, wontên ingkang kaluwêng, katarang, katarab, kalarung, kabêsmi, kapêtak. Wilujênganipun amung ambal kaping tiga, winastan panguntur, panata saha panitis. Sarêng dumugi jaman agami Eslam kajawèn, katata: surtanah, nigang dintên, mitung dintên, kawandasa, sarta satus dintên, pêndhak sapindhah, kaping kalih, sèwu dintên, mawi kekah. Makatên punika dhapukan Jawi kairibakên tataning tiyang tapabrata, anggèning mèngêti saya awis, pamurihipun botên sanès amung sagêda rila dhatêng ingkang pêjah. Awit inggih raos lila wau ing sadhengah agami ingkang ngagêm minăngka pangiringipun layon ingkang prayogi.

Bab cara ingkang campuran wau têlênging manahipun tiyang Jawi anggènipun [ang...]

--- 180 ---

[...gènipun] nêdya anggayuh gêsang utami, ananging manawi botên patitis saha angèngêti takêran kêkiyatanipun, asring kawalik dados jalaraning kanisthan.

Ing samangke tiyang Jawi sampun karaos badhe niyat angringkês cara, anata padatan, kados punapa ta cara sapunika ingkang katingal sabên dintên turut margi, tiyang Jawi sami mangangge tanpa tata, ngantos angicalakên jêjêring pangangge Jawi. Sawênèh sarungan gêmbaya, mawi kêbayak Cina (pulkah), udhêng pathon (mêduran), kangge kesahan. Sawênèh jingkêngan mawi jas-jasan, sarungan Pakalongan utawi palekat. Sawênèh cara Walandi mawi cripung ngangge kêthu. Sawênèh cara Walandi udhêng-udhêngan (awit taksih ngingah rambut), ugi wontên ingkang sampun gundhul. Sawênèh cara Walandi wêtah gundhulan.

Wah, makatên punika pancèn ambingungakên sawangan, ingkang nyandhang kados inggih bingung piyambak.

Upami sagêda naracak cêtha, cara Jawi dêlês, punapa cara Walandi wêtah, punika sae. Wontên paribasan Jawi: salin busana salin wiraga. Soka tiyang salin wiraga, punika inggih salin cipta, cipta ingkang botên ajêg punika têbih dhatêng katêntrêman. Suwawi kagaliha.

--- 181 ---

Mulabukanipun Wontên Jathilan.

Anggitanipun Inggris

Cêcriyosan ingkang mratelakakên mula bukanipun wontên jathilan punika warni-warni, wontên ingkang nyriyosakên, têtingalan jathilan punika wontênipun sampun kala jaman kraton Jênggala, wontên ingkang nyriyosakên bilih wontênipun kala Panjênênganipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram, taun 1575 dumugi taun 1600. Saking pangintên kula bokmanawi taksih wontên malih tiyang ingkang sagêd mratelakakên mula bukanipun wontên têtingalan punika, sarta adatipun katrangan wau asring sanès malih.

Mênggah cêcriyosan, ingkang mratelakakên bilih wontênipun jathilan kala Panjênênganipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram punika, kathah èmpêripun kalihan babad bêdhahipun Mangir, namung bedanipun, dene ing sêrat babad Mangir punika botên mawi nyriyosakên prakawis barangan jathilan. Mênggah jalèntrèhipun cariyos wau kapêndhêt gampilipun kados ing ngandhap punika:

Kala Panjênênganipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram,

--- 182 ---

taun 1575 dumugi taun 1600. Ing dhusun Mangir, bawah Bantul, wontên satunggaling kyai nama Kyagêng Mangir, punika botên purun sumiwi dhatêng Mataram, amargi ngêdirakên wasiyat têtilaraning tiyang sêpuhipun, nama Ki Wanabaya, warni waos dhapur Barukuping. Sampun wiwit jaman kraton Pajang, Ki Wanabaya wau botên purun ngidhêp ing panjênêngan nata, inggih amargi ngêgungakên wasiyatipun Barukuping wau. Sapêjahipun Ki Wanabaya, wasiyat kawaris dhatêng ingkang putra, nama nunggak sêmi kalihan tiyang sêpuhipun, rupi bagus, taksih nèm, adat kalakuanipun jiblès ingkang rama, malah langkung wantêr, sarta kaduk wêngis, punika inggih madal dhawuhing nata, botên purun ngèdhêp ing Kangjêng Panêmbahan Senapati. Măngka tanah sanès-sanèsipun: Kêdhu, Bagêlèn, Pathi, Japara, Madiyun, Kêdhiri, Sêmarang, sasaminipun sampun sami têluk dhatêng Mataram sadaya. Kathah para kadang warganipun Kyagêng Mangir ingkang sami ambêbolèhi supados sliranipun nungkula dhatêng Panêmbahan Mataram, awit botên pantês sangêt ingatasipun Mangir dhusun alit, têka badhe lumawan dhatêng Kangjêng Panêmbahan Senapati, ratu abaudhêndha, anyakrawati, sugih bala, ngêrèh pintên-pintên nagari, keringan ing mănca praja. Botên ngêmungakên nagari ingkang cêlak-cêlak kemawon, dalasan nagari ingkang têbih-têbih sampun têluk dhatêng

--- 183 ---

Mataram sadaya. Wangsulanipun Kyagêng Mangir, botên pisan-pisan badhe andhèrèk dhatêng Mataram, jêr dhusun Mangir punika wiwit kina mila botên nate kaêrèh ing panjênênganing nata, pancèn dhusun asli waris saking tiyang sêpuh piyambak. Ananging Kyagêng Mangir wau gadhah pasang giri, purun sumiwi dhatêng sasaminipun manungsa, manawi sagêd nadhahi wasiyatipun, nama Ki Barukuping wau. Ing măngka wasiyat Ki Baru punika ampuhipun sangêt, singa-singa ingkang katrajang, tamtu lêbur tanpa kukupan. Pramila pakèwêd sangêt Kangjêng Panêmbahan ing Mataram anggènipun badhe ngêrèh ing Mangir. Saking karsanipun nata ing Ngèksigănda, karekadaya, sagêda dhusun Mangir nungkul dhatêng Mataram, tanpa kagêbag ing pêrang. Atur pirêmbagipun Kyai Patih Măndaraka: inggih lêrês Mangir punika dhusun alit, nanging botên kenging dipun damêl gampil, awit ambêbayani sangêt, manawi botên kalêrêsan, sisip sêmbiripun anêniwasi. Inggih bilih Kyagêng Mangir punika lajêng purun nungkul, yèn ngantosa băngga, botên kenging kapikut, tamtu adamêl lingsêmipun sang prabu. Mila saking atur pamrayoginipun kyai patih, Kyagêng Mangir prayogi kareka dayaa kemawon, sarana lampah sandi, murih sakecaning lampah. Sang prabu nuntên dhawuh ambarang ringgit miwah ambarang jathilan dhatêng Mangir, kadamêl ambujuk Kyagêng, murih pawingkingipun sagêd dhaup kalihan ingkang putra Gusti Radèn Ajêng [A...]

--- 184 ---

[...jêng] Pambayun, sarta ing salajêngipun Kyagêng puruna sowan ing ngarsanipun Sang Panêmbahan. Wondene ingkang sami tinanggênah ambarang inggih punika: Adipati Martalaya, Tumênggung Jayasupănta, Saradipa, Tumênggung Bocor, Saradula, Nyai Tumênggung Adisara, Sandi Sasmita, Sandi Upaya, Sandi Guna, miwah Gusti Radèn Ajêng Pambayun wau. Dhawuh pangandikanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati dhatêng ingkang putra Radèn Ajêng Pambayun, miwah para adipati ingkang sami andhèrèk: nini, sira ambaranga mênyang Mangir, mrih sirnaning klilip ingsun, yèn awan ambaranga jathilan, dene yèn bêngi ambaranga wayang.

Atur wangsulanipun ingkang putra: dhawuh timbalanipun kangjêng rama kawula pundhi, selak botên, sagah dèrèng kantênan, ananging sanajan dumugia pêjah pisan, saèstu badhe kawula lampahi.

Sang prabu ngandika arum: bangêt panarimaningsun nini, dene sira ngèstokake dhawuh ingsun, ambelani rama, labuh nagara, wis bêgjane sira nini kang dadi dêdalan, bokmanawa sira kang bisa dadi margane ngilangake klilip ingsun, poma dèn olèh gawe lakunira mênyang Mangir. Măngsa boronga sira nini, bisane Si Mangir kêna ingapus krama, bêbasan: sing kêna iwake, aja buthêk banyune. Ingsun têtêdha ing jawata kang linuwih, rahayua kang tinêmu.

--- 185 ---

Radèn Ajêng Pambayun nyêmbah matur: kangjêng rama, dhawuh pangandika dalêm sangêt kawula pundhi, kapêtak ing mastaka, botên sanès inggih namung barkah pangèstu dalêm ingkang kawula suwun, sagêda enggal angsal damêl lampah kawula dhatêng Mangir, kenginga Kyagêng Mangir ingapus krama, sukur bagya lajêng sagêd nutut kemawon.

Ingkang para adipati sadaya sampun sami mangrêtos dhawuh pangandikanipun Sang Panêmbahan. Botên dangu sang prabu lajêng kondur angadhaton, pasowanan bibar. Dene Gusti Radèn Ajêng Pambayun miwah para tumênggung ingkang sami andhèrèk botên kantun, tumuntên bidhal tindak dhatêng Mangir. Sang Dyah Pambayun samargi-margi arawat waspa, tindakipun rêreyongan, awayang wuyung, sakalangkung mêlas asih, sakêdhap-sakêdhap kèndêl, sang pindha rêtna cahyanipun mangar-mangar dening soroting Hyang Diwangkara, ananging malah sangsaya andadosakên saening warninipun, sênêning pasuryan manawi tinon saking mandrawa pindha wulan purnama, sintên tiyangipun ingkang ningali tamtu kasmaran, sampun ingkang nama tiyang jalêr, tiyang èstri kemawon sami kapencut aningali sang putri. Tindakipun sang rêtna sakalangkung randhat, lon-lonan, bawanipun putri botên nate miyos saking kadhaton, manawi dipun tingali, sangêt adamêl trênyuhing manah, sampun ingkang sasaminipun manungsa, sawarnining satwa sêmunipun tumut [tumu...]

--- 186 ---

[...t] susah ningali tindakipun sang putri. Swaraning pêksi-pêksi ingkang sami ngocèh mawurahan, èsthanipun asung panêmbrama dhatêng sang dyah ayu, roning wit-witan ingkang sami ebah kasiliran ing samirana sêmunipun angacarani lênggah sang putri, sawarnining wowohan ingkang pating gurandhul, sami ebah, èsthanipun lumampah kapêthika dening sang dyah, dadosa usadaning lêsu. Sêkar-sêkar ingkang sami mêkrok, ambabar gănda amrik arum, sêmunipun asung pasêgah dhatêng sang putri, sêkar ingkang manglung sami pating pêntêlung kenging siliring angin, katingal angrêsêpakên manah, manawi dipun tingali sêmu-sêmunipun lumampah dipun pêthika sang dyah rêtna, dadosa pangarêm-arêming panggalih. Botên antawis dangu tindakipun sang putri dumugi ing sêndhang, toyanipun bêning sangêt, ngantos katingal dhasaring sêndhang, kinubêng ing andong lan sêkar warni-warni. Ing sêndhang wau ulamipun kathah sangêt, pating pêncungul sami munggut, manawi dipun sawang, èsthanipun kados asung pambage dhatêng sang lir rêtna. Sang putri ngaso sakêdhap wontên ing ngriku, sasampunipun ragi aso, lajêng tindak malih. Botên kacariyosakên tindakipun wontên ing margi, sang dyah ayu lajêng rawuh ing dhusun Mangir, bawah Bantul. Sasampunipun sang putri sarta para bupati sami aso sadaya, lajêng sami wiwit ambêbarang. Manawi siyang sami ambarang jathilan, dene yèn wancining dalu sami ambarang ringgit. Ingkang [Ing...]

--- 187 ---

[...kang] dados dhalang Sandi Guna, panggêndèripun: Nyai Adisara, pangêndhangipun Saradipa, swaraning găngsa ngrangin, gêndèripun angêpinjal, gambangipun cumêngklung anglam-lami, runtut kalihan kêthuk miwah kênongipun. Ingkang nabuh kêmpul Sandu Upaya, swaraning kêmpul anggêmak mêlung. Sandi Sasmita nyuling, swaranipun dumêling nglangut. Saradula nabuh kênong. Saking saenipun, singa-singa ingkang ningali utawi ingkang mirêngakên, masthi kasêngsêm, prasasat tiyang sadhusun Mangir, jalêr èstri, nèm sêpuh, sami ningali sadaya. Ngantos jêjêl uyêl-uyêlan. Makatên ugi jathilanipun, adamêl eraming akathah, dhasar ingkang sami dados jathilan tiyang pêpilihan saking nagari. Baronganipun angajrih-ajrihi, damêl gègèripun tiyang ingkang sami ningali, pênthulipun pintêr damêl lêlucon, samargi-margi tansah dados gêgujêngan, têmbêmipun pintêr ambêbeda lare, thithit thuitipun samargi-margi ambujêngi lare, malah dados saya kathah tiyang ingkang sami ningali. Swaraning gangsanipun andamêl gambira, angklungipun runtut cumêngklung, kêndhangipun kumêplag, bêndhe tinabuh ngungkung, gongipun bumbung agêmak mêlung, saronipun kumêmprang ulêm, manawi kapirêng saking katêbihan swaraning găngsa jathilan punika anglangut sae. Botên anggumunakên bilih têtingalan ingkang makatên punika wontên ing dhusun laris sangêt, sakêdhap-sakêdhap wontên ingkang nanggap, inggih [ing...]

--- 188 ---

[...gih] amargi saking sae sarta anggumujêngakên. Kacariyos Kyagêng Mangir mirêng pawartos, bilih ing Mangir wontên tiyang ambarang ringgit, sakalangkung sae, lajêng utusan nimbali ingkang sami ambarang. Dalunipun Kyagêng ringgitan. Kathah sangêt tiyang ingkang sami ningali, griyanipun Kyagêng ngantos pêpêt, jêjêl uyêl-uyêlan, saking kathahing tiyang, Kyagêng sadalu botên sagêd sare. Kocapa ingkang sami dados niyaga sampun sami waspada. Gusti Radèn Ajêng Pambayun lênggah cêlak ki dhalang. Sarêng sampun samêkta sadaya, mungêl gêndhing krawitan, ing salajêngipun lajêng wiwit angringgit, dhasar ringgit dhalangipun wasis, pintêr damêl gêgujêngan, anggènipun anglampahakên ringgit prayogi, botên worsuh, anggènipun ginêman tètèh, găngsa katabuh lirih, dados cariyosipun ki dhalang kêpirêng las-lasan cêtha, swaraning kêthuk, kênong, gong, mungal. Swaraning gêndèr ngêpinjal, botên ambarênjul, dhasar panggêndèr pêpilihan. Karoncèn manawi kacariyosakên sadaya.

Kocapa Kyagêng Mangir sarêng sumêrêp sang dyah ayu ingkang lênggah sacêlaking ki dhalang, sangêt kasmaran, pancèn putri ayu linangkung, anglam-lami singa-singa ingkang ningali, enjingipun sarêng ringgit bibar, Kyagêng Mangir takèn dhatêng ki dhalang, têmbungipun: adhi, lare èstri punika sintên. Wangsulanipun ki dhalang: punika anak kula piyambak. Kyagêng wicantên malih: adhi, yèn botên [botê...]

--- 189 ---

[...n] wontên pakèwêdipun, ingkang putra punika badhe kula têdha, dadosa têtimbangan kula. Wangsulanipun ki dhalang: sumăngga sakarsanipun Kyai, kula sukur bingah dene Kyagêng karsa ngukup anak kula punika, namung kemawon panuwun kula, manawi wontên panyuwunipun anak kula èstri dhatêng Kyagêng, mugi wontêna karsanipun Kyai Agêng anglêksanani. Enggaling criyos sang dyah rêtna lajêng kapundhut garwa Kyagêng Mangir, botên nyana pisan-pisan bilih lare èstri punika putranipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram. Lêt sawatawis dintên Radèn Ajêng Pambayun wau mrasajakakên, bilih sliranipun punika putrinipun Sang Panêmbahan, sarta dhawuh dhatêng Kyagêng, supados lajêng samia sowan dhatêng Mataram, caos bêkti ing ngarsanipun ingkang rama. Kyagêng Mangir nayogyani, lajêng sami tindak dhatêng Mataram. Kyagêng botên pisah kalihan wasiyatipun Ki Baru, andhèrèk ingkang garwa. Sarêng badhe sowan lumêbêt ing karaton, Kyagêng dipun pêthukakên kalihan Tumênggung Wiraguna, kaawisan ambêkta wasiyatipun Ki Baru, awit sampun kalêbêt dados anggêring karaton, manawi tiyang sowan ing panjênênganing nata, botên kenging pisan-pisan ambêkta dêdamêl. Ki Baru sarta upacara sanèsipun lajêng katilar wontên ing jawi, ing salajêngipun badhe konjuk ing ngarsanipun Nata Mataram. Dene Kyagêng Mangir tumuntên sowan malêbêt,

--- 190 ---

wasiyatipun katilar. Sasampunipun ingkang garwa sumungkêm ingkang rama, Kyagêng Mangir lajêng gêntos sowan ing ngabyantara nata, badhe sumungkêm dhatêng Sang Panêmbahan. Sarêng Kangjêng Panêmbahan Senapati wuninga Kyagêng Mangir, sakala thukul dukanipun, pasuryan angatirah, jaja bang mawinga-winga, kumêdut padoning lathi, mila sarêng Kyagêng sawêg sumungkêm anguswa pada, lajêng kacêpêng sirahipun kalihan sang nata, kajêblèsakên ing dhampar sela, palênggahanipun sang prabu, dados lan sedanipun. Dene waos Ki Baru lajêng kapundhut dhatêng Kangjêng Panêmbahan Senapati. Ngantos sapriki têrah tumêrah waos wau dados pusaka kraton. Dene sela dhampar palênggahanipun Kangjêng Panêmbahan Mataram wau ing sapunikanipun taksih wontên ing pasar gêdhe. Makatên purwakanipun Kyagêng Mangir kapikut. Sarta waos Ki Baru dados pusaka kraton. Wiwit kala samantên lajêng wontên têtêmbungan: ambujuk Mataram, inggih awit saking dhawuh pangreka dayanipun nata ing Mataram, anggènipun badhe nêlukakên ing Mangir, sarana lampah sandi, ambarang ringgit miwah jathilan.

Dados mirid cariyos ing nginggil punika wontênipun jathilan punika wiwit jaman Panjênênganipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram. Dene bab jathilan punika botên nate kawrat wontên ing sêrat babad bêdhahipun Mangir. Ing sapêngkêripun jaman [ja...]

--- 191 ---

[...man] Mataram, kathah nagari-nagari ing tanah Jawi ingkang sami nembak têtingalan jathilan punika, yèn botên lêpat, kala jaman taun sèwu wolung atusan, kathah para bupati ing tanah Jawi ingkang sami mrêlokakên dhawuh yasa têtingalan punika, prêlunipun kangge têtingalan manawi pinuju garêbêg, sêsarêngan kalihan pangrampogipun sima wontên ing alun-alun, kados ta: kala jumênêngipun ingkang Bupati Radèn Tumênggung Arya Cakranagara ing Purwarêja, ingkang Bupati Radèn Tumênggung Kartanagara ing Karanganyar, ingkang Bupati Radèn Mas Tumênggung Bratadiningrat, ing Madiun, Radèn Mas Tumênggung Cakra Amijaya, Bupati ing Panaraga, Radèn Adipati Mêrtadirja, Bupati ing Banyumas, lan kala jumênêngipun Radèn Tumênggung Arya Kusumadinagara, Bupati ing Pakalongan, punika sami dhawuh dhatêng kănca lurah dhusun, ngwontênakên têtingalan jathilan, tamtu kemawon caranipun têtingalan punika piyambak-piyambak, wujudipun barongan, jaran kepang miwah gangsanipun botên sami, upaminipun: barongan ing Panaraga punika ngangge wulu mêrak, barongan ing Karanganyar botên, tiyang ingkang mawi topèng pênthul ing Kêbumèn kawastanan: pênthul, ing Ngawi anggènipun mastani: bujangganong, jathilan ing Madiun mawi angklung, ing Karanganyar botên, makatên sasaminipun.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, wontên malih cêcriyosan [cêcriyo...]

--- 192 ---

[...san] ingkang mratelakakên bilih wontênipun jathilan punika sampun wiwit kina mila, kala jaman kraton ing Jênggala, Panjênênganipun Prabu Lêmbu Amiluhur. Namung kapêndhêt cêkakanipun, dongèng wau makatên:

Radèn Panji, putra nata ing Jênggala, atilar nagari, amargi tampi dêdukanipun ingkang rama, botên karsa apalakrama kalihan putri ingkang dados karsanipun ingkang rama. Radèn Panji nitih turăngga, tindak sapurug-purug, anasak wanawasa, kadhèrèkakên ing abdinipun sawatawis. Sarêng dumugi ing satêngahing wana, Radèn Panji kêpêthuk sima gembong, saklangkung anggêgirisi, lajêng dhawuh dhatêng abdinipun ingkang sami andhèrèk, nyêpêng sima gembong wau. Sima kenging kacêpêng, lajêng kabêkta. Sarêng ngajêngakên sêrap, Radèn Panji kêpêthuk gêndruwo jalêr èstri, wontên ing wana, gêndruwo wau badhe angalang-alangi tindakipun Radèn Panji, lajêng kadhawahan nyêpêng abdinipun malih. Gêndruwo jalêr èstri nutut kenging kacêpêng, tumuntên kabêkta. Botên antawis dangu Radèn Panji lênggah ngaso wontên ing sangandhapipun kajêng agêng, wontên ing ngriku badhe dipun cucuk pêksi bango thonthong, tujunipun abdi ingkang sami andhèrèk sumêrêp, paksi enggal kacêpêng, inggih lajêng kabêkta malih. Sarêng sampun sawatawis dintên Radèn Panji anggènipun lêlana anjajah wana, tindakipun lajêng [la...]

--- 193 ---

[...jêng] dumugi ing Daha, inggih Kêdhiri. Wontên ing ngriku lajêng kèndêl sawatawis dintên. Kacariyos ratu ing Kêdhiri, jêjulukipun Prabu Jayanagara, punika kagungan putra putri satunggal, ayu linangkung, apêparab: Dèwi Sêkartaji. Dèwi Sêkartaji punika rikala sare supêna, pinanggih tiyang jalêr, bagus, taksih nèm. Sang putri saklangkung kasmaran dhatêng tiyang jalêr ingkang dados supênanipun, mila sarêng wungu lajêng matur bab supênanipun wau dhatêng ingkang rama sang prabu, sarta nyuwun supados ingkang rama dhawuh madosi tiyang jalêr punika, badhe kasuwun dados garwanipun. Manawi tiyang jalêr wau botên sagêd pinanggih, Dèwi Sêkartaji ing salaminipun gêsang botên badhe apalakrama. Sang prabu tumuntên dhawuh madosi tiyang jalêr ingkang dados supênanipun ingkang putra Dèwi Sêkartaji. Enggaling cariyos, tiyang jalêr wau pinanggih, lajêng katimbalan malêbêt, sowan ing ngarsanipun sang prabu, kadangu: nama saha asalipun saking pundi, lan punapa sêdyanipun, dene têka lêlana anjajah wana. Radèn Panji matur purwa madya wasana, sarta ing salajêngipun lajêng kadhaupakên kalihan ingkang putra Dèwi Sêkartaji. Kala dhaupipun Radèn Panji kalihan Dèwi Sêkartaji, sadaya abdi ingkang saking Jênggala miwah sima gembong, gêndruwo, bango thonthong ingkang sami kapikut wontên ing wana, sami kadhawuhan [kadhawuha...]

--- 194 ---

[...n] andhèrèk ngarak dene prêlunipun, kajawi kadamêl pakurmatanipun pangantèn, inggih ugi kadamêl ngatingalakên ing akathah, bilih Panjênênganipun Radèn Panji krama angsal Dèwi Sêkartaji, putri ing Kêdhiri. Sasampunipun dhaup, Radèn Panji miwah ingkang garwa sami tindak dhatêng Jênggala, sowan ing ngarsanipun ingkang rama Prabu Lêmbu Amiluhur. Tindakipun nitih joli, kadhèrèkakên ing abdinipun sadaya, sami numpak kapal, dene sima gembong, gêndruwo, miwah bango thonthong botên kantun. Sarawuhipun ing Jênggala, lajêng sami bojana ăndrawina. Mila ngantos sapriki, pangantèn punika asring dipun arak mawi jathilan, naluri jaman kina-kinanipun, nalika Radèn Panji dhaup kalihan Dèwi Sêkartaji ing Kêdhiri.

Cariyos ing nginggil punika wontên èmpêripun kalihan sêrat Panji, anggitanipun Paduka Tuwan Propesor T. Rurdhah, ingkang kawêdalakên kala taun 1869, ing salajêngipun lajêng kawêdalakên malih dening Paduka Tuwan Dhoktor Y.G.H Guning. Mênggah sêrat Panji ingkang kawêdalakên Paduka Tuwan Dhoktor Guning wau makatên jlèntrèhipun:

Ing Jênggala wontên ingkang jumênêng ratu, jêjuluk Prabu Jayèngrana, punika kagungan putra kakung satunggal, pêparab

--- 195 ---

Kuda Wanèngpati, inggih pêparab: Marabangun, inggih Panji Inu Kartapati, inggih Usadaning Rananggana, Gagak Pranata, Wirèng Luhung, Ki Rawis Rêngga, inggih Klana Jayèngsari. Kuda Wanèngpati wau sampun ginadhang-gadhang badhe kadhaupakên kalihan Dèwi Sêkartaji, putra nata ing Kêdhiri, ananging ing pawingkingipun Kuda Wanèngpati wau botên karsa krama kalihan Dèwi Sêkartaji, amargi lajêng anggarwa Dèwi Angrèni, putranipun Patih Kudanawarsa ing Jênggala. Sang Prabu Jayèngrana sakalangkung duka, dene ingkang putra lajêng mopo, botên karsa dhaup kalihan Dèwi Sêkartaji, ing măngka sang prabu sampun pirêmbag badhe bêbesanan kalihan ingkang rayi Prabu Jayanagara ing Kêdhiri. Saupami ingkang putra lêstantun botên karsa krama kalihan Dèwi Sêkartaji, amasthi andamêl lingsêmipun sang prabu, amargi botên wontên ingatasing panjênênganipun nata dhawah pangandika wongsal-wangsul, ambalenjani janji, mila dipun basakakên: sabda pandhita ratu, botên wontên panjênênganing nata cidra ing ubaya. Mila saking karsanipun ingkang rama, Kuda Wanèngpati dipun rekadaya, murih sagêdipun pêpisahan kalihan Dèwi Angrèni, sarta ing têmbe lajêng sagêd dhaup kalihan Dèwi Sêkartaji. Radèn Panji lajêng kadhawuhan ingkang rama dhatêng ing wana Pamucangan, ngaturi ingkang uwa Kili Suci. Nalika punika sang prabu nimbali ingkang putra Tumênggung Brajanata,

--- 196 ---

badhe kadhawuhan dhatêng kasatriyan, panggenanipun Dèwi Angrèni. Dèwi Angrèni badhe dipun apus krama. Sarêng ingkang putra Tumênggung Brajanata sowan, sang prabu ngandika: putraningsun Brajanata, mulane sira ingsun timbali, iki kagungan manira curiga, sira golèkna warăngka kang bêcik, poma dèn olèh, lamun ora olèha, sira ingsun supatani. Tumênggung Brajanata sampun mangrêtos ingkang dados karsanipun ingkang rama, lajêng enggal tindak dhatêng kasatriyan, ambêkta dhuwung dhapur urub jingga, badhe kadamêl nyidra Dèwi Angrèni. Sarawuhipun ing kasatriyan, Tumênggung Brajanata ngandika: aku tămpa wêlinge lakinira Panji, saiki adhi Mas Panji ana ing Kamal, sira diarêp-arêp bangêt, enggala mênyang Kamal barêng lan aku, sabab lakinira dhimas Panji ora bisa pisah lawas-lawas karo sira. Enggaling cariyos, Dèwi Angrèni lajêng dandos, badhe tindak dhatêng Kamal kalihan Tumênggung Brajanata, kadhèrèkakên êmbanipun, nama Condhong. Sarêng rawuh ing Kamal, Tumênggung Brajanata ngandika makatên: adhi, goroh-goroh apa, satêmêne aku mênyang Kamal iki, didhawuhi karo kangjêng rama nêlasi sliramu, sabab yèn ora mangkono, dhimas Panji mopo, ora gêlêm dhaup karo Dèwi Sêkartaji, iki lo kêrise kang kanggo nêlasi sliramu. Ananging

--- 197 ---

sajatine adhi Angrèni, aku ora wêntala pisan-pisan nêlasi sliramu. Dèwi Angrèni sarêng midhangêt pangandikanipun Tumênggung Brajanata makatên, sangêt anjêtung, dangu kèndêl kemawon, lajêng ngandika makatên: punapa lêpat kula dene sang prabu karsa makatên, manawi sampun dados karsanipun kangjêng rama, kula andhèrèk kemawon, măngsa boronga Gusti Allah. Namung kemawon manawi wontên kalêpatan kula dhatêng Radèn Panji, sampeyan aturakên, kula nyuwun pangapuntên, makatên ugi yèn wontên kalêpatan kula dhatêng sampeyan, mugi sampeyan angapuntên. Sasampunipun makatên, Dèwi Angrèni lajêng ngandika malih: kados punapa rupinipun dhuwung ingkang badhe kadamêl mêjahi kula. Tumênggung Brajanata tumuntên ngunus dhuwung ingkang andikakakên kadamêl mrajaya Dèwi Angrèni. Sarêng Dèwi Angrèni priksa dhuwung ingkang badhe kadamêl nêlasi sliranipun, lajêng dipun byuki, jajanipun butul, dados lan sedanipun, dene êmban Condhong sarêng sumêrêp Dèwi Angrèni seda, lajêng tumut bela, ngêbyuki dhuwung, pêjah wontên ing ngriku.

Tumênggung Brajanata sangêt anggènipun gêgêtun, botên nyana pisan-pisan manawi badhe makatên, măngka anggènipun ngunus dhuwung wau sêdyanipun namung badhe ngatingalakên wujudipun kemawon, margi panyuwunipun Dèwi Angrèni piyambak botên [bo...]

--- 198 ---

[...tên] pisan-pisan badhe kadamêl nêlasi Sang Dèwi. Tumênggung Brajanata lajêng dhawuh dhatêng abdinipun, nama Kêbo Têndhas, nutupi layonipun Dèwi Angrèni sarta jisimipun êmban Condhong mawi ron angsoka. Radèn Panji miwah Prasănta, abdinipun Sang Prabu Jayèngrana, sami madosi Dèwi Angrèni. Wasana Dèwi Angrèni pinanggih sampun seda kalihan êmban Condhong. Sasampunipun layon musna, saking pirêmbagipun Prasănta, Radèn Panji kaaturan nênêlukakên nagari. Radèn Panji lajêng tindak mangetan, nêlukakên nagari Bali, Balambangan, Ngurawan miwah Singasari. Radèn Panji tansah unggul juritipun. Wontên ing Bali amboyong putri nama Dèwi Andayaprana, sasadhèrèkipun jalêr nama Kuda Natpada. Wontên ing Blambangan angsal putri nama Andayasari, sasadhèrèkipun jalêr nama Kuda Nilarsa, wontên ing Ngurawan amboyong putri Dèwi Gêndrasari, dene wontên ing Singasari angsal putri pêparab Dèwi Nawang Wulan.

Kacariyos Prabu Jayanagara ing Kêdhiri kala samantên mêmêngsahan kalihan Prabu Gajah Angun Angun, ing Mataun, ingkang dados jalaraning mêmêngsahan, Prabu Gajah Angun Angun anglamar Dèwi Sêkartaji putranipun Prabu Jayanagara ing Kêdhiri, nanging panglamaripun dipun tampik. Mila saking karsanipun Prabu Gajah Angun Angun, nagari Kêdhiri badhe kadamêl karangabang. [karanga...]

--- 199 ---

[...bang.] Prabu Jayanagara midhangêt pawartos manawi wontên satriya digdaya, nama Panji Kuda Wanèngpati, misuwur sêkti măndraguna, sagêd nêlukakên pintên-pintên nagari. Radèn Panji lajêng katimbalan dhatêng Kêdhiri, dipun pundhuti sanjata pitulung dhatêng Prabu Jayanagara, nêlukakên Prabu Gajah Angun Angun. Bilih sagêd badhe kaganjar ingkang putra Dèwi Sêkartaji. Radèn Panji nayogyani, nglawan mêngsah Prabu Gajah Angun Angun. Prabu Gajah Angun Angun kapupu ing rananggana. Dèwi Sêkartaji tumuntên kaparingakên dhatêng Radèn Panji Kuda Wanèngpati.

Ing Nusa Barong wontên panjênênganipun ratu putri, jêjuluk Amongrêsmi. Sang raja putri wau kagungan rayi, pêparab Kuda Amongsari, punika dèrèng krama. Saking karsanipun ingkang raka sang raja putri, badhe nglamar dhatêng Kêdhiri, botên wuninga bilih Dèwi Sêkartaji sampun kagarwa dhatêng Radèn Panji. Sarêng sang raja putri nglurug dhatêng Kêdhiri, badhe mundhut Dèwi Sêkartaji, dipun pêthukakên kalihan Radèn Panji. Raja Putri Among Rêsmi kapikut, lajêng dipun kunjara. Salêbêtipun mêmêngsahan kalihan Prabu Among Rêsmi, Radèn Panji amboyong putri malih, pêparab Dèwi Wigati, inggih punika ingkang rayi Prabu Among Rêsmi, raja putri ing Nusa Barong. Botên lami Radèn Panji kadhatêngan mêngsah malih saking nagari Nusa Kêncana, [Kênca...]

--- 200 ---

[...na,] jêjuluk Prabu Tunjung Seta. Sang prabu nyupêna pinanggih kalihan Dèwi Sêkartaji, mila sang prabu lajêng tindak dhatêng Kêdhiri. Prabu Tunjung Seta pêrang kalihan Radèn Panji, sang prabu seda wontên ing paprangan, amargi dipun suduk ngangge dhuwungipun Radèn Panji, dhapur kalamisani. Ing sasedanipun Prabu Tunjung Seta, Radèn Panji pinanggih kalihan putri, pêparab Dèwi Angrenaswara. Inggih punika putri titisanipun Dèwi Angrèni. Saking kêparêngipun Bathara Narada, Dèwi Angrenaswara lajêng nitis dhatêng Dèwi Sêkartaji. Saking karsanipun Bathara Narada Dèwi Sêkartaji kaparingan nama: Căndrakirana.

Katrangan:

Ing tanah Jawi Têngah, langkung malih ing tanah kêjawèn: Surakarta lan Ngayogyakarta, kathah tiyang ingkang sagêd nyariyosakên bab bêdhahipun Mangir, ananging bab wau botên wontên ingkang mawi nyriyosakên barangan jathilan dhatêng Mangir. Mila saking pangintên kula, wontênipun jathilan punika bokmanawi sampun wiwit jaman kina mila, mêthik saking lêlampahanipun Panji Kuda Wanèngpati putra nata ing Jênggala, dados kadosdene wontênipun ringgit gêdhog, punika babonipun inggih mêndhêt saking lêlampahanipun Radèn Panji wau.

--- 201 ---

Tata Caranipun Tiyang Mantu ing Tanah Sukawati.

Karanganipun Radèn Tumênggung Sumanagara

Tata Cara wau Kadhapur Ginêman, Sarta Kaangkah Nglugokakên Ginêm Lagu Sukawati

Bêbuka

Sêrat tata cara karanganipun Ki Padmasusastra sampun mratelakakên tata caranipun milujêngi tiyang wawrat, bayi lair, nêtakakên, nyunatakên, mantu, dumugi tiyang ajal, nanging anggènipun mratelakakên tata caranipun tiyang mantu punika sayêktosipun sawêg tata caranipun ingkang kangge para priyayi salêbêtipun nagari tuwin kitha-kitha, sarta tumrap dhatêng têtiyang padhusunan ing tanah Pajang kemawon. Tata cara tiyang mantu ing tanah Sukawati: dèrèng kasêbut.

Kauningana para maos, bawah dalêm nagari Surakarta punika kaperang kalih, ingkang sisih kilèn dipun wastani tanah Pajang, ingkang sisih wetan dipun wastani tanah Sukawati. Wondene ingkang dados watêsipun banawi kalihan lèpèn camara, sakilèn banawi sakiduling lèpèn camara nama tanah Pajang, sawetaning banawi saêlèring lèpèn camara nama tanah Sukawati.

--- 202 ---

Milanipun nama tanah Sukawati, amargi kabêkta ingkang kagungan lênggah kala rumiyin asmanipun Pangeran Sukawati. Kacariyos Pangeran Sukawati makatên wayahipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga nagari Mataram, dêdalêm wontên laladan rêdi Kêndhêng saêlèring banawi, lênggahipun siti watês sawetaning banawi sapangalèr sapangidul ngantos dumugi padhusunan bawah dhistrik Sukaharjo, kabupatèn kutha Surakarta. Dumugi sapriki ing ngriku taksih dipun wastani Sukawati kidul, sarta watês saêlèring lèpèn camara sapangetan sapangilèn.

Kacariyos Pangeran Sukawati punika botên pêputra, sarêng seda lajêng kasarèkakên ing pasitèn gênêng sapinggiring banawi, dipun wastani pasarean Sukawati. Sapunika kalêbêt wêwêngkon kalurahan dhusun Pengkol, bawah ondêr dhistrik Tanon, dhistrik Gêmolong, Kabupatèn Sragèn, dados pêpundhènipun tiyang tanah Sukawati sadaya.

Wêwatêkanipun tiyang Sukawati punika beda kalihan wêwatêkanipun tiyang tanah Pajang. Têtiyang Sukawati kêndêl-kêndêl, pawicantênanipun braok-braok, botên sagêd lirih, manahipun prasaja, manawi kenging prakawis ngècu, begal, mêjahi tiyang, kapriksa ngakên kemawon. Tata caranipun tiyang Sukawati wontên ingkang sami kalihan tata cara tanah Pajang, nanging wontên ugi ingkang nyêbal.

--- 203 ---

1. Dêmang Kartayuda ing Singgih: Bokne, anakmu si Jana kuwe torèhe[2] elingku lagi rong taun iki, kok wis gêdhe têmên, si lèh.

Bok Dêmang: niyat iya: thik. Patahe[3] longgor, sabên ana sindur[4] kudu andêlok wae.

Da: Ih. Dadi wis dhêmên andêlok talèdhèk, ne.

Bda: Iya, iya, tak pênging ambiying wae, jare.

Da: E la nèk ngono bêcik nuli dirabèkake wae, golèka padikan, ta: ngêndi kapenake.

Bda: Jare Dhi Surarêja Jati Têngah duwe anak wadon, umure nêmbêlas taun, bok coba kuwi wae ditêmbung.

Da: Alon dhisik, ta, tak ngundang Si Gunasabda ing Dayu wae, manawa bisa ngrêmbugake.

2. Sanès dintên Dêmang Kartayuda kengkenan ngundang Gunasabda. Sarêng sampun dhatêng lajêng pirêmbagan.

Dêmang Kartayuda: Guna, mulane kowe tak undang mrene arêp tak ajak rêmbugan.

Gunasabda: Rêmbugan napa ta Mas Dêmang.

Da: Anu, anakku Jana kuwe srapate wis duwe karêp mênyang wong wedok. Sirku arêp tak rabèkake wae, jare Dhi Surarêja Jati Têngah duwe anak prawan. Rèhne kowe kêrêp nyongkogi, mênèk kêparêng jodho bok jijal rêmbugna.

--- 204 ---

Gu: Kang Surarêja Bêkêl Jati Têngah ênggih lêrês gadhah prawan, kula êmpun sumêrêp, namine Samiyêm, warnine ênggih sae, kula kok ênggih mriyogèkake, upamine dados besan êmpun timbang, sami cêkape, sami kathah misane.

Da: Kêbone Surarêja pira.

Gu: Nèk tigang amêt mawon ênggih ontên.

Da: Êlo kaya aku ane, kêboku ana têlung amêt sawuwa.[5]

Gu: Yèn ngotên ênggih imbang-imbangan mawon, Mas Dêmang.

Da: La iya ta, Na, rêmbugana, aku măngsabodhoa kowe, priye katrangane kowe enggal kăndhaa.

Gu: ênggih ta: Mas Dêmang, kula sadrêmi lumampah. Coba kula dhodhoge lawange, kula linggihane salune, kula kinange jambe suruhe. Ênggih êmpun ta Mas Dêmang kula kalilan mandhap.

Da: Iya, nyangoni slamêt, muga-muga kacondhongana.

3. Lampahipun Gunasabda dhatêng griyanipun Surarêja Jati Têngah, anggènipun kakèngkèn Dêmang Kartayuda inggih botên kula pratelakakên, amargi sami kemawon kados salimrahing rêmbagipun congkog sanès panggenan.

Dêmang Kartayuda: Padha slamêt, Guna, têkamu kene.

--- 205 ---

Gunasabda: Pangèstu sampeyan ênggih sami wilujêng, Mas Dêmang.

Da: Rada tak arêp-arêp kowe, wis sawatara dina ora muncul-muncul.

Gu: Ênggih Mas Dêmang, kula ênggih pun rumaos dados pêngajêng-ajêng, sababe dangu ontên lare[6] sing botên sakeca.

Da: Anakmu lara apa.

Gu: Sakit bêntèr tis.

Da: O, nèk Sukawati kene wis adade, sabên panèn bêlik iya akèh wong panastis. Nanging ora dadi apa, kiraku mung sabab mangan bêras anyar bae.

Gu: Wos enggal kok damêl sakit niku kêpripun ta, Mas Dêmang.

Da: Sababe pangêpene durung garing wis kêsusu ditutu, rasane enak kuwe apa, ora wêruh gawe sabab panastis.

Gu: E, mêkotên, Mas Dêmang.

Da: Yake lo: Seje gunêm, kapriye apa kowe wis mênyang Jati Têngah.

Gu: Ênggih dèrèng matur mawon, Mas Dêmang, kula sampeyan kèngkèn têng griyane kang Surarêja ênggih êmpun kalampahan. Langite katingal padhang, kontêne mênga.

--- 206 ---

Da: Sokur lah kamdulillah, la kapriye kandhane Surarêja.

Gu: Sajare kang Surarêja priyogine nontoni kriyin.

Da: Iya, iya, ya bêcik mangkono. Bokne, bokne, mrenea, gilo Gunasabda têka.

Bok Dêmang: Padha slamêt bae, Guna, têkamu kene.

Gu: Pangèstu sampeyan, ênggih wilujêng Bok Mas Dêmang.

Da: Bokne, Guna wis kêtêmu Dhi Surarêja, langite padhang, lawange mênga, diprayogakake nontoni dhisik.

Bda: Sokur ta sokur, bêcike suk kapan, Na, olèhe nontoni.

Gu: Măngsaborong krêsane Mas Dêmang kalih sampeyan, benjing punapa, kula bejanane kriyin.

4. Bab nontoni botên prêlu kula pratelakakên, amargi limrah kemawon kados ing sanès panggenan.

Dêmang Kartayuda: Bokne, sarèhne rêmbug arêp anjodhokake anakmu karo anake Dhi Surarêja wis padha condhonge, saiki pikirêp[7] ênggone arêp nêngêri.[8]

Bok Dêmang: La iya ta, nèk ali-ali aku wis duwe rong rakit, jarik kêmbêne iya wis ana, kari angganêpi [angga...]

--- 207 ---

[...nêpi] gêdhang satangkêp, karo kêmbang campur bawur bae.

Da: Sokur ta, nèk ngono suk Kêmis Lêgi wae, kowe ajak-ajaka sanak sadulur sing cêdhak kene, karo tăngga-tanggamu, Ni Gunasabda tak kone bêbeja dhisik.

Bda: Iya.

5. Ing dintên Kêmis Lêgi Dêmang Kartayuda kengkenan nampèkakên paningsêt dhatêng Jati Têngah, dipun iringakên sanak sadhèrèkipun sawatawis, ingkang dados sêsêpuhing lampah Gunasabda. Wondene rêmbag-rêmbagipun kados salimrahipun tiyang nampèkakên paningsêt.

Surarêja: Dhi Gunasabda, pakintune Kangmas Dêmang Kartayuda warni ali-ali kalih sinjang kêmbên paningsête anak kula Samiyêm, ênggih êmpun kula tampèni, dene kêlampahane sanès dintên mawon kula ngaturi katrangan, tanggal wulane. Kêjawi niku, Dhi Guna, niki le, kula gêntos nyukani udhêng kalih sinjang têng putrane Kangmas Dêmang sing nama Jana, kalampahane katampèn, kula borong si adhi, kula mêling mawon: dhi, kula nêdha sêmuwane margi.

Gu: Ênggih Kang, kula sadêrmi ngaturake têng Mas Dêmang. Ênggih sampun ta, kula sadaya sampeyan lilani mandhap.

Su: Ênggih Dhi, kula andhèrèkke wilujêng sadaya kemawon.

--- 208 ---

Dêmang Kartayuda: Padha slamêt kabèh lakumu mênyang Jati Têngah.

Gu: Ênggih, pangèstu sampeyan Mas Dêmang, sami wilujêng sadaya, kula enggal matur, kula sampeyan kèngkèn têng Jati Têngah ênggih êmpun kalampahan, paningsêt êmpun katampèn kalih kang Surarêja, kang Surarêja gêntos ngintuni udhêng kalih sinjang, kalih mêling nêdha sêmuwane margi. Dèntên kêlampahane sanès dintên ngaturi katrangan tanggal wulane.

Da: Bokne, tampanana udhêng karo jarike kuwe, ana bundhêlane apa ora.

Êmbok Dêmang: Kene, Guna, tak tampanane, e, udhênge ana bundhêlane, isi dhuwit satali karo kêmiri papat, karo agêl.

Gu: Têgêse arta satangsul niku nêdha tumbasan bumbu, dhèrèkan niku pasêmoning pringsilan misa, manawi sakawan ênggih mawi misa pêlèn kalih, agêl niku pasêmoning dhadhung.

Da: Iya iya aku wis ngrêti, anjaluk sêmuwane dalan iku nganggoa sasrahan, anjaluk dhuwit tukon bumbu, kêbone loro, ah ah ah, lêga pikirku êmbokne, kari tata-tata wae.

Bda: Aku ya ngono, lêga, têgêse wis gênah, aja sing kêbo loro, êmbok sapuluh iya dak wujudi.

--- 209 ---

6. Surarêja: Bokne, sarèh dene anakmu wis nampani têtêngêr, kudu tata-tata besuk apa kêlakone.

Êmbok Surarêja: Kula tiyang botên wêruh petunging dina, măngsabodho samang tiyang jalêr.

Su: Lo, iya ta, mêsthine sing golèk dina ya aku, mung ênggonmu tata-tata arêp duwe gawe kuwe kira-kira wise miranti pirang sasi êngkas.

Ba, Su: Kintên kula ênggih têlung sasi.

Su: Nèk ngono apa suk sasi Rêjêb.

Ba, Su: La ênggih măngga mawon, lêrês-lêrêse ênggih êmpun mrantos.

Su: Tak nyuwun sêsurupan Mas Bèi Wanapati wae, besuk sasi Rêjêb sing bêcik dina apa.

Ngabèi Wanapati: Kowe Surarêja, esuk-esuk têka ana prêlu apa.

Surarêja: Ênggih dèrèng matur, sowan kula ngaturi priksa, kula badhe ngêntas anak kula Samiyêm, angsal anakipun Kang Mas Dêmang Kartayuda ing Singgih, manawi kajêng kula, Mas Bèi, sagêda kêlampahan benjing wulan Rêjêb. Kula nyuwun barkah, kaparingana katrangan dintên tanggal punapa ingkang sae.

Nga: E, sukur ta arêp mantu, coba tak andêlok primbon [pri...]

--- 210 ---

[...mbon] dhisik, sasi Rêjêb. Êm, kang bêcik dina Sênèn Kliwon tanggal ping patbêlas.

Su: Inggih, inggih prayogi dene pajar surya. Nun sampun, kula kalilana mandhap, sangêt panuwun kula.

Ba, Su: Ênggih kula ênggih ajêng ngundang Nyai Drêma, bok Dipa, tiyang sêpah kathah pangrêtose.

Surarêja: Trunakarya.

Trunakarya: Kula, lurah, wontên dhawuh napa.

Su: Kowe mênyanga omahe Si Kramarêja, Sutarêja, Rêjawikrama, Kramadipa, warahên mêngko bakda ngisa padha tak undang ana prêlune, kowe ambacuta mênyang Dayu kêtêmua Dhi Gunasabda, mêngko bakda ngisa tak arêp-arêp têkaa mrene.

Tru: Ênggih, napa sampun parêng mangkat.

Su: Iya, nuli mangkata.

7. Sontênipun ingkang dipun undang sami dhatêng sadaya, Surarêja suka sumêrêp ênggènipun badhe gadhah damêl mantu, dipun purih manah saprêlunipun, wêkasaning wicantênipun Surarêja makatên: Besanku kuwe wong băndha-bandhu, lakine Si Samiyêm ora ketang mung sêga salèmpèr iya tak bancaki. Botên dangu Gunasabda dhatêng.

Surarêja: Ngriki ngriki, linggih salu ngriki, Dhi Guna.

Gunasabda: Ênggih Kang Lurah.

--- 211 ---

Su: Anu, Dhi, kula êmpun angsal pilihan dintên, damêle Si Samiyêm niku benjing dintên Sênèn Kaliwon tanggal patbêlas wulan Rêjêb, samang criyos, Kangmas Dêmang êmpun ngrujuki napa botên.

Gu: Ênggih priyogi, Kang Lurah, kados êmpun kalêrêsan, manawi wulan Rêjêb sing sae pyambak ênggih tanggal kawan wêlas niku.

Sa: Sokur ta, mupakat padha ngarani sae.

Dêmang Kêrtayuda: Lagi mingkêm bae lèhku ngrasani karo êmbokne thole, mak jêdhul kowe têka, rak ya padha slamêt bae ta, Gunasabda.

Bok Dêmang: Tênan ki, Na, mêntas tak rasani kok wis sawatara suwe ora kenjik-kenjik, mak bêdhêngus saiki têka.

Gunasabda: Ênggih ênggih sami wilujêng mawon, Mas Dêmang, anu, sawêg marlokke ngênèni sabin, sêlak rêbatan kalih pêksi mawon, kok.

Da: Priye sawahmu, kêmêton apa ora.

Gu: Magak, Mas Dêmang, kula kalilana matur, kula dikèngkèn Kang Surarêja manawi Mas Dêmang ngrujuki, damêle putrane niku disuwun kêlampahane benjing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kawan wêlas wulan Rêjêb.

--- 212 ---

Da: Tanggal patbêlas Rêjêb, aku iya rujuk, Na, măngsabodhoa kowe, êmbokne, kowe krungu dhewe gawene anakmu mung kurang têlung sasi kêlakon, măngsabodhoa: lho, karêpku sasrahane anaa judhang sapuluh, jolènê rolas, pikirên isine kang ganêp, aja nganti nguciwani.

Bda: Iya iya, wong wis dikarêpake wae kok.

Da: Na, besuk sing masrahake sasrahan iya kowe.

Gu: Ênggih priyogi, Mas Dêmang.

8. Sarêng têmpuking damêl kantun kirang sawulan, Surarêja lajêng nglêmpakakên sanak sadhèrèkipun ingkang cêlak, kalihan tăngga tangganipun.

Surarêja: Kowe Kramarêja kang katêmpuh tuwa dhewe, kabèh-kabèh aku pasrah marang kowe, măngsabodhoa, nèk bab omah wis ana, pawon, kanggo ênggon wedang iya wis ana, kang kurang rak gêmblangan.[9]

Kramarêja: Inggih namung gêmblangan mawon, tiyang gangsanipun namung bonang agêng sarancak, bonang alit sarancak, slênthêm, saron, panithi, kênong sêtunggil, kêthuk, gong sêtunggil, kêmpul sêtunggil, kêndhang. Damêla griya inggih alit-alitan mawon. Găngsa rak inggih ngangge gangsane pyambak mawon.

--- 213 ---

Su: Iya, nèk panjak[10] wis duwe dhewe, la, sindire sapa, ta, sabisa-bisa miliha kang lagi mugal.[11]

Ka: Manawi pamirêng kula sindir sing sawêg mugal, takêr ing jagan.

Su: Ya kuwe wae panjêrana, la badhude sapa.

Ka: Sintên malih kajawi Jaingga ing Srawung, kalih Sarikrama Prampelan.

Su: La iya padha panjêrana, kêjabane kuwe-kuwe mataha sapa sing kok kongkon marah.[12]

Ka: Inggih, sampun kula manah, kula badhe matah tiyang sakawan.

Su: Rèhne tanpa layang, wêlingku sing cêtha, lo, aja nganti klèru. E la aku kèlingan, Si Lêbda Wicara Putatsèwu prasabênana, bakal tak pasrahi nampani sasrahan.

Ka: Inggih.

Bok Surarêja: Kowe Biyang Soblah, Bok Dipa, Parêja, Trunasana, Patragala, Biyang Gambrèng, Suracêmpa, Patruna, Soblêm, wong sanga padha dakundang, lèhku duwe gawe wis kurang sapasar, kudu kothekan, kowe padha kothekana.

9. Sadaya sami saur pêksi, lajêng wiwit kothekan, sabên nuju kèndêl, sumyak-sumyak gumêr sami gêgujêngan, manahipun [manahi...]

--- 214 ---

[...pun] sênêng, ênggènipun kothekan sontên santun gêndhing.[13]

Nyai Darma: Mas Lurah, dintên Ahad benjing êmbèn niku, rak êmpun wiwit nabuh, ta, dintên niki sampeyan kêdah sade dhawêt sapangaron, wontên nglatar disade têng lare-lare, yatrane wingka krèwèng supados kathah tamune kumruwêt kados dhawêt.

Bok Surarêja: O ênggih, kula pasrah sampeyan mawon, bok, samang gawe dhawêt banjur sampeyan êdol mangsabodhoa kêlakone.

Nya: ênggih.

10. Dintên Jumuah tanggal kaping sawêlas Rêjêb, Surarêja pasang tarub, balungan dêling payon balarak, ingkang dipun tarubi tritising griya ngajêng.

Ing dintên wau gêbyog utawi gêdhèging griya wingking ingkang ngajêng kalihan gêdhèging griya ngajêng ingkang ngajêng sami kabikak, dados griya wingking kalihan griya ngajêng baladhahan tanpa singgêtan gêdhèg.

--- 215 ---

Dintên Sêtu Pon tanggal kaping kalih wêlas, Dêmang Kartayuda ngangkatakên sasrahan. Ingkang wontên ngajêng maesa jalêr kalih, singatipun dipun ênjêti, lajêng jolèn balungan dêling payon dêbog kalih wêlas iji, wangun griya joglo kalihan limasan isi klapa, iyan, ilir sapanunggilanipun, kados ing salimrahing sasrahan, lajêng jodhang sadasa iji isi panggang bucu, jadah jênang, tape, wajik, rêngginang, lèmpèng, pondhoh, kumbu kalihan panganan warni-warni, dipun iringakên tiyang jalêr èstri kathah, wontên ingkang ambêkta sanjata gangsal utawi nêm, samargi-margi dipun ungêlakên gêgêntosan.

Dumugining Jati Têngah pangiring èstri anjujug ing griya wingking, pangiring jalêr wontên ing griya ngajêng, sasrahanipun katata ing latar, Gunasabda ingkang dados sêsêpuhing lampah linggih ajêng-ajêngan kalihan Lêbdawicara ingkang kapatah nampèni sasrahan.

Gunasabda: Amit-amit inggih, ingkang sami pinarak salêbêting sawo sajawining tritis, kula aturi lêrêp saking sakêdhap, kula punika badhe nyêlak[14] wicantên, dhatêng yayi ingkang gadhah griya, sêmrambah sanak prapat têpung ropoh sinambung larèn, punapa sampun dhatêng sadaya punapa dèrèng, rèhne kula nyaosakên tindak kula sapêcak, ambêkan kula sakêjotan, [sa...]

--- 216 ---

[...kêjotan,] kringêt kula sausapan, paningal kula sacleretan, lampah lênggah kula kang kula tata, lênggah saluku mlasa sanginggilipun baturana, sangandhapipun payung agung, lampah kula sinilih raga sinambung lathi, dhapur kautus kang raka besan, kala rumiyin gadhah cancangan, galayangan tan kênaning pêdhot, nagra wora-wari bang, bêndha mèdêm kang dados lampah kula, lir trênggiling, yayi, mulata ngiwa mulata nêngên, ningali sapadhaning trênggiling kok radi supe, gilap mandar ingkêng sami pinarak sanginggilipun baturana sangandhaping payung agung, sintên ingkang priyogi nampèni.

Lêbdawicara: Inggih kula ingkang nampèni, dados pulang dhadha, cêngkah ing baita kêrta wêdana, kêrta ujare gajah, wêdana ujare srati, inggih kula kêng nyratèni lampahe kakang sadintên punika.

Gunasabda: Ênggih ampun kagèt mawon yayi, ningali lampahe raka jêngandika ambêkta bala jalêr sêtri sêpuh kalawan anèm, gêdêbêging manungsa, siriging kuda, gêpraking landheyan, suraking ngampo-ampo, kula wêstani utusan nama gandhèk mantri anèm, lampah kêng saprêkawis, badhe sumêrêp banjar pomahan lan sala prantine pun yayi. Jangkêp kalih prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm, wêrni pêksi kêng madal êpang[15] katura kalih pun yayi. Jangkêp tigang prêkawis,

--- 217 ---

nyaosakên pundhutan dalêm, wêrni tunggul pulaya tracak waja, singat kancana êndhas bongkah mata kumala, ilat enthong kuping ilir gulu dandang wadhuk gênthong, wulu dom ginorèng, buntut dhandhang tinja malam,[16] katura kalih pun yayi. Jangkêp tigang sêkawan prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, wêrni sawung sakêmbaran, katura kalih pun yayi. Jangkêp gangsal prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, wêrni bulus kurawa wêdale saking dharatan[17] katura kalih pun yayi. Jangkêp nêm prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, wêrni bêjimbaran bêjumbaran, gogrog midêg rasa, juru silêm tega pati[18] katura kalih pun yayi. Jangkêp pitung prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, ingkang katur yayi wontên pêngiring pun lêmbu pêthak, cacahipun sadasa gotongan, jlinggring sukunipun, gumandhul wadhukipun, anjêbèbèh laripun, mêcuthata tanpa suthang, mibêra tanpa êlar, pèni-pèni rajapèni banyakdhalang sawunggaling, sampun kumrêbêt, sampun kumrincing, gêlar wênyah wontên pasamuan dalêm, corèng curiga tumbak bêdhil kacungan sanjata[19] wontên awisanipun, salêbêtipun parewana wangsula dhatêng raka jêngandika, sajawinipun parewana malang kajang sumăngga yayi.

Lêbdawicara: Kula kêng nampèni lampahe si kakang kumêjot kumitir ngandhut maras kalawan botên, dene lampahe [lampah...]

--- 218 ---

[...e] si kakang dumrojog tanpa larapan, tiyang sêdhusun ngriki gègère kados gabah diintêri, tiyang anggêntang tilar lêsung saalunipun, tiyang nêdhi tilar ajang sakokohipun, tiyang bêthak tilar dandang sapawonipun, lampahe si kakang kok botên ambucal sêrat saking sasuwir, botên utusan panakawan satunggil, si kakang sadintên punika kenging awisan, mêdal wetan kula pagêri, mêdal kidul kula ropohi, mêdal kilèn kula palangi, mêdal lèr kula borangi, mêdala nginggil kula wêstani pêksi prêkutut, mêdala ngandhap kula wêstani wrêjit orong-orong, mêdalipun kakang saking pundi.

Gunasabda: Pun yayi tanglêt raka jêngandika botên ambucal sêrat sêbab botên gadhah panyarik, botên utusan punakawan sêbab botên gadhah punakawan. Gadhah punakawan sêtunggil kula utus mêndhêt titihan sabuk janur kuda ulês napas, săngga wêdhi gitikan Tuban, kêndhali gitikan Majapahit, apus puranggalawe, cumêthi kula si sada lanang, kula sêblakake tempong kiwa kliru tempong têngên, kula sêblakake tempong têngên kenging pok kuping, mumbul dêl silir-silir amor angin, andungkap wana mêrganala, wana ujare alas, mêrga ujare dalan, lajêng kula gêdhêg madharanipun, kula cêpêng apusipun, anggêndring andungkap nêgari têpsir, sir kula mriki ênggih dhatêng ngriki.

--- 219 ---

Lêbdawicara: Inggih kakang, sadaya-sadaya sampun kula tampèni.

11. Dintên Ngahad Wage enjing ing griyanipun Surarêja, wiwit ngungêlakên găngsa, wiwit ing dintên wau dumugi panggihing pangantèn, kathah tamu jalêr èstri, dhatêng sami nyumbang, wontên ingkang nyumbang arta, uwos, panganan warni jadah, wajik, opak, sapanunggilanipun. Amung manawi wontên ingkang nyumbang maesa utawi lêmbu ingkang nampèni takèn, maesa utawi lêmbu ingkang kasumbangakên punika sukunipun pincang punapa botên, manawi pincang suku ingkang wingking punapa ngajêng. Manawi wangsulanipun ingkang nyumbang sukunipun wingking, têgêsipun nêdha wangsul sampilipun ingkang wingking.

Manawi tamu ingkang dhatêng sadhèrèkipun ingkang awis kapanggih, lajêng sami rêrangkulan utawi sami nangis pating salênggruk, ketang trêsnaning sadhèrèk sampun dangu botên pinanggih.

Ing dintên Ngahad sontên pangantèn jalêr dhatêng, dipun iring sanak sadhèrèkipun, dipun wastani nyantri, pangantèn sapangiringipun lajêng kapapanakên dhatêng pondhokan.

Ing dintên wau Surarêja ngundang tiyang tukang damêl kêmbar mayang, pandamêlipun kapapanakên wontên ing griya ngajêng ingkang ragi kêpering.

Malêm dintên Sênèn jagongan midadarèni, tamunipun tiyang sêpuh-sêpuh, namung lêlinggihan kemawon. Manawi wontên ingkang main, [ma...]

--- 220 ---

[...in,] mainipun sêlikuran, wondene sêgahanipun, kajawi wedang panganan sêkul, ugi kasêgah candu, sanadyan tamu ingkang botên madati inggih kathah lajêng tumut sêretan.

Wanci têngah dalu ingkang gadhah damêl matah tiyang èstri satunggil, tiyang jalêr kalih, tiyang èstri wau anggendhong kadut nyangking payung, kapurih nêbus kêmbar mayang, lajêng murugi dhatêng palinggihanipun ingkang damêl kêmbar mayang.

Kengkenan èstri: Kakang kula takèn dika, ontên swara grêmbyêng-grêmbyêng niki suwarane napa.

Ingkang damêl kêmbar mayang: Suwarane tiyang ngadêgake pêkên.

Ka: Diarani pêkên pundi.

Ha: Pêkên Purwadadi.[20]

Ka: Sing disade napa.

Ha: Sade kêmbang măncawarna.

Ka: Ditumbas napa angsal.

Ha: Angsal mêlih.

Ka: Rêgine pintên.

Ha: Rêgine satak sawe[21] ajêng kangge napa, ta.

Ka: Ajêng kangge dolanan anak kula, kula ênggih ajêng satak sawe, nanging samang têrake.

--- 221 ---

Ha: Lah bok ênggih napaa, janjine disangoni gêndhing kalaganjur.

12. Gangsanipun lajêng mungêl gêndhing kalaganjur, kêmbar mayangipun kabêkta tiyang kalih, lampahipun têtayungan, lajêng kadèkèk sangajênging patanèn.

Wanci lingsir dalu tiyang èstri sêpuh-sêpuh, ingkang olah-olah wontên tiyang sakawan utawi gangsal. Sami malêbêt griya wingking, nêdha mungêlipun gêndhing cangklèk. Lajêng sami ngadêk wontên sangajênging patanèn sêsarêngan anjogèd, dipun wastani bêdhudhukan, jogèdipun ngalètèr pating kêthuwil sasagêd-sagêdipun piyambak. Sasampunipun bêdhudhukan lajêng nyêlaki pangantèn èstri dipun purih ngadêg, dipun payungi, payungipun dipun sawur-sawuri uwos.

Enjingipun pangantèn jalêr kalihan walinipun pangkat dhatêng pangulon utawi kanaiban, dipun wastani munggah haji, kairing tiyang kathah. Pangantènipun numpak kapal katuntun tiyang, panganggning pangantèn: ngangge sinjang sawitan, kulambi cêmêng, udhêngipun katumpangan kacu abrit kalêmpit panjang, lajêng dipun tumpangi tudhung pacul gowang, anggembol kacu, dhuwungipun mawi gombyok sêkar katès, mawi kairing waos satunggal, godhi dipun dèkèki pantun kalihan janur. Wondene ingkang malèni, pundhakipun dipun sampiri sinjang lurik.

--- 222 ---

Wanci ngasar pangantèn dipun panggihakên, pangantèn jalêr mangangge sinjang sawitan, kupingipun mawi sumping janur, tanpa kulambi, pupuran borehan atal, ngangge rimong kacu abrit, dhuwungipun mawi gombyok sêkar katès. Pangantèn èstri mangangge: pupuran borèh atal, gêlungipun malang mawi ganjêl pupus pisang, sêkaripun sêkar katès, ngangge jamang, kalung, gêlang, slepe, kêmbênipun sêkar papasan matêng, sinjangipun lurik abrit. Anggènipun manggihakên wontên tarub ngajêng griya. Lajêng kalêbêtakên dhatêng griya wingking kalinggihakên jèjèr sangajênging patanèn, lajêng dhêngkulan. Dhêngkulan makatên ujung-ujungan, pangantèn ujung dhatêng ingkang kaprênah sêpuh, ingkang dipun ujungi sami nyukani arta. Sasampunipun dhêngkulan sadaya tamu sami bibaran.

Pangantèn jalêr èstri lajêng dhatêng pundhèn, ngubêngi pundhèn wongsal-wangsul, sarta dhatêng kêbon nanêm pisang utawi cikal, lajêng cucul pangangge sami adus.

13. Kacariyos talèdhèk nama Takêr ing Jagan, sasampunipun nampèni panjêr, lajêng suka sumêrêp dhatêng gondhal-gondhalipun,[22] bilih benjing tanggal kaping kawan wêlas badhe katanggap dhatêng Jati Têngah. Ing dintên wau gondhalipun sami dhatêng. Sadaya wontên tiyang gangsal wêlas utawi langkung. Sarêng pêthukanipun kapal sampun dhatêng, Takêr mangkat numpak kapal, ambêkta rencang

--- 223 ---

unthulipun,[23] dipun iringakên gondhalipun sadaya.

Malêmipun Salasa Lêgi ing griyanipun Surarêja, mawi pasamuan malih, tamunipun namung tiyang neneman kemawon.

Wanci jam satêngah pitu sontên sadèrèngipun dandan, talèdhèk Takêr mêdal dhatêng nglatar manggihi gondhalipun sadaya. Sami dipun sukani kinang kalihan sês.

Watawis wanci jam sanga, badhud kalih wiwit dandan, udhêng-udhêngan cara badhud, brêngosan angus mawi lisah. Manawi badhudan makatên gangsanipun mungêl gêndhing ladrang bonggrèk.

Sarampungipun anggèning dandan, gangsanipun santun gêndhing taliwăngsa. Badhud kêkalih sami ngadêg ambêkta colok oncor.

Badhud 1: nyariyosakên sampun dangu anggènipun madosi botên kêpanggih-kêpanggih, sapunika sagêd kêpanggih, mila sangêt bingahipun.

Badhud 2: nyariyosakên, kesah anjajah dhusun milangkori, manggèn ing anu botên kraos, lajêng manggèn ing anu, botên kraos malih, lajêng ngalih malih, makatên sapiturutipun, wusananipun angsal pangengeran, ngèngèr dhatêng Ngabèi Paljaya abdi dalêm badhud ingkang madanani talèdhèk sarta badhud sabawah dalêm nagari Surakarta sadaya, la inggih ngriku punika ingkang dipun kraosi.

--- 224 ---

1. Nyariyosakên anggènipun madosi punika wontên prêlunipun, sayêktosipun dipun kèngkèn Surarêja ing Jati Têngah[24] dipun kèngkèn pados talèdhèk. Sarèhne dèrèng sumêrêp panggenan talèdhèk ingkang sae, nêdha sêsêrêpan dhatêng 2, prayoginipun nanggap talèdhèk ing pundi.

2. Nyagahi badhe dipun suwunakên dhatêng Ngabèi Paljaya kemawon, mêsthi dipun sukani talèdhèk ingkang sae.

14. Talèdhèkipun lajêng ngadêg ambondhan, nyêpêng payung, gêndhingipun cangklèk. Badhudipun inggih ngadêg ngapit-apit sakiwa têngêning talèdhèk ambêkta colok oncor, mirid solah pratingkah sarta suraosing sêsindhènipun, mujudakên wontên tiyang èstri mêntas kemawon gadhah anak,[25] pamanggènipun taksih nunggil sagriya kalihan bapakipun. Sarèhning bapa kalihan bojonipun sangêt malaratipun, tiyang èstri punika kêncêng ngajak nusul biyungipun, ingkang sawêg ngumbara bêbakulan dhatêng Tandhês Grêsik. Badhud ingkang satunggal minăngka bapa, badhud satunggalipun minăngka bojo. Bapa kalihan bojonipun sarèhning rumaos malarat sangêt, wêkasan mituruti sêdya sami nusul dhatêng Tandhês Grêsik, lajêng pangkat. Tiyang èstri wau anggendhong bayi dipun payungi.

--- 225 ---

Wirandhungan lampahipun tansah sêsambat sayah sarta karaos luwe sangêt padharanipun, sarèhning tanpa sêsangon, barang panganggenipun dipun urupakên têtêdhan. Tiyang èstri wau tansah sêsambat mêlas asih. Bapa kalihan bojonipun sami ngêngimur pinurih ingkang sabar tarima. Anggêr mantêp sêdyanipun masthi sagêd dumugi Tandhês Grêsik kapanggih êmbokipun.

Nalikanipun talèdhèk ambondhan, sabên nuju ngajêngakên dhawah gong, payungipun dipun ubêngakên sêsêr ngaling-alingi rai badanipun. Manawi sawêg makatên têtiyang ningali rame sangêt suwaranipun. Wontên ingkang bêngok-bêngok, iya iya kene wae. Wontên ingkang wicantên sêru: tibakna kene wae. Wontên ingkang anjêrit sakayangipun: aja kono, tibakna kene wae, aku gondhalmu ing anu. Nyarêngi dhawahing êgong tanganipun têngên nyêblakakên payungipun manginggil. Tanganipun kiwa ambiyak kêmbên ngatingalakên susunipun sapalih. Suwaranipun tiyang ningali rame gumêrah: alah alah kathik kaya cêngkir gadhing: sinèh, ora larang daktuntunake kêbo, êndhuk. Wontên ingkang lajêng bêngah kados lêmbu, wontên ingkang lajêng ngungêlakên sanjata.

Sabibaring ambondhan, lajêng wiwit nayuban, pangantèn anjogèd rumiyin gêndhing boyong utawi êla-êla, lajêng tamu gêntosan. Limrahipun tiyang Sukawati ingkang dipun rêmêni [rêmê...]

--- 226 ---

[...ni] gêndhing babat kêncêng, dipun wastani sipat anjir, dhêngklung, kagok madura, rangsang Tuban, cangklèk, sumyar, grompol.

Enjingipun pangantèn sarimbit pangkat dhatêng griyanipun Dêmang Kartayuda Singgih, dipun iring tiyang sawatawis, sipêng sadalu. Enjingipun dhatêng griyanipun Surarêja Jati Têngah, sipêng sadalu. Tansah wongsal-wangsul makatên salêbêtipun sapêkên.

Sapêkênipun saking dintên panggihing pangantèn, pangantèn dipun pundhut dhatêng griyaning besan, ugi mawi pasamuan kados ing Jati Têngah.

Tata cara makatên punika taksih lêstantun dumugi sapriki. Amung badhud kalihan talèdhèk ambondhan sampun ical, sapunika manawi wontên tiyang gadhah damêl mawi nayuban, lajêng nayuban kemawon kados ing sanès panggenan.

--- 227 ---

Patilasan Hindhu ing Rêdi Lawu.

Pêthikan Saking Karangan: Dhatêng Sarangan[26]

Jam 1 sasampuning bibar nêdha, wangsul dhatêng Tawangmangu, lampahipun andêdêr sangêt, raosipun saya sêpi, dening sampun prasasat botên kêpêthuk tiyang malih, dumugi inggah-inggahan lèpèn Watês, kula mandhap rumiyin ningali pêpundhèn ingkang wontên sapinggiring margi ngriku, pêpundhèn wau dipun cungkup andhap mawi kontên alit, nglêbêtipun wontên selanipun radi bundêr, miturut cariyosipun tiyang ngriku, punika patilasanipun Kyai Radèn Bancêlana, ingkang cakal bakal ardi Lawu, mila inggih dados pêpundhènipun tiyang ing dhusun Camara Sèwu sarta dados patirakatan agêng, botên tiyang sakiwa têngênipun ing ngriku kemawon, dalasan ing nagari ingkang têbih-têbih ugi sami nyuwun pangèstu, amargi Kyai Radèn wau sampun kaloka yèn agêng sawabipun. Kyai Radèn sakalangkung jail bilih botên dipun aji-aji, mila sadaya tiyang ingkang sami langkung ing ngriku tamtu agêng urmatipun, kados ta: mandhap saking kapal, mundhuk-mundhuk sasaminipun. Wondene wilujêngan ingkang minăngka pamulènipun dhatêng Kyai Radèn wau,

--- 228 ---

namung sabên ing dintên Anggara Kasih Măndhasiya, ing wêktu punika tiyang sadhusun Camara Sèwu sami sêsarêngan sêsaji nyaosi dhahar dhatêng pêpundhènipun, nunggil raos kalihan ing dhusun Pancot.

Sarêng kula sampun dipun cariyosi aluranipun pêpundhèn kasêbut ing nginggil, kula lajêng pitakèn, punapa yêktos gotèkipun tiyang bilih minggah dhatêng ardi Lawu, wiwit dumugi Camara Sèwu kêdah ginêm calêmêdan, sintên ingkang botên makatên saya malih andadonga, tamtu lajêng kalap. Wangsulanipun tiyang ingkang kula pitakèni, cariyosan makatên wau namung ginêm lacut, sabab saking klintunipun tiyang mastani, têtiyang ingkang ugal-ugalan kalacut anggènipun nyêbut asmanipun Kyai Radèn.

Dumugi Găndasuli kula ugi kèndêl, prêlu ningali pêpundhènipun dhusun ngriku, wujud sarta isinipun sami kemawon kados ing Camara Sèwu, namung wilujênganipun kemawon, ingkang dhawah dintên Anggara Kasih Julungwangi, ing ngrika wilujêngan makatên winastan Julungan, kajawi punika cungkupipun botên wontên pinggir margi tur andhap makatên, nanging wontên ing punthuk, kinubêng ing lèpèn alit ingkang toyanipun gumlandhang saha nglangkungi wêning. Sasampunipun ningali sawatawis, lajêng kampir ing griyanipun bêkêl, prêlu ngasokakên kapal, wusana sagêd nyumêrêpi [nyumê...]

--- 229 ---

[...rêpi] barang ingkang kula dèrèng nate sumêrêp, inggih punika sanggar.

Sanggar makatên wujud paga sap kalih, wontên ing salêbêtipun sênthong, mèpèt gêdhèg ingkang wetan majêng mangilèn, sarta tumumpang ing salu, angsang ingkang nginggil wontên: jodhog, bokor kuningan isi pisang satangkêp, têngahipun dipun sukani sêkar rêgulo sawatawis, kêndhi siti tumumpang ing bokor kuningan, bokèt wontên ing gêndul, badhèk sabotol, janèwêr sabotol, dhulang alit isi mênyan, kaca, jungkat, borèh, lisah sundhul langit, dhulang alit malih isi gantèn, dene angsang ingkang ngandhap sêpên, kanggenipun namung manawi nuju pasamuan Julungan. Kangge wadhah sajèn ingkang dipun punjungakên pêpundhèn ing ngriku, ingkang dêdunung wontên ing cungkup kasbut nginggil, pêparap Kyai Sănta, dene sênthongipun wau kasinggêtakên pojoking griya ingkang sisih kidul wetan, saha kala samantên ing nglêbêtipun langse mori pêthak.

Miturut cariyosipun bêkêl, tiyang ing dhusun Găndasuli ngriku punika, botên gadhah wilujêngan rasulan, sarta botên anglêluri dhatêng dintên malêm Jumungah, ingkang kangge agêng ing dintên Anggara Kasih, langkung malih manawi pinuju wuku Julungwangi, sadaya narakarya sami ambêkta ambênganipun piyambak-piyambak dhatêng [dha...]

--- 230 ---

[...têng] griyanipun bêkêl, ingkang kapunjungakên dhatêng Kyai Sănta wontên ing sanggar ngriku, ingkang salajêngipun dipun kêpang, sasampunipun dipun ujubakên dening sadu. Wondene ujubipun wau namung cara Jawi walaka, sarta botên dipun dongani Arab babar pisan. Ing têmbe manawi kula nuju sêla malih, bab punika badhe kula panjangakên.

Ing Sêrat Cênthini ugi sampun wontên ingkang ngêwrat kawontênanipun dhusun-dhusun ing talatah ardi Lawu, malah ngantos wontên raosipun, bilih ing ngriku punika taksih kadunungan agami Buda, nanging kuciwanipun ingkang kapratelakakên, namung bantahipun Sèh Amungraga kalihan Ajar Wrêgasana, bab gêsangipun pawukon sarta sangat-sangat, botên anyariyosakên tata cara sanès-sanèsipun.

Sarêng kapal kula sampun ngaso, lajêng bidhal malih lampahipun mandhap sangêt, angeringakên ardi Kukusan. Margi ingkang badhe dipun lampahi katingal anjalarèh pêthak, menggak-menggok anratas ijêming patêgilan kadosdene renda têpining kasmêkan. Lampahing toya-toya ingkang ngoncori patêgilan, pating sarèwèh kasunaran soroting rawi ingkang sampun badhe sumusup agraning ardi Marapi, sakalangkung ambalêrêngi. Lêdhung-lêdhunging wit-witan, lêma-lêmaning tanêman ingkang botên kêkirangan toya, saha ayêming pasêmonipun [pasê...]

--- 231 ---

[...monipun] tiyang tani, mratandhani yèn talatah ngriku punika têtiyangipun sami têntrêm ing gêsangipun, namung kuciwanipun dening sitinipun kirang sae, lêmpung lêmbat sangêt, wêkasanipun sarêng dados margi, manawi dipun langkungi tiyang, kathah balêdugipun ngampak-ampak. Makatên malih, selanipun kathah sangêt ingkang warni-warni umuripun, mratandhani bilih ardi Lawu punika kinanipun ngêdalakên latu.

Miturut warninipun tiyang talatah ing ngriku punika, sami kemawon kalihan băngsa kula Jawi sanès-sanèsipun, punapadene pasang rakiting bale griya tuwin padhukuhan, ugi sami kemawon, namung griyanipun ingkang kathah dhapur sinom utawi kampung, nanging sarèhne sami nglêluri dhatêng gara kasihan, karanipun dhatêng liyan winastan dhusun Buda, namung sarèhne kêmbang lambening tiyang ngriku punika tumrap punapa-punapa: Majapahit, kados ta: wah watu Majapahit, wong ya pundhèn Majapahit, pacul Majapahitan sasaminipun.

Sanajan ing ngriku punika inggilipun dèrèng sapintêna, rajakaya ingkang agêng wontênipun namung kapal, garu luku botên wontên, panggarapipun patêgilan namung sarana pacul, amargi saking cariyosipun, lêmbu wontên ing ngriku punika manawi sampun langkung sawulan tamtu lajêng gingsir,sabab saking botên kuwawi asrêpipun, pamanggih kula piyambak makatên punika [puni...]

--- 232 ---

[...ka] namung saking kirang mangrêtosipun, pasêksènipun tasari punika inggilipun ngantos 6000 kaki, ewadene inggih kathah lêmbunipun, kintên-kintên kemawon sakawit wontên lêmbu ingkang gingsir sapisan lajêng dipun têtêpakên bilih botên kuwawi. Kajawi punika sadaya tiyang ing ngriku mèh têmtu nginang tuwin sisig kadosdene ing Bali.

Jam 6 dumugi ing Blumbang, mandhap saking kapal mampir ngaso wontên griyanipun salah satunggaling bêkêl. Ing ngriku kula ugi ningali sanggaripun, bedanipun namung ing ngriki sajènipun wêwah sampêt[27] sabèsèk, wujud kêmbên saha udhêng bangun tulak, sabuk lurik, tiyang ing ngriku mastani wêdhi ringin, tuwin sinjang polèng, dene ingkang dipun cawisi Radèn Tumêngung Kacanagara, ingkang dêdalêm wontên ing Pringgadani, wiyosanipun wontên Anggara Kasih Măndhasiya, punapadene manggèning sanggar wau wontên ing sênthong kilèn, majêng mangidul sarta botên dipun langse.

Bokmanawi para maos botên mangrêtos, dening ingkang ngadhaton wontên Pringgadani ajêjuluk Radèn Tumênggung Kacanagara. Kauningana, miturut piandêlipun tiyang ing dhusun Balumbang saha Pancot,[28] cikal bakalipun ngriku punika ingkang dêdunung wontên Pringgadani, inggih punika Radèn Gathutkaca, nanging manawi tumrap tiyang ing ngriku, awisan agêng yèn mungêla namanipun [namanipu...]

--- 233 ---

[...n] sajati, kêdah namung nyêbut paparabipun Radèn Tumênggung Kacanagara, Radèn Arya Jayanagara, lan sanès-sanèsipun kemawon, sintên tiyang ingkang purun nrajang nyêbut asmanipun sajati, badhe nampèni pidana tumpês saanak putunipun, utawi kalap. Wondene prênahipun Pringgadani punika saêlèripun dhusun Balumbang, namung kantun watawis 2 pal, nanging marginipun angèl sangêt tur nyêngkrèk dene ancêr-ancêr dalêmipun sang minulya, namung griya cungkup pasagi, kintên-kintên plajênging blandar kalihan pangêrêt kalih mètêr, jawinipun dipun langse mori pêthak, ing nginggil mawi plisir abrit biru, inggih punika ulêsipun Sang Hyang Brama, Wisnu, Siwah, kados kawontênanipun ing Bali, dede bandera Walandi. Pringgadani punika dados patirakatan agêng sangêt.

Sasampunipun ningali sarta omong-omong sawatawis, lajêng pamitan mantuk numpak motor, jam 7 dumugi Tawangmangu wilujêng.

--- 234 ---

Patamanan

Ingkang Nganggit Suhawi

Manawi dipun raosakên isèn-isèning jagad punika kados manut panggraitaning manungsa, upaminipun, manawi tiyang abingah-bingah, sadaya kaanan sami katingal sumèh lan bingar, kosok wangsulipun inggih makatên ugi. Măngka kayêktosaning atur kula punika, cobi mriksanana ing patamanan, ing ngriku sagêd katawis kanthi cêtha ewahing wêwujudan ingkang anggambar panggraitaning manungsa.

Rikala manungsa padhang lêjar ing manah, sadaya isèn-isèning patamanan katingal angrêsêpakên, nênarik dhatêng ayêm guyêming manah. Ing wanci akiring dintên ijêming gêgodhongan sêmburat jêne maya-maya dening sunaring surya ingkang sampun napak agraning ardi, suka asrêp lan ecaning paningal. Sêsêkaranipun ingkang pêthak pating palêtuk, sumêla ing antawising ijêm, lajêng kêcampuran pintên-pintên warnining sêsêkaran, abrit, jêne, biru, wungu, mubyar pating parêlok, mêwahi gêsanging paningal, numusi wêninging panggarjita. Wit-witanipun angrêmbaka, wohipun pating grandhul abrit, ijêm sarta jêne, sumêlap [sumêla...]

--- 235 ---

[...p] ing sasêla-sêlaning godhong, manawi katiyup ing angin lumampah, gêgodhongan piyak, satêmah woh sami sêsenggolan ingkang wingking andhosok ingkang ngajêng, kados sami ngajak sêsarêngan majêng, nyêlaki panggenaning manungsa supados kaundhuha. Wontên malih ingkang adamêl lêganing manah, inggih punika pun mawar dadu, katingal sampun botên sarănta, kasêlak mêmpêng anggènipun badhe angsung pakurmatan dhatêng risang manungsa, saking katêbihan sampun mapagakên gănda sumrêbak arum, lan angebarakên listyaning warni. Kacakrabawa ing gagasan kados-kados pun mawar ajêlih-jêlih mawi swara wêning: dhuh manungsa, botên ical anggèn paduka rêkaos angupakara dhatêng jasat kula. Sumăngga kauninganana saening warni lan aruming gănda kula. Suwawi, ta, enggal, kula nuntên kapêthika kangge pasrèning meja panyêratan.

Sapunika kula ngaturakên kosok wangsulipun, tiyangipun tunggil inggih ingkang kula cariyosakên ing nginggil, nanging anggènipun ngraosakên kawontênaning patamanan ugi tunggil ingkang kasêbut wau, têka gèsèh sangêt kalihan kala samantên. Rêrêngganing taman ingkang sarwa asri botên pisan adamêl sêngsêming manah, malah-malah mêwahi sumpêg lan pêtênging gagasan, anênarik kèngêtan dhatêng anakipun pambajêng ingkang sampun oncat dhatêng jaman kalanggêngan kala ing dintên wingi. Mulat [Mu...]

--- 236 ---

[...lat] sêsêkaran măncawarni dhêdhompolan urut pucuking pang alit ingkang mantiyung ing margi, kèngêtan dhatêng sêkar oncèn ingkang sumampir ing bandhosanipun layoning anak. Sawênèhing wit katingal layu angalêntrih, kabêkta saking bêntèring surya, godhongipun wolak-walik botên tata labêt kasilir ing angin, kacakrabawa kados kalanipun ningali garwa karuna kalara-lara, agêgulung, ngantos wudhar gêgêlungipun adhowal-dhawul, sêsambat anganyut-anyut suka lila kabelakna dhatêng sirnaning manik kumalanipun. Sanalika kuwur raosing galihipun risang nahên kung, anglês anggêgês karănta-rănta, ing satêmah marawayan wêdaling waspa, suwung ing gagasan, ingkang ketang amung putra ingkang kinasih, dene sagêd têmên mêgat trêsna. Dumadakan mengo mangiwa nyarêngi pucanging jambe miyat-miyut katut ing angin, katingal kados bela sungkawa, papahipun mobat-mabit esthanipun pindha asta sarikutan angusapi drêsing waspa. Saya trênyuh raosing galihipun risang nandhang sungkawa, wasana kalepat lumêbêt ing padalêman, ngungkêb-ungkêb nungkêmi guling, raosipun mêtêk, tandhês kandhas ing dhêdhasaring sanubari.

Tuhu têmên bilih kawontênaning alam punika kenging kaanggêp kaca bênggala ingkang saklangkung cêtha. Ing ngriku sok tiyanga sagêd ngungak anyumêrêpi gambar kawujudanipun piyambak-piyambak, [piyambak-piya...]

--- 237 ---

[...mbak,] malah ugi sadaya lêlampahan, obah osiking manah, sagêd kacêtha ngegla wela-wela. Pramila langkung saking prayogi asring mitontonakên badanipun ing salêbêting kaca bênggala wau, murih tansah èngêt dhatêng ing lêlampahanipun, têmahan sagêd pramana dhatêng pilahing awon lan sae.

--- 238 ---

Pasisir Kidul Ing Jaman Rumiyin Tuwin ing Samangke.

Anggitanipun Kusumatmaja

Watawis kalih dasa taun kapêngkêr kula nate dhatêng Ngayogyakarta, lajêng dhatêng sagantên kidul mêdal ing Srandakan. Sawêg sapisan punika kula sumêrêp wujudipun sagantên kidul. Sadèrèngipun kula dumugi sapinggiring sagantên, saking katêbihan kula sampun mirêng gumludhuging alun tanpa kèndêl. Manawi swaranipun sêpur katikêlakên sadasa, dèrèng sami kalihan swaraning alun wau. Marginipun dhatêng pinggiring sagantên anglangkungi pawêdhèn alus. Sarèhne nalika samantên watawis jam kalih wêlas siyang, dados pun wêdhi bêntèripun ngudubilah. Bokmanawi inggih makatên punika bêntèripun sagantên wêdhi ing tanah Aprikah utawi tanah Arab. Suku tansah kicat-kicat kados ngambah blubukan awu ingkang wontên latunipun.

Sarêng sampun dumugi sapinggiring sagantên, kula sumlêngêrên sumêrêp lampahing alun agêgulungan. Warnining toya ing têngah dumugi ing tancêbing langit, biru sêmu ijêm. Sangsaya mangidul sangsaya pêtêng ngantos mèh cêmêng. Dene ing pinggir êlèr

--- 239 ---

umplukipun pêthak mêmplak kados klambu. Gumun kula botên têlas-têlas, dene lampahing toya botên kèndêl-kèndêl, tansah bêbanyakan bêbanjêngan. Panjêluting toya ingkang saking kidul mangalèr têbanipun saking wetan mangilèn watawis satêngah pal arak-arakan kados dipun giring saking kidul. Wontên ingkang lajêng inggil sangêt panjêlutipun, satêmah lajêng dados tipis malêngkung kados opak gulung ngêdalakên umpluk pêthak. Manawi kasawang saking katêbihan makatên, warninipun kados klambu ingkang nglêrêsi dipun lêmberèhakên. Batos kula: gèk sampun pintên taun anggènipun toya ing ngriku molah makatên punika. Tamtunipun sampun pintên-pintên èwu taun. Malah sadèrèngipun Kangjêng Nabi Adam tumitah, sagantên ing ngriku sampun makatên tur sampun lami anggènipun makatên. Bokmanawi ing jaman kina, ing sadèrèngipun sagantên kaêjogan walêd kathah saking lèpèn-lèpèn, polahing toya ngungkuli ing jaman samangke. Kewan-kewan sagantên sarta kewan dharatan pating glidrah agêng-agêng anggêgilani. Manawi kacundhukakên kalihan pangintênipun para ahli bumi, (ingkang kawastanan ing têmbung mănca: gheologên), kewan agêng-agêng jaman kina wau sampun kathah sangêt ingkang sirna margi tumpês. Punapa sababipun tumpês. Sababipun amargi hawaning bumi sangsaya lami sangsaya kathah

--- 240 ---

ewahipun. Kewan-kewan wau lajêng botên sagêd tumangkar, wasananipun lajêng curês.

Mangsuli kawontênanipun sagantên kidul. Ing pasisir kewanipun namung alit-alit kemawon. Tiyang ing ngriku mastani: jingking sarta undur-undur. Kalih pisan pangraos kula bangsaning yuyu utawi kêpithing nanging agêngipun undur-undur watawis namung sakuku jêmpol. Dene jingking ragi agêng, watawis sakukuning jêmpol suku. Kewan-kewan wau plajêngipun rikat sangêt, tur sugih reka. Manawi dipun bujêng ing tiyang, menggak-menggok plajêngipun, lajêng mak slêp malêbêt ing êlèng. Ewa samantên sarèhne manungsa punika sugih reka, inggih sagêd nyêpêngi kewan-kewan wau. Pirantosipun kadosdene sorok nanging botên mawi untu. Garanipun inggih panjang kados garan sorok. Manawi pun jingking nalêsêp dhatêng êlèng, lajêng dipun dulêk mawi driji, dipun pêndhêt, kalêbêtakên ing kêpis. Undur-undur sarta jingking wau manawi ing Parangtritis lajêng dipun gorèng mawi glêpung, kados caranipun tiyang anggorèng urang. Punika kasade ing wande-wande, dados sêsulihipun gorengan urang. Ing pasisir kidul ngriku sasumêrêp kula botên wontên tiyang ingkang ngupados ulam utawi ngupados urang. Baita inggih botên wontên, bokmanawi kuwatos manawi kadamêl onclang dhatêng aluning sagantên.

--- 241 ---

Ing nalika samantên ing pinggiring sagantên taksih wontên tiyang adamêl sarêm. Sapunika pawartosipun dipun awisi. Rekanipun tiyang adamêl sarêm ing pasisir kidul, botên prêlu kula aturakên ing ngriki. Namung ingkang andadosakên gumun kula, dene sapunika têka botên dipun kaparêngakên tiyang-tiyang damêl sarêm ing ngriku. Măngka punika sampun dados padamêlanipun têtiyang ing ngriku, tur sarêming sagantên inggih botên kuwatos badhe têlas. Manawi wana kajagi, botên kaparêng tiyang nêgori wit-witan sakajêng-kajêng, margi wontên ingkang dipun kuwatosakên. Inggih sampun mèmpêr sangêt. Kados ta: kuwatos manawi nyuda kathahing jawah tuwin sumbêr, utawi kuwatos manawi lajêng katêlasan kajêng. Prakawis punika botên kula lajêng-lajêngakên rêmbagipun, sapunika kula badhe nglajêngakên cariyos kula bab anggèn kula kêkesahan wau.

Wangsul kula saking sagantên kidul sampun lingsir kilèn, malampah kemawon. Dumugi ing Srandakan sampun sêrap. Ing ngriku botên wontên griya pasipêngan, sangêt pakèwêd kula. Kula lare gangsal lajêng nêmbung nyipêng ing wande. Ingkang gadhah wande suka. Pasewanipun lare satunggal sadalu . . . sak sèn. Ambèn satunggal calon kangge tilêm lare gangsal, wujuding gêlaran sarta bantal, prayogi botên kula aturakên [atur...]

--- 242 ---

[...akên] kemawon, sabab ragi ngênêg-ênêgi. Bantal tanpa ulês tur sampun dipun angge tiyang sontan-santun. Dados inggih kasingkirakên kemawon. Trimah angglethak mawi lèmèk sarung.

Sarêng badhe nêdha wontên malih pakèwêdipun. Sadaya lawuh sampun têlas, wontênipun namung sêkul thok. Kalêrêsan wontên lare ambêkta ulam lele satunggal, punika kula tumbas, kula purih anggorèng, kula êdum lare gangsal. Dalu botên kacariyos. Enjing kula wangsul dhatêng nagari numpak trèm, wontên ing Ngayogya sawatawis dintên lajêng mantuk.

Lêt sawatawis taun kula dhatêng Ngayogya malih, inggih dhatêng sagantên kidul, ananging botên mêdal ing Srandakan, mêdal ing Parangtritis. Punika yèn saking Srandakan kaprênah wetan. Ing Parangtritis wontên pasiramanipun, toyanipun mancur saking rêdi, dipun tadhahi jêdhing. Ing salèripun Parangtritis wontên pasiramanipun sae, toyanipun bêntèr, namanipun Parangwedang. Pasiraman wau saking pamirêng kula kagungan dalêm, dene ingkang yasa Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkubumi ingkang sampun swargi. Pasangrakitipun sae, sakèmpêr kados ing Sănggariti sacêlaking Batu, bawah Malang. Kaotipun ing Sănggariti dados gadhahanipun Walandi, kilap maskape, kilap Walandi satunggal. Ing Parangwedang kagunganipun Ratu. [Ra...]

--- 243 ---

[...tu.] Têtiyang sintên kemawon kaparêng adus wontên ing ngriku, botên mawi dipun tarip. Punika kamirahanipun panjênênganing ratu. Manawi wontên tiyang ingkang kumêdah-kêdah atur panuwun, mawi cucul, punika dados bêbahanipun juru kunci. Ingkang makatên wau lajêng anuwuhakên panglimbang kula nglangut. Ing jaman kajawèn, saking pamawas kula botên wontên tiyang nêningali punapa-punapa mawi katarik prabeya. Ningali ringgit wacucal, ringgit tiyang, topèng, sapanunggilanipun, punika waragadipun dipun kiyati dhatêng tiyang ingkang nanggap utawi tiyang ingkang mangun suka. Punapa malih manawi ingkang anggêbyagakên băngsa luhur, punika pancèn mligi namung adamêl bingahipun para kawula. Ing jaman samangke inggih taksih wontên ingkang tumindak makatên, anamung ingkang kathah-kathah lajêng tumindak mawi yatra. Malah tiyang mlêbêt dhatêng alun-alun badhe ningali têtingalan pinuju sêkatèn kemawon, mèh kapupu beyanipun. Makatên punika saking cariyosipun sêrat kabar, ada-adanipun komite. Makatên ugi papan padusan sapanunggilanipun, yèn ing jaman rumiyin inggih botên dipun tarip, anamung wujudipun inggih botên sae kados ingkang kacêpêng ing băngsa mănca, ewadene ing jaman samantên tiyang-tiyang inggih sampun trimah, sampun marêm, jalaran sampun nyêkapi kabêtahanipun.

--- 244 ---

Ing pasisir Parangtritis wontên wandenipun marik-marik, botên kados ing Srandakan, sêpên. Malah griya pasipêngan inggih wontên. Yèn kapengin manggèn griya ingkang sae sarta rêsik, inggih kêdah dhatêng griya pamondhokan Walandi, gadhahanipun Tuwan Dhom, bayaranipun ragi mèmpêr. Manawi trimah ingkang nyêkapi kabêtahan kemawon, sagêd angsal mirah, wontên ing griyanipun mandhor ingkang jagi pasiraman wau. Ing pasisir ngriku manawi malêm Jumuwah Kliwon dalah rintênipun, rame sangêt. Kathah têtiyang ingkang sami jiyarah numpak motor bis utawi taksi. Dene anggènipun tilêm saênggèn-ênggèn. Kathah ingkang sami tilêm wontên ing wêdhèn, sakeca, êmpuk, mawi silir-silir. Swaraning alun tanpa kèndêl lajêng kaanggêp gamêlan kemawon. Ing ngriku kathah tiyang ingkang ngupados undur-undur tuwin jingking. Kasade wontên ing wande-wande adhapur gorengan mawi glêpung. Kajawi punika kadhang kala wontên ingkang sade tigan pasiran. Pangupadosipun ing wanci dalu mawi ambêkta dêdamêl. Manawi mrêgoki pasiran ingkang sawêg anglêrêsi nigan, lajêng kababat sukunipun ingkang ngajêng, tamtu lajêng rêkaos anggènipun mlampah, gampil kacêpêng, dados tiyangipun sagêd angsal bathi warni kalih: tigan, sarta pênyu. Ulamipun inggih katêdha.

Margi ingkang saking kitha dhatêng pasisir sampun kathah ingkang dipun

--- 245 ---

aspal, ingkang aspalan sampun mèh dumugi lèpèn Opak. Ing lèpèn ngriku inggih sampun wontên krêtêgipun ingkang kenging kaambah ing motor bis tuwin motor limrah. Anamung manawi têtumpakan langkung ing ngriku mawi beya. Yèn motor limrah, wongsal-wangsul bayaranipun kalih rupiyah, manawi agêng sagêd dumugi saringgit. Krêtêg walu[29] dede kagunganing nagari. Rumiyin têtumpakan mawi katambangakên, kasurung ing tiyang pintên-pintên dasa.

Coba sapunika badhe kula cariyosakên kawontênanipun margi saking kitha dhatêng pasisir kidul kala wolung dasa utawi sangang dasa taun sapriki, namung ingkang mêdal ing Brosot. Kula pêthikakên karangan ingkang dèrèng dipun êcap, têmbungipun ngoko makatên:

Ganti kacarita, Kangjêng[30] karo Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam têdhak mênyang sagara kidul, ananging ora mangidul bênêr, tindake mêngulon mênyang ing Glaèng, sabab ing kana panggonan kang tumrap. Dene pasanggrahane gêdhe ana ing Brosot. Aku andhèrèk, ananging elingku aku nunggang jaran karo abdi akèh. Budhale aku lali, apa nunggang kreta apa jaran, ananging ulihku gênah nunggang jaran.

Kurang sapos karo sagara swarane wus kêrungu, alun pating jalêgur. Anuju lakuku têkan ing panggonan kang towang, bisa [bi...]

--- 246 ---

[...sa] nyawang ênêr marang sagara. Kabênêr pinggir sagara ana gununge cilik. Aku ana saêloring gunung watara saêpos. Pyuring alun kang ana ing sakiduling gunung katon angungkuli gunung mau.

Wayah sore padha budhal saka pondhokan mênyang sagara. Pinggir sagara watara sapal iku wêdhi thok-thok. Wêdhi mau sabab kanginan, andadèkake pating dlarèh, kang sadlarèh wêdhi malela, sadlarèh wêdhi putih. Ana gumuk sawatara, dhuwur gêdhene watara satumpukan pari kang katon ing sawah utawa ing lataring uwong, iku iya wêdhi balaka.

Barêng tutug ing sagara gumunku ora karuwan, dene pinggir sagara mêngkono têka ora ana jurange. Banyune kaya rèpèh bae karo lêmah dharatan. Solahing alune anggumunake, dakpikir kongsi tuwa, aku sida ora mangrêti, dene banyu duwe solah mangkono. Aku banjur nyupêt pikir, iku pancèn kaelokaning kodratollah. Kang dakgumuni bangêt, alun kang nyolah mangkene: banyu sagara kang rada ana ing têmbing êlor katone tanpa sabab, sakala: ngandhêlong jêro, jêrone watara diisèni gunung gêdhe siji lagi kêbak. Kidule iku iya katon tanpa sabab, sakala mandhukul, dhuwure sarta dawane iya sagunung, iku padha mujur mangulon kabèh.

--- 247 ---

Nuli banyu kang ana ing dhuwur manglung mêngalor tumiba watara ing pinggire kang lêdhok mau sing têmbing êlor. Wangune banyu dadi gilig mujur mangulon, nuli gumulung rikat mangalor mênyang pinggir. Barêng kira-kira tutuge ing pinggir kurang saêpal, nuli sajroning giligan mau kang wêkasan kulon lan wetan sok kaya ana isine, katon mandhukul gêdhe. Pandhukul kang kulon parane mangetan, pandhukul kang wetan parane mangulon, banjur tataban ana ing satêngah-têngahing giligan. Kêtatabing pandhukul loro mau bantêr bangêt. Katone: mak pyuk bul. Iya laku iku mêsthine kang katon saka êlore gunung mau. Dene manawa ora ana pandhukul kang saka kulon lan wetan mau, alun lastari gumulung mênyang pinggir angêlêbi pinggir kang dakidaki. Ana manèh kang dakgumuni bangêt. Alun kang gumulung tutug pinggir iku kèh-kèhing lêlakon, sawênèh ana uga, kang barêng gumulunge tiba ngarêpku (watêsing pinggire sagara) kok banjur mumbul êndhèk-êndhèkan, nuli tiba mung mak kêthapyik, trima tutug ing kono bae nuli bali mênyang têngah, ora sida ngêlêbi aku. Sing takerami manèh rikate. Wiwit banyu ngandhêlong samana jêrone, mumbul samana dhuwure, gumulung samana dohe tutug ambyure pisan iku suwene mung watara saprapat mênut, utawa mung luwih sathithik. Polahe

--- 248 ---

kang mangkono iku ora ana lèrène, sarta akèh cacahe. Kene gumulung, kana pêcah, kono mumbul. Ana kang lagi rêgunuk-rêgunuk arêp tataban, ana kang lagi tutug ing pinggir, ana kang lagi budhal manêngah, ana kang lagi ngêndhêlong. Dadi wujude ana kang biru, (iku banyu kang durung molah uwata[31] kang ngêndhêlong sarta kang mumbul), ana kang putih, (iku banyu kang tataban). Dene swarane ana kang kêthapyik, ana kang makjêgrug, ana kang kêmropyak. Kang cêdhak rupane pating janggêlêg sagunung-gunung anakan, ana kang kaya amblong, ana kang sumamburat mumpyar. Kang adoh pating palênik, putih-putih, dhasare biru. Saya adoh manèh rupane kaya langit, sarta katone kaya sangsaya dadi gathuk karo langit.

Sarawuhe kangjêng sarta kabèh mau, ing pinggir sagara wus ana wong kang padha rumanti arêp adus lêlumban ing sagara, siji-sijine padha anggawa ramon, arupa kêdêbok, alu utawa kayu liyane. Barêng wus padha tămpa dhawuh, wong mau padha anggêbyur ing sagara langèn salulupan nganggo ramone. Iku têtingalan dalêm. Wong mau êndi kang arêp kêtrajang alun, amasthi salulup. Sawuse alun kêpungkur, wong mau mancungul.

Kêjaba iku ing pinggir sagara ana kang kêna dadi dolananing bocah. Ana kewan rupane kaya yuyu cilik, ngêlèng ana [a...]

--- 249 ---

[...na] ing wêdhèn pinggir sagara kang dakadêgi mau, jare arane jingking. Sabên alun ngêlêbi ing kono, jingking kaya dikêmbong, mêtu saka ing êlèng. Sabaline alun, pating kêdandap, lakune rikat anggumunake, sarta mubang-mubêng, wangune milih ênggon kang disênêngi. daktubruk arang kêna, sabab lagi daktubruk, saka rikating palayune: aku arang nyandhakake, sarta sanalika sok banjur wus angêlèng. Dadi panggawene êlènge rikate watara mèh padha karo palayune, sabab barêng katon banjur daktubruk, panubrukku upama wus bênêr, aku sok mêksa ora olèh jingking, tanganku ora kêgêpok jingking, sabab jingkinge sanalika: plas, wus malêbu ing wêdhi. dakdêlêng wêdhine wus bolong. Yèn ora mangkono, sasuwene si jingking malayu mubang-mubêng ing sakiwatêngêne sikilku, aku mubang-mubêng arêp nubruk mêksa ora bisa. Barêng daktiti mung katêmu êlènge bae. Ana uga: jingking sasuwene mubang-mubêng, kêpidak ing sikilku kang tansah ngolah-ngalih, awit aku amburu jingking mau. Sanajan jingking mau akèh bangêt, sasore iku aku kaya mung olèh têlu utawa loro. Kira-kira jam nênêm sêprapat sore padha kondur mênyang pêsanggrahan. Aku malaku, sikilku bangêt theyole, sabab ngambah wêdhèn kang kandêl sarta ămba mau.

Esuke kondur mênyang Ngayogya manèh. Aku cêtha nunggang [nung...]

--- 250 ---

[...gang] jaran tundhan kuru luwe. Ing dalan panase ora jamak. Wêdhine kandêl, iyub-iyubane prasasat ora ana babar pisan. Ana asêm cilik-cilik utawa waru arang-arang. Wasana jaranku mopo, prasasat ora bisa malaku. Wayah wus lêbar bêdhug awan, aku wus kaku atiku, awit jaran wus prasasat ora gêlêm lumaku. Aku mudhun saka ing jaran, jaran daktampakake marang kănca kang ora olèh jaran. Aku malaku ijèn, lêmahe kira-kira bisa matêngake dianggo anggèrèng[32] kang gampang matênge. Lakuku tansah satêngah malayu. Anggêr saasêm lèrèn, olèh aub-aub sathithik kang durung kêna diarani eyub. Golèk dalan kang ana sukête bae arang bangêt olèhe. Barêng aku wus kêpanasên kang rumangsaku: aku wus ora bêtah, aku mancolot ing tanggul, kang wangune ana sukête sathithik. Barêng kêtiban sikilku jêbul mak broh. Tanggul mau tibane iya wêdhi kang panase ngungkuli dalan kang dakambah mau. Sikilku mak blês, kêcêbur ing wêdhi panas. Aku mèh rumăngsa ora bisa nguwalake, jalaran panas, sayah, sarta napasku sajake wus ora pati krasan manggon ing ragaku. Saka pitulunging Allah kang Mahaluhur, Mahamulya, Mahakawasa, Mahapriksa, Mahaasih, dakkuwat-kuwatake aku kêlar anjunjung [a...]

--- 251 ---

[...njunjung] sikilku, bisa banjur malayu mênyang sangisoring wit waru cilik. Sanajan aubing waru mau mung sathithik bangêt, awit warune cilik, godhonge arang, sarta pangaubku prasasat isih kapanasan sing bangêt, parandene iku mêksa mitulungi awakku, sabab nyuda rasa kang arêp anglêngêrake, sarta nuntumake sawatara marang napasku kang wus rusuh lakune. Barêng wus suda kabèh rasane sing ora kêpenak mau, aku ambanjurake laku. Ora suwe nuli nyabrang kali, dadi olèh rasa adêm, kacandhak manèh dalan kang asême rada gêdhe lan kêrêp. Wasana salamêt.

Ratan saka ing Brosot mênyang Ngayogya mau wêdhine akèh kang kandêl bangêt, kongsi kareta kang rakitane kore bagus-bagus, bisa kandhêg lakune jalaran saka rodhane amblês ing wêdhi. Mulane manawa ana măngsa têdhakan mangkono iku, êndi dalan kang kandêl bangêt wêdhine, padha dipasangi gêdhèg. Gêdhèg mau wartane saka nèthèl omah-omahe uwong.

Kula jugag samantên pamêthik kula karangan punika prakawis kawontênanipun sagantên kidul. Bab jingking bokmanawi wontên ingkang kirang cêtha, amargi punika cariyos namung kapêndhêt katingalipun sagêbyaran, tur pandamêlipun cariyos sampun ragi êlêt dangu kalihan kalampahanipun.

--- 252 ---

Toya Gêsang utawi Maul Hayat

Anggitanipun Kusumatmaja

Anuju satunggaling dintên ratuning para jim sowan ing ngarsanipun Kangjêng Nabi Suleman Ngalaihi Salam, ngunjukakên maul hayat, dipun wadhahi tuwung bêling dipun lambari lèngsèr kancana. Nalika samantên kangjêng nabi lênggah sinewaka, kaadhêp para raja ingkang sami ngèdhêp ing panjênênganipun. Unjukipun makatên: Gusti, kawula kamipurun angunjukakên, maul hayat ing ngarsa dalêm, kabêkta saking anggèn kawula sumungkêm ing sampeyan dalêm. Sakalangkung anggèn kawula mundhi-mundhi sarira dalêm, sabab kawula sumêrêp, bilih sampeyan dalêm ratu binathara, ngratoni ingkang sarwa kumêlip. Botên namung janma manungsa kemawon ingkang wontên ing sangandhaping pada dalêm, dalah sawarnining sato tuwin lêlêmbat, punapadene angin tuwin jawah, mêndhung sarta kilat, sadaya wontên ing salêbêting pangawasa dalêm. Jagad wetan, jagad kilèn sami suyud angabêkti ing sampeyan dalêm. Isèn-isèning alam donya dalah isèn-isèning alam sonyaruri sadaya kawêngku. Ingkang punika kawula rumaos eman manawi sampeyan dalêm botên [bo...]

--- 253 ---

[...tên] sagêd lastantun angratoni jagad sadaya ngantos ing dintên kiyamat. Eman-eman manawi sampeyan dalêm ngantos anêmahi surud kadosdene limrahipun putra Adam. Kawula dalah rèh-rèhan kawula para jim sadaya rumaos sami bêgja angabdi ing ngarsa dalêm, sabab sami sumêrêp, bilih sampeyan dalêm adil paramarta, wicaksana linangkung, priksa dhatêng samukawis ingkang gaib sarta ingkang lair. Wondene ingkang kawula unjukakên punika maul hayat. Pangajêng-ajêng kawula mugi sampeyan dalêm karsaa ngunjuk toya punika. Kasiyatipun toya gêsang punika makatên: manawi panjênêngan dalêm sampun ngunjuk toya punika, badhe lastantun sugêng ngantos dumugi ing dintên kiyamat. Punapa malih botên badhe ngraosakên gêrah ing salami-laminipun, sarta lastantun ênèm botên, sêpuh.

Makatên unjukipun ratuning jim wau dhatêng Kangjêng Nabi Suleman. Kangjêng Nabi Suleman inggih têrang pamidhangêtipun dhatêng unjuking ratunipun êjim. Sanajan Kangjêng Nabi Suleman saèstu wicaksana linangkung, putus dhatêng saliring kaanan, priksa dhatêng panjing suruping lêlampahan, ewa samantên botên karsa paring wangsulan ing sanalika, katindakakên kanthi musawarah rumiyin. Anggènipun makatên wau inggih kabêkta saking wicaksananipun, sabab priksa: manungsa punika sanajan pinunjula [pi...]

--- 254 ---

[...nunjula] kadospunapa, mêksa dados pencokaning sipat lali sarta klèru.

Kangjêng Nabi Suleman kagungan kawula agung-agung ingkang dados juru ngaturi rêmbag. Kados ta: ratuning para lêlêmbat, ratuning sadaya sato kewan, anama Sang Singaraja, ratuning sadaya băngsa ibêran, anama Sang Garodharaja. Ratuning sadaya sawêr nama Sang Nagaraja. Tuwin sanès-sanèsipun, sami gadhah kalantipan utawi kawruh piyambak-piyambak. Wiwitanipun Kangjêng Nabi Suleman andangu dhatêng Sang Nagaraja: he Nagaraja, kapriye rêmbugira mungguh ature raja jim iku. Bêcik ingsung unjuk, apa ora.

Sang Nagaraja munjuk: gusti, saking pamanggih kawula, kajawi saking karsa dalêm, prayogi sampeyan dalêm ngunjuk maul hayat punika, supados panjênêngan dalêm sagêd sugêng ngantos ing dintên kiyamat. Sampun kathah titahing Pangeran ingkang mrasudi murih sagêd lêpat ing pêjah ngantos dumugi dintên kiyamat, anamung botên sagêd kalêksanan.

Tumuntên Kangjêng Nabi Suleman andangu dhatêng Sang Garodharaja: He Garodharaja kapriye panêmunira mungguh prakara iku.

Sang Garodharaja munjuk: gusti saking pamanggih kula pancèn prayogi sangêt, manawi sampeyan dalêm karsa ngunjuk [ngunju...]

--- 255 ---

[...k] maul hayat punika, supados sagêd sugêng botên mawi nandhang gêrah salami-laminipun, sabab sêsakit punika pancèn mêngsahing badan. Sampun kathah rekadayaning manungsa ingkang nêdya kaangge nêbihakên sêsakit. Anamung saprika-sapriki dèrèng wontên ingkang sagêd manggihakên sarana ingkang kaangge nulak sêsakit. Măngka sêsakit punika, manawi anglêrêsi manggèn ing badan, raosipun botên sakeca. Prakawis punika, sadaya titah inggih sampun sami sumêrêp.

Kangjêng Nabi Suleman lajêng andangu dhatêng Sang Singaraja: He Singaraja, kapriye panêmunira mungguh ature raja jim iku: maul hayat bêcik ingsun unjuk apa ora.

Sang Singaraja ngunjuk: gusti, saking pamanggih kawula inggih prayogi sampeyan dalêm ngunjuk maul hayat, supados sampeyan dalêm wangsul dados ênèm malih, sarta mindhak endah warni dalêm, tur badhe botên sêpuh-sêpuh ngantos dintên kiyamat. Anamung sajatosipun, kawula punika botên patos limpad ing kawruh. Sami-sami bêbujêngan asuku sakawan ingkang dados andhahan kawula, pun landhak punika ingkang limpad sangêt, ngungkuli sêsaminipun bêbujêngan. Ingkang punika mugi wontêna karsa dalêm andangu dhatêng pun landhak.

Kangjêng Nabi Suleman andangu: Si landhak saiki ana ngêndi,

--- 256 ---

dene ora ana katon sewaka ana ing ngarsaningsun.

Singaraja amangsuli: gusti, pun landhak mêmpên wontên ing salêbêting êsongipun.

Kangjêng Nabi Suleman lajêng dhawuh dhatêng kapal titihanipun: he, jaran, mara enggal timbalana si landhak, kerida ing salakunira. Kapal matur sandika sarwi nêmbah, lajêng mundur saking pasewakan, murugi panggenanipun landhak. Sarêng sampun dumugi sangajênging songipun pun landhak lajêng andhawuhakên timbalaning ratu gustinipun makatên: he, landhak aku ngêmban timbalane kangjêng nabi, ratune kutu-kutu walangataga, kowe didhawuhi sowan saiki uga, kerida ing salakuku. Mulane aja klayatan, enggal ayo dakirid.

Landhak amangsuli saking salêbêting êsong: sang kuda, kula katimbalan ing ratu gusti kula yèn ing waktu samangke kula dèrèng sagêd sowan, mênggah konjukipun dhatêng sang prabu, murih botên andadosakên dukanipun, kula sumanggakakên ing sampeyan. Pun kapal botên sagêd amêksa dhatêng pun landhak, lajêng wangsul sowan ing ngarsanipun kangjêng nabi, ngaturakên salampahing dinuta. Sarta anggènipun munjuk, botên dipun kirangi utawi dipun wêwahi. Kangjêng Nabi Suleman duka lajêng dhawuh dhatêng sagawon: he sona, sira ingsun utus, timbalana si landhak, kerida ing salakunira,

--- 257 ---

aja tan ora. Yèn ora gêlêm karananing apik, sira wasesaa. Yèn mêksa băngga rampungana. Sagawon nêmbah lajêng mundur saking pasowanan, lampahipun ngèjèg amurugi panggenanipun pun landhak. Sadumugining sangajêngipun êsonging landhak lajêng jugug anggègès kalihan wicantên mawi sumbar-sumbar makatên: he landhak, aja tambuh, têkaku ing kene iki diutus Kangjêng Nabi Suleman, ratuning masrik magrib, ratuning kang sarwa kumêlip ing ngalam donya, ratuning băngsa lêlêmbut lan băngsa kang gaib-gaib, ratu wicaksana linuwih, adil ora lêlemeran. Aku ngêmban dhawuh animbali kowe kerida ing salakuku. Yèn kowe mogok ora gêlêm sowan, masthi kowe bakal wêruh marang krodhaku. Kêpriye saiki karêpmu, gêlêm sowan krananing apik apa ora.

Pun landhak mirêng wicantênipun sêgawon, manahipun nratab. Enggal-enggal mêdal saking ing êsong lajêng tumut salampahing sagawon. Sadumugining ngarsanipun Kangjêng Nabi Suleman lajêng sujud, sirahipun konjêm ing siti, rumaos ing lêpatipun, botên sagêd kumêcap.

Kangjêng nabi taksih mangku duka, andangu dhatêng Sang Singaraja: he, singa, kêpriye, kok gèsèh karo aturira. Sira matur mratelakake yèn si landhak pinujul ing kalantipan. [ka...]

--- 258 ---

[...lantipan.] Ingsun timbali, nalika kang ingsun utus si jaran, si landhak ora gêlêm têka. Măngka jaran iku padha-padha sato asikil pat, mulya dhewe. Barêng kang ingsun utus si asu, banjur sumrinthil bae. Măngka asu iku padha-padha sato kalêbu asor.

Singaraja lajêng andhawuhakên pangandikanipun Kangjêng Nabi Suleman wau dhatêng pun landhak. Landhak lajêng amangsuli atur dhatêng Sang Singaraja: ki lurah, sangêt kaluhuran dhawuh pangandikanipun kangjêng nabi punika. Anamung mugi andadosakên kawuninganipun ki lurah. Sadaya-sadaya punika wau akanthi wêwaton ingkang êsah. Nalika kula tampi timbalan ingkang kaêmban dhatêng pun kapal, manah kula botên ngêdhap, botên uwas, sabab kula sumêrêp, bilih kapal punika sae sarta burus manahipun, tur têmên. Saatur-atur kula tamtu dipun unjukakên lugu kemawon. Botên dipun wêwahi, botên dipun kirangi. Anamung pun sagawon punika botên makatên. Sagawon punika asor bêbudènipun. Awon manahipun. Kula kuwatos, bokmanawi atur wangsulan kula botên dipun aturakên lugu dhatêng kangjêng nabi. Kula kuwatos bokmanawi anggènipun ngaturakên wau mawi dipun wêwahi utawi dipun kirangi, tamtu sagêd adamêl bêndunipun kangjêng nabi, ingkang tundonipun sagêd adamêl tiwasing badan kula, jalaran [jalar...]

--- 259 ---

[...an] lajêng manggih pidana ingkang kabêkta saking anggènipun ngamandaka utawi damêl-damêlipun sêgawon. Pramila sarêng sagawon andhawuhakên timbalanipun kangjêng nabi, kula lajêng engal-engal sowan.

Kangjêng Nabi Suleman têtela pamidhangêtipun dhatêng wangsulanipun pun landhak dhatêng Sang Rajasinga, lajêng ngandika dhatêng landhak: he, landhak, manira wus miyarsa têrang marang wangsulanira marang Si Singabarong. Ing samêngko ingsun mundhut rêmbugira, kapriye mungguh panêmunira marang ature raja jim iku bab maul hayat kang diunjukake marang ingsun. Apa bêcik ingsun unjuk, apa ora.

Landhak amangsuli atur: gusti, tamtunipun sampeyan dalêm sampun ngawuningani mênggah kasiyatipun maul hayat punika. Manawi sampeyan dalêm ngunjuk maul hayat punika pancèn saèstu badhe botên seda salaminipun, ngantos dintên kiyamat, sarta botên badhe nandhang gêrah ing salami-laminipun. Punika sadaya prakawis ingkang sae-sae. Anamung inggih wontên prakawis ingkang botên sae, ingkang mijil saking kasiyat wau.

Kangjêng nabi andangu: apa alane.

Landhak amangsuli atur: gusti, mênggah botên saenipun makatên. sarèhne sampeyan dalêm sagêd angsal kasiyatipun [kasi...]

--- 260 ---

[...yatipun] maul hayat, tamtu inggih lajêng badhe sagêd sugêng ngantos dintên kiyamat. Anamung garwa dalêm ingkang sampeyan dalêm sihi, badhe ngrumiyini seda. Makatên ugi putra wayah dalêm sarta para abdi dalêm mantri ingkang sampeyan dalêm sihi, inggih sami ngrumiyini sowan ing pangayunanipun Pangeran. Sabên-sabên panjênêngan dalêm badhe asring angraosakên kacuwan ingkang tanpa kêndhat, lajêng karaos kantun anggana wontên ing alam donya. Lah punapa sakecanipun gêsang ingkang makatên punika. Punapa pikantukipun gêsang ingkang miyambaki makatên punika.

Kangjêng Nabi Suleman midhangêtakên atur wangsulanipun landhak ingkang makatên wau sakalangkung rêna panggalihipun. Tuwung ingkang isi toya gêsang lajêng dipun asta, kadhawahakên ing ngarsanipun satêmah pêcah. Toya gêsang amblambang lajêng sirna.

Dumugi samantên cariyos bab awon tuwin saenipun toya gêsang utawi maul hayat, tumrapipun manungsa. Sapunika kula badhe nyariyosakên bab Kangjêng Nabi Suleman, miturut panganggêpipun tiyang Yahudi, tuwin tiyang Nasara sarta tiyang Arab.

Têtiyang Yahudi sami ngangge agami miturut sarak ingkang kaampil dhatêng Kangjêng Nabi Musa kalamullah, awêwaton dhawuhing [dha...]

--- 261 ---

[...wuhing] Pangeran ingkang kasêrat ing papan sela, awujud pêpacak sadasa warni, katurunakên wontên ing rêdi Sinai. Têtiyang Jawi mastani rêdi Tursina. Wondene kitabipun anama Torah utawi Torèt, utawi prajangjeyan lami. Miturut pitajêngipun băngsa Yahudi, wontên ungêl-ungêlan ing pintên-pintên panggenan, ingkang mratelakakên bilih Gusti Allah aparing prajangji, badhe anurunakên nabi agêng, ingkang badhe ngêlun jagad sadaya. Tumurunipun mawi kamulyan ingkang sakalangkung-langkung. Asmanipun kasêbut Mesiyas. Dhawuh prajangji ingkang makatên wau tansah dipun ajêng-ajêng sarta tansah dipun êntosi kalêksananipun.

Sarêng Kangjêng Nabi Suleman jumênêng ratu ing nagari Betal Mukadas utawi Betal Makdis, utawi ing Yerusalem, katawis bilih kawicaksananipun punjul ing apapak, kamulyanipun inggih linangkung. Ing wiwitanipun, băngsa Yahudi ngintên, bilih inggih Kajêng[33] Nabi Suleman punika nabi ingkang dipun jangjèkakên ing Pangeran, inggih ingkang asma: Mesiyas. Kangjêng Nabi Suleman kajawi katawis kawicaksananipun ingkang mrojol ing akêrêp inggih ngarang sêrat pintên-pintên kathahipun sarta awarni-warni, ingkang uwosipun piwulang dhatêng manungsa, langkung-langkung dhatêng băngsa Yahudi. Inggih nganggit sêrat bab kewan-kewan tuwin sapanunggilanipun. Ing alami-lami, [ala...]

--- 262 ---

[...mi-lami,] sarêng Kangjêng Nabi Suleman sampun ngajêngakên seda, paprentahanipun adamêl awratipun băngsa Yahudi, pramila lajêng sami anggraita, bilih kangjêng nabi wau dede Mesiyas ingkang kadhawuhakên Pangeran, ingkang kasêbut ing sêrat Torat wau. Sasedanipun kangjêng nabi, tiyang Yahudi lajêng tuwuh malih pangajêng-ajêngipun dhatêng nabi ingkang asma Mesiyas wau.

Nalika Kangjêng Nabi Ngisa anggêlarakên wêwulang bab panêmbah utawi pangabêkti dhatêng Gusti Allah, botên dipun ajêngi dhatêng têtiyang băngsa Yahudi, sarta botên dipun akên, bilih punika Mesiyas, sabab rawuhipun botên kanthi kamulyan ingkang agung. Prakawis punika botên kula panjang-panjangakên cariyosipun, sabab punika lajêng badhe magêpokan kalihan piyandêl. Makatên ugi sarêng Kangjêng Nabi Muhammad anggêlarakên wêwulang bab panêmbah sarta pangabêkti dhatêng Pangeran, inggih botên dipun pitajêng, sabab saking pangraosipun, taksih dèrèng cocok kalihan pratelan ingkang kawrat ing sêrat prajangjeyan lami. Pramila anggènipun ngajêng-ajêng rawuhipun Sang Mesiyas, lastantun ngantos dumugi sapriki.

Mênggah pangangêpipun băngsa Nasara dhatêng Kangjêng Nabi Suleman: kangjêng nabi namung kaanggêp ratu ingkang wicaksana linangkung, [linang...]

--- 263 ---

[...kung,] sarta mursid, punapa malih mulya sangêt. Malah kanabeyanipun botên (patos) dipun akêni. Sarta kacathêt bab kalintuning tindakipun, anggènipun paring palilah dhatêng sawênèhing garwanipun, anggènipun adamêl griya kadewan, ingkang kaangge papan pamujan garwa wau. Pramila lajêng kadukan ing Pangeran. (Makatên punika piyandêlipun băngsa Nasara) Têdhakipun botên kaparêng ngakên lastantun jumênêng ratu. Anggènipun jumênêng ratu namung sakêdhap. Nagari Palèstinah lajêng pêcah dados kalih.[34] Ingkang sadasa perangan ngratu dhatêng senapatinipun Kangjêng Nabi Suleman. Ingkang kalih perangan dipun ratoni putranipun Kangjêng Nabi Suleman. Prakawis cariyos punika inggih kula jugag samantên kemawon.

Sapunika bab panganggêpipun têtiyang băngsa Arab dhatêng Kangjêng Nabi Suleman. Panganggêp wau lajêng tumular-tular dhatêng têtiyang ing tanah Indhonesiah, ingkang sami sinau agami Islam (têtiyang ngriki kajawi sinau agami Islam, inggih nular bab cêcriyosan utawi dêdongengan bêbêktanipun băngsa Arab wau).

Ingkang rumiyin kula badhe ngaturakên bab panganggêpipun têtiyang Arab, ingkang cocog kalihan panganggêpipun têtiyang Yahudi sarta têtiyang Nasara. Ing ngandhap badhe kula aturakên panganggêp ingkang gèsèh.

--- 264 ---

Têtiyang Arab sarta têtiyang Asia sadaya ingkang sami sinau utawi ngrasuk agami Islam, dalah têtiyang Nusantara utawi Indhonesiah, sarta tiyang Aprika, punapa malih tiyang Eropah, sarta têtiyang Amerikah tuwin tiyang Australiah, ingkang sami sumêrêp dhatêng cêcriyosanipun Kangjêng Nabi Suleman, sampun sami arug sadaya mastani bilih Kangjêng Nabi Suleman pancèn wicaksana linangkung, ngungkuli para ratu ing sajagat rat pramudita. Makatên ugi sami ngakêni gunging kamulyan sarta kaluhuran tuwin kasugihanipun. Cariyos bab raja putri ing Saba, ingkang kawastanan ing têtiyang Malayu: putri Balkis, punika dipun akêni ing nyata utawi têmênipun. Sang raja putri wau anggènipun karaya-raya marak ing ngabyantaranipun Kangjêng Nabi Suleman kabêkta saking anggènipun kapencut mirêng kaluhuranipun, sarta kabêkta saking anggènipun kumawula (cariyos punika kasêbutipun wontên ing dêdongengan ingkang saking tanah Arab, karumpaka sae sangêt, ngungkuli pangrumpakanipun têtiyang Yahudi sarta têtiyang băngsa Nasara). Prakawis ingkang kasêbut ing nginggil punika, panganggêpipun tiyang sajagad sampun sami. Anamung kajawi punika têtiyang Arab gadhah panganggêp bilih Kangjêng Nabi Suleman inggih angratoni sadaya sato kewan, sarta mangrêtos dhatêng basaning sawarnining sato. Sarta angratoni lêlêmbat, angin, [angi...]

--- 265 ---

[...n,] jawah, sarta sadaya ingkang kumêlip ing donya. Dados angratoni sadaya titah utawi makhluk. Sadaya titah ingkang wujud punapa kemawon, pundi ingkang botên purun ngèdhêp dhatêng panjênênganipun, tamtu dipun pêrangi, dipun purih têlukipun, sarta kaprêdi supados sami purun nêmbah ing Allah ingkang sanyata. Salêbêting sêrat Ambiya, sarta sêrat Sèwu Satunggal Dalu, sêrat Kancil, tuwin sêrat Paramayoga, utawi sêrat sanès-sanèsipun, sami nyariyosakên bab luhuring kamulyanipun Kangjêng Nabi Suleman, sarta agênging pangawasanipun. Cuthêl.

--- 266 ---

[...]

--- 267 ---

KAWONTÊNANIPUN PARA PRIYANTUN. INGKANG KARANGANIPUN KALÊBÊT ING SÊRAT PUNIKA.

Sastrawirja. Punika asli saking Ngayogyakarta, samangke dados guru basa jawi ing pamulangan calon guru ing Lembang. Nalika Java Instituut ngêdalakên sayêmbara bab tata krama jawi, Mas Sastrawirja angsal ganjaran angka satunggal.

Dwidjasewaja. Punika asli saking Madiun, tilas guru jawi ing pamulangan calon guru ing Ngayogyakarta, lajêng dados abdi dalêm wontên ing Kasultanan. Salajêngipun dados warganing Rad Kawula manggèn ing Bogor. Buku-buku damêlanipun: Paramasastra jawi, Ngèlmu bumi, Sêrat Gulliver sapanunggilanipun.

Sastra Iswaja. Punika guru ing pamulangan normal ing Madiun. Rumiyin sampun sinau wontên ing Instituut Kats ing Batawi.

Koesoematmadja. Punika sêsinglonipun R. Sasrasoegonda ing Ngayogyakarta. Panjênênganipun tilas guru ing pamulangan calon priyayi sarta pamulangan calon guru. Sanajan sampun pènsiun, taksih tansah marsudi dhatêng basa jawi. Kathah karang-karanganipun ingkang sampun dados cap-capan, kados ta: Joedagama, Carijos kêkesahan dhatêng Riou, Sêkar sataman, Rata pratala, Sakoentala, Mahabharata. Mênawi anjawèkakên buku Wêlandi, misuwur sagêd cèplês suraosipun, inggih punika samangsa wontên ukara Wêlandi ingkang angèl, pandamêlanipun ukara jawi dipun ingar-ingêr ngantos sagêd turut sarta jangkêp. [jang...]

--- 268 ---

[...kêp.] Kajawi punika R. Sasrasoegonda ugi dados juru ngarang ing Poesaka jawi.

Dalil Prawiradihardja. Punika dados guru ing pamulangan normal ing Purwakêrta. Sampun angêdalakên sêrat: Kawruh băngsa India Wetan.

Tuwan Doktor Piso. (Dr. Th. Pigeaud). Punika băngsa Wêlandi mawi sêsêbutan dhoktor babagan basa wetanan, tinanggênah ing kangjêng gupêrmèn damêl bausastra jawi enggal. Sasampunipun nindakakên padamêlan wontên ing Surakarta gangsal taun laminipun, samangke manggèn ing Ngayogyakarta.

R. T. Wedyadiningrat. Punika asli saking Surakarta tur samangke dados dhoktêr ing Kraton Surakarta. Asmanipun alit Dhoktêr Rajiman. Panjênênganipun misuwur ahli nyuraos sêrat ingkang lêbêt-lêbêt. Angsal-angsalan anggènipun nyuraos sêrat ingkang èdi-èdi, kados ta: Mahabharata, Wiwaha, sasaminipun babagan ringgit kêrêp dipun wêdharakên ing akathah, adamêl gawok saha padhangipun para ingkang sami mirêngakên.

R. Ng. Tjitrasêntana. Punika tilas guru pamulangan siswa Mangkunagaran, asli sarta ajalipun wontên ing Mangkunagaran. Punika rêmên marsudi basa jawi, karanganipun ingkang sampun kaêcapakên: Mardi sewaya, Toeladha Sêrat ibêr-ibêr.

Soejoed. Punika tilas guru ing pamulangan Kristên Ing Mojokêrta, lajêng dados juru ngarang wontên ing Bale Pustaka, sarta kapilih dados guru bantu basa jawi ing pamulangan luhur ing kitha Lèiden.

R. Ng. Dutadilaga. Punika asli saking Surakarta, dados abdi dalêm

--- 269 ---

panèwu ing kraton. Rêmên marsudi basa lan kawruh jawi, sagêd andhalang, mila baud sêsorah wontên ngajêngipun tiyang kathah.

Cantrik ing Giri. Punika sêsinglonipun R. Hardjasaputra, manggèn ing Surakarta. Rumiyin dados ass. collecteur opium regie ing Wonogiri. Punika marsudi kawruh agami wêrni-wêrni, langkung-langkung kawruh theosophie. Kalêbêt kathah karanganipun cara jawi: angsal ganjaran angka kalih, nalika wontên sayêmbara bab tata krama jawi.

Soelardi. Punika asli saking Surakarta (Mangkunagaran). Rêmên marsudi basa lan kawruh jawi, pintêr anggambar: dados sagêd nyêthakakên pêpêthan wangunan wetanan, kados ta babathikan, gambar-gambar ing candhi. Karanganipun ingkang sampun mêdal: Sêrat Rijanta, Gêndhing jawi.

S. H. K. Punika sêsinglonipun R. M. Ng. Soemahatmaka, asli saking Surakarta (Mangkunagaran). Panjênênganipun rêmên marsudi piwulang theosophie sarta sampun anjawèkakên Sêrat Bagawadgita.

Inggris. Punika guru basa jawi sarta sampun sinau wontên ing Instituut Kats ing Batawi. Karanganipun sawatawis kêtingal wontên ing kalawêrti Wêlandi "Jawa".

R. T. Soemanagara. Punika asli saking Surakarta, samangke bupati ing Sragèn.

Soehawi. Punika sêsinglonipun Soewanda Hadi Widjana, asli saking Sragèn. Sapunika dados guru basa jawi ing pamulangan calon guru ing Muntilan.

 


ngêrèhakên. (kembali)
§ Têtak, sunat. (kembali)
§ Pancèn. (kembali)
§ Sindir, talèdhèk. (kembali)
§ Cara Sukawati petanganipun maesa sami kalihan petangan pantun, maesa satunggal dipun wastani sagèdhèng, maesa kawan likur dipun wastani saamêt. (kembali)
§ Anakipun. (kembali)
pikirên. (kembali)
§ Mêningsêti. (kembali)
§ Pagongan, panggenan găngsa. (kembali)
10 § Niyaga. (kembali)
11 § Kombul, laris. (kembali)
12 § Ulêm-ulêm. (kembali)
13 § Wondene gêndhing kothekan punika: kutut manggung, ngudang putu, jaran anjojrog, lompong keli, lêmpang, tukar maru, pak blèthu nêgor pring, dhudha anjaluk lawang, banyakan, blandhong, răndha nênun, onang aning, nginthil ngalih, cing cing nak, kupu tarung. (kembali)
14 § nyêla wicantên. (kembali)
15 § uwos. (kembali)
16 § maesa. (kembali)
17 § klapa. (kembali)
18 § iyan ilir enthong irus sapanunggilanipun. (kembali)
19 § jolèn, jodhang saisinipun. (kembali)
20 § Pêkên Suradadi, utawi pêkên Logandhêng. (kembali)
21 § suwang saprapat. (kembali)
22 § rêmênanipun. (kembali)
23 § ajaranipun. (kembali)
24 § ingkang gadhah damêl. (kembali)
25 § bayi. (kembali)
26 § Ingkang nganggit boten kaseboetaken. (kembali)
27 § Krama dhusun = sêmbêt = sampuk (kêmbang Bali). (kembali)
28 § Dhusun kalih wau sampun kasêbut wontên Cênthini. (kembali)
29 wau. (kembali)
30 § Kombul, laris. (kembali)
31 utawa. (kembali)
32 anggorèng. (kembali)
33 Kangjêng. (kembali)
34 kalih wêlas. (kembali)