Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021 (Hlm. 001–199)
1. | Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021 (Hlm. 001–199). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon. |
3. | Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021 (Hlm. 200–398). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
JAVAANSCHE SYNONIEMEN
DOOR
KI PADMASOESASTRA
ALIAS
NGABEHI WIRAPOESTAKA
TE
SOERAKARTA
Semarang Drukkerij en Boekhandel
H. A. Benjamins, Semarang
1912
--- [4] ---
[...]
--- [5] ---
Bêbuka
Anggèn kula ngadani damêl Sêrat Synoniemen = Pathibasa, sarêng kalihan dadosipun Sêrat: Paramabasa, sampun kala ing taun 1883, ananging botên kula wêdal-wêdalakên, namung tansah dados dalancang irisan kemawon, dening katunan budi botên sagêd andungkap dhatêng anggening têmbung satunggal-tunggal ngantos kalampahan kula samantakakên dhatêng Pahêman Radyapustaka, punika ragi wontên bolongipun manah kula sawatawis.
Kadospundi anggèn kula botên matur sakalangkung angèl, kados ta: têmbung sarta, saha, tuwin, lan, bilih, yèn, karo, kalihan, kalayan, kalawan, sabrebedan kados sami kemawon panganggenipun, ananging mokal mênawi ungêlipun sanès, têgês sarta pangagenipun[1] sami. Sampun malih ingkang sanès ungêl yèn samia têgêsipun, sanadyan ingkang tunggil ungêl namung beda pakêcapanipun (bêngok-bêngok kalihan [ka...]
--- 6 ---
[...lihan] bêngak-bêngok), inggih beda têgêsipun. Bêngok-bêngok, sambat nêdha tulung, nanging bêngak-bêngok, dados kosokwangsulipun, botên nêdha tulung malah dipun srêngêni ing tiyang, makatên sapanunggilanipun. Sampun malih têmbung ingkang sanès ungêlipun: samia, ingkang sami ungêlipun namung ewah kêdaling lesan kemawon têgêsipun sanès, punika ingkang anjalari kandhêgipun Sêrat Pathibasa dèrèng kula wêdalakên. Sapunika kula sampun sêpuh, mênawi sêrat wau kêlajêng botên kula wêdalakên, botên sande kêlajêng namung dados dalancang irisan kemawon, punapa botên nama siya-siya, nampik ingkang sampun wontên, madosi ingkang dèrèng wontên. Pamanah kula sae kula wêdalakên, puwungan sawujud-wujudipun, dene wontên têturutanipun tinimbang kalihan botên wontên. Jangkêp sarta sampurnanipun, kula sumanggakakên para marsudi têmbung sapêngkêr kula. Mênggah Sêrat Pathibasa punika nyumêrêpakên panganggening têmbung satunggal-tunggal botên worsuh, kados ta:
--- 7 ---
anggèn kula botên sowan « amargi, jalaran, sabab, awit » kêpambêng pêrlu.
Bilih ngangge sacandhak-candhakipun ingkang dede lênggahipun, nama kirang mapan, dede êmpanipun dipun êmpakakên. Kengingipun wau inggih kenging, nanging groboh (sendhok tèh kangge sendhok sambêl gorèng). Dene ingkang sae kabedakakên panganggenipun, kados ta: anggèn kula botên malêbêt nyêrat (ambathik), amargi sakit wêtêng kula, jalaran nêdha lotis, sabab apa lotis kopangan, awit kula sawêg nyidham.
Botên namung bedaning panganggenipun têmbung kemawon, inggih ugi nyumêrêpakên bedaning têgêsipun têmbung satunggal-tunggal, kados ta:
« kuwasa, wêwênang » kuwasa langkung jêmbar, wêwênang botên patos jêmbar, kados ta: kuwasaning nagara º kabudidayan º sêpurwèh matskapèi. Beda kalihan: wêwênanging bapa marang anak, º abdidalêm jaganagara anglarangi
--- 8 ---
wong nêrak parentah, º kondhèktur anjaluki karcis.
« Mungguh of ingatase » botên sami. Mungguh kangge ing 1e, 2e en 3e pers. enkelvoud, kados ta:
mungguhing aku kowe of Saridin, nanging: ingatase kangge meervoud, kados ta:
ingatase nabi kita º wong aurip º layang anggêr, enz. punapadene malih bedaning panganggenipun têmbung ingkang nunggil suraos, kados ta:
« wakil, sêsulih, êmban, pitaya, awak-awak, jêjênêng » lajêng mawi upami sapêpakipun, kêkathahên mênawi kula pratelakakên sadaya. Sarèhning sakalangkung kathah, murih gampiling pangupadosipun têmbung ingkang dipun kajêngakên, mawi kula urutakên dêntaywanjananipun kadosa tatanipun Bausastra Jawi = Javaansch-woordenboek. Upami badhe mriksani têmbung: jêjênêng, kêdah mriksani: jênêng, ing ngriku lajêng wontên pitêdah Zie wakil [wa...]
--- 9 ---
[...kil], lajêng mriksani: wakil, wusana manggih punapa ingkang dipun kajêngakên, pundi ingkang mathuk kalihan êmpaning têmbungipun, punapa sampun lêrês ngangge têmbung: jêjênêng, punapa sanèsipun.
Mênggah pêrlunipun Sêrat Pathibasa kasamèkakên kalihan sêsêratan Bausastra Jawi (Javaansch-woordenboek T. Roorda), awit bilih botên makatên, panyêratipun têmbung: banyu, banjir, bandhang, badhe pisah panggenanipun, ambingungakên pangupadosipun têmbung ingkang dipun kajêngakên, punapa: bana, punapa: banya, sarta: bana, manggèn wontên ing pundi, punika ingkang ngêkahakên bilih pasanging: na gondhèl, kêdah dipun wontênakên, sarta: na, Na, nya, kaanggêp sami, mila ing Wyakarana Jawi (Grammatika), sami kanamakakên: na, kados ta: na dantya: (na), na murda (Na) sarta na talawya (nya) botên nama: nya.
Surakarta, Dhesèmbêr 1909.
Ki Padmasusastra.
--- 10 ---
[...]
--- 11 ---
-
[Ha]
- Ihanah
- Zie kuwasa 6.
- aor
- Zie rasa 1.
- aèng
- Zie anèh 9.
- aniaya
- Zie siya 2.
- uni
- Apa bedane têmbung: uni, swara lan sabawa, mangkene:
1e uni, manggone ana ing sipat nyawa, kaya ta: unining manuk ngocèh, nanging kêna sinilih tumraping barang, kaya ta: unining gamêlan.
2e swara, manggone ana ing barang, kaya ta: swaraning angin, nanging kêna sinilih tumraping wong, kaya ta: swaraning wong ngoyak maling.
3e sabawa, manggone mung ana ing wong, kaya ta: têka tanpa sabawa.
1e anèh, kang arang anane, kaya ta: pring dhèmpèt, galugu pang, gêdhang tuntut loro, iku ingaran: anèh.
2e elok, kang ora kêna cinakrabawa, kaya ta: -
--- 12 ---
- Lintang ing langit tiba ing Prambanan dadi watu pamor, iku ingaran: elok.
3e lăngka, ora mêngkono, kaya ta: lăngka yèn panyuwunmu diparêngake. Lăngka yèn anakmu bisa anggêntèni lêlakoning maratuwane, dening duwe ipe lanang.
Saya elok alăngka longkanganipun? Zie Wedhatama (= Dw.I. 108-5.)
4e nyalênèh, kêmajon, kaya ta: jarit lurik yuyu sakandhang utawa liwatan, lumrahe kanggo isarat êmban-êmban bayi, iku ginawe kulambi, wong angarani: nyalênèh.
5e mênjila, atèn-atèn, utawa pratingkah nyêbal karo wong akèh, kaya ta: ngadhêp padha ngadhêp, linggihe neje, wong ngarani: mênjila.
6e nglêngkara, pamaido, kaya ta: kandhamu iku nglêngkara, aku ora ngandêl.
« 7e mokal, 8e andupara » ngêmohi, kaya ta: wong ngaku bisa nulak udan, iku ora tinêmu ing nalar, mokal, [mo...] -
--- 13 ---
- [...kal], utawa andupara, arane.
9e aèng, kanggo ngarani barang kang arang anane, kaya ta: barang kuna kang tinêmu ing wong macul ana ing sawah, aèng bangêt, rupane kaya jamang, nanging dudu. - inah
- Zie sarèh 3.
- unandika
- Zie calathu 2.
- ênêk
- Zie ati 1.
- once
- Zie rèntèng 7.
- èncèr
- Zie ajèr 3.
- oncèk
- Zie tugêl.
- èncêp
- Zie lambe, lett. b 2.
- êndi
- têgêse: pitakon, olèh wangsulan pituduh, kaya ta:
« êndi sing kopilih » iki, iku, ika
« kiyi, kuwi » kae
« kiye, kuwe » Zie pitakon, lett. é. - endah
- Zie bêcik 3.
-
--- 14 ---
- 1e anadene, kanggo katranganing sabab, kaya ta:
a. Aku iya bisa mêrlokake têka, anadene (= mung) bok ayumu: ora, durung pati rêncang olèhe mêntas duwe anak.
b. Pajêg saubarampene wis tak sahi kabèh, anadene (= mung) pasumbang durung.
2e apadene, kanggo pamisahing têmbung kang kari dhewe, kaya ta: aku lan kowe apadene pamanamu Si Jadita, padha diarêp-arêp têkane ana ing dina Salasa. en zie sarta 5.
3e apamanèh, kanggo pamisahing barang kang seje băngsa, kaya ta:
abarêng iki aku ngirimake sayuran, kobis boncis, slèdri kapri tuwin kênthang, apamanèh bêras sadhacin. - ana ngomah
- Zie lingga lett. d 16.
- andik
- Zie ulat 9.
- andaka
- a Zie durcara 8. b Zie sanepa 11.
- andika
- Zie calathu 8.
1e andêl, ngandêl, pangandêling ati marang katêmênan, kaya ta: Mas Lurah Atmasuharta kêna diandêl ngrawati dhuwit, [dhu...] -
--- 15 ---
- [...wit], dene Mas Lurah Atmatani kêna diandêl ngrawati ulu pamêtu.
2e pitaya, pangandêling ati marang kawêkêlan, kaya ta: aku pitaya marang pangraksaning bocah. Mitayani dikon tunggu bocah.
3e pracaya, pangandêling ati marang agama, kaya ta: pracaya marang nabi wali, º kayu watu, (pikkong). - andêmênakake
- Zie lingga lett. a 1.
- andagangi
- Zie lingga 11.
- undang
- Zie calathu 3.
- antara
- iku têngah-têngahaning samubarang kang dèn ucapake, sanadyan nuduhake sawijining panggonan kang durung disumurupi, iya bisa, kaya ta: saupama wong Surakarta nuju ana ing Kadhiri ditakoni dununge patamanan Sriwadari, wangsulane mangkene: patamanan Sriwadari punika salèr-kilèning kadhaton, kirang langkung sakêdhik sapal têbihipun, turut margi agêng saking Surakarta dhatêng Samarang, antawisipun pal 1 kalihan 2, manggèn sakiduling margi agêng wau.
-
--- 16 ---
- Wong kang mangêrti marang têmbung, amêsthi pituduh mau wis gambêlang.
Awit saka ananing têmbung: antara, sanadyan gandhènging têmbung iya ana kang dadi antarane, kaya ta: nistha madya utama, têmbunge: madya iya kêna ingaran: antaraning têmbung nistha, lan utama, dene panunggalane manèh kang wis tinêmu kaya ing ngisor iki:
1e êndhèk-dhuwur antarane pidêksa.
2e esuk-sore antarane awan.
3e adhêm-panas antarane mangêt-mangêt.
4e nom-tuwa antarane mêmpêng.
5e katiga-rêndhêng antarane mare.[2]
6e kalah-mênang antarane pur.
7e kêbak-kothong antarane satêngah.
8e sugih-miskin antarane cukup.
9e lanang-wadon antarane wandu.
10e purwa madya wusana antarane (dadi têmbung).
11e mati-urip antarane kalêngêr.
12e gêdhe-cilik antarane sêdhêngan. -
--- 17 ---
- êntas
- Zie măngsa 13.
- mêntas
- Zie măngsa 13.
- untal
- Zie pangan 13.
- intip
- Zie wêruh 17.
- antêng
- Zie ulat 1.
- andhe
- Zie upama.
- ondhe
- Zie sanepa 9. Undha-usuk, sarupaning têmbung kang owah swarane dening raswadi, têgêse beda, (gêdhe-cilik, agal-lêmbut, kasar-alus, akèh-sathithik, enz.) iya iku nelakake gêdhe ciliking barang, tuwin agal lêmbuting budi, apadene kasar alusing pratingkah utawa garapan lan akèh sathithiking wilangan sapêpadhane, kaya ta:
1e a. cuwil, sathithik, b. cuwol, akèh tumraping barang êmpuk, kaya ta: jadah jênang dicuwil, utawa dicuwol, grabah iya kêna diarani: cuwil, dening kêna ing sabab, utawa mrupug, nanging grabah cuwol, ora tumindak. -
--- 18 ---
- 2e a. clili, - pratingkah kaisinan.
« b. clulu, c. clolo » pratingkah kurang ajar: kaya ta: clili-clili mulih dhewe ora sarana diundang.
« Clulu-clulu of clolo-clolo » mlêbu mênyang pungkuran ora kalawan ditimbali.
3e « a. rimpil, sathitik. b. rampal, kabèh » kaya ta: rimpil untune ngarêp dening tipising pasahane, tur mung ginawe nyakot jambe bae. Rampal untune ngarêp papat pisan dening sinotho satrune.
4e « a. krikit, sathithik. b. krakot, akèh » kaya ta: tikus ngrikiti tenong. Bocah ngrakoti jagung.
5e a. klalar, rêrêgêding awak diwêtokake kalawan dariji. b. klêlêr, lakune tuma êndhas. c. klulur, lakune tuma kathok. d. klolor, lakune cacing, ula, sapêpadhane. -
--- 19 ---
- 6e « a. pandhikil. b. pandhukul » tumrap dalan kang ambrênjul.
« c. pandhêkêl, d. pandhokol » tumraping ati sêrik kang ora kêwêtu, kaya ta: mêndhêkêl of mêndhokol atine.
7e « pringkil, b. prongkol » tumrap lêlaraning awak, kaya ta: gulune mringkil (cilik) º mrongkol (gêdhe) nanging: « pringkil, c. prongkal » tumraping barang, kaya ta: gula sapringkil (sathithik) saprongkal (akèh).
8e « a. pêtete, b. pêtoto » ngandhut barang cilik bundêr katon saka ing jaba aran: mêtete, yèn gêdhe aran: mêtoto.
9e « a. pêlik, b. pêlok » mêlik-mêlik kaya lintang, mêlok-mêlok kaya rêmbulan. -
--- 20 ---
- 10e « a. pêngkirig, b. pêngkarag » tumraping manungsa, pêngkorog tumraping khewan, kaya ta: « mêngkirig, mêngkarag » wêdi marang mêmêdi awake murinding utawa nyabe, nanging: mêngkorog, ora wêdi, malah wani, kaya ta: jago arêp tarung mêngkorog wuluning gulune.
11e « a. gripis (sathithik), b. grèpès (akèh) » têgêse: rusaking barang kang wis kanggo lawas, utawa rusak pinangan ing ama, kaya ta: enthonge wis gripis, ora pati kêna ginawe ngimbuhi (apèk) sêga ing cêthing, dene sijine wis grèpès, ora kêna dianggo babarpisan.
12e a. gowang, rimpiling gêgaman. b. gowèng, rimpiling balapêcah. -
--- 21 ---
- 13e « a. glayar, b. gliyêr, c. gluyur, d. gloyor » mêndêm caturane wis angglayar, panone wis anggliyêr, lakune gluyuran, sijine gloyoran.
14e « a. gêmpil, b. gêmpal » rangkane gêmpil kêtanggor ing padhas, padhase nganti gêmpal. - êndhak
- Zie pênging 5.
- undhak
- Zie wuwuh 2.
- êndhèk-dhuwur
- Zie antara 1.
- indhit
- Zie gawa 7.
- êndhas digawe sikil
- Zie tak rewangi 5.
- andhap-asor
- Zie sor 1.
- undhagi
- Zie pintêr 3.
- indhung
- 1e pangindhung, wong kang duwe cangkok palêmahan nyăngga pajêg marang nagara, sarta wênang adol palêmahane yèn ngêbrêgi.
-
--- 22 ---
- 2e magêrsari, omah-omah ana palêmahane wong gêdhe, nyăngga pajêg marang kang duwe palêmahan, anduwèni wêwênang marang karang kitri, nanging ora wênang adol palêmahane yèn ngêbrêgi.
3e nyagak pat, niet cagak, omah-omah ana ing palêmahan kamagêrsarèn (Ngabèi Wirapustaka magêrsarine Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, dimagêrsarèni manèh) nyăngga pajêg marang magêrsari, ora duwe wêwênang marang karang kitri.
4e mondhok, manggon andhêdhumpil ana ing omahe wong sarta ora nyăngga pajêg.
5e nyewa, kang kalaku ing Surakarta mung Lănda Cina, ngênggoni omah kuwasa ngapèki wêtuning têtanduran, nanging ora kêna ngrusak, bayar pasewan sabên sasi, kang nyăngga dhudhuk lumpur kang duwe omah. - undhang
- Zie umbul 2
- injên
- Zie wêruh 16.
- anjing
- 1e sêrêt, wis manjing didudut angèl.
-
--- 23 ---
- 2e « sêsak of sêsêk » ora bisa manjing.
3e sêdhêng, lêbu wêtune ora gampang ora angèl.
4e logro, lêbu wêtune gampang.
5e lobok id. lêbu wêtune luwih gampang sarta kêna sinilih: lobok marang para gêdhe º tuwan. - anjing
- Zie tănja 5 en Zie luwih 2.
Bisa manjing ajur-ajèr, têgêse: ngêmori kapintêran utawa kabisaning liyan. Zie P.M. 1 art. 15. - ênjong
- Zie ugung 4.
- anyir
- Zie rasa 2.
- anyês
- Zie adhêm 3.
- anyêp
- Zie adhêm 2.
- inum
- Zie ma4.
- minum
- Zie ma 4.
- ènthèng
- Zie kothong 15.
- ècèr
- Zie ênga 18.
- êri
- Zie sanepa 10.
-
--- 24 ---
- iri
- Zie kon 3.
- ura
- ura-ura Zie ênga 15.
- ora
- têmbung: ora, mitulungi têmbung kang ora duwe têtimbangan (bisa enz.) sarta surasane dadi kosokbali, kaya ta: têmbung: bisa, yèn didhisiki têmbung: ora, ilang bisane, dadi: ora bisa.
Ora ala, têgêse: bêcik.
Ora bêcik, têgêse: ala.
Mungguh têmbung: ora, mau mung bisa rumakêt ing têmbung: kriya lan kaanan, ora bisa rumakêt ing têmbung: aran, kaya ta:
Ora nangis, ora adus (kriya).
Ora utama, ora pracaya (kaanan).
Nanging: ora baku, ora kautaman (aran) ora tumindak. - irhan
- Zie kuwasa 1.
- ora anggugu
- Zie cupêt 3.
- aran
- Zie jênêng 2.
-
--- 25 ---
- Têmbung: aran, olèh katrangan têmbung: kaanan, kaya ta: sêmbagi kuning, bangku bundêr enz.
- arik
- diorak-arik, Zie ênga 19.
- arus
- Zie ambu 1.
- iris
- Zie tugêl.
- arêp
- Zie măngsa 11.
1e arêp N, badhe K.
2e bakal N, badhe K, maar.
Kula ajêng K, voor 1e pers.
« Sampeyan ajêng W, K, mang ajêng Md, K, » voor 2e pers.
« Têmbung: arêp, kanggo ing tanduk, nanging: bakal, kanggo ing tanggap » kaya ta: aku arêp mangan, º mulih, º turu, º dolan enz.
Nanging: bakal tak (ko, di) pangan.
Apa bedane têmbung: arêp lan bakal, mangkene:
Arêp, kanggo ing prakara kang lagi arêp dilakoni sanalika, [sa…] -
--- 26 ---
- […nalika,] kaya ta: arêp mangan, º dolan, º anjagong, º ambêdhil, enz. nanging:
bakal, kanggo ing prakara kang bakal kalakon ora sanalika, kaya ta: besuk Bêsar aku bakal mantu, bakal dadi priyayi of bakal dadi mantri maar arêp têtêp dadi priyayi of arêp kêpyak dadi mantri.
Besuk Sêtu saksi-saksi bakal kapriksa ing pangadilan, maar:
Saksi-saksi yèn wis ngalumpuk arêp kapriksa.
Bakal, duwe têgês ora padha karo: arêp, kaya ta:
« bakal pangantèn, bakal kulambi » iku ora kêna liniru ing têmbung: arêp.
Arêp, duwe têgês ora kaya ing dhuwur, dadi kosokbalining: êmoh, kaya ta: aku arêp, aku êmoh.
Arêp ora, sapisan, têgês tawa, kaping pindho, têgês nyokurake of nguja. - arum
- Zie ambu 2.
- arum jamban
- Zie sanepa 4.
-
--- 27 ---
- eram
- 1e eram, tumraping lêlakon kang ora kasat mata, kaya ta: eram undhaking kapintêrane wong main komidhi.
2e gêtun, tumrap marang lêlakon kapitunan, kaya ta: gêtun kelangan dhuwit.
3e gumun, tumrap marang lêlakon kang katon, kaya ta: gumun nonton sulapan ngêthok gulu.
4e ngungun, tumrap marang lêlakon kang ora têtêp, kaya ta: Kyai Artadaya maune sugih saiki mlarat, Zie P. M. II 62-21.
5e ebat, ngunguning ati.
6e gawok, - eram. - irib
- mirib Zie kaya 4.
- arang
- en larang Zie samar 29.
- irung
- I. Bêdhahan
1e ambangir, sêdhêngan gêdhene, pucuke lancip. -
--- 28 ---
- 2e nyunthi, irung cilik tinêmu rakit.
3e tèsèk, irung pucuke têmpak.
4e nyêprok, irung ing pucuk gêdhe.
5e grana rungih pindha kancana pinatar, Tjêmp. II 69-73.
6e kaya irunge wong Arab.
II. Tandanging irung Zie ambu. - ering
- Zie watir 16.
- arang-kranjang
- Zie sanepa 3.
- ora ngandêl
- Zie cupêt 2.
- ora nganggo
- Zie tanpa 2.
- iki
- Zie pituduh, lett. a.
- ukur
- Zie duga 13.
- ukara
- Zie têmbung 4.
- adi
- Zie bêcik 4.
- idah
- Zie sarèh 9.
- udur
- Zie calathu 4.
- adat-sabên
- Zie lingga d 14.
- adus
- Zie wisuh 6.
-
--- 29 ---
- adol
- Zie dol 1.
- adol êndhas
- Zie tak rewangi 1.
- adiguna
- Têmbung kang oleh atêr-atêr: ka, panambang: ên, utawa: an, kang têgêse: kurang luwih, ingaran: adiguna, kaya ta:
Kadawan, kacêndhakên.
Apa bedane panambang: an lan: ên, kang padha atêgês adiguna, mangkene:
a. Yèn wanda mênga nganggo panambang: an, yèn wanda sigêg nganggo panambang: ên, iya kaya: kadawan, kacêndhakên, mau.
b. Yèn pratingkah kang lagi dilakoni nganggo panambang: an, kang durung dilakoni nganggo: ên, kaya ta: olèhe anggawa bêras Si Baujaya: kabotan (lagi dilakoni). Yèn bêras sadhacin digawa wong siji: kabotên (durung dilakoni). - ati (nistha)
- 1e anggragas, tansah mêmangan apa barang kang tinêmu, sanadyan nêmu balimbing mêntah sêpêt rasane, iya dipangan.
-
--- 30 ---
- 2e anggrangsang, kêrêp mêmangan sarta tansah kurang, ora ana marêm-marême.
3e ngăngsa, tansah nuruti luamahe, sanadyan dudu duwèke iya dijupuk banjur dipangan.
4e rakus, rusuh apa barang kang pinangan, sambêl gorèng winor ing jangan ladha.
5e angglathak, mêmangan kang ora kêna pinangan kalawan gampang, kaya ta: mangan intip băngka, têmahan lara untune.
6e cluthak, tumraping asu andêdilat, yèn tinumrapake ing manungsa dadi têmbung Ks.
7e crêbak, ora ana pangan kang tinampik, apa-apa doyan.
8e dêlap, yèn ana wong mêmangan nêmbung anjaluk. - ati (rasa)
- 1e ênêk, andêlêng utah-utahane wong mêndêm.
2e jiji, andêlêng Cina mangan iwak babi.
3e risi, nganggo sandhangan isih malêm.
4e jinja, ngambah panggonane wong ala.
5e grisinên, wong lagi botohan dijaluki mujur pamênange. -
--- 31 ---
- ati (rusak)
- 1e gorèh atine, tininggal ing bedhang anyar.
2e kuwur atine, nyambut gawe diregoni.
3e bingung atine, arêp duwe gawe kêkurangan wragad.
4e gugup atine, karawuhan dhêdhuwurane ora diparingi sumurup dhisik.
5e dhêg-dhêgan atine, digledhah pulisi tinarka kanggonan barang pêtêng.
6e « trataban of tab-taban » atine, anake arêp kêcêgur sumur: wurung, kêtututan ditulungi tanggane.
7e « sumêlang of mêlang-mêlang » atine, kongkonan bocah anggawa dhuwit suwe ora têka, nyana yèn diapusi bajingan ana ing dalan.
8e kumêpyur atine, nunggang prau sarat arêp kèrêm: wurung.
9e samar atine, nguwot galugu tanpa lantaran.
10e gumyur atine, barange êntèk kêkecon.
11e moyar atine, kêrêp kasripahan, têgêse: -
--- 32 ---
- moyar (= buyar) atine ora bisa têntrêm.
12e kisruh atine, lagi anggunggung petungan dhuwit krungu wong padu.
13e giris atine, andêlêng mungsuh tanpa wilangan.
14e maras atine, akèh wong mati pagêblug.
15e kuwatir atine, yèn tiba, nguwot galugu tanpa lantaran. - ati (susah)
- 1e susah atine dening mlarat.
2e sêdhih atine dening kasripahan.
3e prihatin atine dening ora dadi priyayi.
4e ngênês atine dening kêrêp kêsandhung ing bêbaya.
5e « rudatin of rudah atian[3] » = Kw. susah Zie P. M. II, art. 66. - ati (watêk)
- 1e alim, arang nêpsu, kosokbaline: kêrêng, kêrêp nêpsu.
-
--- 33 ---
- 2e imul, gêlêm disrêngêni. Laran atèn, suthik disrêngêni.
3e kêndho, têntrêm atine, narima sasêlot-sêlote. Kêncêng (kêras) muntab atine, daya-daya kêlakon karêpe.
4e sabar, angèl nêpsune. Brangasan, gampang nêpsune.
5e lêmbah manah, sarèh atine. Cugêtan atèn, ora sarèh, sabên kêcênthok ing basa sathithik bae banjur nêpsu.
6e lêmbut budine, bisa simpên wadi. Kasar budine, ora bisa simpên wadi.
7e lumrah, dêduwe dijaluk awèh.
8e jail, dhêmên gawe piala murih bilaining liyan.
9e muthakil, sugih akal kang murih kauntungane dhewe, gawe pitunaning liyan.
10e drêngki, mèri marang kabêgjaning liyan, gawe sandi-upaya kang murih bilai.
11e èpèh, ora narima ing pandum, kudu ngarah kabèh bagiyaning liyan. -
--- 34 ---
- 12e murka, wis olèh panduman akèh isih rumasa kurang.
13e melik, karêping ati arda ora bisa nyandhêt, dadi têmbung: melik, mêmpan marang panggawe ala, kaya ta: pinitaya nyêkêl dhuwit wani ngêntèkake, sapêpadhane, paribasane ana: melik anggendhong lali.
14e kapengin, karêping ati arda ora kêturutan, kaya ta: kapengin mangan rujak, kapengin dadi priyayi.
15e kumêcêr = kapengin kang bangêt.
16e kapencut (= kedanan) kaya ta: kapencut wong ayu kuning. - ati (lara)
- 1e lara atine, diabani sawiyah-wiyah dening gurune, malês ora wani.
2e sêrik atine, adhine diulêmi, awake ora.
3e mêsgul atine, anake disawiyah-wiyah ing bandarane.
4e cuwa atine, dening ora kêtutugan karêpe.
5e gêla atine, dening kêdhisikan karêpe. -
--- 35 ---
- ati (luwih)
- 1e ladak, ora kêna kêsliring ing basa sathithik ngajak kêrêngan.
2e dir, ngêgungake kaluhurane utawa kasugihane.
3e dhiri, suthik kasoran karo sapêpadhane, dhêmên diajèni, êmoh ngajèni.
4e « kumaki, kumini » têgêse: kumaki = paratantang, kumini = kumintêr.
5e « gumagus, kumayu » têgêse: duwe karêp diaranana: bagus utawa ayu.
6e gumaib, diaranana bêcik dhewe.
7e gumêdhe, satêmêne cilik, diaranana gêdhe. - ati (dhasar)
- 1e bodho, kosokbaline pintêr. Bodho angèl mangêrtine marang kawruh kang dèn sinau, nanging pintêr gampang.
2e busuk, kosokbaline: baud. Busuk, bocah [bo...] -
--- 36 ---
- [....cah] ora mangêrtèn, nanging baud, bocah mangêrtèn.
3e bundhu, bocah busuk nganggo bingungan, kaya paribasan kae: dudu-dudu[4] bêrase ditêmpurake.
4e jugul, bocah kogung wis gêdhe isih dikêloni ing biyangne, atine bunêl, angèl ajar-ajarane.
5e kêthul, kosokbaline: landhêp. Kêthul, dhasaring atine malêmpêm, ora mêmpan marang kawruh, nanging landhêp, dhasaring ati kumrisik, mêmpan marang kawruh. - ati (bungah)
- 1e bungah kêtutugan karêpe.
2e bingar, mêntas lara: mari.
3e bombong, kêsăngga samubarange.
4e sênêng, bungah kanthi eling.
5e ayêm, bungah kanthi rasa adhêm.
6e têntrêm, bungah kanthi rasa mênêng.
7e jênjêm, bungah kanthi rasa mênêb.
Têrange ăngka 4 t/m 7 Zie P. M. II, art. 58.
8e girang-girang gumuyu, bungah ngukup toh mênang olèhe totohan. -
--- 37 ---
- atut
- Zie tut 1.
- atos
- Zie silihan 14.
- utawa
- têmbung utawa anduwèni têgês loro, utawa lan karo, kaya ta:
a. yèn anglakoni ayahan, utawa dadi prajaka dalêm, yèn dhèrèk, utawa kautus ing sampeyan dalêm.
b. Benjing ing dintên Sêtu Lêgi tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir punika kula badhe nêtakakên anak kula jalêr, utawi nyunatakên anak kula èstri. - atul
- Zie kulina 4.
- util
- Zie maling 11.
- utama
- Zie bêcik, ben.
- utang
- Zie tămpa 1.
- utang
- en nyilih Zie samar 27.
- asu
- Zie sênepa 10.
- asah
- Zie wisuh 3.
- isine wuluh wongwang
- Zie isbat 12.
- asin
- Zie rasa 3.
- isin mundur
- of mundur isin Zie baliswara 7.
-
--- 38 ---
- asraking ampuhan
- Zie swara/a 1.
- asranging samirana
- Zie swara 2.
- esuk-sore
- Zie antara 2.
- istijrat
- Zie kuwasa 5.
- asma
- Zie jênêng 7.
- èsêm
- Zie lambe lett. b 1.
- isbat
- ing ngisor iki unèn-unèn isbating ngilmu:
1. răngka manjing curiga = raga kalimput ing hawa.
2. kodhok ngêmuli lènge = raga ngêmuli hawa.
3. kayu gurda rumambat ing wit sèmbukan= uriping raga saka nyawa.
4. lumpuh ngidêri jagad: bale atma.
5. kuda ngrap ing pandêngan: bale atma.
6. cebol anggayuh lintang: bale atma.
7. sêntèg pisan anigasi: bale atma.
8. gigiring punglu: bale atma.
9. tanggal pisan kapurnaman: bale atma.
10. wuta tuduh marga: bale atma.
11. galihing kangkung: suwung of hawa.
12. isine wuluh wongwang: suwung of hawa. -
--- 39 ---
- 13. tapake kontul anglayang: udara.
14. susuh angin ngêndi gone: minkibaril warit.
15. kusuma anjrah ing tawang: sumusup ing atma.
16. pindha kombang mangajap tawang sêpi: sumusup ing atma.
17. bumi pinêtak: isbat.
18. amèk gêni adêdamar: isbat.
19. pawana tiniyub: isbat.
20. wong ngangsu pikulan warih: isbat.
21. banyu kinum: isbat.
22. srêngenge pine: isbat.
23. dahana murub binakar: isbat.
24. miyarsa tanpa karna: Allah.
25. ngandika tanpa lathi: Allah.
26. tumingal tanpa netra: Allah.
27. anggănda tanpa grana: Allah.
28. eka tunggal kuda ngêrap ing pandêngan = 5.
29. dwi loro kang kombang anglèng ing tawang = 16.
30. tri têtêlu sapi nusu mring pêdhète= uriping raga saka nyawa.
31. catur papat warcita sumêngkèng arga = uriping raga saka nyawa. -
--- 40 ---
- 32. pănca lima baita amot samodra = uriping raga saka nyawa.
33. sat nênêm wêlut ngêlèng anèng tawang = uriping raga saka nyawa.
34. sapta pitu wong ngangsu pikulan warih = 20.
35. astha wolu apèk gêni adêdamar = 18.
36. nawa sanga jroning pêtêng ana padhang: (sakarat).
37. dasa puluh usume wastra gumêlar: (mati).
38. wuluh pugag (pogog) sundhul ing langit.
39. kêbo gêrang anyabrang sagara asat.
40. kayu sidaguri growong ambane sapagagan.
41. wit bamban kang ana tambine.
42. tuntut sagoci gêdhene. - cangkriman
- ana bêdhug unine nguwung, nganti sataun lawase, têbusane, bakaling bêdhug kayu sidaguri kang growonge sapagagan, (40) lulange, lulang kêbo gêrang kang nyabrang sagara asat, (39) krawate wuluh pogog kang sundhul ing langit, (38) pantèke tambining wit bamban, (41) tabuhe tuntut kang sagoci gêdhene, Dj. K. 1909 No. 129, katandhan: bocah ladak.
- asthabrata
- Zie nagara mawa tata.
-
--- 41 ---
- usung
- Zie gawa 15.
- ewuh
- Zie angèl, 2 en gidhuh 8.
- owah
- wong ... Zie rusak.
- awan
- Zie antara en lumrah 7.
- awak
- awak, Persoonlijke voor naamwoorden.
1ste pers. aku N. kula K. kawula, abdidalêm, abdidalêm kawula K.I. ingsun Kd. manira K.I. mara Temb.
2de pers. kowe N.sampeyan, panjênêngan sampeyan K. panjênêngan dalêm K.I. sampeyan dalem Kd. dika Md.N. mang Md.K. ijêngandika, kang sarira W.K. sira Kd. pakênira K.I. para Temb.
3de pers. dhèwèke N. piyambakipun K. wonge N.(Ks.) tiyangipun K.(Ks) sarirane Md. - awak-awak
- Zie wakil 5.
- iwak
- Zie rusak 7.
- Apa bedane iwak lan lawuh, mangkene:
1. iwak, iwak wis ngarani, iya iku sarupaning daging matêng, kaya kang muni ing layang babad, dhaharane Sunan Kalijaga [Kali...] -
--- 42 ---
- [...jaga] dhèk isih nama Radèn Lokajaya, kaya ta:
Êmpal banthèng padhamara sapi | gêcok kidang dhèndhènge mênjangan |maesa garangasême | maenda bècèkipun | opor bèbèk jago sinapit | blêgudhêg ayam alas | bandêng mangutipun | (sambêl lan tarasi abang) | urang watang ginorèng lênga kalêntik | ... ||
Kabèh iki kêna ingaran: iwak.
2 lawuh iku sarupaning kêkuluban, êndhog, gêrèh lan liya-liyane, kaya ta: mangan lawuhe mung gêrèh, mung êndhog, mung gudhêg enz. - ewadene
- K.N. ewadèntên K.
ewasapunika K.
ewasamono N. ewasamantên K.
ewamangkono N. ewamakatên K.
Têmbung papat ing dhuwur iki dadi katranganing têmbung: sanadyan, mawa-mawa tujuning karêpe, kaya ta:
1e sanadyan kowe wis ngarani bêcik, ewadene aku ora dhêmên. Sanadyan kalah gêdhe ewadene tak wanèkake.
2e sanadyan kagalih sampun wudhar botên siyos kakarsakakên [kakarsa...] -
--- 43 ---
- [...kakên] dening angèling rêmbagipun, ewasapunika (= ngêjum) sarèhning sapunika pinanggih gampilipun, kados prayogi kalajêngakên kapundhut tumbas, amargi kapal punika pancèn sae, awis wontênipun ingkang kados punika.
3e sanadyan ora pati bêcik, ewasamono yèn awèh murah-murahan, iya tak arêpi ginawe tambêl butuh sadurunge ana (= pamuwung).
4e sanadyan durung dadi bêcik, ewamangkono sarèhning arêp kanggo pêrlu bêcik tampanana (= pamuwung) of sanadyan durung dadi priyayi, ewamangkono (= pamilih) sarèhning rupa lan kalakuane bêcik, mungguhing aku tak arêpi, sing wêruh ing têmbe buri: sapa, yèn besuk bisa dadi priyayi kêpriye, apa ora aran bêgja nampik priyayi kang tanpa aji milih wong cilik kang ana ajine. - awit
- Zie margi 4.
« awit dene of awit dening » Zie dene 4. -
--- 44 ---
- « awit dening apa, sabab apa » z.v.a. waarom?
Awit saka uit hoofde van.
Têmbung: awit, kalêbu ing măngsa lungse, kaya ta:
Awit dalane jêblog (wis jêblog).
Awit nuju banjir (wis banjir) - awut
- diawut-awut Zie ênga 16.
- ewasapunika
- Zie ewadene 2.
- ewasamono
- Zie ewadene 3.
- owêl
- Zie eman 2.
- ewamangkono
- Zie ewadene 4.
- êla
- Zie ugung 5.
- ili
- Zie tuku 8.
- ngili
- Zie lunga 14.
- olèh
- N. angsal K.
ênggon N. anggèn K.
1e Olèh kanggo ing pratingkah, kaya ta:
a. Olèhku krungu saka wong kang kêna diandêl, J.Z. I. 10-11. -
--- 45 ---
- b. nanging angsalipun mirangakên dhatêng sanak sadhèrèkipun botên ngantos lami id. 174-2.
c. olèhmu gawe wedang iki kêtipisên têmên, id. 191-3 v.o.
2e ênggon, kanggo ing dunung, kaya ta:
amêsthi têtêp anggènipun gêgriya id.f14-3, nanging
3e olèh-olèh dudu Zie wèh 5. - alon
- 1e alon, tumraping pratingkah, kaya ta:
alon tandange, alon panggarape enz.
2e rindhik, tumraping laku, kaya ta:
rindhik lakune, nanging: rindhik asu digitik, têgêse: rikat (kalinganeya) yèn nulis rindhik, enz.
3e kêndho, tumraping tali, kaya ta:
kêndho taline, enz. kêna sinilih: kêndho parentahe, kêndho gawene. Utawa kêna sinilih dadi têmbung paribasan, kaya ta:
kêndho tapihe, têgêse: gêlêman.
4e lirih, tumraping swara, kaya ta:
lirih clathune, olèhmu maca sing lirih bae. -
--- 46 ---
- 5e sarèh, tumraping ati, kaya ta:
sarèhna napasmu, sarèhna atimu, wis disarèhake 7 dina, nanging mêksa ora bisa bayar.
6e tamban, kanggone tumraping gêndhing, kaya ta:
tambana iramane of thuthukane.
7e rêmbên, kanggone tumrap wong dandan suwe, kaya ta:
gusti yèn dandos rêmbên bangêt, rong jam durung mêsthi rampung.
8e tlendho id. (7) kanggone tumrap wong nyambutgawe suwe rampunge, kaya ta:
kowe iku pancèn talendho marang pagawean.
9e randhat of rêndhêt, tumraping prakara, kaya ta:
randhat of rêndhêt panggaraping prakara.
10e sêndhêt, kanggone tumrap marang ili, kaya ta:
sêndhêt ilining canthing, nyaring malam, mêrêsi krambil, enz. - ilêr
- Zie wedang ... enz. rusak 10.
- elik
- Zie pênging.
- elok
- Zie anèh.
- ulat
- ulat utawa polatan, abang-putih
-
--- 47 ---
- iku mungguhing manungsa kaananing guwaya, abang: marang kuwarasan utawa kabungahan. Putih: marang kalaran utawa kasusahan. Mungguh ulat utawa polatan mau pamoring liring lan lèjêm, angèl pisah-pisahane, kaya upamane: mèsêm, polatane iya sumèh, ora bisa andik, kosokbaline: nêpsu, polatane iya andik, ora bisa mèsêm, mung ing dalêm carita: ana, Radèn Arya Dananjaya yèn duka malah mèsêm sinambi anggantèn, nanging lumrahe tandanging cangkêm lan mata kumpule aran: ulat, padha êmpane ora kêna pisah, kang wis tinêmu kaya ing ngisor iki:
1e antêng, ulat tajêm arang clathu, sêmune ana kang pinikir.
2e rêgu, arang clathu sêmune dir.
3e sumèh (vgl. jêtmika, manis) yèn calathu kaworan èsêm.
4e jêtmika (vgl. sumèh) antêng (ngrêsêpake) jinêm (lêmbah manah) ulat manis mêngku kasujanan, yèn calathu pratitis. -
--- 48 ---
- 5e anjêlalat kosokbaline ulat tajêm.
6e sirung z.v.a. pêtêng, imba sirung.
7e tajêm, kosokbaline anjêlalat.
8e anjênggurêng, kosokbaline sumèh.
9e andik = bêngis, kaya ta: andika andik.
10e jinêm, z.v.a. antêng en jêtmika, trêpsila arang clathu lirih ulone.
11e anjabrut, ulat ala cangkême mêcoco, kaya ta:
yèn kowe suthik nyambutgawe, aja kosambut aku êmoh andêlêng ulat anjabrut.
12e mrêngut (ulat nêpsu sêmu wani) kaya ta: yagene aku koprênguti, ênggonmu didukani, ora saka piwadulku, dara mênggung pirsa piyambak polahmu kang ora bênêr.
13e anjêkutrut, ulat ala sêmu wani, kaya ta: athik kaya mêngkono ulatmu, ora ana bêning-bêninge, tansah anjêkutrut bae, sabên tak owahi karêpmu kang ora bênêr, iya banjur mêngkono kuwi. -
--- 49 ---
- 14e ambasêngut (vgl. mrêngut) ulat ora pati rêna dening kacuwan karêpe, kaya ta: bombrong bae Rêtna Banuwati | ruwèk-ruwèk akalung sêmêkan | mundhak rong dina ayune | basêngut dadi patut|... |B.J.
15e suntrut (vgl. sintru) ulat ala ngandhut susah dening mêntas kêdukan utawa sabab liyane.
16e ambêthuthut, ulat ala sêmu sêdhih.
17e ngabang-bironi, ulate wong arêp duwe gawe kakurangan wragad, utawa durung olèh silihan barang J.Z. 163-8 v.o.
18e lom (alum) kaya ta: cahyane lom (lara ngêmu susah).
19e kucêm, kisinan ana ing pajagongan.
20e klicutan, konangan lakune ala.
21e rikuh, duwe kandhutan luput marang sawijining wong kang tunggal sapajagongan.
22e manis, kaya ta: manis gapyak lukita rum, Dw. I, 6-9.
23e anjênggirat, kagèt kêna ing sabab.
24e sêrêng, sêrênging netra, kêsêrênging bêndu enz. -
--- 50 ---
- 25e bêngis (wêngis) têgêse: gampang wêtune ujar ala banjur mara tangan.
26e kêrêng (vgl. sêru, sêrêng) têgêse ora bisa nyandhêt hawa napsu sarta ora duwe pangapura.
27e brangasan (vgl. lanas, panasbaran) têgêse: ora kêna kêcênthok ing basa utawa kêsliring ing ujar sathithik bae banjur nêpsu, kaya watêke wong Madura.
28e lanas, têgêse: sêling-surupan cêpak nêpsune.
29e panasbaran, têgêse: cêpak nêpsune ora kêna sinirêp.
30e lêmbah manah, têgêse: budi sarèh ngalahan. - alus
- Zie kasar 1.
- alim
- a Zie ati voor watêk.
b Zie sarèh 8
c Zie sabar 2. - alum
- Zie sêgêr 1.
- alang
- kêpalang, Zie têmu 10.
-
--- 51 ---
- iling
- 1e ngiling (sathithik) saka wadhah kang tanpa cucuk, kaya ta: ngiling wedang ing cangkir marang lèpèk.
2e ngêcuri (sathithik) ngêcurake, uga sathithik, saka wadhah kang nganggo cucuk, kaya ta: ngêcuri of ngêcurake wedang saka ing teko marang cangkir.
3e ngêsok (akèh) saka wadhah kang nganggo cangkêm, utawa ora, kaya ta: ngêsok banyu ing êjun, ngêsokake kacang saka ing bagor.
4e nyuntak, id.(3) kaya ta: nyuntak lombok saka ing tumbu. Ngêsok[5] kacang saka ing bagor.
5e numplak, kaya ta: numplak sêga saka ing kukusan.
6e nglèngsèr malam saka ing wajan. - eling
- peling Zie wuwuh 10.
- apa
- têmbung pitakon: apa, olèh wangsulan: iya of ora, kaya ta:
kowe apa sida mênyang Pedan: iya, of ora, Zie patakon lett. a. -
--- 52 ---
- èpèh
- Zie ati 11 voor watêk.
- apêk
- Zie ambu 3.
- apik
- Zie bêcik 2.
- apèk gêni adêdamar
- Zie isbat 18 en 35.
- apadene
- Zie anadene 2.
- apus
- a. Zie rèntèng 11.
b. Zie maling 16.
c. Zie goroh 4. - upama
- têmbung saupama, kanggone ing ukara mungguhing têmbung N. nganggo sambawa: na, nanging mungguhing têmbung K. ora, bali marang uwiting rimbage tanduk têlung prakara, kaya ta:
saupama anjupuka N. saupami mêndhet[6] K.
saupama anjupukana N. saupami mêndhêti K.
saupama anjupukna N. saupami mêndhêtakên K.
apa bedane têmbung: saupama, karo: saengga, mangkene:
saupama, atêgês: andhene, nanging saengga, atêgês kaya, kaya ta:
saupama kowe kêpriye. -
--- 53 ---
- watêke saengga kewan.
- adhul
- diadhul-adhul, Zie ênga 17.
- udhal
- diudhal-udhal, Zie ênga 11.
- adhêm
- apa bedane têmbung: adhêm lan liya-liyane bangsaning adhêm, mangkene:
1e adhêm, tumraping rasa: jaba-jêro, kaya ta: măngsa bêdhidhing rasaning awak adhêm bangêt. Wedang tèh mirasa kang adhêm tinimbang karo kang isih panas. Adhêm parentahe enz. (rasaning ati).
2e anyêp, watêking banyu, kaya ta: banyu sêndhang luwih anyêp tinimbang karo banyu kali.
3e anyês, watêking lêmah kang mêntas kêkêmbong ing banyu, kaya ta: omah mêntas kabanjiran, jarambahe yèn diidak ing sikil rasane anyês.
4e anjêkut, kanggo rasaning ati, kaya ta: mêntas mangan sêmăngka, wêtênge rasane anjêkut.
5e kêkês, adhêming awak kêna dayaning angin lumaku, kaya ta: awakku kêkês têmên, angine sumribit. -
--- 54 ---
- adhêm panas Zie antara 3.
- aja
- têmbung: aja, yèn sumambung ing têmbung: muga (muga aja) ora bisa dadi sambawa: na (muga ajaa) nanging rasane padha bae karo sambawa: na, têgêse: iya pamuji, kaya ta: muga aja dadi atimu, nanging yèn têmbung: aja, ana sangarêping têmbung: tanduk, utawa: kriya, dadi kosokbaline rimbag agnya (pakon), kaya ta: aja nulis, aja turu enz. (pamênging) nulisa, turua (pakon).
- aji
- pangaji Zie rêga 4.
ngaji Zie waca 4. - ijo
- Zie tuku 7.
- uja
- Zie ugung 2.
- ijèn
- Zie dhewe 2.
- ajar
- 1e ajar, kaya ta: ajar main pêdhang, º anjogèd enz.
2e « sinau of ginau K.N. gêsau K.D. » kaya ta: -
--- 55 ---
- sinau têmbung Walănda, º ngawula wong gêdhe, º dadi tuwa enz.
3e jajal-jajal, kaya ta:
jajal-jajal maca, º nulis, º andondomi, ambathik, enz.
4e anggêgulang= amrih lantip, sumurupe marang basa Kawi. - ajur
- Zie pêcah 2.
- ajèr
- apa bedane têmbung: ajèr, lan liya-liyane ing ngisor iki, mangkene:
1e ajèr, malame yèn wis ajèr: tutura.
2e cuwèr, ngêjur glêpung aja kongsi kakehan banyu, kapara kurang ora dadi ngapa, dijogi banyu: gampang, tinimbang kêcuwèrên kudu muwuhi glêpung, glêpunge cumpènmungkuwi.
3e èncèr, ngêjuri jaladrèn sing èncèr bae (ora kênthêl, ora cuwèr).
4e lumèng, kaya ta: jadah ora bisa kakag, dening luput olèhe ngadoni kakehan krambil, pangêdange durung kêkêl diêntas, dijojoh dadi lumèng, rasane [ra...] -
--- 56 ---
- [...sane] gurih lêt kêcut, dicêkêl krakêt ing tangan.
5e amèr, kaya ta: sêga kêpêl dening hawa sumuk ing wayah bêngi, esuke amèr (ngêmu banyu).
6e nyêmlèk of nyêmlok, kaya ta:
sêga mambu ngêmu banyu, grayange nyêmlèk of nyêmlok. - ajèr
- Zie silihan 4.
- ajur
- kojur, Zie cilaka 2.
- ajêg
- majêgi, majêgake, Zie tuku 14.
- ojok
- Zie bantu 5.
- ajêng
- Zie samar 7.
- ayu
- kumayu Zie ati 5 voor luwih.
- iya
- Zie ora.
têmbung: iya, têgêse: nêtêpake clathune rewange caturan, kaya ta: -
--- 57 ---
- aku arêp têgar. Iya. Têgêse: iya kowe arêp têgar.
apa bedane têmbung: iya, lan: uga, kaya ta:
aku « iya, uga » milu, apa padha bae, ora, têrange mangkene:
iya, kanggo rambah kang kaping pindho.
uga, kanggo rambah kang kaping têlu, kaya ta:
Si Suta iya milu, Si Naya uga milu, dadi têmbung: uga, tumumpang ing têmbung: iya, kang kaping pindho. Têmbung, aku uga milu, nelakake yèn wis ana kang milu, dadi iya numpangi têmbung: iya. - ayêr
- Zie rêksa 6.
- ayêm
- Zie sênêng 2.
1e ayêm, tumrap marang ati sênêng mawa rasa adhêm, P.M.II, 17-2.
2e têntrêm, tumrap marang ati mênêp, ora duwe kanêpson, id 5.
3e jênjêm, tumrap marang ati sarèh ora duwe arda, id 8. -
--- 58 ---
- 4e jinêm, mênêng tanpa tênaga.
- iyag
- Zie enggal 9.
- uyang
- Zie tuku 9.
- êma
- Zie ugung 6.
- amoh
- Zie rusak 13.
- êmoh
- têmbung: êmoh, anduwèni têgês loro, kaya ta:
« a êmoh = ora arêp, b êmoh = suthik » kaya ta:
kowe arêp iki. Êmoh.
kowe gêlêm milu aku. Êmoh.
« êmoh en ora » Zie samar 21. - omah
- Zie rusak 1.
Omah lan: pomahan, beda têgêse, nanging têmbunge K.I. padha bae, atêgês: omah, kaya ta:
padalêmanipun Kangjêng Pangeran Dhandhun Martèngsari taksih wontên ing kadipatèn, dèrèng kaparingan dalêm jawi.
omah jugrugan Zie baliswara 3. -
--- 59 ---
- eman
- Apa bedane têmbung: eman lan: owêl, eman tumraping manungsa, owêl tumraping barang, kewan kalêbu ing barang, kaya ta:
1e eman, eman anakku pambarêp ora dawa umure, bocah pintêr wêdi marang wong tuwa. Beda karo adhine, bodho wani marang wong tuwa.
eman-eman dieman sêlote gungan.
2e owêl, owel bangêt patine jaranku Si Guritna, nganti saprene olèhku golèk lirune, durung bisa olèh sing mèmpêr kaya Si Guritna. Timangku owêl yèn dirusak ginawe suwêng, bêcik didol bae, pêpayoning timang ginawe tuku suwêng: olèh suwêng gêdhe, tur bisa nandhing milih. - eman ewuh
- Zie lingga lett. d.8.
- amèr
- a. Zie ajèr 5.
b. Zie rusak 6. - umuk
- Zie umbul lett. a.4.
- amis
- Zie ambu 5.
- amis bacin
- Zie piyagêm 12.
- imul
- Zie ati 2 voor watêk.
-
--- 60 ---
- ampah
- Zie pênging 9.
- èmpêr
- Zie kaya 3.
- êmpuk
- Zie silihan 13.
- ampang
- Zie kothong 14.
- êmping
- Zie tămpa 5.
- ambu
- ing ngisor iki aran sarta manggoning ambu, kaya ta:
1e arus, ambuning gêtih.
2e arum ambuning mayang.
3e apêk ambuning kèlèk.
4e kêcing ambuning iwak mêntah kêpêp.
5e amis ambuning iwak loh.
6e dulêk ambuning lênga tuwa.
7e sêdhêp ambuning jêruk purut.
8e sêngir ambuning kêmbang kênikir.
9e sêngak ambuning tape.
10e wangi ambuning kêmbang mlathi.
11e langu ambuning godhong lênglêngan.
12e pêsing ambuning uyuh.
13e pêngar ambuning lobak. -
--- 61 ---
- 14e « pênguk, pêngus » ambuning bako ala.
15e bacin ambuning bathang.
16e badhêg ambuning kopok.
17e bangêr ambuning pacêrèn mati. - imba
- Zie kaya 6.
- imbuh
- Zie wuwuh 4.
- ambèn
- 1e ambèn, kayu utawa pring tanpa sikil, mung diganjêl gonggange karo jrambah omah, kanggo paturon lesehan, utawa ana ing gêdhong.
2e salu, T.D. = ambèn, didokok ana ing pandhapa kanggo nêmoni dhayoh.
3e lincak, nganggo sikil iras papat, kanggo linggihan sikile ongkang-ongkang, utawa kêna ginawe padhasaran.
4e kathil, kayu utawa wêsi nganggo sikil papat, nganggo langitan, sarta nganggo klambu, kanggo paturon ana sajroning gêdhong.
5e kobongan (= pabongan R.W.) utawa -
--- 62 ---
- patanèn, tatanan paturon têngah, antarane gêdhong wetan lan kulon, ora dituroni, mung ginawe pasrèn bae, nanging pangantèn mêntas têmu diturokake ing kobongan.
- êmban
- a. Zie wakil 3.
b. Zie gawa 5. - imbar supata
- Zie lingga lett. d 6.
- ambak-puna
- Zie lingga lett. a 2.
- ambêkan
- Zie napas.
- umbul
- 1e umbul, banyu kang ngudal saka sajroning bumi mili dadi kali.
2e sêndhang, manggon ing têngah utawa pinggir desa tarkadhang ing ara-ara, iya iku banyu tuk ambalumbang mili sawatara mênyang sawah.
« 3e sumbêr (gêdhe), 4e bêlik (cilik) », padha manggon ana pinggir kali banyune mili mênyang kali, iya iku banyu tuk kang mêtu saka ing padesan.
5e tlaga, banyu agung rasane asin kaya banyu sêgara, -
--- 63 ---
- kêna ginawe uyah, pinggiring tlaga êmbak, ora ana thêthukulane. Kaya ta: tlaga pinihan.
6e rawa, banyu agung dening kandhêg iline, iya iku kalumpuking banyu ing lêlêbak kang kapit gunung, pinggiring rawa ngêmbak kathukulan walingi sapêpadhane, kaya ta: Rawa Pêning, Jombor enz.
7e kawah, banyu panas kang mêtu saka pucuking gunung kang mêtu gênine, yèn gunung ora mêtu gênine, ora aran kawah.
8e pancuran, banyu rêmbêsan saka ing pêpunthuk banjur dipasangi talang pring dadi pangangson, ilining banyu tiba ing jurang.
9e tuk, banyu kang mêtu saka ing bumi kalawan didhudhuk, ora bisa ngudal kayadene umbul, wêtune mung tutug watêsing banyu sajroning bumi (sumur).
10e balumbang, lêdhokan isi banyu udan ora bisa mili, sok ana iwake.
11e kali, kalumpuking banyu umbul, sêndhang sapêpadhane, turahe ginawe ngoncori pasawahan dadi kali mili anjog ing bangawan. -
--- 64 ---
- 12e bêngawan, kalumpuking banyu kali saka wetan mangulon, saka kulon mangetan, anjog ing bangawan dadi siji mili mangalor utawa mangidul malêbu ing sagara.
13e « tritis of trètès » banyu rêmbêsan tètès mêtu saka têpining jurang of bambing, kaya ta: Parangtritis.
14e grojogan, banyu mêtu saka lambunging gunung tiba ing jurang: dadi kali, kalape banyune dianggo sêsawah, yèn wis ana tanah ngare, kaya ta: grojogan Si Pêndhok.
15e prigi = sumur kawak sajroning alas, Zie tuk, (9) bov.
16e bèji iku sêndhang kang wis diupakara wêwangunane.
17e botrawi, verk. v. bata en rawi.Rawa ing têngah diyasani omah, ing pinggir diparigi, kaya ta: ing Bandêngan.
18e sètu, banyu ana ing bumi lêdhok, sakiwa-têngêne utawa saubênge dianggêl lêmah, sètu iku kang gêdhe mèh kaya rawa.
19e tambak, iya iku rawa sacêdhaking laut, banyune [banyu...] -
--- 65 ---
- [...ne] asin, ing têngah digalêng-galêng diingoni iwak bandêng.
20e suwakan, lêdhokan manggon sapinggiring kali dadi palerenaning iwak, pangamèke sarana ditawu.
21e sêgara, banyu ngubêngi bumi.
22e sêgaran, dhudhukan lêmah gaweaning manungsa, dadi lêdhok kisèn banyu, kiwa-têngêne buwanganing lêmah dadi punthuk, kaya ta: ing Tambaksagaran (Surakarta).
23e balong, bumi lêdhok kisèn banyu ora bisa mili, dadi êmbêk-êmbêk.
24e wangan, banyu sidhatan saka ing kali kanggo ngoncori sawah. - umbul/a
- apa bedane têmbung: kombul, kondhang sapanunggalane ing ngisor iki: mangkene:
1e kombul, marang kabêgjan, bisa suda lumungsur, kaya ta:
« saoto tèmplèk, têrik bèjèn, rokok dika » lagi kombul, têgêse: lagi, ora mêsthi langgêng kombul bae.
2e kondhang, kêkuwataning kudrat lan iradat, kaya ta: -
--- 66 ---
- kondhang baguse R. Jaka Tingkir. ( Sandhung jêkluk tiba kabruk | sambat Radèn Jaka Tingkir | ... |). Talèdhèk aran Marikangên, rupane ala sarta cacad kêncèt, nanging kondhang apiking jogèd lan sindhène, ngungkuli talèdhèk liya-liyane. Iya iku wong yèn lagi kombul, dalah wong kabêgjan diparabi: Martakombul, dening ana jênêng: Marta, kang ora kombul.
3e kajuwara, marang laku ala, kaya ta: kalakuane Si Păncadhali, maune ginawe rêpit, nanging saiki wis kajuwara gone duwe laku ala dadi benggol kècu. Karyadanur saiki ngubalake ngilmu paldhot, wis kajuwara ing liyan praja.
4e komuk, marang panggawe ala, kaya ta: komuk baud main (= ngabotohan), komuk baud nyolong kêrtu enz.
5e misuwur, têgêse: kêprungu ing akèh, kaya ta: misuwur kasugihane, º kapintêrane enz. Wis misuwur Kumbakarna mati | dening Sang Prabu Ramawijaya | ... | - ambêng
- Zie rêksa 5.
-
--- 67 ---
- amêng
- amêng-amêng Zie lunga 6.
- umung
- Zie swara 66.Umung swaraning paksi Zie swara lett. a 3.
- uga
- Zie iya -
- agal-lêmbut
- Zie kasar 2.
- agnya
- sarupaning têmbung kang bisa olèh panambang: a, ên, ana, lan: na, kang têgêse: pakon, ingaran: agnya, kaya ta:
« nulisa, tulisên » ana, lan: na.
ugung, gugung, diugung, kêkarêpaning bocah mung diturut.
2e uja, diuja, kêkarêpan ala ora dipênggak.
3e lajo, dilajo, diturut saparipolahe, durung diwèhi pangajaran, mungguhing jaran: dilajo durung diarah bêciking lakune.
4e ênjong, diênjong-ênjong bocah disandhangi tumpuk-tumpuk. (= luwih saka mêsthi Mal.). -
--- 68 ---
- 5e êla, diêla-êla = pinilala.
6e êma, diêma-êma = dieman-eman.
7e dama, Z.v.a. ugung, didama-dama, diunggul-unggulake. - èbèr
- Zie dol 13.
- ibarat
- 1e kuthah gêtih, º ludira, ngibarat wong labuh nganti nandhang tatu.
2e adus luh, tininggal ing laki nangis sabên dina.
3e « pêcahing kulit, wutahing gêtih, tugêling balung » pangaran-aran bae.
4e suku jaja têkên janggut, wong gawe luwang bêcik, ora kêtrima.
5e sapadhas-pèrènge, salêbak wukire, kajênanga kaebora.
6e sapalakirnane, sadhêdhak-mêrange, saamis-bacine.
7e anaa gêdhang pupus cindhe, jamur tuwuh ing waton, krambil tapas limar. Gêtih cinelung balung cinandhi.
ăngka: 5, 6, lan 7, unèn-unèning layang pratăndha têbas gadhe bumi. -
--- 69 ---
- 8e ora ketang nglimang sukoni, ngibarat malarangi, utawa: ngunggah-unggahi.
9e nora ketang larang kêmbang | sidaguri sun andhani | ... | ngibarat sumêngka.
10e udan tangis, ngibarat wong kasripahan.
11e golèk banyu bêning = madhukun gone kelangan.
12e golèk wong tuwa = maguru ngilmu tuwa (= kasampurnan).
« 13e kaya wêdhus diumbar ing pakacangan, of 14e pitik trondhol diumbar ing padaringan » ngibarat abdidalêm garap dhuwit anglakokake têbas gadhe balănja kang diwêtokake, wis mêsthi nganggo dhuwiting parentah.
15e pêcêl alu, ngibarat kêdaling wicara kaku, kaya ta: rêmbug iku kang duwe mêndat sathithik, aja kaya pêcêl alu mêngkono, luput-luput mêngko dadi padu.
18e [7] « kaya wêlut dilêngani of ênggon wêlut didoli udhèt » kaya ta:
a. aku ora ngandêl, unimu lunyu kaya wêlut dilêngani (wong kêrêp goroh clathune). -
--- 70 ---
- b. aku arêp diblithuk, ditawani gêlang kuningan diawadake mas, tawane sèkêt rupiyah, tak ênyang sêtèng, wonge isin gêlêlês lunga tanpa pamit, ora wêruh ênggon wêlut didoli udhèt (wong bodho arêp ngapusi wong pintêr).
- ubut
- ubut-ubut Zie maling 13.
- ebat
- Zie eram 5.
- ubaya
- Zie sarèh 5.
- abang
- ngabang-bironi Zie ulat 17.
- athuk
- Zie angur 6.
- ithil
- Zie gêmi 3.
- ênga
- 1e ênga of wênga, ênga- (of wênga-)kna lawange.
2e ungkabana tenonge, º kêkêbe.
3e bukakên tutupe, (lodhong of cangkir) bukakên bênike.
4e copotên gabuse tutup kecap.Nanging: dhrotên [dhro...] -
--- 71 ---
- [...tên] konyake.
5e silakna gêbêre.
6e biyakên gêdhège, º tapihe.
7e piyakên parine, º kacange.
8e lingkabên babute.
9e gêlarên kalasane.
10e wudharing gêlung, º janji.
11e udhalên bakone, ngudhal-udhal wadining wong.
12e cucul kulambi, º kanthong, jaran ucul, bocah ngucul, nguculi tali, nguculake pitik.
13e bênggangên galare, lara wis ambênggang galar ora modar-modar.
14e jèrèngên memehane wijen.
15e diura-ura sandhangane.
16e diawut-awut bêrase.
17e diadhul-adhul kapuke.
18e diècèr-ècèr: kaya ulur kacang.
19e diorak-arik barange. - angin
- 1e masuk angin, lara wêtêng rasane kêmramyas.
-
--- 72 ---
- 2e olèh angin = karêjêkèn.
3e kanginan = lara.
4e ngangin-angin, martakake.
5e ngatasangin (sabrang) bawahangin (pulo Jawa). - angur
- 1e « angur of anguk » (marang bêcik) kaya ta:
Kula angur nunggang jaran sing bandhol kambi jaran gilap J.Z. I. 155-2.
angur mêkotêna nyai id. 174-4.
angur balakaa bae id. 188-5 v.o.
2e luwung (tundhaning ala) kaya ta:
aluwung kowe mung kalah salawe, aku sèkêt.
aluwung kowe wis cêmanthèl dadi jajar, aku iki isih magang.
« 3e pilaur, 4e pilampu, 5e pilalah » (pamilih mênyang ala).
dipilaur ngêlèh karo mulih. -
--- 73 ---
- « dipilampu of dipilalah » wong liya karo sadulur.
6e athuk (pamilih mênyang bêcik).
athuk iki tinimbang karo kuwi. - ăngka
- têmbung: ăngka, nomêr sarta klas, padha kanggone, kaya ta:
1e taun Dal, ăngka 1839.
2e anane nomêr siji. Bathikan nomêr loro, dudu bathikan karaton.
3e nunggang klas băngsa sabrang bae, aja nunggang klas murah, bayarane kacèk sathithik, pakolèhe ora suk-sukan, tur iya padha aran klas têlu. - anguk
- Zie angur 1.
- angok
- Zie suda 6.
- angkat
- pangkat Zie jênêng 8.
- êngkas
- Zie manèh 2.
- ungkab
- Zie ênga 2.
- ingkang
- Zie kang.
-
--- 74 ---
- « ingkang mawi = sabab » Zie marga ben., en J.Z. I. 13-2.
- angêt
- mangêt-mangêt Zie antara 3.
- ingêt
- Zie wêruh 26.
- ungsi
- Zie lunga 15.
- ăngsa
- ngăngsa Zie ati 3 voor nistha.
- angsur
- ngangsur-angsur Zie napas 4.
- angèl
- 1e angèl, tumraping barang, kaya ta: jajal-jajal ngaji iku angèl tinimbang karo jajal-jajal maca, dening aksarane katon bruwêt. Dhasar angèl, ora gampang atèn-atènane.
2e ewuh, tumraping ati, kaya ta: yèn mêtu lor: ewuh, akèh para putri. Yèn mêtu kidul: angèl dalane, menggak-menggok nganggo mlumpat kalèn, bêcike mêtu ngarêpan bae.
3e kangelan Zie rêkasa. -
--- 75 ---
- Apa bedane têmbung: kangelan, lan: rêkasa, mangkene:
a. Yèn kaananing pratingkah nganggo: kangelan.
b. Yèn kaananing awak, nganggo: rêkasa.
Kaya ta: munggah pasarean gunung Adêg, iku kangelan bangêt, rêkasa linakonan dening wong kang durung tau munggah gunung, dening dalane andêdêr. - anglêk
- Zie rasa 5.
- angap
- Zie napas 8.
- anggo
- apa bedane têmbung: nganggo, lan: mawa, mangkene:
1e nganggo, kanggo panggandhènging têmbung kang ana dumukane, kaya ta:
klênengan nganggo disindhèni, nanging suguhe mung sêga pêcêl nganggo êndhog pindhang.
2e mawa, kanggo panggandhènging têmbung kang ora ana, kaya ta:
nagara mawa tata desa mawa cara, dol tinuku omah mawa prajangji sataun isih kêna balèn. -
--- 76 ---
- engga
- têmbung: saengga K.N. kanggone ing ukara, mungguhing têmbung N. nganggo sambawa: na, nanging: mungguhing têmbung K. ora, bali marang uwiting rimbage, kaya ta:
« saengga kalakona, saengga kalakonana » N. kalampahan K.
saengga kalakokna N. kalampahakên K. Zie upama. - ênggon
- Zie olèh 2.
- anggon datanpa grana
- Zie isbat 27.
- anggêr
- Zie janji.
- anggit
- Zie rèntèng 10.
- anggal[8]
- a. Zie samar 1 en 2.
b. Zie gugup 3.
apa bedane têmbung: enggal lan liya-liyane ing ngisor iki, mangkene:
1e enggal, kanggo ing têmbung, kaya ta: enggaling carita, enggaling laku (niet lumaku) enggaling prakara enz. -
--- 77 ---
- 2e gêlis, kanggo ing laku, kaya ta: gêlis êndi têkaning Bacêm Si Suta lan Si Naya, lakune gêlis, enz.
3e rikat, kanggo ing pratingkah, kaya ta: rikat garapane, º tulisane, (niet gêlis) rikat lakune (ora: enggal of gage).
4e kêbat, kanggo ing sananta, kaya ta: dikêbat lakumu.
« 5e gage, 6e tumuli » kanggo ing agnya, kaya ta: gage of tumuli mangkata.
« 7e situ-situ, 8e lap-lap » pratingkahing laku kêsusu, kaya ta: situ-situ of lap-lap lakune.
9e iyag-iyag, uga pratingkahing laku saka obahing awak, kaya ta: iyag-iyag lakune. - anggêp
- Zie siya 4.
- ing ngêndi
- têmbung pitakon ing ngêndi, olèh wangsulan: prênah, kaya ta:
-
--- 78 ---
- ing ngêndi « ing kene, ing kono, ing kana » of êmbuh.
- ingatase
- apa bedane têmbung: ingatase, lan: mungguh, mangkene:
1e ingatase, kanggo ing meervoud kaya ta: ingatase nabi kita, º wong aurip º layang anggêr, enz. Zie bêbuka p. 8.
2e mungguh, kanggo ing enkelvoud kaya ta:
mungguhing aku of kowe, voorb:
mênggah tiyang èstri ing ngrika J.Z. I. 177-2.
mungguh barang sing dika kêmpit niku id. 107-2 v.o.
dene mungguhing kowe Indj. 176-2 v.o. -
[NA]
- nini
- kumini Zie ati 4 voor luwih.
- narendraputra
- Zie baliswara lett. a.
- noraga
- Zie sor 2.
- nuraga
- Zie luwih 7.
- nêk
- Zie jinja 3.
-
--- 79 ---
- nakal
- Zie dhugal 5.
- nadar
- Arb.
1e nadar (kamurahaning ati) kaya ta:
aku duwe nadar, yèn anakku olèhe lara wis waras, tak jak jajan mênyang pasar Bêkonang.
2e kaul, Arb. (kabungahaning ati) kaya ta:
aku duwe kaul, yèn gusti kangjêng sida dipundhut mantu ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan: aku ngedan.
3e punagi (têmêning janji) kaya ta:
wis tak punagèni yèn dara Dèn Ajêng Danar sida dadi mantuku bakal tak tukokake suwêng rêga sèwu rupiyah.
4e pratignya (têtêping ati) kaya ta:
aku pratignya Si Darpa têtêpa dadi satruku, dadia sukêt aku êmoh ngrênggut, dadia banyu aku êmoh nyawuk.
5e prasêtya (têmêning ati) kaya ta:
prasêtyaku sanadyan ngantia nini-nini, aku ora sumêdya laki yèn ora entuk kang dadi pangajapanaku ing tawang.
6e midhang Kw. Zva. ngangkat, ngluwari, (mulyakake = -
--- 80 ---
- sidhêkah) iya iku gawe bêcik marang patilasane wong misuwur dening panuwune wus katutugan, kaya ta:
midhang marang Kyai Bathang (= Radèn Pabelan kang sinare pojok lor wetaning alun-alun Surakarta).
7e ngluwari ujar, uni kang wis kêwêtu ditêtêpi (= nadar). - nadyan
- têmbung: sanadyan, kanggone ing ukara olèh sambungan têmbung: nanging, mung, ewadene tuwin suprandene, têgêse: beda-beda, kaya ta:
1e sanadyan priyayi, nanging aku êmoh ngêpèk mantu, têgêse: ngêsorake priyayi mau.
2e sanadyan Supraba myang Ratih mung dadi kanthinira M.H. 5-5 v.o.
3e sanadyan sugih, singgih, ewadene ora dikèdhêpi ing wong, têgêse: ngrèmèhake sugih singgihe wong mau.
4e sanadyan dilakoni suku jaja têkên janggut (angglungsar) suprandene ora kêtrima, têgêse: têtêp isih kaya mangkono. -
--- 81 ---
- 5e sanadyan ala rupane, nanging prak-ati, têgêse: nyuda alaning rupa.
- notog
- Zie tog 3.
- nistha madya utama
- Zie antara.
- napas
- = ambêkan
1e napas cêkak of landhung.
2e sêsêg, ambêkan cêkak.
3e cêgèh, kangelan olèhe ambêkan dening kuwarêgên.
4e ngangsur, ambêkan kêrêp nganti kêprungu dening lara arêp mati, utawa mêntas malayu.
5e mêngkis-mêngkis, lara napas ambêkane sêsêg.
6e mênggèh-mênggèh, napas sêsêg mêntas lumayu.
7e mêgap-mêgap, napas cêkak.
8e mangap-mangap, napas cêkak nganti ora bisa mingkêm. - nêdhêng
- Zie măngsa 6.
- nom tuwa
- Zie antara 4.
- nomêr
- Zie ăngka 2.
- nagara mawa tata desa mawa cara
- Zie P.M.I. art. 42 en 46.
-
--- 82 ---
- a. paitane wong ana ing praja nganggo astha brata, kaya ta:
1e tatakrama, iku kang dadi talêsing pasuwitan.
2e sastra, pikukuhing pasuwitan.
3e astra, pagêring pasuwitan.
4e wicara, talining pasuwitan.
5e wiraga, rêngganing pasuwitan.
6e basa, kaluwihaning pasuwitan.
7e sabawa, utamaning pasuwitan.
8e kriya, pikukuhing pasuwitan.
b. araning nagara Zie camboran, II.
c. paitane wong ana ing desa nganggo catur brata, kaya ta:
1e sumurup caritaning desa-ingadesa, bedane tanah Pajang lan Sukawati, apadene tanah pagunungan tuwin ngare.
2e kisma, sumurup marang watêk sarta pangulahing lêmah.
3e tarulata, sumurup wêwatêkaning tanduran, gêlême ditandur ing lêmah apa.
4e măngsa, sumurup marang panyêbar sarta pananduring wiji ing -
--- 83 ---
- măngsa katiga rêndhêng, ora kakilapan marang tibaning udan salah măngsa.
- nugraha
- Zie luhur 8.
- nêng
- 1e ênênging ati, ênênging watu.
2e sênêng, tumraping ati katutugan karêpe, P.M.II. 16-1 v.o.
3e mênêng, tumraping manungsa, kewan tuwin barang, kaya ta: mênêng ora caturan, mênêng mari ngocèh.Suwuk = mênênging gamêlan. - ning
- 1e êning, têranging ati, kaya ta: pikirmu êningna, nêgêsa karsaning dewa kang linuwih, kaya-kaya kêlakon kang dadi sêdyamu.
2e wêning, tumraping manungsa, kaya ta: wêninging ati.
3e bêning, tumraping barang, utawa bisa tumraping manungsa, kaya ta: banyu bêning. Intêne putih tur bêning. Ulate bêning lêri. Golèk banyu bêning (madhukun). - nanging
- I. Têmbung: nanging, yèn têgêse dadi kosokbali,
-
--- 84 ---
- kalêbu ing ukara Malayu, kaya ta: ora sugih, nanging mlarat, dudu êmas, nanging salaka, enz. nanging yèn têgêse ora owah, kalêbu ing ukara Jawa, kaya ta: ora ayu, nanging mêrak-ati, têgêse: iya isih ora ayu bae, nanging duwe mêrak-ati.
Rêdi Kênaka botên patos agêng, nanging mênggêr Zie R.T. 102-5. Têgêse: gunung Kênaka iya isih têtêp ora pati gêdhe, mung katone mênggêr. Iku ta sapa kang wêruh, nanging kiraning tyas mami, Zie M.H. 6-3.
Nanging II = malah, namung en dhatêng, kaya ta:
Niyat kula botên namung badhe dhatêng Roma tuwin ing Jatinagara kemawon, malah (= nanging) dhatêng ing Bagêlèn sarta dhatêng ing Prabalingga J.Z. I 15-2 v.o.
Botên waton sumêrêp, namung (= nanging) waton dugi-dugi kemawon, id 50-1 v.o.
Anggèn kula masrahakên botên dhatêng sadhèrèk sampeyan èstri, dhatêng sadhèrèk sampeyan jalêr id 50-2 v.o. -
--- 85 ---
-
[CA]
- cihna
- apa bedaning panganggone têmbung: cihna, tăndha lan têngêr, mangkene:
1e cihna, kanggo ing prakara, kaya ta: suwêng cihnaning prakara gumantung ing parentah.
2e tăndha, kanggo ing pamitran, kaya ta: misungsung pangunjukan gêlas akik, minăngka tandhaning katrêsnan.
3e têngêr, kanggo pangeling-eling, kaya ta: pasareane bapak durung tak têngêri sêkaran, amarga durang[9] sèwune. - conto
- Zie pola 2.
- candhi rusak
- Zie baliswara 4.
- candhêt
- Zie pênging 8.
- condhong
- a. Zie tut 5.
b. Zie tunggal 2.
c. Zie bantu 8.
apa bedane têmbung: condhong, lan: rujuk, kaya ta:
aku wis « condhong, rujuk » rêmbugmu, apa padha bae, ora,
1e condhong (vgl. rujuk) kanggo êmpaning ati -
--- 86 ---
- nimbang prakara kang rinungu, kaya upamane rêmbuge si a lan b wis rujuk, si c muni: aku wis condhong (ngarêpi kang rinêmbug) nanging yèn rêmbuge si a lan b gèsèh, si c muni: aku rujuk rêmbuge of panêmune si a apa si b of aku ora rujukkabèh, dene panêmuku mangkene ...
2e rujuk, têgêse: panêmune wong loro utawa luwih kang wis dilairake ora gèsèh, dirujuki, nanging: condhong panêmune wong siji rewange caturan ora gèsèh, iku dicondhongi. - cacah
- Zie tugêl.
- cocor
- Zie pangan 19.
- cucuk
- Zie pangan 18.
- cocok
- Zie pangan 14.
- cècèg
- of cocog. Zie tut 4, en Zie tunggal 3.
apa bedane têmbung: cècèg, lan: cocog, mangkene: cècèging ati, cocoging petung. - cur
- Zie iling 2 en umbul 8.
-
--- 87 ---
- coro
- nyoro Zie cangkêm lett. a. 6.
- carik
- apa bedane têmbung: carik, lan: juru tulis, mungguh ing Surakarta, mangkene:
1e carik, abdidalêm karaton, kadipatèn, kapatihan, padha nganggo têmbung: carik, kaya ta: wadana kaliwon, panèwu mantri, răngga (lirune lurah) bêkêl, jajar carik. Kampung Carikan.
2e juru tulis, abdidalêm pulisi sarta bature para kabudidayan, sinêbut: juru tulis, kaya ta: juru tulis kabupatèn, dhistrik, ondêrdhistrik: Klathèn. Juru tulis pabrik Maja, juru tulise tuwan anu enz. - carita
- Zie calathu 5.
- carobo
- Zie rêgêd 1 voor wong.
- carêbak
- Zie ati 7 voor nistha.
- cukul
- cêcukulan kang ana kramane, kaya ta:
ila-ila N. kambêngan K.
nagasari K.N. nagasantun K.D.
rêjasa K.N. rêjaos K.D. -
--- 88 ---
- kêtan K.N. kêtos K.D.
kapas K.N. jujutan K.D.
kêdhêle K.N. kêdhangsul of dhêkêman K.D.
kayu N. kajêng K.
kêmiri K.N. dherekan of pidakan K.D.
durèn K.N. ambêtan K.D.
trêmbalo K.N. trêmbajêng K.D.
têbu N. rosan K.
suruh N. sêdhah K.
sukêt N. rumput K. en dhukut K.D.
waru N. wande K.D.
pênjalin N. pênjatos fac. K.
pacar banyu N. pacar toya K.
pari N. pantunK.
pring N. dêling K. rosan K.D.
jêruk N. jêram K.
jati N. jatos K.
jambu K.N. jambêt fac. K.
jambe K.N. wohan fac. K. -
--- 89 ---
- jagung K.N. boga of janggêl K.D.
mrica K.N. mriyos K.D.
maja K.N. maos K.D.
galugu K.N. galêga K.D.
gêdhang N. pisang K.
gaga K.N. gagi K.D.
bako N. sata K. - cukul (kêmbang)
- cêcukulan kang kêmbange ana arane dhewe, kaya ta:
arèn kêmbange: dangu.
nipah: dongong.
năngka: babal.
cubung: torong.
cêngkèh: polong.
randhu: karuk, Zie jambu ben.
kêncur: sèdhêt.
kanthil: gadhing (durung mêgar).
kacang: bundhêl of bêsêngut.
kara: kêmbang of pêntil: kèpèk.
krambil: manggar. -
--- 90 ---
- kelor: godhong of kêmbang: limaran.
kluwih: onthèl.
kopi: blanggrèng.
kapas: kadi.
kimpul: pancal, apa: pacal.
durèn: dlongop.[10]
têbu: pupus of kêmbang: glêgês.
suruh: drèngès.
salak: kêthêkêr.
pohung: ingklik.
pandhan: pudhak.
pête: pêndul.
dhadhap: celung.
jati: jangglêng.
jambu: karuk Zie randhu bov.
jambe: mayang.
jagung: jêmbut,[11]
jengkol: cuwis. -
--- 91 ---
- mlinjo: ucêng.
garut: grêmêng.
gêdhang: kêmbanging uwit: tuntut. Kêmbanging uwoh: paran.
blimbing: maya. - cukul (woh)
- cêcukulan kang wohe ana arane dhewe, kaya ta:
arèn: wohe: kolang-kaling.
kanthil: gandhèk.
turi: klenthang.
so: mlinjo.
sambi: kêcacil.
wi: wohe ing dhuwur: katak.
widara putih: anyang.
pucung: kluwak.
gêbang: krandhing.
bêsusu: wohe ing dhuwur: bêngkowang. - cukul (wiji)
- cêcukulan kang wijine ana arane dhewe, kaya ta:
-
--- 92 ---
- asêm, wijine: klungsu.
năngka: bêton.
cipir: botor.
randhu: klênthêng.
kuwèni: pêlok.
kluwih: bêton.
kapas: wuku.
durèn: pongge.
tanjung: kêcik.
sawo: kêcik.
pakèl: pêlok.
pêlêm: pêlok.
jambe: jêbug.
mlinjo: klathak. - cukul (pêntil)
- cêcukulan kang pêntile ana arane dhewe, kaya ta:
asêm, pêntile: cêmpaluk.
năngka: gori, banjur thèwèl.
randhu: karuk. -
--- 93 ---
- krambil: bluluk, banjur: cêngkir, banjur: dêgan.
kuwèni: gêndheyo.
jambu: karuk.
jambe: blêbêr
jagung: jantenan.
mlinjo: kroto.
manggis: blibar. - cukul (godhong)
- cêcukulan kang godhonge ana arane dhewe, kaya ta:
injên-injênan, godhonge: dingkik.
ilèr: sisik bang, T.P. 1909 No. 69.
asêm: sinom.
cipir: cêthèthèt.
cêkuk: sriwadari.
randhu, sêmarakandhi of baladewa.
kacang: lêmbayung.
krambil, pupuse: janur, godhonge: blarak.
kelor: limaran. -
--- 94 ---
- kimpul: lumbu.
kimpul alas: kombang T.P. 1909 No. 69.
turi: pêthuk.
tela: jlegor.
têbu: glêgês (pupus).
wuni: pojar.
widara putih: trawas.
lêmpuyang: lirih (pupus).
lombok: sabrang.
pring: lar manyura T.P. 1909 No. 69.
jarak: blêdhèg.
jambe: dêdêl (pupus).
mlinjo: so. - coklèk
- Zie pêpês 7.
- cikbèn
- 1e cikbèn, têgêse: panglulu marang ala, kaya ta:
cikbèn dadi priyayi, rasane: măngsa lawasa: ora.
2e supaya, têgêse pamurih marang bêcik, kaya ta: -
--- 95 ---
- supaya dadi priyayi, rasane: kênaa dingèngèri marang sanak sadulure.
- cidra
- Zie goroh 2.
- catur
- Zie calathu 6.
- catur upaya
- Zie bojo lett.a.
- caturbrata
- Zie nagara mawa tata.
- cuwa
- kacuwan, ora katutugan karêpe, kosokbaline: kasêmbadan, katutugan karêpe, Zie P.M.II.art 101.
- cuwèr
- Zie ajèr 2.
- cawêt
- Zie lambe lett. b. 4.
- cawis
- Zie sadhiya 4.
- cul
- Zie ênga 12.
- calon
- Zie bakal 2.
- calak
- 1e calak, andhisiki calathu nugêl wikalpa (ucap).
2e lancang, andhisiki pratingkah kang ora diwênangake.
3e diksura, kêmajon solah-bawane ana ing pasamuan. -
--- 96 ---
- 4e kurang ajar = ora sumurup marang tatakrama.
5e kêdhisikan tuwuh = bocah wani nyambungi caturane wong tuwa. - cêluk
- Zie calathu.
- cilaka
- 1e cilaka, ana timbangane: bêgja (bêgja cilaka), saka pandamêling Allah, utawa kudratullah, kaya ta: cilaka kêna walating wong tuwa (bêgja mênang lotre satus èwu). Kabêgjan lan kacilakan dudu gaweyaning manungsa, atas saka karsaning Allah.
2e kojur, ana timbangane: mujur (kojur mujur) uga saka pandamêling Allah, utawa kudratullah, kaya ta: kojur, botohan sawêngi prasasat ora ngukup, kosokbaline:
Mujur, botohan sawêngi prasasat ngukupi bae. Kêjujur luwih saka kojur, kaya ta: botohan rambah-rambah tansah kalah bae.
3e tiwas, saka panggawening manungsa (iradatullah) kaya [ka...] -
--- 97 ---
- [....ya] ta: tiwas gone dadi tuwa, anak putune padha ambêlasar saka kurang pamardine marang kapintêran dhèk isih bocahe, saiki padha murang sarak.
Kêtiwasan saka kurang prayitna, kêsokan malam sikile. Amargi saking tiwas kula botên sagêd ngupajiwa sanèsipun, J.Z. I. 109-9 v.o.
4e bilai, uga saka panggawening manungsa (iradatullah) kaya ta: bilai omahku kobong. Kabilaèn mêntas kobongan. Kabilaèn sawahe tinêba ing ama tikus. - culika
- Zie goroh 5.
- calathu
- Zie 8 ben.
1e uni, mungguhing kewan sarta barang, kaya ta: unine manuk ngocèh, unining gamêlan, enz. nangingmungguhing manungsa dadi têmbung Ks. Muni sagêlêm-gêlême dupèh ora anjangani. Muni ala enz.
2e unadika, ngunandika, clathu dhewe mratelakake utawa ngrasakake apa-apa kang kalêbu ing pamikir. -
--- 98 ---
- 3e undang, ngundang, muni ngarani jênênging wong utawa khewan (Sopi).
4e udur, clathu rêbut bênêr muni barêng.
5e carita, clathu dhewe mratelakake lêlakone para misuwur ing jaman kuna: tanpa lesan. Nyaritani, marang wong siji nganggo lesan.
6e catur, caturan, clathu ana rewange. Nyatur, muni dhewe ana sangarêping wong, ngarani alaning wong.
7e cêluk = undang.
8e calathu, muni apa-apa. Nylathoni, muni ala marang wong. nylathokake, muni dhewe nirokake unining liyan, kaya ta: nylathokake unining wayang Radèn Gathutkaca, utawa nylathokake bocah kang durung bisa clathu.
9e rècèh, ora lèrèn-lèrèn calathu.
10e rasa, ngrasani, ala bêciking wong, beda karo: nyatur, mung ala. ngrasakake, clathu sajroning ati.
11e rêmbug, rêmbugan, muni ana lesane karo -
--- 99 ---
- wong siji utawa luwih. Ngrêmbug kabêkêlan bumi desa Manjung. ngrêmbugi si a gêlême bali suwita manèh. Ngrêmbugake omah arêp didol.
12e kăndha, clathu dhewe marang wong, mratelakake lêlakon kang mêntas tinêmu, kaya ta: wêruh bangke kèli, dadi beda karo carita. bov.
Ngandhani, clathu marang sawijining wong kang durung dingêrtèni. Ngandhakake, clathu marang sawijining wong tumraping wong liya.
13e trampil, gampang nampani gunêming wong.
14e tutur, kaya ta: tutur ala bêciking wong. Nuturi, clathu marang wong supaya mituruta karêpe. Nuturake, clathu marang wong ngarani alaning wong liya.
15e tumbak cucukan, clathu ngadu-adu murih crahing saduluran.
16e srasehan, ngamasake (= nimbangake) panêmu.
17e samanta, nyamantakake (= mupakatake) panêmu.
18e sambat, adhuh biyung, Allah tobat. -
--- 100 ---
- 19e wacana, imbal wacana= caturan.
20e wicara, wong micara = clathu nglungguhi yogya paraning basa, ora kurang ora luwih.
21e wuruk, muruk, supaya diturut unine. Muruki supaya dilakoni karêpe.
22e wirasa, kang kanggo kramane, kaya ta: punapa sawiraosing sêrat (= uni) sampun kula tupiksani.
23e wêkas, mêkas, duwe panjaluk utawa pamurih ngolèhake utawa nêkakake apa kang dikarêpake. Mêkasake ngundang wong katêlu saka wong kapindho.
24e wadul, clathu nuturake alaning wong tumraping awake. Madulake, clathu nuturake alaning wong tumraping liyan.
25e wuwus, Kw. = calathu, muwus, kanggo ing têmbung Ks. kaya ta: muwus sagêlêm-gêlême.
26e walèh, pangaku kang maune mukir.
27e lindur, nglindur, muni ora tata sajrone turu.
28e lapur, muni kalawan lesan, utawa ijoan tuwin [tuwi...] -
--- 101 ---
- [...n] kamot ing layang katur marang dhêdhuwurane, mratelakake gone nglakoni parentah utawa pagawean kang wis diwajibake. Nglapurake tutur apa-apa marang kang duwe wajib, kaya ta: nglapurake pari wis tuwa.
29e parentah, têgêse: pakon ijoan, utawa kamot ing layang.
30e prakaran, rêbut bênêr katur ing parentah.
31e prasabên, têgêse: piwêkas apa-apa kang durung kalakon, kaya ta: sesuk jam nêm, tak arêp-arêp têkane, aja pating krêncil.
32e pikir, mikir, uni sajroning ati ora kawêtu.
33e pitungkas = wêkas.
34e dhawuh, N. dhawah K. voor K. I. = parentah.
35e jêrit, anjêrit, sambate wong wadon.
36e juwèh = rècèh, ora lèrèn-lèrèn calathu.
37e jêlèh, anjêlèh, sambate wong lanang, utawa bocah lanang wadon.
38e gunêm, gunêman, muni ana rewange, ngrasakake barang satêmu-têmune tanpa pada. -
--- 102 ---
- 39e grênêng, grênêngan, clathu dhewe, ngarani ora bênêr marang kang nyrêngêni dhèwèke, dening ora rumasa luput.
40e grunêng, grunêngan, clathu dhewe ora narima disrêngêni dening ora rumasa luput.
41e grêncêngan, padu rêbut bênêr clathu sêru.
42e grantês, anggrantês, clathu dhewe nglairake susahing ati ênggone nandhang papa cintraka.
43e grênjêl, anggrênjêl, lara atine ora kêwêtu.
44e grètèh, kêrêp nuturi marang panggawe bêcik.
45e grêsah, anggrêsah, sambat susah.
46e grapyak of gapyak,[12] rumakêt kêrêp calathu.
47e grêjêg, clathu sêru rêbut bênêr kanthi pratingkah.
48e groyok, clathu rikat, cawuh, kêsusu.
49e grêmêng, gumrêmêng = grênêng bov.
50e grumung, gumrumung, wong akèh.
51e grèmèng, clathu ora urut, tanpa pada.
52e gêrêng, gêrêng-gêrêng, sambat kêlaran. -
--- 103 ---
- 53e gêdobrol, kăndha goroh.
54e gêdêbus, id.
55e gêtak, anggêtak, swara dikagètake.
56e gêsah of gusah, swara disêrokake.
57e galêndhêng, anggalêndhêng, clathu dhewe karo lunga maoni karêping wong padha anane.
58e galuruh, anggaluruh sambat kêlaran.
59e golak-galik, of golak-galok, swarane wong wadon, utawa wong lanang maca.
60e glayêm, gloyam-glayêm, clathu sajak ala nganggur.
61e glêgês, angglêgês, angguyu lirih.
62e glègès, angglègès, angguyu kurang ajar.
63e gupruk = rame, swarane wong kăndha sêru.
64e bètèh, padu ana ngarsaning parentah.
65e blaka, pangaku kang maune mukir, mungguhing samubarang prakara.
66e beja, pangundang kang durung kalakon têka, kaya ta: dhèk wingi wis tak bejani, yèn ora kapambêng dina iki tak undang mrene. -
--- 104 ---
- 67e bêngok, ambêngok, uni sêru.
- caluthak
- Zie ati 6 voor nistha.
- culêng
- Zie maling 5.
- celengan
- Zie lingga lett. f 13.
- cêprok
- Zie irung 4.
- cêpit
- of kêcêpit Zie lêmpit.
1e cupêt pangandêl = ora pitaya marang ing liyan, sumêlang yèn dicidrani, ditêpakake kaya mênyang awake dhewe, sok gêlêm gawe mêngkono.
2e ora ngandêl, nampik caturing wong kang ngandhakake panggawe, pawarta tuwin sasurupan kang mêntas dilakoni.
3e paido van idu, maido, anggorohake kandhaning wong sapangarêpan.
4e ora anggugu, ambalèkake pitutur utawa parentah, êmoh miturut, utawa êmoh nglakoni. - copot
- Zie ênga 4 en lingga lett. c 4.
Apa bedane têmbung: copot lan: pocot, mangkene: -
--- 105 ---
- 1e copot, tumraping barang, kaya ta: copotên gabuse, enz.
2e pocot, tumraping manungsa, kaya ta: kapocot saka kalungguhane. - cupêt pangandêl
- Zie cupêt 1.
- caplok
- Zie pangan 12.
- coplok
- a. Zie runtuh 2. b. Zie silihan 9.
- cèplês
- Zie nyamlêng 3.
- cadhong
- Zie balănja 4.
- cumut
- Zie rêgêd, 4 voor wong.
- cêmplang
- Zie rasa 6.
- cêmplung
- Zie cêgur 2.
- camboran I.
- Têmbung camboran, iku ana rong rupa, camboran wutuh lan camboran tugêl, dene têgêse camboran: pamoring têmbung rong lingga kang ora kêna pinisah, sabên pinisah duwe têgês liya, kaya ta:
a. Camboran wutuh.
1. undha-usuk.
2. salatara. -
--- 106 ---
- b. Camboran tugêl.
3. kakkong verk. v. tungkak lan bokong.
4. dhenok verk. v. gêdhe nonok.
5. dhelik verk. v. gêdhe cilik.
6. dhepok verk. v. gêdhe papak = pok.
7. dhèmês verk. v. gêdhe lêmês.
8. dhegus verk. v. gêdhe bagus.
9. ngronje verk. v. ngron gênje.
10. ngropoh verk. v. ngron kêpoh.
11. ngropèk verk. v. ngron kèpèk.
12. ngrayung verk. v. ngron lêmbayung.
13. ngrangkung verk. v. ngron bakung. - camboran II.
- Têmbung camboran araning nagara utawa desa, kaya ta:
1. Kartasura, Kartawani voor temb. sura = wani.
2. Kaliwungu, dikramakake: Lèpèntangi, kuwalik, wungu K. I. tangi K. N.
3. Kaliyasa, ora Lèpèndamêl, dikramakake: Lèpènsiyam, mung mèmpêr saka têmbung: puwasa N. siyam K. -
--- 107 ---
- 4. Surabaya, Surabanggi van ubaya N. ubanggi K. Surabaya, Surapringga van baya = pringga (pakewuh).
5. Salatiga, ora Salatêlu, dikramakake: Salatigên van katiga K. N. katigên K. D.
6. Pakalongan, dikramakake: Pangangsalan, kosokbali, sok kalonga, sijine iya: angsal.
7. Pathi K. N. Santênan, voor temb. pathi = lan santên.
8. Grêsik, dikramakake: Tandhês, van rêsik (= êntèk) nandhês (= êntèk).
9. Bayalali, ora Bayasupe, dikramakake: Bayawangsul van bali N. wangsul K. bangsul K. D.
10. Ngadipira, ora Ngadipintên.
11. Mataram K. N. Matawis K. Ngèksigănda temb. van mata = èksi, ram (= rum) = gănda.
12. Baturana K. N. ana kang ngramakake: Baturadin van rata = radin. - camboran III.
- Têmbung: camboran araning srandu, kaya ta:
1 Kulit ayam, iku kulit ing jaba, katone mung yèn biblak kaya klamudan. -
--- 108 ---
- 2. silit kodhok, balung thêngil pungkasaning ula-ula kang ngisor antaraning bokong kiwa têngên.
3. wulu kalong, wulu kang lêmbut ora kasat mata, yèn ora diwaspadakake.
4. wulu setan, wulu mênjila thukul ana ing awak nganti katon dawa.
5e wulu puhun, wulu kang thukul ana ing jêmpol sikil.
6e buntut urang, rambut cêndhak kang thukul ana ing êndhas ngisor lêkokaning gulu kang buri, rupane lancip. - cêgah
- Zie pênging 3.
- cêgèh
- Zie napas 3.
- Apa bedane têmbung: kêcêgur, lan: kêcêmplung, mangkene:
1e kêcêgur, barang gêdhe sarta kudu tiba ing banyu, kaya ta: wong kêcêgur sumur, nanging:
2e kêcêmplung, barang cilik sarta kêna tiba ing pêntasan, ora mung tiba ing banyu bae, kaya ta:
Rèk kêcêmplung ing sumur, º têmpolong, enz. - cagak
- Zie saka 2.
-
--- 109 ---
- nyagak pat Zie indhung 3.
- cêgat
- nyêgat Zie têmu 13.
- cugêtan atèn
- Zie ati 5 voor watêk.
- cebol gayuh lintang
- Zie isbat 6.
- cablèk
- Zie tangan 7.
- ciblok
- Zie runtuh 5.
- cêtha
- Zie têrang 6.
- cêthot
- Zie tangan 10.
- cithut
- Zie mata 8.
- cêthil
- Zie gêmi 3.
- cangkrama
- Zie lunga 8.
- cêngkorong
- Zie bakal 3.
- congkok
- Zie dol 7.
- cêngkiwing
- nyêngkiwing Zie gawa 9.
- cangkêm
- a. Bêdhahan cangkêm.
Bêdhahan cangkêm iku kajaba ămba ciyut, utawa sêdhêngan, ora ana arane, dening ora ana dumukane, nanging bakuning arane ana ing lambe, kaya ta: -
--- 110 ---
- 1e dhamis, lambe ngisor dhuwur sêdhêngan. Lathi dhamis anggula sathêmplik, ... Tj. R. 48.
2e gugut, lambe dhuwur copèt, janggute rada dawa.
3e anggandhul, lambe ngisor luwih sathithik (lambe gandhul mêrak ati).
4e dongos, lambe dhuwur numpang lambe ngisor.
5e andombêle, lambe ngisor kandêl nganti katon gusine.
6e nyoro, lambe ngisor dhuwur sêmu lancip.
7e kokop, pojokaning lambe kiwa têngên, utawa mung siji ana tilasaning pathèk.
b. Obahing cangkêm.
1e angguyu of mèsêm.
« 2e mringis, 3e mrèngès, 4e mrongos » mung kacèk kaananing rupane bae, têgêse: ngatokake untu, nanging:
« pringas-pringis, pringisan » ngatokake untu dening kêlaran, beda karo: -
--- 111 ---
- prengas-prèngès, angguyu tutuk sêmbrana parikêna.
- cangking
- Zie gawa 8.
-
[RA]
- ri
- nglincipi Zie durcara 6.
- rèh
- Zie kon 6.
Sarèhning = awit saka. Upama: sarèhning bangêt butuhku, Zie J. Z. I. 191 - 1 v. o. - rai
- raining layang: waton kang ora ditulis.
raining jidaran: ethoke papat pisan. - rahab
- Zie sudi.
- rêna
- Zie dhêmên 4.
- rena
- Zie lunga 16.
- ronce
- Zie rèntèng 8.
- ranti
- of rumanti Zie sadhiya 5.
- runtuh
- 1e runtuh, têgêse: pisah saka gantilane, kaya ta: pêlêm runtuh, enz. kêna sinilih: runtuh tyase tibèng siti, ... P. K. en Zie silihan 10.
2e coplok, têgêse: pisah saka ing êmbanan, kaya ta: panunggule coplok saka êmbanane, kêna sinilih [si...] -
--- 112 ---
- [...nilih]: coplok marang kawruh itung, Zie silihan, 9.
3e rigol of rugol = runtuh.
4e gigol of gugol = runtuh.
5e ciblok of jiblok = runtuh.
6e giglok of guglok = runtuh.
7e rontog, pêntil pêlêm rontog, kêna sinilih: tungtung rêkta ngrarontog ati, M. H. 4 - 1 v. o.
8e gogrog = runtuh saka kêlaran, kaya ta: pêntil pêlêm gogrog kabèh dening wite arêp mati pinangan jamur upas. Wong mêtêng gogrog dening lara panastis. - runtut
- Zie tut 1.
- runtung
- Zie rèntèng 4.
1e rèntèng (vgl. runtung en once) têgêse: ngumpulake barang sarana sunduk, kaya ta: gangsir sarèntèng.
2e gandhèng, têgêse: ngumpulake barang sarana tali, kaya ta: buntêlan cilik-cilik digandhèng dadi siji.
3e kanthi, kanthèn.
a. nganthi garwa, tangan diblêngkukake bau kiwa cinêkêl ing tangan têngên, mungguhing garwa kang asor darajate, bau -
--- 113 ---
- têngên cinêkêl ing tangan kiwa mungguhing garwa kang unggul darajate.
b. nganthi pangantèn, wong loro nyêkêli tanganing pangantèn kiwa têngên, padha anggêjojor.
c. kanthèn, bau kiwa lan bau têngên disloboki tangan banjur padha diblêngkukake.
4e runtung, wong lumaku ngarêp buri ingaran: runtung-runtung.
5e dhèncèng, wong lumaku abêbarêngan.
6e ganthèt = kanthèt, barang dikumpulake dadi siji sarana tali.
7e once, nata kêmbang ginandhèng kalawan bolah.
8e ronce, uga nata kêmbang kalawan bolah.
9e gubah, anggubah, iya uga nata kêmbang kalawan bolah.
10e anggit, nata ukara.
11e apus = anggit.
12e karang = anggit.
13e dhampyak, dhampyak-dhampyak têgêse: wong akèh lumaku abêbarêngan. -
--- 114 ---
- rundha
- Zie rêksa 7.
- randhu alas ru...
- Zie isbat 3.
- rindhik
- Zie alon 2.
- rindhik asu di...
- Zie sanepa, 10.
- randhat
- of rêndhêt Zie alon 9.
- ronje
- Zie camboran I. 10.
- rècèh
- Zie calathu 9.
- rikuh
- Zie gidhuh 7 en Zie ulat 21.
- rukun
- Zie tut 3 en Zie tunggal 10.
1e rukun, têgêse: golonging ati.
2e kêmpêl of kumpul, têgêse: kêmpêl, pamoring barang. Kumpul, golonging ati.
3e guyub, golonging wong, mulane têmbung: parukunan, ora kêna liniru: pirukunan, nanging: pakumpulan of paguyuban, padha kênane. - rikat
- Zie enggal 3.
- rêksa
- 1e ngrêksa of rumêksa pasanggrahan, iya iku wong diparingi wêwênang saka sing kagungan, nanduri utawa ngêpèki wêtuning pasanggrahan, aja kongsi dirusak ing wong.
-
--- 115 ---
- 2e tunggu (ing wayah awan) kaya ta: bocah tunggu omah aja kongsi kalêbon wong ala. º ambêngan, aja kongsi dicocok ing asu. º pari tuwa aja kongsi tinêba ing manuk kang nisil pari.
3e jaga (nyăngga gawe ing wayah awan) kaya ta:
jaga nagara, Zie seba 3. jaga marang pabrik, utawa marang kadêmangan, apèk godhong, kayu, utawa ngisèni kulah, tuwin rêrêsik kêbon.
4e kêmit (wong cilik) = tungguk of jaga nagara (priyayi) nyăngga gawe mêlèk ing wayah bêngi, kaya ta: kêmit marang pabrik, º pasanggrahan, º kadêmangan. Tungguk marang srimanganti. Jaga nagara marang alun-alun, enz.
5e ambêng, nyăngga gawe ing wayah bêngi, biyantu lakuning pulisi arêp nyêkêl durjana.
6e ayêr, wong desa kang nyăngga gawe ing wayah awan, lumêbu marang patuh nagara, sarta wis anggawa godhong, kayu, gawene apèk banyu lan rêrêsik kêbon.
« 7e rundha, 8e patrol » rundha patrol, pagawean pulisi [puli…] -
--- 116 ---
- […si] ing wayah bêngi. Ing Surakarta, rundha: mubêng, patrol: mandhok ana ing gêrdhu.
9e pamong of momong, ngrêksa bocah cilik. - rakus
- Zie ati 4 voor nistha.
- rêkasa
- 1e rêkasa, tumraping ati utawa awak, kaya ta: gawe rêkasaning ati. Yèn kolakoni dharat rêkasa. Saiki pagaweanku rêkasa, enz.
2e kangelan, tumraping pratingkah utawa bausuku, kaya ta: kangelan panggambare. º lakune, enz. Rêkasa uripe (kamlaratan) nanging: kangelan uripe (nyandhak tuna anggayuh luput). - rudatin
- Zie ati 5 voor susah.
- roda-paripaksa
- Zie pêksa.
- ratan
- Zie dalan 3.
- ratêngan
- Zie dol 4.
- rasa
- Zie calathu 10.
Ing ngisor iki aran sarta manggoning rasa, kaya ta: -
--- 117 ---
- 1. aor, rasaning jengkol.
2. anyir, rasaning blondho.
3. asin, rasaning uyah.
4. adhêm, tanpa uyah.
5. anglêk, lêgi bangêt.
6 cêmplang, kurang bumbu.
7. kêcut, wuni.
8. kêmêtèp, lombok jêmprit.
9. tawa, banyu.
10. tumêk, lêgi gurih.
11. sêpa, tanpa rasa.
12. sêpêt, sêmak.
13. sêngir, godhong dewandaru.
14. sêngak, tape.
15. lêgi gurih, gula.
16. pait, butrawali.
17. pêdhês, lombok of mrica.
18. nyêthak, asin (of pait) bangêt.
19. gurih, krambil, kêmiri.
20. gêrok, kuwèni. -
--- 118 ---
- 21. gêtar, lênga têngik.
22. gêtir, jêruk gulung kêcut.
23. ngudhêl-udhêl, klayu. - risi
- Zie ati 3 voor rasa en Zie gidhuh 4.
- rosa
- 1e rosa, tumrap marang kêkuwatan sarta budi, kaya ta:
rosa dhasar = dhasar rosa, rosa budine.
2e santosa, tumrap marang barang, sarta budi, kaya ta: pagêre santosa, budine santosa. - rusuh
- Zie gidhuh 6.
- rusak
- rusaking barang ora dha[13] arane, manut bangsane dhewe-dhewe, kaya ta:
1e omah bubrah.
2e pagêr bêdhah.
3e bêras wutah.
4e grabah pêcah.
5e wong owah.
6e sêga mambu, utawa: amèr.
7e iwak bacin, utawa: kêcing. -
--- 119 ---
- 8e sambêl goreng kêcut.
9e jangan sayup.
10e wedang ngilêr.
11e lênga of ragi têngik.
12e iwak loh buthuk.
13e klasa amoh.
14e jarit suwèk.
15e sêtrali rêmuk.
16e dhuwit mawut.
17e jênèwêr ngabar.
18e sêmbagi mutah.
19e dom pugut.
20e banyu kalèn bangêr.
21e jungkat rompang.
22e pacul gowang. - rawa
- Zie umbul 6.
- rawat
- Zie dokok 3.
- ruwêt
- Zie bruwêt 3.
- rewang
- Zie bantu 3.
-
--- 120 ---
- Bedane têmbung: rewang, lan liya-liyane:
1e rewang, tumrap marang sadhengah wong, kaya ta: rewangku sapati urip, rewangku dolan dhèk cilik, rewang wong ngusung êmpyak.
2e kănca, tumrap marang sapadha-padhaning wong, kaya ta: kănca panèwu mantri apa wis pêpak, kang clathu kudu priyayi panèwu mantri, dudu lurah bêkêl jajar. Nanging yèn kang ngarani luwih dhudhur[14] pangkate tinimbang karo kang diarani: kêna, kaya ta: priyagung wadana kaliwon, ngarani kănca panèwu mantri, mangkono uga priyayi panèwu mantri ngarani kănca lurah bêkêl jajar.
3e kanthi, tumrap marang wong sarta barang, kaya ta: kanthiku lungan mung karo bocah, ora karo wong tuwa. Kirim sayuran kanthi layang tutupan.
4e batur, aku mung gawa batur loro, kowe pira.
5e batih, têgêse: bojo wadon, ingkang gadhah griya: bojo lanang. - Rupa
- 1e rupa, tumrap marang samubarang kang katon, kaya ta: rupane wong Jawa beda karo Walănda utawa Cina.
-
--- 121 ---
- 2e warna, tumrap marang kaanan kang kasat mata sarta kang ora kêna pinisah karo dhasare, kaya ta : irênging angus, kuninging kunir, putihing ênjêt, enz.
3e wujud, têgêse: ana.
4e dhapur, kira-kiraning ati, kaya ta: kêris dhapur tilam upih, iku beda karo dhapuring tilam sari.
5e wangun, beda kaananing barang, utawa cakriking barang, kaya ta: bundêr, pasagi, enz. răngka wangun Surakarta, ladrang padha ladrang, gayaman padha gayaman, iku beda cakrike karo wangun Ngayogyakarta. - ropoh
- of ngropoh Zie camboran I. 11.
- ropèk
- of ngropèk Zie camboran I. 12.
- rujuk
- a. Zie tut 6.
b. Zie tunggal 5.
c. Zie bantu 7. - raja pundhut
- Zie piyagêm 5.
- rajang
- Zie tugêl.
- rojong
- Zie bantu 4.
- royom
- Zie tunggal 13.
- rayung
- of ngrayung Zie camboran I. 13.
-
--- 122 ---
- rêmak
- Zie pêcah 6.
- rêmuk
- a. Zie rusak 15. b. Zie pêcah 3.
- rimuk
- Zie jaluk 3.
- rêmus
- Zie pêcah 4.
- rêmpu
- Zie pêcah 7.
- rampas
- Zie tugêl.
- rampal
- Zie undha-usuk 3.
- rimpil
- Zie undha-usuk 3.
- rompang
- Zie rusak 21.
- rêmbên
- Zie alon 7.
- rêmbug
- a. Zie calathu 11. b. Zie bantu 6.
- rêmbang
- Zie tugêl.
- ragi
- Zie rusak 11.
- rêga
- 1e rêga, tumrap barang kang arêp didol, kaya ta: suwêng rong rakit niki dirêgani pintên. Sing dhapur grompol niku dirêgani satus sawidak rupiyah putih, sing dhapur urang ayu: rong atus, kokehan olèhe ngrêgani J. Z. I. 107 - 10.
2e taksir, tumrap barang kang ora didol, kaya ta: -
--- 123 ---
- Gantosan sèkêt rupiyah, taksir rêgi pitung dasa gangsal rupiyah (ancêr-ancêr).
3e murwat (patut) kaya ta: murwatan kula sing dhapur grompol niki wolung puluh rupiyah. Murwatan kula ênggih mung sêmontên, J. Z. I. 107 - 8 en 5 v. o. Tapih kêmbên tak murwat sapuluh, id. 166 - 7 v. o.
4e pangaji = murwat, pangajining barang = murwataku.
« 5e mêjaji, 6e kêrtaaji » pira.
Barang kang arêp didol dimupakatake rêgane dhisik, kaya ta: barang mas intên sing pancèn ora kanggo, bêcik didadèkake dhuwit bae, gampang pangêdume, kabèh mêjaji of ana kêrtaaji pira.
7e kira (pal) kiraku udane bakal dêrês, J. Z. I. 103 - 7 v. o. lagi kiraku dhewe iya macan dhasar panuju arêp têka, id. 181 - 5 v. o.
8e karang (cam) êmpaning ati saka blilu tau, kaya ta: sadhiyan samene karangaku cukup ginawe suguh dhayoh priyayi sawidak.
9e duga (timbang), duganên saprayogane. dêduga [dêdu...] -
--- 124 ---
- [...ga] lawan prayoga ... duga-duga nora kari, W. Rèh. 12 - 3 v. o.
- rêgu
- Zie ulat 2.
- rego
- Zie gidhuh 2.
- rêgêd
- (marang wong)
1e crobo, wong mêntas mangan ora wisuh tangane mung diusapake ing sandhangane bae.
2e kêthêr, arang ngumbah sandhangane, dianggo rêgêdan bae.
3e kêthuh, arang adus, awake nganti kokot bolotên.
4e cumut-cumut, rai rêgêd ora tau raup.
5e jêmbêr, nyêkêl iwak loh ora wisuh. - rêgêd
- (marang barang)
1e rêgêd, jogan ora disaponi, utawa uwuh ora manggon ing pawuhan.
2e lêthêk, pragèn ora dirêsiki.
3e kêthuh panganggone, Zie bov. - rigol
- of rugol, Zie runtuh 3.
- ragangan
- Zie bakal 4.
- ribêd
- Zie gidhuh 5.
-
--- 125 ---
- rangu
- 1e rangu-rangu (ati mandhêg tumolih) kaya ta: aku isih rangu-rangu apa tega apa ora nyakolahake anak mênyang Batawi.
2e mangu-mangu (ati kanggêg) kaya ta: atiku isih mangu-mangu durung: plong, apa sida yasa apa tuku bae, awit wong yasa wayang iku ora sathithik, yèn wis kêbanjur isin mundur, beda karo tuku kothak (wayang sakothak) sanadyan kurang bungah, nanging bisa nandhing milih, tur sathithik dhuwite.
3e minggrang-minggring (ati kurang wani) kaya ta: wong atimu minggrang-minggring mangkono, nèk sida nganggo gamêlan: karuhane, nèk ora: ya wis, isin: sing diisini sapa, lan ora ana wong srêngên.
4e gojag-gajêg (ati durung manggon) kaya ta: atiku isih gojag-gajêg, apa kêna tak andêl, apa ora, iya bênêr bêcik gawene lan bêcik kalakuhane, nanging durung suwe olèhe mèlu aku, yèn ana mlèsède tangguhku, aku sing kainan. -
--- 126 ---
- 5e mêlang-mêlang (ati ora jênjêm) kaya ta: tansah mêlang-mêlang bae, negakake bocah durung umur, yèn dipèlèt ing wong ana dalan.
6e sêmang-sêmang (ati ora ngandêl) kaya ta: atiku isih sêmang-sêmang, durung ngandêl marang kasaguhaning sadulur kang durung kêcêkêl, awit sok ambalenjani. - ringa
- Zie duga 5.
- rungih
- Zie irung 5.
- rêngka
- Zie pêpês 11 en pêcah 9.
- răngka manjing curiga
- Zie isbat 1.
- rangkung
- of ngrangkung, Zie camboran I. 14.
- rêngat
- Zie pêpês 12 en pêcah 10.
- ringga
- Zie duga 10.
- rênggêp
- Zie pêthêl 4.
- rênggang gula
- Zie sanepa 1.
- rêngêng
- of rêngêng-rêngêng Zie waca 2.
-
[KA]
- kê
- en dwipurwa.
Yèn surasane dadi passief nganggo: kê, yèn surasane dadi bijvoegelijk nwd. nganggo: ka, utawa [u...] -
--- 127 ---
- [...tawa] ngrangkêp aksara purwaning lingga manut apa raswadine, kaya ta:
Klinker a. Jagoku wis mari gêring, amarga dhèk wingi wis kêkablak ana ing latar. Aku durung ngandêl yèn wis maria gêringe, awit yèn mung saka kêkablak bae (van kablak-kablak) durung gêlêm kaluruk, iya durung waras têmênan.
Klinker i. Anakmu ora kêna tak tilapake tansah kêkinthil bae. Kêkinthila kae (van kinthil-kinthil) bok ya cikbèn, anggêre ora nangis.
Klinker u. Wong Surakarta yèn ikêt-ikêtan akêkuncung, nanging wong ing Ngayogyakarta ora nganggo kuncung. Mungguhing aku wong pasisir kêkuncung (van kuncung-kuncung) iku ora dhêmên.
Klinker é. Aku isih kêkèrèn pajêg bêras marang kanitèn 50 cênthak, kêkèrènmu pajêg (van kèrèn-kèrèn) mung 50 cênthak, aku satus. -
--- 128 ---
- Klinker ê. Damare mati kêkêmpus, passief, mulane aja sok kêkêmpusan, bijvoegelijk nwd. rimbage padha karakêtan pêpêt, nanging surasane beda.
Kaanan, bijvoegelijk naamwoord.
a. rupa, abang biru,
b. rasa, lêgi gurih,
c. wangun, bundêr pasagi,
d. kaanan, gêdhe cilik, enz.
Têmbung kaanan, lett. d. anduwèni tataran, kaya ta:
gêdhe stellende trap.
luwih gêdhe vergelijkende trap.
gêdhe dhewe overtreffende trap.
Têmbung kaanan bijvoegelijk nwd. olèh katrangan têmbung bantu, kaya ta: lawas bangêt, ora lunga, sida lara, nêpsu têmênan, sathithik bae, enz. - kaul
- Zie nadar 2.
- kauman
- Zie ngoko 13.
- kon
- 1e akon, kanggo parentahe wong tuwa marang wong
-
--- 129 ---
- nom, utawa bandara marang bature, gusti marang kawulane, kaya ta:
akon mangan, º nulis, º lunga, enz.
Tembunge: mangana, nulisa, lungaa.
Pakon, rupaning parentah ala lan bêcik, pakon sagêlêm-gêlême dupèh ora mlaku. Pakon yèn wus bênêr iku dilakoni.
Kongkon, tujuning pakon marang wong, kaya ta: dikongkon nagih marang ing Ngawi.
Akon, parentah kang lagi kawêtu.
Pakon, rupaning parentah ala bêcik.
Kongkon, tujuning pakon marang wong.
2e tag, pangiri kang wis bênêre dilakoni mangkono, nanging durung ditandangi, kaya ta: ditag adang. Têmbunge: wis awan nuli adanga: ta.
3e iri, pakoning kănca gênti nglakoni gawe, kaya ta: diiri andhèrèk, têmbunge: kowe gênti andhèrèka.
4e pêksa, kanggo ing pamisesa, kaya ta: kapatrapan [kapatra...] -
--- 130 ---
- [...pan] nyambut gawe pêksan ana ing yêyasaning nagara, olèh pangan tanpa bayaran lawase sataun.
5e jiyat, kanggo ing pamarusa, kaya ta: dijiyat ngombe jamu.
6e rèh = pamêrdi, kanggo dhêdhuwuran marang sor-sorane, kaya ta: dirèh nulis, enz. - kêna
- Zie bisa 10.
- kene
- Zie pituduh lett. c.
- kănca
- Zie rewang 2.
- kêncan
- Zie janji 2.
- kêncrang
- Zie swara lett. a 6.
- kêncêng
- a. Zie ati 3 voor watêk.
b. Zie silihan 3. - kanuragan
- Zie luwih 7.
- kêndêl
- 1e kêndêl, kosokbaline: jirih, watêking ati pancèn kêndêl, utawa: jirih, kaya ta: kêndêl pêrang, ora miris diwêdèni ing wong. Jirih pêrang, ora mongkog diwêwani, nanging:
-
--- 131 ---
- 2e wani, kosokbaline: wêdi. Wêdi, bisa dadi: wani, dening pamlupuh utawa pambombonging ilone.
- kêndho
- a. Zie alon 3. b. Zie silihan 3.
- kăndha
- Zie calathu 12.
- kêndhak
- Zie watir 13.
- kandhut
- Zie gawa 17.
- kanji
- Zie watir 8.
- kanthi
- a. Zie rèntèng 3. b. Zie rewang 3.
- kanthèt
- Zie rèntèng 6.
- kênthêl
- Zie silihan 2.
- kênthongan
- Zie swara lett. b. 10.
- kècu
- Zie maling 2.
- kacèk
- Zie suda 2.
- kêcut
- a. Zie rasa 7. b. Zie rusak 8.
- kucêm
- Zie ulat 19.
- kucing
- of kucing-kucing diraupi. Zie lingga lett. e 8.
- karo
- Zie sarta 4.
- kira
- a. Zie rêga 7. b. Zie duga 3.
- kranjang
- Zie sanepa 3.
-
--- 132 ---
- kracak
- Zie swara 1.
- krêcêk
- Zie swara 2.
- kricik
- Zie swara 3.
kriciking kêndhali Zie swara lett. a 4. - krucuk
- Zie swara 4.
- krècèk
- Zie swara 5.
- krocok
- Zie swara 6.
- krikit
- Zie pangan 16.
- karodene
- Zie dene 6.
- kêrtaaji
- Zie rêga 6.
- kratak
- Zie swara 7.
- krêtêk
- Zie swara 8.
- kritik
- Zie swara 9.
- krutuk
- Zie swara 10.
- krètèk
- Zie swara 11.
- krotok
- Zie swara 12.
- kartasura
- a. Zie camboran II 1.
b. Zie ngoko 14. - kuras
- Zie wisuh 4.
-
--- 133 ---
- krasak
- a. Zie swara 13. b. Zie swara lett. a 7 en 8.
- krêsêk
- Zie swara lett. a 14.
- krisik
- a. Zie swara 15. b. Zie swara lett. a 9.
- krusuk
- Zie swara 16.
- krèsèk
- Zie swara 17.
- krosok
- Zie swara 18.
- krawak
- Zie swara 19.
- krêwêk
- Zie swara 20.
- kriwik
- Zie swara 21.
- kruwuk
- Zie swara 22.
- krèwèk
- Zie swara 23.
- krowok
- Zie swara 24.
- krapês
- Zie swara 25 en kothong 19.
- krapyak
- Zie swara 26.
krapayaking watang Zie swara lett. a 5. - krêpyêk
- Zie swara 27.
- kripyik
- Zie swara 28.
- krupyuk
- Zie swara 29.
- krèpyèk
- Zie swara 30.
- kropyok
- Zie swara 31.
-
--- 134 ---
- kriya
- werkwoord.
a. kang nganggo lesan, kaya ta: mangan kêtan.
b. kang tanpa lesan, kaya ta: nangis sêru.
c. têmbung kriya olèh katrangan: ing, kaya ta: turu ing kamar Zie tanduk. - kriyak
- Zie swara 32.
- kriyêk
- Zie swara 33.
- kriyik
- Zie swara 34.
- kriyuk
- Zie swara 35.
- kriyèk
- Zie swara 36.
- kreyok
- Zie swara 37.
- karêm
- Zie doyan 2.
- kramat
- Zie kuwasa.
- krêmês
- Zie swara 38.
- krêmus
- Zie swara 39.
- krêmpêl
- of krompol, Zie kêmpêl 3 en 4.
- krambil
- Zie lumrah 1.
- krambil tapas limar
- Zie piyagêm 16.
- krigaji
- Têmbung: krigaji, ana kang ngarani: krikganji,
-
--- 135 ---
- saka: kêrigan aji. Kharaji Arb. têgêse: tanêm tuwuh, apamanèh Irrigate (Holl.) = pangulu banyu.
- krêbêt
- Zie swara 40.
- krubut
- Zie swara 41.
- krubyuk
- Zie swara 42.
- karang
- a. Zie rèntèng 12. b. Zie rêga 8.
- kêrêng
- a. Zie ati 1 voor watêk. b. Zie ulat 26.
- kurang
- a. Zie suda 5. b. Zie long 3. c. Zie butuh 2.
- Kurang ajar
- Zie calak 4.
- Krangsang lan krêngsêng
- Zie swara 43 en 44.
- krèngsèng
- Zie bakar 6.
- kaki
- of kumaki Zie ati 4 voor luwih.
- kaku
- Zie silihan 8.
- kukuh
- Zie silihan 11.
1e kukuh, tumraping barang sarta ati, kaya ta: olèhmu nalèni pager sing kukuh. Anakmu yèn diparani bojone dijak mulih: kukuhana. -
--- 136 ---
- 2e bakuh, tumrap marang barang, kaya ta: cêthing gawean Japara iku kajaba bêcik: bakuh.
3e pêngkuh, tumrap marang wêsi aji, kaya ta: aja dumèh cilik sarta tipis, kêris Majapait iku: pêngkuh.
4e puguh, tumraping ati, kaya ta: atine puguh ora kêna diluk ing wong. - kèkrèk
- Zie tugêl.
- kakkong
- Zie camboran I. 3.
- kêkês
- Zie adhêm 4.
- kukus
- Zie bakar 9.
1e kukus, kaya ta: Kukusing dupa kumêlun, ngêningkên tyas sang apêkik, ... Rm. (kukus enak ginănda). Ora ana gêni tanpa kukus, dhuwur kukuse. Wadananira kumukus.
2e kêbul, kaya ta: kêbuling tike of candu, º rokok, sêgane isih kêbul-kêbul (kêbul enak ingulu).
3e pêga, kaya ta: olèhmu dadèk gêni aja nganggo sêpêt, mundhak pêga. Bêdhiyan gêni mrambut, pêgane -
--- 137 ---
- bisa ngilangake lêmut (pêga gawe sêpêting mata).
4e bêluk = pêga, nanging luwih kandêl sarta akèh, nganti ora ambisakake ambêkan (bêluk gawe palêpêking napas), bêlukên = cêlukên.
Kokok bêluk ( manuk). - kokop
- Zie cangkêm lett. a 7.
- kikib
- Zie mungkir 4.
- kudu
- Zie pêsthi 2.
- kadigdayan
- Zie luwih 3.
- kaduwung
- Zie gêtun 2.
- kadipira
- Zie camboran II. 10.
- kuda ngrab ing pandêngan
- Zie isbat 5 en 28.
- katèlên
- Zie lingga lett. f 8.
- katog
- Zie tog 1.
- katiga rêndhêng
- Zie antara 5.
- kasantikan
- Zie luwih 4.
- kasar
- kasar alus, Zie gêdhe cilik.
kasar budine Zie ati 6 voor watêk.
1e kasar alus, tumrap bangsaning jarit, kaya ta: jarit lurik [lu…] -
--- 138 ---
- […rik] grayange kasar, jarik lêmês grayange alus.
2e agal lêmbut, tumrap bangsaning galêpung, kaya ta: agal kang durung pati ajur, lêmbut kang wis ajur têmênan.
3e wadhag lumêr, tumraping grayang, kaya ta: grayange awake wong lanang akèh kang wadhag, nanging grayange awake wong wadon akèh kang lumêr.
Têmbung kasar alus kêna sinilih tumraping budi, kaya ta:
kasar of alus budine, Zie P. M. III art. 119. - kisruh
- a. Zie ati 12 voor rusak, b. Zie gidhuh 3.
- kasêktèn
- Zie luwih 2.
- kasudiran
- Zie luwih 6.
- kisut
- Zie long 8.
- kêsusu
- Zie gugup 2.
- kasèp
- Zie măngsa 8.
- kasunyatan
- Zie luwih 8.
- kusuma anjrah ing tawang
- Zie isbat 15.
- kasampurnan
- Zie luwih 9.
- kawah
- Zie umbul 7.
-
--- 139 ---
- khewan
- (anak) khewan kang anake duwe aran dhewe, kaya ta:
Asu, anake aran: kirik.
Cêcak, sawiyah.
Cèlèng, sing isih cilik: jagar, sing wis rada gêdhe: gênjik. Têmbung: jumagar, saanak cèlèng.
Kêndhêla, sênggutru.
Kucing, cêmèng.
Kakap, pêlak.
Kutuk, sing isih cilik: beyongan, sing wis rada gêdhe: kocolan.
Kodhok, sing isih cilik sarta durung dapur kodhok: cebong, sing wis rada gêdhe: prêcil, yèn wis tuwa: kodhok, yèn wis kawak: bangkong, utawa: kongkang, manggon ing êrong bae.
Kêbo, gudèl.
Kêthèk, cênguk, têmbung bayi: nyênguki = saanak kêthèk.
Dara, piyik. -
--- 140 ---
- tikus, cindhil.
tuma, êndhoge: lingsang, yèn wis nêtês: kor.
tagèh, bèkèl.
sapi, pêdhèt.
warak, plêncing.
wêlut, udhèt.
wêdhus, cêmpe.
wong, bayi.
lintah, pacêt.
lele, jabrisan.
pitik, kuthuk.
yuyu, bèyès.
mênjangan, komprèng.
menthok, minthi.
macan, gogor.
mêrak, uncung.
glathik, cecrekan.
gajah, blêdug.
banyak, blêngur. -
--- 141 ---
- brati, tongti of tongking.
buta, wil.
bulus, kêtul.
baya, krete of thèngèl, ana kang ngarani: yèn wis rada gêdhe: bajul.
bèbèk, mêri. - kewan
- (asma). Araning kewan kang kagêm asmane para misuwur ing jaman kuna, kaya ta:
Andaka lawung = banthèng umbaran.
Undhakan sastra miruda = jaran dipanah oncat.
Hayamwuruk = pangungruming ayam.
Narasinga = wong pangawak macan.
Kuda laleyan, kuda = jaran, laleyan = pagêr bata. (balowartining paprangan, prajurit jêjaranan).
Kidang wiracapa = kidang dipanah ing gandhewa kuwasa: oncat.
Kidang walakas = kidang lumayu rikat.
Kêbo kanigara of kêbo kênanga = kêkêmbanging kewan adon. -
--- 142 ---
- Kêbo mênggah = kêbo kanggêg.
Sawunggaling = jago patohan of jago mas.
Siyung wanara = siyunging kêthèk.
Singaprana = watêking macan.
Lêmbu pêtêng = pasêmoning putra kang siningidake.
Lêmbu miluhur = kang asale dhuwur.
Lêmbu mijaya = kewan kang kuwat.
Lêmbu mangarang = kewan kang gawe sêngsêm.
Jaran panolih = jaran kang patut tinonton.
Jaya dimurti = kasêktèning cêcak.
Mahesa tandrêman = kêbo ora kaopan of kêbo pêlèn.
Mundhingsari of Mundhingwangi = kêmbanging kêbo.
Matswapati = ratuning iwak.
Gajahmada = gêlaring gajah.
Gagak pranawa = padhanging ati.
Gagak pranala = panasing ati.
Gagak bahni = pangawak gêni.
Gathayu = ênggoning kabêcikan. -
--- 143 ---
- Bundhan kajawan = pangawak kadhal, sawênèh ana kang ngarani: ibu Wandhan, rama Jawa.
Banjaransari = kêkêmbanging kewan adon, iya iku kêbo pêlèn.
Banyakwidhe = banyak kinurungan.
Basudewa= têkèk linuwih, utawa bidho linuwih.
Bisawarna = têkèk. - khewan
- (krama). Khewan kang ana kramane, kaya ta:
asu N. sagawon K.
iwak loh, ulam loh.
cèlèng N., andhapan of cêlêngan K.
kêbo N., maesa K.
tuma K. N., itik K. I.
sapi N., lêmbu K.
wêdhus N., menda K.
pitik N., ayam K. sambêran K. D.
jaran N. kapal K. kèpèl K. D.
jago N. sawung K. -
--- 144 ---
- manuk N., pêksi K.
manjangan N., sangsam K.
macan N., sima K.
gajah N., liman K.
gêmak N., puyuh K.
bêlo K. N., bêlêt K. D.
bèbèk N., kambangan K. - khewan
- (lanang wadon), khewan lanang wadon kang anduwèni aran dhewe-dhewe, kaya ta:
rasêksa, rasêksi.
ranggah (lanang), mênjangan (wadon).
tuu (lanang), kolik (wadon).
bênce (lanang), gêmak (wadon).
banthèng (lanang), jawi (wadon). - kuwur
- Zie ati 2 voor rusak.
- kuwadeyan
- Zie dol 9.
- kuwat
- Zie bêtah 3.
- kuwatir
- Zie ati 15 voor rusak.
- kawus
- Zie watir 7.
- kèwês
- Zie dhèmês 4.
-
--- 145 ---
- Kuwasa a.
- 1e irhas, kaelokaning nabi utawa para rasul, marasake wong lara mung kalawan pangandika.
2e mukjijating nabi, manuk dara bisa ngrusak mungsuh.
3e kramating wali, mulyakake wong kang ngabêkti ing Allah.
4e mangunah ing mukmin, mitulungi wong papa.
5e istijrating kapir, kaelokan kang katon ana tangane wong kapir.
6e ihanahe wong duraka, bisa nambani wong lara: bisa waras.
7e sikire wong ora ngendahake agama, bisa marang ngilmu sulap. - Kuwasa b.
- kuwasa luwih jêmbar (akèh), wêwênang ora pati jêmbar (sathithik) kaya ta:
1e kuwasaning nagara, º kabudidayan, º sêpurwèh matskapèi, enz.
2e wêwênanging bapa marang anak, º abdidalêm jaganagara -
--- 146 ---
- nglarangi wong nêrak parentah, º kondhèktur anjaluki karcis, enz.
3e wênang lan wajib, bapa wênang mala anggitik marang anak, nanging wajib mikir kamulyaning anak. - kawula
- of kumawula Zie sor 3.
- kawogan
- Zie wajib 2.
- kala
- Zie samar 8 en 9.
- kali
- Zie umbul 11.
- kula
- of kula-kula Zie dhumpyuk.
- kuli
- 1e kuli. Kang anggawa barang saka ing toko-toko, dhodhotane ana ing ngisor asêm, sambène kêplèk.
2e jagul. Iya iku bau desa kang mikul gunungan, utawa anggawa rontèk sapanunggalane sabên ing dina gêdhe, priyayine yèn lowong ngladèkake dhuwit satali, ingaran: jagulan.
3e bau. Bausuku, iya iku wong desa kang lumêbu garêbêg, utawa ana gawe.
4e buruh. Wong omahan kang anggawa wade marang padhasaran [padhasara...] -
--- 147 ---
- [...n] duwèking bakul, ajêgan ora tau salin wong, tampane opahan: sasèn.
5e bujang (= buja) = bau. Wong kang anggawa dodolan ratêngan marang padhasaran, utawa marang pasar, opahane kêncèng. - kalah
- Zie pupus 3.
- kalah mênang
- Zie antara 6.
- kulina
- (rakêt) kaya ta: pitêpungan bêcik, dudu sadulur, nanging wis kaya sadulur, iku diarani: kulina.
2e lanyah (kêrêp), kaya ta: maca layang wacan dibolan-balèni nganti ana sing diapali, iku ingaran: lanyah.
3e lantih (tau), kaya ta: dilantih lumaku saka sathithik = ditêtau o.
4e atul (ajêg), kaya ta: lakune atulna anjojog bae dhisik = lakune ajêgna o. - klanthungan
- Zie seba 8.
- klicut
- Zie ulat 20.
-
--- 148 ---
- kêlar
- Zie bêtah 2.
- kulak
- Zie tuku 2.
- kulit ayam
- Zie camboran III. 1.
- klas
- Zie ăngka 3.
- kaluwihan
- Zie luwih 1.
- kaliwungu
- a. Zie camboran II. 2. b. Zie ngoko 9.
- klalar
- Zie undha-usuk 5 lett. a.
- klêlêr
- Zie undha-usuk 5 lett. b.
- klulur
- Zie undha-usuk 5 lett. c.
- klolor
- Zie undha-usuk 5 lett. d.
- kliyêk
- Zie lunga 5.
- kaliyasa
- a. Zie camboran II. 3. b. Zie ngoko 7.
- kalong
- Zie long 1.
- kilang
- Zie sanepa 7.
- kapan
- Zie pitakon lett. f.
- kapencut
- Zie kapengin.
- kaprawiran
- Zie luwih 5.
-
--- 149 ---
- kêpriye
- Zie pitakon lett. c.
Têmbung pitakon: kêpriye, olèh wangsulan: mêngkene of êmbuh. - kapok
- Zie watir 6.
- kêpêl
- Zie wèh 4.
- kêpyur
- of kumêpyur Zie ati 8 voor rusak.
- kuping
- Zie swara en swara lett. a.
- kopong
- Zie kothong 2.
- kapengin
- Zie ati 14 voor watêk.
- kodhok ngêmuli lènge
- Zie isbat 2.
- kêdhisikan tuwuh
- Zie calak 5.
- kijat
- Zie mungkir 2.
- kajêngipun
- Zie samar 4.
- kaya
- 1e kaya. Kaya ta: kaya wêlud dilêngani. Kaya dara. Kaya dudu trahing kartiyasa.
2e sasat of prasasat. Kaya ta: sasat wêdhus diumbar ing kacangan. Sasat digadhung. Sasat mati turu ora nglisik. -
--- 150 ---
- 3e mèmpêr.Kaya ta: mèmpêr kakangne. Kutha Klathèn rêja bangêt, mèmpêr nagara.
4e mirib. Kaya ta: mirib sandhanganing topèng. Tangèh miriba kang warni Dw. I. 6 - 1.
5e pindha. Kaya ta: pindha trunaning udadi. Pindha ratu.
6e mimba. Kaya ta: mimba wulung kalangan kuliling ... B. W. 7 - 7. v. o. - kayu
- en karêp Zie samar 25.
- kayuh
- Zie dol 14.
- koyok
- Zie maling 4.
- kayadene
- Zie dene 7 en 10.
- kayu gurda
- Zie isbat 3.
- kumêcêr
- Zie ati 15 voor watêk.
- kamar
- Zie gêdhong 3.
- kêmuritên
- Zie lingga lett. f. 5.
- kêmit
- Zie rêksa 4.
- kumêd
- Zie gêmi 2.
- kumêtèp
- Zie rasa 8.
-
--- 151 ---
- kêmul
- Zie pangan 20.
- kampak
- Zie maling 3.
- kêmpit
- a. Zie dol 4. b. Zie gawa 6.
- kêmpès
- of kimpès Zie long 4 ên 5.
- kêmpêl
- 1e kêmpêl, tumrap marang barang, kaya ta: gawe kêpêlan dhêmpo supaya kêmpêl.
2e kumpul, tumrap marang wong, khewan, utawa barang, kaya ta: para narakarya ing Girităntra lan ing Jatisrana padha didhawuhi kumpul ana ing Wanagiri. Kêbone dikumpulake dadi sakandhang. Sandhanganku kumpulna dadi siji.
« 3e ngrêmpêl of 4e ngrompol » tumrap marang thêthukulan kang nglumpuk ngrêmpêl (= sathithik) ngrompol (= akèh). Nanging: ngrêmpêl, duwe têgês manèh: kêtêling godhong, sarta: ngrompol, iya duwe têgês manèh: kalumpuking wong, khewan, utawa: barang = grombol, Zie ben. -
--- 152 ---
- « 5e grêmbêl, 6e grumbul, 7e grombol » tumrap marang thêthukulan kang kêtêl godhonge. Grêmbêl (= cilik) grumbul (= gêdhe) grombol (= akèh), sarta duwe têgês manèh, kalumpuking wong, khewan, utawa barang, kaya ta: bocah angon linggih grombolan, kêbone iya grombolan. Gêndule grombolna ing pipi lawang kono.
8e ngrêmpoyok, tumrap marang woh. Kaya ta: dhompolane ngrêmpoyok. - kumpul
- a. Zie rukun 2. b. Zie tunggal 6.
- kumêpyur pulut
- Zie sanepa 2.
- kêmpong
- Zie long 7.
- kambi
- Zie sarta 8.
- kumbi
- Zie mukir 3.
- kumbah
- Zie wisuh 2.
- kêmbar
- Zie padha 7.
- kêmbang
- Zie cukul.
-
--- 153 ---
- kombang
- Zie isbat 16 en 29.
- kêbuk
- Zie tangan 5.
- kêbak kothong
- Zie antara 7.
- kêbat
- Zie enggal 4.
- kêbul
- Zie kukus 2.
- kêbo gêrang
- Zie isbat 39.
- kobongan
- a. Zie ambèn 5. b. lingga lett. f 12.
- kêthuh
- Zie rêgêd 3 voor wong.
- kêthêr
- Zie rêgêd 2 voor wong.
- kathil
- Zie ambèn 4.
- kêthul
- Zie ati 5 voor dhasar.
- kothong
- 1e kothong, tumraping wêwadhah, kaya ta: jogan jêmbrung kêndhi kothong, iku panggile wong wadon arêp dipèk bojo ing wong lanang kang wis tau rabi, sumêlang yèn ulih-ulihan karo bojone lawas. Atine kothong, ora duwe balung ri.
2e kopong, tumraping kêmiri, kluwak lan liya-liyane -
--- 154 ---
- kang mawa isi, iku ora ana isine dening kêna ing lêlara, ingaran: kêmiri kopong.
3e gabêng (kothong banyune), kaya ta: têbu gabêng, glonggong garing.
4e gabug (kothong isine), tumraping pari, wijèn sapêpadhane, kaya ta: pari gabug, wujude iya pari wêwulenan, nanging ora ana isine. Wong wadon ora duwe anak iya ingaran: gabug.
5e garoh (kothong santêne), tumraping krambil, dening kêna ing lêlara, ana isine sathithik wis ora enak pinangan, ingaran: krambil garoh.
6e gandhor (kothong banyune), tumraping pring kang wis tugêl pucuke wiwit bung, dadine pring yèn pinêcok êmpuk bae, ingaran: pring gandhor.
7e gapuk, beda karo garing. Gapuk: pang kayu kêna ing lêlara (kothong banyune, ora madhêt) mati banjur garing ora atos, yèn diobong ora pati mêmpan, mungguhing pring: gandhor.
8e suwung, tumraping omah kang ora diênggoni, nanging [na...] -
--- 155 ---
- […nging] pasanggrahan, ora kêna ingaran suwung. Sanadyan omah mau anaa kang ngênggoni, nanging kang ngênggoni pinuju lêlungan, iya ingaran suwung, kaya ta: dhatêng kula ing griyanipun kang Jadrana, pinuju sêngkang.
9e sêpi mamring, tumrap nagara, kampung utawa desa kang sathithik wonge, kaya ta: ing kutha Ngampèl, barêng saiki ora diadêgi bupati, katon sêpi mamring.
10e lowong, priyayi numbak kêncêng kang ngêdhagake paseban lan patunggukane ingaran lowong. Wong mutih (sêsirik cêgah apa-apa mung mangan sêga thok) yèn wis olèh pitung dina, diarah tibane ing dina Jumungah, banjur ora mangan sêga pisan ngêblêng nganti sadina sawêngi, ingaran: nglowong.
11e anjêmbêlong, bumi anjêmbêlong, ora ana wonge.
12e samun, dalan kang arang kambah ing wong liwat, ingaran: samun.
13e nyênyês, panggonan sêpi kang arang kambah ing wong.
14e ampang Zva. ènthèng en dhangan (vgl. gampang), kaya [ka...] -
--- 156 ---
- [...ya] ta: rasaning bako ala, boboting watu kambang.
15e ènthèng, enthengan bausuku. Barêng bala sêntanane: bubar, ènthèng sêsanggane. Sanadyan gêdhe, bobote ènthèng bae.
16e dhangan = ènthèng tumraping ati, kaya ta: dhanganing ati enz.
17e gampang, kaya ta: gampang rêmbuge, gampang linakonan.
18e gabês, kaya ta: rasaning kênthos: gabês-gabês of krapês-krapês.
19e krapês, krêpês, bv.
20e sêpa, tumraping pangan kang ilang sarine, kaya ta: godhogan iwak kang banyune jinupuk ginawe kaldhu, iku rasaning iwake: sêpa. - kang
- têmbung: kang, sing, dhing N. ingkang K. kanggo sêsulihing jêjêr, kaya ta:
Kang kanggo sêsulihing jêjêr ing ukara carangan:
Kucing, kang dhèk wingi mangan tikus, nyakar Sariman. -
--- 157 ---
- Kucing nyakar Sariman (ukara pangarêp) kucing (jêjêr) nyakar (wisesa) Sariman (lesan).
Kang dhèk wingi mangan tikus (ukara carangan) kang = kucing (jêjêr) mangan (wisesa) tikus (lesan) dhèk wingi (katranganing wisesa).
Têmbung: kang, ora mung kêna dadi sêsulihing jêjêr ing ukara carangan bae, iya uga kêna dadi sêsulihing lesan: ing ukara carangan, kaya ta: jêruk kang runtuh saka ing uwit, tak pangan.
Jêruk tak pangan (ukara pangarêp) jêruk (lesan) tak (jêjêr) pangan (wisesa). Kuwaliking lesan ana ngarêp ora dadi apa.
Kang runtuh saka ing uwit (ukara carangan) kang = jêruk (lesan) runtuh (wisesa) saka ing uwit (katranganing wisesa) Zie P. B. 549. 4 v. o. en 552 - 5 v. o.
Tanganku kang kiwa lara.
Aku sing kêlalèn, dhing êndi.
Kapal kula abrit, ingkang dados cihnaning prakawis gumantung ing parentah, pêjah. -
--- 158 ---
-
[DA]
- du
- adu, padu Zie calathu 15.
- dahana murub binakar
- Zie isbat 23.
- dene
- kang mawa sambungan, sarta anduweni têgês dhewe-dhewe, kaya ta:
1e kowe mau saka ngêndi dene (= kok) awan-awan.
2e pajêg saubarampene wis tak sahi kabèh, anadene (mung) pasumbang: durung Zie anadena (1).
3e sanadyan sawung kula kawon agêng inggil, ewadene (= toh) kula purunakên, awit mênang pănja Zie ewadene (1).
4e nêpsune ora bisa lilih, awit dene (= sabab saka) piwaduling bojo.
5e aku lan kowe, apadene kang Suta tuwin kang Naya padha diarêp-arêp têkane ana ing dina Salasa Zie anadene (2).
6e karodene (= lan) manèh wêkasku marang kowe ... -
--- 159 ---
- 7e wong lagi padha bêgjane kayadene (= mèmpêr) awakku, bêcike mung narima.
8e sabab dene (= jalaran) apa saiki aku kosigèni.
9e a. sabên-sabên kowe iya kêrêngan, lupute karo rewangmu dolan, iya karo adhimu dhewe, pancen padha dene (= padha bae). b. padha dene (= karo) Rms. Surana. nanging ora kêlumrah ing akèh.
10e barêng kowe saiki lêmu rupamu kayadene (= sairib) swargi bapak.
11e botên ina anggèn kula dados tiyang sêpuh, suprandosipun (toh) makatên kadadosanipun. - dening
- 1e kagyat dening (= olèhe) iwak molah.
2e mati dening (= saka) aku.
3e ardayèng rat dening (= marga) karoban rubeda, K. T. 3. 5.
4e dados lêrês wau kawon dening (= kalihan) kalimrahan, J. Z. I. 59 - 10 v. o. -
--- 160 ---
- 5e luwih dening (bangêt) bêcik.
6e amêsthi mati dening (kalawan) gêni J. Z. I. 170 - 9. - dandan
- Zie gawe 4.
- danadriyah
- Zie lingga lett. d. 7.
- dunung
- Zie tăndha.
- dir
- Zie ati 2 voor luwih.
- durcara
- 1e tumbak cucukan, dhêmên madulake alaning wong kang ora nyata.
2e para wadulan, apa kang rinungu caturing wong dituturake marang wong kang dirasani.
3e ngadon-adoni. Clathu ora sabênêre, supaya wong kang dirasani dadi crah lan wong kang dijak caturan.
4e ngicuk-icuk, ngrimuk kalawan têmbung manis, supaya mituruta karêpe kang ora bênêr.
5e ngadu siyunge Bathara Kala. Ngojok-ojoki wong arêp kêrêngan, aja wêdi sudukan (ngadu siyunge Bathara Kala) karo mungsuhe.
6e nglincipi pucuking êri. Mandèk-mandèkake clathuning wong mungsuhe kang dijak caturan, yêktine wêdi dikandhakake [dikandha...] -
--- 161 ---
- [...kake] wani nantang ngajak sudukan.
7e ngadu gajah, ngibarate ngadu wong gêdhe, ngunggar-unggar matur marang wong gêdhe mau yèn dirèmèhake dening wong gêdhe sapêpadhane utawa sangisore: ora wêdi marang panjênêngane.
8e ngadu singating andaka, ngibarat ngadu wong gêdhe kang arêp kêrêngan mawa gaman. - drèl
- Zie swara lett. b. 4.
- drajad
- Zie luhur 6.
- durung
- Zie ora sida 2 en Zie măngsa 10.
Durung bakal têgêse: măngsa kang durung kalakon, nanging padha durung tamtu, kaya ta:
Durung of bakal, dadi priyayi, têgêse: durung, ora duwe cawangan, nanging: bakal, wis duwe cawangan.
Durung mantu, isih tangèh kalakone, dening sabab warna-warna, nanging:
Bakal mantu, wis cêdhak kalakone, dening wis ana cawangane. - drêngki
- Zie ati 10 voor watêk.
-
--- 162 ---
- dokok
- 1e andokok, têgêse: manggoning barang kang arêp kanggo, kaya ta: andokok cêthing sêga ing salang. Andokok piring ing paga enz.
2e nyinggahake, manggoning barang diklumpukake ana sawijining wadhah kang tanpa tutup, kaya ta: nyinggahake bêkakas undhagi kang mêntas kanggo ing kothak.
3e ngrawati, manggoning barang ing wadhah kang cêpak, beda karo nyimpêni, kaya ta: dhuwite rawatana dhisik (kêna dikandhut, utawa dilêbokake ing kanthong). Suwênge rawatana (kêna digembol, utawa dilêbokake ing bênèt) nanging ngrawati suwêng ing ngisor bantal, ora kêna, lungguhe andokok.
4e nyimpêni, manggoning barang ana ing wadhah kang primpên, kaya ta: piringe jêgong iku simpênên ing grobog kabèh, nyêpakna sacukupe bae.
5e nyèlèhake, manggoning barang mung sadhela, kaya ta: nyèlèhake lading mono aja ing ênggon adhakan, mêngko kêna ing bocah. -
--- 163 ---
- 6e andèlèh= nyèlêhake.
- dêksura
- Zie calak 3.
- dadi
- Zie bisa 9.
- dudu
- bijwoord.
1e dudu, têgêse: ngêmohi, kaya ta: dudu iku, dudu sabaène, dudu wong, dudu padon, dudu rasane, dudu-dudu.
2e seje = pisah, kaya ta: seje catur, neje, nèjèkake.
3e liya, ora tunggal băngsa, kaya ta: liya prakara, wong liya, liyan bêbrayan, ngliyakake, kumliya.
4e gèsèh, kosokbalining rujuk, kaya ta: gêdhèn tomprang salikur gèsèh, mungsuhe limalas rujuk: baul, rêmbuge gèsèh, anggèsèhi.
5e beda = ora padha, kaya ta: beda rupane, beda-beda, ambedakake, abang beda karo putih.
6e sulaya, kaya ta: sulaya rêmbuge dadi kêrêngan, nyulayani. -
--- 164 ---
- 7e salenca, kaya ta: salenca karêpe, siji mêtu lor, siji mêtu kidul.
8e sawênèh, kaya ta: sawênèhing tiyang. - dodol
- Zie dol 2.
- desa mawa cara
- Zie nagara mawa tata lett. c.
- dwi
- 1e dwilingga, têmbung rong lingga kang unine padha, kaya ta: tiru-tiru.
2e dwilingga salin swara, iya iku yèn owah swarane ngarêp utawa ing buri, kaya ta: tira-tiru, jaran-jèrèn.
3e dwipurwa, iya iku têmbung: dwilingga, winancah aksarane siji ing buri linggane kang ngarêp, kaya ta: têtiru, saka: tiru-tiru.
4e dwilingganing tanggap: na, iya iku dwilingga kang mêtu saka ing rimbag tanggap: na, kaya ta: tiniru-tiru.
5e tanggap tarung, iya iku dwilingganing tanggap: na, ana ing buri, kaya ta: tiru-tiniru.
6e dwipurwaning tanggap: na, iya iku dwipurwa kang ora ngrangkêp sandhangan swara, rinimbag dadi tanggap: na, kaya [ka...] -
--- 165 ---
- [...ya] ta: tiniru-tiru, saka: tatiru, mênawa saka: titiru: dadi: tinitiru: ora tumindak.
7e dwilingganing bawa: ma, iya iku têmbung: dwilingga olèh sêsêlan: ma, kaya ta: gumilang-gilang, saka gilang-gilang.
8e bawa: ma, tundha, iya iku têmbung: dwilingga, olèh sêsêlan: ma, lingga ing buri, kaya ta: gilang-gumilang, saka: gilang-gilang.
9e dwipurwaning bawa: ma, iya iku dwipurwa kang ora ngrangkêp sandhangan swara, rinimbag dadi bawa: ma, kaya ta: gumagilang, saka: gagilang, ora saka: gigilang, mênawa saka: gigilang dadi: gumigilang, ora tumindak.
10e dwibawaning bawa: ma, iya iku bawa: ma, wancah muni ping pindho, kaya ta: mundhak-mundhak. - dol
- 1e adol, têgêse: barang utawa catur dilirokake ing dhuwit, of adol gawe, º bagus enz.
2e dodol of º ratêngan, adol sêga, iwak, panganan, didhasarake. -
--- 166 ---
- 3e jaja, dodol diidêrake, utawa mung sadêrma ngêdolake, olèh bathi utawa opahan sawatara.
4e ngêmpit, kaya ta: ngêmpit barang, barange digawa lunga, olèh ujuran sareyal suwang, tarkadhang olèh colotan (rêga mati 100 dituku ing wong 120 mung diwènèhake marang sing duwe 100 sarta wis dadi panarimane).
5e blantik, kaya ta: blantik jaran ana ing pasar utawa digawa saka panggonane kang adol marang panggonane kang arêp tuku. Blantik kêbo sapi ana ing pasar, olèh ujuran sareyal suwang tarkadhang olèh colotan.
6e madokake, kaya ta: madokake bumi utawa omah, olèh ujuran, utawa colotan.
7e congkok, dadi dalane wong arêp bêbesanan, ora olèh opah, mung marang kabêcikan (= adol catur).
8e jombêlang = congkok, nanging dadi lantarane wong -
--- 167 ---
- bedhangan sarta olèh opah ngiwa nêngên (= adol catur).
9e kuwadeyan, adol jarit bathik sar[15] kakêmbangan.
10e plurikan, adol jarit lurik.
11e prombèng of prombengan, adol jarit kang wis kanggo.
12e adol sendhe, dol-tinuku barang nganggo ubaya kêna balèn.
13e ngèbèr, têgêse: ngêdolake dagangane bakul ratêngan, bakul sayuran sapêpadhane, pêpayone diwèhake sapetunge, mung nrima olèh bathèn saka pêpayoning dagangan kang didol, kaya ta: dagangan rêga karo sigar didol sagobang.
14e ngayuh = ngêmpit.
15e jaruman = jombêlang. - dèlèh
- Zie dokok 6.
- dalan
- 1e dalan, N. margi K. kaya ta: dalan gêdhe N. margi agêng K. dalan cilik, margi alit, dalan (of margi) kampung. Dalan (of margi) têrusan, dalaning pati enz.
-
--- 168 ---
- 2e dalanggung verk. v. dalan gung, ora pati kanggo.
3e ratan N. radinan K. ngokone ora pati kanggo, nanging kramane kanggo.
4e lurung K. N. kaya ta: tiyang kêlurung (= kêlajêng). - dolan
- Zie lunga 3.
- dêlap
- Zie ati 8 voor nistha.
- dalêm
- of padalêman Zie omah 8.
- dêlêng
- Zie wêruh 3.
- dalanggung
- Zie dalan 2.
- dipun
- of pundi Zie lingga lett. c 1.
- dupara
- Zie anèh 8.
- daya
- Zie gugup 4.
- doyan
- 1e doyan, iya iku arêp marang pangan kang cocog lan rasane, kaya ta: doyan iwak salira, bulus, kura sapêpadhane kang ora lumrah pinangan ing wong, sarta kêna sinilih: bocah doyan ujar.
2e karêm, têgêse: kêkarêpan kang ora kêna cinêgah sarta kang tumrap ing pangan, yèn nganti kêtowongan [kêtowonga...] -
--- 169 ---
- [...n] anglarani awak, kaya ta: karêm nyêrèt lan karêm ngombe. Iku wis dadi pêpacuhing piwulang “păncabaya” aja karêm: madon, madat, minum, main lan mangani.
- dum
- 1e dum, tumrap lêlakoning manungsa kang wis sinandhang, kaya ta: panduming dumadi, ora narima ing pandum, têgêse wong gêdhe: pamêtune akèh, wong cilik, sathithik, si cilik yèn ora narima: luput, awit yêktining kawruh pandum mau wis bênêr.
2e bage, tumraping barang kang diwratakake, ora mêsthi padha, mung sakênane bae, anggêre kawratan kabèh, kaya ta: timbalan dalêm marang kangjêng radèn adipati kang kadhawuhake ing abdidalêm anggandhèk, mangkene ... yèn wis kadonganan, banjur pakênira bageya kang warata saabdidalêm ... .
3e para, tumraping petung kudu padha, kaya ta: têlung rupiyah dipara têlu, wong siji kabageyan sarupiyah, ora mawang gêdhe ciliking wong-wongan. -
--- 170 ---
- Têmbung: dum, lan: bage, ora kêna didum lan dibage loro, apêse kudu didum lan dibage têlu sapandhuwur, yèn didum dibage loro jênênge: diparo.
« dipara lan 4e dipêcah » loro: kêna, awit têmbung para lan pêcah mung nelakake luwihe saka petungan siji, kaya ta: tumpênge dipêcah dipara wolu, sampile dipêcah-pêcah. - dama
- Zie ugung 7.
- dombêle
- Zie cangkêm, lett. a 5.
- dêg
- of ngadêgi gawe Zie lunga 12.
- duga
- Zie rêga 9.
Têmbung: duga-duga lan prayoga, wus katêrangake ana ing layang P. M. I 12 art. 9. kaya ta:
Duga-duga, têgêse: pantoging pamatara utawa kira.
Prayoga, têgêse: pantês.
Kira of watara, têgêse: mêtu saka ing cipta. -
--- 171 ---
- Pamanggihe kang nganggit layang P. M. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV. cocog lan anggitan dalêm P. B. IV. layang W. R. 12 - 3 v. o. unine mangkene:
Dêduga lawan prayoga | myang watara rêringa aywa kari | iku parabot satuhu | tan kêna tininggala | tangi lungguh angadêg tuwin lumaku | angucap mênêng anendra | duga-duga nora kari ||
1e duga (kira, pikir, watara) dêrênge marang: barang, kaya ta: wong ora duwe duga-duga, mara dayoh udut srutu dikêmpor, dupèh ora tuku bae, isih dawa dibuwang, ora suwe banjur udut manèh, sanadyan wis lila disuguhake nanging batine kang duwe iya anggrênjêl, dene ora dumuwe marang duwèking liyan.
2e prayoga (patut, bêcik) duga prayoga ana ing kowe, prayoga dibanjurake enz.
3e kira (duga) dêrênge marang: ati, kaya ta: kiraku udane bakal dêrês, J. Z. I. 103 - 7 v. o. saka wataraku kaya-kaya andadèkake dhangane titihane kareta [ka...] -
--- 172 ---
- [...reta] tak suwun nyilih dianggo pangantèn (banjur diculake panêmbunge).
4e rêringa (ringga), têgêse: ati sujana kanthi prayitna dadi êmpaning ati kang marang kaprayitnan, aja kongsi kêpasuk calathune. Wong caturan ora duwe rêringa, mung glogok sok, luput-luput nêmu pakewuh. voorb. Wong ngimbuhi sêga ana ing pasamuan nganggo duga-duga lan prayoga, aja kakehan, aja kasathithikên, kiranên êntèke, aja kurang aja luwih, pamataramu saka kaananing priyayi, apa drêmba apa cicik, sabarang yèn tanpa rêringa iya tumiba ing luput.
5e têpa (ukur), têpa-têpa, yèn awake ora bisa nglakoni, aja dikon anglakoni wong liya. Yèn dhêmên diajèni, iya ngajènana gênti. P. M. I. art. 11.
6e tuladha (tuladan) lêlakon kang wis kapungkur dadi pandomaning lêlakon kang arêp dilakoni, apa bêcik nganggo tuladha ala, tinimbang karo nganggo tuladha bêcik, P. M. I. art. 11. -
--- 173 ---
- 7e nyana = watara (4).
8e murwat = watara (4).
9e ringga = ringa (5).
10e ganggam = ringga (10).
11e lêpiyan = tuladan (14).
12e ukuran = têpa (6).
13e tulad of telad = tiru.
Tuladan = lêpiyan (12).
15e tiru = tuladan (14).
16e sujana (ati) nu (of nyu) janani = ringga (10). - digdaya
- Zie luwih 3.
- donga
- Zie waca 6.
- dongos
- Zie cangkêm lett. a. 4 en Zie lambe lett. a. 4.
-
[TA]
- taha
- Zie piyagêm 19.
- tahan
- Zie bêtah 5.
- ton
- anon ngrungu Zie wêruh 9.
nonton Zie wêruh 4. - tumon
- Zie wêruh 7.
-
--- 174 ---
- tan
- a. tanpa gawe. tanpa sikil. tanpa tandhing enz.
b. taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa.
c. bara tan bara.
d. kuda tantaka enz. - tanapi
- Zie piyagêm 20.
- tanduk
- a. tanduk iku atêr-atêr: a, kanthi aksara irung: na, Na, nya, ma, nga, lan ... .
Yèn tanpa panambang aran: kriya wantah.
Yèn nganggo panambang i aran: i kriya.
Yèn nganggo panambang ake aran: ke kriya. kaya ta:
« andumuk » nganggo lesan « nangis » tanpa lesan van da, ta.
« andhupak » nganggo lesan « nrêthêk » tanpa lesan van dha, tha.
« anjambak » nganggo lesan « nyanglung » tanpa lesan van ca, ja.
« ambalang » nganggo lesan « maling » tanpa lesan van ba, wa, pa.
« anggawa » nganggo lesan « ngadhuh » tanpa lesan van ha, ka, ra, la, ya.
b. Têmbung tanduk kang nganggo lesan, olèh katrangan têmbung -
--- 175 ---
- kaanan, kaya ta: anggêbug asu.
c. Têmbung tanduk kang tanpa lesan, olèh katrangan têmbung kaanan, kaya ta: nangis sêru.
d. lett. c, yèn dadi i kriya nganakake lesan, kaya ta: nangisi anake tinggal donya.
e. kang mêtu saka ing têmbung kriya stamwoord olèh katrangan têmbung pituduh, kaya ta: turu ing kamar.
f. kalêbu ing pamikir: wong, nganggo tanduk.
kalêbu ing pamikir: barang, nganggo tanggap, kaya ta:
Aku anjupuk rèk = rèk tak jupuk.
Kowe anjupuk rèk = rèk kojupuk.
Sadrana anjupuk rèk = rèk dijupuk Sadrana. - tandang
- tandanging kriya iku rimbag tanggap pratama purusa: tak olèh panambang: e, an, lan ne, kaya ta: tak jupuke (ane en ne).
- têntrêm
- Zie ayêm, 1 en Zie sênêng 3.
- tuntut
- Zie isbat 42.
- tanpa
- 1e tanpa, têgêse: dhasar, utawa wis gawene mêngkono [mêng...]
-
--- 176 ---
- [...kono], kaya ta: bocah tanpa ugêl-ugêl, tanpa gawe puji nulak udan, nanging:
2e ora nganggo, têgêse: ora didokoki mêngkono, kaya ta: layangan ora nganggo sinthingan, kênure ora nganggo gêlasan enz.
Upama didokoki sinthingan, utawa nganggo gêlasan: iya kêna, nanging: didokoki ugêl-ugêl: ora kêna, Zie T. P. 1908 No. 21. - tănja
- 1e tumănja, têgêse: sèlèh, kaya ta: dhuwite apa wis tumănja.
2e dumunung, têgêse: encok, kaya ta: dumunung utang.
3e tumrap, têgêse: kanggo, kaya ta: tumraping kowe, tumraping têmbung ngoko.
4e sumurup, têgêse: liru, kaya ta: sumurup ijole jaritku glondhongan.
5e manjing, têgêse: dadi, kaya ta: manjing cicilan ing sasi Juni. -
--- 177 ---
- tăndha
- Zie cihna 2.
- tandhu kothong
- Zie gawa 21.
- tonjok
- Zie wèh 3.
- tiru
- Zie duga 15.
- tiron
- Zie palsu 4.
- turun-tumurun
- Zie lingga lett. d. 15.
- trênjuh
- Zie têmu 7.
- turut
- of sapiturute Zie padha 3.
- tritis
- Zie umbul 13.
- tratab
- Zie ati 6 voor rusak.
- têrês
- Zie tugêl.
- trêsna
- of trisna Zie dhêmên 2.
- trap
- Zie tănja 3.
- trêpsila
- Zie sor 4.
- trampil
- Zie clathu 13.
- têrang
- Zie silihan 6.
1e têrang (ora pêtêng) kaya ta: têrang papriksane, têrang paningalipun. Punapa sampun têrang dhawah sampeyan.
2e têtela (ora samar) kaya ta: sarèhning wis têtela [tê...] -
--- 178 ---
- [...tela]. Wong nulis iku sanadyan ora apik, nanging sing têtela.
3e têmên (ora goroh) kaya ta: atur kula têmên, botên matur dora. wong têmên iku ambarkahi awake.
4e nyata (ora cidra) kaya ta: nyata prawira. apa nyata. kanyataan.
5e gênah (tata) kaya ta: ora gênah = ora tata. sing gênah = sing tata. gênah-gênahan= dening ora tata rêmbuge, utawa prajanjiyane. Wis gênah ana ing kana = wis kasumurupan ana ing kana (tata olèhe anggolèki ora mrana-mrana).
6e cêtha: unine.
7e wijang: ukêle lung pakis.
« 8e padhang, 9e jingglang » padhang jingglang ora katawêng ing imalaya.
10e gambêlang: rêmbuge.
11e tulèn, ora kawoworan, kaya ta: lênga klêntik tulèn. puhan tulèn enz.
12e lugu (nyata, têmên) ora goroh, kaya [ka...] -
--- 179 ---
- [...ya] ta: kandhaku iki mung salugune bae, ora ngurangi ora muwuhi.
- tuk
- Zie umbul 9.
- têka
- a. têka, atêgês: têka, kaya ta: têka saka lunga. têka sangkan-sangkan.
b. têka, atêgês: kok, kaya ta: têka mêtu-mêtumu clathu anjaluk gadarena, J. Z. I. 164 - 10 v. o.
c. tumêka = dhumatêng Zie dhatêng. - tuku
- 1e tuku, adol.
2e kulak, têgêse: tuku barang banjur didol manèh, mung ngarah bathi sawatara, nanging yèn bisa nyarèhake pangêdole (tandho) akèh bathine.
3e amborong, têgêse: tuku barang kang akèh rupa-rupa tanpa princèn rêgane sawiji-wijining barang.
4e ngêmin, voorb: olèhku ngêmin kaos putih rolas pasang ing lelangan ... J. Z. I. 190 - 2.
5e ngêbasi, têgêse: amborong. -
--- 180 ---
- 6e lelang, têgêse: tuku barang kang ditawakake ana ngarêpe wong akèh sapa kang kêndêl panganyange, kaya ta:
« a. wani larang: yèn lelang barang, b. wani murah: yèn lelang sêsanggan » iku kang olèh panganyange. Lelang barang tawane saka sathithik, banjur diundhaki sathithik dadi akèh.
7e ngijo, kaya ta: ngijo pari, º bata (tuku pari isih tandur, bata isih mêntah).
8e ngilèni, kaya ta: ngilèni pandhan (tuku pandhan mung sathithik).
9e nguyang, kaya ta, nguyang pari (= tuku pari).
10e nêmpur, kaya ta: nêmpur bêras (= tuku bêras).
11e nêmpil, têgêse: tuku barang sathithik marang kang mêntas tuku barang akèh. Nêmpil totohan, totohan sathithik milu marang kang totohan akèh.
12e anggadhe, kaya ta: anggadhe bumi, blănja, gajih, barang enz. -
--- 181 ---
- 13e nêbas, kaya ta: nêbas bumi, blănja, gajih, pari enz.
14e majêgi of majêgake bumi, têgêse: majêgi bumi, nyăngga pajêg sabên satêngah taun, sawênèh mêtu sasèn, olèh liru wulu pamêtuning sawah, mawa watêsan enggal lawasing pamajêg.
Majêgake dadi kok bali ning majêgi.
15e ambêkêli: a. majêgan (= nyăngga pajêg), b. maron (= ngladèkake saparoning pamêtu sawuse dijupuk panganing bêkêl).
16e madanani, nguwasani marang bumi desa, nyăngga pajêg marang lurah patuh. - têkan
- Zie tutug 2.
- takêr têdhak
- Zie piyagêm 5.
- tak rewangi
- (= tak labuhi).
1e tak rewangi adol êndhas (utang nênikêli) suprandene ora kêtrima.
2e tak rewangi panas pêrih (kurang mangan kurang turu) anggêre kêlakon sêdyamu. -
--- 182 ---
- 3e tak rewangi kringêtên gêtih (kangelan) suprandene ora ana dadine.
4e tak rewangi suku jaja têkên janggut (angglungsar of rêkasa) anggêre bisa kêtampan.
5e êndhas tak gawe sikil (tak rewangi kangelan) suprandene ora kêtrima. - takat
- Zie bêtah 4.
- taksir
- Zie rêga 2.
- tut
- van atut.
1e atut, carêming pangantèn.
2e runtut, pangarakan panunggule runtut = turut.
3e rukun, olèhe saduluran katon rukun.
4e cècèg of cocog, kaya ta: aku cocog rêmbuge (= mathuk), cocog (= padha).
5e condhong, aku wis condhong (= ngarêpi).
6e rujuk = ora gèsèh. - tut
- van patut.
1e patut K. N. pantês K. patut dianggo ing pangantèn, J. Z. I. 167 - 1 v. o.
2e sêmbada, sêmbada gênging sarira Dw. I. 6 - 7. -
--- 183 ---
- 3e yoga, asih mring kulawiyoga, yoganing kang ngusadani Dw. I. 6 - 3 v. o.
4e mungguh = (pantês) dadi bupati nayaka. - tutuh
- Zie tugêl.
- tatar
- of tataran Zie kaanan.
- tutur
- Zie calathu 14.
- tutup
- 1e tutup, nutup, nutup prakara, nutupi kuwali.
2e sumpêt (= pingit, samar) nyumpêt prakara, nyumpêt botol aja kongsi ngabar.
3e buntêt (= buntu) ambuntêti lèng yuyu.
4e lampêt (= ampêt) kaya ta: nglampêt bêndungan.
5e buntu, kaya ta: ambuntoni pagêr bêdhah.
6e tambal, nambal, kaya ta: nambal kulambi.
7e jithêt, anjithêt, kaya ta: anjithêt jarit.
8e sumpêl, kaya ta: nyumpêli bumbung wongwang.
9e sêsêl, kaya ta: nêsêli (pawèwèh kang ora ngêblak). -
--- 184 ---
- 10e bêsêl (= opah) pawèwèh dhêlikan, panjaluk mênanging prakarane.
- tutug
- 1e tutug, kanggo ing têmbung, kaya ta: tutugna kandhamu, ora: têkakna °.
2e têkan, kanggo ing laku bae, kaya ta: têkan ing Bayalali lèrèn. Tutug ing Bayalali lèrèn, iya kêna, nanging dudu lungguhe. - tisna
- Zie dhêmên 2.
- tèsèk
- Zie irung 3.
- têsmak
- Zie sigêg.
- tawa
- Zie rasa 9.
- tuwin
- Zie sarta 5.
- tawon baru
- Zie lingga lett. e 5.
- tuwak
- Zie saka 3.
- tiwas
- Zie cilaka 3.
- têlu
- en êndhog Zie samar 24.
- tela
- of têtela Zie têrang 2.
- tulèn
- Zie têrang f 1.
- tlendho
- Zie alon 8.
-
--- 185 ---
- tèlèr
- Zie bisa 4.
- tilik
- Zie lunga 10.
- tuladan
- a. Zie duga 14. b. Zie têpa 2.
- tlatèn
- Zie pêthêl 9.
- tulus
- Zie lêstari 2.
- tulup
- Zie mata 6.
- tuladha
- a. Zie duga 7. b. Zie têpa 2. c. Zie pola 3.
- tlaga
- Zie umbul 5.
- talang
- Zie bayar 3.
- têpa
- Zie duga 6.
Têmbung: têpa tuladha, wus katêrangake ana ing layang P. M. I. 15 art. 11 - 12 en 13.
1e têpa (ukur), têgêse: wis ngalami, utawa wis anglakoni, dadi wong yèn wis bisa nganggo têpa tuladha, iya ora gêlêm nandukake uni kang bisa gawe pinggêting atine wong liya, awit sumêlang yèn winalês, dening wis duwe têpa.
2e tuladha = tuladan, utawa: tiru-tiru, sarèhning tuladha [tu...] -
--- 186 ---
- [...ladha] ala akèh sing nêmu papa, apa ora prayoga nganggo tuladha bêcik, supaya bisa nêmu arja. Nanging yèn ora gandhèng: têpa tuladha, kanggone beda.
a. tuladha tumraping barang, kaya ta: tuladhane patehan sing tak ênggo iki bae, mung undhakana gêdhene.
b. tuladan, tumrap marang lêlakoning manungsa, kaya ta: tuladan bêcik iku ing kuna Patih Suwănda, yèn saiki Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara. - tapake kontul anglayang
- Zie isbat 13.
- tapak paluning pandhe
- Zie luwih 3.
- tapuk
- Zie wit 5.
- tepang
- Zie sikil 1.
- tadhah
- Zie tămpa 4.
- tèyèr
- Zie bisa 5.
- tajêm
- Zie ulat 7.
- tèyèng
- Zie bisa 6.
- têmu
- 1e kêtêmu, tanpa tuju, kaya ta: aku kêtêmu adhimu ana ing pacinan lagi ambênêri tuku tèh.
-
--- 187 ---
- 2e kêpêthuk (= kêpapag) uga tanpa tuju, kaya ta: olèhku kêpêthuk kang Janala ana ing prapatan Gadhing.
3e kêpapag, nganggo tuju, kaya ta: Dara Mênggung têdhak ing mapagan bêras pasar ing Grogol, ing kono arêp diadêgi los, aku ingandikakake mêthuk, wusana wis kondur, kêpapag ana ing Lêbak, kula saka ing êlor, niku saka ing kidul, dadi papag-papagan. J. Z. I. 160 - 4. v. o.
4e kêpranggul, ora kênyanan, kaya ta: aku ora nyana kêpranggul kang Nayadrana ana ing pajagongan, olèhku ora wêruh wis luwih limang taun.
5e kêprêgok = kandhêg, kaya ta: playune mangalor urut pagêr bata banjur nêkuk mangetan, tak cêgat saka wetan anggepak mangidul kaprêgok ing pagêr suru kêna dicêkêl ing akèh.
6e kêblêngkik = konangan, kaya ta: digolèki wis pirang-pirang dina: ora kêtêmu, wusana kêblêkik andhêlik ana ing bambon.
7e kêtrênjuh = (vgl. kêtêmu, kêpapag) kapanujon, kaya ta: wis lawas olèhku golèk sutra [su...] -
--- 188 ---
- [...tra] cina, nanging ora nrênjuh-nrênjuhi, wusana kêtrênjuh wong Baweyan adol sutra cina, saking bungahku: tak tuku kabèh.
8e kêpèpèt (ora bisa polah) kaya ta: kêpèpèt ing gêdhèg kêna dicêkêl, têgêse: ora bisa ambanjurake playune dening ana gêdhèg mau. Wong wis kêpèpèt, iya saana-anane diwêtokake, tinimbang ora disuguh.
9e kêpêntog (kalangan) kaya ta: ora bisa ambanjurake lakune dening kêpêntog ing palang dalane rusak.
10e kêpalang (kandhêg) kaya ta: kêpalang kaline banjir, º ana bojone, º ora duwe dhuwit.
11e kêpêngkok (kêsupit) kaya ta: yèn kêpêngkok mundur temb.
12e ngadhang, ngarah kêpêthuk wong dodolan ana ing prapatan, kaya ta: adol pring, º alang-alang enz.
13e nyêgat, ngarah kêpêthuk wong ala kang lumaku diburu ing akèh, kaya ta: nyêgat maling ana ing dalan simpangan. -
--- 189 ---
- têmên
- a. Zie kaanan, b. Zie têrang 3.
- têmên
- bijwoord Zoo.
1e têmên, pangandêling ati, sanadyan ora wêruh dhewe bisa ngarani mangkono, kaya ta: kandhane adhimu: wani têmênan.
2e nyata, pangandêl kang kasat mata, kaya ta: nyata wani, aku wêruh dhewe, nyatane kêpriye (kudu disumurupi), ora: têmêne o.
3e yêkti Kw. = nyata, kaya ta: kudu diyêktèkake, aja andêl-andêlên. - tumêk
- Zie rasa 10.
- tamtu
- 1e tamtu, têgêse: panjăngka têtêping karêp kang bakal kalakon, kaya ta: tamtuning dintên: dèrèng, nanging kaangkah wontên salêbêtipun wulan Bêsar. Ingkang katartamtokakên wontên sêrat prajanjian, katamtokakên sowan ing pangadilan, badhe kapriksa prakawisipun pasakitan Bindiprawira. Kabèh mau ora kêna liniru ing têmbung: mêsthi.
2e mêsthi, têgêse: = takdir, kaya ta: -
--- 190 ---
- wis pêsthine dadi priyayi, sanadyan turune wong pidak padarakan, dening wis kalakon dadi priyayi.
Sanadyan kalingan gunung, kêlêtan sagara, yèn wis pêsthine dadi jodhoku, iya bisa kalakon têmu.
Wis tak pêsthèkake kasaguhanmu, aja kongsi mlèsèd, iku diupamakake wis kalakon mitulungi.
Prasasat tibaning takdir. Kabèh mau ora kêna liniru ing têmbung: tamtu, nanging: tamtu of mêsthi kêlakon, padha kênane, upama:
anggêr cêkap katêdha eca manahipun sarta sakeca badanipun, amêsthi têtêp anggènipun gêgriya, J. Z. I. 114 - 2. - tamat
- Zie wêruh 22.
- tumuli
- Zie enggal 6.
- tempo
- Zie măngsa 17 voortijd.
- tămpa
- 1e utang, utang dhuwit, utang kabêcikan, utang pati, utang tunggukan, enz.
2e silih of nyilih. Nyilih barang, nyilih jênêng enz.
3e srèmpèd of nyrèmpèd, têgêse: mung nganggo sadhela nuli ambalèkake. -
--- 191 ---
- 4e tadhah, kaya ta: tadhah tangis, tadhah duka, tadhah luh, tadhah angin, enz.
5e êmping of ngêmping, kaya ta: ngêmping pajêg, º blănja, º cadhong enz.
6e gêbal of anggêbal, mung kanggo têmbung sawiji anggêbal pajêg saka bêkêl desa.
7 gênti, kaya ta: gênti nganggo, gênti lawung, gênti-gêntèn enz.
8e sêling, kaya ta: suwêng intên sêling mirah, sêlang-sêling enz.
9e liru, kaya ta: liru papan, liru panganggo, lira-liru enz. - têmpuh
- of kêtêmpuh Zie wajib 4.
- têmpur
- Zie tuku 10.
- têmpil
- Zie tuku 11.
- timpal
- Zie tugêl.
- tumplak
- Zie iling 5.
- têmpiling
- Zie tangan 2.
- tumêmên
- Zie pêthêl 10.
- tambah
- Zie wuwuh 3.
-
--- 192 ---
- tamban
- Zie alon 6.
- tambur
- Zie slomprèt, swara lett. b 8.
- tambak
- Zie umbul 19.
- tumbuk
- Zie tunggal 7.
- tombok
- Zie wuwuh 8.
- tumbak cucukan
- Zie bayar 6, calathu 15 en durcara 1.
- tambal
- Zie tutup 6.
- tambêl
- Zie wuwuh 7 en bayar 4.
- têmbung
- basa, ukara.
1e têmbung iku uni sawanda, rong wanda utawa têlung wanda kang duwe têgês, kaya ta: wong ala cilaka, iku petungan têlung têmbung utawa sagatra.
2e basa, iku tatakramaning calathu, kaya ta: basa ngoko, º krama, º desa, º kasar, º kadhaton.
3e gatra, iku awak, kaya ta: kowe apa padha kaslamêtan (sagatra).
4e ukara iku êntèking clathu luwihe sagatra, kaya ta: pangèstu sampeyan kiyai lurah, inggih wilujêng (rong gatra saukara). -
--- 193 ---
- Angkatmu saka ing omah wayah jam pira sarta ana ing dalan apa ora kodanan, ing kene mau udane dêrês bangêt (têlung gatra saukara).
Angkat kula saking griya wanci wisan damêl, wontên ing kaworan kêjawahan sakêdhap, lajêng kèndêl wontên ing bango, ngêntosi têranging jawah: lajêng mangkat (patang gatra saukara).
« 5e pada lingsa andhêgig gatra, 6e lungsi andhêging ukara, 7e pangkat andhêging napas » kaya ta:
raka ijêngandika: canthèl atur (sagatra kasêlanan pangkat), nanging wong nulis mêgat gatra (kasêlanan pada lingsa utawa pangkon) ora kêna, kaya ta:
« diwêkasake, adhimu, dhawuhipun, dara mênggung » kudu tinulis
« diwêkasake adhimu, dhawuhipun dara mênggung » tanpa lèrèn. - tumingal tanpa netra
- Zie isbat 26.
- tak
- Zie kon 2.
-
--- 194 ---
- tog
- 1e katog, tumraping ati, kaya ta: katogna budimu enz.
2e pantog, tumraping laku, kaya ta: têkan ing dalan prapatan Sratèn mangidul pantog kali Jênês = judhêg.
3e notog, tumraping barang, kaya ta: mungguhing aku lakên magêsèn iku wis notog. - têgên
- Zie pêthêl 7.
- têgor
- Zie tugêl.
- têgêl
- Zie pêthêl 8.
- tugêl
- nugêl gêgaman sarana gêgaman landhêp, kaya ta: ambêlèk of nimpal ikut sarana lading gapit.
Nacah iwak, sarana lading.
Nacah sukêt, sarana arit.
Nêrês kayu jati sarana pêthèl (dicècèk wite mubêng supaya mati).
Nutuh pang kayu sarana arit. -
--- 195 ---
- Nêgor kayu sarana wadung.
Nêgor glugu sarana pêthèl.
Nêgor gêdhang sarana bêndho.
Nyigar kayu of nyigar bongkok sarana arit.
Mancas papah gêdhang sarana arit.
Mêcah sêmăngka sarana lading.
Mêcok pucuk pring sarana arit.
Yèn nêgor sarana pêthèl.
Mêrang tangan, saka lading utawa liyane.
Mlathok dêgan, sarana arit.
Ngoncèki pêlêm, sarana lading.
Ngiris jadah jênang sarana lading.
Ngrajang bako sarana bodhing.
Ngrampas luntas sarana arit.
Ngrêmbang têbu sarana arit.
Ngèkrèk godhong sarana lading. - tab
- of tab-taban Zie ati 6 voor rusak.
- tabon dhukuh
- Zie piyagêm 1.
- tabêri
- Zie pêthêl 3.
- tabok
- Zie tangan 1.
-
--- 196 ---
- têbas
- Zie tuku 13 en bayar 1.
- tangèh
- Zie măngsa 15.
- têngah
- of satêngah Zie antara 7.
- tangan
- Zie ngibarat 2 en 3.
Tumandanging tangan milara wong, kaya ta:
« 1e ditabok, 2e ditêmpiling » êndhase kalawan èpèk-èpèk.
« 3e disotho raine, 4e dibithi wêtênge » kalawan tangan anggênggêm kothong dikêncêngake.
« 5e dikêbuk wêtênge, 6e digablog gêgêre » kalawan èpèk-èpèk.
7e dicablèk pupune kalawan kalumpuke dariji papat.
8e digêjil dhadhane kalawan lancipe têkukan dariji.
9e disikut lêmpènge kalawan lancipe têkukan tangan.
10e dicêthot pupune kalawan jêmpol dilambarake lan balêngkuking dariji panuduh olèh pupu pinuntir. -
--- 197 ---
- 11e dijiwit baune, kalawan kuku dariji jêmpol digathukake karo dariji panuduh.
- têngêr
- Zie cihna 3.
- têngik
- Zie rusak 11.
- tungkul
- Zie wêruh 8.
- tungtung
- 1e tungtung asin, tungtung rêkta ngrarontog ati Dw. I. 4 - 1. v. o. têgêse untu putih pucuke abang. Gêndhis kalapa punika raosipun lêgi, nanging tungtung asin, J. Z. I. 147 - 3 v. o. têgêse rada asin.
2e sulak, tumrap marang barang, kaya ta: sêmbagi putih sulak kuning.
3e sêmu, tumrap marang ulat, kaya ta: mêrak ati sumèh sêmunira.
4e lêd, tumrap marang pangan, kaya ta: balur iku rasane gurih, nanging lêde pait, nanging:
5e lêt = pêgat, kaya ta: desa Kêposong karo Selagringging kêlêtan jurang. Yèn mêngko olèhmu maca lèrèn, aja kolêti têgêsan. Dadi: lêd karo: lêt, seje têgês. -
--- 198 ---
- tingal
- ambalang Zie wêruh 12.
- tunggu
- Zie rêksa 2.
- tungguk
- Zie seba 2.
- tanggal
- of tanggal pisan kapurnaman Zie isbat 9.
- tunggal
- tunggal, condhong, cècèg, cocog lan mathuk (kumpuling ati).
Rujuk, kumpul, tumbuk, awor, padha, rukun, golong, sayuk, royom, guthu lan guyub (kumpuling pratingkah). Kaya ta:
1e tunggal, bisa tumraping ati lan ing pratingkah, kaya ta: tunggal budi, º pasaban, º saomah, º bapa biyung enz.
2e condhong (vgl. cundhuk en rujuk) panêmuning liyan kang padha lan panêmune, kaya ta: aku wis condhong panêmumu iku.
3e cècèg of cocog, cècèg têgêse: kêkarêpan padha, kaya ta: cècèg Ngalêngka. Cocog, etung tinêmuning gunggungan kang kapindho utawa kang kaping têlu, padha karo gunggungan kang kapisan. -
--- 199 ---
- 4e mathuk van êthuk, tumrap marang rasaning pangan, kaya ta: padha-padha balur, balur kêcing iku mungguhing aku mathuk bangêt.
5e rujuk, tumrap marang pikiran padha, kaya ta: Si A pancen rujuk, ora gèsèh kêkarêpane karo Si B.
6e kumpul Zie kêmpêl 2.
7e tumbuk, têgêse: padha, kaya ta: tumbuk kêkarêpane, º sapisan ngumur 32 taun, º ping pindho ngumur 64 taun (padha karo dhèk laire).
8e awor, têgêse: dadi siji, kaya ta: awor pasaban, pamoring kawula gusti.
9e padha dene Zie dene 9.
10e rukun, têgêse: ora tau sulaya, kaya ta: rukun olèhe saduluran, kosokbaline yèn sulaya dirukunake, kaya ta:
Pèngêt, layang manira karampungan pirukun patut.
11e golong, têgêse: dadi siji, kaya ta: panèwu mantri sagolongan. Golonging rêmbug. Sêga golong mambu enthong.
1 | panganggenipun. (kembali) |
2 | marèng. (kembali) |
3 | § Paran ta mi: rah ingsun prih: atin ... dening arêp tininggal matiprang Bratayuda. (kembali) |
4 | dudu. (kembali) |
5 | Nyuntak. (kembali) |
6 | mêndhêta. (kembali) |
7 | 16e. (kembali) |
8 | enggal. (kembali) |
9 | durung. (kembali) |
10 | § Nanging ana kang ngarani, dlongop iku kêmbang cubung Dj. K. 1909 No. 90. (kembali) |
11 | Bisa juga disebut sinuwun. (kembali) |
12 | § manis gapyak lukita rum. M.H. 6 -9. (kembali) |
13 | padha. (kembali) |
14 | dhuwur. (kembali) |
15 | sarta. (kembali) |