Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021 (Hlm. 200–398)
1. | Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021 (Hlm. 001–199). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon. |
3. | Javaansche Synoniemen, Padmasusastra, 1912, #1021 (Hlm. 200–398). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
-
--- 200 ---
- 12e sayuk, têgêse: tumandang barêng, kaya ta: băngsa Cina iku rukun, yèn kancane kêrêngan, ora nganggo mawang bênêr luputing prakarane, banjur barêng murina sayuk sabaya pati ngrewangi malês milara marang mungsuhe bangsane mau.
13e royom, têgêse: rukun, kaya ta: mangan minum rêroyoman.
14e guthu, guthon, têgêse: ijèn (padha siji).
15e guyub, têgêse guyub: rêmbuge wong akèh: padha, dadi kêna rinimbag: paguyuban, padhane: pakumpulan. - tunggal
- lett. a. têgêse tunggal: têmbung rong lingga, ngoko padha ngoko krama padha krama, surasane: padha, kaya ta:
1e apal of apil. Apal luwih akèh tinimbang apil.
2e nama K. of nami fc. K. = pandhapa, pandhapi.
3e cècèg of cocog. Cècèging ati, cocoging petung. -
--- 201 ---
- 4e satunggal of satunggil, binedakake panganggone, yèn ana ngarêp nganggo klinker i. yèn ana ing buri nganggo klinker a. kaya ta: satunggiling dintên, namung satunggal. Ananging ing layang J. Z. I. ora nganggo têmbung: satunggal, nganggo têmbung: satunggil, kaya ta:
« rencangipun jalêr pêjah satunggil, durjananipun kècu ingkang pêjah satunggil » J. Z. I. 8 en 10.
5e wis of wus. Luwih luhur: wus, tinimbang: wis. kaya ta: wus manira uningani of wis tak sumurupi.
6e lancap of lancip of lincip, kaya ta: praèane: lancap. Sujèn sate lancip. Dhêmên anglincipi êri.
7e linggih of lungguh. linggih ing babut, lungguhe dêmang.
8e dhawah of dhawuh. (= 5) luwih luhur: dhawuh tinimbang: dhawah, kaya ta: dhawuh dalêm. Dhawahipun bapak.
9e gantar of gèntèr. Sagantar muput. Gèntèr memeyan.
10e gêgêr of gigir. Gêgêring manungsa. Gigiring punglu (isbating ngilmu). -
--- 202 ---
- 11e biyang of biyung. Bapak biyangne met ne, maar bapak biyung zonder ne.
12e krama of krami. Punika ingkang mragadi pikramènipun, J. Z. I. 20 - 4 v. o.
13e gethang of gothang. Botên nate gethang pasowanipun K. ora tau gothang pasebane N. jangkrik kula sukunipun gothang K. N.
14e rewang of rowang. Rewangku sapati saurip, ambidho api rowang.
15e kangsi of kongsi = nganti.
16e jajar of jèjèr. Anjajari pangantèn, anjèjèri linggih.
17e gigol of gugol of rigol of rugol, tibaning wowohan.
Rintuh of rintoh of runtuh of runtoh, tibaning barang.
18e giglok of guglok, T. D. = 17. - tanggap
- a. tanggap tri purusa, tanggap: ka, lan tanggap: na, dadi têtimbanganing tanduk, sabên rimbag tanggap, iya mêtu saka rimbag tanduk, kaya ta:
-
--- 203 ---
- Tanggap tri purusa « tak, ko, di » jupuk (i, ake).
Tanggap « ka, kajupuk, na, jinupuk » an, ake. Kabèh iku saka tanduk: anjupuk (i, ake).
b. tanggap lan bawa: ka, iku dadi têtimbangan tanggap, ora bisa luluh lan aksara purwaning lingga, nanging bawa: mêsthi luluh, kaya ta: kaunjuk (= diombe). Nanging: konjuk (= marang).
c. tanggap: ka, ing i kriya, dadi têtimbangane: wisesana bawa: ka, mung kacèk tanggap, panambange rangkêp, bawa panambange: lămba, kaya ta: katampanan, of kêtampan. -
[SA]
- sa
- pathokaning panulis atêr-atêr: sa bedane karo rimbag dwipurwa kang apurwa aksara: sa, kang karakêtan pêpêt (sê) kaya ta:
a. Yèn surasane dadi nganggo: sa.
b. Yèn surasane dadi nganggo: sê, kaya ta: -
--- 204 ---
- Kula sampun asasêratan (kintun-kintunan sêrat) kalihan raka ijêngandika.
Sêsêratan bilih sampun kêlajêng awon, angèl dadosipun sae. (Zie pa, pê). - sih
- asih Zie dhêmên 3.
kêkasih Zie jênêng 5. - saha
- Zie sarta 2.
- saur
- Zie pangan 6.
- saiki
- Zie pituduh lett. d.
- saos bêkti
- Zie lunga 13 en seba 9.
- sinau
- Zie ajar 2.
- sananta
- 1e sananta pratama purusa, iku atêr-atêr: tak, ana sangarêpe rimbag tanduk, utawa têmbung kriya, têgêse sananta: sarèh, utawa ngunandika, kaya ta: tak nginang of tak udud enz.
2e sananta madyama purusa, iku atêr-atêr: ko (= pakênira) olèh panambang: a, an, lan: na, kaya ta: pakênira jujula. Pakênira golèkana. Pakênira ladèkna. -
--- 205 ---
- 3e sananta utama purusa, iku atêr-atêr: di, ana sangarêping rimbag tanduk lan liya-liyane, sarta bisa tumrap ing têmbung kaanan kang têgêse marang bêcik, kaya ta:
Dingeman marang anak putu (kriya wantah).
Dingajèni marang wong tuwa (i kriya).
Dingatokake marang kabêcikan (ke kriya).
Dibêcik sapungkurku (ora: diala °).
Tur ala bêcik padha têmbung kaanan. - sanepa
- « 1e rênggang gula, 2e kêmêpyur pulut » kaya ta: saiki Si Mariyah katon crah karo Si Mariyêm, dene dhèk isih padha mara nyai ana ing jêro karaton, tansah gêgulêtan rênggang gula kêmêpyur pulut, nganti diarani lèkêran. Crah pisan wong prakara siji diloroni, êndi sing koncatan sih: iya banjur dadi gêthing.
3e arang kranjang, kaya ta: Radèn Abimanyu nalika prang Bratayuda malêbu ing gêlar ngrusak byuha cakra rinêbut ing akèh tatu arang kranjang.
4e arum jamban, kaya ta: Si Dora Sêmbada saiki wis sêsak [sê...] -
--- 206 ---
- [...sak] jagade, ambune arum jamban, mrana-mrene disigèni ing wong dening dawa tangane.
5e lonjong mimis, kaya ta: barêng diburu, playune lonjong mimis, sadhela wis ora katon ilang larine.
« 6e sêpêt madu, 7e pait kilang » kaya ta: dhasar ayu mêrak ati: sumèh polatane, yèn calathu sêpêt madu pait kilang, sapa wonge ora asih trêsna.
8e bêning lêri. Kaya ta: ulate Si Sêblong sakesuk bêning lêri, wis adate, aku ora gèt-gètên, sabên kêcênthok ing basa iya banjur mêngkono.
9e dhamplak ondhe-ondhe?
10e rindhik asu digitik, kaya ta: upamane ditawani suguh, kêsusu banjur anjupuk, saka wis kapengin suwe. Utawa bocah sir arêp dolan, ditag dikon dolan, banjur sumranthal bae. - sênêng
- Zie nêng 2.
1e sênêng, tumraping ati bungah.
2e ayêm, tumraping ati mênêng. -
--- 207 ---
- 3e têntrêm, tumraping ati mênêp.
4e jênjêm, tumraping ati antêng.
Têrange nontona piwulang P. M. I. 17 Art. 59. - santêr
- 1e tumrap marang banyu utawa lêlara, kaya ta: kali Pepe banjir banyune mili santêr: ora nyumêlangi, sadhela bae sob. Gêrahe kyai lurah: santêr = bangêt. Dhawuhe santêr = kêncêng.
2e bantêr, tumraping khewan, kaya ta: jaranmu atine bantêr. Nanging bisa tumraping manungsa mungguhing basa N. Kaya ta: anakmu bantêr atine.
3e wantêr, tumraping manungsa mungguhing basa K. Kaya ta: wantêring galih.
Mungguh têmbung: bantêr lan wantêr mau = dhasar, kaya ta: wong ing Bali bantêr-bantêr atine (= brangasan) ora kêna kêsliring ing basa kasar banjur nêpsu, tarkadhang ngamuk. - suntrut
- Zie ulat 15.
- suntak
- Zie iling 4.
- santika
- Zie luwih 4.
- santosa
- Zie rosa 2.
-
--- 208 ---
- sêntèg pisan
- Zie isbat 7.
- sendhe
- Zie dol 12.
- sêndhêt
- Zie alon 10.
- sêndhang
- Zie umbul 2.
- sănja
- Zie luga 9.
- sunthi
- Zie irung 2.
- sênthong
- Zie gêdhong 2.
- sor
- 1e andhap-asor, kang sayoga ngêtrapake andhap-asoring solah bawa, ora andhap-asoring budi, P. M. I. art. 7.
2e anoraga, dikaya pambêkane satriya Dananjaya.
3e kumawula, ora ngêgungake raga, sêpi ing piyangkuh, sanadyan luhur, panganggêpe marang sor-sorane: padha kinulit daging.
4e trêpsila, solahbawane alus. - sarèh
- Zie alon 5.
Sarèhku, sumêneku, inahku, ora tumindak, iku nelakake yèn têmbung: kaanan, nanging: -
--- 209 ---
- Sarèh.
Sêmayaku, ubayaku, saguhku, sanggêmku, kêna. Iku nelakake yèn dadi têmbung: aran, padha karo rimbag ka - an, dene wijange mangkene:
1e sarèh, tandanging ati, têgêse: kêndho, ora sanalika, kaya ta: anjaluk sarèh 7 dina bayar = ngêndhokake bayaran. Sarèhna napasmu = ngêndhokake napas. Sarèhna olèhmu arêp tuku wade, saiki lagi kêncêng = ngêndhokake karêp.
2e sumêne, têgêse: unduran, kaya ta: sanadyan ingkang nglampahi sampun purun, nanging kula mêksa nyuwun sumêne benjing wulan Jumadilakir ngajêng punika, sêdhêng anggèn kula dandos-dandos pisang salirang sampun rampung.
3e inah, bênêre: ana, têgêse: măngsa, kanggone ing basa Jawa = palilah, kaya ta: kaparingan inah (palilah) 7 dina.
4e sêmaya, têgêse: andawakake dina, kaya -
--- 210 ---
- ta: sêmaya 7 dina bayar, bênêre wis bayar.
5e ubaya, têgêse: janji, kaya ta: cidra ing ubaya, º ing janji.
« 6e saguh têgêse: kaduga, 7e sanggêm têgêse: ngiyani » kaya ta: saguh of sanggêm nyaur besuk êmbèn.
Kabèh mau ing salah sawiji ana kang bisa silih-sinilih, nanging ora anggêmpalake pathokan.
8e alim Arb. ngalim = sumurup, jaluk alim, dikon mêruhi mungguhing awake lagi mlarat.
9e idah Arb. wis idah = wis tutug wêwangêne. - sirah
- of sêsirah Zie panjêr 2.
- sêrik
- Zie ati 2 voor lara.
- sarta
- 1e sarta K.N. a. kanggo pamisahing têmbung, kaya ta:
Kabingahan sarta kasusahan, punika sampun dados bêbahaning manungsa sarta sampun botên sagêd sumingkir, sanadyan sugih singgih taksih kaslendhangan susah, -
--- 211 ---
- kosokwangsulipun tiyang mlarat, inggih asring gadhah bingah.
b. kanggo panyambunging adangiyah mangisor sarta marang sapadha-padha, ora kêna mandhuwur (saha) kaya ta:
Sêrat sarta ingkang taklim, anu, katur panjênênganipun ingkang rayi Radèn Ngabèi anu.
Sasampuning kadya punika wiyosipun.
2e saha K. I.
a. kanggo pamisahing têmbung krama inggil (saha, ora kêna nganggo: sarta) kaya ta:
Sampun kêlampahan kula sêrêp-sêrêpakên kawrat ing sêrat saha ijêman, nanging mêksa puguh taksih angugêmi lêrêsipun piyambak.
b. kanggo panyambunging adawiyah mandhuwur, ora kêna mangisor (sarta) kaya ta:
[Jawa] Kawula nuwun, atur sêmbah kawula abdidalêm pun paman anu, saha sêmbahipun abdidalêm pun bibi anu, konjuk ing panjênêngan dalêm gusti kangjêng pangeran arya anu. -
--- 212 ---
- Sêrat saha ingkang sêmbah ngabèi anu, katur panjênênganipun ingkang êmbah mas ngabèi anu.
« 3e lan, 4e karo » n. kalihan K.
Kanggo pamisahing têmbung tumraping barang ora kanggo ing adangiyah, kaya ta: abarêng iki aku ngirimake pêlêm srowot sakrênêng lan pakèl puluhwatu sajinah, of pêlêm srowot sakrênêng karo pakèl puluhwatu sajinah. Ora kêna nganggo têmbung: sarta, saha, utawa: tuwin.
5e tuwin K.N.
Kanggo pamisahing têmbung kang wêkasan, kaya ta: aku lan kowe apadene Kang Suta tuwin Kang Naya, padha diarêp-arêp têkane ana ing dina Salasa.
6e kalawan N. kalayan K. (têtimbangan).
Kanggo pamisahing têmbung pamisah, kaya ta: apa mulane sira malêbu ora kalawan timbalan ingsun, mênggah panyuwun kula wau kalayan dhanganing panggalih sampeyan sakalihan. -
--- 213 ---
- 7e lan en tuwin.
Kanggo pamisahing têmbung kang luwih saka papat, mirit kaya ukara Walănda, lan tumraping ukara N. tuwin, K. kaya ta: Si Dhadhap, Si Waru, Si Suta, Si Naya lan Si Dita. of pun Dhadhap, pun Waru, pun Suta, pun Naya tuwin pun Dita.
8e kambi N. kaya ta: ontên wong mêtu saka ing pomahan saloring dalan, kambi (= sarta) anggawa payung, jaran kula anggiwar J. Z. I. 154 - 6 v. o.
Kula angur nunggang jaran sing bandhol, kambi (= tinimbang) jaran gilap, id. 155 - 2. - sêrêt
- Zie anjing 1.
- surut
- Zie suda 7.
- sarat masrut
- Zie lingga lett. d 13.
- srasehan
- Zie calathu 16.
- sarap
- of sarapan Zie pangan 3.
- surup
- a. Zie tănja 4. b. Zie wêruh 2.
- sarju
- Zie dhêmên 5.
- srèmpèt
- Zie tămpa 3.
-
--- 214 ---
- srêg
- Zie nyamlêng 4.
- srêgêp
- Zie pêthêl 2.
- surabaya
- a. Zie camboran, II. 4. b. Zie ngoko 10.
- sêrêng
- Zie ulat 24.
- sirung
- Zie ulat 6.
- srêngenge pine
- Zie isbat 22.
- sok
- Zie iling 3.
- saka
- 1e saka, pikuwating omah, pandhapa, pringgitan, gandhok sapêpadhane, dipêndhêm utawa diumpak, kaya ta: sakaguru, º pananggap, º rawa (= èmpèr).
2e cagak, iku pikuwating barang kang ana ing dhuwur sarana dipêndhêm sathithik, kaya ta: cagak talang, º jaro sapêpadhane.
3e tuwak, mung diadêgake mayat bae, kaya ta: tuwak omah dhoyong, º gêdhèg mayuk, º gêdhang dhoyong.
4e pilar. -
--- 215 ---
- sikhir
- Zie kuwasa 7.
- sukêr sakit
- Zie lingga lett. d 9.
- sêkti
- Zie luwih 2 en luhur 10.
sêkti măndraguna Zie luwih 2. - sikut
- Zie tangan 9.
- sikil
- tumandanging sikil kanggo milara wong kaya ta:
1e nepang wong linggih, tumandanging tlapakan têngên mangiwa.
2e ajêjak of anjêjêk wong linggih, tumandanging tlapakan têngên mangisor.
3e binte, ngadu karosan padha wanine, kempol didu karo garês, panggêbange nganggo diancang-ancangi: sapisan edhang, êndi kang ora bêtah ing lara: kalah. - sukalila
- Zie lila 3.
- suku jaja
- Zie tak rewangi 4.
- sida
- Zie bisa 8.
Têmbung: sida, lan: dadi. Olèh sambungan têmbung: kaanan, kaya ta: -
--- 216 ---
- Sida of dadi: sugih, mêskin, bêgja, cilaka, kêtêmu, kêrusakan, padu, prakaran, enz., nanging têmbung: dadi, bisa olèh sambungan têmbung aran, kaya ta: dadi priyayi, º mantri enz.
- suda
- Zie long 2.
1e suda, tumrap marang rasaning ati, kaya ta: suda lêmune, º trêsnane, º sugihe (ora kêtara kalonge).
2e kacèk, têgêse: ora padha, kaya ta: kacèk gêdhe, º dhuwur, º sausap, enz.
3e lukak, têgêse: ora kêbak, lungguhe ana ing banyu utawa lênga, kaya ta: gênthonge lukak, gêndule o, nanging kêna sinilih, kaya ta: kaelingane lukak (= lukak kaèngêtane K. N.) = edan.
4e kalong, tumraping barang, kaya ta: bêrase kalong, enz.
5e kurang, têgêse: durung narima, kaya ta: kurang akèh (wis akèh) kurang bêcik (wis bêcik) -
--- 217 ---
- Kurang panarima (wis bênêr pandume).
« 6e angok, 7e surud = suda, 8e sob » tumraping banyu kali sapêpadhane, kaya ta: banyune wis angok (surud, sob) = suda. - sudi
- « sudi, tumrap marang sandhang, rahab, tumrap marang pangan » kaya ta: sudi ngango bêbadku. Rahab marang sêsuguhan.
- sudira
- Zie luwih 6.
- sudukên
- a. Zie lingga lett. f 3. b. Zie ngoko 2.
- sidaguri
- Zie isbat 40.
- situ-situ
- Zie enggal 7.
- sètu
- Zie umbul 18.
- sêtrali
- Zie rusak 15.
- sêtya tuhu
- Zie lingga lett. d. 1.
- susah
- Zie ati 1 voor susah.
- susuh angin
- Zie isbat 14.
-
--- 218 ---
- sisaning gurinda
- Zie luwih 3.
- sêsak
- Zie anjing 2.
- sasat
- Zie kaya 2.
- sisil
- Zie tutup 9.
- sêsêl
- Zie pangan 21.
- sêsêg
- Zie napas 2.
- suwe
- Zie măngsa 2.
- sewa
- Zie indhung 5.
- sawênèh
- Zie dudu 8.
- suwung
- Zie umbul lett. a. 5.
- swara
- Zie uning 2.
1e kracak, kracak-kracak of kumracak, swaraning uyuhe wong lanang.
2e krêcêk, kumrêcêk, caturan rikat ora kêna disêlani.
3e kricik, kriciking kêndhali.
4e krucuk, swaraning dhuwit sajroning kanthong.
5e krècèk, krècèk-krècèk, swaraning banyu udan kang tètès saka ing tritis. -
--- 219 ---
- 6e krocok, krocok-krocok, swaraning banyu udan kang mancur saka ing talang.
7e kratak, kratak-kratak, swaraning rodha kreta Amerikah.
8e krêtêk, swaraning wot diênciki arêp putung, mak krêtêk.
9e kritik, kritik-kritik, swaraning gêni uwuh lagi mêmpan.
10e krutuk, krutuk-krutuk of kumrutuk, swaraning labur bêngkah coplok.
11e krètèk= kratak (7) nanging sêru kratak tinimbang krètèk.
12e krotok= krutuk (10) nanging sêru krotok tinimbang krutuk.
13e krasak, krasak-krasak of kumrasak, swaraning udan nrajang alas pajatèn. Kaleyang angrapak kêpidak ing pada: kumrasak.
14e krêsêk, krêsêk-krêsêk, swaraning uwuh garing utawa swaraning ulon kang kêna wisaya ing găngsa. Kumrêsêk [kumrê...] -
--- 220 ---
- [...sêk], wong clathu ora ana lèrène.
15e krisik, kumrisik kang wuluh gadhing, Tjent. 93 - 7 v. o.
16e krusuk, kumrusuk, swaraning udan mawa angin durung niba, utawa swaraning wong padu.
17e krèsèk, swaraning wong lumaku nyampar uwuh garing.
18e krosok, swaraning gabah ing bagor disok.
19e krawak, krawak-krawak of kumrawak, swaraning banyu bêndungan wutah ing kali.
20e krêwêk.
21e kriwik, kriwik-kriwik of kumriwik, swaraning banyu mili, kanggo paribasan: kriwikan dadi grojogan. Kumriwik, clathu ora nganggo lèrèn.
22e kruwuk, pating kruwuk of kruwuk-kruwuk, swaraning wêtêng muni. Kumruwuk, swaraning wong padu.
23e krèwèk.
24e krowok, krowok-krowok, swaraning banyu bêdhahan sawah tiba ing sawah ngisore, lêmahe kang katiban banyu nganti lêdhok angêdhung. -
--- 221 ---
- 25e krapês-krapês, swaraning kênthos pinangan.
26e krapyak, krapyaking watang gathik. Krapyak-krapyak, swaraning udan tiba ing sirap.
27e krêpyêk, diupamakake swaraning wong nukup wong ngabotohan. Krêpyêk-krêpyêk, swaraning udan lagi niba.
28e kripyik.
29e krupyuk, kumrupyuk, swaraning wong ngukup dhuwit pêcah (salaka, têmbaga).
30e krèpyèk.
31e kropyok, bayar kropyok, sanadyan bayare rupa wang krêtas, iya aran mangkono.
32e kriyak, kriyak-kriyak, of kumriyak, swaraning wong mangan panganan garing.
33e kriyêk, swaraning barang tipis kêpidak ing sikil. Kumriyêk, swaraning kuthuk akèh padha nglumpuk.
34e kriyik, pating kriyik, swaraning kuthuk muni lirih.
35e kriyuk, kriyuk-kriyuk, swaraning wong nglêthak balung nom, utawa swaraning wong mangan krupuk. -
--- 222 ---
- 36e kriyèk, pating kriyèk, swaraning kuthuk muni sêru.
37e kreyok, pating kreyok, swaraning pitik dikurungi.
38e krêmês, krêmês-krêmês of kumrêmês, swaraning wong mangan panganan garing.
39e krêmus, swaraning wong mangan timun.
40e krêbêt, pating krêbêt, swaraning wong dandan barêngan.
41e krubut, kumrubut, swaraning wong jajan esuk têka barêng arêbut dhisik.
42e krubyuk, krubyuk-krubyuk, swaraning wong nyabrang kali.
43e krangsang, kumrangsang, swaraning wedang umob.
44e krêngsêng, kumrêngsêng, swaraning wedang arêp umob.
45e gêrah, gumêrah, swaraning wong akèh.
46e guruh, gumuruh, swaraning prajurit nêmpuh mungsuh.
47e grêdêg, grêdêg-grêdêg of gumrêdêg, swaraning wong akèh lumaku rindhik.
48e grudug, grudug-grudug of gumrudug, swaraning wong akèh lumaku rikat. -
--- 223 ---
- 49e gropyak, swaraning wong nyambut gawe nata barang (kayu pring) gathik padha bangsane.
« 50e grajag, gumrajag. 51e grujug, gumrujug. 52e grojog, gumrojog » swaraning banyu pancuran utawa banyu saka ing talang, mung saka kandêl tipising banyu ambedakake swara.
53e grombyang, swaraning bèri tiba.
54e grêmbyêng, grêmbyêng-grêmbyêng of gumrêmbyêng, swaraning wong akèh têka barêng ing mapagan (=pasar).
55e grêmêng, grêmêng-grêmêng of grêmang-grêmêng, clathu dhewe kêwêtu panyature marang wong kang ora dimathuki. Gumrêmêng, swaraning jalu lan wanita ing paprêman.
56e grabyag, grabyag-grabyag of sagrabyagan, swaraning wong ewuh-ewuh mung sadhela.
57e grêbyêg, grêbyêg-grêbyêg, swaraning wong lumaku barêng.
58e grubyug, grubyug-grubyug of gumrubyug, swaraning wong lumaku barêng rêrikatan.
59e grobyag, swaraning lawang mênga. -
--- 224 ---
- 60e grêbêg, gumrêbêg, swaraning kuping kêlêbon khewan cilik.
61e grênggêng, gumrênggêng, swaraning pasar tumawon.
62e grunggung, gumrunggung, swaraning kênthongan gêdhe tinabuh.
63e gêdêr, gumêdêr, swaraning bocah dolan.
64e glêdhêg, gumlêdhêg, swaraning kareta akèh lumaku utawa panasing ati.
65e glodhag, swaraning barang tiba ing blabag.
66e glêgêr, swaraning mriyêm.
67e glêgêg, swaraning wong ngombe banyu.
68e glogok, swaraning banyu ing êjun disokake ing gênthong utawa swaraning wong mutah.
69e glênggêng, swarane wong ngombe banyu utawa jamu.
70e gupruk of gupyuk, kăndha ora kêna disêlani.
71e blêbêk, swarane wong ngrêbakake jun ing banyu.
72e blubuk, balubuk-balubuk, swaraning banyu diisèkake ing kêndhi. - Swara lett. a.
- 1e asraking ampuwan.
-
--- 225 ---
- 2e asranging samirana.
3e umung swaraning pêksi măngsa wowohan.
4e kriciking kêndhali.
5e krapyaking watang gathik.
6e kumêncranging pêdhang.
7e kumrasak kaya udan nrajang alas pajatèn.
8e kumrasaking kaleyang angrapak kêpidak ing pada.
9e kumrisiking cêmara kamarutan.
10e sêbiting dwaja suwak.
11e lêpasing gundhala titir (thuk prok).
12e pêtoking sata matarangan.
13e palêthoking pring pinêcah.
14e pambêkèring kuda ing pandêngan.
15e pangriking kuda, B.T.D. 537-2.
16e pangêmprèting dipăngga.
17e panggroning sardula.
18e panggriting ori kapawanan.
19e panggêmpronging sima.
20e jêgigrèging sata wana. -
---226---
- 21e mrak nyangungong, Tjent. I. 93-5 v.o.
22e gadêbêging lumaku, B.T.D. 346-7.
23e bêngohing andaka lawung.
24e ngakak kaya ula sawa. - Swara lett. b.
- 1e mriyêm: glêgêr.
2e bêdhil: dhêl, dhul.
3e pistul: dher.
4e drèl: brêg, brêng.
5e mrêcon: dhog.
6e long: dhung.
7e tambur: êrèng dèng drèng.
8e slomprèt: tèt tèt titèt.
9e bêdhug: dhêng, dhêng, dhêng.
10e kênthongan: dhung, dhung, dhung.
11e bêndhe: mung, mung, mung. - suwak
- of suwakan Zie umbul 20.
- suwèk
- Zie rusak 14.
- siwal
- Zie pêpês 10.
- sawang
- Zie wêruh 23.
-
--- 227 ---
- sawung
- Zie gawa 20.
- suwung
- Zie kothong 8.
- salu
- Zie ambèn 2.
- silih
- Zie tămpa 2.
- silihan
- 1e mêntah of matêng, manggone ana ing wowohan, utawa ing olah-olahan, kaya ta: pêlêm mêntah, ° matêng. Iwak mêntah, ° matêng. Maune rêmbuge wis matêng, saiki mêntah manèh. Matêng tamparane enz.
2e cuwèr of kênthêl, manggone ana ing barang, kaya ta: malam cuwèr, ° kênthêl, nanging kênthêl, kêna sinilih: rêmbuge wis kênthêl.
3e kêndho of kêncêng, manggone ana ing barang, kaya ta: kêndho- (of kêncêng) nana taline, kêna sinilih: parentahe, ° rêmbuge, ° prajanjiyane. Kêndho kêncêng (of kêncêng-kêncêng) jêjarane. Kêncêng sipatane.
4e ajèr of anjêndhêl, manggone ana ing barang, kaya ta: lênga klêntik ajèr ing măngsa panas, nanging anjêndhêl [a…] -
--- 228 ---
- […njêndhêl] ing măngsa adhêm, kêna sinilih: ajèr ulate.
5e padhang of pêtêng, tumraping măngsa, kaya ta: rina padhang, wêngi pêtêng, kêna sinilih: padhang langite, têgêse: ati lêjar. Pêtêng langite, têgêse: ati sulêk.
6e têrang of udan, uga tumraping măngsa, kaya ta: măngsa têrang, ° udan, nanging têrang kêna sinilih: nyuwun katrangan, rêmbuge of prajanjiyane wis têrang.
7e bêning of wêning, buthêk of bukêt, tumraping banyu, kaya ta: banyu bêning, ° wêning, ° buthêk, ° bukêt. Kêna sinilih: bêning lêri ulate, golèk banyu bêning (madhukun).
8e lêmês of kaku, tumraping barang, kaya ta: wilahe lêmês bae, kurang kaku, kêna sinilih: lêmês wicarane. Kakon atèn.
« 9e coplok, 10e runtuh » tumraping wowohan, kaya ta: coplok gantilane, runtuh saka wit. -
--- 229 ---
- « 11e kukuh, 12e wudhar » tumraping tali, kaya ta: kukuh of wudhar taline, kêna sinilih: kukuh of wudhar prajanjiyane.
« 13e êmpuk, 14e atos » tumraping barang, kaya ta: êmpuk of atos jadahe, kêna sinilih: êmpuk of atos gunême. - sulih
- Zie wakil 2.
- sèlèh
- Zie dokok 5.
- salenca
- Zie dudu 7.
- sêlêr
- Zie maling 10.
- silak
- Zie ênga 5.
- sulak
- Zie tungtung 2.
- selak
- Zie mungkir 6.
- salatara
- Zie camboran I.2.
- silit kodhok
- Zie camboran III.2.
- salatiga
- a. Zie camboran II.5. b. Zie ngoko 5.
- sêlap-sêlip
- Zie lêmpit 3.
- sulaya
- Zie dudu 6.
- slomprèt
- Zie swara lett.b.8.
-
--- 230 ---
- sêlang
- sumêlang of mêlang-mêlang lett.a. Zie ati 7 voor rusak. b. Zie watir 2.
- sêling
- Zie tămpa 8.
- sop
- Zie suda 8.
- sapa
- bijwoord Zie pitakon, lett.b.
Têmbung: sapa, têgêse: pitakon olèh katrangan, persoonlijk vnwd. kaya ta:
Sapa kuwe. Kula Padmasusastra.
Sapa sing dadi ondêr ing Lawiyan. Carik kitha.
Diparingi jênêng sapa. Răngga Sastradirga. - sapi
- Zie isbat 30.
- sêpa
- a. Zie rasa 10. b. Zie kothong 20.
- sêpi
- Zie kothong 9.
- sapanunggalane
- Zie padha 2.
- suprandene
- Zie dene 11.
- sêpêt
- Zie rasa 12.
- sipat
- of nyipati Zie wêruh 5.
Sipat rongpuluh.
1e wujud, têgêse: ana. -
--- 231 ---
- 2e kidam, têgêse: dhisik.
3e baka, têgêse: langgêng.
4e mukhalafatu lil kawadis, têgêse: beda karo sakèhe kang anyar.
5e kiyamu binapsihi, têgêse: jumênêng kalawan piyambak.
6e wahdaniyat, têgêse: kasawijèn.
7e kudrat, têgêse: kuwasa.
8e iradat, têgêse: karsa.
9e ngilmu, têgêse: kawruh.
10e kayat, têgêse: urip.
11e samak, têgêse: pamiyarsa.
12e basar, têgêse: paningal.
13e kalam, têgêse: pangandika.
14e kaunuhu kadiran, têgêse: ananing Allah kuwasa.
15e kaunuhu muridan, têgêse: ananing Allah karsa.
16e kaunuhu ngaliman, têgêse: ananing Allah nguningani.
17e kaunuhu kayan, têgêse: ananing Allah urip.
18e kaunuhu samingan, têgêse: ananing Allah miyarsa.
19e kaunuhu basiran, têgêse: ananing Allah ningali.
20e kaunuhu mutakaliman, têgêse: ananing Allah ngandika. -
--- 232 ---
- sêpêt madu
- Zie sanepa 6.
- sapêpadhane
- Zie padha 1.
- supaya
- têmbung: supaya N. supados K. kanggone ing ukara mungguhing têmbung N. nganggo sambawa: na, nanging mungguhing têmbung K. prayoga ora nganggo, dadi bali marang uwiting rimbage, kaya ta:
supaya anjupuka N. supados mêndhêt K.
supaya anjupukana N. supados mêndhêti K.
supaya anjupukna N. supados mêndhêtakên K.
nanging yèn olèh sambungan têmbung: aja, ilang sambawa: na ne, kaya ta: supaya ampun kêna dititik, J.Z.I. 116-7. Supaya aja kêluputan, J.Z.I. 189-10.
Yèn ora olèh sambungan têmbung: aja, nganggo sambawa: na, kaya ta: supados kaalêma sagêd maos, J.Z.I. 123-1 v.o. - sêdhih
- Zie ati 2 voor susah.
- sêdhiya
- 1e sadhiya = cêpak, kaya ta: nyadhiyakake agêm-agêman = nyêpakake °.
-
--- 233 ---
- 2e samêkta = ganêp, kaya ta: samêkta sagêgamag ... ganêp, °.@@
3e siyaga = dandan (of ngrasuk busana).
4e cawis = nganakake, kaya ta: cawis dhahar = nganakake °.
5e rumanti = pêpak, kaya ta: apa wis rumanti = ° pêpak.
6e jagaruna, têgêse: nganakake kabutuhan kanggo ing samăngsa-măngsa. - sêdhêp
- Zie ambu 7.
- sêdhela
- Zie măngsa 1.
- sêdhêngan
- a. Zie antara 12. b. Zie anjing 3.
- seje
- a. Zie dudu 2. b. Zie padha lett.d.6.
- sujana
- Zie duga 16.
- saya
- 1e saya, sangsaya, malah, têgêse: wuwuh, kaya ta: saya bangêt larane (wis bangêt, wuwuh bangêt).
Malah bangêt larane (durung bangêt, dadi bangêt) = ora suda malah wuwuh. -
--- 234 ---
- siya
- 1e siya-siya, bungah gawe pangewan-ewan, kaya ta: bocah dilonthèngi ênjêt lan angus raine, kaya ta: sapa sing nglonthèngi raimu mêngkono kuwi. Si Bêdhagas. Ditanjir ing uwong êndhase, siya-siya marang bocah.
2e nganiaya, manggan gawe karusakan, kaya ta: milara jaran rakitan andhong kang wis sayah ora bisa lumaku rikat, pinupuh sakuwat-kuwate, anggêre kêlakon ênggone nambangi bisa oleh-olehan, ora wêlas marang sangsaraning khewan.
3e sawênang-wênang, panganggêp ora ditêpakake marang awake, kaya ta: bojomu kuwe kokanggokake apa ora, aja kogawe sawênang-wênang, kaya sing duwe Sênèn Kêmis, rina wêngi lunga ora karuwan parane, (maratuwa marang mantu lanang).
4e anggêp-anggêpan, tanpa tatakrama, mung băndha kaduga, kaya ta: kowe mau sasuwene mênyang êndi, dene ora katon-katon irungmu. Dipun kèngkèn Mas Suradinala, tumbas gêndhis tèh dhatêng gêdhong agêng. [a…] -
--- 235 ---
- […gêng.] E, e, Mas Suradinala têka anggêp-anggêpan kaya dara, kongkon baturing wong tanpa têmbung.
5e sawiyah-wiyah, watêk ngrèmèhake marang sapêpadhane, kaya ta: wong narima ing pandum iku bêcik, ananging ênggonmu dhêmên anoraga narima disawiyah-wiyah, mantri dilinggihake awor jajar: narima, ora ngèlingi drajating mantri, iku aku ora mathuk. - sayuk
- Zie tunggal 12.
- sayup
- Zie rusak 9.
- siyaga
- Zie sadhiya 3.
- sayab
- Zie maling 14.
- sunyata
- Zie luwih 8.
- sêmu
- Zie tungtung 3.
- sumèh
- Zie ulat 3.
- samun
- Zie kothong 12.
- sêmene
- Zie pituduh lett.d.
- sumêne
- Zie sarèh 2.
- samanta
- Zie calathu 17.
- samar
- Zie ati 9 voor rusak.
-
--- 236 ---
- Têmbung rupa loro, wantah utawa kanthi panambang, yèn rinimbag ing basa K. ana kang ora kêna tinamtokake têgêse, basa N. kanthi panambang: ne, iya ana kang kaya mangkono, kaya ta:
1e enggal pundi « anyar, gêlis »
2e dipun enggalakên « anyar, rikat »
3e kula sampun kraos « krasan, karasa »
4e kajêngipun wontên ngriku « cikbèn, kayune »
5e sampun wijik ing lèpèn « aja, wis »
6e purun mêmêndhêt « wani, gêlêm » anjupuk.
7e kula ajêng lunga Md.N. « arêp, bakal »
8e kalane ana ing pandhapa « nalika, kala bathok » -
--- 237 ---
- 9e kalanên « rupane, bancang »
10e dipun waos « diwaca, ditumbak »
11e purun sakit « wani, gêlêm » lara.
12e gêrahe bangêt « lara, sumuk »
13e mandos sawêr gadhung « mandi (ampuh), mandi (gêdhene) » ula gadhung.
14e maos punapa « maca, numbak » apa.
15e misuhi pangantèn « pisuh, wisuh »
16e malih arta têmbagi « maro, malih rupa »
17e bêtah ngêlèh punika nyuda dhatêng kabêtahan « bêtah = kuwawi, bêtah = kêkirangan ».
18e mantun « sakit kula, nguwasani (ngabotohan, wuru dawa, enz.) ». -
--- 238 ---
- 19e garwane Bupati Batang kang tinggal donya, kaparingan pènsiyun (kang tinggal donya Bupatine) nanging:
20e garwane Bupati Batang, kang tinggal donya, pènsiyune kasuwak (kang tinggal donya garwane).
Bedane ukara ing dhuwur iki (19-20) mung saka pada lingsa.
21e botên, kula botên doyan « êmoh, ora ».
22e anggèn sampeyan nêdha pitulungan (jaluk) mangke mênawi kula sampun nêdha kemawon (mangan) kula sukani.
23e lêrês pangandika sampeyan (bênêr) punika, nanging botên lêrês taksih katingal mèncèng (pênêr).
24e tigan (têlon) kemawon, botên ijèn, nanging: wudhunipun tigan (êndhog) satunggal, botên kalih, nyuda wudhu satunggal mênawi mênang inggih taksih ngukup wudhu kalih, kados ijèn wudhu kalih.
25e kajêng (karêp) kula badhe pados kajêng (kayu) rumiyin, mênawi sampun lajêng mêthal.
26e anggèn kula dhatêng (marang of mênyang) Bêkonang mangkat bangun [ba…] -
--- 239 ---
- […ngun] enjing, supados dhatêng (têka) kula ing griya botên kasiyangên.
27e anggèn kula nyambut (utang) yatra sarta nyambut (nyilih) sêngkang, saking pangèstu sampeyan angsal sadaya.
28e pêlêm taksih awis (arang) dening dèrèng usum, mila mênawi wontên pêlêm nyalandri rêginipun awis (larang).
29e rumiyin (biyèn) kula sampun nate sumêrêp ing Samarang, nanging taksih kawon rumiyin (dhisik) kalihan adhi kula.
30e manah kula (atiku) piyambak, kados eca manah lêmbu (ati sapi), tinimbang kalihan manah maesa (ati pikir, ati barang).
31e kula supe (lali) sayêktos bilih panjênêngan sampeyan kagungan supe (ali-ali) mirah.
a - an « jara, jaran » jarane ana ngêndi.
i - in « isi, isin » isinipun sapintên. -
--- 240 ---
- i - in « taji, tajin » tajinipun kadèkèk ing pundi.
i - e « kati, kate » katenipun nêmbêlas.
i - e « sari, sare » sarenipun wontên ing pundi.
i - èn « isi, isèn » isènipun botên kasumêrêpan.
u - un « alu, alun » alunipun ragi agêng.
u - un « udhu, udhun » udhunipun botên kapètang.
u - o « ilu, ilo » ilokna.
u - o « baku, bako » kowe sing bakoni.
u - on « awu, awon » dipun awoni.
u - on « alu, alon » alonipun kadamêl. -
--- 241 ---
- u - on « paru, paron » paronipun ical.
u - on « padu, padon (omah) » madoni.
u - on « madu, madon (êndhog) » madonipun kalêrêsan.
u - on « gadhu, gadho » = « gadhu, gadhon » gadhonipun kathah.
u - on « banyu, banyon » ora kêbanyon.
u - on « babu, babon » babonipun saking Siyêm.
e - èn « êpe, êpèn » pène ora pati bêcik.
e - èn « sae, saèn » saenipun ngeram-eramakên.
e - èn « sare, sarèn » = « sari, sare » sarenipun wontên ing pundi.
e - èn « lare, larèn » larenipun agêng. -
--- 242 ---
- o - on « kêbo, kêbon » kêbone gêdhe.
o - on « paro, paron » parone prayoga. - sumringah
- Zie sêgêr 1.
- sumuk
- Zie panas 2.
- sèmèk
- Zie pangan 4.
- samêkta
- Zie sadhiya 2.
- sumlêmpit
- Zie lêmpit 1.
- sampun
- Zie samar 3 en 5.
- simpên
- Zie dokok 4.
- sampurna
- Zie luwih 9.
- sumpêt
- Zie tutup 2.
- sêmpal
- Zie pêpês 5.
- sêmpèl
- Zie pêpês 6.
- sumpêl
- Zie tutup 8.
- sêmplok
- Zie pêpês 4.
- sêmaya
- Zie sarèh 4.
- sêmayan
- Zie janji 3.
- sumyah
- Zie sêgêr 2.
-
--- 243 ---
- sumbêr
- Zie umbul 3.
- sêmbada
- a. Zie cuwa. b. Zie tut voor patut 2.
- sambat
- Zie calathu 18.
- sambawa: na
- Sarupaning têmbung kang olèh panambang: a, surasane: sumarah, iku ingaran: sambawa: na, kaya ta: lananga, wadona, enz.
- sambêl
- Zie lumrah 6.
- sêmbagi
- Zie rusak 18.
- sêmang
- Zie rangu 7.
- sêga
- a. Zie rusak 6. b. Zie lumrah 4 en 5.
- saguh
- Zie sarèh 6.
- sugih
- Zie luhur 5.
- sugih miskin
- Zie antara 8.
- sêgêr
- ing layang: P.M.II 16-5. 6 en 7. v.o.
1e sêgêr of alum, tumrap marang wujuding manungsa utawa têtanduran.
2e sumyah of lêsu, tumrap marang rasaning manungsa, utawa têtanduran kang kêna. -
--- 244 ---
- sigar
- Zie tugêl.
- sêgara
- Zie umbul 21.
- sêgaran
- Zie umbul 22.
- sigêg
- Basa Jawa ora ana têmbung salingga (rong wanda) sigêg kabèh, kajaba aksara irung siji (rambut) utawa karo pisan (santun) ana têmbung sawatara, nanging durung karuwan yèn iku basa Jawa, kaya ta:
têsmak, mêstak, bêskat, bêstrong.
Sigêg na en sa.
Têmbung salingga, aksara purwaning lingga sigêg:
« na, sa » dantya, kanthi pasangan da, ta .
« na, sa » murda, kanthi pasangan dha, tha
« nya, sa » talawya, kanthi pasangan ca, ja
Kaya ta: sandi, panti, kêsdu, èstu.
tănda, kanthi, pusdhara, èsthi.
kănca, panci, pascima, masjid.
Aksara: na, Na, lan nya, bisa sigêg loro, -
--- 245 ---
- kaya ta: sindik, bondhan, oncat.
Ana kang mrojol saka ing ugêr, kaya ta: tanpa, tanha.
Sigêg ka en ga.
ulêkan banyu, ulêg-ulêg.
ambêke gumêdhe, banyu mambêg.
têtêking ati, nêtêgi lawang.
jêjakên = jêjêkên, nanging:
jêjêgna saka anjêjêgake.
Sigêg da en ta.
babad Dêmak, babat galêng.
woding ati, wot galugu.
Sigêg pa en ba.
nginêp ing lêsmèn, lawange inêbên.
kêkêpan, kêkêbana.
tangkêpe bêcik, gula satangkêb.
lêrêping ati, barang lêrêban.
Sigêg ma.
Têmbung salingga, aksara purwaning lingga sigêg aksara: ma, wêkasaning lingga (pasangane) mêsthi aksara [aksa…] -
--- 246 ---
- […ra]: pa, ba, kaya ta: pampang, bambi enz.
Ana kang mrojol saka ing ugêr, kaya ta: tamtu, nanging têmbung Malayu isih nêtêpi ugêring rimbage ditentukan tamtama verk.v. datan tumama. - sigêg
- Têmbung salingga, aksara purwaning lingga karakêtan sandhangan panyigêging swara ng wêkasaning lingga mêsthi aksara: ka, ga en sa, kaya ta: kangkung, ganggu, măngsa.
Ana kang mrojol saka ing ugêr, kaya ta, kangjêng, jangji, tungtung, dhangdhang, tongton, brăngta. - seba
- 1e seba, têgêse: nglakoni pagaweyan ana ngarsaning parentah kang wis winajibake.
2e tungguk, mungguhing abdi dalêm jêro rina wêngi ana ing paseban sri manganti, rumêksa kadhaton, yèn bêngi: nganglang.
3e jaganagara (= tungguk) mungguhing abdi dalêm jaba, rina wêngi ana ing paseban pakapalan ngalun-alun lor, jaga pakewuh. -
--- 247 ---
- « 4e pajangan of 5e pasisiran » pajangan anglakoni gawe marang sajabaning nagara (Lawiyan, Kartasura) enz., piritane dhek jaman Mataram, utusan marang Pajang. Pasisiran, nglakoni ayahan marang tanah pasisir.
6e watêsan, nglakoni ayahan tutug ing Watês (Prambanan) enz.
7e gadhingan, nglakoni gawe ana wêwêngkoning nagara, piritane dek jaman Mataram andhèrèk amêng-amêng marang ing Gadhing (Ngayogyakarta) padhane saiki andhèrèk amêng-amêng marang Langênharja.
8e klanthungan, nglakoni gawe andhèrèk amêng-amêng ana sajroning nagara.
9e saos bêkti, seba marang lurah bêkêle, utawa marang kapatihan tuwin marang dalême para Gusti, ing wayah bêngi.
10e nglarag, seba milu nyăngga gawe utawa nyênyadhang pagaweyan.
Ing layang pranatan yasane Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, katitimangsan ping 13 Dulkangidah, Be 1816 ăngka 4: -
--- 248 ---
- a. Gadhingan, 4 pal saka nagara.
b. Pajangan, luwih saka 4 pal.
c. Watêsan, Ngawi, Pacitan, Ngayogya, Salatiga lan ing Grobogan.
d. Pasisiran, ngliwati paresidhenan. - sabar
- 1e sabar, ngapura wong kaluputan.
2e alim, arang nêpsu. - sabardrana
- Zie lingga lett. d 4.
- sêbrot
- Zie maling 9.
- sabêt
- Zie gêbug 3.
- sêbit
- of sêbiting dwaja suwak Zie swara lett. a 10.
- sêbut
- of sêsêbutan Zie jênêng 6.
- sêblak
- Zie gêbug 4.
- sabab
- Zie marga 3. Upama: sababe ora seba: sabab ora duwe dhuwit, sabab kêsripahan.
- sababdene
- Zie dene 8.
- sotho
- Zie tangan 3.
- suthup
- Zie mata 7.
-
--- 249 ---
- sêngir
- a. Zie ambu 8, b. Zie rasa 13.
- sêngak
- Zie rasa 14.
- sêngkut
- Zie pêthêl 11.
- sangkul
- Zie gawa 24.
- sèngklèh
- Zie pêpês 3.
- singlar
- Zie mungkir 5.
- sunggi
- Zie gawa 4.
- săngga
- Zie gawa 12.
- singgah
- Zie dokok 2.
- sanggêm
- Zie sarèh.
-
[WA]
- wèh
- Zie lila 2.
1e wewehan, anjinge marang slamêtan, kaya ta: wèwèh ruwahan sapanunggalane.
2e punjungan, pawèhing magêrsari marang pangindhung utawa marang priyayi kang duwe palêmahan, apadene lurah bêkêl jajar marang panewu mantrine, tuwin panewu mantri marang wadana kaliwone.
3e tonjokan, pawèwèh marang wong gedhe utawa marang wong tuwane, cêcala ênggone arêp duwe gawe mantu sapêpadhane. -
--- 250 ---
- 4e pakêpêl (barang mêntah) pawèwèh marang lurah bêkêle, iya cêcala ênggone arêp duwe gawe mantu, liyane mantu ora nganggo pakêpêl. Wujuding pakêpêl: bêras, krambil, bumbu mêntah, bêlehane jago utawa wêdhus tuwin kêbo, mawa-mawa gêdhe ciliking wong-wongan.
5e olèh-olèh, pawèwèhe wong desa malêbu garêbêg marang lurahe patuh nagara, rupa jadah, jênang, wajik lan lèmpèng, sawênèh kupat gudhêg.
6e jakat, têgêse: jakat = rêsik, jakat pitrah = ngrêsiki băndha. Kanggone ing Jawa, jakat: pawèwèh marang pêkir miskin.
7e wakab, têgêse: lèrèn, kanggone ing Jawa, wakab = lila. Diwakabake = dililakake. - woh
- Zie cukul.
- waos
- Zie samar 10 en 14.
- wani
- Zie kêndêl 2.
- wênang
- a. Zie kuwasa 2 en 3. b. Zie siya 3. Kaya ta:
-
--- 251 ---
- Anggêr sampun sampeyan wênangakên, kula saèstu anglampahi. J.Z.I. 116-8 v.o.
- wêning
- Zie ning 2.
- wancah
- Wancah iku nugêl aksara.
a. yèn têmbunge rong wanda utawa têlung wanda, kang winancah aksarane ngarêp, kaya ta: Din van Sidin of Saridin.
Mung têmbung: kyai, lan: nyai, kang winancah aksarane buri, nanging sandhangane i isih lêstari, dadi muni: ki van kyai. Nyi van nyai.
c. Yèn têmbung rong lingga kang winancah mung siji aksarane kang buri têmbunge kang ngarêp, kaya ta: Jadrana van Jayadrana.
d. Nanging yèn aksara purwaning lingga karakêtan sandhangan swara ê kang winancah aksara purwaning lingga, dadi kaya têmbung rong wanda, utawa têlung wanda, kaya ta: Tasêtika van Kêrta of (Mêrta-) sêtika.
e. Wancah kang bubrah pakêcapane, kang tinêmu têmbung sawatara kaya ing ngisor iki:
ambaknèn van ambakne iya. -
--- 252 ---
- rak van apa ora.
rawis van ora uwis.
dêli van dêlêngi of dêloki.
tak gohi van tak sênggu.
wiyahèn van wiyahean.
nyanatiku van nyanane atiku.
gakên ga-ên van gawanên.
daraki ndarai van dak arani, enz. - wandu
- Zie antara 9.
- wantah
- Zie barès 2.
- wantêr
- Zie santêr 3.
- waca
- 1e maca. a. Maca ngunèkake layang Jawa nganggo têmbang, muni sêru utawa lirih. b. Maca gancaran, muni lirih utawa mung dibatin bae.
2e rêngêng-rêngêng, muni lirih apalan, utawa laguning têmbang: anong, aning, anung. Anong: padha lan lagnyana.
3e ura-ura, muni lirih nganggo laguning têmbang, luwih kapenak tinimbang karo maca, awit ora kandhêg dening ngunèkake aksara. -
--- 253 ---
- 4e ngaji, ngunèkake layang Ngarab nganggo lagu Ngarab, kang bisa nganggo kirat.
5e muji, muni apalan têmbung Ngarab, nyênyuwun ing Allah apa kang disêdyakake.
6e andonga, muni apalan têmbung Ngarab, andongani ambêngan. - wacana
- Zie calathu 19.
- wicara
- Zie calathu 20.
- wicaksana
- Zie pintêr 4.
- wor
- Zie tunggal 8.
- warah
- 1e tumrap marang pagaweyan, kaya ta: mreneya: ta, tak warahi miru jarit, ngracik kinang, nata paturon, enz.
Warah wuruk, Zie lingga lett. d 2.
2e wuruk, tumrap marang ati, kaya ta: diwuruk maca, ° têmbang, ° ngaji enz.
3e ajar, tumrap marang pratingkah, kaya ta: ajar main tangan, ° pêdhang, ° anjogèd enz.
4e wulang, tumrap marang pitutur, kaya ta: diwulang tatakrama, ° unggah-ungguhing basa, ° wêdi utawa ngajèni marang wong tuwa. -
--- 254 ---
- warih
- Zie isbat 20 en 34.
1e wêruh, têgêse: disêdyakake, kaya ta: wêruh marang ubêding prakara, ° kang samar-samar, ° marang wong tuwa, ° ala bêcik, ° jalaran (wêruh sajroning ati).
2e sumurup, ora disêdyakake, kaya ta: sumurup bangke kèli, ° wong kêrêngan.
3e andêlêng, arêp sumurup marang sawijining barang, kaya ta: aku arêp andêlêng dhisik, yèn aku dhêmên iya sida tak tuku. Dene têka awan-awan, dêlênge kaya ontên gawene. J.Z.I. 165-6 v.o.
4e nonton, disêdyakake, kaya ta: nonton sakatèn enz.
5e nyipati, kapanujon, kaya ta: aku nyipati dhewe nalika kêpyake ana ing Blabag Karangnăngka.
6e dhêngêr, têgêse wêruh sarta mangêrti, kaya ta: ora susah kokandhani aku wis dhêngêr dhewe polahe anakmu, ora nyilih mata.
7e tumon, têgêse wêruh mung sadhela, kaya ta: aku mau tumon ladinge ana ing paga. -
--- 255 ---
- 8e nungkuli, disêdyakake, kaya ta: nalika patine jaranmu aku nungkuli dhewe saka ora bisa nguyuh, ora saka diwisani.
9e anon ngrungu, têgêse: wêruh, utawa: ngrungu.
10e ngujiwat, nonton sadlerengan kalawan ulat manis winor èsêm mawa sasmita kêdhèp ngajak salulut.
11e nglirik, ngêmorake pandêlêng dadi siji tumiba ing ngiringan, sumurup sadhela apa kang disêdyakake, nanging katone ora andêlêng. Nglirik kalêbu pratingkah ora barès.
12e ambalang tingal, K.N. wong lanang marang wong wadon, utawa kosokbaline, nandukake ulat sagêbyaran karo mèsêm, sasmita yèn awake asih trêsna marang dhèwèke.
13e mlerok, ngewani rewange caturan sarana ambuwang tingal ngêmohi andêlêng rewange caturan mau.
14e mlêruk, ulat ala dening mêntas disrêngêni.
15e mandêng, andêlêng apa-apa kang kalêbu ing ati: ora kêdhèp.
16e nginjên, andêlêng apa-apa saka bolongan ciyut, -
--- 256 ---
- utawa sarana ampingan, iku patraping durjana kang arêp mara sandi.
17e ngintip, ngulatake apa-apa ana ing pandhêlikan, adhakane ana pipi lawang, iku iya patraping durjana.
18e manthêlêng, ngambakake êlèking mripat mawa pratingkah kang marang kuwanèn.
19e macicil.
20e mandêlik.
21e mlirik.
Ăngka: 19, 20 lan 21 mung beda kaanan sawatara iya iku mripat malik mandhuwur ora bisa kêdhèp dening kêsambêt, utawa dening lara kêdadak, utawa manèh dening lara bangêt.
22e tamat (= sumurup têtela) suwawi sami kèndêl sakêdhap, supados sampeyan tamat dhatêng warninipun gêndhis Jawi. J.Z.I. 147-8. v.o.
23e nyawang, andêlêng apa-apa kang ora kêdhèp.
24e ngawasake, angon pratingkah ing liyan kang ora kênyanan. -
--- 257 ---
- 25e ngulat-ulatake, nunggu apa-apa bokmênawa diupagawe ing wong: dielikake.
26e ngingêtake, andêlêng apa-apa kang durung pati cêtha.
27e dililing, nyatitèkake unining layang yèn ana sing kècèr. Utawa bayi dililing. - warna
- Zie rupa 2.
- warcita
- Zie isbat 31.
- wuruk
- a. Zie calathu 21. b. Zie warah 2.
- waras
- 1e wis waras larane, têgêse: mêntas lara: wis waras.
2e wis mari larane, têgêse: pancèn wis ora lara, maune bae: lara.
Mari: duwe têgês manèh: mari dadi priyayi, ° dhêmên ngabotohan, enz. têgêse: lèrèn. - wirasa
- Zie calathu 22.
- wirya
- Zie luhur 3.
- warga: ka, pa.
- ka (pa) ur of (kur) matan.
ka (pa) nitèn.
ka (pa) ramean.
ka (pa) tagihan. -
--- 258 ---
- ka (pa) lungguhan.
ka (pa) mandhungan.
ka (pa) magêtan.
ka (pa) rerehan.
Ananging ing Javaansch Woordenboek:
karesidhenan (dalêm).
paresidhenan (bawah). - warga: ka, ga
- ku (gu) njara.
kê (gê) duwung.
kê (gê) duga.
kê (gê) dibal.
kê (gê) dhiri.
kê (gê) dhêle.
kê (gê) dhêmpalan.
kê (gê) dhogan.
kê (gê) dhungsangan.
kê (gê) jarag.
kê (gê) jlungup.
kê (gê) jamak, ora ...
kê (gê) jambar, ora kêna ...
kê (gê) jêglug.
kê (gê) jaba.
kê (gê) jêblès of jêblos.
kê (gê) bêntur.
kê (gê) bêntus.
kê (gê) banjiran.
kê (gê) budan = gabudan.
kê (gê) bêsaran.
kê (gê) balèn.
kê (gê) bayan. -
--- 259 ---
- warga: pa, ba
- pa (ba) kakèn.
pêr (bêr) kutut.
pa (ba) kupon.
pa (ba) dinan.
pêr (bêr) dondi.
pêr (bêr) data = pradata.
pêr (bêr) dagang (Mal.)
pê (bê) dhiyan.
pa (ba) jinggan.
pa (ba) gêlèn.
pa (ba) galon.
pêr (bêr) gagah.
pa (ba) gêblug.
pa (ba) brik. - wêkas
- Zie calathu 23.
- wakil
- 1e wakil, têgêse: kang digadhang dadi mêngkono, kaya ta: kang makili pêpatih dalêm (bakal patihe) ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.
2e sêsulih, minăngka awake kang disulihi, kaya ta: nyulihi kapanewon Martaprajan (= ngêmbani).
3e êmban, a. dadi pamonging bocah, utawa wong gêdhe. b. ngêmbani prakara. c. = ăngka 2.
4e pitaya, têgêse: diandêl, kaya ta: dipitaya nampani pajêg enz.
5e awak-awak, têgêse: acungan, kaya ta: -
--- 260 ---
- aku mung dadi awak-awak bae, ora misesani rampunging rêmbug.
6e jêjênêng, têgêse: sariraning parentah, kaya ta: kang dadi jêjênênging parentah Radèn Răngga anu, mantri anu. - wêkêl
- Zie pêthêl 5.
- wakab
- Zie wèh 7.
- wadu
- of madon Zie ma 2.
- wêdi
- a. Zie kêndêl 2. b. Zie gila 2.
- wadana
- Zie tuku 16.
- wadul
- Zie calathu 24.
- wedang
- Zie lumrah 2.
- wit
- 1e awit = amarga, kaya ta: awit aku ora marahi.
2e kawit: aku ora kawit.
3e wiwit: olèhmu arêp tandur wiwitana besuk paing.
4e lêkas, kanggo wong nyambut gawe, kaya ta: lêkasa ambathik.
5e tapuk = tapak, kanggo wong ngabotohan, -
--- 261 ---
- kaya ta: ayo saiki bae tapuk kasukan, mupung isih sore.
- wutah
- Zie rusak 3.
- watir
- 1e watir of kuwatir, kaya ta: watir kalah, ͦ yèn kêkecon. Awit wong omah ing Kajawan iku okèh mutawatire bab gêni J.Z.I. 108-4.
2e sumêlang: sumêlang tinggal bayi isih pasuson. Kula niki satêmêne mêlang-mêlang, J.Z. 104-7. v.o.
3e uwas, kaya ta: uwas atine ngambah alas Krêndhawahana.
4e êmar of êmir: êmir atine nguwot galugu tanpa lantaran.
5e ganggam: ganggam yèn durung sumurup dhewe.
6e kapok: barêng kawêlèh gorohe dak krawus, saprene kapok J.Z.I. 103-7.
7e kawus: kapok kawus dijibus wong ora urus.
8e kanji, manggone ana ing khewan, kaya ta: jago kanji (wis ora duwe kuwanèn manèh).
9e jinja: jinja pakumpulan karo wong dhêmên wuru dawa. -
--- 262 ---
- 10e giris: kula niki rak giris bok ayu, yèn ngrungu kandhaning wong bab begalan, J.Z.I 105-8.
11e miris, zva. Maras: gawe mirising ati.
12e gila, wêdi andulu rêrupan kang mêngkirigake awak, kaya ta: gila andêlêng luwing, ° rêsrêspoh enz.
13e kêndhak (mari kaya sing wis kalakon) kaya ta: kêndhak atine.
14e maras: maras atine, lara °.
15e jirih, gew. Jirèh, kaya ta: watêk jirèh.
16e ering: ering marang wong tuwa, ° lurah bêkêle.
17e wêdi Zie gila 2. - watara
- Zie duga.
- watêk
- ceko brêngkêlo. Pincang lancang. Picak ladak. Pece brêngkêle.
- wuta tuduh marga
- Zie isbat 10.
- watêsan
- Zie seba 6.
- was
- Zie watir 3.
- wis
- Zie măngsa 14.
Panganggone têmbung: wis, mangkene: -
--- 263 ---
- a. Yèn kang kalêbu ing pamikir lungsening lêlakon, ora nganggo têmbung: wis, kaya ta: dhek anggara kasih aku kêmalingan, ora kêna: aku wis kêmalingan, nanging:
b. Yèn kang kalêbu ing pamikir têmbung: wis, iku kêna nganggo têmbung: wis, kaya ta: wis dhek anggara kasih olèhku kêmalingan.
c. Bedane têmbung: wis lan wus, mangkene: wis, rasane kurang luhur tinimbang karo: wus, kaya ta: wis tak sumurupi, wus manira uningani.
d. Wis, bisa tumrap ana sangarêping têmbung: bisa, kêna endadi, sarta kêna sinambungan têmbung tanduk, tanggap lan liya-liyane kang kêna, kaya ta: wis bisa nulis, wis kêna diliwati dalane. Wis dadi priyayi. Wis kêtêmu enz. nanging:
e. Wis, ora kêna sinambungan rimbag wisesa na bawa: ka, (ka-an) utawa têmbung: wani, kaya ta: wis kêmalingan enz. sampun purun nyolong enz. - wisuh
- 1e wisuh tangan, ° sikil.
2e ngumbah jarit. -
--- 264 ---
- 3e ngasahi piring.
4e nguras omah, ͦ kulah.
5e angguyang kêbo.
6e ngêdusi mayit, ͦ bayi. - waskitha
- Zie pintêr 9.
- wastra gumêlar
- Zie isbat 37.
- wasis
- Zie pintêr 7.
- wisesa na bawa: ka
- Zie tanggap, lett. e.
Wisesa na bawa: ka, iku dadi têtimbangane tanggap: ka, ing i kriya, bedane:
a. Wisesa na bawa: ka, atêr-atêr lan panambange mêsthi luluh, nanging:
b. Tanggap: ka, ing i kriya, atêr-atêr lan panambange ora luluh, kaya ta: kodanan, kaudanan kêmbang. kêtampan, katampanan, kêwutahan, kêbanjiran, kêmalingan. - waspada
- Zie pintêr 8.
- wuwuh
- 1e wuwuh, tumraping barang kang mawa cacah, kaya ta: pêlême kang katur bapak, wuwuhana lima.
-
--- 265 ---
- 2e undhak, tumraping barang utawa kaanan, kaya ta: olèhmu ngliwêt undhakana. Undhaking kapintêran saka sinau.
3e tambah = wuwuh, tumraping manungsa utawa khewan, kaya ta: larane sangsaya tambah bangêt, tambah bêgja, ° cilaka. Jaranku barêng tak kombor tambah lêmu.
4e imbuh.
a. Trumrap wong mangan wis ngarêpake êntèk isih kurang: anjaluk imbuh.
b. Nanging durung dipangan lagi didokokake ing ajang, pakone muni: imbuhana, saka ngimbuhi.
c. Wong jajan sêga iwak, panganan, apadene balănja ing pasar, yèn olèhe ngêdoli kasathithikên: anjaluk imbuh.
5e wuwul = wuwuh.
a. Wong botohan pèi kapat bêlahan, utawa patangatusan durung kêna: diwuli. Kowah rabasan durung kêna, iya kêna diwuli.
b. Wong kèlang-ilangan, utawa kêmalingan durung olèh titik banjur madhukun, măngka lêstari ora -
--- 266 ---
- olèh titik, ingaran: jujul wuwul.
6e jog, têgêse: mitulungi kuranganing liyan, kaya ta: wong walêd pajêg sapêpadhane, nanging bakal dilironi saka kang dipitulungi.
7e tambêl.
a. Titip balănja mênyang pasar anggawani dhuwit sacukupe, nanging yèn ana kêkurangane saka laranging têtukon, kang dititipi dikon nambêli dhisik, mêngko saulihe dilironi.
b. Salaki rabi kang tubrukan, jalaran saka sulayaning besan nganti wurung, iku ingaran: tambêlan, utawa: tambêl butuh, tinimbang karo ora sida mantu.
c. Panganggo utawa têtuggangan sadurunge olèh kang bêcik, isih nganggo ala, iku iya aran: tambêl butuh.
8e tombok, kaya ta: kowe anjaluk tombok pira, J.Z.I. 10-4. v.o. wong anjogèd nayuban, yèn tomboke (awèh dhuwit) kurang saka sarupiyah: saru.
9e lanjar (anjaluk turahan) kaya ta: tuku ondhe-ondhe [o…] -
--- 267 ---
- […ndhe-ondhe] rong gobang, napa botên dika wèhi lanjar. Dawêg: kula wèhi lanjar bungkikan ondhe-ondhe: sitok.
10e peling (pangeling-eling) iya iku wong tuku wowohan, sabên sapuluh olèh peling (= lanjar) siji. - wawas
- Zie wêruh 24.
- wuwus
- Zie calathu 25.
- walèh
- Zie calathu 26.
- wilah
- Zie maling 18.
- wuluh pogok
- Zie isbat 38.
- walêr
- Zie pênging 7.
- wulu kalong
- Zie camboran III 3.
- wêlut
- Zie isbat 33.
- wulu setan
- Zie camboran III. 4.
- wulu puhun
- Zie camboran III.5.
- wulang
- Zie warah 4.
- wudhar
- a. Zie ênga 10. b. Zie silih 12.
- wadhag
- Zie kasar 3.
- wiji
- Zie cukul.
-
--- 268 ---
- wujud
- Zie rupa 3.
- wajib
- « kuwajiban, kawogan, kêpokoh, têtêmpuh, kêbubuhan, kêjibah » têgêse nglakoni pagaweyan mangkono, wijange kaya ing ngisor iki:
1e kuwajiban, kaya ta: kuwajiban anglakèkake anak wadon. Kuwajibanipun abdi dalêm mantri karaton tênggak saos ing srimanganti.
2e kawogan gawe, kaya ta: kawogan dadi lirune sing duwe omah (awak-awak).
3e kêpokoh, kaya ta: kêpokoh nêmoni dhayoh.
4e kêtêmpuh, kaya ta: kêtêmpuh tuwa, ͦ sarêgane.
5e kêjibah, kaya ta: kêjibah ngrupakake jênèwêre. -
--- 269 ---
- 6e kêbubuhan, kaya ta: kêbubuhan ngopèni bau sarta suguh batur dhayoh.
- wijang
- Zie têrang 7.
- wayah
- Zie măngsa 5.
1e wayah enkelvoud, kaya ta: wayah subuh, ͦ têtak enz.
2e măngsa meervoud, kaya ta: măngsa panèn, ͦ rêndhêng, ͦ lêlara enz. - wêngku
- Têmbung wêngku: ku, mu, e, têgêse: nuduhake kang mêngkoni utawa kang duwèni apa kang dèn ucapake, kaya ta: duwèkku (mu, e). laraku (mu, e).
-
[LA]
- laha
- of lêlahanan Zie mina 3.
- luhur
- 1e kaluhuran, pancèn asli luhur, ora kêna dianggo ing wong cilik, kaya ta: Kangjêng Pangeran Anu luhur pangkate, nanging ora mulya dening kèhe sambutane.
2e kawibawan zva. kamuktèn, kêna ora saka asli luhur, têgêse: dudu putra wayahing ratu: bisa -
--- 270 ---
- wibawa, iya iku wong gêdhe: asline wong cilik, kang mêngku parentah, wibawane mung yèn isih mêngku parentah.
3e kawiryan zva. kaluhuran, kamulyan, kasaktèn, en kaprawiran, kawiryan (= rêrênggan sarta pêpaèsing praja) kaya ta: awit punika minăngka paese kawiryan Jawi, Dw.I. 299-2.
4e kamulyan I en II, ora mung tumrap marang wong gêdhe bae, sanadyan wong cilik iya bisa olèh sasêbutan iku, kaya ta: Sêtraprawira ing kampung Samaan (Surakarta) iku wong cilik balaka, panggaotane nyudagar, kamulyane angungkuli priyayi.
5e kasugihan, mung bisa ngasorake wêwêngkone, utawa wong kang olèh pitulungane, ora mêsthi kaaji-aji ing priyayi kang kadunungan budi padhang, sanadyan malarat.
6e kadrajatan, wong kang kaabdèkake ing ratu, sanadyan malarat isih kaaji-aji ing wong sugih yèn nuju ana ing pajagongan, sarta lêlinggihane ana sadhuwure wong sugih mau. -
--- 271 ---
- 7e kamuktèn, iku kasugihan kang linuwih, wonge banjur ora nindakake pagaweyan, bandhane mung pinangan nganggur, awit kinira wis ora bisa êntèk pinangan sajêge urip, iku aran: wong ulah kamuktèn.
8e kanugrahan, wong kang kadunungan kawruh ing Allah ing salah sawijining kawruh kang sampurna, luwih sapêpadhane.
9e kabêgjan, ora kêna ginayuh ing manungsa, kaya ta: mênang lotrei satus èwu.
10 e kasêktèn, ing jaman kuna wong bisa mabur, ° amblês ing bumi, ° ngilang sarta matak aji rupa-rupa.
11e kaprawiran, ing jaman kuna wong ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda, rosa bisa ambêdhol gunung. - luhung
- Zie bêcik 5.
- lan
- Zie sarta 3.
- lanas
- Zie ulat 28.
- lunas
- Zie măngsa 19.
- lanang wadon
- Zie antara 9.
- lancap
- 1e lancap, mungguhing sêmu bae, kaya ta: praeane lancap.
-
--- 272 ---
- 2e lancip, mungguhing iradat, kaya ta: lanciping sujèn sate angêmar-êmari.
3e lincip, mungguhing kudrat, kaya ta: aja sok dhêmên anglincipi êri. - lancip
- Zie lancap 2.
- lincip
- Zie lancap 3.
- lancang
- Zie calak 2.
- lindur
- Zie calathu 27.
- lindri
- Zie mata 3.
- lantih
- Zie kulina 3.
- lantip
- a. Zie landhêp 2. b. Zie pintêr 10.
- landhêp
- 1e landhêp, ati landhêp sabarang kang diwulangake ing guru, dhèwèke banjur mangêrti, nanging:
2e lantip, bisa mikir dhewe ora kalawan pituturing guru, utawa duwe pitakon bisa gawe kawêkèning guru. - lonjong mimis
- Zie sanepa 5.
- lanyah
- Zie kulina 2.
- lara
- lara atine Zie ati 1 voor lara.
-
--- 273 ---
- laran atèn Zie ati 2 voor watêk.
- lêri
- of bêning lêri Zie sanepa 8.
- liru
- Zie tămpa 9.
a. kliru, têmbung: kliru, bisa dadi bênêr yèn marèni klirune banjur ngambali nglakoni bênêr, nanging:
b. luput, ora bisa dadi bênêr kajaba mung ingapura, mungguhing pratingkah, en piduwung, mungguhing pagaweyan, nanging lupute ora bisa ilang. - luru
- Zie golek 3.
- lirih
- Zie alon 4.
- lurah
- Zie bêndara 2.
1e lurah: a. panggêdhening golongan. b. araning pangkat.
2e pangarêp: panggêdhening laku.
3e kêpala: a. panggêdhening kampung (= kapala kampung). b. panggêdhening brandhal. c. kapala sarung.
4e pambatak: pangarêping badhaya srimpi. - larag
- Zie seba 10.
- larang
- of nglarangi Zie pênging 6.
- lurung
- Zie dalan 4.
-
--- 274 ---
- laku
- of mlaku-mlaku Zie lunga 4.
- lukak
- a. Zie suda 3. b. Zie long 6.
- lêkas
- Zie wit 4.
- lêd
- Zie tungtung 4.
- ladak
- Zie ati 1 voor luwih.
- lêt
- Zie tungtung 5.
- latar
- 1e latar: tumraping wong cilik.
2e palataran: tumraping wong gêdhe, sarta kalêbu ing tatakrama, yèn priyayi panewu mantri matur marang priyagung wadana kaliwon, angarani palataraning priyayi: latar, kaya ta: palatarane Mas Bèi Anu ora pati ămba, isih ămba latare Kang Anu. - lêsu
- Zie sêgêr 2.
1e lesu K.N. lêsah en lupa, rasane wong kurang turu.
2e lêsah, larane wong tuwa kang wis cêdhak marang pati.
3e lungkrah, rasane wong mêntas mêndêm, nanging:
4e gêrahuyang, dudu rasaning awak kurang kapenak, clathu sakêcoh-kêcohe marang wong, dipadhakake: gêrahuyang [gê…] -
--- 275 ---
- […rahuyang]= lara uyang, têgêse: edan.
5e nglêmpêrêk, rasane wong sayah mêntas lêlungan adoh, nanging:
6e nglêmpuruk, sandhangan kang ora ditata = nglêmburuk.
7e lupa Kw.
Lir macan lupa of marlupa = lêsu. - lêsah
- Zie lêsu 2.
- lêstari
- 1e lêstari, ora kandhêg, kaya ta: a. lêstari pirukune. b. ° kakèn-kakèn, nininèn-ninèn. c. ° pamitrane.
2e tulus, ora cacad, kaya ta: a. tulus olèhe anak-anak. b. ° tandure ora dipangan ing ama. c. ° ingon-ingone rajakaya.
3e lulus, ora owah, kaya ta: a. lulusna prajanjiyanku, (= aja koowahi °). b. layang lulusan, kanggo pasêksèn pangêdoling khewan utawa barang (bakal ora owah têtêp dadi duwèke). -
--- 276 ---
- luwih
- 1e kaluwihan, punjul ing apapak, mrojol ing akêrêp, bisa mancala putra mancala putri.
2e kasêktèn, sêkti măndraguna bisa manjing ajur-ajèr.
3e kadigdayan, unggul sapêpadhane, wong digdaya kang ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.
4e kasantikan, ulah kakuwataning awak.
5e kaprawiran, nêtêpi anggering prajurit, mênang kêlawan utama.
6e kasudiran, kêndêl ora sarănta.
7e kanuragan, anoraga kaya pambêkane Satriya Andananjaya.
8e kasunyatan, van nyata, bantêring tapa, kaya tapaning pandhita.
9e kasampurnan, putusing ngilmu sumurup panjing suruping pati. - lawan
- of kalawan Zie sarta 6.
- lawas
- Zie măngsa 3.
- luwês
- Zie dhèmês 2.
- luwung
- Zie angur 2.
-
--- 277 ---
- lowong
- Zie kothong 10.
- lali
- en ali-ali Zie samar 31.
- lila
- 1e lila, dhanganing ati mêtu saka ing awake, kaya ta: kêrisku Kyai Blabar tak lilakake marang adhimu, dene sing bakal dak lilakake marang kowe, Kyai Bintul sing tak anggo iki, saiki kowe nganggoa kêris nonoman bae.
2e awèh, dhanganing ati mêtu saka ing liyan, kaya ta: kula awèh jaran kula disilih têng kakang, J.Z.I. 169-4.
3e sukalila, dhanganing ati kalawan iklas, kaya ta: aku wis sukalila ing Donya rawuh ing akirat. - luluh
- 1e luluh, a. pamoring aksara purwaning lingga karo atêr-atêr, kaya ta: padu, saka: paadu, saka: adu. Krasa, saka: karasa, saka: rasa. Kliru, saka: kaliru, saka: liru.
b. Pamoring aksara wêkasaning lingga wanda mênga karo panambang: an, kaya ta: lungan, saka: lungaan, saka: lunga. Klambèn, saka: klambian, saka: -
--- 278 ---
- klambi. Wiron, saka: wiruan, saka: wiru.
2e wancah, nugêl aksara purwaning lingga, kaya ta: pak, saka: bapak (Zie wancah).
3e garba, pamoring têmbung: ing, karo aksara wêkasaning lingga wanda mênga, kaya ta:
Praptèng wana panggarbane: prapta ing wana.
Kalyèng Dêmak panggarbane: kali ing Dêmak.
Saryèng kamar panggarbane: sare ing kamar.
Turwèng bango panggarbane: turu ing bango.
Ngaswèng panggarbane: ngaso ing. - lulus
- Zie lêstari 3.
- lelang
- Zie tuku 6.
- lap
- Zie enggal 8.
- lupa
- Zie lêsu 7.
- lapur
- Zie calathu 28.
- luput
- a. Zie liru. b. Zie bênêr 2.
- lêpas
- Zie swara lett. a. 11.
- lêpiyan
- Zie duga 12.
- lajo
- Zie ugung 3.
- liya
- Zie dudu 3.
-
--- 279 ---
- lèyèk
- Zie dhoyong 3.
- liyêp
- of loyop a. Zie mata 4 en 5.
b. Zie dhoyong 6. - layang
- Zie lumrah 3.
- lom
- Zie ulat 18.
- loma
- Zie gêmi 1.
- lumêr
- Zie kasar 3.
- lumrah
- Zie ati 7 voor watêk.
Kang muni ing layang J.Z.I. 39-10. v.o.: bênêr iku kalah karo kêlumrahan, kaya ta:
1e mènèk krambil, ora: mènèk galugu arêp apèk krambil.
2e anggodhog wedang, ora: anggodhog banyu ginawe wedang.
3e nulis layang, ora: nulis daluwang arêp ginawe layang.
4e ngimbuhi sêga, ora: ngimbuhi marang ajang: sêga.
5e anjupukake sêga sibèng, ora: anjupukake sibèng: sêga.
6e kowe sambêl, verk. v. kowe apa arêp mangan sambêl, H.S. 224-6 v.o. -
--- 280 ---
- 7e mangan of turu awan verk. v. mangan of turu ing wayah awan, ora: mangan sêga awan, utawa: turu ing gêdhong awan.
- lêmês
- a. Zie silihan 8. b. Zie dhèmês 5.
- lampu
- Zie angur 4.
- lumpuh
- Zie isbat 4.
- lêmpêrêk
- Zie lêsu 5.
- lêmpuruk
- Zie lêsu 6.
- limpad
- Zie pintêr 12.
- lampêt
- Zie tutup 4.
- lêmpit
- 1e sumlêmpit, iku bumi kêjawan ana sajroning bumi kabudidayan (lading sumlêmpit ing kepang).
2e kêcêpit, iku bumi kêjawan ana antarane bumi kabudidayan loro utawa têlu (sok dadi rêbutan) ngibarate: tangan kêcêpit ing lawang.
3e sêlap-sêlip, iku bumi kêjawan sawatara panggonan awor karo bumi kabudidayan. - lambe
- a. lambe iku perangane: kandêl, tipis lan sêdhêngan,
-
--- 281 ---
- 1e nyigar jambe, lambe sêdhêngan kandêl tipise, kang ngisor katon wijang pêparone, kaupamakake kaya jambe sinigar.
2e anggula sathêmplik, lambe tipis kang turut lan bêdhahaning rai, pasange dhamis, kaupamakake kaya gula sathêmplik.
3e gugut, lambe ing dhuwur cupêt, diupamakake kaya anggugut tuma.
4e dongos, lambe ngisor dhuwur copèt, untune katon mrongos.
5e andomble, lambe ngisor kandêl katon anggandhul, ora pati bisa mingkêm.
b. Lambe iku dadi pratandhaning pratingkah rupa-rupa, kaya ta:
1e mèsêm, obahing lambe isih mingkêm, mratandhani arêp angguyu.
2e mèncêp, nêkuk lambe ngisor sasisih, pratăndha angewani marang polahing liyan.
3e ngêprêti, ngingkêmake lambe banjur ngêtokake napas saka ing cangkêm, muni: prêt, tăndha pamaido -
--- 282 ---
- marang kandhaning wong rewange caturan, ora susah clathu: aku ora ngandêl.
4e nyawêti, nêkuk lambe ngisor mata manthêlêng, tăndha marang kuwanèn, iku patraping bocah ngajak kêrêngan.
5e mlêcu, lambe ngisor dhuwur dilincipake, tăndha ora kaduga atine. - lêmbah manah
- a. Zie ati 5 voor watêk. b. Zie ulat 30.
- lêmbut
- lêmbuting galêpung Zie kasar 2.
lêmbuting budi Zie ati 6 voor watêk. - lumèng
- Zie ajèr 4.
- lagi
- Zie măngsa 4 en 12.
- lêga
- Zie dhêmên 7.
- lêgi
- Zie rasa 15.
- lugu
- Zie têrang 12.
- logro
- Zie anjing 4.
- lobok
- Zie anjing 5.
- lêbak wukir
- Zie piyagêm 4.
- lêthêk
- Zie rêgêd 2 voor barang.
- long
- a. Zie suda 4. b. Zie swara lett. b. 6.
-
--- 283 ---
- 1e kalong, tumrap marang barang, kaya ta: bêras kalong, dhuwit °.
2e suda, kosokbaline wuwuh ora kasat mata, suda trêsnane, ° lêmune, ° gêdhene (banyu) ° takêrane, ° sugihe.
3e kurang, têgêse: ora gênêp, kaya ta: kurang suku, ° satus (bênêre pira) ° ngumur (durung tuwa), ° mangan turu (ora mangan ° turu warêg).
« 4e kêmpès, 5e kimpês » kanthong of wêtêng kêmpès of kimpès (kurang isi).
6e lukak, tumrap marang banyu, lênga sapêpadhane, kaya ta: kulahe lukak (ora kêbak) lêngane ° (suda karo maune).
7e kêmpong, tumrap marang pipi, kaya ta: wis kêmpong perot.
8 e kisut, tumrap marang daging utawa wowohan nom diundhuh, banjur diimbu, kaya ta: kulite wis kisut (dening daginge suda) wong tuwa utawa pêlêm nom. -
--- 284 ---
- langu
- Zie ambu 11.
- lênga
- Zie rusak 11.
- lunga
- 1e lunga, adoh parane.
2e lungan, cêdhak parane.
3e dolan, lunga tanpa sêdya: adoh.
4e mlaku-mlaku, lunga tanpa sêdya: cêdhak.
5e kaliyêk-kaliyêk, ana sajroning pakarangan.
6e amêng-amêng K.I., mubêng sajroning kutha.
7e têdhakan K.I., rawuh ing pasanggrahan.
8e pêpara of cangkrama K.I. dhek jaman kuna, rawuh ing alas ambêbêdhag buron alas sarta misaya iwak kali.
9e sănja, lunga marang omahing tăngga têparo ora ana gawene, adhakane nyatur alaning wong.
10e tilik, lunga marang omahe sanak sadulure kangên lawas ora kêtêmu. Utawa dening ginanjar sukêr sakit.
11e jagong, lunga marang omahe wong duwe gawe, nagara padha nagara, desa padha desa. Nanging: -
--- 285 ---
- 12e ngadêgi gawe, lunga mênyang omahe wong duwe gawe, nagara mênyang desa, desa mênyang nagara.
13e saos bêkti, seba jagong mênyang dalême para gêdhe.
14e ngili, lunga dening kêbanjiran.
15e ngungsi, lunga dening pacêklik of pagêblug.
16e rena, lunga saka ing omah: dêrêp, nganti sasèn-sasèn.
17e mangkat, enkelvoud kaya ta: mangkat prang.
18e budhal of bodhol, meervoud kaya ta: budhal of bodhol alih-alihan, ° baris. buntut mêrak bodhol. - lungan
- Zie lunga 2.
- lêngêr
- of kalêngêr Zie antara 11.
- lăngka
- Zie anèh 3.
- lêngkara
- of nglêngkara Zie anèh 6.
- lungkrah
- Zie lêsu 3.
- lingkab
- Zie ênga 8.
- lungsi
- Zie têmbung 6.
- lungse
- Zie măngsa 7.
-
--- 286 ---
- lèngsèr
- Zie iling 6.
- lingling
- Zie wêruh 27.
- lingga
- Lingga iku têmbung rong wanda utawa têlung wanda, kaya ta: muga, mênawa.
Lingga lett. a.
lingga apa? durung kasumurupan, kaya ta:
1e andêmênakake = andhêmênake wbk.
2e ambakpuna wong (ora kayaa).
3e mendahpuna (wis ora).
4e mulatènge (kelingan).
5e bêngkalahi (malahi van kuwalahan Mal. berkalahi wbk.).
Lingga lett. b.
Lingga kang seje unine, têgêse padha, kaya ta:
Wis, wus Zie tunggal, lett. a. N.K. Dhawah, dhawuh. Linggih, lungguh. Marwat, murwat.
Lingga lett. c.
Lingga kang winalik dadi têgês seje, utawa ora owah têgêse, kaya ta:
1e dipun, pundi. -
--- 287 ---
- 2e jubat, bujat.
3e jubêl, bujêl.
4e copot, pocot.
5e piyak, biyak.
Lingga lett. d.
Lingga loro têgêse siji, kaya ta:
1e sêtya tuhu. Sêtya = têmên, tuhu: iya têmên = têmên-têmên.
2e warah wuruk. Warah = piwulang, wuruk: iya piwulang.
3e pêkir mêskin, kanggone ing Jawa: pêkir = mlarat, mêskin: iya mlarat.
4e sabar drana. Sabar = sarèh, drana = darana: iya sarèh.
5e riyakibir. Kanggone ing Jawa: riya = mêsthèkake, kibir: iya mêsthèkake.
6e imbar supaosipun, kadugi nyanggi ... imbar = pratignya, supaos: iya pratignya.
7e dana driyah = pawèwèh mintir. Dana = pawèwèh, driyah: iya pawèwèh. -
--- 288 ---
- 8e eman ewuh = duwe gawe.
9e sukêr sakit = kêlaran.
10e gêpok senggol. Ora ...
11e ora ana barat ora ana angin, blêdhèg nyambêr-nyambêr. Barat, padha bae karo: angin.
12e suda lumungsur. Suda, têgêse: kurang, lumungsur: iya kurang.
13e sarat masrut = sarana.
14e adat sabên. Adat, têmbung Arab, têgêse: iya sabên.
15e iya iku kang jumênêng ratu turun-tumurun, ora ana sing nyêlani, J.Z.I. 13-10. v.o.
16e ana ngomah ora lunga-lunga.
17e wademu aja kogawa: tinggalên, J.Z.I. 172-4.
18 e malah mandar = wuwuh-wuwuh, mandar Kw. = malah.
Lingga lett. e.
Lingga kang bubrah pakêcapane, kaya ta:
1e mik iki = mung °.
2e maji kuranga wong ayu = măngsa °.
3e garah apa = ngarah °. -
--- 289 ---
- 4e bada sêmbayang = bakda °.
5e tawon baru = taun °.
6e ngawug gawar = ngaup wawar (ngaup sangisoring wit durèn alas, ora aup luput-luput kêtiban wohe).
7e madu balung kêpesing = ° tanpa isi.
8e kucing-kucing diraupi = kucêm-kucêm °.
9e măndha aku = mandi (= padha) aku.
Lingga lett. f.
Lingga kang ora cocog têgêse lan andhahane, kaya ta:
1e ngèstrèni = anjênêngi, saka: èstri.
2e piranti = bêkakas, saka: ranti (woh).
3e sudukên = (lêlara), saka: suduk (kêris).
4e mênirên (= kêsêling calathu), saka mênir (bêras).
5e kêmuritên (= grêgêtên), saka: murit?.
6e mêjanani (= ngina), saka: mêjana (sêdhêngan).
7e mimisên (= lêlara), saka: mimis (bêdhil).
8e katèlên (= krasan), saka: katèl (khewan).
9e pijêtan (= woh), saka: pijêt (pratingkah). -
--- 290 ---
- 10e mayangi (= edan), saka: wayang.
11e andagangi (= kêbo binêlèh), saka: dagang barang.
12e kobongan (= patanèn), saka: obong (gêni).
13e celengan (wadhah dhuwit), saka: celeng (khewan).
14e pipisan (piranti), saka: pipis (pratingkah). - linggih
- of lungguh.
« linggih ing babut, ͦ kursi, enz. Lungguh bumi, kalungguhan, enz. » Zie tunggal lett.a. 7. - lingga andhahan
- Têmbung: lingga andhahan iku atêr-atêr: sa, pa, pi, pra, ana sangarêping têmbung lingga, bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, mulane diarani: lingga andhahan, rupane kaya lingga, nanging satêmêne andhahan, kaya ta:
Siji, saidu, saanane.
Piji, piala, pilara.
Prapèn, pra abdi, pratăndha. -
[PA]
- pa en pê
- Zie sa en sê.
-
--- 291 ---
- Pathokaning panulis atêr-atêr: pa, bedane karo rimbag dwipurwa kang apurwa aksara: pa, karakêtan sandhangan swara ê:
a. yèn surasane dadi substantief nganggo: pa, nanging:
b. yèn surasane dadi: reduplicatie nganggo: pê, kaya ta: undhagi pun Suta kalihan pun Naya anggènipun kêrêngan wontên ing radinan sami ambêkta pêthèl, wusana sami kêsupènipun ngêmpakakên dêdamêlipun apapêthelan. Nanging: pêpêthelan kayu ngumbruk ana ing kene iki bok kosingkirake mrana. - pait
- Zie rasa 16.
- pait kilang
- Zie sanepa 7.
- pèni
- Zie bêcik 6.
- pênêr
- Zie bênêr 2.
- panas
- 1e panas, a. Panasing gêni, b. Panasing awak, c. Panasing ati, d. Panasing nagara kang cêdhak pasisir, kaya ta: ing Batawi, ing Samarang lan ing Surabaya.
2e sumuk, angin mênêng, mêndhung tumiyung, angantarani arêp [a…] -
--- 292 ---
- […rêp] udan, iku rasaning awak: sumuk.
3e gêrah, mêntas lêlaku kêpanasan, kringête gumrobyos, iku rasaning awak: gêrah.
4e prampang, rasaning awak panas, nanging ora bisa kringêtên.
5e priyang-priyang, awak sumêr-sumêr (=panas) ngantarani arêp lara. - panas pêrih
- Zie tak rewangi 2.
- panasbaran
- Zie ulat 29.
- punagi
- Zie nadar 3.
- panci
- 1e pancèn, anduwèni têgês loro: a. iya mêngkono. b. ora mêngkono. Kaya ta: pancèn bêngis = iya bêngis. Pancèn mênang = ora mênang. Bêngis lan mênang padha têmbung kaanan.
2e dhasar, anduwèni têgês: nyata, kaya ta: dhasar sugih = nyata mêngkono. - pănca upaya
- Zie bojo lett. b.
- poncot
- Zie gawa 18.
-
--- 293 ---
- pancas
- Zie tugêl.
- pincang
- Zie dhoyong 9.
- pandak
- Zie bisa.
- pêndul
- Zie mata 10.
- pandêlik
- Zie wêruh 20.
- pandêng
- Zie wêruh 15.
- pinto
- Zie pola 5.
- pintêr
- 1e kapintêran, tumraping ati, kaya ta: wong pintêr (ora wong bisa), pintêr cara Walănda, ͦ ubêding prakara enz.
2e kabisan, tumraping tangan, kaya ta: bisa nulis, ͦ nabuh, ͦ dandan enz.
3e kagunan, tumraping kriya, kaya ta: kagunan iku ora mung kanggo pangupajiwa bae, iya uga bisa narik marang darajat. Mas Ngabèi Anu ênggone kaabdèkake ing ratu dadi panèwu kêmasan, amarga saka kagunane, garapane madhani garapan Eropah, wusana malah kinula wisuda dadi -
--- 294 ---
- abdi dalêm kaliwon kêmasan kaparingan jênêng Radèn Ngabèi Anu.
4e kawicaksanan, têgêse matêng duga prayogane, sumurup marang kang samar-samar, prasasat bisa wêruh sadurunge winarah.
5e kabaudan, tumraping ati utawa ing tangan, kaya ta: « kabaudane ngikal prakara, kabaudane dandan » angeram-eramake.
6e kajuligan, sajuliganeya, tumrap kapintêraning ati ala, kaya ta: kajuligane bakul prombèng durung madhani karo kajuligane wong adol jungkat pênyu.
7e kawasisan, tumrap marang pakêcapan, kaya ta: kawasisane kondhisi Radèn Ngabèi Anu ora ana sing mapaki. Nanging kawasisan, beda karo kapintêran, têgêse wong wasis calathu: durung mêsthi pintêr.
8e kawaspadan (Vgl. Têtela) sumurup marang kang samar-samar, saka matênge duga prayogane.
9e kawaskithan, waskitha Kw. Zva. waspada, pintêr -
--- 295 ---
- nganggit-anggit carita sinawung têmbang utawa carita gancaran.
10e kalantipan, landhêping ati mêmpan marang panggawe bêcik, kaya ta: lantip atine enz.
11e putus, sugih kapintêran saka piwulanging guru, kaya ta: putus marang têmbung Walănda.
12e kalimpadan, pintêr saka tuwuhing budi, kaya ta: limpad marang gêndhing enz. - pêntil
- Zie cukul.
- pantog
- Zie tog 2.
- pêntog
- of kêpêntog Zie têmu 9.
- pindha
- Zie kaya 5.
- pondhok
- Zie indhung 4.
- pêndhêkêl
- Zie undha-usuk, lett. c. 6.
- pêndhikil
- Zie undha-usuk, lett. a. 6.
- pêndhukul
- Zie undha-usuk, lett. b. 6.
- pêndhokol
- Zie undha-usuk, lett. d. 6.
- pindha kombang
- Zie isbat 16.
- pundhat
- Zie măngsa 16.
- pondhong
- Zie gawa 19.
-
--- 296 ---
- panjêr
- 1e manjêri, tumraping têtuku, kaya ta: tuku barang lagi dibayar sathithik, ganêpe samaya, yèn cidra panjêre ilang.
2e sêsirah, tumraping bêbêktèn utawa gêbalan, kaya ta: dadi bêkêl sajung bêtine: 500, lagi bayar sasirah: 100, kurang 400. Ganêpe yèn wis kêpyak, mangkono uga gêbalan. - punjul ing apapak
- Zie luwih 1.
Luwih saka salumrahing manungsa, P.M. art. 15. - punjung
- Zie wèh 2.
- panthêlêng
- Zie wêruh 18.
- pêcah
- a. Zie rusak 4. b. Zie dum 4. c. Zie tugêl.
1e pêcah, tumraping barang balapêcah panjang, piring, utawa grabah, layah, cowèk, kaya ta: piring pêcah, layah ͦ enz. Sarta kêna sinilih: atine pêcah dadi loro, mrana trisna, mrene iya trêsna. Lan kanggo ing paribasan: grabah pêcah, bêras wutah, wong owah, iku wis ora bisa pulih kaya maune. -
--- 297 ---
- 2e ajur, tumraping sandhang, kaya ta: sandhanganku ana ing bênèt dipangan rêngêt, ajur dadi sawalang-walang, utawa ajur kumur-kumur, sarta kêna sinilih: atine ajur dening kêrêp kasripahan.
3e rêmuk, tumraping pangan, kaya ta: aku tukokna gula batu sing putih, nanging anjaluka sing rêmukan bae, olèh murah tur ora dadak mêcahi, lan tukokna limpang-limpung tela karo gêdhang goreng: rong gobang, anjaluka imbuh rêmukane.
4e rêmus = rêmuk, tumraping sêsotya, kaya ta: barliyane bêcik, gosokane kêbênêran, owêl têmên dene rêmus.
5e bênthèt, tumraping barang, kaya ta: kayu bênthèt kotuku, măngsa kênaa ginawe dandanan.
« 6e rêmak, 7e rêmpu » rêmak rêmpu, iku rusaking bala pêcah kang wis lawas kanggone. Rêmak, durung pati rusak tinimbang karo: rêmpu.
8e jahat, tumraping kayu, kaya ta: gandhewane mas dêmang katone wutuh, nanging satêmêne wis jahat, sabên [sa…] -
--- 298 ---
- […bên] dipênthang amêsthi banjur katon mêndhak sisih, iya iku panggonaning jahate.
9e rêngka, tumraping bala pêcah, kaya ta: panjang, piring wis akèh kang rêngka.
10e rêngat, uga tumraping bala pêcah, kaya ta: piring wis rêngat (lagi anggalêr arêp bênthèt). - pacicil
- Zie wêruh 19.
- pêcok
- Zie tugêl.
- pocot
- Zie copot 2.
- pêcus
- Zie bisa 1.
- pur
- Zie antara 6.
- para
- Zie dum 3.
- pira
- Zie pitakon, lett. d.
Pira ingaran têmbung: bantu, kaya ta: dhayohmu pira? Akèh of sathithik. Pira pambayare? Salawe of êmbuh. - prihatin
- Zie ati 3 voor susah.
- purun
- Zie samar 6 en 11.
- piranti
- Zie lingga lett. f. 2.
- parentah
- Zie calathu 29.
- pracaya
- Zie andêl 3.
-
--- 299 ---
- pêrak ati
- Zie ngoko 1.
- prakaran
- Zie calathu 30.
- prêt
- Zie lambe lett. b. 3.
- pratignya
- Zie nadar 4.
- prasêtya
- Zie nadar 5.
- prasasat
- Zie kaya 2.
- prasaja
- Zie bares 3.
- prasabên
- Zie calathu 31.
- prawira
- a. Zie luhur 11. b. Zie luwih 5.
- parawadulan
- Zie durcara 2.
- purwa madya wusana
- Zie antara 10.
- projol
- of mrojol ing akêrêp Zie luwih 1.
- prayoga
- Zie duga 2.
1e prayoga, tumraping prakara utawa barang kang tartip (tata, urut) kaya ta: wis prayoga (bênêr) prajuritan nganggo ikêt byur. Prayogining lampah (ingkang lêrês) èstri wontên ngajêng. Prayoganên (patutên) panganggone. Dipun prayogèkakên (dipun kèn) mawi găngsa. Wis prayoga (kabênêran) panatamu.
2e bêcik, wis ngarani, sarta sakèhe têmbung: prayoga, -
--- 300 ---
- akèh kang kêna sinalinan têmbung: bêcik, kaya ta: bêcik (prayoga) kiye tinimbang kuwe enz.
- priyang
- of priyang-priyang Zie panas 5.
- priman
- Zie jaluk 4.
- prampang
- Zie panas 4.
- prombèng
- Zie dol 11.
- prigi
- Zie umbul 15.
- prêgok
- of kêprêgok Zie têmu 5.
- prigêl
- Zie dhèmês 7.
- parab
- of pêparab Zie jênêng 4.
- pêrang
- of kêpêrang Zie tugêl.
- pringkil
- Zie undha usuk lett. a. 7.
- prongkal
- Zie undha usuk lett. c.7.
- prongol
- Zie undha usuk lett. b. 7.
- prêngut
- Zie ulat 12.
- pringis
- Zie cangkêm, lett. b. 2.
- prèngès
- Zie cangkêm, lett. b. 3.
- prongos
- Zie cangkêm, lett. b. 4.
- pranggul
- of kêpranggul Zie têmu 4.
- pokoh
- of kêpokoh Zie wajib 3.
-
--- 301 ---
- pikir
- Zie calathu 32.
pikir (ati) Zie samar 30. - pêkir mêskin
- Zie lingga 3.
- pêksa
- Zie kon 4.
Pêksa lan jiyad, mèh padha bae, atêgês winisesa, kaya ta: dipêksa of dijiyad ngombe jênèwêr: padha kênane. Nanging mungguh yêktining kawruh basa iya mêksa ana bedane (jaba jêro, kasandhang kapangan) kaya ta: dipêksa miturut (kudu nglakoni). Dijiyad ngombe jamu (kudu ngrasakake).
Nanging pêksa anduwèni têgês manèh mêtu saka ing awake dhewe, kaya ta: kêpêksa kudu lumaku, ora kêna: kêjiyad ͦ.
Roda. Roda paksa of roda paripaksa, têgêse: anjiyad wong kang ora gêlêm. - pikul
- Zie gawa 3.
- pakalongan
- a. Zie camboran II. 6.
b. Zie ngoko 11. - padon
- Zie calathu 10.
-
--- 302 ---
- pidêksa
- Zie antara 1.
- pada lingsa
- Zie têmbung 5.
- pati urip
- Zie antara 11.
- patanèn
- Zie ambèn 5.
- patrol
- Zie rêksa 8.
- pêtoking sata
- Zie swara lett. a. 12.
- pitakon
- a. Tumrap marang barang, kaya ta: apa, olèh wangsulan: iya, utawa: ora, kaya ta: apa cukup, iya (of ora) cukup.
b. Tumrap marang wong, kaya ta: sapa, olèh wangsulan: aku, kaya ta: sapa kuwi? Aku of Saridin.
c. Tumrap marang watêk, kaya ta: kêpriye, olèh wangsulan: mêngkene of êmbuh, kaya ta: kêpriye rêmbuge ki besan. Mangkene ... of êmbuh.
d. Tumrap marang wilangan, kaya ta: pira, olèh wangsulan: samene of êmbuh, kaya ta: pira gunggunge. Satus of êmbuh.
e. Tumrap marang prakara utawa panggonan, kaya ta: êndi [ê…] -
--- 303 ---
- […ndi] olèh wangsulan: ênya of aja, kaya ta: êndi aku anjaluk. Ênya of aja. Sing êndi, olèh wangsulan: kiye, kuwe, kae of êmbuh, kaya ta: aku sing êndi. Kiye of êmbuh.
Ngêndi, olèh wangsulan: kene, kono, kana of êmbuh. Kaya ta: ngêndi prênahe? Kene of êmbuh.
f. Tumrap marang wayah, kaya ta: kapan = dhek kapan of dhek apa. Lagi apa, besuk apa. - pituduh
- a. Tumrap marang barang, kaya ta: iki, iku, ika. Kiye, kuwe, kiyi, kuwi = kae.
b. Tumrap marang pratikêl, kaya ta: mangkene, mangkono, ngene, ngono.
c. Tumrap marang panggonan, kaya ta: kene, kono, kana.
d. Tumrap marang wayah, kaya ta: saiki, mêngko, sesuk. Besuk êmbèn, besuk, dhek mau, dhek wingi, wingine, wingènane, dhek anu kae enz. Saprana, saprene. -
--- 304 ---
- e. Tumrap marang wilangan, kaya ta: sêmene, sêmono, nanging: samana of dhek samana kalêbu ing lett. d.
- pêtete
- Zie undha usuk, lett. a. 8.
- pêtotong
- Zie undha usuk, lett. b. 8.
- putus
- Zie pintêr 11.
- pitaya
- a. Zie andêl 2. b. Zie wakil 4.
- pêtêng
- Zie silihan 5.
- putung
- Zie pêpês 2.
- pitungkas
- Zie calathu 33.
- pasakitan
- Zie ngoko 3.
- pistul
- Zie swara lett. b. 3.
- pasisiran
- Zie seba 5.
- pêsthi
- Zie tamtu 2.
Pêsthi of kudu kêlakon, padha kênane.
1e mêsthi, karêp kang mêtu saka dêrênging atine dhewe, kaya ta: mêsthi kalakon karêpku, nanging:
2e kudu, karêp kang mêtu saka ing liyan, kaya ta: kudu kalakon saiki.
Têrange mangkene, pêsthi, kalêbu ing măngsa lungse, nanging: kudu, kalêbu ing măngsa kang lagi dilakoni, -
--- 305 ---
- Kaya upamane: wong agama Islam, mêsthi bisa marang sahadat sarta kudu dilakoni, yèn ora mêngkono durung kêna diarani: Islam.
- pêsing
- Zie ambu 12.
- pawana tiniyub
- Zie isbat 19.
- puwung
- Zie pupus 2.
- pola
- 1e pola (barang kang dipadha) kaya ta: pola bathikan ditumpangi mori kang bakal dibathik, tumèmplèke sarana dom bundhêl, tapaking canthing diarah aja kongsi siwah karo polane.
2e conto, wujuding barang digolèkake barang kang padha rupane utawa kang mung mèmpêr bae, kaya ta: golèk sangkêlat magêsin.
3e tuladha, ginawe pêpiritan barang kang arêp dipadhakake, mèmpêra karo tuladhane, kaya ta: tuladha tulisan jêjêg kang bêcik: tulisan carikan. Yèn dhoyong: tulisan kadipatèn, rupane ngêtumbar, iku tirunên, mèmpêra karo tuladhane.
4e babon, nurun layang wacan, babone lan anakane [anaka…] -
--- 306 ---
- […ne] unine padha, nanging tulisane ora padha.
5e pinton, bakul wowohan, pêlêm kang ginawe pinton, diiris sathithik, kêna dinilat marang kang arêp tuku, sumurup rasaning pêlêm kang arêp tinuku ora susah dioncèki dhisik. - pilaur
- Zie angur 3.
- palêcu
- Zie lambe lett. b. 5.
- pilar
- Zie saka 4.
- palêruk
- Zie wêruh 14.
- palirik
- van nglirik Zie wêru 11.
palirik van mlirik Zie wêruh 21. - plurikan
- Zie dol 10.
- palerok
- Zie wêruh 13.
- pêlik
- Zie undha usuk lett. a. 9.
- pêlok
- Zie undha usuk lett. b. 9.
- pulut
- of kumêpyur pulut Zie sanepa 2.
- palsu
- 1e palsu, kaya ta: wang kêrtas palsu, minuman ͦ enz.
2e gopok, kaya ta: rupiyah gopok (rupane bidhur-bidhur). -
--- 307 ---
- 3e budhêng, kaya ta: rupiyah budhêng (ora kumêncring) No. 2 en 3 yèn dudu gaweyan Nèdêrland aran: palsu.
4e tiron, kaya ta: pasrèn kang rupane dièmpêrake kaya dhuwit, iku ingaran: tiron. - palolo
- Zie mata 9.
- palathok
- Zie tugêl.
- palêthoking pring
- Zie swara lett. a. 13.
- palêngkung
- Zie dhoyong 5.
- pêpara
- Zie lunga 8.
- papak
- Zie padha 5.
- pèpèt
- of kêpèpèt Zie têmu 8.
- pêpês
- Zie dhèmês 6.
1e pêpês, tumraping barang têlês, kaya ta: papah gêdhang pêpês, pring ͦ enz. Kêna sinilih: pêpês atine, sila mêpês.
2e putung, tumraping barang garing, kaya ta: putung pikulane, ͦ landheyane enz. Kêna sinilih ginawe parikan: putung wote tak sêngguh putung atine. Mutung ora têka, mutungi wong tuwa, mutungake wêsi galigèn. -
--- 308 ---
- 3e sèngklèh, tumraping barang cilik, kaya ta: sèngklèh suwiwine disangkal wadhag saka ing buri.
4e sêmplok, tumraping barang kandêl, kaya ta: papah krambil sêmplok kabotan panyangganing woh.
5e sêmpal, tumraping barang gêdhe, kaya ta: pang asêm sêmpal, kêna sinilih: sêmpal baune kiwa Si Kalana Jayèngpupuh.
6e sêmpèl = sêmpal, tumraping barang cilik, kaya ta: pange rêgulo padha sêmpal.
7e coklèk, tumraping barang garing, kaya ta: wilah coklèk, gandhewa ͦ.
8e pêdhot, tumraping tali, kaya ta: tali pêdhot, layangan ͦ. Kêna sinilih: gulune ͦ, mêdhot nyêrèt, ͦ banyon, pêdhoting prakara, ͦ rêmbug.
9e tugêl, tumraping barang, kaya ta: tugêlan bata, ͦ jadah, tugêl gulune, tugêling rêmbug.
10e siwal, tumraping kayu, kaya ta: siwaling wrêksa dinanda = ͦ tatal pinêthèl.
11e rêngka, tumraping bala pêcah utawa grabah kang wis akèh [a…] -
--- 309 ---
- […kèh] bênthète, kaya ta: kuwaline aja koanggo kêlan, kuwi rak wis kari brole bae.
12e rêngat, tumrap marang barang, kaya ta: nyêkêl gocekan teko dingati-ati, lawanana junjungên karo lambarane, iku rak wis rêngat. kêna sinilih: mugi sampun andadosakên rêngating panggalih. - pipisan
- Zie lingga lett. f. 14.
- pupus
- 1e mupus, têgêse panarimaning ati duwe pangarah ora kêtutugan.
2e muwung, panarimaning ati nampani barang ala kelangan barang bêcik, enz.
3e ngalah, panarimaning ati rumasa mênang sugih singgih, utawa rumasa mênang pintêr, kaya ta: ngalah basa sakêcap, laku satindak, dadi têmbung: ngalah, beda karo: kalah. - papag
- of kêpapag Zie têmu 3.
- padha
- 1e sapêpadhane, iku kang kêna kaewokake padha [pa…]
-
--- 310 ---
- […dha] utawa babag, kaya ta: para panèwu mantri sapêpadhane, ora kawoworan lurah, bêkêl, jajar, nanging:
2e sapanunggalane van tunggal, sapanunggalane têgêse kabèh, kaya ta: Panjang piring, klasa bantal, bèbèk pitik sapanunggalane.
3e sapiturute, iku pangringkêsing ukara ora ngucapake kang sunat, mung kang pêrlu-pêrlu bae, kaya ta: ingkang wontên ing Ngarsa Dalêm, wadana kaliwon, lajêng panèwu mantri jawi lêbêt saanon-anonipun, lajêng panèwu mantri pulisi, pamaosan, pangrêmbe sapiturutipun.
4e sabanjure van banjur, sabanjure iku pangringkêsing ukara amrih cêkak, kaya ta: ing salajêngipun atur kawula sami kados atur kawula ingkang katitimangsan kaping ...
Bedane têmbung: padha lan: papak, mangkene: padha tumrap awaking barang, kaya ta: gêdhe cilike padha, nanging:
5e papak, tumrap adêging barang ngisor dhuwur, kaya ta: -
--- 311 ---
- bongkot pucuke papakana kang padha. Punjul ing apapak, mrojol ing akêrêp.
Bedane têmbung: sapêpadhane, als bov. karo seje-sejene, iku pangringkêsing ukara pangracut rupaning barang, kaya ta: ing toko botên namung paniti kemawon ingkang adi pèni, sanadyan barang sanès-sanèsipun inggih adi pèni sadaya, beda kalihan toko sanès-sanèsipun.
Bedane têmbung: padha, kêmbar lan jumbuh, mangkene: padha iku sarupane barang kang dadine sarana dicithak, kaya ta: gotri, mote, pèn waja, aksara sapêpadhane, nanging yêktining kawruh ora ana barang padha, katone têtela yèn ditandhing padha siji, amêsthi katon gèsèhe.
7e kêmbar, têgêse: pêpadhan, saka kudrat lan saka iradat, kaya ta: kêmbar of gagar mayang, panganggo dikêmbar, ing sabisa-bisa diarah katone padha, nanging bocah kêmbar, ora mêsthi padha rupane.
8e jumbuh, kaya ta: jumbuh kalihira samya nangis, Lak. waj. te Mechelen blz. 227. -
--- 312 ---
- padhadene
- a. Zie dene 9. b. Zie tunggal 8.
- pêdhot
- Zie pêpês 8.
- pêdhês
- Zie rasa 17.
- adhas pèrèng
- Zie piyagêm 3.
- padhas gêmpal
- Zie baliswara 6.
- padhang
- a. Zie têrang 8. b. Zie silihan 5. c. Zie pangan 2.
- padhang pêtêng
- Zie isbat 36.
- puji
- Zie waca 5.
- pijêtan
- Zie lingga lett. f. 9.
- pajangan
- Zie seba 4.
- pajang pasisir
- Zie piyagêm 6.
- piyak
- Zie ênga 7.
- Piyagêm
- Iki layangku pratăndha piyagêm, Kyai Ngabèi Anu, abdi dalêm Anu ing Surakarta, kacêkêla marang Anu ing desa Anu.
Mulane nyêkêl layangku pratăndha piyagêm, dene tak dadèkake bêbêkêling desa Anu gawening wong loro utawa sakikil.
1e satabon padhukuhane. -
--- 313 ---
- 2e sabanjar pakarangane.
3e sapadhas pèrènge.
4e salêbak wukire, dèn sănggaa pajêg ing dalêm sataun, 8 reyal anêlung puluh wang, urip.
5e raja pundhut takêr têdhaking nagara, sarta
6e pajang pasisiran tuwin watêsan, apadene
7e bau suku, lumêbu garêbêg ping têlu sataun, sarta yèn aku duwe gawe, apadene dandan-dandan, sarta lumadi:
8e wang krigaji, walan, pamalêm, pamulud lan panyumplêng, pasangon putra. - Lan manèh ênggone Anu dadi bêkêl ngiras têbas, kèhing dhuwit panêbas: 100 rupiyah, mulih dadi 250 rupiyah, sumurup 10 taun, 20 pasokan pundhat, wiwit pasokane ing bakda garêbêg Mulud taun Alip, ăngka ... tutug pasokane ing bakda garêbêg Pasa taun Je ăngka ... pundhat, Mulude Dal banjur tapak bayar pajêg sabanjure, sajrone bumi ana ing têbasan, aku anglilakake panguwasa:
-
--- 314 ---
- 9e kajênanga kaebora,
10e kaparokna kairasa,
11e sadhêdhak mêrange,
12e saamis bacine,
13e anandura sarta amocota bêkêl pamburi, aku wis lila atas wêwènange Anu, sanadyan anaa:
« 14e gêdhang pupus cindhe, 15e jamur tuwuh ing waton, 16e krambil tapas limar » ngibarate nêmu pêndhêman rajabrana, atas dadi duweke Anu, wis mari dadi melikku, kosokbaline mênawa ana srilara rajapati,
17e gêtih cinelung,
18e balung cinandhi, aku wis ora nyumurupi, tinêmuwa marang Anu dhewe. -
Janji sapisan.
- Anu ora kêna ngrusak desa, ambubarake wong cilik kang awit saka parêntah siya nganiaya, nêgor kitri kang isih ana nipkahe, sanadyan nêgor kayu taun kang dadi wêwayanganing desa, iya ora kêna.
-
--- 315 ---
Janji kaping pindho.
- Anu ora kêna ngubungi laku palacidra kandhêg kampiran wong ala, mênawa Anu nêrak pêpacak iki, sanadyan bumi durung pundhat, amêsthi tak dhèdhèl tanpa prakara sarta kowe tak pocot saka kabêkêlanmu.
Pacuwan-pacuwan marang wong cilik ing desa Anu, gêdhe cilik, tuwa anom, lanang wadon, padha manut mituruta apa barang parentahe Anu kang bênêr bêcik.
19e taha yèn tan angèstokna (upama °),
20e atanapi yèn amaidoa (utawa °), amêsthi kaplaksana ing parentah.
Surakarta kaping ... - pambêkèring kuda
- Zie swara lett. a. 14.
- pêga
- Zie kukus 3.
- puguh
- Zie kukuh 4.
- pagêr
- of magêrsari Zie indhung 2.
- pugut
- Zie rusak 19.
- pathi
- a. Zie camboran II. 7. b. Zie ngoko 15.
-
--- 316 ---
- pêthuk
- of kêpêthuk Zie têmu 2.
- pêthêl
- 1e pêthêl, kosokbaline: mlincur, tumrap marang pasuwitan, kaya ta: pêthêl sebane, sabên jam wolu thèng wis ana ing kantor, kauningan ing wong gêdhe kang pinuju mlampah-mlampah ing wayah esuk. Nanging wong pêthêl seba ora mêsthi srêgêp nyambut gawe, dadi wong pêthêl seba: ana kang ora kalap gawene, kaya ta: bodho, utawa sungkanan, tarkadhang ngantuk, nanging sabên dina seba, iku ingaran: pêthêl. Kang mangkono mau ora apik, dene kang dadi papêthingan: pêthêl seba, dhasar pintêr, srêgêp nyambut gawe.
2e srêgêp, kosokbaline: sungkanan. Wong srêgêp ora mêsthi pêthêl, nanging yèn seba dhêmên nyambut gawe.
3e tabêri, kosokbaline: kêsèd, iya iku wong kang dhêmên nyambut gawe ora tau lèrèn sajrone tumandang, kaya ta: ngupakara banjar pakarangane, mêmatut pasrèn ing omahe, ngilèkake banyu kang ngoncori tandurane, ing wayah rina utawa wêngi -
--- 317 ---
- ora ana bosêne sarta ora saka ing pakon.
4e rênggêp (dumuwe) = candhak of cêkêl, wong rênggêp iku nyambut gawe barange dhewe karo nyambut gawe baranging liyan padha bae. Tumrape pamong mitra: rênggêp iku padha karo rumakêt, utawa sumanak.
5e wêkêl, iku wong tani bêntil, watêke wêkêl marang samubarang gawe, ora uwis-uwis kang disambut: yèn durung rampung.
6e mungkul, têgêse: ora salah wèngwèng, kaya ta: mungkul marang sawiji, ͦ sêmbahyang.
7e têgên, têgêse: bêtah, kaya ta: bêtah nyambut gawe, sadina mung lèrèn mangan, beda karo:
8e têgêl, kanggo marang panggawe ala, têgêse: tahan, kaya ta: têgêl matèni wong, ° gawe pialaning sadulur.
9e tlatèn, wong nyambut gawe ora pati rikat, nanging ora duwe kêmba, suwe-suwe rampung.
10e tumêmên, têgêse: nyambut gawe ngèstokake parentah nganti rampung ora nganggo lèrèn. -
--- 318 ---
- 11e sêngkut, têgêse: karêp marang pagaweyan, kaya ta: sêngkut macul, ͦ nulis.
- pêng
- of mêmpêng Zie antara 4.
- pangan
- Zie samar 23.
« 1e mangan, 2e madhang » ing wayah awan jam 12 tutug jam 2.
3e sarapan, mangan ing wayah esuk, kaya ta: wong arêp lungan adoh, sarapan dhisik supaya ana ing paran ora kêtlangso. Manggone têmbung: sarap, ana ing iwak loh, kaya ta: kutuk nyarap pancing.
4e sèmèkan, mangan ing wayah esuk = sarapan.
5e buka, mangan ing wayah sore sawise jam nêm, nuju pasa ing sasi Ramêlan.
6e saur, saka têmbung Ngarab: sakhur, mangan ing wayah bêngi sawise jam 12 tutug jam 3, dhêdhasar olèhe arêp pasa esuke.
« 7e măngsa of 8e ambadhog » pamanganing buta.
9e anggaglag, pamanganing macan.
10e anggemos, pamanganing kêbo, sapi. -
--- 319 ---
- 11e anggamês, pamanganing kidang, mênjangan.
12e nyaplok, pamanganing baya.
13e nguntal, pamanganing ula.
14e nocok, pamanganing asu.
15e anggogos, pamanganing cèlèng.
16e ngrikiti, pamanganing tikus.
17e ngrakoti, pamanganing kêthèk.
« 18e nucuk, 19e nocor » pamanganing pitik iwèn.
Ăngka 7 t/m 19 yèn ditumrapake ing manungsa dadi têmbung kasar.
20e mancal kêmul, mangan ing wayah sore ora pati warêg.
21e nisil, pamanganing manuk kang doyan pari. - pangindhung
- Zie indhung 1.
- pêngar
- Zie ambu 13.
- pangriking kuda
- Zie swara lett. a. 15.
- pênguk
- Zie ambu 14.
- pêngkuh
- Zie kukuh 3.
-
--- 320 ---
- pêngkarag
- Zie undha usuk lett. b. 10.
- pêngkirig
- Zie undha usuk lett. a. 10.
- pêngkorog
- Zie undha usuk lett. c. 10.
- pêngkok
- of kêpêngkok Zie têmu 11.
- pangkat
- Zie têmbung 7.
- pangkèng
- Zie gêdhong 4.
- pangêmprèting dipăngga
- Zie swara lett. a. 16.
- panggroning sardula
- Zie swara lett. a. 17.
- panggriting ori
- Zie swara lett. a. 18.
- panggul
- Zie gawa 22.
- panggêmpronging sima
- Zie swara lett. a. 19.
- pênggak
- Zie pênging 4.
- panggang
- Zie bakar 2.
- pênging
- « 1e dipênging, 2e dielikake » ngabotohan = aja botohan, nanging yèn pinikir saka ananing têmbung: elik, anduwèni têgês: lali, kaya ta: babon ngêndhog banjur ora ngêndhog, iku diarani: elik = lali ora ngêndhog.
-
--- 321 ---
- Awit saka iku têmbung: elik, duwe têgês măngsa lungse, kaya ta: dielikake olèhe dhêmên ngabotohan. Wis tau ngabotohan, nanging: dipênging ngabotohan, kalêbu ing măngsa kang arêp utawa kang durung dilakoni, dadi durung ngabotohan, karodenemanèh, têmbung: dipênging, durung katon lesane, nanging: dielikake, wis katon lesane, kaya ta: dipênging kêkêcèh (durung kêkêcèh), nanging: dielikake kêkêcèh (wis ana ing pakêcehan),
3e nyêgah, kaya ta: nyêgah karêping wong (= malangi), cêgah mangan turu (= ngurangi).
4e mênggak, kaya ta: dipênggak olèhe dhêmên ngabotohan (ora awèh), ora kêna dipênggak ing wong tuwa (dipênging).
5e ngêndhakake of mêndhakake, kaya ta: diêndhakake karêpe (disorake), kêndhak dening ana kang diwêdèni (kasor).
6e nglarangi, kaya ta: nglarangi wong lumaku ing alun-alun nganggo tudhung.
7e malêri, kaya ta: ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan -
--- 322 ---
- P.B.II. sumare Lawiyan, malêri putra wayahe ora kalilan nyêrèt Zie belletri prasapa.
8e nyandhêt, kaya ta: nyandhêt ardaning ati, ͦ wong arêp lunga.
9e ngampah, kaya ta: ora kêna diampah (pênging). -
[DHA]
- dhenok
- Zie camboran I. 4.
- dhèncèng
- Zie rèntèng 5.
- dhiri
- Zie ati 3 voor luwih.
- dhatêng
- Dhatêng = marang of karo, dhumatêng = tumêka, kaya ta: pun Suta punika dhatêng pun Naya gêthing sangêt niet dhumatêng, nanging: sêrat dhumatêng ingkang rayi niet dhatêng.
- dhasar
- Zie panci 2.
- dhewe
- Zie bijwoord 3.
dhewe of ijèn, ora padha têgêse, kaya ta:
1e dhewe, têgêse: ora nganggo kanthi, nanging:
2e ijèn, pancèn tanpa kanthi. - dhawah
- of dhawuh Zie calathu 34.
- dhuwur
- Zie bêndara 3.
- dhuwit
- a. Zie rusak 16. b. Zie butuh 1.
-
--- 323 ---
- dhelik
- Zie camboran I.5.
- dhepah
- Zie camboran I.6.
- dhapur
- Zie rupa 4.
- dhepok
- Zie camboran I.7.
- dhêdhak mêrang
- Zie piyagêm 11.
- dhoyok
- Zie dhoyong 7.
- dhoyog
- Zie dhoyong 8.
- dhoyong
- 1e dhoyong, kaya ta: omah dhoyong, reyong-reyong wong gendhong lakune dhoyong.
2e mayuk, lakune mayuk, pagêre°.
3e nglèyèk, cagake nglèyèk.
4e bêngkung, kêris bêngkung tumbak bêngkung Nalajaya ditêlikung.
5e plêngkung, kêcik plêngkung, mlêngkung, landheyan malêngkung, wêsi°.
6e loyop, loyop mripate, mêlèk rong bêngi: pèi kalah.
7e dhoyok, lakune dhoyok-dhoyok.
8e dheyog, lakune dheyog. -
--- 324 ---
- 9e pincang, pincang lancang, picak ladak, ceko brêngkêlo.
10e dêngkling, lakune dhêngkling.
11e dheglog, lakune dheglog.
12e dhêngklang, andhêngklang, tangane andhêngklang. Kabèh mau têgêse ora jêjêg. - dhêmên
- 1e dhêmên, marang bojo.[1]
2e tisna, trêsna of trisna, marang anak.[2]
3e asih, marang batur.
4e rêna, marang dhayoh.
5e sarju, têgêse: dhangan.[3]
6e dhangan, têgêse: lêga.
7e lêga, têgêse: bungah.
8e gumati, têgêse: lêga marang kabêcikan. - dhamis
- Zie cangkêm, lett. a. 1.
- dhemês
- Zie camboran, lett. I. 8.
-
--- 325 ---
- 1e dhemês, verk. v. gêdhe lêmês, kaya ta: dhemês solahe.
2e luwês, kaya ta: luwês wicarane.
3e mêmês, kaya ta: mêmês rêmbuge. Wit jêruk yèn diklonthoki kulite, wohe dadi mêmês.
4e kèwês, kaya ta: kèwês pangandikane.
5e lêmês, kaya ta: lêmês basane, manggone ana ing barang: gandhewa lêmês.
6e mêpês, kaya ta: mêpês silane.
7e prigêl, kaya ta: prigêl tandange. - dhamplak ondhe-ondhe
- Zie sadhela 9.
- dhampyak
- Zie rèntèng 13.
- dhumpyuk
- Têmbung rong gatra wêkasan lan purwaning têmbung kang kêlêtan pada lingsa: dhumpyuk, iku ora dadi apa, sarta pancèn kudu mêngkono, kaya ta: mênggah dhuwung Kyai Sabukintên, karsa sampeyan, sampeyan paringakên dhatêng putra sampeyan pambajêng èstri minăngka kancing gêlung, kula sampun amrayogèkakên, wondening [wonde…]
-
--- 326 ---
- […dening] karsa sampeyan badhe anggêguru Jawi sarta Kawi dhatêng kula, kula sakalangkung dhangan. J.Z.I. 121-10. Mênawi sampeyan narimah ing sasumêrêp kula, kula inggih bingah, id. 14.
- dhêg
- of dhêg-dhêgan Zie ati 5 voor rusak.
- dhegus
- Zie camboran, I. 9.
- dhugal
- 1e andhugal, nuruti ardaning ati, dhêmên agawe pitunaning liyan, sok uga katutugan karêpe, kaya ta: nguyuhi jangan, mêmisuh enz.
2e ambêlêr, dolanan kang mutawatiri ora kêna dielikake, (pitik ginusah tansah bali).
3e ambêsur, tansah gawe êmaring ati, apa panggawene ora kêna dielikake, kaya ta: dolanan gêni.
4e angglidhig, tangane ora gêlêm lèrèn tansah thrithikan, gawe rusaking barang.
5e nakal, anjaluk dudu duwèke, yèn ora awèh: dirêbut, utawa mara tangan, lan bisa ingêmpakake marang khewan, kaya ta: jaran nakal. -
--- 327 ---
- 6e bandhol, banter atine kamomoran nakal, kaya ta: bandhol ngrompol (akèh rewange).
7e ambadhigal, padha karo andhugal, kacèk pratingkah saya kasar. - dheglog
- Zie dhoyong 11.
- dhang
- of ngadhang Zie têmu 12.
- dhing
- Zie kang.
- dhenga
- 1e sadhenga of sadhengah, têgêse: wis ana rupane, kaya ta: kowe arêp ngombe wedang bubuk apa êtèh. Sadhengah bae sing ana, êtèh aku doyan, bubuk iya doyan, J.Z.I. 101-7 nanging:
2e sabarang of samubarang, durung ana rupane, kaya ta: sing kodoyani iwak apa, sabarang of samubarang iwak kang ora kharam, aku doyan. - dhangan
- a. Zie kothong 16. b. Zie dhêmên 6.
- dhêngêr
- Zie wêruh 6.
- dhêngkul
- Zie ngibarat 1.
- dhêngklang
- Zie dhoyong 12.
- dhêngkling
- Zie dhoyong 10.
-
--- 328 ---
-
[JA]
- jahat
- Zie pêcah 8.
- jail
- Zie ati 8 voor watêk.
- jênewêr
- Zie rusak 17.
- jinêm
- a. Zie ulat 10. b. Zie ayêm 4.
- jênang
- of jênang ebor Zie piyagêm 9.
- jênêng
- « 1e jênêng, 2e aran » N., wasta K., kaya ta: anakmu tak jênêngake: Sraya, amèk saka araning biyung: Sri. Iya iku rimbag yogasastra, Zie P.S. 72-2.
Natadirja aran ingong, nanging durung pati karan, isih aran pun Sukra, B.K.
Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan,
P.B. IV. aran Sinuhun Bagus,
P.B. V. aran Sinuhun Sugih.
P.B. VI. aran Sinuhun Ambanguntapa,
Mirid saka ing dhuwur iki: jênêng of aran, saka panggawene dhewe. Karan saka panggawene liyan.
3e jêjuluk K.I., jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping VII. -
--- 329 ---
- « 4e pêparab, 5e kêkasih » pêparab of kêkasih R. Janaka.
« 6e sasêbutan, 7e asma, 8e pangkat » radèn tumênggung (sasêbutan), Arungbinang (asma). Bupati nayaka sêwu (pangkat).
jênêng of jêjênêng Zie wakil 6. - janji
- of anggêr.
1e janji, têgêse: tamtu, kaya ta: janji têlung sasi ora ngirim, ora nêbus: bur.
2e anggêr, têgêse: sabên, kaya ta: anggêr-anggêr iya mêngkono = sabên-sabên ° nanging:
Janjine of anggêre, kowe gêlêm, aku iya gêlêm, iku padha kênane, padhadene lan têmbung Ml. atsal. kaya ta: manawi botên kula njanjèni makatên, amêsthi botên purun mantuk, J.Z.I. 115-9.
Anggêr cêkap katêdha, eca manahipun sarta sakeca badanipun, id. 114-1.
Anggêre bêcik, id. 167-1. v.o. -
--- 330 ---
- Pangolahipun botên angèn măngsa, anggêripun adhangan kemawon, id. 175-3.v.o.
Janji, kêncan en samayan.
« 1e janji, têtalining sêdya, 2e kêncan, têtalining paran, 3e sêmayan, têtalining măngsa » kaya ta:
Janjiku karo kang Janala nèk sida kêncan ana ing Bacêm, sêmayanku jam 7 mlaku bêngi padhang bulan, mêngko dhèwèke awèh katrangan bisa lan orane. - jinja
- a. Zie ati 4 voor rasa. b. Zie watir 9.
1e jinja, kaya ta: aku jinja (= sumêlang) ngambah kêbon buri, barêng saiki runggut akèh ulane.
2e Jiji, kaya ta: atiku jiji yèn ngambah dalan ing Tamtaman, êmbêk-êmbêk akèh sêsukêre.
3e nêk, aku ênêk yèn andêlêng martega (wong kang ora doyan martega).
4e wigih, kaya ta: aja wigih-wigih (wêdi-wêdi) mangan ana ing kene, anggêpên mangan ana ngomahmu dhewe.
5e gigu, kaya ta: kajaba kharam, aku pancèn gigu -
--- 331 ---
- andêlêng iwak babi, katon êmpal-êmpalan gajihe.
- jênjêm
- a. Zie ayêm 3. b. Zie sênêng 4.
- jirih
- a. Zie kêndêl 1. b. watir 15.
- jêrit
- Zie calathu 35.
- jurutulis
- Zie carik 2.
- jaruman
- Zie dol 15.
- jèrèng
- Zie ênga 14.
- jakat
- Zie wèh 6.
- jêkut
- Zie adhêm 4.
- jêkutrut
- Zie ulat 13.
- jêtmika
- Zie ulat 4.
- juwèh
- Zie calathu 36.
- juwara
- Zie umbul lett. a. 3.
- jiwit
- Zie tangan 11.
- jawab
- a. Gugate wis tak jawab (= tak wangsuli)
b. Yèn wis ana jawabe (= panêmbunge) - jêlèh
- Zie calathu 37.
- jalaran
- Zie marga 2.
-
--- 332 ---
- Jalarane padu,° lara,° dadi priyayi.
- jaluk
- 1e anjaluk, kaya ta: anjaluk dhuwit,° pratikêl,° bênêr.
2e anjabêl, anjaluk balining pawèwèhe.
3e ngrimuk, anjaluk sarana ngêmpakake têmbung manis.
« 4e priman, 5e ngêmis, 6e musapir » anjaluk sapawèhe. - juluk
- of jêjuluk Zie jênêng 3.
- julalat
- Zie ulat 5.
- jêlag
- Zie maling 17.
- julig
- Zie pintêr 6.
- jaja
- Zie dol 3.
- jiji
- a. Zie ati 2 voor rasa. b. Zie jinja 2.
- jêjak
- of jêjêk Zie sikil 2.
- jajal-jajal
- Zie ajar 3.
- jiyad
- a. Zie kon 5. b. Zie pêksa.
- jamur tuwuh ing waton
- Zie piyagêm 15.
- jambe
- Zie lambe lett. a. 1.
-
--- 333 ---
- jumbuh
- Zie padha 8.
- jamban
- Zie sanepa 4.
- jêmbêr
- Zie rêgêd 5 voor wong.
- jêmbêlong
- Zie kothong 11.
- jombêlang
- Zie dol 8.
- jog
- a. Zie wuwuh 6. b. Zie bayar 5.
- jaga
- Zie rêksa 3.
- jaganagara
- Zie seba 3.
- jagaruna
- Zie sêdhiya 6.
- jegos
- Zie bisa 2.
- jagul
- a. Zie kuli 2. b. Zie gawa 13.
- jugul
- Zie ati 4 voor dhasar.
- jêgigrèking sata wana
- Zie swara lett. a. 20.
- jagong
- Zie lunga 11.
- jênggirat
- Zie ulat 23.
- jibah
- of kêjibah Zie wajib 5.
- jubad
- Zie lingga lett. c. 2.
- jabêl
- Zie jaluk 2.
- jubêl
- Zie lingga lett. c. 3.
- jiblok
- Zie runtuh 5.
-
--- 334 ---
- jithêt
- Zie tutup 7.
- jangan
- Zie rusak 9.
- jênggi
- Zie gawa 23.
- jênggurêng
- Zie ulat 8.
- jingglêng
- Zie wêruh 9.
-
[YA]
- yèn
- Têmbung: yèn K.N. of bilih K. kanggone ing ukara mungguhing têmbung ngoko nganggo sambawa: na, nanging mungguhing têmbung krama bêcik ora nganggo, dadi bali marang uwiting linggane, kaya ta:
Yèn aku dadiya N. bilih kula dados K.
Yèn aku andadènana N. bilih kula andadosi K.
Yèn aku andadèkna N. bilih kula andadosakên K.
Kaya ta: kiraku ora digarap, yèn digarapa J.Z.I. 190-6. v.o. - yêkti
- Zie têmên 3.
- yasa
- Zie gawe 2.
- yoga
- Zie tut 3 voor patut.
-
[NYA]
- nyana
- Zie duga 8.
- nyênyês
- Zie kothong 13.
-
--- 335 ---
- nyata
- a. Zie têrang 4. b. Zie têmên 2.
- nyalênèh
- Zie anèh 4.
- nyêmlèk
- of nyêmlok Zie ajèr 6.
- nyamlêng
- 1e nyamlêng, têgêse: kêbênêran tumrap marang pangan, kaya ta: olèhmu gawe suguh sêga ladha pindhang: nyamlêng bangêt, iwake êmpuk, bumbune sêdhêngan.
2e mathis, têgêse: padha anjing-anjingane, kaya ta: blandar pangêrête mathis cathokane.
3e cèplês, têgêse: cocog petunge, kaya ta: tak bage cèplês, ora ana malangane.
4e srêg, têgêse: sêdhêngan anggone, kaya ta: olèhmu bêdhahi kulambi kêbênêran, dak anggo srêg bae, ora logro, ora sêsak. - nyêthak
- Zie rasa 18.
-
[MA]
- ma patang prakara
- aksara: ma patang prakara kang dadi wisaning urip:
1e madat, tundone gawe rusaking jêroan.
2e madon, gawe rusaking sipat, nandhang lara warna-warna. -
--- 336 ---
- 3e minum, gawe rusaking kaèngêtan, dening wuru dawa.
4e main, gawe rusaking barang, têmahan dadi malarat. Zie P.M.I. Art. 3. - mau
- Têmbung: mau, têgêse nêtêpake prakara kang wis diucapake, bisa ana ngarêp lan ana ing buri, mawa-mawa dêrênge, kaya ta:
a. Wau kula sampun matur, têgêse: wis tau matur mêngkono, dêrênge ana ngarêp.
b. Prakawis wau sampun katur ing nagari. Prakara kang wis dipratelakake ngarêp: diambali manèh, mung riningkês: prakawis wau, dêrênge ana ing buri.
Upama: wau mila kula matur yèn namung kirang ... J.Z.I. 120-3. v.o. - main
- Zie ma 4.
- min
- Zie tuku 4.
- mina
- 1e mina = mirungga, kaya ta: dina sesuk sudhiyaa dhahar dhayoh loro, nanging dhahare daramu minakna, têgêse: ora padha karo liya-liyane.
2e mirungga = miji, pagaweyan mirungga, dhuwit ° têgêse: [te…] -
--- 337 ---
- […gêse:] ora padha karo liya-liyane.
3e lêlahanan, têgêse: pagaweyan kang tanpa bayaran, kaya ta: rewang wong duwe gawe, ° ngadêgake omah. - manèh
- 1e manèh, têgêse: rambah, kaya ta: anjaluk manèh (wis tau anjaluk), lara° (mêntas lara), sugih °(wis tau sugih), nanging:
2e êngkas, têgêse: kurang, kaya ta: sathithik êngkas (kurang sathithik), kurang rong cocoh êngkas (kurang loro), sèwu ° (kurang sèwu) sanadyan petungan sèwu kêna ingaran sathithik, tinimbang karo sing wis ditampani: lêksan, mangkono sabanjure. - mênirên
- Zie lingga lett. f. 4.
- manis
- Zie ulat 22.
- mênawa
- a. Mênawa, kanggo pambukaning ukara,
b. Yèn, kanggo pamungkasing ukara, kaya ta: (adangiyah) mênawi andadosakên parênging panggalih kula nyuwun nyambut kagungan sampeyan titihan kareta melor [me…] -
--- 338 ---
- […lor] sakapal kusir kênèkipun, badhe kangge tumpakanipun putra sampeyan pangantèn mantuk mangalèr kalêrês sapêkênipun, panyuwun kula mangke sontên wanci jam nêm. Wusana badhe andadosakên suka pirênanipun manah kula bilih panuwun kula wau kaparêngakên.
Têmbung: mênawa, bênêre ora kêna ginawe rimbag sambawa: na, dadi beda karo têmbung: yèn, kaya ta: mênawa akua gêlêm, wis angèl pakêcapane, sarta wis arang kanggone, beda karo: yèn akua gêlêm, iku kang kêlumrah. - mênêng
- Zie nêng 3.
- mendahpuna
- Zie lingga lett. a. 3.
- mancala putra
- of mancala putri Zie luwih 1.
- mêntah matêng
- Zie silihan 1.
- mêntas
- Zie măngsa 13.
- mênjila
- Zie anèh 5.
- mênyang
- Zie marang 2.
- minum
- Zie ma 3.
- mar
- Zie watir 4.
- mari
- Zie waras 2.
-
--- 339 ---
- mrêcon
- Zie swara lett. b. 5.
- murka
- Zie ati 12 voor watêk.
- mêrak
- Zie swara lett. a. 21.
- maras
- a. Zie ati 14 voor rusak. b. Zie watir 14.
- miris
- Zie watir 11.
- murwat
- a. Zie rêga 3. b. Zie duga 9.
- mriyêm
- Zie swara lett. b. 1.
- marga
- 1e amarga en amarga saka (of têka) kanggo ing măngsa anyar kang lagi tinêmu, kaya ta: anggèn kula botên sowan, amargi sakit wêtêng kula mulês.
2e jalaran, kanggo ing prakara kang dadi uwiting lêlakon, kaya ta: jalaranipun sakit nêdha lotis.
3e sabab, kanggo ing măngsa lungse kang wis tinêmu, kaya ta: sabab apa dhèk Sênèn kowe ora seba.
4e awit, kanggo panampiking lêlakon kang ora dikarêpi, kaya ta:
Anggèn kula botên dhatêng:
a. awit marginipun jêblog (of awit suthik ngambah ing jêblogan).
b. awit lèpènipun banjir (suthik nyabrang kali). -
--- 340 ---
- c. awit kapambêng padamêlan pêrlu (suthik anglakoni pagaweyan sunat) sapêpadhane.
Mungguh kalumpuking têmbung ing dhuwur mau ginawe ukara sakênane, mangkene: anggèn kula pamit botên sowan ing dintên punika amargi sakit wêtêng kula mulês, jalaran nêdha lotis. Măngsa lotis bae nglarani. Sabab anggèn kula nêdha kêkathahên, dene anggèn kula botên sowan nalika dintên Sênèn, awit lèpènipun bêna.
Têmbung: amarga, lan: awit, sathithik bedane, katone: yèn pinikir kang têmênan amêsthi têtela, kaya ta: amarga, kalêbu ing măngsa anyar, nanging: awit, kalêbu ing măngsa anyar sarta bisa kalêbu ing măngsa lungse, iya iku (wis jêblog, Zie bov.).
Sabab = ingkang mawi, kaya ta: ananging pandugi kula pun Anu botên sagêd nyaur, ingkang mawi sambutanipun dhatêng tiyang sanès kathah J.Z.I. 13-2. - marang
- 1e marang (= mênyang) tumraping samubarang prakara, kaya ta: trêsna marang aku, dhêmên marang panggawe ala, sumurup marang ubêding prakara, nanging:
-
--- 341 ---
- 2e mênyang, nyang = marang, prayogane mung marang laku, kaya ta: dolan mênyang Bacêm, blănja mênyang pasar enz. nanging têmbung: mênyang, kanggone ing pakêcapan dadi gêgêntine: marang, malah saya dhèmês, kaya ta: saiki mênyang aku suda trêsanane.
- marang
- en têka Zie samar 26.
- marèng
- Zie antara 5.
- mik iki
- Zie lingga lett. e. 1.
- mukti
- Zie luhur 7.
- mokal
- Zie anèh 7.
- mukjijat
- Zie kuwasa 2.
- madu
- Zie sênepa 6.
- madu balung kêpesing
- Zie lingga lett. e. 7.
- madat
- Zie ma 1.
- mata
- a. bêdhahan.
1e balalak-balalak, mripat ămba sêmbada karo bêdhahane, polatan ringas.
2e ambalut, mripat sêdhêngan, bêdhahane anjait sêmu luruh, utawa kocak.
3e lindri, mripat sêdhêngan, mungguhing pawakan prêkis, bêdhahane rada anjait. -
--- 342 ---
- « 4e liyêp, 5e loyop » mung beda sawatara, mripat ămba lèke ciyut.
6e talup, mripat pajêg (ora anjait) tlapukaning mripat kang dhuwur tumindhih mangisor (mripating nyonyah Cina).
7e suthup, mripat ing pucuk kapara mangisor, alise dhuwur ngarêp.
8e cithut, mripat ciyut, tlapukane kandêl.
9e mlolo, mripat ămba arang kêdhèp.
10e pêndul, mripat ămba mêndhukul.
b. tandanging mata Zie wêruh.
c. polatan Zie ulat. - mutah
- Zie rusak 18.
- mataram
- a. Zie camboran II. 11.
b. Zie ngoko 16. - matêng
- Zie silihan 1.
- mêstak
- Zie sigêg.
- musapir
- Zie jaluk 6.
- mêsgul
- Zie ati 3 voor lara.
- mawa
- Zie anggo 2.
-
--- 343 ---
- mawut
- Zie rusak 16.
- malah
- Zie saya.
- malah mandar
- Zie lingga lett. d. 18.
- melik
- Zie ati 13 voor watêk.
- mulat-tenge
- Zie lingga lett. a. 4.
- mulya
- Zie luhur 4.
- maling
- 1e maling, kadurjanan kang linakonan ing wayah bêngi sarana ngrusak, linakonan ijèn utawa nganggo kanthi, kaya ta: ambabah, anggangsir, anggêlap, anggraji candhela, ngêbur lawang, anggunting gêdhèg enz.
« 2e kecu, 3e koyok, 4e kampak » kadurjanan kang linakonan ing wayah bêngi luwih saka wong loro, sarana pangroda, nganggo gêgaman sarta anggawa obor, sawênèh masang borang, yèn cinêgah marang kang duwe omah, utawa wong tandang, banjur namakake gêgaman, gawe rajapati utawa rajatatu.
5e culêng, padha bae karo kecu, mung lêbune kaya maling, [ma…] -
--- 344 ---
- […ling,] undure kaya kecu, gêlêm gawe pêpati.
6e begal, kadurjanan kang linakonan ing wayah awan, ngadhang wong liwat ana ing dalan, utawa ing alas, panggonan kang sêpi, linakonan wong loro utawa luwih, anggawa pênthung utawa gêgaman, ngrêbut dagangan, utawa nèthèli panganggo, dipêksa bae, utawa dipênthung dhisik sarta ditibani gêgaman, nganti kêlaran, utawa mati.
7e ambradhat, kadurjanan rajakaya, linakonan ing wayah awan, ana ing pangonan, lumrahe mung anggawa dhadhung.
8e ambarak = ambradhat, maling kêbo sapi iya ana.
9e nyêbrot, kadurjanan kang linakon ing wayah awan, aparipaksa nyêbrak, utawa nyêndhal panganggoning wong banjur ginawa mlayu.
10e nyêlêr, kadurjanan kang linakonan ing wayah awan, nglimpe anjupuk barang kang diadhêp banjur ginawa lunga.
11e ngutil, kadurjanan cangkêm karut, utawa liya kang linakonan ing wayah awan, nuju diadhêp, utawa diidêrake, angon ulat ngumbar tangan. -
--- 345 ---
- 12e ambalurut, kadurjanan kang linakonan ing wayah awan, nglimpe nyolong barang ana ing memehan utawa liyane nuju sêpining wong.
13e ngubut-ubut, kadurjanan kang linakonan ing wayah esuk ambarêngi wênganing lawang malêbu omah nyolong barang kang adhakan.
14e nayab, kadurjanan kang linakonan ing wayah awan, malêbu omah kang panuju sêpi banjur ngukuti barang.
15e ambêdhog, nyolong pitik iwèn kang saba, panyêkêle sarana dikur-kuri bêras, utawa patrap liyane.
16e ngapusi, sarupaning patrap kang cidra.
17e anjêlag, ngapusi wong nuju ana ing dalan, dipêpengin utawa diiming-imingi barang, diawatake êmas utawa intên lan liya-liyane, ngrimuk dikon nuku, utawa liyane kang gawe gumiwanging ati.
18e milah, andudud kêris kang dianggo wong: saka ing buri. - mêlang
- of mêlang-mêlang Zie rangu-rangu 6.
- midhang
- Zie nadar 6.
- mêjanani
- Zie lingga lett. f. 6.
-
--- 346 ---
- maji kuranga wong ayu
- Zie lingga lett. e. 2.
- majaji
- Zie rêga 4.
- moyar
- Zie ati 11 voor rusak.
- miyarsa tanpa karna
- Zie isbat 24.
- mayuk
- Zie dhoyong 2.
- mayangi
- Zie lingga lett. f. 10.
- mamring
- Zie kothong 9.
- mêmês
- Zie dhèmês 3.
- mimis
- Zie sanepa 5.
- mimisên
- Zie lingga lett. f. 7.
- mambu
- Zie rusak 6.
- muga
- Sambawaning têmbung: muga N., mugi K., De aanvoegende wijs iku ana rong prakara, yèn ngènthèngake dêrênging ati nganggo: muga, yèn ngabotake: ora, kaya ta: sampêyan mugi lênggaha of lênggah rumiyin. Sarèhning rimbag kang kaya mangkono mau anduwèni têgês: pakon, mulane parabisa ora ana kang gêlêm nganggo, mung nganggo rasane bae, kaya ta:
a. Sampeyan mugi dhahar 1001 N. II 194-31 ora sampeyan mugi dhahara. -
--- 347 ---
- b. Mugi sampeyan matur 1001 N. II 395-1. v.o. ora mugi sampeyan matura.
c. Kula mugi kawartosan id. 47-8 ora kula mugi kawartosana.
d. Mugi sampeyan damêlakên id. 156-1. v.o. ora mugi sampeyan damêlna (= muga gawèkna).
e. Mugi sampeyan piyarsakakên Indj. 256 (2) ora sampeyan piyarsakna (= rungokna).
Mung yèn tumraping pêpuji, utawa nylathokake wong katêlu (3e pers.) ing ngarêpe wong kapindho (2e pers.) iku isih têtêp nganggo sambawa: na, kaya ta:
f. Mugi winantuwa ing kabêgjan (a)
g. Mugi kalampahana karsanipun (ana)
h. Mugi jinêmbarna ing kuburipun (na)
Awit saka iku têmbung: mugi katur, nyimpang saka ugêring rimbag sarta ora cundhuk lan têgêse, parabisa ngarani: luput, dene olèhe isih nganggo, mung nglumuhi marang kang diwèhi layang aja nganti kang awèh layang ingaran: diksura, nyuda kaurmatan.
Têmbung: sayogi katur, iya uga luput, wah manèh: -
--- 348 ---
- Sayogi, ora pati alus tinimbang karo: mugi.
Kang nelakake yèn têmbung: mugi katur, aluse manèh: mugi konjuk, iku têtela luput, saka adangiyah sêrate kangjêng radèn adipati kang konjuk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, mangkene:
Kawula nuwun, atur sêmbah kawula pun Adipati Sasradiningrat, konjuk saandhap ing Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, iku iya ora nganggo têmbung: mugi, Zie P.B. 429 IX. - mêgap-mêgap
- Zie napas 7.
- muthakil
- Zie ati 9 voor watêk.
- mathis
- Zie nyamlêng 2.
- mung
- Zie bae 4.
- mong
- Zie rêksa 9.
- mangu-mangu
- Zie rangu-rangu 2.
- mangunah
- Zie kuwasa 4.
- mangkene
- Zie pituduh lett. b.
- mangkono uga
- Zie mangkono manèh 2.
- mangkono mau
- Zie mangkono manèh 3.
-
--- 349 ---
- mangkono manèh
- Saka têmbung: mangkene, têgêse: prakara kang lagi diucapake, nanging: mêngkono, prakara kang arêp diucapake, mulane nganggo têmbung: manèh, dening wis tau ngucapake: mêngkono, kaya ta: dina sesuk aku arêp mêtoni mênyang pasar Bêkonang, êmbène mênyang Karanganyar.
1e mangkono manèh yèn slamêt besuk êmbèn dawa aku arêp mênyang Ngawi.
2e mangkono uga, têgêse: ora ambedakake prakara kang wis diucapake, kaya ta: kramating wali iku angeram-eramake, aêngkono uga mukjijating Nabi, saya angeram-eramake.
3e mangkono mau, id. têgêse: ora ngambali prakara kang mêntas diucapake, kaya ta: ora liya iya kaya mangkono mau. - mungkir
- Kanggo wong kang tinarka anglakoni kadurjanan, kaya ta: nalika kapriksa wontên kamantrèn Karanganom ngakên ngècu wontên ing griyanipun Dêmang Anu ing Anu, kancanipun tiyang 8, sarêng kapriksa wontên kapanewon [kapa…]
-
--- 350 ---
- […newon] Anu mungkir gadhah atur pangakên kados ing nginggil wau.
2e kijat, wong kang tinarka anglakoni panêrak, kaya ta: kalawau kula dhêdhês piyambak wontên mungupipun sakêdhik, sapunika kijat babar pisan.
3e kumbi, wong kang tinarka anglakoni bedhang, kaya ta: kowe aja kumbi, sing nglakoni wis ngaku dhewe, yèn rewange jina: kowe, ora karo wong liyane manèh.
4e kikib, kanggo ing bocah kang tinarka goroh marang wong tuwane, kaya ta: kowe aja dhêmên kikib, kowe mau dolan mênyang Bacêm, apa ora.
5e singular, kanggo marang wong bêblantikan, kang tinarka ambathi utawa nyolot pêpayon, kaya ta: ora ana gawene diwêlèhake wong wis wayu dina, dhèwèke yèn ditakoni amêsthi singular, pakolèhe mung bakal padu bae.
6e selak, kanggo cidraning prasêtya, kaya ta: sadurunge ana jago kaluruk, kowe bakal anyelaki aku ping têlu, Indj. 179-1. -
--- 351 ---
- mêngkis
- of mêngkis-mêngkis Zie napas 5.
- mungkul
- Zie pêthêl 6.
- măngsa
- a. Sadhela, suwe, lawas, tumraping măngsakala.
b. Lagi, wayah, nêdhêng, lungse, tumraping wong.
c. Kasèp, tumraping tanduran, utawa bisa tumraping wong, kaya ta:
1e sadhela, măngsa kang kurang saka sajam, kaya ta: anggodhoga wedang sadhela.
2e suwe, măngsa kang luwih saka sajam, nanging ora mlangkah sadina, kaya ta: olèhmu mênyang pasar suwe têmên, andadak apa.
3e lawas, măngsa sasèn-sasèn, utawa taunan, kaya ta: olèhku mênyang Kadhiri nganti patang sasi. Nganti lawas têmên ngêntèni apa. Ora ngêntèni apa-apa: dhuwit tagihan wis ngalumpuk, nanging aku kêcandhak ing lara panastis. Olèhku omah-omah ana ing kampung Hadiwijayan wis lawas, tak etung wis pêndhak Dal iki, dadi wis wolung taun lumaku.
Bapak kêrêp tilikana, gêrahe wis lawas, rada nyumêlangi wong wis yuswa. -
--- 352 ---
- 4e lagi sumêga (bocah ngumur 5–6 taun).
5e wayah birai sandhang (jaka kumala-kala, prawan sunthi).
6e nêdhêng nambut silaning akrama (ngumur 18 taun).
7e lungse, tumraping wong, utawa têtanduran, kaya ta: wis lungse olèhe laki,[4] ° nibakake wiji, ° tandure.
8e kasèp, uga tumraping wong, utawa tanduran, kaya ta: kasèp olèhe laki,[5] ͦ nibakake wiji, ° ngundhuh.
Bedane têmbung lungse lan kasèp, mung sawatara, mulane kudu awas marang têmbung kang dirakêti.
Măngsa durung kalakon, d. Bakal, durung, arêp.
Măngsa lagi kalakon, e. Lagi.
Măngsa wis kalakon, f. Mêntas, wis.
9e bakal dipriksa, isih suwe kalakone, kaya ta: Manira mundhut lumadine saksi Anu lan Anu bakal kapriksa prakarane pasakitan Anu. -
--- 353 ---
- 10e durung kapriksa, lagi sudhiya, kaya ta: saksi-saksi wis ngalumpuk, nanging durung dipriksa.
11e arêp dipriksa, wis cêdhak kalakone, kaya ta: saksi-saksi padha kadhawuhan maju kabèh arêp disandhangi sumpah dhisik sarta arêp dipriksa gênti-gênti.
12e lagi dipriksa, wis kalakon dipriksa, nanging durung rampung, kaya ta: pitakoning jaksa marang saksi.
13e mêntas dipriksa, wis kalakon dipriksa, nanging durung suwe.
14e wis dipriksa, wis kalakon dipriksa, durung suwe utawa kêna wis suwe.
15e tangèh, măngsa kang ora kêna tinamtokake, kaya ta: tangèh bisaku dadi priyayi, ° sugih enz.
16e pundhat, kaya ta: pundhating wêwangên (pêdhot).
17e tempo, kaya ta: temponing pamaos (lèrèn).
18e bod, kaya ta: boding panêbas (êntèk).
19e lunas, kaya ta: lunasing sambutan (sah). - măngsa
- (woord) Zie pangan 7.
Têmbung măngsa, kanggone ing ukara, mungguhing têmbung -
--- 354 ---
- ngoko nganggo sananta, ananging mungguhing têmbung krama: ora, bali marang uwiting rimbage, kaya ta:
măngsa aku ngalaha, N., măngsa kula ngawon, K.
măngsa aku ngalahana, N., măngsa kula ngawoni, K.
măngsa aku ngalahna, N., măngsa kula ngawonakên, K. - măngsatara
- taramăngsa Zie baliswara 1.
- mênggèh
- of mênggèh-mênggèh Zie napas 6.
- mungguh
- a. Zie ingatase 2. b. Zie tut 4 voor patut.
- minggring
- of minggrang-minggring Zie rangu-rangu 3.
-
[GA]
- gaib
- of gumaib Zie ati 6 voor luwih.
- guna
- Zie pintêr 3.
Sarupaning têmbung aran, kang olèh panambang: ên, sarta kang têgêse lêlara, iku ingaran rimbag guna, kaya ta: pathèkên enz. - gênah
- Zie têrang 5.
- ginau
- Zie ajar 2.
- gunêm
- Zie calathu 38.
- gênti
- Zie tămpa 7.
- gandhor
- Zie kothong 6.
-
--- 355 ---
- gandhul
- Zie cangkêm lett. a. 3.
- gandhèng
- Zie rèntèng 2.
- gendhong
- Zie gawa 2.
- ganthèt
- Zie rèntèng 6.
- garoh
- Zie kothong 5.
- gêrah
- a. Zie swara 45. b. Zie samar 12. c. Zie panas 3.
- gurih
- Zie rasa 19.
- guruh
- of gumuruh Zie swara 46.
- gorèh
- Zie ati 1 voor rusak.
- goroh
- 1e goroh, kosokbaline têmên, kaya ta: kăndha ana Lănda mêndêm, dinyatakake ora ana apa-apa, iku wong goroh arane.
2e cidra, marang pangucap, kaya ta: cidra ngubaya (janji têka ora sida). Janji abis bulan bayar, wusana cidra. Nyidrani janji (ora nêtêpi kasaguhane).
3e ambalenjani, kaya ta: manggis kuning isi jênar, aja maleca ing janji (kaleca: ambalenjani). Janjine -
--- 356 ---
- wong dhêmênan, sêmayan saguh têka wusana ora, iku ambalenjani.
4e ngapusi, kaya ta: nyilih barang arêp dianggo ngadêgi gawe utawa samudana liyane, nanging satêmêne wis duwe kandhutan ala, yèn olèh panyilihe banjur arêp digadhèkake, barêng wis kêlakon olèh: iya banjur digadhèkake têmênan, dijaluk mubêng anglungani, iku wong ngapusi arane.
5e culika, marang pratingkah, kaya ta: culika ngulêri marang bojone, ° ambathi dhuwit patukoning anggur. - garah apa
- Zie lingga lett. e. 3.
- gêrahuyang
- Zie lêsu 4.
- grênêng
- Zie calathu 39.
- grunêng
- Zie calathu 40.
- grêncêngan
- Zie calathu 41.
- grantês
- Zie calathu 42.
- grênjêl
- Zie calathu 43.
- gêrok
- Zie rasa 20.
- grêdêg
- Zie swara 47.
- grudug
- Zie swara 48.
-
--- 357 ---
- gêrit
- Zie swara lett. a. 18.
- grètèh
- Zie calathu 44.
- grisi
- of grisinên Zie ati 5 voor rasa.
- giris
- a. Zie ati 13 voor rusak. b. Zie watir 10.
- grêsah
- Zie calathu 45.
- grêsik
- a. Zie camboran II. 8. b. Zie ngoko 12.
- gripis
- Zie undha-usuk lett. a. 11.
- grèpès
- Zie undha-usuk lett. b. 11.
- grapyak
- Zie calathu 46.
- gropyak
- Zie swara 49.
- grajag
- Zie swara 50.
- grujug
- Zie swara 51.
- grojog
- Zie swara 52.
- grojogan
- Zie umbul 14.
- grêjêg
- Zie calathu 47.
- groyok
- Zie calathu 48.
- grêmbêl
- Zie kêmpêl 5.
- grumbul
- Zie kêmpêl 6.
- grombol
- Zie kêmpêl 7.
- grombyang
- Zie swara 53.
-
--- 358 ---
- grêmbyêng
- Zie swara 54.
- grêmêng
- a. Zie swara 55. b. Zie calathu 49.
- grumung
- Zie calathu 50.
- grèmèng
- Zie calathu 51.
- gragas
- Zie ati 1 voor nistha.
- garba
- Zie luluh 3.
- grabah
- Zie rusak 4.
- grabyag
- Zie swara 56.
- grêbyêg
- Zie swara 57.
- grubyug
- Zie swara 58.
- grobyag
- Zie swara 59.
- grêbêg
- Zie swara 60.
- garang
- Zie bakar 10.
- gêrêng
- Zie calathu 52.
- girang
- Zie ati 8 voor bungah.
- gorèng
- Zie bakar 5.
- grangsang
- Zie ati 2 voor nistha.
- grênggêng
- Zie swara 61.
- grunggung
- Zie swara 62.
- gêdêr
- Zie swara 63.
-
--- 359 ---
- godag
- Zie bisa 3.
- gêdobrol
- Zie calathu 53.
- gêdêbus
- Zie calathu 54.
- gêdêbêging lumaku
- Zie swara lett. a. 22.
- gati
- of gumati Zie dhêmên 8.
- gêtih cinelung
- Zie piyagêm 17.
- gêtun
- Zie eram 2.
1e gêtun, tumrap marang barang, kaya ta: gêtun kelangan dhuwit, ° kêpatèn anak, ° kalah botohan enz.
2e kêduwung, tumrap marang ati nalăngsa utawa tumrap marang lêlakon ala kang wis kêbacut, kaya ta: wong wuru dawa, barêng wis mari mêndêm, rasaning ati kêduwung, No. 1 en 2 Zie P.M. II. 18-8. - gêtar
- Zie rasa 21.
- gêtir
- Zie rasa 22.
- gatra
- Zie têmbung 3.
- gêtak
- Zie calathu 55.
- gitik
- Zie gêbug 2.
- gotong
- Zie gawa 14.
-
--- 360 ---
- gêsah
- of gusah Zie calathu 56.
- gèsèh
- Zie dudu 4.
- gawa
- 1e anggawa, tumrap marang barang kabèh, kaya ta: anggawa layang, ° kreta, ° jaran, ° kabar bêcik, ° wong ala.
2e anggendhong, anggawa barang ana ing buri sarana slendhang, utawa mung karo tangan, kaya ta: anggendhong sênik (isi bêras enz), ° bocah sarana slendhang utawa mung karo tangan.
3e mikul, anggawa barang loro kang padha bobote sarana pikulan, kaya ta: mikul pari sagèdhèng. (sabêlah sisih) mikul kayu (sabongkok sisih) enz.
4e nyunggi, anggawa barang ana ing êndhas, kaya ta: nyunggi bêras (ana ing bagor), ° kranjang sukêt enz.
5e ngêmban, anggawa barang ana ngarêp sarana slendhang, kaya ta: ngêmban bocah (a. ojong sikile dadi siji. b. pèkèh sikile dipisah. c. nanging ngêmban bocah mati: winalik, sirahe sinăngga tangan têngên, ubêding slendhang : ngiwa), ° gagar mayang enz.
6e ngêmpit, anggawa barang ana ingcangklakan, kaya ta: ngêmpit têkên, nanging ° wade, ° suwêng = ngêdolake. -
--- 361 ---
- 7e ngindhit, anggawa barang ana ing lambung kiwa mung kalawan tangan siji, kaya ta: ngindhit jun.
8e nyangking, anggawa barang cilik mung kalawan tangan siji, kaya ta: nyangking arit,° upêt, ° kacu, enz.
9e nyêngkiwing, anggawa barang mung kalawan tangan siji, panggawane dicêkêl sasisih, kaya ta: nyêngkiwing kuwali,° paidon enz.
10e ambopong, anggawa barang ana ngarêp kalawan tangan loro, kaya ta: ambopong bocah, ° bêbêd enz.
11e anggêgêm, anggawa barang ana sajroning èpèk-èpèk, kaya ta: anggêgêm dhuwit, ° bêras enz.
12e nyăngga, anggawa barang ana ing èpèk-èpèk, kaya ta: nyăngga pincuk, ° talam enz.
13e anjagul, anggawa barang abot siji sarana pikulan loro ginawa wong têlu, iya iku panggawane tandhu kajang utawa pêthi gêdhe enz.
14e anggotong, anggawa barang siji diloroni, utawa ditêloni dening abot, sarta mung kalawan tangan, kaya ta: anggotong grobog enz.
15e ngusung, anggawa barang akèh ora ditêrangake panggawane, [pangga…] -
--- 362 ---
- […wane,] kaya ta: ngusung omah, ° usung-usung barang enz.
16e anggembol, tumraping wong wadon, ana sajroning kêmbên, sajabaning sêtagèn, kaya ta: anggembol kanthong, ° suwêng enz.
17e ngandhut, tumraping wong lanang, ana sajroning kanthongan sêtagèn, utawa ana lêmpitaning sabuk, kaya ta: ngandhut wang kartas.
18e poncot, moncot, anggawa têtukon ana pucuking slendhang, turahane kang ginawe anggendhong barang liyane.
19e mondhong, angawa barang ana ing dhadha kalawan tangan loro.
20e nyawung, (tanpa êmban-êmban) bayi kaêmban mung kalawan tangan.
21e tandhu kothong, anggawa pangantèn wadon kang digondhol mênyang omahe pangantèn lanang saka udhuning têtunggangane krêmun utawa liya-liyane. Tutug têpining pandhapa banjur kanthèn karo kang lanang malêbu ing omah. Patrape nandhu kothong wong lanang loro akrabing pangantèn wadon, cêkêl-cinêkêl tangan, tangan kiwa dibalêngkukake [diba…] -
--- 363 ---
- […lêngkukake] nyêkêl baune dhewe sadhuwuring sikut, tangan têngên nyêkêl poking lêngênne kancane kang dibalêngkukake.
22e manggul, anggawa barang ana ing pundhak mung sarana dilawani tangan bae.
23e anjênggi, anggawa bocah ana ing pundhak sisih kiwa utawa têngên, utawa karo pisan, sikile kudu dicêkêli sarta kang nunggang kudu anggocèki sirah.
24e nyangkul, anggawa utawa anggarap pagaweyaning liyan. - gawe
- 1e gawe, kanggo ing prakara cilik, utawa rèmèh, kaya ta: gawe sujèn, ° kulambi enz.
2e yasa, kanggo ing prakara gêdhe utawa pêrlu, kaya ta: yasa omah, ° kêris enz.
3e ambangun = mangun, kaya ta: ambangun sih, ° pasanggrahan (kang wus katon luwas dianyarake, ngêcèt ngusar sapêpadhane), ° kreta, (kayu wêsine durung rusak, mung cète wis tinêmu rusak, iku kang dimulyakake), beda karo: -
--- 364 ---
- 4e andandani, barange wis rusak, utawa bubrah dipulihake mawa tambal sulam salin anyar.
5e ambênakake, têgêse: ambalèkake barang kang owah saka panggonane lawas, kaya ta: ambênakake sirap, utawa wuwung kabur dening angin, ° kêpuh jêbol. - gawok
- Zie eram 6.
- gowang
- a. Zie undha-usuk lett. a. 12. b. rusak 22.
- gowèng
- Zie undha-usuk lett. b. 12.
- gêla
- Zie ati 5 voor lara.
- gila
- Zie watir 12 en 17.
1e gila, sumurup apa-apa kang digilani, kaya ta: gila marang ulêr, ° luwing enz., ora kêna ditahanake sing murih mari gila, nanging:
2e wêdi, sumurup wong mati, mêtu marang ing latar ing wayah bêngi: kêna tinahanake, sarta ana saranane sing murih mari wêdi, iya iku: ditêrake. - gula
- a. Zie sanepa 1. b. Zie lambe lett. a. 2.
- galihing kangkung
- Zie isbat 11.
-
--- 365 ---
- galêndhêng
- Zie calathu 57.
- gêlar
- Zie ênga 9.
- galuruh
- Zie calathu 58.
- galik
- en galok Zie calathu 59.
- golèk
- 1e golèk, kang ana dumukane, kaya ta: golèk alêm, golèk dhuwit, ana sing dijujug enz.
2e ngupaya, kang ora ana dumukane, kaya ta: ngupaya kawruh, ° wong minggat enz.
3e luru, durung tamtu, kaya ta: luru dêrêpan (of asagan) pari. Luru-luru widara. Golèk-golèk kêtanggor wong luru-luru, têgêse: sing ana tujune (golèk-golèk) luput, aja manèh sing ora ana tujune (luru-luru) olèha. - gêlis
- Zie enggal 2.
- glêdhêg
- Zie swara 64.
- glidhig
- Zie dhugal 4.
- glodhag
- Zie swara 65.
- glayar
- Zie undha-usuk lett. a. 13.
- gliyêr
- Zie undha-usuk lett. b. 13.
-
--- 366 ---
- gluyur
- Zie undha-usuk lett. c. 13.
- gloyor
- Zie undha-usuk lett. d. 13.
- glayêm
- Zie calathu 60.
- glêgêr
- Zie swara 66.
- glêgês
- Zie calathu 61.
- glègès
- Zie calathu 62.
- glogok
- Zie swara 68.
- glêgêg
- Zie swara 67.
- glathak
- Zie ati 5 voor nistha.
- gulang
- of angggêgulang Zie ajar 4.
- golong
- Zie tunggal lett. a. 11.
- glênggêng
- Zie swara 69.
- gupruk
- a. Zie swara 70. b. Zie calathu 63.
- gapuk
- Zie kothong 7.
- gopok
- Zie palsu 2.
- gapyak
- Zie calathu 64.
- gapyuk
- Zie swara 70.
- gadhe
- a. Zie tuku 12. b. Zie bayar 2.
- gêdhe cilik
- Zie antara 12.
- gumêdhe
- Zie ati 7 voor luwih.
-
--- 367 ---
- gidhuh
- 1e anggidhuhi, lagi nindakake pikiran utawa nglakoni pangabêkti: dibêbarung.
2e ngregoni, gawe pakewuhe wong nyambut gawe.
3e kisruh, ngisruhi, ambêbarung tindaking pikiran.
4e risi, ngrisèni, wujud utawa swara kang ora ngapenakake pandêlêng utawa pangrungu.
5e ngribêdi, wong lagi nyambut gawe tansah dijak caturan.
6e ngrusuhi, nandangi pagaweyaning liyan tanpa têmbung ora tinêmu bêcik, malah tinêmu ala, ora kaya kang wis dadi.
7e rikuh, ngrikuhi, kaya ta: ana wong wadon lagi dandan, ora gêlêm lunga.
8e makèwuhi, wujude: wong tuwa tanpa kawruh ana ing pajagongan, disingkur lara atine, dijak rêmbugan ora bisa mudhoni. - godhog
- Zie bakar 8.
- gadhing
- of gadhingan Zie seba 7.
- gêdhang pupus cindhe
- Zie piyagêm 14.
-
--- 368 ---
- gêdhong
- 1e gêdhong, têgêse: omah pagêr gêbyog.
2e sênthong, omah pagêr gêdhèg.
3e kamar, omah pagêr tembok.
4e pangkèng, omah pagêr gêbyog, utawa tembok tuwin gêdhèg, kang ngênggoni băngsa Cina.
Kobongan (= pabongan) = patanèn, ora kêna ingaran: gêdhong. - godhong
- Zie cukul.
- gajah
- of ngadu gajah Zie durcara 7.
- gajih
- Zie balănja 2.
- gêjil
- Zie tangan 8.
- gajêg
- Zie rangu-rangu 5.
- guyub
- a. Zie rukun 3. b. Zie tunggal 15.
- guyang
- Zie wisuh 5.
- gêmi
- 1e gêmi, kosokbaline: loma, têgêse gêmi: iwit marang wêtuning kabutuhane, beda karo loma, gampang pawèwèhe marang ing liyan kang ora marang kautaman, dadi akèh wêtuning kabutuhane.
-
--- 369 ---
- 2e kumêd, kosokbaline: blaba, têgêse: kumêd, gêthing wèwèh sarta ora munggah umpakan, beda karo blaba, dhêmên wèwèh sarta munggah umpakan, karo pisan watêk ala.
3e cêthil of ithil, kosokbaline: bèrbudi, têgêse: cêthil of ithil, yèn wèwèh sathithik, beda karo bèrbudi, yèn wèwèh akèh. - gumun
- Zie eram 3.
- gamês
- Zie pangan 11.
- gemos
- Zie pangan 10.
- gêmpal
- a. Zie undha-usuk lett. b. 14. b. Zie baliswara 6.
- gêmpil
- Zie undha-usuk lett. a. 14.
- gampang
- Zie kothong 17.
- gumyur
- Zie ati 10 voor rusak.
- gembol
- Zie gawa 16.
- gambêlang
- Zie têrang 10.
- gage
- Zie enggal 5.
- gigu
- Zie jinja 5.
- gigir
- of gigiring punglu Zie isbat 8.
-
--- 370 ---
- gogrog
- Zie runtuh 8.
- gugut
- a. Zie cangkêm lett. a. 2. b. Zie lambe lett. a. 3.
- gogos
- Zie pangan 15.
- gigol
- of gugol Zie runtuh 4.
- giglok
- of guglok Zie runtuh 6.
- gaglag
- Zie pangan 9.
- gugup
- Zie ati 4 voor rusak.
1e gugup, kagèting ati kêna ing sabab, nanging:
2e kêsusu, kasèping pagaweyan dening katalompèn, utawa dening kêlalèn.
3e enggal-enggal, laku kari nututi laku kang wis lumaku dhisik, utawa arêp marang sawijining panggonan aja kongsi lungse têkane.
4e daya-daya, karêpe nulia têka ing panggonan kang sinêdya, utawa nulia rampung kang disambut gawe. - gêgêm
- Zie gawa 11.
- gubah
- Zie rèntèng 9.
- gabês
- Zie kothong 18.
- gêbal
- Zie tămpa 6.
-
--- 371 ---
- gabug
- Zie kothong 4.
- gêbug
- 1e gêbug (= gitik) kaya ta: digêbug ing têkên.
2e gitik, digitik ing wilah.
3e sabêt, disabêt ing cêmêthi.
4e sêblak, disêblak ing blarak. - gablog
- Zie tangan 6.
- gabêng
- Zie kothong 3.
- guthon
- Zie tunggal 14.
- ganggam
- a. Zie duga 11. b. Zie watir 5.
-
[BA]
- bau
- Zie kuli 3.
- bae
- bijwoord = têmbung bantu.
Bae, têgêse: narima ing pandum, sarta duwe têgês manèh: mancèni, kaya ta: iki bae, sathithik bae, narima ing pandum.
Nangis bae, turu bae, mancèni pratingkahing liyan, nanging ora bisa tumrap marang kang aran bêcik, utawa kaluwihan, kaya ta: sugih bae of kêsugihan bae, ora kêna. -
--- 372 ---
- Têmbung: bae, bisa ana ngarêp, kaya ta: Panji Klanthung: bae pijêr sasêrètan, W.I. 82-1. Kewala kadya angganing M.H. 8-5.
1e bae, narima ing pandum, kaya ing dhuwur mau, kaya ta: sing ala bae, ora kêna: sing bêcik bae.
2e thok, têgêse: maligi, kaya ta: mangan sêga thok (ora karo iwak, utawa lawuhan).
3e thil, têgêse: ora manèh, kaya ta: siji thil.
4e mung, têgêse: sathithik, kaya ta: mongga-manggu atiku yèn munggah khaji mênyang mêkah mung sangu sèwu rupiyah. Iku nelakake yèn dhuwit sèwu dianggêp sathithik. - baud
- Zie pintêr 5.
- baita amot samodra
- Zie isbat 32.
- bausuku
- Zie piyagêm 7.
- beiwurd
- bijwoord = kanyataan.
1e bae als bijwoord narima kalah Zie bae (1) kaya ta: iki bae, sing ala °, sathithik °, ora -
--- 373 ---
- kêna: sing akèh bae, sing apik bae enz.
2e bangêt, katrangan ngandêlake (van kandêl) têmbung kang dirakêti, kaya ta: mlarat bangêt, sugih °, akèh °, sathithik °, trêsna °, gêthing °, enz.
3e dhewe, katrangan ora ana sing madhani, kaya ta: sugih dhewe, mlarat °, gêdhe °, cilik °, lumaku °, (ora nganggo rewang) dhewe-dhewe ( ora bêbarêngan). - bênêr
- 1e bênêr, saka panggawening manungsa. Kabênêran saka pandamêling Allah, têrange nontona piwulang P.M.II. art. 99, dene anane wong kêbênêran, saka wis kêrêp anglakoni bênêr.
2e luput, kaluputan, kosokbaline ing dhuwur. Anane wong kaluputan, saka wis kêrêp anglakoni luput.
bênêr en pênêr Zie samar 23.
1e bênêr, tumrap marang têmbung, kaya ta: bênêr sing maoni yèn pangadilane ora bênêr. Padu rêbutan bênêr enz.
2e pênêr, tumrap marang barang, kaya ta: olèhmu nyipat [nyi…] -
--- 374 ---
- […pat] sing pênêr, aja kongsi bengkong of mlencong.
- bênak
- Zie gawe 5.
- bênêm
- Zie bakar 3.
- bêning
- a. Zie ning 3. b. Zie silihan 7.
- bêning lêri
- Zie sanepa 8.
- bêndara
- 1e bêndara, kang awèh sandhang pangan, iya iku kang dingèngèri, utawa kaabdèkahe[6] ing ratu, iya aran: bêndara.
2e lurah, kang diwênangake ngêrèh, utawa marentah marang awake.
3e dhêdhuwuran, kang pangkate luwih gêdhe tinimbang karo awake. - bantu
- 1e ambantoni, ngrewangi pikiran, utawa pratingkah marang panggawe bêcik.
2e ambêbaluhi, ngrewangi pikiran, utawa pratingkah marang panggawe ala.
3e ngrewangi, milu kangelan marang kriyaning liyan, tumrap panggawe ala, utawa bêcik. -
--- 375 ---
- 4e ngrojongi, milu nglakoni marang panggawe ala kang wis disumurupi dhisik.
5e ngojok-ojoki, akon anglakoni marang panggawe ala.
6e ngrêmbugi, awèh pitutur bêcik.
7e ngrujuki, cocog rêmbuge.
8e nyondhongi, padha panêmune. - binte
- Zie sikil 3.
- buntu
- Zie tutup 5.
- bantêr
- Zie santêr 2.
- buntêt
- Zie tutup 3.
- buntut urang
- Zie camboran III. 6.
- bêndhe
- Zie swara lett. b. 11.
- bundhu
- Zie ati 3 voor dhasar.
- bundhêt
- Zie bruwêt 2.
- bandhol
- Zie dhugal 6.
- banjar pakarangan
- Zie piyagêm 2.
- banjur
- Zie padha 4.
- banyu
- a. Zie isbat 21. b. Zie rusak 20. c. ibarat 11.
- bênthèt
- Zie pêcah 5.
- bacin
- a. Zie ambu 15. b. Zie rusak 7.
-
--- 376 ---
- bêcik
- Zie prayoga 2.
1e bêcik, kanggo ing prakara kasar alus, kaya ta: bêciking rupa (kasat mata: kasar) ° kalakuan (ora kasat mata: alus).
2e apik, a. tumraping kawignyan, kaya ta: apik garapane, ° panatane. b. tumraping watêk, kaya ta: apik pamangane (ora rusuh).
3e endah, luwih endah (= luwih bêcik).
4e adi, adi aèng (= luwih aèng).
5e luhung, adi luhung (= luwih punjul).
6e pèni van èni, rajapèni, panitine °, pèni-pènining nagara Surakarta: pêlêm Srowot, pakèl Tuluhwatu. Dièni-èni.
Bêcik a.
1e kabêcikan, ana tujune tumraping barang, kaya ta: akèh kabêcikane (awèh sandhang pangan sarta pitutur bêcik).
2e kautaman, ora ana wujude, tumraping ati, wite saka gawe bêcik, kaya ta: kautaman iku wohing kabêcikan, sarèhning witing utama saka [sa…] -
--- 377 ---
- […ka] gawe bêcik, mulane ora mung wong gêdhe utawa wong sugih bae kang duwe kautaman, sanadyan wong cilik utawa wong mlarat, iya duwe kautaman, liding dongèng mung ana ati bêcik sarta rahayu. P.M. II art. 93.
- buruh
- Zie kuli 4.
- bèri rosokan
- Zie baliswara 5.
- barak
- Zie maling 8.
- barat angin
- Zie lingga lett. d. 11.
- barès
- 1e barès, tumraping ati ngêblak, kaya ta: calathu barès.
2e wantah (maligi), kaya ta: kăndha sawantahe = ° satêmêne (ora ngurangi ora ngluwihi). Tanduk kriya wantah,(ora nganggo: i, utawa: ake).
3e prasaja, tumraping pratingkah utawa panganggo, kaya ta: a. laku prasaja, ora digawe-gawe, mung apa kudrate. b. nyandhang prasaja, ora manganggo sing anèh-anèh, mung salumrahe bae, iya iku ora bêsus, ora ekroh. c. têmbung prasaja, ora rinêngga têmbung dakik-dakik. -
--- 378 ---
- bêras
- Zie rusak.
- bruwêt
- 1e bruwêt, tumraping manungsa, kaya ta: bruwêt atine.
« 2e bundhêt, 3e ruwêt » tumraping barang, kaya ta: taline bundhêt, kênure ruwêt enz. - bradhat
- Zie maling 7.
- bèrbudi
- Zie gêmi 3.
- barang
- Zie dhenga 2.
- borong
- Zie tuku 3.
- brangasan
- a. Zie ati 4 voor watêk. b. Zie ulat 27.
- buka
- Zie pangan 5.
- bakuh
- Zie kukuh 2.
- bakar
- 1e ambakar, têgêse: ngatêngi barang mêntah, malêm utawa garing, kaya ta: ambakar sate wêdhus, ° iwak dhèndhèng, ° lèmpèng enz. tumumpang ing sapit, utawa dicêkêli ing tangan sarana sujèn sadhuwuring gêni mrangangah.
-
--- 379 ---
- 2e manggang, ngatêngi barang têlês tumumpang ing sapit, utawa dicêkêli ing tangan sarana sunduk sadhuwuring gêni mrangangah, kaya ta: manggang pitik (panggang pitik).
3e ambênêm, ngatêngi barang diurugi ing awu kang isih ana gênine, kaya ta: ambênêm katela, ° ontongan jagung, ° pohung enz.
4e ngropok, ngatêngi barang sakulite ing gêni murub, kaya ta: angropok jagung, iya iku jagung mêntah dibakar dalah klobote, êntèking klobot katon pêrêng, nanging jagunge kuning wis matêng, êmpuk kaya digodhog.
5e anggorèng. a. ngatêngi barang sarana lênga ing wajan, têlês utawa garing, kaya ta: anggorèng iwak, ° krècèk enz. b. ngatêngi barang sarana wêdhi ing sangan, kaya ta: anggorèng kacang Cina, ° brondong (pipilan jagung mêntah).
6e ngrèngsèng, anggaringake barang wis matêng, kaya ta: blothong (rêrêgêding lênga) dikrèngsèng, garinging blothong mêtu lêngane. Gajih dikrèngsèng dipèk lêngane. -
--- 380 ---
- 7e ambêsta, anggulani barang wis matêng dijèr ana ing wajan, kaya ta: ambêsta kêmbang waru, ° criping enz.
8e anggodhog (wedang) ngatêngi barang sarana banyu ing kuwali, kaya ta: anggodhog wi gêmbili kimpul enz.
9e ngukus, ngatêngi barang sarana saka dayaning kukus, kaya ta: a. ditumpangake ing sêga kang lagi diatêngi sajroning kukusan, kaya ta: pes-pesan gêmbrot, ° sêmayi, gêdhang gêmăndarusa. b. ditumpangake jarang sajroning kuwali sadhuwuring banyu kang digênèni, kaya ta: wungkusan pipis kopyor.
10e anggarang, ngatêngi barang malêm, kaya ta: anggarang jadah (of garangan jadah of jadah garangan). - bukak
- Zie ênga 3.
- bakal
- a. Zie arêp 2. b. Zie durung. c. Zie măngsa 9.
1e bakal, kaya ta: bakal kulambi, ° besan, ° prakaran.
2e calon, kaya ta: calon warăngka, ° priyayi.
3e cêngkorongan, kaya ta: cêngkorongan timang. -
--- 381 ---
- 4e ragangan, kaya ta: ragangan omah.
- bêkêl
- Zie tuku 5.
- bod
- Zie măngsa 18.
- bada
- Zie lingga lett. e. 4.
- beda
- Zie dudu 5.
- batih
- Zie rewang 5.
- bêtah
- 1e bêtah, têgêse: kriyaning kudrat, kaya ta: bêtah mlaku, ° sila, ° cluwe enz. Nanging: bêtah anjunjung karung, bênêre ora kêna.
2e kêlar, kriyaning iradat, kaya ta: kêlar anjunjung bêras sadhacin, ° ngangkat êmpyak ijèn, enz., nanging kêlar mlayu, bênêre ora kêna.
3e kuwat, watêking dhasar, kaya ta: kuwat-kuwatna laramu, dening awake maune kuwat, barêng lara: ora.
« 4e takat, 5e tahan » kakuwataning awak, kaya ta: takat marang panas, tahan °, enz. - butuh
- 1e butuh, kaya ta: butuh dhuwit, têgêse: arêp [a…]
-
--- 382 ---
- […rêp] nganggo dhuwit, butuh kowe, iya arêp nganggo kowe, enz.
2e kêkurangan dhuwit, isih duwe dhuwit, nanging kurang ginawe nyukupi karêpe.
3e ora duwe dhuwit, iya iku witing butuh. - bètèh
- Zie calathu 65.
- batur
- Zie rewang 4.
- baturana
- a. Zie camboran II.12. b. Zie ngoko 8.
- batrawi
- Zie umbul 17.
- batal
- 1e batal, salat anggêpok wong wadon liya.
2e karam, mangan iwak babi, ngombe sajêng.
3e najis, anggêpok sêsukêr.
4e mêkruh, nguyuh ora wisuh.
4e« footnote »5e.« /footnote » kalal, mangan nginum kang winênangake. - bas
- Zie tuku 5.
- basa
- Zie têmbung 2.
- bisa
- Zie pintêr 2.
-
--- 383 ---
- Têmbung kasar.
« 1e pêcus, 2e jegos, 3e godag, 4e tèlèr, 5e tèyèr, 6e tèyèng » têgêse: bisa, nanging ora kanggo, kaya ta: pêcus nulis, ora kêna. Dene kang dianggo kosokbaline, nanging mawa pitulungane têmbung: ora, kaya ta: ora pêcus nulis = ora bisa °, iku mung kanggo pangerang-erang tumrape basa kasar.
Ora mung têmbung pêcus bae kang kanggo kosokbaline, sarupane têmbung kasar kang kanggo iya kosokbaline, kaya ta: ora pandak, ora kêna muni: aku pandak, têgêse: bêtah.
Tèlèr, têgêse: umbêl.
Tèyèr of tèyèng têgêse: uyuh.
7e bisa, rumakêt ana sangarêping têmbung tanduk, kaya ta: bisa nulis, ° turu.
8e sida = bisa.
9e dadi, rumakêt ana sangarêping têmbung kaanan, kaya ta: dadi sugih. -
--- 384 ---
- 10e kêna, rumakêt ana sangarêping têmbung pituduh, kaya ta: kêna ing ... .
- bêsur
- Zie dhugal 3.
- busuk
- Zie ati 2 voor dhasar.
- bêskat
- Zie sigêg.
- bêsta
- Zie bakar 7.
- bêstrong
- Zie sigêg.
- bêsêm
- Zie tutup 10.
- bêsêngut
- Zie ulat 14.
- bawa
- of sabawa Zie uni 3.
- bawa: ka
- Zie tanggap lett. b.
Bawa: ka, iku atêr-atêr: ka, ana sangarêping têmbung lingga, sarta yèn linggane apurwa: ha, ra, la, kaluluhake, kaya ta: katur, saka: atur. Krasa, saka: rasa. Kliru, saka: liru. Nanging kang apurwa: ra, la, kêna kaulur dadi: kêrasa of kêliru, kang apurwa: ha, ora kêna, sabên kaulur, dadi: tanggap: ka, kaya ta: kaambah: tanggap, kambah: bawa. -
--- 385 ---
- bawa wacana
- Têmbung aran (patih) yèn rinimbag ka – an (= kapatihan) isih lêstari dadi têmbung aran, iku ingaran: bawa wacana.
- bawa wacaka
- Têmbung kaanan (sugih) yèn rinimbag ka – an (kasugihan) dadi têmbung aran, iku ingaran: bawa wacaka.
- baluh
- Zie bantu 2.
- bilai
- Zie cilaka 4.
- blantik
- Zie dol 5.
- balenja
- Zie goroh 3.
- balănja
- 1e balănja, a. putraning wong gêdhe utawa anaking priyayi kang isih bocah, apadene anake wong cilik kang dadi panakawan, utawa para nyai, sabên esuk olèh dhuwit patukon sêga jajanan, iku ingaran: balănja. b. abdi dalêm wadana gajihan sarta wadana pulisi sapanêkare, olèh paring dalêm pangan sabên sasi ingaran: balănja. c.têtuku [têtu…]
-
--- 386 ---
- […ku] marang pasar kang bakal diolah, iku uga ingaran: balănja.
2e gajih, a. manggone ana ing iwak, kaya ta: iwak gajih. b. dhahare putra santana kakung putri, utawa pangane abdi dalêm lanang wadon, apadene pangane abdine para Pangeran putra santana dalêm tuwin prayagung wadana kaliwon, kang mêtu sabên pasa Mulud, ingaran: gajih. c. Padhas pèrèng kang kêna tinanduran, ingaran: pagajih.
3e bayar, ing Ngayogyakarta, abdi dalêm kang pinaringan pangan sabên sasi ingaran: bayar = Surakarta: balănja.
4e cadhong, a. pangane abdi dalêm pangrêmbe ana kang rupa bêras sabên sasi, ingaran: cadhong. b. panganing batur arupa sêga iya ingaran: cadhong. - bêlêr
- Zie dhugal 2.
- blurut
- Zie maling 12.
- bêlik
- Zie umbul 4.
- bêluk
- Zie kukus 4.
- bêlèk
- Zie tugêl.
-
--- 387 ---
- balaka
- Zie calathu 66.
- balut
- Zie mata 2.
- baliswara
- Baliswara iku ana kang têtêp têgêse, ana kang oncat, kaya ta: a. kang dadi têmbung aran, padha bae têgêse, kaya ta: narendraputra = putra narendra enz. b kang dadi têmbung kaanan, ora padha têgêse, kaya ta:
1e măngsatara, tijd, taramăngsa, verleden.
2e para bupati nayaka ora rawuh kabèh (ana kang rawuh) nanging: para bupati nayaka kabèh ora rawuh (ora ana kang rawuh).
3e omah jugrugan (durung jugrug) = ora santăsa, nanging: jugrugan omah (= bata).
4e candhi rusak (rusak kabèh) nanging: rusakan candi (rêca, watu).
5e bèri rosokan (isih wujud bèri) nanging: rosokan bèri ( pating cruwil).
6e padhas gêmpalan (durung gêmpal) nanging: gêmpalan padhas (cuwilan padhas). -
--- 388 ---
- 7e isin mundur of mundur isin, iki kaya ora ana bedane.
8e cangkir tutup (cangkir kang nganggo tutup) nanging: tutup cangkir (tutuping cangkir). - blalak
- Zie mata 1.
- balumbang
- Zie umbul 10.
- blaba
- Zie gêmi 2.
- blêbêk
- Zie swara 71.
- blubuk
- Zie swara 72.
- balung cinandhi
- Zie piyagêm 18.
- balong
- Zie umbul 23.
- blêngkik
- of kêblêngkik Zie têmu 6.
- bupati
- Zie baliswara 2.
- bopong
- Zie gawa 10.
- bodho
- Zie ati 1 voor dhasar.
- bêdhah
- Zie rusak 2.
- bêdhil
- Zie swara lett. b. 2.
- badhêg
- Zie ambu 16.
- badhog
- Zie pangan 8.
- bêdhug
- Zie swara lett. b. 9.
-
--- 389 ---
- bêdhog
- Zie maling 15.
- bêdhigal
- Zie dhugal 7.
- budhêng
- Zie palsu 3.
- beja
- Zie calathu 67.
- beji
- Zie umbul 16.
- bojo
- Ngupaya bojo wêwaton saka Layang Warayagnya ana patang prakara, yèn wêwaton saka Layang Puspita Măncawarna ana limang prakara, kaya ta:
a. Catur upaya:
1e warna (rupa ayu).
2e brana (kasugihan).
3e wibawa (kapriyayèn).
4e pambêkan bêcik Zie Dw. I. 40-2. v.o.
b. Pănca upaya:
1e bêcik atine = 4.
2e anaking priyayi = 3.
3e dudu turune wong owah, utawa anduwèni lêlara gêdhe.
4e sugih = 2
5e ayu = 1. Zie P.M. III. Art. 123. -
--- 390 ---
- Mungguh bedaning karsane kang nganggit (M.N. IV. en S.D.N. IV.) catur upaya: warna, pamilih kang dhisik dhewe, mangkono sabanjure mung patang prakara. Pănca upaya: warna, pamilih kang kari dhewe. Mangkono sabanjure wuwuh siji dadi limang prakara, iku mung gumantung ana karêpe kang gêlêm anglakoni piwulang mau.
Dene pamikire ki Padmasusastra: kêna riningkês mung dadi: triyopaya, warna, sugih, singgih, utawa kêna karingkês manèh dadi: dwiyopaya: warna, pintêr. - bujang
- Zie kuli 5.
- biyèn
- en dhisik Zie samar 29.
- bayar
- Zie balănja 3.
1e têbas Zie tuku 13.
2e gawe Zie tuku 12.
3e nalangi, têgêse: nukokake kabutuhan (dhuwite dilironi) kaya ta: kowe tak talangi gêdhang raja suluhan salirang: karo tèng.
4e nambêli, kaya ta: tambêlana dhisik, dhuwitku kurang suku, mêngko ana ngomah tak ijoli.
5e ngêjogi, kaya ta: kêkurangaku pajêg bêras têlung -
--- [391] 408[7] ---
- bojog, jogana dhisik, besuk pasokan ngarêp tak ijoli.
6e nomboki, kaya ta: dêmang, kowe anjogèda aku kang nomboki. - biyak
- Zie ênga 6.
- bayalali
- a. Zie camboran II.9. b. Zie ngoko 6.
- biyang
- of biyung.
Bapak biyangne, nganggo: ne, nanging: bapa biyung, ora mawa: ne. - bumi
- Zie dol 6.
-
--- [392] 409 ---
- bumi pinêtak
- Zie isbat 17.
- bamban
- Zie isbat 41.
- bage
- Zie dum 2.
- bagas
- Zie nglêntrih P.M. II. 16-5 v.o. tumrap marang wujuding manusa utawa khewan kang kêna.
- bagus
- of gumagus Zie ati 5 voor luwih.
- begal
- Zie maling 6.
- bêgja
- Zie luhur 9.
- bubuh
- of kêbubuhan Zie wajib 6.
- babon
- Zie pola 4.
- bubrah
- Zie rusak 1.
- bithi
- Zie tangan 4.
- bathara Kala
- ngadu siyunge .... Zie durcara 5.
- buthuk
- Zie rusak 12.
- bêthuthut
- Zie ulat 16.
- bêngohing andaka
- Zie swara lett. a. 23.
- bangun
- Zie gawe 3.
- bangêr
- a. Zie ambu 17. b. Zie rusak 20.
- bangir
- Zie irung 1.
-
--- [393] 410 ---
- bêngok
- Zie calathu 68.
- bêngkalahi
- Zie lingga lett. a. 5.
- bêngkung
- Zie dhoyong 4.
- bangêt
- Zie bijwoord 2.
- bêngis
- Zie ulat 25.
- bangawan
- Zie umbul 12.
- bênggang
- Zie ênga 13.
- bingung
- Zie ati 3 voor rusak.
-
[THA]
- thuk
- of mathuk Zie tunggal 4.
- thok
- Zie bae 2.
- thil
- Zie bae 3.
-
[NGA]
- ngene
- Zie pituduh lett. b.
- ngono
- Zie pituduh lett. b.
- ngênês
- Zie ati 4 voor susah.
- ngandika tanpa lathi
- Zie isbat 25.
- ngicuk-icuk
- Zie durcara 4.
- ngêrik
- Zie swara lett. a. 15.
- ngrêmpoyok
- Zie kêmpêl 8.
- Ngoko
- en krama kanggo ing K.N. kaya ta:
-
--- [394] 411 ---
- 1e warninipun botên patos ayu, nanging mêrak ati, ora: mêrak manah.
2e padharan kula sudukên.
3e aku arêp mriksa pasakitan, ora: palaran.
4e ngèstrèni dhauping pangantèn, ora: madoni. Ngèstrèni Kw. = anjênêngi.
5e Salatiga, ora: Salatêlu, nanging kêna liniru: Salatigên K.D. saka: katiga, katigên.
6e Bayalali, ora: Bayasupe, nanging kêna liniru: Bayawangsul, saka: bali, wangsul.
7e Kaliyasa, ora: lèpèndamêl, nanging kêna liniru: lèpèn siyam K.D. saka: pasa, siyam.
8e Baturana, dadi: Baturadin fac. K. saka: rata, radin.
9e Kaliwungu K.N. dadi: lèpèn tangi, K. Pas. iki kuwalik, wungu K.I. ginawe N. tangi N. ginawe K.
10e Surabaya, dadi: Surabanggi, saka: ubaya, ubanggi, utawa: Surabaya: Surapringga, saka: bêbaya, pakewuh = pringga. -
--- [395a] 412 ---
- 11e Pakalongan, dadi: Pangangsalan, Pas.K. sok ana sing kalong, iya ana sing olèh (angsal).
12e Grêsik, dadi: Tandhês, Pas.K. saka: rêsik = tandhês.
13e Kaum, Kaiman fac.K. nanging: susah kaum, dadi: kakim.
14e Kartasura, dadi: Kartawani of purun voor têmbang.
15e Pathi, dadi: Santênan voor têmbang.
16e Mataram, dadi: Matawis of dadi: Ngèksigănda saka: mata = èksi, ram (= rum) gănda voor têmbang. - ngakak kaya ula sawa
- Zie swara lett. a. 24.
-
--- 395[b] ---
- ngadon-adoni
- Zie durcara 3.
- ngèstrèni
- a. Zie lingga lett. f. 1. b. Zie ngoko 4.
- ngawug-awar
- Zie lingga lett. e. 6.
- ngluwari ujar
- Zie nadar 7.
- ngudhêl-udhêl
- Zie rasa 23.
- ngujiwat
- Zie wêruh 10.
- ngêmis
- Zie jaluk 5.
- ngabar
- Zie rusak 17.
- ngibarat
- 1e ngikêt-ikêti dhêngkul, têgêse: nyuwunake kapriyayèn anak putune kang durung umur, utawa bodho diawadake pintêr.
2e nabok nyilih tangan, mitênah wong disambatake ing liyan.
3e dawa tangane, têgêse: climut.
4e golek banyu bêning têgêse: madhukun. - ngungun
- Zie eram 4.
Tamat.
--- [396] ---
VERKORTINGEN
Ar. | Ngarab. |
B. K. | Babad Kartasura. |
B. T. D. | Babad Tanah Jawi. |
B. W. | Burat Wangi. |
Chin. | Cina. |
Dj. K. | Jawi Kandha. |
Dw. I. | Dwija Iswara. |
fac. K. | Krama ingkang sanès wajib. |
H. S. | Harjuna Sasra. |
Indj. | Injil. |
J. Z. I – II | Javaansche Zamenspraken (saridin). |
K. | Krama. |
K. D. | Krama Desa. |
Kd. | Kadhaton. |
K. I. | Krama Inggil. |
K. N. | Krama Ngoko. |
Ks. | Kasar. |
--- 397 --- | |
K. T. | Kalatidha. |
Mal. | Malayu. |
Md. | Madya. |
Md. N. | Madya Ngoko. |
Md. K. | Madya Krama. |
M. H. | Manuhara. |
M. N. IV | Mangkunagara IV. |
Pas. | Pasisir. |
P. K. | Partakrama. |
P. M. I-II-III | Puspita Măncawarna I-II-III. |
Pr. B. | Paramabasa. |
Pr. S. | Paramasastra. |
Rm. | Rama. |
R. T. | Rangsang Tuban. |
R. W. | Rănggawarsita. |
Skr. | Sangskrita. |
Temb. | Têmbang. |
--- 398 --- | |
Tj. R. | Căndrarini. |
Tjemp. | Cêmporèt. |
Tjent. | Cênthini. |
Verk. v. | Verkorting van. |
Wbk. | Javaansch Woordenboek. |
W. I. | Wira Iswara. |
W. K. | Wicara Kêras. |
Wrh. | Wulangrèh. |
1001 I-II | Carita Sèwu Siji Dina I-II. |
1 | § dhêmên kosokbaline: gêthing. (kembali) |
2 | § Tisna kosokbaline: sêngit. (kembali) |
3 | § Sarjuning tyas saha atur, Dw. I. 298-4. (kembali) |
4 | § Wis ora patut laki. (kembali) |
5 | § Wis kêtuwan, mungguhing jaka prawan. (kembali) |
6 | kaabdèkake. (kembali) |
7 | Di asli beberapa halaman hilang dan diganti dengan edisi 1916. Maka ada perbedaan dengan urutan penomoran. (kembali) |