Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082)

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 2
Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 2 dari 2

PARAMASASTRA

EERSTE DEEL

2e. DRUK.

Layang Paramasastra Jawa

Kanggo ing pamulangan Jawa.

Jilidan 1, prabot lan rimbag.

Anggitane Mas Ngabèi Dwija Sewaya, ing Ngayogyakarta.

Cap-capan kaping pindho.

Kaêcap ing gêdhong pangêcapane N.V. VOORHEEN H. BUNING, ing nagara Ngayogyakarta, ing taun 1910.

--- 1 : [1] ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Layang Paramasastra Jawa

Kanggo ing pamulangan Jawa.

Jilidan 1, prabot lan rimbag.

Anggitane Mas Ngabèi Dwija Sewaya, ing Ngayogyakarta.

Cap-capan kaping pindho.

Kaêcap ing gêdhong pangêcapane N.V. VOORHEEN H. BUNING, ing nagara Ngayogyakarta, ing taun 1910.

--- 1 : [2] ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...]

--- 1 : [3] ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Bêbukanipun Cap-capan Kapisan.

Ing salêbêtipun taun 1904 sarêng kula dados guru basa Jawi ing pamulangan calon guru Jawi ing Ngayogyakarta, ing ngriku kula rumaos kapêksa ngudi ngindhakakên kawruh kula basa Jawi, langkung-langkung ing bab paramasastra. Saupami kula botên sumêrêpa dhatêng basa Walandi babarpisan, tamtu rêkaos sangêt pangudi kula dhatêng paramasastra, jalaran saking sakêdhikipun sêrat Jawi ingkang mratelakakên bab punika, tur sampun sami kathah sulayanipun akalihan ingkang limrah tumindak ing jaman sapunika. Ingkang kula angge mulang wiwitanipun namung nêdhak sungging kemawon cathêtanipun guru ingkang kula gêntosi, ananging sadangunipun kula wulangakên ugi ngiras kula rêmbag akalihan murid-murid, sarta kula tandhing-tandhing akalihan:

I. Sêrat Paramasastra Jawi, wêdalan pangêcapan Gouvernement;
II. Sêrat Wyakarana Jawi;
III. Sêrat Schriften Uitspraak, karanganipun Paduka Tuwan A.H.J.G. Walbeehm;
IV. Sêrat De Woorden alszindeelen, ugi karanganipun Paduka Tuwan A. H. J. G. Walbeehm;
V. Sêrat De Taalsoorten, ugi karanganipun Paduka Tuwan A.W.J.G. Walbeehm;
VI. Sêrat Urapsari, anggitanipun Ki Padmasusastra ing Surakarta, sarta

--- 1 : 4 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

VII. Sêrat Paramabasa, ugi karanganipun Ki Padmasusastra.

Mênggah pangrêmbag sarta panandhing kula wau makatên:

A. Ing bab pathokanipun sêratan lajêng kula cundhukakên akalihan ingkang tumindak ing pamulangan Jawi ing jaman sapunika;

B. Ing bab têgêsing rimbag kula gathukakên akalihan panganggenipun tiyang kathah sarta

C. Ing bab pathokan panganggenipun satunggal-tunggalipun basa (kados ta: Ngoko, Madya, Krama sapanunggilanipun sarta perang-peranganipun) ugi kula cundhuk-cundhukakên akalihan panganggenipun tiyang kathah, inggih punika pangangge ingkang lêrês, supados kenginga kangge têturutan.

Wusana sarêng anggèn kula milihi, mêthiki sarta ngewahi wau sampun kula tata, kula gadhah pamanggih prayogi upami lajêng kapêncarna kangge pamulangan Jawi.

Ing nginggil punika mula bukanipun panganggit kula sêrat punika, kadadosanipun kula perang dados 2 jilid:

Jilidan I punika mratelakakên praboting sastra sarta pangrimbaging têmbung, dene jilidan II badhe mratelakakên têgêsing rimbag sarta pêpathokan panganggenipun satunggal-tunggaling basa.

Ingkang punika pangajêng-ajêng kula sêrat punika dadosa lantaran pangudinipun murid dhatêng kawruh kasusastran.

Ngayogyakatra, April 1908.

Dw. S.

--- 1 : [5] ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Bêbukanipun Cap-Capan Kaping Kalih Punika.

Sêrat besluitipun Paduka Kangjêng Tuwan Directeur O.E.N. kaping 12 Januari 1910 ôngka 682 namtokakên, yèn Kg Gouvernement ngagêm karangan kula Sêrat Paramasastra Jawi jilidan I kangge pamulangan Jawi. Jalaran saking punika Sêrat Paramasastra punika badhe kangge ing salami-laminipun. Kalêrêsan sadangunipun kula angge mulang, kalih têngah taun laminipun, sampun kathah anggèn kula nyathêti ewah-ewahan murih indhaking saenipun. Makatên malih wiwit ing wêkasanipun taun 1908 Sêrat Paramasastra wau dados bantah agêng wontên ing sêrat kabar "Rêtna Dumilah." Ing ngriku kathah ingkang nyulayani dhatêng suraos utawi têmbung-têmbungipun ingkang kula angge tuladha, sanajan sajatosipun bantah wau thukulipun namung mêdal saking bêbênteran utawi sêsêngitan, ewadene agêng sangêt pigunanipun dhatêng kula tumrapipun Sêrat Paramasastra punika, jalaran sadaya rêmbagipun mêngsah kula, ingkang kula sagêd condhong, ugi lajêng kula turut sarta kula angge ngewahi sêrat cap-capan ingkang kaping II punika.

Ingkang punika sangêt atur panuwun kula dhatêng lawanan kula bantah wau, inggih punika:

1. Mas Ngabèi Èsmutani ing Surakarta,
2. Ingkang sêsinglon ing nama "Gêcul" sapiturutipun ing sêrat kabar Rêtna Dumilah kasêbut nginggil;

langkung-langkung dhatêng ingkang mijèni, inggih punika:

1. M. Ng. Wirapustaka ing Surakarta,
2. R. Jayamurcita ing Ngayogyakarta,

Ngayogyakarta, Februari 1910.

Dw. Sewoyo.

--- 1 : [6] ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Pambuka.

1. Têtêmbungan paramasastra iku têgêse tulis linuwih, layang kang unggul dhewe, yaiku araning layang ing jaman kuna kang mratelakake pêpathokane wong nulis lan calathu basa Jawa. Jalaran saka ing iku ing jaman saiki têtêmbungan paramasastra mau kalantur anduwèni têgês pêpathokane wong nulis lan calathu sawijining basa.

2. Basa têgêse srana kanggo mêdharake ciptaning ati, yaiku karêp.

3. Aksara iku satêmêne têtêngêre swara wantah sawanda kang tinulis utawa mung ingucapake, kang durung tartamtu uwiting swarane, ananging yèn durung ditamtokake uwiting swarane, ngadat kaunèkake kanthi swara a.

4. Wanda têgêse awak, yaiku siji-sijining kêcap, kang dadi peranganing têmbung.

5. Têmbung iku unèn-unèn sawanda utawa luwih kang anduwèni têgês siji.

--- 1 : 7 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

6. Ukara iku têmbung utawa têmbung sawatara, kang kalumpuke nganakake karêp saêbab.

7. Ukara cilik kang dadi panunggalane ukara cilik liyane, utawa kang dadi perangane sawijining ukara, iku kaaranan gatra.

8. Tambung pada kang kanggo ing ngèlmu basa iku satêmêne têgêse wêkasan, ananging mungguhing anane atêgês, têngêr kang milu dadi praboting tulis utawa sastra, kanggo ngundhakake cêthaning karêp, kang linairake dening sastra.

9. Ôngka iku têtêngêr kanggo nulisi cacah utawa urut-urutaning barang.

10. Gancaran, iku têgêse basa barès, kayadene salumrahe wong caturan padinan, kosokbaline kidung utawa têmbang.

11. Kidung utawa têmbang iku basa kang ênggone ngunèkake kudu rinêngga ing lagu kang nyênêngake atine kang ngrungokake.

12. Rimbag, iku têgêse cithak, dene ana ing ngèlmu basa têgêse wujuding têmbung kang silah karo [ka...]

--- 1 : 8 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...ro] wujude liya kang tunggal pinangkane, yaiku linggane.

13. Lingga ing ngèlmu basa têgêse pinangkaning têmbung kang akèh-akèh, yaiku kang diarani têmbung andhahan.

14. Têmbung andhahan, têgêse têmbung kang rimbage mêtu saka ing têmbung lingga.

15. Têmbung lingga uga duwe pinôngka, yaiku kang diarani têmbung wod, têgêse oyod, awit prasasat dadi oyode, yaiku uwite sarupaning têmbung.

--- 1 : 9 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Perangan Sapisan, Bab Praboting Sastra.

§ 1. Bab Dêntawyanjana.

1. Aksara Jawa iku kèhe ana rong puluh, yaiku:

a n c r k f t s w l p d j y v m g b q z

Dhapure aksara mau ana warna loro:

I. Mayat utawa miring, kaya ta: a n c r k sabanjure, iku kang lumrah kanggo ing jaman saiki.

II. Jêjêg, kaya ta: a n c r k sabanjure, iku ing jaman saiki ana ing tulis wus lôngka kang nganggo.

2. Aksara wiwit saka a tumêkane z mau diarani carakan utawa dêntawyanjana, uwiting swarane jêjêg kayadene aksara Walônda a, siji-sijine ingaranan aksara lêgêna, têgêse aksara ucul, ananging wong Jawa lumrahe nêgêsi aksara wuda, durung disandhangi.

3. Mungguh aksara rong puluh mau manut kêdaling pakêcapane kêna kabedakake dadi: 5 perangan, yaiku:

--- 1 : 10 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

I. Aksara gorokan: ha, ka, ga, nga,
II. Aksara untu: na, da, ta, sa,
III. Aksara cêthak: ca, ja, ya, nya,
IV. Aksara ilat: ra, la, dha, tha,
V. Aksara lambe: wa, pa, ma, ba.

Anjaba saka pamerang kang mangkono ana aksara kang diarani mangkene:

I. Aksara irung: na, nya, ma, nga,
II. Aksara luluh: ra, la,
III. Aksara môndaswara: wa, ya.

§ 2. Bab Pasangan.

1. Pasangan iku ana kang awujud aksara wutuh, ana kang adhapur aksara tugêlan, lan ana kang duwe dhapur dhewe, panulise ana kang kadunungake saburine lan ana kang kadunungake sangisoring aksara kang dipasangi, ana kang kaganthèt ana kang ora.

2. Kèhe, unine lan urut-urutane pasangan iku iya padha karo aksara ka[1] kasêbut ing carakan.

3. Pasangan kang adhapur aksara wutuh yaiku:

--- 1 : 11 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

R Y G Z katulis sangisore aksara kang dipasangi, ora kaganthèt.

Kang adhapur aksara tugêlan:

I. H kaaranan ha pincang, S kaaranan pasangan sa kêmbang, P kaaranan pa pincang, iku padha katulis saburining aksara, jèjèr karo aksara kang dipasangi, ora kaganthèt.
II. K T L padha katulis sangisore aksara, ora kaganthèt.
III. D B Q iku padha katulis sangisoring aksara kang dipasangi, kaganthèt utawa ora.

Kang duwe dhapur dhewe:

I. N kaaranan na gendhol, na gandhul utawa na gondhèl. W kaaranan wa gêmbung utawa gêmbung bae. V iku padha katulis sangisore aksara kang dipasangi, kaganthèt.

II. C F J M iku padha katulis sangisore aksara kang dipasangi, kaganthèt utawa ora.

--- 1 : 12 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

4. Dene kanggone pasangan iku minôngka dadi sêsulihe aksara kang ambukani wanda, ngiras kanggo ngilangake uwiting swarane aksara kang ana ing ngarêpe utawa ing dhuwure, yaiku aksara kang dipasangi. Mangkono manèh ana pasangan sawatara kang uga kanggo nganthèni aksara kang amujudake wanda, kaya ta: kWg, sLs, sukSM.

5. Pasangan kang katulis ana ing sangisoring aksara iku ora kêna katulis sungsun padha pasangan, awit mundhak ngêbak-êbaki papan, mung kang mawa gêmbung lumrahe diwênangake, sarta pasangan kakanthi gêmbung mau, yèn dumunung ana ing sangisoring aksara, banjur dibalèkake dadi aksara manèh kaya ta: [tangan kwaga, rimbag dwipurwa, arêp nywara][2] nanging: pe[!DokSWs.

6. Pasangan iku ora kêna dipisah panggonane karo aksara kang dipasangi, dadi yèn ana pasangan kang kudu dumunung saburining aksara kang dipasangi ( H S P ) môngka saburining iku papane wis ora ana, pasangan mau kudu katulis ing sangisore aksara kang dipasangi.

§ 3. Bab Sandhangan.

1. Kang diarani sandhangan iku têngêr kanggo ngowahi utawa muwuhi unining aksara utawa pasangan, kèhe [kèh...]

--- 1 : 13 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...e] ana: 12, kêna kaperang dadi 4 warna manut kanggone dhewe-dhewe, yaiku:

I. i jênênge ulu, awèh uni kayadene i, u jênênge suku, awèh uni kayadene u, e jênênge pêpêt, awèh uni kayadene ê, [ jênênge taling (taring), awèh uni kayadene è, [ o jênênge taling tarung, awèh uni kayadene o, sandhangan 5 iji iku kaaranan sandhangan swara, kanggo ngowahi uwiting swarane aksara utawa pasangan. Sandhangan i sarta e katulis sadhuwuring papane aksara, ora kaganthèt kambi aksara utawa pasangan kang disandhangi, sandhangan u kasambungake ing wêkasane aksara utawa pasangan kang disandhangi, dadi dumunung sangisore, sandhangan [ katulis sangarêpe aksara utawa pasangan kang disandhangi, dumunung ing papane aksara, yèn tumrap ing pasangan H S P kudu katulis sangarêpe aksara kang pinasangan ing têlung prakara mau salah siji, kang mangkono iku ngugêmi pathokan panganggone pasangan kang kasêbut ing § 2 ôngka 6. Sandhangan [ o katulis ngapit-apit aksara utawa pasangan kang disandhangi, jèjèr karo aksara, yèn tumraping pasangan H S P panulising taling [taling...]

--- 1 : 14 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...e] kaya kang wus kapratelakake mau, tarunge ana saburining pasangan.

II. h jênênge wignyan (sagnyan), / jênênge layar, = jênênge cêcak, iku diarani sandhangan panyigêging wanda utawa panyigêging swara, padha dadi sêsulihe aksara sêsigêging wanda: ora sarana patèn utawa pasangan. Sandhangan h dadi sêsulihe aksara a katulis saburining aksara utawa pasangan kang disandhangi, ana ing papane aksara. Sandhangan / dadi lirune aksara r sarta = dadi gêgêntine aksara z padha katulis sadhuwure papane aksara kaprênah sadhuwuring aksara utawa pasangan kang disandhangi. Sandhangan = yèn bêbarêngan karo sandhangan i kudu katulis ing burine, yèn bêbarêngan karo e katulis ing sajêrone, dadi i= _ Sandhangan / yèn bêbarêngan karo i utawa e kudu katulis ing burine, dadi i/ utawa e/

III. ` jênênge cakra (cakran), } jênênge kêrêt, - jênênge pengkal

--- 1 : 15 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

iku diarani sandhangan wyanjana utawa pambukaning wanda, dadi sêsulihe pasangan kang muni barêng karo aksara kang dirakêti, panulise kabèh padha kasambungake ing pungkasane aksara utawa pasangan kang disandhangi. Sandhangan ` dadi sêsulihe pasangan R sandhangan } minôngka sêsulihe pasangan R kang wandane anduwèni swara e sandhangan - dadi gêgêntine pasangan Y Sandhangan ` trape karo pasangan kang dumunung sangisoring aksara, uga kêna ora kasambungake ing wêkasane, mung kadunungake ana sangarêping aksara kang dipasangi, nanging wiwit saka ing ngisor, kaya ta: [aonF` malah yèn tumrap ing pasangan N C W D J V M B utawa Q kalumrahane uga mung mangkono trape, ora tau kaganthèt karo pasangane kang disandhangi, kaya ta: axpN`j=,k[kha[nC`[wf\ sapanunggalane. Sandhangan ` yèn bêbarêngan karo u cakrane kasambungake ing wêkasaning suku utawa cakrane misah, kaya ta: st( utawa Àstu. Sandhangan - yèn bêbarêngan karo u iku sukune kasambungake [ka...]

--- 1 : 16 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...sambungake] ing wêkasaning pengkal, kaya ta b-ua.

IV. \ jênênge patèn utawa pangkon, katulis saburining aksara kang disandhangi wiwit saka ing ngisore. Kanggone digawe ngilangake uwiting swarane aksara sêsigêging wanda, ora sarana pasangan.

2. Ana sandhangan sawatara, kang trape karo pasangan nyêbal karo pathokan kang kasêbut ing dhuwur, dadi kudu dielingi, yaiku:

I. Sandhangan suku sarta sandhangan wyanjana, yèn kabênêr kanggo nyandhangi pasangan K T L pasangan iku kudu dibalèkake dadi aksarane manèh, kaya ta: ppnÑ|q, a[folÒ`si, ti=glÒ~sN, lnÓÂnNir.

II. Sandhangan - ora lumrah karakêtake ing gêmbung, yèn kabênêr ana gêmbung kudu olèh sandhangan pengkal, aksara kang mawa gêmbung mau kudu dipangku, kaya ta: sn=Dzn\w-vJn.

3. Sandhangan swara loro sok karakêtake ing aksara utawa pasangan siji, kang mangkono iku têgêse: aksara utawa pasangan kambi sandhangane mau ora kanggo (mati), jalaran ora kêna diunèkake.

--- 1 : 17 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

§ 4. Bab Aksara Murda.

1. Mungguh kang diarani aksara murda iku sanyatane aksara mahaprana, yaiku aksara kang unine kanthi abab akèh, nanging tumrape ing jaman saiki unine wis ora ana bedane karo aksara alpaprana (kanthi abab sathithik), kèhe ana 9, yaiku: ! @ # Ù utawa $ % ^ & *. Yèn kabênêr dadi pasangan, ana kang malih wujude ana kang ora, kang malih yaiku: # pasangane: ± Ù pasangane: S % pasangane: ï pasangane aksara murda liyane padha nunggal wujud karo aksarane. Mangkono manèh ana pasangan aksara murda kang aksarane murda ora ana, yaiku pasangan Ý Aksara murda: Ù diarani sa kêmbang, $ arane sa talawya sarta aksara murda % uga diarani pa palya têgêse pa kêmbang.

2. Mungguh kanggone aksara murda iku kagawe nulisi jêjuluk lan asmane para gêdhe, lan arane panggonan kang didalêmi para gêdhe mau, minôngka pakurmatan.

--- 1 : 18 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Anjaba saka ing iku ing jaman saiki aksara murda iku uga lumrah kanggo nulisi sarupaning jênêng, kaya ta jênêning wong, tanah, nagara, desa, sagara, gunung, kali, sapanunggalane, yaiku kang diarani ing basa Walônda eigennaam, mung dipilih aksara kang ngarêp dhewe, yèn kang ngarêp dhewe ora ana aksarane murda, iya aksara candhake salah siji, kaya ta: !y[f=os, %ris\ [mo[lo[@o, mer%i sapanunggalane. Ananging kang mangkono iku pathokan anyar, tiru-tiru kanggone aksara gêdhe ing sastra Walônda.

3. Pasangan Ý uga sok kanggo tumrap ing têngah-têngahe pada gêdhe kang aran purwapada, kaya ta: ¦¡¦

Saliyane ing têmbung Sangskrita aksara: Ù ora wênang karakêtan ing sandhangan suku.

Yèn ing sajroning têmbung siji ana aksara n utawa s dumunung saburine sandhangan / aksara mau kudu kaliru ing: ! utawa: Ù ananging yèn aksara n mau panambang, isih lastari n kaya ta: k/!, a/Ùy, nanging t=k/n.

Aksara murda ora wênang olèh sandhangan pangkon, uga ora wênang dadi panyigêging wanda, kajaba:

--- 1 : 19 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

I. Aksara ! yèn bêbukaning wanda candhake aksara n f utawa t samono iku yèn isih nglungguhi pathokan panganggone aksara murda kang kasêbut ing dhuwur salah siji, kaya ta k=j_$u$uau!Nn\ ![r!F`, [fwi$i!±.

II. Aksara $ yèn karakêtan pasangan J utawa C kang nunggal têmbung, kaya ta: m$Jif\ p$Cim.

III. Aksara ! lan Ù yèn kadunungan pasangan D utawa Q kang nunggal têmbung, kaya ta: [ko!D, k!QQi, pÙQi.

§ 5. Bab Aksara Swara.

1. Kang diarani aksara swara, iku satêmêne mung lima, yaiku:

A arane a kara unine a,
I arane i kara unine i,
E arane e kara unine e,
O arane o kara unine o,
U arane u kara unine u,

Ananging aksara:

x arane pa dicêrêk, dadi lêlirune rê, lan,
2 arane nga dilêlêt, dadi lêlirune lê, uga padha kaewokake aksara swara.

--- 1 : 20 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

2. Aksara swara kang 5 mau asale uga kayadene aksara murda, padha saka ing basa Sangskrita, kanggone mung ginawe nulisi têmbung amônca bae, luwih manèh têmbung Arab, ananging yèn têmbung amônca mau wus lumrah bangêt kanggone ing basa Jawa, nganti arang-arang kang sumurup, yèn iku têmbung amônca, uga tinulis nganggo aksaraa, kaya ta têmbung Sangskrita AkSr lumrahe katulis akSr.

3. Aksara swara A I lan x pasangane: Î Ï lan > kaya ta: wulnÎp]il\, $ul±nÏ*]aim\, [bsuk>[bo, ananging aksara swara E O U lan X ora wênang kanggo pasangan, yèn E O lan U kabênêr dadi pasangan, aksara sêsigêg ing ngarêpe kudu dipangku, dene yèn: X kabênêr dadi pasangan, kudu kaliru ing Le

Katrangan:

Aksara: X iku dhèk kunane wujude mulane aran nga dilêlêt utawa nga lêlêt, sarta kêna kanggo pasangan dumunung sangisoring aksara, ananging sarèhne ing jaman saiki awujud z dipasangi N dadi ora wênang kanggo pasangan, nêtêpi ugêr kang kasêbut ing § 2. ôngka 5.

--- 1 : 21 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

§ 6. Bab Aksara Rekan.

1. Kang diarani aksara rekan iku kèhe ana lima, anjupuk saka ing carakan Jawa nganggo diwènèhi cêcak têtêlu ing dhuwure, yaiku: k+ f+ p+ j+ g+.

2. Mungguh kanggone aksara rekan iku kagawe nulisi têmbung Arab, tarkadhang uga kanggo nulisi têmbung amônca liyane, yaiku yèn prêlu kudu dicêthakake unine:

k+ dadi sêsulihe aksara Arab [...] utawa [...] upamane [khukum][3] katulis ku+kum\ [khabar][4] katulis k+b/.
f+ dadi sêsulihe aksara Arab [...] upamane [dzikir][5] katulis f+iki/
p+ dadi sêsulihe aksara Arab [...] upamane [faham][6] katulis p+am\
j+ dadi sêsulihe aksara Arab [...] upamane [zakat][7] katulis j+kt\
g+ dadi sêsulihe aksara Arab [...] upamane [ghaib][8] katulis g+Ib\

--- 1 : 22 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Ananging yèn unine têmbung mau ora prêlu kudu dicêthakake, dadi yèn mung kayadene kanggone ing basa Jawa kang salumrahe bae, têmbung-têmbung mau ora susah katulis nganggo aksara rekan, prayoga nganggo aksara carakan bae, sabab pakêcapane ana ing basa Jawa mula pancèn mangkono.

§ 7. Bab Ôngka.

1. Mungguh ôngka Jawa iku kèhe ana sanga, sapuluh kalêbu das, wujud, aran lan urute kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

ôngka siji: 1 yaiku aksara 1
ôngka loro: 2 yaiku aksara nga dilêlêt
ôngka têlu: 3 yaiku aksara nga dipengkal
ôngka papat: 4 yaiku aksara ma miring
ôngka lima: 5 yaiku aksara ma kurung
ôngka nênêm: 6 yaiku aksara swara e
ôngka pitu: 7 yaiku aksara la
ôngka wolu: 8 yaiku aksara pa palya (murda)
ôngka sanga: 9 yaiku aksara ya
das: 0 yaiku bundêran.

--- 1 : 23 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

2. Mungguh kanggone ôngka iku ginawe nêngêri cacah utawa urut-urutaning barang, manut pathokan kang kasêbut ing ngèlmu etung: kang ana ing têngên nêngêri kèhe ekan, kiwane mratelakake kèhing puluhan, banjur atusan, ewon, mangkono sabanjure.

3. Sarèhning ôngka Jawa iku panjupuke saka ing aksara, dadi panulise kudu kapisah karo aksara ing sakiwa têngêne, yaiku sarana pada pangkat, kaya ta:
bLvJnipun\ ;30; rupiyh.
cchsirh[wonTenTiy=;79.

Katrangan:

Ôngka Jawa iku satêmêne kang kudu kanggo ing sastra Jawa, ananging ing jaman saiki wus ora patia lumrah, kalah karo ôngka Walônda, sêmune lawas-lawas uga bakal sirna babarpisan.

§ 8. Bab Pada.

1. Pada kang kanggo ing sastra Jawa ing ngisor iki wujud lan jênênge:

--- 1 : 24 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

¥ jênênge pada luhur,
¦ jênênge pada madya,
§ jênênge pada andhap,
?0? jênênge guru utawa ugêr-ugêr,
? jênênge adêg-adêg utawa ada-ada,
.0. jênênge pancak
, jênênge pada lingsa,
. jênênge pada lungsi,
; jênênge pada pangkat.

2. Mungguh kanggone pada-pada mau mangkene:

I. Pada luhur, pada madya lan pada andhap iku kanggo ing bêbukane layang kiriman, sangarêpe adangiyah, pada luhur tumrap ing layang marang sor-soran, pada madya tumrap ing layang marang sapadha-padha, sarta pada andhap tumrap ing layang marang dhêdhuwuran, kaya ta:

¥sertHk!QislmP[nFozkul,dumt_ai=k=put].
¦seertS/tslmTkLimÑ|l,ktu/dumt_ai=k=ryi.
§ sertSaai=k=semBhpzbekTiku

--- 1 : 25 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

l, mugikatu/ai=pvJen_znNipunHi=k=rm.

Ananging yèn kewuhan pamilihe marang pada têtêlu mau, kang diênggo adêg-adêg, malah sanajana ora kewuhan, kalumrahane ing saiki pada têtêlu mau kanggone kang mangkono uga disalini ing adêg-adêg.

Anjaba saka ing iku pada têtêlu mau uga kanggo ing layang kang nganggo têmbang, yaiku tumrap ing pungkasane têmbang kang aran sapada.

Mangkono manèh ing kidung ana pada kang aran purwapada, madyapada lan wasanapada, wujude kaya ing ngisor iki:

¥bC¥ arane purwapada, kanggone tumrap ing bêbukane layang kang nganggo têmbang.
¥¢¥ arane madyapada, kanggone tumrap ing pungkasaning pupuh, yèn arêp salin têmbang.
¥I¥ arane wasanapada, tumrap ing pungkasaning layang kang nganggo têmbang.

II. Guru utawa ugêr-ugêr iku kanggo ing bêbukane layang gancaran, saliyane layang kiriman, kaya

--- 1 : 26 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

ta: layang carita, layang dongèng, layang anggêr, layang pratelan, layang pratôndha, sapanunggalane, kang padha ora nganggo têmbang. Tumrape ing layang kiriman, ana ing bêbukaning ukara sauwise adangiyah, kaya ta:

§sertSaai=k=semBhsumu=kemKwulput]f2mPun\*]taupm, wfndisÒ`ikHii=i=$umcipT, ai=k=mugi[kovJ|kHi=pvJen_znFXmHi=k=rm, bnFrr[fnMs±|m_gu=%]j!&r, saai=k=jumen_*uptiai=ngri*uminTr.
?0?ssmPunNipunHi=k=kf-spunik,kwulnuwunWi[yosSipun\.

Ananging ing jaman saiki wus lôngka kang nganggo pada guru utawa ugêr-ugêr mau, sêmune lawas-lawas bakal ilang babarpisan, kalumrahane uga disalini ing adêg-adêg.

III. Adêg-adêg iku kanggone, kajaba kang wus kasêbut ing ôngka I lan II uga tumrap ing bêbukaning ukara kang tinulis ing larikan anyar, yaiku sabên-sabên yèn nyandhak bab seje, samono iku uga mung tumrap ing layang gancaran.

--- 1 : 27 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

IV. Pancak iku tinulis ing saburining têmbung kang dadi pungkasaning ukara ing larikan kang ngisor dhewe, yaiku ing sadhuwuring titi môngsa. Manawa papane isih ômba, tarkadhang kawuwuhan nganti sakêbake.

V. Pada lingsa iku kanggo misah gatra, samono iku yèn pungkasane gatra ing ngarêpe ora kadunungan ing pangkon, yèn ing kono ana pangkone: iku kaanggêp pada lingsa, dadi ing kono ora prêlu diwènèhi pada lingsa. Manawa gatra ing ngarêpe utawa ing burine salah siji utawa karo pisan, ora luwih saka rong têmbung, padane lingsa kêna dibuwang, kaya ta:

sx=k][aosHrip\lj_mnÒ|k\ kêna katulis sx=k][aosHripLj_mnÒ|k\,

Pada lingsa uga katulis ing saburine unèn-unèn kang isih akèh panunggalane, kaya ta:

sps/aikuanlim=fin,yaiku;kLi[won\2gi,pai=,[ponLnW[g.

VI. Pada lungsi iku katulis ana ing pungkasaning ukara, dadi kanggo misah ukara, ananging yèn aksarane kang wêkasan kadunungan ing pangkon, cukup kawuwuhan [kawuwuha...]

--- 1 : 28 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...n] ing pada lingsa, dadi pangkon lan pada lingsa mau kaanggêp pada lungsi, kaya ta:

$=%]*ulj_addwhdt_ki#um_gu=m=@uyuf,anFikkHken\zÓ|rugGik]mnHi=dusun°liz.klsmnTenNgriai=@/tsursmPunGemhxj,tiy=sngris[kcmnhaipun\,

Pada lungsi uga tinulis sangisoring têmbung utawa têtêmbungan, minôngka dadi sêsulihe, prêlune mung ngringkês têtulisan, tiru-tiru kanggone pada ing sastra Walônda kang aran idhêm, wujude kayadene pada lungsi.

VII. Pada pangkat iku kanggone:

Sapisan: kanggo ngapit-apit ôngka Jawa, kaya ta: kqhaipun\ ;100;rupiyh. Pada pangkat kang buri tarkadhang diliru ing pada lingsa utawa pada lungsi, yaiku yèn kabênêr tumiba ing pungkasaning gatra utawa ukara, kaya ta:

s[rhni=ankÑ|;5,ffia_[gonÑ|tuku[ao[lh[ao[lhaiykufu;5.

Kapindho: kanggo ngêlêt-êlêti caritane kang nulis, karo kang ditirokake dening kang nulis, kaya ta:

--- 1 : 29 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

auj/[r[w=ok=wusWickSn;ajmuri=muri=jl/rnSk[khai=sesedihk=tumibai=awkM|.

Kaping têlu: kanggo ngêlêt-êlêti têmbung utawa têtêmbungan karo katrangane, supaya aja nganti kalira-kaliru pamacane, dadi têgêse iya banjur mundhak têtela, kaya ta:

1. Rimbaging têmbung iku ana kang aran bawa: ka, uga ana kang aran sambawa: na.

2. Satruning badan iku: ma lêlima, yaiku: maling, madati, madon, main, minum.

3. Anadene dalan marang kamulyan iku: kasusahan, sarta ing dalan kono akèh êrine, nanging wong kang ora wêdi marang êri iku: bakal katêkan ing sêdyane.

4. Ora prayoga yèn ratu mêdhara wadi marang wong sangang prakara, kang kapratelakake ing ngisor iki:

1. Marang wong kang wus kasirnakake pangajine ora marga saka kaluputan.

2. Lan sapanunggalane.

--- 1 : 30 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

§ 9. Katrangan Bab Unine Prabot Sawatara.

Aksara lan sandhangan swara iku kanggone ana ing têmbung, unine ora ajêg padha, kaya ta aksara lêgêna iku unine ana kang jêjêg ana kang miring utawa rubuh. Aksara ha, unine ana kang kanthi abab akèh, ana kang kanthi abab mônda-mônda, lan ana kang kaunèkake ora kanthi abab. Aksara ka kang dadi sêsigêg, ana kang unine cêtha, lan ana kang ora cêtha. Lan sandhangan swara uga ana kang unine jêjêg, ana kang rubuh. Iku kabèh katrangane padha kapratelakake ing ngisor iki.

§ 10. Bab Unine Aksara Lêgêna.

1. Swarane aksara lêgêna iku jêjêg:

I. Yèn dadi têmbung sawanda kang mênga, kaya ta: ya, ta.

II. Yèn dadi wanda wêkasan kang mênga, kaya ta: lunga, têka, pira (kang nyêbal: ora, boya).

III. Yèn dumunung sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan mênga sarta tanpa sandhangan swara, pengkal utawa gêmbung kaya ta: aja, nagara, cakra.

--- 1 : 31 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

IV. Yèn dadi wandane ngarêp têmbung camboran kang diwancah, kaya ta: sajaya, swatama.

V. Yèn dadi panambang kang mênga, kaya ta: jupukana, tukua.

Pèngêt:

Têmbung camboran wutuh utawa têmbung dwilingga: unine manut linggane dhewe-dhewe, kaya ta: bayawara, ura-ura, lima-lima.

2. Swarane aksara lêgêna iku rubuh:

I. Yèn dadi wanda sigêg, kaya ta: pang, cahya, sastra.

II. Yèn dadi wanda mênga sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan sigêg, kaya ta: samar, awèt, tabuh.

III. Yèn dadi wanda mênga sangarêpe wanda wêkasan, yèn wandane wêkasan mênga sarta kadunungan sandhangan swara, pengkal utawa gêmbung, kaya ta: krai, watu, pare, ayo, samya, kaswa.

IV. Yèn dadi bêbukane têmbung nêlung wanda, kaya ta: nagara, balônja.

V. Yèn dadi atêr-atêr kang tinunggalake ing têmbung, kaya ta: sanagara, kagawa, asuku, prakara.

--- 1 : 32 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Pèngêt:

Bêbukane têmbung têlung wanda unine ana ing pacalathon, akèh kang kanthi sandhangan pêpêt, kaya ta:

nagara kaunèkake nêgara,
balônja kaunèkake bêlônja (blônja).

Mangkono uga atêr-atêr, ana uga kang diunèkake kayadene mawa sandhangan pêpêt, kaya ta:

prakara lumrahe kaunèkake prêkara (pêrkara),
sapuluh lumrahe kaunèkake sêpuluh,
pasumbang lumrahe kaunèkake pêsumbang,
satali lumrahe kaunèkake sêtali.

§ 11. Bab Unine Aksara: ha.

1. Swarane aksara ha iku kanthi abab akèh:

I. Ing têmbung amônca sawatara, kaya ta: hawa, hikmat.

II. Yèn kadunungan sandhangan wyanjana, kaya ta: hru, hrêt, hyang.

III. Yèn ana saburine wanda mênga kang nunggal swara, kaya ta: taha, dhèhèm, tuhu.

--- 1 : 33 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

IV. Yèn dadi wanda wêkasan kang sigêg sarta karakêtan ing sandhangan suku, samono iku yèn wanda ing sangarêpe mênga sarta kadunungan ing sandhangan taling tarung utawa suku, kaya ta: pohung, cohung, luhur.

Anjaba saka ing iku isih ana têmbung sawatara kang aksarane ha kaunèkake kanthi abab akèh, kaya ta: hara, hus.

2. Swarane aksara ha kanthi abab manda-manda, yèn dumunung saburine wanda mênga, nanging kang ora nunggal swara, kaya ta: pahing, jahe, bahu.

3. Aksara ha yèn dadi bêbukaning têmbung, ora kadunungan sandhangan wyanjana, iku unine ora kanthi abab, dadi mung kayadene aksara swara bae, kaya ta: anggêr, awèh, esuk.

4. Aksara ha yèn tumrap ing saburine wanda sigêg, sanajan nunggal têmbung utawa ora, unine kayadene aksara sêsigêge wanda mau, kaya ta:

alun-alun unine alun-nalun,
ulap-ulap unine ulap-pulap,
diorat-arit unine diorat-tarit,

--- 1 : 34 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

ana ing omah unine ana (ing) ngomah,
wontên ing alun-alun unine wontêning ngalun-nalun.

§ 12. Bab Unine Aksara: ka, Yèn Dadi Sêsigêg.

Aksara ka iku yèn dadi sêsigêging wanda, kang akèh swarane ora cêtha, ananging ana uga kang cêtha, yaiku:

I. Yèn wanda urute (kang nunggal têmbung) aksara ca, ta, sa utawa ma, kaya ta: sukci, Oktobêr, paksa, rukma.

II. Yèn dadi sêsigêge wanda kang kadunungan sandhangan pêpêt, kaya ya:[9] watêk, ambêkta.

III. Yèn dumunung ing têmbung kang têgêse nirokake uni utawa swara, kaya ta:

1. Pêtoking pitik iku unine: pêtok-pêtok.
2. Apa kang muni thak-thuk kae.
3. Glathik iku unine thik-thik.

Katrangan:

--- 1 : 35 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Têmbung Arab kang kanggo ing basa Jawa, unine akèh kang ora nêtêpi ugêr mau, kaya ta:

Ing têmbung mukmin swarane aksara ka ora cêtha,
Ing têmbung takdir swarane aksara ka cêtha.

§ 13. Bab Swarane Ulu lan Suku.

1. Swarane ulu utawa suku iku jêjêg:

I. Yèn tumrap ing wanda mênga, kaya ta: pari, sikara, ki, padu, punika, ru.

II. Yèn tumrap ing wanda sigêg ing aksara irung, nanging kang dudu wanda wêkasan, kaya ta: limpa, Singgêla, tundha, kuncara, punton.

III. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang sigêg, nanging banjur olèh panambang -a, -i, -e, -an utawa -ên, kaya ta: malika, maliki, walike, walikan, walikên, nabuha, nabuhi, tabuhe, tabuhan, tabuhên.

Pèngêt:

Ing têmbung walikane, tabuhane, swarane rubuh,
ing têmbung walikanipun, tabuhanipun, swarane jêjêg,
ing têmbung walikana, tabuhana, swarane rubuh.

--- 1 : 36 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

2. Swarane ulu utawa suku iku rubuh:

I. Yèn tumrap ing têmbung sawanda kang sigêg, kaya ta ping, pun.

II. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang sigêg, kaya ta salin, kukuh.

III. Yèn tumrap ing wanda sigêg saliyane wanda wêkasan, samono iku yèn sêsigêge dudu aksara irung, kaya ta priksa, kursi.

§ 14. Bab Swaraning Taling.

1. Sandhangan taling swarane jêjêg:

I. Yèn tumrap ing têmbung sawanda kang mênga, kaya ta e, pe, le.

II. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang mênga, kaya ta jambe, mire, sare.

III. Yèn tumrap ing wanda mênga bêbukane têmbung nêlung wanda, kaya ta kemawon, rewônda.

IV. Yèn tumrap ing wanda mênga utawa sigêg ing aksara irung, sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan mênga: tanpa sandhangan ulu utawa suku, kaya ta seda, netra, netya, seje, pelo, menda, sendhe, kendho, nendra.

--- 1 : 37 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

V. Yèn tumrap ing wanda mênga utawa sigêg ing aksara irung: sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan sigêg, tanpa sandhangan taling utawa pêpêt, kaya ta eram, kewran, ewuh, kerid, terong, endah, enjing, entuk, gendhong.

VI. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang sigêg, nanging banjur kapanambangan ha utawa an, kaya ta:

Golèk, golèka, golekan, suwèk, suwèka, suwekan.

Pèngêt:

Ing têmbung golèkana, suwèkana, swarane miring,
ing têmbung golekanipun, suwekanipun, swarane jêjêg,
ing têmbung golèkana, suwèkana, swarane miring.

VII. Yèn tumrap ing wanda mênga utawa sigêg ing aksara irung: sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan sigêg, karakêtan sandhangan taling sarta banjur kapanambangan -a utawa -an, kaya ta:

--- 1 : 38 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

gèrèd, anggèrèda, geredan, gèndèng, anggèndènga, gendengan.

Pèngêt:

Ing têmbung cèlèngane, swarane miring,
ing têmbung celenganipun, swarane jêjêg,
ing têmbung cèlèngana, swarane miring.

Katrangan:

Sandhangan taling wanda wêkasan kang sigêg, yèn banjur olèh panambang e, kaya ta ing têmbung golèke, suwèke, panggèrède, panggèndènge, ing jaman biyèn pakêcapane jêjêg, ing jaman saiki uga isih ana kang ngunèkake mangkono.

2. Sandhangan taling unine rubuh:

I. yèn tumrap ing têmbung sawanda kang sigêg, kaya ta hèh, yèn, pèk.

II. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang sigêg, kaya ta radèn, sarèh, pamèr.

III. Yèn tumrap ing wanda sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan mênga sarta kadunungan sandhangan ulu utawa suku: utawa sigêg karakêtan sandhangan [sandhanga...]

--- 1 : 39 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...n] taling utawa pêpêt, kaya ta mèri, kèju, èsthi, èstu, lèrèn, kèrêm, èmpèr, kèndêl.

§ 15. Bab Unine Sandhangan Taling Tarung.

1. Sandhangan taling tarung unine jêjêg:

I. Yèn tumrap ing têmbung sawanda kang mênga, kaya ta lo, so.

II. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang mênga, kaya ta karo, pulo, bidho.

III. Yèn tumrap ing wanda mênga bêbukane têmbung têlung wanda, kaya ta korawa, locita.

IV. Yèn tumrap ing wanda mênga sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan mênga tanpa sandhangan ulu utawa suku, kaya ta pola, krodha, sore, kono.

V. Yèn tumrap ing wanda sigêg ing aksara irung sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan mênga sarta karakêtan ing sandhangan taling utawa taling tarung, kaya ta ngombe, bongko.

VI. Yèn tumrap ing wanda mênga utawa sigêg ing aksara irung: [i...]

--- 1 : 40 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...rung:] sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan sigêg, tanpa sandhangan taling tarung utawa pêpêt, kaya ta solah, kopyah, osik, komuk, olèh, kondhang, congkrah, krompyang, kontit, konjuk, oncèk.

VII. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang sigêg, kang banjur dipanambangi -a utawa -an, kaya ta nyangkoka, cangkokan.

Katrangan:

Ing têmbung lore, teronge, cangkoke, sapanunggalane, dhèk biyèn unine sandhangan taling tarung jêjêg, sanajan ing jaman saiki iya isih ana kang ngunèkake mangkono.

VIII. Yèn tumrap ing wanda mênga utawa sigêg ing aksara irung: sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan sigêg sarta karakêtan ing sandhangan taling tarung, banjur dipanambangi -a utawa -an, kaya ta soroga, sorogan, ambongkoka, bongkokan.

Katrangan:

Kayadene kang wus kapratelakake ing dhuwur, têmbung

--- 1 : 41 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

godhonge, soroge, sapanunggalane, taling tarunge uga isih ana kang ngunèkake jêjêg, dhèk biyèn pakêcapane mula pancèn mangkono.

2. Sandhangan taling tarung unine rubuh:

I. Yèn tumrap ing têmbung sawanda kang sigêg, kaya ta lor loh, dom.

II. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang sigêg, kaya ta takon, pamor, atos.

III. Yèn tumrap ing wanda mênga sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan mênga sarta kadunungan ing sandhangan ulu utawa suku, kaya ta kori, bolu.

IV. Yèn tumrap ing wanda sigêg ing aksara irung: sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan mênga sarta ora kadunungan ing sandhangan taling utawa taling tarung, kaya ta jôntra, tômpa, kongsi.

Têmbung domba, pompa, iku têmbung amônca, pakêcapane taling tarunge jêjêg.

V. Yèn tumrap ing wanda mênga utawa sigêg ing aksara irung: sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan sigêg sarta karakêtan ing sandhangan taling

--- 1 : 42 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

tarung utawa pêpêt, kaya ta bodhol, owêl, lonjong, konjêm.

VI. Yèn tumrap ing wanda wêkasan kang sigêg, samono iku yèn wanda mau banjur dipanambangi saliyane -a utawa -an, kaya ta nyangkoki, nyangkokake, nyangkokana, cangkokên.

VII. Yèn tumrap ing wanda mênga utawa sigêg ing aksara irung: sangarêpe wanda wêkasan, samono iku yèn wandane wêkasan sigêg, karakêtan ing sandhangan taling tarung sarta banjur dipanambangi saliyane -a utawa -an, kaya ta nyoroti, nyorotake, sorotna, ambongkoki, ambongkokake, ambongkokna.

--- 1 : 43 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Perangan Kapindho, Bab Rimbaging Têmbung.

§ 16. Bab Têmbung Wod lan Têmbung Lingga.

1. Têmbung-têmbung kang kanggo ing basa Jawa iku akèh kang padha anduwèni pinôngka (asal), kaya ta:

nuku, nukoni, nukokake, dak tuku, kotukoni, ditukokake, katuku, tinukonan, tukunên, tukua, sapanunggalane, iku kabèh pinangkane saka ing têmbung tuku.

Acilik, nyiliki, cilika, dicilikake, cilik-cilik, cilikan, sapanunggalane iku kabèh pinangkane saka ing têmbung cilik.

Magawe, anggawèni, gawenên, gêgawean, gawe-gawe, gowa-gawe, ginawea, sapanunggalane, iku kabèh asale saka ing têmbung gawe. Lah saiki têmbung tuku, cilik, gawe, sapanunggalane kang padha dadi pinangkane têmbung liya, iku ing ngèlmu basa diarani têmbung lingga, dene têmbung-têmbung kang padha mêtu saka ing têmbung lingga arane têmbung andhahan.

--- 1 : 44 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

2. Mungguh têmbung lingga iku uga ana kang isih duwe pinôngka, iya iku saka ing têmbung sawanda: kang mratelakake uwiting têgêse têmbung lingga mau, kaya ta:

dandang, adang, êdang, iku pinangkane saka ing dang, kongkon, akon, êkon, iku pinangkane saka ing têmbung sawanda kon,

isis pinangkane saka ing is,
umum pinangkane saka ing um,
tutur, atur, catur pinangkane saka ing tur,
dhodhok pinangkane saka ing dhok,
iyun pinangkane saka ing yun,
uwit, wiwit, awit pinangkane saka ing wit,
uwis pinangkane saka ing wis,
arit, êrit pinangkane saka ing rit,
cucul, ucul, êcul pinangkane saka ing cul,

lah saka ing têmbung dang, kon, is, um, tur, dhok, yun, wit, wis, rit, cul, lan sapanunggalane (têmbung sawanda kang dadi pinangkaning têmbung lingga), iku ing ngèlmu basa diarani têmbung wod, têgêse oyod, jalaran prasasat dadi oyode sakabèhing

--- 1 : 45 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

têmbung, iya iku têmbung lingga lan andhahan kang padha mêtu saka ing têmbung wod mau.

3. Têmbung lingga iku bokmanawa dhèk jaman kuna pancèn ana wode kabèh, ananging ing saiki akèh kang wus ora katon wode mau, kaya ta gawe, tuku, coba, karang, gêdhe, sapanunggalane, iku wode wus ora padha katara.

4. Têmbung lingga kang isih katon wode, ana uga kang wus ora têrang kapriye pangrimbage, kaya ta:

ilar (linggane têmbung milar), ular (linggane ular-ular), êlar (mêlar), kalar, tular, iku kabèh yèn dipikir têgêse padha katon mêtu saka ing wod lar, têgêse mundhak gêdhene, ananging kêpriye pangrimbage lar dadine tular, iku wus ora karuan pathokane.

Alur (linggane têmbung aluran), êlur (linggane sêlur), ulur, balur, bilur, iku kabèh mêtu saka ing têmbung wod lur, têgêse mundhak dawane, ananging kapriye pangrimbage lur dadine balur utawa bilur uga pêtêng.

--- 1 : 46 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

5. Dene pangrimbage têmbung wod dadi têmbung lingga, kang saiki isih katon pathokane, iku ana 5 warna, yaiku:

I. Kaulur wandane sarana kawuwuhan a, ê, i, utawa u ing ngarêpe, kaya ta:

Têmbung wod bang dadi lingga abang,
têmbung wod rit dadi lingga arit,
têmbung wod bang dadi lingga êbang,
têmbung wod rit dadi lingga êrit,
têmbung wod rob dadi lingga êrob
têmbung wod yun dadi lingga iyun,
têmbung wod yêg dadi lingga iyêg,
têmbung wod cul dadi lingga ucul,
têmbung wod wuk dadi lingga uwuk.

II. Sarana karangkêp purwane, kaya ta:

Têmbung wod mot dadi lingga momot,
têmbung wod dhok dadi lingga dhodhok,
têmbung wod lur dadi lingga ulur.

III. Sarana karangkêp têmbunge kabèh, lumrahe diarani sinaroja, kaya ta:

--- 1 : 47 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

kon dadi kongkon lirune konkon,
bung dadi bumbung lirune bungbung,
ton dadi tonton.

IV. Sarana kaunèkake barêng karo aksara na, ma, ra, utawa la, iku jênênge disêsêli ing na, ma, ra, utawa la mau, nanging unine banjur diulur, supaya gampanga ênggone ngêcapake, kaya ta:

wèh disêsêli na dadi wènèh,
gung disêsêli na dadi gunung,
sur disêsêli ma dadi sumur,
duk disêsêli ma dadi dumuk,
sup disêsêli ra dadi srup kaulur dadi surup,
sêr disêsêli la dadi slêr kaulur dadi sêlêr.

V. Sarana kaulur wandane, dirangkêp purwane, utawa kasaroja têmbunge: bêbarêngan karo sêsêlan kasêbut ing ôngka IV salah sawiji, kaya ta:

Têmbung lingga slulup iku asale saka ing wod sup disêsêli la dadi slup banjur disaroja dadi slupslup ananging murih gampanging pakêcapane, sêsigêge wanda kang ngarêp, lan bêbukane wanda kang buri padha kabuwang: dadi muni slulup.

--- 1 : 48 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Têmbung lingga slusup iku iya saka ing wod sup purwane dirangkêp dadi susup wandane ngarêp banjur disêsêli la dadi slusup.

6. Wuwuhan kang kasêbut ing ôngka 5 I. ing dhuwur mau satêmêne atêr-atêr a, ananging ana kang malih dadi ê, i, utawa u, dene malihe mau ana kang kagawa saka ing aksara purwane têmbunge wod, ana kang gumatung saka ing têgêse, kaya ta:

I. Yèn wode apurwa aksara ya, atêr-atêre a- lumrahe malih dadi i-, kaya ta:

yun dadi iyun,
yod dadi iyod,
yêg dadi iyêg,
ya dadi iya.

II. Yèn wode apurwa aksara wa, atêr-atêre lumrahe disuku, kaya ta:

wit dadi uwit,
wis dadi uwis,
wong dadi uwong,
was dadi uwas.

--- 1 : 49 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

III. Yèn wode apurwa aksara liya-liyane, akèh kang diatêr-atêri ê, kaya ta:

nom dadi ênom,
cap dadi êcap,
rit dadi êrit,
kas dadi êkas,
dum dadi êdum,
tuk dadi êtuk.

IV. Kang gumantung saka ing têgêse iku kacêtha saka ing:

Nom uga ngandhahake têmbung anom kang beda (sanajan sathithik) têgêse karo ênom,

cul uga angandhahake têmbung ucul, kang beda têgêse karo êcul,

rit uga ngandhahake têmbung arit kang beda têgêse karo êrit.

7. Têmbung lingga Jawa iku lumrahe ngrong wanda, kang nêlung wanda uga ana nanging lôngka, tur kang akèh asale saka ing têmbung amônca, kaya ta:

nagara, salaka, baita iku têmbung Sangskrita, rêkangat, mukjijat, sarengat iku têmbung Arab,

--- 1 : 50 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

jandhela, sêpatu, gêndera iku têmbung Portêgis,
rekêning, lêgundêr, sêkoci iku têmbung Walônda,
residhèn, kolèktur, kumêndhan iku têmbung Prasman,
tangkuwèh, makao, sêkotêng iku têmbung Cina,

dene têmbung Jawa (lingga) kang nêlung wanda, kaya ta: tanaga, manawa, badhigal, brêngkutis, lêmpuyang, brêngkolang, manjila, iku ora pati akèh panunggalane.

Têmbung lingga kang matang wanda utawa luwih ora ana, manawa mrangguli kang mèmpêr: lupute têmbung amônca iya têmbung camboran, awujud têmbung lingga loro, kaya ta:

baluwarti iku têmbung Portêgis,
tatakrama saka ing tata lan krama,
damarsela saka ing damar lan sela.

8. Sarèhne têmbung lingga iku kang akèh ngrong wanda, mulane têmbung amônca kang kanggo ing basa Jawa: kang sawanda lumrahe [lu...]

--- 1 : 51 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...mrahe] kaulur dadi rong wanda, kang nêlung wanda kawancah dadi ngrong wanda, samono iku yèn ora andadèkake angèling pakêcapane, kaya ta:

gêlas saka ing têmbung Walônda sawanda glas,
kêspur saka ing têmbung Walônda sawanda spoor,
bangku saka ing têmbung Walônda sawanda bank,
obrus saka ing têmbung Walônda têlung wanda overste,
dêlèr saka ing têmbung Walônda têlung wanda edelheer.

9. Têmbung lingga (kang ngrong wanda) kang wandane wiwitan kanthi aksara luluh, iku ana ing tulis wênang kaulur dadi têlung wanda, kaya ta:

grubyug kêna kaulur dadi garubyug,
krêtêg kêna kaulur dadi karêtêg,
slulup kêna kaulur dadi salulup,
slêpa kêna kaulur dadi salêpa.

§ 17. Bab Têmbung Andhahan.

1. Sarupaning têmbung kang mêtu saka ing têmbung lingga sarana dirangkêp purwane, dirangkêp kabèh, dimor dadi siji karo têmbung lingga liyane, dirangkêp purwane wandane wêkasan, utawa sarana diatêr-atêri, disêsêli utawa dipanambangi: tumrap dhewe-dhewe utawa bêbarêngan, iku diarani têmbung

--- 1 : 52 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

andhahan, kaya ta: têtuku, tuku-tuku, nuku, tinuku, tukua, tinukonan lan sapanunggalane, iku kabèh têmbung andhahan, kang mêtu saka ing lingga tuku.

2. Têmbung andhahan uga ana kang sêmune kayadene têmbung lingga, jalaran saka ing wujude utawa jalaran saka isih kêna kaandhahake manèh kayadene têmbung lingga, ananging yèn dipikir dawa, katon yèn wus andhahan saka ing têmbung lingga, utawa karimbag saka ing têmbung wod, kang têgêse isih nglungguhi rimbage, kaya ta:

karêp saka ing arêp diatêr-atêri ka,

katon saka ing ton (satêmêne saka ing anon) olèh atêr-atêr ka.

Têmbung kang mangkono iku diarani lingga andhahan.

3. Pangrimbage têmbung lingga dadi têmbung andhahan iku warna-warna lakune, yaiku:

I. Dirangkêp purwane, yaiku wandane wiwitan, rimbage aran dwipurwa,

II. Dirangkêp kabèh, rimbage aran dwilingga,

III. Sarana dicêkak wandane, rimbage aran têmbung wancah,

--- 1 : 53 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

IV. Sarana diwuwuhi utawa diwuwuhake ing têmbung lingga liyane, rimbage aran têmbung camboran,

V. Sarana diatêr-atêri a, ma, anuswara (an, aN, any, am, ang utawa man, maN, many, mam, mang), tripurusa (dak, ko, di), ka, pa, pa: sigêg ing aksara irung, sa, pi, pra, kuma, kami, kapi, tar utawa disêsêli ma, na, ra (la), utawa dipanambangi an, e, a, ên, i, ana, ake, na lan ne.

Atêr-atêr, sêsêlan lan panambang mau ana kang maju dhewe-dhewe, lan ana kang bêbarêngan, dene êtrape lan araning rimbage bakal kapratelakake ing buri.

VI. Sarana dirangkêp purwane wandane wêkasan, rimbage aran dwiwasana.

§ 18. Bab Rimbag Dwipurwa.

1. Kang diarani rimbag dwipurwa iku têmbung lingga kang karangkêp aksarane wiwitan, kaya ta:

sanga dadi sasanga,
dana dadi dadana,

--- 1 : 54 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

jaka dadi jajaka,
jampi dadi jajampi

2. Yèn purwaning lingga karakêtan sandhangan swara, sandhangan iku lumrahe (ana ing tulis) rinangkêp barêng karo aksara purwaning lingga, kaya ta:

tiru dadi titiru,
tuku dadi tutuku,
pêtêng dadi pêpêtêng,
tela dadi tetela,
godha dadi gogodha,
nanging priksa dadi papriksa dadi nyêbal.

Mung sandhangan swara taling tarung, yèn dumunung ing wanda sigêg ing aksara irung, môngka wandane wêkasan mênga tanpa sandhangan swara, iku lumrahe ora milu karangkêp, kaya ta:

môngsa lumrahe dadi mamôngsa,
tômba lumrahe dadi tatômba,
gônda lumrahe dadi gagônda.

3. Yèn purwaning lingga karakêtan sandhangan wyanjana utawa panyigêging wanda, sandhangan iku ora milu karangkêp, kaya ta:

warta dadi wawarta,

--- 1 : 55 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

tanggul dadi tatanggul,
prênah dadi pêprênah

4. Mangkono uga yèn purwaning lingga sigêg ing aksara, aksara sêsigêg mau uga ora dirangkêp, kaya ta:

pincang (ngan) dadi pipincang (ngan),
buktè (n) dadi bubuktè (n).

5. Têmbung kang apurwa aksara ha lan têmbung kang wandane kapindho nunggal aksara karo wandane wiwitan, apadene sarupaning têmbung kang luwih saka rong wanda, iku ora kêna dirimbag dadi dwipurwa, kaya ta:

utang ora tumindak dadi uutang
tutur ora tumindak dadi tututur,
dandan ora tumindak dadi dadandan,
lêmpuyang ora tumindak dadi lêlêmpuyang,

Pèngêt:

Bêbukane têmbung dwipurwa iku pakêcapane kayadene mawa sandhangan pêpêt, kaya ta:

jajaka unine jêjaka
, titiyang unine têtiyang
, tutuku unine têtuku,

--- 1 : 56 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

tatômba unine têtômba,
kang nyêbal susuhunan unine uga susuhunan.

Katrangan minôngka têtimbangan:

Pathokan kang kapratelakake ing dhuwur iku kabèh: kaanane kang tumindak ing jaman saiki, ananging satêmêne têmbung dwipurwa iku purwane prayoga: saupama katulis aksara lêgêna kabèh bae, dadi sarupaning sandhangan ora ana kang dirangkêp, sarta sêsigêge uga ora dirangkêp, kaya ta:

sanga dadi sasanga unine sêsanga,
jampi dadi jajampi unine jêjampi,
tiyang dadi tatiyang unine têtiyang,
pêtêng dadi papêtêng unine pêpêtêng,
tuku dadi tatuku unine têtuku,
tela dadi tatela unine têtela,
godha dadi gagodha unine gêgodha,
môngsa dadi mamôngsa unine mêmôngsa,
warta dadi wawarta unine wêwêrta,[10]
griya dadi gagriya unine gêgriya.

--- 1 : 57 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Kang mangkono iku kang nyêbal mung têmbung susuhunan ora patut yèn katulisa sasuhunan ananging satêmêne iku uga ora nyêbal, jalaran susuhunan iku mung kaanggêp jêjuluking ratu utawa wali, dadi wis ora dirasa yèn têmbung dwipurwa. Mangkono manèh ilanging sandhangan mau uga ana saksine, yaiku katon saka ing rimbag, tanggap na katêmu saka ing dwipurwaning tanduk, kasêbut ing § 42 ôngka: 4, kaya ta:

tinatubruk = t(in)atubruk,
tinatiru = t(in)itiru,

iku padha katon saka ing nanubruk, naniru sabab saupama saka ing nunubruk, niniru, rimbage tanggap na rak kudu:

tinutubruk = t(in)utubruk,
tinitiru = t(in)itiru,

môngka têmbung andhahan kang mangkono unine iku ing layang-layang utawa ing pacathon (dadi ing basa Jawa) ora ana.

§ 19. Bab Rimbag Dwilingga.

1. Têmbung lingga iku pangrimbage dadi têmbung andhahan, ana kang sarana kasaroja barès bae, iku rimbage aran dwilingga, kaya ta:

--- 1 : 58 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

dhudhuk dadi dhudhuk-dhudhuk,
tata dadi tata-tata
, anak dadi anak-anak.

Têmbung dwilingga iku ana uga kang linggane ora tau kanggo, kaya ta: lopak-lopak, ipil-ipil, agul-agul.

2. Ana têmbung dwilingga kang nganggo owah swarane, diarani dwilingga salin swara, owahing swarane ana kang tumrap ing têmbunge ngarêp, ana kang tumrap ing têmbunge buri, lan ana kang tumrap ing têmbunge karo pisan, kaya ta:

bali dadi bola-bali (bola-bali),
jaran dadi jaran-jèrèn
, corèk dadi corak-carèk.

3. Owahing swarane ana ing têmbung kang ngarêp, yèn wanda wêkasaning têmbung mênga, utawa sigêg mawa sandhangan swara, mungguh owahing swarane kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

I. Yèn wanda wêkasaning têmbung sarta wanda sangarêpe karo pisan mênga sarta tanpa sandhangan swara, utawa yèn wandane wêkasan mênga sarta wanda sangarêpe sigêg, karo pisan tanpa sandhangan swara, iku dadine têmbung dwilingga

--- 1 : 59 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

salin swara: wandane wêkasan têmbung kang ngarêp swarane rubuh, wanda sangarêpe kanthi sandhangan taling tarung, kaya ta:

bala (dadi) bola-bala (bola-bala),
gada (dadi) goda-gada (goda-gada),
warta (dadi) worta-warta (worta-warta),
bakda (dadi) bokda-bakda (bokda-bakda).

II. Yèn wanda wêkasaning têmbung mênga sarta kadunungan sandhangan swara, môngka wanda sangarêpe iya mênga: nanging tanpa sandhangan swara, iku dadine têmbung dwilingga salin swara: wandane wêkasan têmbung kang ngarêp kabuwang sandhangane swara sarta kaunèkake miring, dene wanda sangarêpe kataling tarung, kaya ta:

bali dadi bola-bali (bola-bali)
paku dadi poka-paku (poka-paku)
pace dadi poca-pace (poca-pace)
ayo dadi oya-ayo (oya-ayo).

III. Yèn wanda wêkasaning têmbung mênga tanpa sandhangan swara, wanda sangarêpe (mênga utawa sigêg) karakêtan ing sandhangan swara, iku dadine têmbung dwilingga salin swara: wandane wêkasan têmbung kang ngarêp kaunèkake miring, kaya ta:

--- 1 : 60 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

kisa dadi kisa-kisa (kisa-kisa),
tuna dadi tuna-tuna (tuna-tuna),
tundha dadi tundha-tundha (tundha-tundha),
nôngka dadi nôngka-nôngka (nangka-nangka).

IV. Yèn wanda wêkasaning têmbung mênga sarta karakêtan sandhangan swara, wanda sangarêpe (mênga utawa sigêg) uga karakêtan sandhangan swara, iku dadine têmbung dwilingga salin swara: wandane wêkasan têmbung kang ngarêp kabuwang sandhangane swara sarta kaunèkake rubuh, kaya ta:

loro dadi lora-loro (lora-loro),
têlu dadi têla-têlu (têla-têlu),
tumbu dadi tumba-tumbu (tumba-tumbu),
sêndhu dadi sêndha-sêndhu (sêndha-sêndhu).

V. Yèn wanda wêkasaning têmbung sigêg mawa sandhangan swara, sarta wanda sangarêpe mênga: utawa sigêg tanpa sandhangan swara, iku dadine têmbung dwilingga salin swara: wandane wêkasan têmbung kang ngarêp kabuwang sandhangane swara sarta wanda sangarêpe uga kataling tarung, kaya ta:

bagor dadi bogar-bagor,
asin dadi osan-asin,

--- 1 : 61 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

landhung dadi londhang-landhung,
sandhing dadi sondhang-sandhing.

VI. Dene yèn wanda wêkasaning têmbung sigêg sarta karakêtan sandhangan swara, môngka wanda sangarêpe uga karakêtan sandhangan swara, iku dadine têmbung dwilingga salin swara: wandane wêkasan têmbung kang ngarêp kabuwang sandhangane swara, kaya ta:

bêcik dadi bêcak-bêcik,
gêlis dadi gêlas-gêlis,
buntut dadi buntat-buntut,
pèncèng dadi pencang-pèncèng.

4. Owahing swara tumrap ing têmbunge kang buri, yèn wandane wêkasan têmbunge lingga sigêg tanpa sandhangan swara. Mungguh owahing swarane kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

I. Yèn wanda sangarêpe kang wêkasan uga tanpa sandhangan swara, iku dadine têmbung dwilingga salin swara: wandane wêkasan têmbung kang buri lan wanda ing sangarêpe padha kataling, kaya ta:

paran dadi paran-pèrèn,
kambang dadi kambang-kèmbèng.

--- 1 : 62 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

II. Dene yèn wanda sangarêpe kang wêkasan karakêtan ing sandhangan swara, dadine têmbung dwilingga salin swara: wandane wêkasan têmbung kang buri kataling, dene wanda sangarêpe sandhangane swara kalastarèkake, kaya ta:

gêlang dadi gêlang-gêlèng,
pundhak dadi pundhak-pundhèk.

5. Yèn wanda wêkasaning têmbung sigêg, karakêtan ing ulu utawa taling, sarta wanda sangarêpe kadunungan ing taling tarung, iku dadine têmbung dwilingga salin swara tarkadhang owahing têmbunge karo pisan, dene owahe: wandane wêkasan têmbung kang ngarêp lan wanda sangarêpe kang wêkasan ing têmbung kang buri padha dibuwang sandhangane swara, dene wanda sangarêpe kang wêkasan ing têmbung kang ngarêp lan wandane wêkasan têmbung kang buri sandhangane swara padha dilastarèkake, kaya ta:

gonjing dadi gonjang-ganjing,
ronting dadi rontang-ranting,
comprèng dadi comprang-camprèng.

6. Têmbung dwilingga salin swara uga ana kang linggane [lingga...]

--- 1 : 63 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...ne] ora tau kanggo, kaya ta: wira-wiri, beca-becu, brewa-brewo.

§ 20. Bab Têmbung Wancahan.

1. Têmbung kang dadi araning bocah utawa wong, araning panggonan, kang atêgês prênahing sanak sadulur, têmbung krama sawatara, lan têmbung liyane uga sawatara, iku sok dicêkak unine, luwih-luwih ing pacalathon, têmbung kang dicêkak unine iku jênênge ing ngèlmu basa têmbung wancahan.

2. Jênênging bocah panyêkake kang lumrah sarana kabuwang wandane ngarêp siji utawa loro, mawa-mawa têmbunge rong wanda apa têlung wanda, kaya ta:

Sidin kawancah dadi Din,
Saridin kawancah dadi Din,
Darma kawancah dadi Ma,
Sudarma kawancah dadi Ma utawa Darma.

Araning bocah kang awujud têlung wanda, yèn wandane kapindho sigêg, kajaba kawancah kaya kang wus kapratelakake ing dhuwur iku, uga sok kawancah sarana ambuwang wandane wêkasan, kaya ta:

Sudarma dadi Darma utawa Sudar,
Sukardi dadi Kardi utawa Sukar.

--- 1 : 64 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

3. Araning wong iku lumrahe awujud loro utawa têlung têmbung, pamancahe ana warna loro, yaiku:

I. Têmbunge kang ngarêp kawancah kayadene jênênging bocah kasêbut ing dhuwur, dene têmbung candhake diwutuhake, kaya ta:

Martadrana dadi Tadrana,
Sêcalêksana dadi Calêksana,
Kartadinama dadi Tadinama.

II. Mung dikarèkake têmbunge kang ngarêp bae, liyane dibuwang kabèh, kaya ta:

Kartadimêja dadi Karta,
Jayataruna dadi Jaya,
Sasrawijaya dadi Sasra.

4. Araning panggonan kang diwancah ora pati akèh, pamancahe uga warna loro kayadene araning wong, kaya ta:

I. Imagiri dadi Magiri,
Kartasura dadi Tasura.

II. Ngayogyakarta dadi Ngayogya utawa Ngayoja,
Banjarnagara dadi Banjar.

--- 1 : 65 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

5. Têmbung liyane pamancahe kang akèh uga sarana ambuwang wandane wiwitan, ananging ana uga kang ngarèkake wandane wiwitan lan wêkasan, malah ana kang angarèkake aksarane wanda wiwitan kanthi swarane wanda wêkasan, kaya ta:

I. Bapak dadi pak,

adhi dadi dhi,
punapa dadi napa (têmbung madya),
punika dadi nika (têmbung madya),
kemawon dadi mawon (têmbung madya),
dhatêng dadi têng (têmbung madya),

II. Manira dadi mara,
pakênira dadi para,
pangantèn dadi pantèn.

III. Nyai dadi nyi,
kyai dadi ki,
dawêg dadi dêg (ndêg).

6. Wasana ana uga pamancahing têmbung kang ora kêna diugêri, dadi mung manut panganggone wong akèh bae, kaya ta:

sampeyan dadi mang

,

--- 1 : 66 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1
Jayalêksana dadi Jalêksana
, Jahakêling dadi Jakêling
, duka (sampeyan) dadi ga (sampeyan)

§ 12.[11] Bab Têmbung Camboran.

1. Têmbung loro kang beda-beda sok dimor dadi siji, rimbage aran têmbung camboran, dene panyambore ana warna loro: panyambor wutuh lan panyambor tugêl.

2. Kang diarani panyambor wutuh iku pangrimbage têmbung camboran saka ing têmbung wutuh loro, kaya ta:

sapit-abon saka ing sapit + abon,
gônda-maru saka ing gônda + maru,
silih-asih saka ing silih + asih,
pagêr-bata saka ing pagêr + bata,
pêlêm-sêngir saka ing pêlêm + sêngir.

3. Dene kang aran panyambor tugêl iku pangrimbage têmbung camboran kang mêtu saka ing wancahane têmbung loro, kaya ta:

--- 1 : 67 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

kwèlêm saka ing kwèni + pêlêm,
dubang saka ing idu + abang,
dhèmês saka ing gêdhe + lêmês,
jitus saka ing siji + satus,
kakkong saka ing tungkak + bokong,

4. Mung araning wong ana kang awujud panyamboring têmbung têlu, kaya ta:

Bratadiharja saka ing brata + di + harja,
Sumawikarta saka ing suma + wi + karta.

22. Bab Atêr-Atêr a- lan ma-.

1. Atêr-atêr a- iku kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga kang ora apurwa aksara a, mungguh trape barès bae, kaya ta: agêdhe, asikil, aklambi.

2. Dene atêr-atêr ma- iku mung kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga ing sawatara, trape uga barès bae, kaya ta: maguru, madhukun, magawe.

Atêr-atêr ma- iku lumrahe kanggo ing kidung, dadi gêgêntine atêr-atêr a-, kaya ta:

Mapanggah = apanggah.

3. Têmbung lingga kang olèh atêr-atêr a- utawa ma- iku rimbage diarani bawa: a.

--- 1 : 68 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

4. Têmbung bawa: a kang kanthi atêr-atêr a-, iku pakêcapane lumrahe ambuwang atêr-atêre, dene kang kanthi atêr-atêr ma- pakêcapane wanda wiwitan kanthi sandhangan pêpêt, samono iku kajaba ing kidung, kaya ta:

I. Jaran iku asikil papat, unine jaran iku sikil papat,

Bocah kang aklambi abang pamacane bocah kang klambi abang.

II. Maguru unine mêguru, magawe unine mêgawe.

§ 23. Bab Atêr-Atêr Anuswara.

1. Kang aran atêr-atêr anuswara iku atêr-atêr a- (ing kidung tarkadhang ma-) kang sigêg ing aksara irung, mawa-mawa aksara kang dadi purwaning lingga:

I. an- (ing kidung uga man-) kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga kang apurwa aksara na, da, ta lan apurwa aksara ca, yèn wanda urute iya aksara ca, sarta kang apurwa aksara sa: yèn wanda urute aksara ca, sa, ja, dya utawa tya, kaya ta:

--- 1 : 69 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

an + nakal (+i) = anakali = nakali,
an + dumuk = andumuk,
an + tantang = anantang = nantang,
an + cacah = anacah = nacah,
an + suci (+i) = anucèni = nucèni,
an + susuh = anusuh = nusuh,
an + siji = aniji = niji,
an + sêdya = anêdya = nêdya,
an + sêtya (+i) = anêtyani = nêtyani.

II. AN (ing kidung uga maN) kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga kang apurwa aksara dha lan tha, kaya ta:

aN + dhalang = aNdhalang,
aN + thuthuk = aNthuthuk = anuthuk = nuthuk.

III. Any (ing kidung uga many) kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga kang apurwa aksara ja, nya lan apurwa aksara ca: yèn wanda urute dudu aksara ca, sarta kang

--- 1 : 70 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

apurwa aksara sa: yèn wanda urute dudu aksara ca, sa, ja, dya utawa tya, kaya ta:

any + jajah = anjajah,
any + nyunyuk = anyunyuk = nyunyuk,
any + cakar = anyakar = nyakar,
any + sawah = anyawah = nyawah.

IV. Am (ing kidung uga mam) kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga kang apurwa aksara (wa), pa, ma, ba, kaya ta:

am + walang = amalang = malang,
am + pangan = amangan = mangan,
am + mari (+i) = amarèni = marèni,
am + balang = ambalang.

V. Ang (ing kidung uga mang) kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga kang apurwa aksara a, ra, ka, (wa) la, ya, ga, nga, kaya ta:

ang + anggo = anganggo = nganggo,
ang + rokok = angrokok = ngrokok,

--- 1 : 71 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

ang + kalar = angalar = ngalar,
ang + wènèh (+i) = angwènèhi = ngwènèhi,
ang + lokro = anglokro = nglokro,
ang + yungyun (+ake) = angyungyunake = ngyungyunake,
ang + gawa = anggawa
ang + ngungun (+i) = angunguni = ngunguni.

2. Kang diandhahake sarana atêr-atêr anuswara iku kang akèh têmbung lingga, ananging ana uga têmbung lingga andhahan utawa têmbung andhahan liyane kang diatêr-atêri anuswara, kaya ta:

any + sakarêp = nyakarêp,
am + pancungul = mancungul,
am + murus + (i) = murusi.

3. Aksara kang dadi purwaning lingga iku êtrape karo atêr-atêr anuswara kêna kabedakake dadi têlung warna:

I. Luluh dadi siji karo sêsigêging atêr-atêre, yaiku aksara ha, na, ca, ka, ta, sa, wa, pa, nya, ma, tha, nga, kaya ta:

--- 1 : 72 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

aku dadi angaku = ngaku,
nakal dadi anakali = nakali,
corèk dadi anyorèk = nyorèk,
kubur dadi angubur = ngubur,
tandhing dadi anandhing = nandhing,
sawah dadi anyawah = nyawah,
padhang dadi amadhang = madhang,
nyunyuk dadi anyunyuk = nyunyuk,
mari dadi amarèni = marèni,
thithik dadi anithik = nithik,
ngungun dadi angunguni = ngunguni,

Katrangan:

Aksara wa kang dadi purwaning lingga, yèn kabênêr olèh atêr-atêr anuswara am, aksara wa mau luluh dadi siji karo sêsigêging atêr-atêre, dene yèn kabênêr olèh atêr-atêr ang: tarkadhang muni barêng karo sêsigêging atêr-atêre, tarkadhang iya luluh, kaya ta:

am + wadung = amadung = madung,
ang + wontên (+akên) = angwontênakên = ngwontênakên,

--- 1 : 73 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

ang + wungkal = angwungkal = ngwungkal = ngungkal.

II. Muni barêng karo sêsigêging atêr-atêre, yaiku aksara: ra, la, ya, kaya ta:

rabi dadi angrabi = ngrabi,
labuh dadi anglabuh = nglabuh,
yayi dadi angyayi = ngyayi,

III. Isih misah karo sêsigêging atêr-atêre, mung unine kang dibarêngake, yaiku aksara da, dha, ja, ga ba, kaya ta:

damu dadi andamu unine 'ndamu,
dhupak dadi andhupak unine 'ndhupak,
jagong dadi anjagong unine 'njagong,
gawa dadi anggawa unine 'nggawa,
balang dadi ambalang unine 'mbalang,
Kang nyêbal bagawan dadi amagawan = magawan.

4. Sarupaning têmbung lingga utawa andhahan, kang olèh atêr-atêr anuswara, rimbage aran tanduk.

--- 1 : 74 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

§ 24. Bab Atêr-Atêr Tri Purusa.

1. Kang diarani atêr-atêr tri purusa iku ana têlung warna, yaiku:

I. Dak (tak) = kula, kawula, manira, ingsun lan sapanunggalane,

II. Ko = dika, ijêngandika, sampeyan, panjênêngan dalêm, pakênira lan sapanunggalane,

III. Di = dipun, dèn.

2. Atêr-atêr kang kasêbut ing dhuwur iku kabèh, yèn andêlêng wujuding rimbag, tumrap ing sangarêpe têmbung lingga, ananging manawa têgêse dipikir dawa, kang olèh atêr-atêr mau satêmêne têmbung tanduk, ananging atêr-atêre anuswara banjur ilang, mulane wujude atêr-atêr mau banjur kayadene tumrap ing têmbung lingga, kaya ta:

dak + nuku = dak tuku,
kula + nyêrat = kula sêrat,
ko + ambayar = ko bayar,
sira + anggawa = sira gawa,
di + anggandhèng = digandhèng,
dèn + nganggit = dèn anggit.

3. Atêr-atêr di, yèn tumrap ing têmbung tanduk kang linggane [lingga...]

--- 1 : 75 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

[...ne] apurwa ê, ing tulis ê mau kêna kaluluhake kayadene ing pamacane, kaya ta:

di + ngêdol = diêdol utawa didol,
di + ngêkon = diêkon utawa dikon.

Ananging atêr-atêr dak (tak) sarta ko ing tulis ora ngluluhake purwaning lingga mau, mung ing pakêcapan lumrahe diluluhake, kaya ta:

dak + ngêdol = dak êdol unine tak dol,

ko + ngêkon = ko êkon unine kok kon.

4. Têmbung kang olèh atêr-atêr tri purusa iku rimbage aran tanggap, yaiku:

I. Kang olèh atêr-atêr dak, sapanunggalane, aran tanggap utama purusa,

II. Kang olèh atêr-atêr ko sapanunggalane: tanggap madyama purusa,

--- 1 : 76 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

III. Kang olèh atêr-atêr di sapanunggalane: tanggap pratama purusa.

Pèngêt:

Atêr-atêr dak, yèn wus tinunggalake ing têmbung unine tak, utawa ndak. Atêr-atêr ko unine kok, kaya ta:

Dak tulis unine tak tulis utawa 'ndak tulis.
Ko gawa unine kok gawa.

5. Ana uga atêr-atêr dak lan di sapanunggalane (ananging ko ora milu) kang êtrape ora nganggo ngowahake têmbung kang diatêr-atêri, kaya ta:

dak + enggal = dak enggal,
di + enggal = dienggal,
dak + prayitna = dak prayitna,
di + prayitna = diprayitna,
dak + nêngên = dak nêngên,
di + nêngên = dinêngên,
dak + sumingkir = dak sumingkir,
di + sumingkir = disumingkir,
dak + kêtêmu = dak kêtêmu,
di + kêtêmu = dikêtêmu.

--- 1 : 77 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

Têmbung kang mangkono iku: kang nganggo atêr-atêr dak, rimbage diarani sananta utama purusa, kang nganggo atêr-atêr di: sananta pratama purusa.

§ 25. Bab Atêr-Atêr Ka.

1. Atêr-atêr ka- iku ana warna têlu, yaiku:

I. Tumrap ing têmbung tanduk, uga nganggo ngilangake atêr-atêre anuswara kayadene trape atêr-atêr tri purusa, ananging ora tau ngowahake purwaning lingga, rimbage diarani tanggap ka, kaya ta:

ka + anggawa = kagawa,
ka + ngajak = kaajak,
ka + ngobong = kaobong.

II. Tumrap ing têmbung tanduk utawa têmbung lingga: mawa-mawa têgêse, nanging tarkadhang nganggo ngowahake purwaning lingga, yaiku yèn purwaning lingga mau aksara ha. Dene yèn purwane dudu aksara ha, atêr-atêr ka- mau unine (tarkadhang uga tulisane) malih dadi kê. Kang mangkono iku kabèh rimbage aran bawa ka.

III. Tumrap ing têmbung lingga sawatara, rimbage diarani lingga andhahan, kaya ta:

--- 1 : 78 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

ka + weka = kaweka, yaiku kang ngandhahake têmbung ngawekani, dikawekani,
ka + wênang = kawênang, yaiku kang ngandhahake têmbung ngawênangake, ingsun kawênangake,
ka + jawa = kajawa, kang ngandhahake têmbung ngajawa,
ka + bêkti = kabêkti, kang ngandhahake têmbung ngabêkti, dika bêktèni.

2. Têmbung bawa ka mau tumraping atêr-atêre manut pathokan kang kasêbut ing ngisor iki:

I. Yèn linggane apurwa aksara ha, iku luluh dadi siji karo atêr-atêre, yèn purwaning lingga mau kadunungan sandhangan ulu tarkadhang malih dadi taling, yèn suku malih dadi taling tarung, kaya ta:

ka + ngiris = kiris tanggape: ka kairis,
ka + ngilèk(ake) = kèli tanggape: ka kailèkake,
ka + ngatur(rake) = katur tanggape: ka kaaturake, mung ing adangiyah ing layang kawancah dadi: kaatur.

--- 1 : 79 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

ka + ngulu = kolu tanggape: ka kaulu.

II. Yèn purwaning lingga aksara wa, atêr-atêre ka- banjur katulis mawa sandhangan suku (unine mawa pêpêt), kaya ta:

ka + malik = kuwalik,
ka + mêlèh(ake) = kuwêlèh.

III. Yèn purwaning lingga aksara liya-liyane, atêr-atêre ka- kudu kapêpêt, kaya ta:

ka + mêrang = kêpêrang,
ka + natoni = kêtaton,
ka + ngrungkê(bake) = kêrungkêb,

Ana uga kang nyêbal saka ing ugêr kasêbut ing dhuwur, kaya ta:

ka + ngêntas = kêntas utawa kentas,
ka + nganyutake = kanyut utawa kenyut.

3. Kaya kang wus kapratelakake ing ôngka 1 II ing bab iki, têmbung bawa ka uga ana kang ora karimbag saka ing têmbung tanduk, ananging trape uga kaya kang wus kasêbut ing ôngka 2 ing dhuwur iku, kaya ta:

--- 1 : 80 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

ka + jrungub = kêjrungup,
ka + bilai (+an) = kêbilaèn,
ka + pati (+an) = kêpatèn.

§ 26. Bab Atêr-Ater Pa.

1. Atêr-atêr pa- iku kanggo ngatêr-atêri têmbung lingga lan têmbung tanduk, kaya ta:

pa + tumbas = patumbas,
pa + numbas = panumbas.

2. Yèn purwaning lingga kang diatêr-atêri aksara ha, lumrahe luluh dadi sawanda karo atêr-atêre, yèn purwaning lingga nganggo sandhangan suku, tarkadhang owah dadi taling tarung, kaya ta:

pa + etung = petung,
pa + iji = piji,
pa + ulih = pulih,
pa + utang = potang.

Kang nyêbal:

pa + ugêr (+an) = paugêran,
pa + idu (+an) = paidon,

--- 1 : 81 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

têmbung lingga kang olèh atêr-atêr pa- iku rimbage aran lingga andhahan.

3. Dene têmbung tanduk kang isih nganggo bêbuka aksara ha, bêbukane iku uga diluluhake karo atêr-atêre, dene yèn bêbukane wus ambuwang aksarane ha, iya banjur diêtrapi atêr-atêr pa- ing ngarêpe bênêr bae, kaya ta:

pa + anggitik = panggitik,
pa + numbak = panumbak,

Têmbung tanduk kang olèh atêr-atêr pa- iku rimbage diarani kriya wacaka.

§ 27. Bab Atêr-Atêr Pa-, Sigêg Ing Aksara Irung.

1. Têmbung lingga uga ana kang diandhahake sarana atêr-atêr pa-, sigêg ing aksara irung, dene trape barès bae, tanpa ngowahake aksara purwaning lingga, kaya ta:

pan + dêlik = pandêlik unine pêndêlik,

--- 1 : 82 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 001-082): Citra 1 dari 1

pan + thungul = panthungul unine pênthungul,
pany + cungul = pancungul unine pêncungul,
pang + kirig = pangkirig unine pêngkirig,

Têmbung kang karimbag mangkono iku aran lingga andhahan.

2. Rimbag lingga andhahan kang kasêbut ing dhuwur iku mèh madha rupa karo rimbag kriya wacaka, ananging yèn dinastitèkake pancèn beda. Mungguh bedane: ing rimbag kriya wacaka purwaning linggane ana kang luluh karo aksara irung sêsigêging atêr-atêre (kasêbut ing § 23 ôngka 3 I), balik ing rimbag lingga andhahan iku purwaning linggane ora ana kang luluh, kaya ta:

pantêlung yèn rimbage kriya wacaka kudu panêlung,
panthungul yèn rimbage kriya wacaka kudu panungul,
pancolot yèn rimbage kriya wacaka kudu panyolot,
pangkirig yèn rimbage kriya wacaka kudu pangirig.

--- 1 : 83 ---

Catatan kaki:

1. kang (kembali)
2. Pada kata-kata tangan kwaga, rimbag dwipurwa, arêp nywara seharusnya huruf Jawa, tetapi pasangan wa dibawah pasangan ka yang menjadi utuh tidak ditemukan. (kembali)
3. Tulisan Arab. (kembali)
4. Seharusnya tulisan Arab. (kembali)
5. Tulisan Arab. (kembali)
6. Tulisan Arab. (kembali)
7. Tulisan Arab. (kembali)
8. Tulisan Arab. (kembali)
9. ta: (kembali)
10. wêwarta (kembali)
11. 21 (kembali)