Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170)

JudulCitra
Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 28. Bab Atêr-Atêr Sa-, Pi-, Pra-.

1. Atêr-atêr sa-, pi-, pra-, iku tumrap ing têmbung lingga utawa lingga andhahan, trape prasasat dadi purwaning lingga, malah atêr-atêr sa- yèn tumrap ing têmbung kang apurwa aksara ha, tarkadhang ngluluhake aksara ha mau, mangkono manèh yèn purwaning lingga iku kadunungan sandhangan ulu: sok owah dadi taling, suku dadi taling tarung, kaya ta:

sa + lawe = salawe,
pi + ala = piala,
pra + kara = prakara,
sa + iji = siji,
sa + ikêt = sèkêt,
sa + uwang = suwang,
sa + ulah = solah.

Katrangan:

Mung ana têmbung loro kang rimbage mêtu saka ing têmbung tanduk, olèh atêr-atêr pi-, yaiku pinôngka lan pinuju.

--- 1 : 84 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

2. Ana têmbung lingga sawatara kang apurwa aksara ha, yèn olèh atêr-atêr sa-, aksara ha purwaning lingga mau owah dadi ka, kaya ta:

sa + esuk = sakesuk,
sa + enjing = sakenjing,
sa + ujur = sakojur.

3. Têmbung kang karimbag sarana atêr-atêr sa-, kang têgêse bisa amor dadi siji karo linggane, kaya ta: siji, solah, somah, sarta sarupaning têmbung kang olèh atêr-atêr pi-, pra, iku rimbage uga aran lingga andhahan, dene yèn têgêse atêr-atêr sa- ora bisa amor dadi siji karo têmbunge lingga, kaya ta: saelo, saomah, iku aran têmbung andhahan.

4. Mungguh unine atêr-atêr sa- kang ora ngluluhake purwaning lingga, iku kêna kabedakake dadi têlung warna, yaiku:

I. Yèn purwaning lingga aksara ha, unining atêr-atêre rubuh, dadi muni sa kaya ta:

saelo unine saelo,
saupa unine saupa,

--- 1 : 85 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

II. Yèn linggane têmbung wilangan utawa têmbung kang mratelakake ukuran, atêr-atêre muni sê, kaya ta:

salêksa unine sêlêksa,
sakêthi unine sêkêthi,
salonjor unine sêlonjor,
sasasi unine sêsasi.

III. Kaunèkake kayadene sigêg ing aksara ka, kang mangkono iku sêmune kanggo ambangêtake surasaning têmbung, kaya ta:

sakarêpku unine sak karêpku,
sabisamu unine sak bisamu,
sabapa sabiyung unine sak bapa sak biyung.

Katrangan:

Mung yèn purwaning linggane aksara wa, ana kang atêr-atêre muni su, dadi ora nêtêpi ugêr kang kasêbut ing dhuwur, kaya ta:

sawala unine suwala utawa swala,
sawidak unine suwidak utawa swidak.

§ 29. Bab Atêr-Atêr Kuma-, Kami-, Kapi-.

1. Atêr-atêr kuma-, kami-, kapi- iku mung tumrap ing têmbung lingga sawatara, kaya ta:

--- 1 : 86 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kuma + wani = kumawani,
kami + tuwa = kamituwa,
kapi + lare = kapilare.

2. Atêr-atêr kuma-, yèn tumrap ing têmbung kang apurwa aksara ha, iku ngluluhake purwaning têmbung, yèn tumrap ing têmbung kang apurwa aksara luluh, purwaning têmbung kaunèkake barêng karo wandane wêkasan atêr-atêre, kaya ta:

kuma + andêl = kumandêl,
kuma + ratu = kumratu (ratu),
kuma + rambut = kumrambut,
kuma + rujak = kumrujak,

Dene atêr-atêr kapi- trape marang sarupaning têmbung kang diatêr-atêri, barès bae, kaya ta:

kapi + luyu = kapiluyu,
kapi + dêrêng = kapidêrêng,
kapi + andêl = kapiandêl,
kapi + adrêng = kapiadrêng.

Kang nyêbal kapi + enak = kapenak, têmbung kang apurwa aksara ha utawa aksara luluh, ora ana kang dirimbag sarana atêr-atêr kami-.

--- 1 : 87 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

3. Sarupaning têmbung kang olèh atêr-atêr kuma, kami-, kapi-, kaaranan rimbag bawa, yaiku:

kang olèh atêr-atêr kuma- aran bawa kuma,
kang olèh atêr-atêr kami- aran bawa kami,
kang olèh atêr-atêr kapi- aran bawa kapi.

§ 30. Bab Atêr-Atêr Tar-.

Ana têmbung lingga sawatara kang sok olèh atêr-atêr tar-, unine têr-, trape barès bae ana ing sangarêpe têmbung kang diatêr-atêri, kaya ta:

tar + kadhang = tarkadhang unine têrkadhang,
tar + tamtu = tartamtu unine têrtamtu,
tar + buka = tarbuka unine têrbuka,
tar + waca = tarwaca unine têrwaca.

Têmbung kang mangkono iku uga diewokake rimbag lingga andhahan.

§ 31. Bab Sêsêlan Ma.

Sêsêlan ma iku tumrap ing têmbung lingga, trape kaunèkake barêng karo wanda purwaning lingga, murih gampanging pakêcapane banjur diulur, dadi wandane wiwitan unine [uni...]

--- 1 : 88 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...ne] kayadene kanthi sandhangan pêpêt, nanging panulise kang lumrah kanthi sandhangan suku, kaya ta:

cawis - cmawis - cêmawis - cumawis,
sèlèh - smèlèh - sêmèlèh - sumèlèh.

2. Tumrape ing pacalathon lan ing layang gancaran (tanpa têmbang), manawa têmbunge lingga apurwa aksara ha, pakêcapane utawa tulisane têmbung mau sawise olèh sêsêlan ma: diwancah sarana ambuwang purwaning têmbung, kaya ta:

enggok - umenggok - menggok,
atur - umatur - matur,
angsah - umangsah - mangsah.

3. Têmbung lingga kang apurwa aksara wa utawa pa, yèn olèh sêsêlan ma, purwane akèh kang diliru ing ha, sabanjure ing pacalathon lan ing layang gancaran uga diwancah sarana kabuwang purwaning têmbung, kaya ta:

--- 1 : 89 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

wijil - umijil - mijil,
wêtu - umêtu - mêtu,
pêsat - umêsat - mêsat,
pati - umati - mati.

4. Ana têmbung sawatara kang apurwa aksara ha, wa, pa, yèn olèh sêsêlan ma, purwaning lingga owah dadi ka, lan kang apurwa aksara ba owah dadi ga, kaya ta:

êmping - kumêmping - ora umêmping,
wasis - kumasis - ora wumasis (umasis)
panggang - kumanggang - ora pumanggang (umanggang),
bobor - gumobor - ora bumobor,
bagus - gumagus - ora bumagus.

Katrangan.

Têmbung kumêmping, kumasis, kumanggang iku satêmêne samar karo rimbag bawa kuma, ananging kalumrahane têmbung kang mangkono iku diewokake rimbag kang olèh sêsêlan ma.

--- 1 : 90 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

5. Têmbung lingga kang apurwa aksara irung, ora ana kang kêna disêsêli ma, rimbage liniru ing atêr-atêr kuma-, kaya ta:

nini - kumanini - kawancah dadi kumini,
ngungun - kumangungun.

6. Têmbung lingga kang olèh sêsêlan ma iku rimbage aran bawa ma.

7. Têmbung bawa ma iku yèn katulis nganggo sastra Walônda, sêsêlane katon muni um, mulane sêsêlan ma uga diarani sêsêlan um, kaya ta:

sumendhe = sumendhe = s(um)endhe.

§ 32. Bab Sêsêlan Na.

1. Sêsêlan na iku yèn mirid saka surasane têmbung kang disêsêli, tumrap ing têmbung tanduk, ananging atêr-atêre anuswara banjur ilang, dadi mungguhing wujude wus prasasat tumrap ing têmbung lingga. Dene trape uga kaunèkake barêng karo purwaning lingga, nanging pakêcapane banjur diulur kayadene têmbung kang olèh sêsêlan ma, dadi purwaning têmbung kaya kanthi sandhangan pêpêt, sabanjure tinulis lan ingunèkake nganggo sandhangan ulu, kaya ta:

--- 1 : 91 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

tulis - tnulis - tênulis - tinulis,
kanthi - knanthi - kênanthi - kinanthi,
ganjar - gnanjar - gênanjar - ginanjar.

2. Sêsêlan na yèn tumrap ing têmbung kang linggane apurwa aksara ha, liniru ing nga, kaya ta:

ngasah saka ing asah dadi ingasah ora inasah,
ngutus saka ing utus dadi ingutus ora inutus,
ngundang saka ing undang dadi ingundang ora inundang.

3. Yèn linggane mêtu saka ing têmbung wod kang sarana winuwuhan a, ê, i, utawa u ing ngarêpe, iku sêsêlane kang lumrah tumrap ing têmbunge wod, kaya ta:

asung lumrahe dadi sinung, ora tau dadi ingasung,
ngêpèk saka ing êpèk, lumrahe dadi pinèk, arang-arang dadi ingêpèk,
nguwor saka ing uwor lumrahe dadi winor, arang-arang dadi inguwor.

--- 1 : 92 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

4. Têmbung tanduk kang linggane apurwa aksara irung ora kêna disêsêli na, nanging ing kidung ana wuwuhan i, tumrap ing sangarêpe têmbung tanduk kang mangkono, iku kang minôngka lêlirune, kaya ta:

nyunyuk dadi inyunyuk.

5. Têmbung tanduk kang dirimbag sarana sêsêlan na, iku diarani têmbung tanggap na.

6. Têmbung tanggap na iku yèn katulis nganggo sastra Walônda, sêsêlane katon awujud in, mulane sêsêlan na uga kaaranan sêsêlan in kaya ta:

tinandhing = tinandhing = t(in)andhing.

§ 33. Bab Sêsêlan Ra Utawa La.

1. Sêsêlan ra utawa la iku tumrap ing têmbung lingga, yèn têmbunge lingga ora anduwèni swara ra, kang kanggo sêsêlan ra, dene yèn linggane wus ana swarare[1] ra, kang kanggo lumrahe sêsêlan la. Trape uga kaunèkake barêng karo aksara purwaning têmbung, sabanjure kêna diulur kêna ora, yèn ana ing tulis lumrahe kaulur, ana ing pakêcapan ora (cundhukna karo kang kapratelakake ing § 16 ôngka 9), kaya ta:

--- 1 : 93 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

tatab dadi tratab utawa têratab,
gamblèh dadi gramblèh utawa gêramblèh,
gêrêng dadi glêrêng utawa gêlêrêng,
gêbyar dadi glêbyar utawa gêlêbyar.

2. Têmbung lingga kang apurwa aksara ha, ra utawa la, yèn olèh sêsêlan ra, utawa la, purwaning têmbung tarkadhang malih dadi aksara ka, kaya ta:

awu dadi kêlawu utawa klawu,
rintih dadi kêrintih utawa krintih,
lirik dadi kêlirik utawa klirik.

3. Ana têmbung lingga sawatara kang sêmune mêtu saka ing têmbung lingga kang apurwa aksara ha sarana disêsêli ra utawa la, ananging banjur diwancah: purwane ora kaunèkake, kaya ta:

êbut dadi êrêbut banjur dadi rêbut,
êmbat dadi êrêmbat banjur dadi rêmbat,

--- 1 : 94 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

asuk dadi êrasuk banjur dadi rasuk,
enggok dadi êlenggok banjur dadi lenggok.

4. Sarupaning têmbung kang karimbag sarana sêsêlan ra utawa la, iku uga dadi panunggalane têmbung lingga andhahan.

5. Têmbung lingga andhahan kang karimbag sarana sêsêlan ra utawa la, iku yèn katulis nganggo sastra Walônda, sêsêlane katon awujud êr utawa êl, mulane sêsêlan ra utawa la uga diarani sêsêlan êr utawa êl, kaya ta:

gêrandhul = gêrandhul = g(êr)andhul,
gêlêrêng = gêlêrêng = g(êlê)êrêng.

§ 34. Bab Panambang an.

1. Panambang an yèn tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan sigêg purwane (yaiku aksarane ha) malih dadi sêsigêge wanda wêkasan mau, kaya ta:

tatah dadi tatahan,

--- 1 : 95 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

pacar dadi pacaran,
simpang dadi simpangan,
kongkon dadi kongkonan,
bêbêd dadi bêbêdan.

2. Yèn tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan mênga, purwaning panambang kang lumrah luluh dadi siji karo wanda wêkasan mau, dene yèn wanda iku kadunungan ing sandhangan ulu: malih dadi taling, sandhangan suku: malih dadi taling tarung, kaya ta:

rata + an = ratan,
kali + an = kalèn,
liru + an = liron.

3. Yèn wandane wêkasan mênga sarta ora kadunungan sandhangan swara, môngka wanda ing sangarêpe sigêg ing aksara irung sarta kadunungan ing sandhangan taling tarung, sandhangan taling tarung iku banjur ilang, kaya ta:

sônja + an = sanjan,
kôndha + an = kandhan.

4. Panambang an, yèn tumrap ing wanda mênga, purwane ora ilang: nyimpang saka ing ugêr kang kasêbut ing dhuwur, sarta

--- 1 : 96 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kêrêp kaliru ing aksara ya utawa wa, yaiku yèn tumrap ing têmbung sawatara, kang wandane wêkasan mênga sarta kadunungan ing sandhangan swara, kaya ta:

tami + an = tamian,
gawe + an = gawean,
(ka +) tamu + an = katamuan,
jago + an = jagoan.

Owahe purwaning panambang dadi ya, yèn wanda wêkasaning têmbung kadunungan ing sandhangan ulu utawa taling, dene dadi wa, yèn wanda kang dipanambangi kadunungan ing suku utawa taling tarung.

Yèn wandane wêkasan mau kadunungan ing sandhangan ulu, tarkadhang malih dadi taling, kaya ta:

jangji + an = jangjean,
dadi + an = (ka) dadean,
nabi + an = (ka) nabean.

5. Ana uga têmbung kang wandane wêkasan mênga sarta kadunungan sandhangan swara, yèn dipanambangi an, purwaning panambang diluluhake utawa ora: padha kênane, tarkadhang nunggal têgês, nanging kang akèh seje têgêse, kaya ta:

--- 1 : 97 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

wali - (ku)walean utawa (ku)walèn,
gadhe - gadhean utawa gadhèn,
laku - (ka)lakuan utawa (kê)lakon.

6. Têmbung kang wandane wêkasan mênga, kang yèn dipanambangi an, purwaning panambang ora luluh mau, yèn banjur dipanambangi ku, mu, utawa e, wandane wêkasan mau unine kayadene karakêtan ing sandhangan wignyan, sarta sêsigêging panambange ora kaunèkake, kaya ta:

bageyanku unine bagehaku,
kalakuwanmu unine kêlakuhamu,
jêrowane unine jêrohane.

7. Ana têmbung sawatara kang wandane wêkasan mênga sarta kadunungan sandhangan swara, yèn kabênêr olèh panambang an, kudu kasigêgake ing aksara ka dhisik, kaya ta:

dhewe + an = dhewekan.

8. Wanda sigêg kang kanthi sandhangan swara, yèn olèh panambang an, unine sandhangan swara iku banjur dadi jêjêg, kaya ta:

pipis - pipisan unine pipisan,

--- 1 : 98 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kukus - kukusan unine kukusan,
korèd - koredan unine koredan,
kobong - kobongan unine kobongan.

9. Têmbung kang olèh panambang an, jênênging rimbage warna-warna, mawa-mawa rimbage têmbung kang dipanambangi, kaya ta:

yèn saka ing têmbung lingga, kaya ta gawean, diarani wisesa na lingga,

yèn saka ing lingga andhahan, kaya ta prakaran, aran wisesa na lingga andhahan,

yèn saka ing têmbung bawa ka, kaya ta katutan, diarani wisesa na bawa ka,

yèn saka ing têmbung bawa ma, kaya ta matèn, diarani wisesa na bawa ma,

yèn saka ing têmbung dwipurwa, kaya ta tutukon, diarani wisesa na dwipurwa,

--- 1 : 99 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

yèn saka ing têmbung dwilingga, kaya ta anak-anakan, diarani wisesa na dwilingga,

yèn saka ing têmbung tanggap ka, kaya ta katulisan, diarani tanggap ka i kriya,

yèn saka ing têmbung tanggap na, kaya ta tinampan, diarani tanggap na i kriya,

yèn bêbarêngan karo atêr-atêr ka- tumrap ing têmbung lingga, kaya ta kabupatèn, kasugiyan, diarani bawa wacaka,

yèn bêbarêngan karo atêr-atêr pa- tumrap ing têmbung lingga, kaya ta pakopèn, diarani daya wacaka,

yèn bêbarêngan karo atêr-atêr pa- tumrap ing têmbung tanduk, kaya ta panulisan, diarani rimbag karana wacaka,

yèn bêbarêngan karo atêr-atêr kê- tumrap ing têmbung lingga, tanduk utawa bawa ma, kang padha atêgês kaanan, kaya ta kêgêdhèn, kêngêrèn, kêmajon, rimbage aran adiguna.

10. Rimbag bawa kami uga ana kang nganggo panambang an, ananging jênênging rimbage ora owah: têtêp bawa [ba...]

--- 1 : 100 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...wa] kami kayadene kang tanpa panambang, kaya ta kamigilan, kamitegan, kamikakon.

§ 35. Bab Panambang -e.

1. Panambang -e kramane -ipun, ing kidung -ira, yèn tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan sigêg, trape padha bae karo panambang -an, kasêbut ing § 34 ôngka 1, kaya ta:

tabuh dadi tabuhe utawa tabuhipun,
pacar dadi pacare utawa pacaripun,
pasang dadi pasange utawa pasangipun,
babad dadi babade utawa babadipun.

2. Yèn tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan mênga, owah dadi -ne utawa -nipun, kaya ta:

jara dadi jarane utawa jaranipun,
lêgi dadi lêgine utawa lêginipun,
paku dadi pakune utawa pakunipun.

--- 1 : 101 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

3. Yèn panambang -e utawa -ipun tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan mênga tanpa sandhangan swara, môngka wanda ing sangarêpe sigêg ing aksara irung sarta karakêtan ing sandhangan taling tarung, sandhangan taling tarung iku banjur ilang, kaya ta:

bôndha - bandhane utawa bandhanipun,
sêmôngka - sêmangkane utawa sêmangkanipun,
rôndha - randhane utawa randhanipun.

4. Ana têmbung sawatara kang wandane wêkasan mênga, yèn arêp dipanambangi -e, kudu kasigêgake ing aksara ka dhisik, kaya ta:

duwe dadi duwèke,
darbe dadi darbèke utawa darbèkipun.

5. Panambang -ipun, yèn sumambung ing têmbung kang wandane wêkasan mênga sarta karakêtan ing sandhangan ulu utawa suku, sandhangan ulu mau pakêcapane kayadene taling kang rubuh, yèn suku: kayadene taling tarung uga kang rubuh, kaya ta:

lêginipun unine lêgènipun,
pakunipun unine pakonipun.

--- 1 : 102 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

6. Têmbung kang karimbag sarana panambang -e utawa -ipun, kang akèh ora owah jênênge, isih têtêp kayadene sadurunge dipanambangi -e utawa -ipun. Dene yèn arêp dibedakake karo sadurunge olèh panambang mau, jênênging rimbage kawuwuhana andhahane ing ngarêpe, kaya ta:

tugêlane diarani andhahane wisesa na lingga,
panulisane diarani andhahane karana wacaka, mangkono sabanjure.

Mung yèn tumrap ing têmbung tanduk, bêbarêngan karo atêr-atêr dak (ora tumrap ing tanggap utama purusa kriya wantah) iku ngandhahake rimbag, tandange tanduk kriya wantah, kaya ta dak balange, dak gawane. Sarta yèn tumrap ing têmbung tanduk, bêbarêngan karo atêr-atêr dak, sarta panambang -an, iku ngandhahake têmbung tandange tanduk i kriya, kaya ta dak jupukane, kang mangkono iku yèn wandane wêkasan têmbunge lingga: mênga, panambange -an dirangkêp, kaya ta dak gawanane.

--- 1 : 103 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 36. Bab Panambang -a.

1. Panambang -a yèn sumambung ing wanda sigêg, trape padha bae karo panambang kang wus kapratelakake ing ngarêp, kaya ta:

tatah dadi tataha,
pintêr dadi pintêra,
mênêng dadi mênênga,
salat dadi salata.

2. Yèn sinambungake ing têmbung kang wandane wêkasan mênga: tanpa sandhangan swara panambang -a ora owah, kaya ta:

padha dadi padhaa,
tiba dadi tibaa,
ômba dadi ômbaa,

Pèngêt:

Wanda wêkasan sangarêpe panambang -a kang mangkono iku unine kayadene mawa sandhangan taling tarung, dene panambange banjur muni kayadene aksara wa, samono iku yèn wandane wêkasan mau dudu aksara wa. Wanda sangarêpe wanda wêkasan mau, yèn uga ora kadunungan sandhangan swara, unine uga kayadene mawa sandhangan taling [ta...]

--- 1 : 104 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...ling] tarung. Dene manawa wanda sangarêpe wanda wêkasan mau sigêg ing aksara irung sarta kadunungan ing sandhangan taling tarung, taling tarung iku swarane dadi jêjêg. Iku kabèh tuladhane kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

tibaa kunine[2] tiboa,
padhaa kunine podhoa,
ômbaa kunine ômbaa (omboa),
nanging sawaa kunine sowoa ora sowowa.

3. Panambang -a yèn sinambungake ing têmbung kang wandane wêkasane mênga sarta kadunungan ing sandhangan ulu utawa taling, malih dadi ya, samono iku yèn wandane wêkasan mau dudu aksara ya, kaya ta:

tangi + a = tangia,
duwe + a = duwea,
nanging priyayi + a = priyayia ora priyayiya,
kiye + a = kiyea ora kiyeya.

4. Yèn panambang -a sumambung ing têmbung kang wandane wêkasan mênga sarta kadunungan ing sandhangan suku utawa taling tarung, panambang [pa...]

--- 1 : 105 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...nambang] mau malih dadi wa, samono iku yèn wanda wêkasan mau dudu aksara wa, kaya ta:

tuku + a = tukuwa,
jago + a = jagowa,
nanging sèwu + a = sèwua ora sèwuwa,
sawo + a = sawoa ora sawowa.

5. Panambang -a yèn rinakêtake ing wanda kang wus olèh panambang -an, môngka wanda mau sigêg, panambang -an + -a mau banjur ginarba dadi -ana, kaya ta:

rêmbug + an + a = rêmbugana ora rêmbuganna,
sabuk + an + a = sabukana ora sabukanna.

6. Wanda sigêg kang kanthi sandhangan swara, yèn olèh panambang -a, unine sandhangan swara iku banjur dadi jêjêg, kaya ta:

pipis + a = pipissa unine pipisa,
kukus + a = kukussa unine kukusa,
korèd + a = korèdda unine korèda,

--- 1 : 106 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kobong + a = kobongnga unine kobonga,

7. Têmbung kang dipanambangi -a, iku rimbage diarani sambawa, kaya ta:

yèn saka ing têmbung lingga (kudu kang atêgês kriya, yaiku têmbung wasesa) kaya ta tukuwa, diarani sambawa utawa sambawa: na,

yèn saka ing têmbung tanduk, kaya ta nurunna, lumrahe ora nganggo pilih-pilih: kabèh diarani sambawane tanduk kriya wantah, ananging satêmêne ana kang prayoga diarani agnyane (pakone) tanduk kriya wantah, katrangane bakal kapratelakake ing têgêsing rimbag ing layang jilidan kapindho,

yèn saka ing têmbung tanggap, kaya ta:

dak gawaa diarani sambawane tanggap utama purusa kriya wantah,
ko gawaa diarani sambawane tanggap madya purusa kriya wantah,
digawaa diarani sambawane tanggap pratama purusa kriya wantah,

--- 1 : 107 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kagawaa diarani sambawane tanggap ka kriya wantah,
ginawaa diarani sambawane tanggap na kriya wantah,

yèn saka ing têmbung bawa ma kaya ta tumibaa diarani sambawaning bawa: ma,

yèn bêbarêngan karo atêr-atêr sa- lan panambang -an lan -e, kaya ta sacilikaneya, sadawananeya uga diarani sambawa utawa sambawa na.

§ 37. Bab Panambang -ên.

1. Panambang -ên, iku tumrap ing têmbung tanduk lan têmbung lingga, ananging yèn tumrap ing têmbung tanduk uga ngilangake atêr-atêre anuswara, mulane wujude wus prasasat tumrap ing têmbung lingga.

2. Yèn sumambung ing wanda sigêg, trape uga padha bae karo panambang kang wus kasêbut ing ngarêp kabèh, kaya ta:

I. natah + ên = tatahên,
macar + ên = pacarên,
nyaring + ên = saringên,
anjupuk + ên = jupukên,

--- 1 : 108 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

II. wudun + ên = wudunên,
kringêt + ên = kringêtên.

3. Yèn tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan mênga, panambang mau owah dadi -nên, kaya ta:

I. anggawa + ên = gawanên,
nari + ên = tarinên,
nunggu + ên = tunggunên,

II. lara + ên = laranên,
panu + ên = panunên.

4. Yèn sumambung ing wanda mênga kang tanpa sandhangan swara, môngka wanda ing sangarêpe sigêg ing aksara irung sarta karakêtan ing sandhangan taling tarung, sandhangan taling tarung iku banjur ilang, kaya ta:

I. anggônda + ên = gandanên,
ambalônja + ên = balanjanên,

II. dhômpa + ên = dhampanên,
kamisôndha + ên = kamisandhanên.

5. Têmbung tanduk kang olèh panambang -ên, iku rimbage kalumrahane diarani agnyane (pakone)

--- 1 : 109 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

tanduk kriya wantah, ananging satêmêne prayoga diarani agnyane tanggap madya ma purusa kriya wantah, katrangane bakal kapratelakake ing têgêsing rimbag ing layang jilidan kapindho. Dene yèn panambang -ên, iku sumambung ing têmbung lingga, rimbage aran guna.

6. Panambang -ên, uga sok tumrap ing têmbung lingga bêbarêngan karo atêr-atêr ka- (nanging yèn purwaning lingga dudu aksara ha, prayoga katulis kê-), kaya ta:

kê + sêpuh + ên = kêsêpuhên,
kê + cilik + ên = kêcilikên,
ka + apik + ên = kapikên.

Têmbung kang mangkono iku rimbage aran adiguna.

7. Têmbung lingga wandane wêkasan mênga, yèn arêp dirimbag dadi têmbung adiguna, panambange tarkadhang -an, tarkadhang -an + -ên dirangkêp, kaya ta:

dawa dadi kêdawan utawa kêdawanên,
suwe dadi kêsuwèn utawa kêsuwènên,
biru dadi kêbiron utawa kêbironên.

8. Rimbag adiguna iku yèn linggane apurwa aksara [aksa...]

--- 1 : 110 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...ra] ha, aksara ha purwaning lingga iku kaluluhake dadi siji karo atêt-atêre ka-, kaya ta:

kaagêngên dadi kagêngên,
kaènthèngên dadi kènthèngên,
kaambanên dadi kamban utawa kambanên,
kaantanên dadi kantan utawa kantanên.

9. Rimbag bawa lan kriya wacaka uga ana kang diandhahake dadi rimbag adiguna, yèn mêtu saka ing têmbung nêlung wanda rimbage adiguna sok dibuwang atêr-atêre ka-, luwih-luwih yèn purwaning têmbung aksara ka, kaya ta:

bawa: ka kêbanjur dadi kêbanjurên,
wisesa na bawa: kakolon, dadi kêkolonên,
bawa kapi kapenak dadi kêpenakên,
bawa kuma kumintêr dadi kumintêrên,
bawa: ma mundur dadi kêmundurên,
kriya wacaka pangetan dadi pangetanên.

10. Têmbung tanduk, uga ana kang kêna digawe rimbag adiguna, kaya ta:

--- 1 : 111 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

ngêri dadi kêngêrèn utawa kêngêrènên,
ngêtumbar dadi ngêtumbarên.

11. Rimbag bawa kami uga ana kang sok dipanambangi -ên, nanging ora ngowahake araning rimbage, kaya ta:

kamiwêlas dadi kamiwêlasên,
kamitênggêng dadi kamitênggêngên,
kamisêsêg dadi kamisêsêgên.

Pèngêt, bab panambang -a, -e, -an, -ên:

I. Panambang -a lan -an, yèn tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan sigêg ing wignyan, sarta kadunungan ing sandhangan ulu utawa taling, suku utawa taling tarung, tumrape ing pacalathon sandhangan wigyan mau ora diunèkake, sarta aksara ha purwaning panambang kaunèkake kayadene aksara ya utawa wa, samono iku yèn wêkasaning têmbung dudu aksara ya utawa wa, kaya ta:

ngaliha unine ngaliya,
alihan unine aliyan,
ambêlèha unine ambêlèya,
bêlehan unine bêleyan,

--- 1 : 112 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

nabuha unine nabuwa,
tabuhan unine tabuwan,
goroha unine gorowa,
gorohan unine gorowan.

Kang mangkono iku uga ana kang kêsrambah ing tulis, yaiku yèn rimbaging têmbunge ora patia dielingi, kaya ta:

sadhèrèk paliyan (saka ing palihan),
kaliyan (linggane kalih),
lêpiyan (linggane lêpih),
durung karuwan (saka ing kawêruhan),
pacuwan (linggane pacuh),
puwan (linggane puh),
powan (linggane po).

II. Tumrape ing panambang -e lan -ên, owahe pakêcapan kayadene kang kapratelakake ing dhuwur iku, yèn wandane wêkasan kang sigêg ing wignyan mau kadunungan ing ulu utawa suku, kaya ta:

ulihe unine uliye,
tabuhe unine tabuwe,

--- 1 : 113 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

purihên unine puriyên,
suguhên unine suguwên.

III. Panambang -e kang tumrap ing têmbung kang wandane wêkasan sigêg ing wignyan, sarta kadunungan ing sandhangan taling tarung, pakêcapane ana warna loro:

Sapisan: yèn manut pakêcapan ing jaman kuna, kang sakiki uga isih tumindak, aksarane ha panambang mau kaunèkake kayadene aksara wa, kaya ta:

dhayohe unine dhayowe, (dhayowe),
gorohe unine gorowe, (gorowe),

Kapindho: yèn manut pakêcapan kang lumrah tumindak ing jaman saiki, unine aksara ha mau ora owah, kaya ta:

dhayohe unine dhayoe,
gorohe unine goroe.

§ 38. Bab Panambang -i Lan -ana.

1. Yèn sinambungake ing wanda sigêg, panambang -i, ana trape uga padha bae karo panambang kang wus kapratelakake ing ngarêp kabèh. Dene yèn sinambungake ing wanda mênga, wanda iku kudu dipanambangi -an dhisik, kaya ta:

--- 1 : 114 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

mêtu dadi mêtoni, mêtonana,
mati dadi matèni, matènana.

2. Têmbung kang olèh panambang -i, iku rimbage aran i kriya, kaya ta:

anjupuki diarani tanduk i kriya,
dak jupuki diarani tanggap utama purusa i kriya,
kojupuki diarani tanggap madyama purusa i kriya,
dijupuki diarani tanggap pratama purusa i kriya,

tumrape ing tanggap ka sarta tanggap na panambange -i liniru ing panambang -an, kaya ta:

katakonan lirune katakoni, diarani tanggap ka: i kriya,
tinakonan lirune tinakoni, diarani tanggap na: i kriya.

3. Panambang -ana yèn sumabung ing têmbung tanduk, trape ana warna loro:

I. Ora ngilangake atêr-atêre anuswara, rimbage kalumrahane mung diarani sambawane tanduk i kriya, kaya ta anjupukana, ananging satêmêne ana kang prayoga diarani agnyane tanduk i kriya (cundhukna karo § 36. ôngka 7).

--- 1 : 115 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

II. Nganggo ngilangake atêr-atêre anuswara, dadi kaya tumrap ing têmbung lingga, rimbage lumrahe diarani agnyane tanduk i kriya, kaya ta jupukana, ananging satêmêne prayoga diarani agnyane tanggap madyama purusa i kriya (cundhukna karo § 37. ôngka 5).

4. Panambang -ana uga tumrap ing têmbung tanggap, rimbage aran sambawaning i kriya, kaya ta:

dak tulisana sambawane tanggap utama purusa i kriya,
kotulisana sambawane tanggap madyama purusa i kriya,
ditulisana sambawane tanggap utama purusa i kriya,
katulisana sambawane tanggap ka i kriya,
tinulisana sambawane tanggap na i kriya.

§ 39. Bab Panambang -a¬ke.

1. Panambang -ake iku ngoko, kramane -akên, loro-lorone yèn sumambung ing wanda sigêg, trape padha bae karo sarupaning panambang kang apurwa aksara ha, kang wus padha kapratelakake ing ngarêp, dene [de...]

--- 1 : 116 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...ne] yèn kanggo manambangi wanda mênga, wanda iku kasigêgake ing ka dhisik, banjur dipanambangi -ake utawa -akên, nanging purwaning panambang ora kaliru ing aksara ka, yèn wanda mau kadunungan ing ulu utawa suku, banjur liniru ing taling utawa taling tarung, kaya ta:

anjala dadi anjalakake utawa anjalakakên,
ambathi dadi ambathèkake utawa ambathèkakên,
niru dadi nirokake utawa nirokakên.

2. Ana têmbung sawatara kang wêkasaning linggane sigêg ing aksara na, yèn olèh panambang -ake, utawa -akên, aksara sinigêg na sarta purwaning panambang liniru ing ka, kaya ta:

anjajan dadi anjajakake utawa anjajakakên,
mapan dadi mapakake utawa mapakakên.

3. Panambang -ake sarta -akên, yèn sumambung ing

--- 1 : 117 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

wanda mênga tanpa sandhangan swara, môngka wanda sangarêpe sigêg ing aksara irung sarta kadunungan ing sandhangan taling tarung, taling tarung iku banjur ilang, kaya ta:

nôndha dadi nandhakake utawa nandhakakên,
nyôngga dadi nyanggakake,
ananging ngombe dadi ngombèkake utawa ngombèkakên.

4. Panambang -ake utawa -akên, iku tumrap ing têmbung tanduk sarta tanggap, rimbage aran ke kriya, kaya ta:

anjupukake diarani tanduk ke kriya,
dak jupukake diarani tanggap utama purusa ke kriya,
ko jupukake diarani tanggap madyama purusa ke kriya,
dijupukake diarani tanggap pratama purusa ke kriya,
kajupukake diarani tanggap ka ke kriya,
jinupukake diarani tanggap na ke kriya.

--- 1 : 118 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

Mangkono manèh panambang -ake uga sok bêbarêngan karo atêr-atêr dak, tumrap ing têmbung tanduk, ora nganggo ngilangake atêr-atêre anuswara, kaya ta:

dak + nulis + ake = dak nulisake,
dak + anggawa + ake = dak anggawakake,

têmbung kang mangkono iku rimbage diarani sananta utama purusa ke kriya.

Pèngêt:

Ana têmbung tanduk, ke kriya, kang mêtu saka ing rimbag bawa ma, kaya ta anggumêdhèkake, murusake. Kang mangkono iku yèn linggane apurwa aksara ha, sêmune panambang -ake utawa -akên, kaya tumrap ing rimbag bawa ma, kaya ta murusake, mumêtakên, ananging satêmêne iku padha rimbag tanduk ke kriya, dadi panambang -ake lan -akên mau tumrap ing têmbung tanduk, dêlêngên têrange:

am + murus + ake = murusake,
am + mumêt + akên = mumêtakên.

--- 1 : 119 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 40. Bab Panambang -na lan -ne.

1. Panambang -na lan -ne yèn rinakêtake ing wanda sigêg, panggah bae, dene yèn sumambung ing wanda mênga utawa ing têmbung sawatara kang wandane wêkasan sigêg ing aksara na, wandane kang arêp dipanambangi kudu disigêgake ing aksara ka dhisik, kaya ta:

anjupuk + na = anjupukna,
digawa + na = digawakna,
anjajan + na = anjajakna,
(dak) + anjupuk + ne = dak jupukne,
(dak) + anggawa + ne = dak gawakne,
(dak) + anjajan + ne = dak jajakne.

2. Panambang -na iku tumrap ing têmbung tanduk lan têmbung tanggap, yèn tumrap ing têmbung tanduk, trape ana warna loro:

I. Ora ngilangake atêr-atêre anuswara, rimbage kalumrahane kabèh diarani sambawane tanduk ke kriya, ananging satêmêne ana kang prayoga diarani agnyane tanduk ke kriya, kaya ta anjupukna, anggawakna.

--- 1 : 120 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

II. Nganggo ngilangake atêr-atêre anuswara, dadi kaya tumrap ing têmbung lingga, rimbage kalumrahane diarani agnyane tanduk ke kriya, nanging prayoga diarani agyane tanggap madyama purusa ke kriya, kaya ta jupukna, gawakna.

Dene yèn tumrap ing têmbung tanggap, rimbage aran sambawaning ke kriya, kaya ta:

dak jupukna diarani sambawane tanggap utama purusa ke kriya,
ko jupukna diarani sambawane tanggap madyama purusa ke kriya,
dijupukna diarani sambawane tanggap pratama purusa ke kriya,
kajupukna diarani sambawane tanggap ka ke kriya,
jinupukna diarani sambawane tanggap na ke kriya.

3. Panambang -ne iku kanggone ana warna loro:

I. Tumrap ing têmbung tanduk, bêbarêngan karo atêr-atêr

--- 1 : 121 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

dak, nganggo ngilangake atêr-atêre anuswara, rimbage aran tandange tanduk ke kriya, kaya ta:

dak + ngasah + ne = dak asahne,
dak + anggawa + ne = dak gawakne.

II. Tumrap ing têmbung lingga sawatara kang atêgês araning prênahe sanak sadulur, minôngka dadi sêsulihe panambang -e, kaya ta:

kakang + ne = kakangne,
kaki + ne = kakèkne,
bapa + ne = bapakne,
dene kakange, kakine, bapane, iku padha olèh panambang -e.

§ 41. Bab Rimbag Dwiwasana.

Ana têmbung ngrong wanda sawatara kang kêna karimbag sarana ngrangkêp purwane wanda wêkasan, dadi prasasat kaulur dadi têlung wanda, rimbage aran têmbung dwiwasana, dene trape:

I. Yèn purwane têmbunge lingga kadunungan ing sandhangan pêpêt, dadine têmbung dwiwasana: ing têngah-têngahe wanda kapisan lan kapindho kawuwuhan wanda kang mêtu saka ing purwane wanda kapindho, dadi yèn wanda mau sigêg, sêsigêge ora [o...]

--- 1 : 122 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...ra] milu (sabab sêsigêging wanda iku ora milu dadi purwaning wanda), dene yèn kadunungan sandhangan swara: iku milu karangkêp, kaya ta:

cêluk dadi cêluluk,
cêngès dadi cêngèngès,
dêngèk dadi dêngèngèk,
jêgos dadi jêgogos.

II. Yèn purwane têmbunge lingga ora kadunungan ing sandhangan pêpêt, dadine têmbung dwiwasana: ing têngah-têngahe wanda kapisan lan kapindho uga kawuwuhan wanda kang mêtu saka ing purwane wanda kapindho, ananging wandane kapisan banjur dipêpêt, dene sandhangane swara lan sêsigêge wanda kapisan mau banjur rumambat marang wandane kapindho têmbunge dwiwasana, mangkono manèh yèn wandane kapindho têmbunge lingga aksara ka, iku banjur malih dadi ga, kaya ta:

jodhog dadi jêdhodhog,
jingkat dadi jêginggat.

§ 42. Bab Rimbag Dwipurwa sarta Dwilingga kang Mêtu saka ing Têmbung Andhahan.

1. Têmbung andhahan iku akèh kang kêna dirimbag manèh [ma...]

--- 1 : 123 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...nèh] dadi dwipurwa utawa dwilingga, trape ana kang barès bae sarta ana kang mawa pathokan.

2. Têmbung wisesa na lingga kang karimbag dadi dwipurwa utawa dwilingga iku nglungguhi pathokan kang kasêbut ing ngisor iki:

I. Têmbung wisesa na lingga kang ora apurwa aksara ha, dadine rimbag dwipurwa trape barès bae, dene dadine rimbag dwilingga panambange -an, mung tumrap ing têmbunge kang buri, dene yèn panambange -an, kang tumrap ing têmbunge wisesa na lingga: rangkêp, têmbunge kang ngarêp nganggo panambang -an siji, kang buri isih rangkêp kaya ta:

jaranan dadi jêjaranan - jaran-jaranan,
godhongan dadi gêgodhongan - godhong-godhongan,
lironan dadi lêlironan - liron-lironan.

II. Dene yèn têmbunge wise[3] na lingga apurwa aksara ha, iku ora tumindak karimbag dadi dwipurwa (cundhukna karo § 18. ôngka 5). Yèn karimbag dadi dwilingga, panambange -an, tumrap ing têmbunge karo pisan, kaya ta:

--- 1 : 124 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

alan ora tumindak dadi aalan,
alan dadine dwilingga: alan-alan,
adon dadine dwilingga: adon-adon.

III. Têmbung lingga kang wandane wêkasan mênga sarta yèn wujud rimbag wisesa na lingga: wanda wêkasan mau kasigêgake ing ka, iku dadine rimbag dwilingga, wandane wêkasan têmbung kang ngarêp isih kasigêgake ing ka, kaya ta:

dhewekan dadi dhewek-dhewekan.

IV. Têmbung wisesa na lingga kang wandane kapisan lan kapindho nunggal aksara, uga ora tumindak karimbag dadi dwipurwa, kaya ta:

sasèn ora tumindak dadi sasasèn,
bêbêdan ora tumindak dadi bêbêbêdan.

3. Têmbung tanduk, iku têlu pisan uga kêna karimbag dadi dwipurwa utawa dwilingga, trape ngugêmi pathokan kang kasêbut ing ngisor iki:

I. Yèn purwaning linggane luluh karo sêsigêging atêr-atêre anuswara, trape purwaning têmbung barès bae, dene panangbange[4] tanduk i kriya lan ke kriya tumrape ing rimbag dwilingga, sabên-sabên mung tumrap ing têmbunge kang buri, ananging yèn sangarêpe panambang -i kadunungan ing panambang -a-

--- 1 : 125 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

n, sarta sangarêpe panambang -ake ana wuwuhane sêsigêg aksara ka, panambang -an, lan aksara ka sêsigêg mau uga padha tumrap ing têmbunge karo pisan, kaya ta:

manah dadi mamanah - manah-manah,
ngukuhi dadi ngungukuhi - ngukuh-ngukuhi,
nurunake dadi nunurunake - nurun-nurunake,
nambani dadi nanambani - namban-nambani,
naokake dadi nanaokake - naok-naokake.

II. Yèn purwaning lingga ora luluh karo sêsigêging atêr-atêre anuswara, atêr-atêre anuswara mung katulis sapisan, yaiku ana ing bêbukane têmbung dwipurwa lan dwilingga, ananging dwilinggane bêbukane têmbunge kang buri uga kaunèkake kanthi brêngêngênging aksara irung, kaya ta:

anjaluk - anjajaluk - anjaluk-jaluk = 'njaluk-'njaluk;
andumuki - andudumuki - andumuk-dumuki = 'ndumuk-'ndumuki;
ambubrahake - ambububrahake - ambubrah-bubrahake = 'mbubrah-'mbubrahake;

--- 1 : 126 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

andamoni - andadamoni - andamon-damoni = 'ndamon-'ndamoni;
amburokake - ambuburokake - amburok-burokake = 'mburok-'mburokake.

III. Yèn purwaning lingga aksara luluh (ra, la) utawa aksara môndaswara (wa, ya), yaiku kang muni barêng karo sêsigêging atêr-atêre anuswara, atêr-atêre anuswara ana ing rimbage dwipurwa ora dirangkêp, ananging ing rimbage dwilingga tumrap ing têmbunge karo pisan, kaya ta:

ngrusak - ngrurusak - ngrusak-ngrusak,
ngratoni - ngraratoni - ngraton-ngratoni,
nglumahake - nglulumahake - nglumah-nglumahake,
ngwontênakên - ngwowontênakên - ngwontên-ngwontênakên,
ngyakinake - ngyayakinake - ngyakin-ngyakinake.

Pèngêt:

Ana uga têmbung ngrujit-rujit, nglumah-lumahake (padha ora ngrangkêp atêr-atêr anuswara), ananging iku dudu

--- 1 : 127 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

rimbag dwilingganing tanduk, sanyatane iku rimbag tanduk kang mêtu saka ing rimbag dwilingga.

4. Sarupaning rimbag tanggap ora kêna karimbag dadi dwipurwa, ananging dwipurwaning tanduk têlu pisan kêna kagawe rimbag tanggap, kaya ta:

dak + andudumuk = dak dudumuk,
ko + andududukani = ko dudukani,
di + nanakokake = ditêtakokake,
ka + nunulisi = katutulisan,
mamaringi kasêsêlan na = pinaparingan.

Ananging rimbag tanggap iku padha kêna kagawe dwilingga, dadine rimbag dwilingga satêmêne atêr-atêring tanggape uga milu karangkêp, ananging kalumrahane atêr-atêr kang tumrap ing têmbung kang buri kabuwang (panganggone rangkêp, mung yèn arêp ambangêtake surasane), dadi iya madha rupa karo rimbag tanggap, kang mêtu saka ing dwilingganing tanduk, dene tumraping panambange -i kriya lan ke kriya kayadene kang wus kapratelakake ing dwilingganing tanduk (§ 41. iki ôngka: 3 I) kaya ta:

dak tulis dadi dak tulis-tulis,
ko gawani dadi ko gawan-gawani,

--- 1 : 128 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

ditukokake dadi ditukok-tukokake,
kaobong dadi kaobong-obong,
pinaringan dadi pinaring-paringan.

Pèngêt:

Ana rimbag rong warna kang madha rupa karo dwilingganing tanggap, yaiku:

I. Tanggap kang mêtu saka ing dwilingganing tanduk, kaya ta: disingkang-singkang - dipotha-potha,

II. Tanggape têmbung dwilingga, kaya ta: diisin-isin, diuring-uring.

5. Rimbag bawa: ka lan wisesa na bawa: ka ora kêna kaandhahake dadi dwipurwa, nanging kêna dadi dwilingga traping atêr-atêre uga karangkêp bênêr bae, ananging panambange (wisesa na bawa: ka) mung tumrap ing têmbunge kang buri, kaya ta:

--- 1 : 129 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kêbanjur dadi kêbanjur-kêbanjur,
kêsandhung dadi kêsandhung-kêsandhung,
kobongan dadi kobong-kobongan,
katutan dadi katut-katutan.

Pèngêt:

Wujude rimbag dwilingganing bawa ka, iku mèmpêr rimbag bawa: ka, kang mêtu saka ing dwilingganing tanduk, ananging ana bedane sathithik, dene rimbag bawa: ka kang mêtu saka ing dwilingganing tanduk iku ora ngrangkêp atêr-atêre, kaya ta:

kêbanjur-banjur = kê + ambanjur-banjur,
kêsandhung-sandhung = kê + nyandhung-nyandhung.

6. Rimbag bawa: ma lan wisesa na bawa: ma uga mung kêna kagawe dwilingga, trape mung karangkêp barès, dadi nganggo sêsêlan ing têmbunge karo pisan, ananging panambange (wisesa na bawa ma) mung tumrap ing têmbunge kang buri, kaya ta:

gumêdhe dadi gumêdhe-gumêdhe,
mubêng dadi mubêng-mubêng,

--- 1 : 130 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

rumiyinan dadi rumiyin-rumiyinan,
sumurupan dadi sumurup-sumurupan.

Pèngêt:

Ana rimbag rong warna kang mèmpêr wujude karo rimbag dwilingganing bawa: ma, yaiku:

I. bawa ma, kang mêtu saka ing dwilingga, ananging sêsêlane mung siji, tumrap ing têmbunge ngarêp, kaya ta:

gumêdhe-gêdhe = gêdhe-gêdhe disêsêli ma,
sumaguh-saguh = saguh-saguh disêsêli ma.

II. bawa ma tundha, sêsêlane uga mung siji, ananging tumrap ing têmbunge kang buri, dadi rimbag bawa ma tundha iku awujud panyambore têmbung lingga karo rimbage bawa ma têmbung lingga iku, kaya ta:

tular-tumular = tular + tumular,
guling-gumuling = guling + gumuling.

7. Rimbag bawa kuma, bawa kami lan bawa kapi uga ora kêna kagawe rimbag dwipurwa, ananging ana kang kêna kaandhahake dadi dwilingga, atêr-atêre ora padha milu karangkêp, kaya ta:

--- 1 : 131 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kumalônda dadi kumalônda-lônda,
kumala dadi kumala-ala,
kamipurun dadi kamipurun-purun,
kamiluyu dadi kamiluyu-luyu.

8. Rimbag guna ana kang kêna kagawe dwipurwa utawa dwilingga, ananging akèh kang kêna karimbag dadi dwilingga, dene trape kacêtha dening tuladha ing ngisor iki:

risènên dadi ririsènên - risèn-risènên,
rungonên dadi rurungonên - rungon-rungonên,
gugonên dadi gugon-gugonên.

9. Rimbag sambawa, agnya, tandang, sananta lan kriya wacaka padha ora kêna kagawe dwipurwa, ananging sarupaning tanggap, kang mêtu saka ing dwipurwaning tanduk, kêna kagawe sambawa, sarta dwipurwaning tanduk, kêna kagawe rimbag agnya, tandang, sananta lan kriya wacaka, kaya ta:

I. Sambawa kang mêtu saka ing dwipurwaning tanduk:

dak tutulis + a = dak tutulisa,

--- 1 : 132 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

ko gagawani (+ ana) dadi ko gagawanana,
dirurungokake (+ na) dadi dirurungokna,
kabêbêkta + a dadi kabêbêktaa,
tinatubruk + a dadi tinatubruka.

II. Agnya kang mêtu saka ing dwipurwaning tanduk:

nunulis + a = nunulisa,
anggêgêcêki (+ ana) dadi anggêgêcêkana,
nunukokake (+ na) dadi nunukokna,
ngrurungu + ên dadi rurungunên.

III. Tandang kang mêtu saka ing dwipurwaning tanduk:

dak + nyanyakar + e = dak cacakare,
dak + nunulisi (+ an, e) dadi dak tutulisane,
dak + mamakakake (+ ne) dadi dak papakakne.

IV. Sananta kang mêtu saka ing dwipurwaning tanduk:

dak + nunulis = dak nunulis,
dak + nyanyakari = dak nyanyakari,

--- 1 : 133 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

dak + mamakakake = dak mamakakake,
di + mêmêlas = dimêmêlas,
di + ninitèni = dininitèni,
di + ngrurungokake = dingrurungokake.

V. Kriya wacaka kang mêtu saka ing dwipurwaning tanduk:

pa + ngrurujit = pangrurujit.

Ananging rimbag sambawa, agnya, tandang, sananta lan kriya wacaka padha kêna kagawe dwilingga, trape ora padha ngrangkêp atêr-atêr utawa panambange, atêr-atêre mung tumrap ing têmbunge ngarêp, panambange ing têmbunge kang buri, dadi wujuding têmbung padha karo rimbag sambawa, agnya, tandang, sananta lan kriya wacaka kang mêtu saka ing dwilingganing tanduk, kaya ta:

Ia. Dwilingganing sambawa:

dak tulisa dadi dak tulis-tulisa = dak + nulis-nulis + a,
ko gawanana dadi ko gawan-gawanana = ko + anggawan-gawani + ana,

--- 1 : 134 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

dirungokna dadi dirungok-rungokna = di + ngrungok-ngrungokake + na,
kabêktaa dadi kabêkta-bêktaa = ka + ambêkta-bêkta + a,
tinubruka dadi tinubruk-tubruka = nubruk-nubruk disêsêli na sarta dipanambangi -a.

IIa. Dwilingganing agnya:

nulisa dadi nulis-nulisa = nulis-nulis + a,
nulisana dadi nulis-nulisana = nulis-nulisi + ana,
nulisna dadi nulis-nulisna = nulis-nulisake + na,
rujitên dadi rujit-rujitên = ngrujit-ngrujit + ên,
rujitana dadi rujit-rujitana = ngrujit-ngrujiti + ana,
rujitna dadi rujit-rujitna = ngrujit-ngrujitake + na.

--- 1 : 135 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

IIIa. Dwilingganing tandang:

dak rujite dadi dak rujit-rujite = dak ngrujit-ngrujit + e,
dak rujitane dadi dak rujit-rujitane = dak + ngrujit-ngrujiti + an + e,
dak rujitne dadi dak rujit-rujitne = dak + ngrujit-ngrujitake + ne.

IVa. Dwilingganing sananta:

dak nata dadi dak nata-nata = dak + nata-nata,
dak natani dadi dak natan-natani = dak + natan-natani,
dak natakake dadi dak natak-natakake = dak + natak-natakake,
dingêri dadi dingêri-ngêri = di + ngêri-ngêri,
dimêdèni dadi dimêdèn-mêdèni = di + mêdèn-mêdèni,
dingrungokake dadi dingrungok-ngrungokake = di + ngrungok-ngrungokake.

--- 1 : 136 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

Va. Dwilingganing kriya wacaka:

pamijang dadi pamijang-mijang = pa + mijang-mijang.

Katrangan:

Dwilinggane kriya wacaka iku sanajan purwaning linggane luluh karo sêsigêging atêr-atêre anuswara, ewadene ana uga kang ora nganggo atêr-atêr anuswara ing têmbunge kang buri, sarta yèn purwaning lingga aksara ka, tarkadhang malih dadi ha, kaya ta:

panêtêr dadi panêtêr-nêtêr utawa panêtêr-têtêr,
pangêthok dadi pangêthok-ngêthok utawa pangêthok-kêthok,
pangira dadi pangira-ira.

10. Rimbag sambawa kang mêtu saka ing têmbung lingga kanthi panambang -an lan -e, ora tau kagawe dwipurwa, nanging lumrah kagawe dwilingga, lumrahe banjur dikanthèni atêr-atêr sa-, dene trape kacêtha saka ing tuladha ing ngisor iki:

cilikaneya dadi sacilik-cilikaneya,
dawananeya dadi sadawan-dawananeya.

--- 1 : 137 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 43. Bab Rimbag Dwilingga Salin Swara, Kang Mêtu Saka ing Têmbung Andhahan.

Sarupaning têmbung andhahan kang kêna kagawe rimbag dwilingga (kasêbut ing § 42) iku padha kêna kagawe dwilingga salin swara, owahing swarane manut pathokan kang wus kapratelakake ing § 20. ôngka 3 sapiturute, dene traping atêr-atêr, sêsêlan lan panambange, manut pathokan kang kasêbut ing § 42 kang tumrap ing rimbag dwilingga, kaya ta:

I. Kang saka ing wisesa na lingga:

lironan dadi liran-lironan,
adon dadi odon-adon,
jaranan dadi jaran-jerenan,
alan dadi alan-èlèn.

II. Kang saka ing tanduk:

manah dadi manah-mènèh,
andumuki dadi andumak-dumuki,
amburokake dadi amburak-burokake,

--- 1 : 138 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

nuku dadi nuka-nuku,
ngratoni dadi ngrotan-ngratoni,
nglumahake dadi nglumah-nglumèhake.

III. Kang mêtu saka ing tanggap:

dak dumuk dadi dak dumak-dumuk,
ko dukani dadi kodukan-dukèni,
ditakokake dadi ditokak-takokake,
katulis dadi katulas-tulis,
pinaringan dadi pinorang-paringan.

IV. Kang mêtu saka ing bawa ka lan wisesa na bawa ka:

kêbanjur dadi kêbonjar-kêbanjur,
kobongan dadi kobang-kobongan.

V. Kang mêtu saka ing bawa ma lan wisesa na bawa ma:

gumêdhe dadi gumêdha-gumêdhe,
mubêng dadi mubang-mubêng,
rumiyinan dadi rumiyan-rumiyinan.

VI. Kang mêtu saka ing bawa kuma, bawa kami sarta bawa kapi:

--- 1 : 139 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kumalônda dadi kumalônda-lônda unine kumalanda-landa,
kumala dadi kumola-ala unine kumola-ala,
kamipurun dadi kamipurun-purun,
kapiluyu dadi kapiluya-luyu unine kapiluya-luyu.

VII. Kang mêtu saka ing rimbag guna:

risènên dadi risan-risènên,
gugonên dadi gugan-gugonên.

VIII. Kang mêtu saka ing sambawa:

dak tulisa dadi dak tulas-tulisa,
ko gawanana dadi ko gowan-gawanana,
dirungokna dadi dirungak-rungokna,
kabêktaa dadi kabêkta-bêktaa unine kabêkta-bêktowa,
tinubruka dadi tinubrak-tinubruka.

IX. Kang mêtu saka ing rimbag agnya:

nulisa dadi nulas-nulisa,

--- 1 : 140 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

nulisana dadi nulas-nulisana,
nulisna dadi nulas-nulisna,
rujitên dadi rujat-rujitên,
rujitana dadi rujat-rujitana,
rujitna dadi rujat-rujitna.

X. Kang mêtu saka ing rimbag tandang.

dak rujite dadi dak rujat-rujite,
dak rujitane dadi dak rujat-rujitane,
dak rujitne dadi dak rujat-rujitne.

XI. Kang mêtu saka ing rimbag sananta:

dak nata dadi dak nota-nata,
dak natani dadi dak natan-nètèni,
dak natakake dadi dak natak-nètèkake,
dingêri dadi dingêra-ngêri,
dimêdèni dadi dimêdan-mêdèni,
dingrungokake dadi dingrungak-ngrungokake.

XII. Kang mêtu saka ing rimbag kriya wacaka:

pamijang dadi pamijang-mijèng,

--- 1 : 141 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

panêtêr dadi panêtar-nêtêr utawa panêtar-têtêr,
pangira dadi pangira-ira unine pangira-ira.

XIII. Kang mêtu saka ing rimbag sambawa kang kanthi atêr-atêr sa-:

sacilikaneya dadi sacilak-cilikaneya,
sadawananeya dadi sadawan-dewenaneya.

Katrangan:

Ana rimbag kang wujude mèmpêr dwilingga salin swara kang saka ing têmbung andhahan, yaiku sarupaning têmbung andhahan kang mêtu saka ing dwilingga salin swara lugu lan saka ing dwilinggane salin swara têmbung tanduk, kaya ta:

kêbonjar-banjur = kê + ambonjar-banjur,
gumêdhe-gêdhe = gêdha-gêdhe disêsêli ma.

§ 44. Bab Têmbung Andhahan kang Mêtu saka ing Têmbung Camboran.

1. Têmbung camboran uga akèh kang kêna kaandhahake kayadene têmbung lingga, traping atêr-atêr, sêsêlan [sêsêla...]

--- 1 : 142 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...n] lan panambange uga nêtêpi ugêr kang wus kapratelakake ing ngarêp kabèh, kaya ta:

a + solah-bawa = asolah-bawa,
gônda suli disêsêli ma = gumônda suli,
walangati + an = walangatèn,
ang + karangulu = ngarangulu,
ang + karangulu + i = ngaranguloni,
ang + karangulu + ake = ngarangulokake,
dak + ngarangulu = dak karangulu utawa dak ngarangulu,
ko + ngarangulu + i = ko karanguloni,
di + ngarangulu + ake = dikarangulokake,
ka + ngarangulu = kakarangulu,
ngarangulu disêsêli na = kinarangulu,
kê + andaluwarsa = kêdaluwarsa,
pa + ngarangulu = pangarangulu,
ngarangulu + a = ngarangulua,

--- 1 : 143 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

ngaranguloni + ana = ngarangulonana,
ngarangulokake + na = ngarangulokna,
ngarangulu + ên = karangulunên,
ngaranguloni + ana = karangulonana,
ngarangulokake + na = karangulokna,
dak + ngarangulu + e = dak karangulune,
dak + ngaranguloni + an + e = dak karangulonane,
dak + ngarangulokake + ne = dak karangulokne,
dak + ngarangulu + i = dak ngaranguloni,
dak + ngarangulu + ake = dak ngarangulokake,
di + andhap asor = diandhap asor.

2. Têmbung andhahan kang mêtu saka ing têmbung camboran iku uga akèh kang banjur kêna dipanambangi -a dadi rimbag sambawa, kaya ta:

asolah bawa + a = asolah bawaa,
gumônda suli + a = gumônda sulia

--- 1 : 144 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

walangatèn + a = walangatèna,
dak karangulu + a = dak karangulua,
ko karangulu + a = ko karangulua,
dikarangulu + a = dikarangulua,
kakarangulu + a = kakarangulua,
kinarangulu + a = kinarangulua,
pangarangulu + a = pangarangulua.

§ 45. Bab Dayane Têmbung ing, kang Tumônja ing Tulis.

1. Sarèhning têmbung ing iku akèh têgêse (bakal kapratelakake ing layang jilidan kaping pindho), dadi kêrêp bangêt kanggone ing ukara, sabên-sabên aksarane nga (yaiku =) kang dadi sêsigêge, anduwèni daya tumrap ing pakêcapane wandane wiwitan têmbung candhake, tarkadhang kêsrambah ing tulis. Sanajan têmbung ing mau ora diucapake, dayane mau mêksa ora bisa ilang, malah dadi panêngêran, yèn ing sangarêpe ing kono bênêre ana têmbunge ing.

2. Sarupaning têmbung kang dumunung ana saburining têmbung ing, purwane kudu kaunèkake kanthi brêngêngênging aksara irung kang nunggal warga karo aksara purwaning têmbung mau, yèn purwane

--- 1 : 145 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

aksara ra, wa, la utawa ya, unine kanthi aksara nga, mung kang apurwa aksara ca, ka, ta, sa, wa, pa, utawa tha brêngêngênging aksarane irung ora patia, tuladhane kaya ta:

I. ing alas unine ing ngalas,
ing ratan unine ing ngratan,
ing dalu unine ing ndalu,
ing lêbêt unine ing nglêbêt,
ing dhukuh unine ing ndhukuh,
ing jaba unine ing njaba,
ing Yoja unine ing Ngyoja,
ing Galuh unine ing Nggaluh,
ing Batawi unine ing Mbatawi.

II. ing Caruban unine ing Ncaruban,
ing kabupatèn unine ing ngkabupatèn,
ing tanjung unine ing ntanjung,
ing sawah unine ing ngsawah,
ing warung unine ing ngwarung,
ing paran unine ing mparan,
ing thilêng unine ing nthilêng.

--- 1 : 146 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

3. Yèn purwaning têmbung kang dumunung saburine têmbung ing iku aksara ha, ra utawa la, môngka têmbunge dudu têmbung aran, aksara nga kang tumrap ing unine purwaning têmbung mau lumrahe katulis, kaya ta:

ing arêp katulis ing ngarêp,
ing êndi katulis ing ngêndi,
ing riku katulis ing ngriku,
ing riki katulis ing ngriki,
ing lêbêt katulis ing nglêbêt,
nanging ing lair ora katulis ing nglair, dadi nyêbal.

4. Sanajan têmbung mau ing ngarêpe ora ana têmbunge ing, yèn surasane pancèn nganggo têmbung ing unine utawa tulisane uga ngugêmi pathokan kang kasêbut ing dhuwur, kaya ta:

wong desa unine wong ndesa,
saka Pathi unine saka Mpathi,
besuk unine mbesuk,
wong êndi muni sarta katulis wong ngêndi.

--- 1 : 147 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 46. Bab Luluhing Aksara ha, Kanggo ing Kidung.

1. Têmbung kang apurwa aksara ha, iku ana ing kidung akèh kang kudu kagarba karo wandane wêkasan têmbung ngarêpe, jalaran kêrêp kapêksa saka ing guru wilanganing têmbunge.

2. Yèn aksara ha purwaning têmbung mau, sarta wandane wêkasan têmbung ngarêpe padha dene ora kadunungan ing sandhangan swara utawa padha nunggal sandhangan swara, aksara ha mau kaluluhake bênêr bae: kadadèkake siji karo wanda sangarêpe, kaya ta:

padha ana dadi padhana (padha-na),
boya ana dadi boyana (boya-na),
sarwa alus dadi sarwalus (sarwa-lus), ana uga kang ngunèkake sarwa-lus,
sigra arsa dadi sigrarsa,
kadya arga dadi kadyarga,
siti inggil dadi sitinggil,
milu ucul dadi milucul,
suwe enggal dadi suwènggèl,
jaro oyag dadi jaroyag.

--- 1 : 148 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

3. Mangkono uga yèn aksara ha purwaning têmbung mau kadunungan ing sandhangan taling, taling tarung utawa pêpêt, môngka wanda sangarêpe ora karakêtan ing sandhangan swara, kaya ta:

sarwa eca dadi sarweca,
kuda èstri dadi kudèstri,
samya èring dadi samyèring,
padha obah dadi padhobah utawa padhabah (unine padha-bah),
kadya ôngga dadi kadyôngga (kadyang-ga),
kisma êra dadi kismêra utawa kismra,
saya êmar dadi sayêmar utawa sayamar.

4. Yèn aksara ha purning[5] têmbung mau kadunungan ing sandhangan ulu utawa suku, môngka wanda ing sangarêpe ora kadunungan ing sandhangan swara, iku panggarbane sarana ngowahake ulu utawa suku mau dadi taling utawa taling tarung, kaya ta:

rama ibu dadi ramebu (rame-bu),
patra ijo dadi patrejo (patre-jo),

--- 1 : 149 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

nara iswara dadi nareswara (nare-swara),
jaya ing rana dadi jayèngrana,
prapta ing (arga) dadi praptèng (arga),
wisa utama dadi wisotama,
bagya uga dadi bagyoga,
arja udani dadi arjodani.

5. Yèn wandane wêkasan têmbung kang ngarêp karakêtan ing sandhangan ulu utawa suku, ulune malih dadi pengkal, sukune dadi gêmbung, samono iku yèn aksara ha bêbukane têmbung urute ora kadunungan ing sandhangan swara, dene yèn wanda iku kadunungan sandhangan swara: sandhangane swara iku karakêtake ing aksara kang kadunungan ing pengkal utawa gêmbung mau, kaya ta:

kadi arga dadi kadyarga,
sami angsal dadi samyangsal,
sami eca dadi samyeca,
kadi hèrnawa dadi kadyèrnawa,
sami unggul dadi samyunggul,
kadi ôngga dadi kadyôngga,

--- 1 : 150 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

sami onêng dadi samyonêng,
kayu aking dadi kaywaking,
lalu arda dadi lalwarda,
kuru iku dadi kurwiku,
kayu ingas dadi kaywingas,
kayu ènthèng dadi kaywènthèng,
bayu otot dadi baywotot,
aku êrak dadi akwêrak.

Yèn aksara ha purwaning têmbung mau kadunungan ing ulu cêcak, iku ulune kêna kaliru ing taling kaya ta:

dumugi ing dadi dumugyèng,
sugandi ingwang dadi sugandyèngwang,
guru ingsun dadi gurwèngsun,
ruru ing dadi rurwèng.

6. Mangkono uga yèn wandane wêkasan têmbung kang ngarêp kadunungan ing sandhangan taling utawa taling tarung, talinge dadi pengkal, taling tarung dadi gêmbung, mangkono iku yèn aksara ha bêbukane têmbung urute ora kadunungan ing sandhangan swara, kaya ta:

--- 1 : 151 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

darbe arta dadi darbyarta,
badhe arsa dadi badhyarsa,
karo anggabêr dadi karwanggabêr,
jago adon dadi jagwadon.

Dene yèn wandane wêkasan têmbung kang ngarêp kadunungan ing taling, môngka aksara ha purwaning têmbung urute karakêtan ing sandhangan suku, taling tarung utawa pêpêt, sandhangane swara aksara ha iku banjur rinakêtake ing wanda kang kadunungan ing pengkal, lirune talinging wanda wêkasan mau, kaya ta:

lambe untu dadi lambyuntu,
gawe obat dadi gawyobat,
duwe êlar dadi duwyêlar utawa duwe lar.

Mangkono uga yèn wandane wêkasan têmbung kang ngarêp karakêtan ing taling tarung, môngka aksara ha purwaning têmbung candhake karakêtan ing suku, taling utawa pêpêt, sandhangane swara aksara ha iku kêna karakêtake ing wanda kang kadunungan ing gêmbung lirune taling tarunge wanda wêkasan mau, kaya ta:

--- 1 : 152 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

mayo ujung dadi maywujung utawa maywojung,
jago èkèr dadi jagwèkèr,
kalo êmas dadi kalwêmas utawa kalo mas.

Yèn aksara ha purwane têmbung kang buri kadunungan ing sandhangan ulu iku malih dadi taling sarta karakêtake ing wanda kang kadunungan ing pengkal utawa gêmbung: lirune taling utawa taling tarung mau, kaya ta:

pare ijo dadi paryejo utawa parejo,
rame ing dadi ramyèng,
karo iku dadi karwèku,
sato ing dadi satwèng.

7. Yèn purwane têmbung iku kagarba karo wanda ing ngarêpe, kang kadunungan ing ulu utawa suku, ulune têmbung iku mau kêrêp dadi taling, kaya ta:

aji iku dadi ajyèku,
kuru iku dadi kuryèku.

8. Wanda wêkasan kang sigêg ing wignyan, uga kêna kagarba karo aksara ha purwaning têmbung urute, yèn aksara ha mau sigêg, panggarbane sara[6] kabuwang wignyane [wi...]

--- 1 : 153 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...gnyane] mau, dene owahe sandhangan swara uga manut ugêr ing dhuwur: yèn wandane wêkasan têmbung kang ngarêp mau mênga, kaya ta:

têngah arga dadi têngarga,
gajah indra dadi gajendra,
manggih arta dadi manggyarta,
dumèh arda dadi dumyarda,
pêjah ing (wana) dadi pêjèng (wana),
pinanggih ing (nala) dadi pinanggyèng (nala),
lumuhing (garwa) dadi lumyèng (garwa).

Katrangan:

Wanda wêkasan kang sigêg ing wignyan mau, yèn kadunungan ing taling tarung utawa pêpêt, ora tau kagarba karo wanda urute.

9. Panggarbaning têmbung iku kêrêp andadèkake pêtênging ukara, jalaran saka ngêmu rasa loro, kaya ta patyèng nata iku anduwèi têgês patining nata utawa patihing nata, mulane yèn ana sumêlange ngêmu rasa loro mangkono, prayoga nyingkirana panggarba mau.

--- 1 : 154 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 47. Bab Pangrimbage Têmbung Krama saka ing Têmbung Ngoko.

1. Têmbung krama iku akèh kang karimbag saka ing têmbunge ngoko, sawatara uga kêna dipathoki, ananging pathokane mau mung tumrap ing têmbung sawatara, ora tumrap ing sadhengah têmbung kang nunggal kaanan, dadi ora patia akèh paedahe, ewadene prayoga disumurupi kanggo gêgênêp kawruh bab pangrimbaging têmbung. Sarèhne pêpathokane mau ora bisa tumrap marang sarupaning têmbung kang nunggal kaanan, dadi ing sabisa-bisa tuladhane kang nglungguhi pathokan mau dak pratelakake kabèh, kaurut manut dêntawyanjana, nanging murih ringkêse mung kajupuk linggane bae. Mulane yèn mrangguli têmbung kang wus anglungguhi sawijining pathokan, môngka ora kalêbu ing tuladha kang ana ing ngisore, iku aja banjur diewokake mrono, prayoga katiti priksa dhisik, kapriye kramane têmbung mau ing nagara kang basane wus kasêbut bêcik, kaya ta ing Surakarta utawa ing Ngayogyakarta.

2. Têmbung ngoko kang wandane wêkasan tanpa sandhangan swara, akèh kang dikramakake sarana wanda mau diulu, kaya ta:

--- 1 : 155 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

utawa dadi utawi
utama dadi utami
upama dadi upami
uga dadi ugi
agama dadi agami
nagara dadi nagari
coba dadi cobi
rada dadi radi
rawa dadi rawi
rupa dadi rupi
rêga dadi rêgi
kêduga dadi kêdugi
kuwawa dadi kuwawi
darma dadi darmi
duga dadi dugi
tawa dadi tawi
tlaga dadi tlagi
tômpa dadi tampi
têmbaga dadi têmbagi
têgal dadi têgil
tôngga dadi tanggi
tunggal dadi tunggil
sarwa dadi sarwi
swarga dadi swargi
sôngga dadi sanggi
warna dadi warni
Walônda dadi Walandi
pandhapa dadi pandhapi
prayoga dadi prayogi
Jawa dadi Jawi
jaga dadi jagi
manawa dadi manawi
marga dadi margi
mawa dadi mawi
muga dadi mugi
gaga dadi gagi
ngulama dadi ngulami

I. Têmbung krama coba iya ana, yaiku kramane têmbung jajal, tarkadhang uga banjur dikramakake manèh dadi

--- 1 : 156 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

cobi, nanging kang mangkono iku kurang prayoga. Dene têmbung coba kang ngoko kaya ta: lagi kêna ing coba, iku prayoga dikramakake: sawêg kenging ing cobi.

II. Têmbung rawa, tlaga, tôngga, sarwa, gaga, iku satêmêne prayoga dianggêp têmbung krama ngoko.

III. Têmbung swarga, dikramakake swargi iku mung yèn atêgês jênat.

3. Têmbung ngoko kang wandane wêkasan kadunungan ing sandhangan suku, akèh kang dikramakake sarana ambuwang sandhangan suku mau, tarkadhang banjur diwignyan, dene yèn wanda sangarêpe uga nganggo sandhangan suku: iku banjur kaliru ing pêpêt, kaya ta:

etung dadi etang
ingu dadi ingah
runtuh dadi rêntah
rusuh dadi rêsah
rêmbug dadi rêmbag
rubuh dadi rêbah
rêbut dadi rêbat
kuru dadi kêra
kukuh dadi kêkah
kudu dadi kêdah

--- 1 : 157 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

kêsusu dadi kêsêsa
klumpuk dadi klêmpak
kêpung dadi kêpang
kumpul dadi kêmpal
tuduh dadi têdah
tutuh dadi têtah
têpung dadi têpang
têmpuh dadi têmpah
tunggu dadi têngga
surup dadi sêrap
saguh dadi sagah
suguh dadi sêgah
wutuh dadi wêtah
wuwuh dadi wêwah
luput dadi lêpat
lêmu dadi lêma
lêmbut dadi lêmbat
lungguh dadi lênggah
dhukuh dadi dhêkah
dhawuh dadi dhawah
mungsuh dadi mêngsah
mungguh dadi mênggah
gugu dadi gêga
gêbug dadi gêbag
buruh dadi bêrah
butuh dadi bêtah
bubuh dadi bêbah

Katrangan:

I. Ing kadhaton Ngayogyakarta têmbung kumpul ora dikramakake, ing liya panggonan dikramakake kaya kang kapratelakake ing dhuwur.

II. Têmbung krama lênggah iku kalumrahane dianggêp krama inggil, dadi lungguh utawa linggih iku krama ngoko.

--- 1 : 158 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

4. Têmbung ngoko kang wandane wêkasan tanpa sandhangan swara sarta wanda sangarêpe kadunungan ing suku, akèh kang dikramakake sarana suku mau disalini ing ulu, kaya ta:

undhak dadi indhak
unggah dadi inggah
rusak dadi risak
kuwat dadi kiyat
kulak dadi kilak
kumat dadi kimat
kutha dadi kitha
turah dadi tirah
lumrah dadi limrah
mundhak dadi mindhak
rumat dadi rimat
kuna dadi kina
kurang dadi kirang
murah dadi mirah
mula dadi mila
bukak dadi bikak
budhal dadi bidhal
bubar dadi bibar
bubrah dadi bibrah
bungah dadi bingah

Katrangan:

I. Têmbung kuwat lan kiyat, iku purwane wanda kapindho satêmêne padha aswara ha, dene malihe dadi wa amarga dumunung ing saburining suku, sarta malihe dadi ya jalaran dumunung ana ing saburining ulu.

--- 1 : 159 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

II. Têmbung susah uga akèh kang ngramakake dadi sisah, ananging prayoga diênggo krama ngoko bae.

5. Ana têmbung ngoko kang kramane sarana nyalini sandhangane taling tarung têmbung ngoko mau dadi taling, kaya ta:

ênom dadi ênèm
akon dadi akèn
owah dadi ewah
êlor dadi êlèr
opah dadi epah
omah dadi emah
obah dadi ebah
angon dadi angèn
anggo dadi angge
ênggon dadi ênggèn
romah dadi remah
kêponakan dadi kêpenakan
kongkon dadi kèngkèn
takon dadi takèn
tanggon dadi tanggèn
mêngko dadi mangke

Katrangan:

Têmbung omah dikramakake emah iku mung kang ngandhahake têmbung omah-omah, somah, somahan.

6. Têmbung ngoko kang wandane wêkasan da, di, ta, ti, sa, utawa ji, kramane akèh kang sarana nyalini wanda mau dadi os, kaya ta:

--- 1 : 160 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

anti dadi antos
ênti dadi êntos
ati (-ati) dadi atos (-atos)
upadi dadi upados
aji dadi aos
carita dadi cariyos
rêkasa dadi rêkaos
rêti dadi rêtos
rasa dadi raos
kadi dadi kados
kati dadi katos
kuwasa dadi kuwaos
dadi dadi dados
sarônta dadi sarantos
srati dadi sratos
sida dadi siyos
suwasa dadi suwaos
supadi dadi supados
supata dadi supaos
wanti dadi wantos
warta dadi wartos
wadi dadi wados
waspada dadi waspaos
ladi dadi lados
piranti dadi pirantos
prada dadi praos
pati dadi patos
jati dadi jatos
yêkti dadi yêktos
gênti dadi gêntos
gati dadi gatos

Katrangan:

I. Têmbung upadi (= upaya), kadi sarta supadi ing jaman saiki wus ora lumrah kanggo ing pacalathon, kalumrahane kang kanggo golèk kaya sarta supaya.

--- 1 : 161 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

II. Têmbung pati dikramakake patos, iku mung kang atêgês bangêt.

7. Têmbung ngoko kang wandane wêkasan ru, rêp, ju, ya, yu, ngadat kramane sarana nyalini wanda mau dadi jêng, kaya ta:

arêp dadi ajêng
aju dadi ajêng
rahayu dadi rahajêng
karêp dadi kajêng
kayu dadi kajêng
laju dadi lajêng
pitaya dadi pitajêng
playu dadi plajêng
payu dadi pajêng
pambarêp dadi pambajêng
malayu dadi malajêng
guyu dadi gujêng
buru dadi bujêng

8. Yèn wêkasane têmbunge ngoko: ra, rang, ram, utawa nyang, kramane sok owah dadi wis, kaya ta:

antara dadi antawis,
arang dadi awis,
anyang dadi awis,
kara (-kara) dadi kawis (-kawis),
karang dadi kawis (ing pakawisan),
katara dadi katawis,
Samarang dadi Samawis (kalumrahanane), [(ka...]

--- 1 : 162 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

[...lumrahanane),]
watara dadi watawis,
prakara dadi prakawis,
Mataram dadi Matawis.

9. Yèn wandane wêkasan têmbunge ngoko kadunungan ing sandhangan u, uh utawa ung kramane sok ora dadi êt utawa êd, kaya ta:

ewuh dadi èwêd,
ambu dadi ambêt,
imbu dadi imbêt,
imbuh dadi imbêt,
tambuh dadi tambêt,
sambung dadi sambêt,
lêbu dadi lêbêt,
labuh dadi labêt,
jambu dadi jambêt.

10. Yèn wandane wêkasan têmbung ngoko mênga sarta kadunungan ing sandhangan i, u, e, iku ing kramane sok kaliru ing ên, kaya ta:

ake dadi akên,
aku dadi akên,
kaku dadi kakên,
sêpi dadi sêpên.

11. Yèn wandane wêkasan têmbunge ngoko: an, in, èn utawa ir, iku kramane ana kang malih dadi os, kaya ta:

--- 1 : 163 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

rêdatin dadi rêdatos,
krasan dadi kraos,
kêtan dadi kêtos,
kuwatir dadi kuwatos,
dandan dadi dandos,
tlatèn dadi tlatos,
pênjalin dadi panjatos,
prihatin dadi prihatos,
mutawatir dadi mutawatos,
batin dadi batos.

12. Yèn wêkasane têmbunge ngoko: na, ra, re, ri utawa li, kramane sok owah dadi ntên, kaya ta:

ana dadi ontên (wontên)
apura dadi apuntên
dina dadi dintên
tuli dadi tuntên
sore dadi sontên
swara dadi swantên
sagara dadi sagantên
rina dadi rintên
kira dadi kintên
kori dadi kontên
wicara dadi wicantên
pira dadi pintên
mana dadi mantên
mori dadi montên

Katrangan:

I. Têmbung tuli ing dhuwur iku linggane têmbung andhahan nuli, tumuli.

--- 1 : 164 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

II. Têmbung wicara ing saiki wus ora lumrah kanggo ing pacalathon, kang lumrah kanggo calathu, gunêman, kôndha, sapanunggalane kang padha têgêse.

13. Yèn wêkasane têmbunge ngoko: ri, ing kramane sok owah dadi ntun, kaya ta:

nagasari dadi nagasantun,
kari dadi kantun,
tari dadi tantun,
sari dadi santun,
lastari dadi lastantun,
lêmari dadi lêmantun,
pari dadi pantun,
nyari dadi nyantun,
mari dadi mantun.

14. Yèn wêkasane têmbunge ngoko: ali, kramane sok owah dadi angsul, kaya ta

kêndhali dadi kêndhangsul,
kuwali dadi kuwangkul,
tali dadi tangsul.
bali dadi wangsul (lirune bangsul).

15. Yèn wandane wêkasan têmbunge ngoko: du utawa do, kramane sok owah dadi bên, kaya ta:

--- 1 : 165 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

adu dadi abên,
wido dadi wibên,
paido dadi paibên,
padu dadi pabên,
madu dadi mabên.

16. Yèn wandane wêkasan têmbunge ngoko: lang, môngka wanda sangarêpe tanpa sandhangan swara, iku kramane: wanda mau dadi mbêng, dene yèn wanda sangarêpe mawa sandhangan swara, kramane: wanda mau dadi cal, kaya ta:

ilang dadi ical,
kalang dadi kambêng,
wilang dadi wical,
walulang dadi wacucal (lirune walucal),
palang dadi pambêng.

17. Ana têmbung ngoko sawatara kang apurwa aksara wa utawa ba, kramane sarana ngowahi purwaning lingga mau dadi sa, kaya ta:

waras dadi saras,
bangêt dadi sangêt,
barêng dadi sarêng.

18. Ana têmbung ngoko sawatara kang kramane sarana kawuwuhan pun, ing ngarêpe utawa ing burine, kaya ta:

--- 1 : 166 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

êndi dadi pundi,
ika dadi punika,
iki dadi puniki,
iku dadi puniku,
apa dadi punapa,
di dadi dipun.

Katrangan:

Têmbung krama puniki sarta puniku iku mung kanggo ing basa kadhaton sarta ing kidung.

19. Wusana ana têmbung krama kang uga mêtu saka ing têmbunge ngoko, ananging pathokane ora pantês ditamtokake dhewe-dhewe, jalaran saka sathithike têmbung kang lumêbu ing pathokan mau, ing ngisor iki wujude têmbung-têmbung mau:

êndhèk dadi andhap,
arah dadi angkah,
isih dadi taksih,
ala dadi awon,
eling dadi èngêt,
alang-alang dadi kambêngan,
ijo dadi ijêm,
abot dadi awrat,
ubaya dadi ubanggi,
abang dadi abrit,
cêndhak dadi cêlak,
cêdhak dadi cêlak,
rata dadi radin,
rewang dadi rencang,
kirim dadi kintun,
katon dadi katingal,
kalah dadi kawon,
kang dadi ingkang,

--- 1 : 167 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

dluwang dadi dlancang,
tandur dadi tanêm,
trasi dadi traos,
tarung dadi tanglêd,
sêru dadi sora,
suruh dadi sêdhah,
saka dadi saking,
sikil dadi suku,
sawah dadi sabin,
salin dadi santun,
salawe dadi salangkung,
sêga dadi sêkul,
sungu dadi singat,
wêtu dadi wêdal,
waluku dadi walujêng,
liru dadi lintu,
paran dadi purug,
priyayi dadi priyantun,
jêruk dadi jêram,
jamu dadi jampi,
jaba dadi jawi,
mau dadi wau,
manèh dadi malih,
mêngko dadi mangke,
mêngkana dadi mêkatên,
mêngkene dadi mêkatên,
mêngkono dadi mêkatên,
gampang dadi gampil,
gong dadi gôngsa,
bobot dadi wawrat,
bêngawan dadi bênawi.

Sêrat Parama-sastra punika ingkang sade N.V. voorheen H. Buning ing Ngayogyakarta

1 ex rêgi ... f 1.- akalihan prabeya-post dados ... f 1.10. Tumrap ingkang tumbas 25 ex minggah sa exemplaripun ... f 0.85

--- 1 : 168 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

Isine layang iki:

Bêbuka I ... kaca 3.
Bêbuka II ... kaca 5.
Pambuka ... kaca 6.
§ 1. Bab dêntawyanjana ... kaca 9.
§ 2. Bab pasangan ... kaca 10.
§ 3. Bab sandhangan ... kaca 12.
§ 4. Bab aksara murda ... kaca 17.
§ 5. Bab aksara swara ... kaca 19.
§ 6. Bab aksara rekan ... kaca 21.
§ 7. Bab ôngka ... kaca 22.
§ 8. Bab pada ... kaca 23.
§ 9. Katrangan bab unine prabot sawatara ... kaca 30.
§ 10. Bab unine aksara lêgêna ... kaca 30.
§ 11. Bab unine aksara ha ... kaca 32.
§ 12. Bab unine aksara ka, yèn dadi sêsigêg ... kaca 34.
§ 13. Bab swarane ulu lan suku ... kaca 35.
§ 14. Bab swaraning taling ... kaca 36.
§ 15. Bab unine sandhangan taling tarung ... kaca 39.

--- 1 : 169 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 16. Bab têmbung wod lan têmbung lingga ... kaca 43.
§ 17. Bab têmbung andhahan ... kaca 51.
§ 18. Bab rimbag dwipurwa ... kaca 53.
§ 19. Bab rimbag dwilingga ... kaca 57.
§ 20. Bab têmbung wancahan ... kaca 63.
§ 21. Bab têmbung camboran ... kaca 66.
§ 22. Bab atêr-atêr a- lan ma- ... kaca 67.
§ 23. Bab atêr-atêr anuswara ... kaca 68.
§ 24. Bab atêr-atêr tri purusa ... kaca 74.
§ 25. Bab atêr-atêr ka- ... kaca 77.
§ 26. Bab atêr-atêr pa- ... kaca 80.
§ 27. Bab atêr-atêr pa-: sigêg ing aksara irung ... kaca 81.
§ 28. Bab atêr-atêr sa-, pi-, pra- ... kaca 83.
§ 29. Bab atêr-atêr kuma-, kami-, kapi- ... kaca 85.
§ 30. Bab atêr-atêr tar- ... kaca 87.
§ 31. Bab sêsêlan ma ... kaca 87.
§ 32. Bab sêsêlan na ... kaca 90.
§ 33. Bab sêsêlan ra utawa la ... kaca 92.
§ 34. Bab panambang -an ... kaca 94.

--- 1 : 170 ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 1

§ 35. Bab panambang -e... kaca 100.
§ 36. Bab panambang -a ... kaca 103.
§ 37. Bab panambang -ên ... kaca 107.
§ 38. Bab panambang -i lan -ana ... kaca 113.
§ 39. Bab panambang -ake ... kaca 115.
§ 40. Bab panambang -na lan -ne ... kaca 119.
§ 41. Bab rimbag dwiwasana ... kaca 121.
§ 42. Bab rimbag dwipurwa sarta dwilingga, kang mêtu saka ing têmbung andhahan ... kaca 122.
§ 43. Bab rimbag dwilingga salin swara, kang mêtu saka ing têmbung andhahan ... kaca 137.
§ 44. Bab têmbung andhahan, kang mêtu saka ing têmbung camboran ... kaca 141.
§ 45. Bab dayane têmbung ing kang tumônja ing tulis ... kaca 144.
§ 46. Bab luluhe aksara ha kanggo ing kidung ... kaca 147.
§ 47. Bab pangrimbage têmbung krama saka ing têmbung ngoko ... kaca 154.

--- 1 : [0] ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 2
Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 2 dari 2

[2 halaman kosong]

--- 1 : [0] ---

Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 1 dari 2
Paramasastra Jawa, Dwijasewaya, 1910, #913 (Jilid 1: Hlm. 083-170): Citra 2 dari 2

[Iklan]

Catatan kaki:

1. swarane (kembali)
swarane
2. unine (dan di tempat lain) (kembali)
unine (dan di tempat lain)
3. wisesa (kembali)
wisesa
4. panambange (kembali)
panambange
5. purwaning (kembali)
purwaning
6. sarana (kembali)
sarana