Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 121–170)

Judul
Sambungan
1. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 001–061). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 061–121). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
3. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 121–170). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
4. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 170–285). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Da.

217. Dênta dênti kusuma warsa sarira cakra.
Dênta: gadhing, dênti: untu, kusuma: kêmbang, warsa: udan, taun. Sarira: awak. Cakra: cipta, payung, gêgaman cakra, glindhingan.
Iku salokane adil, kaupamakake gadhing utawa untu yèn wis mêtu ora kêna kalêlêpke manèh. Gêtih yèn wis mêtu saka ing awak marga kêna gêgaman, ora kêna kabalèkake manèh. Mangkono uga pangadilan, yèn wis bênêr ora kêna kaluputake, kang luput ora kêna kabênêrake.

218. Dinulang mangap.
sal. Wong kang diwêlêg ing pangan. Kaya ta: sanak sadulur diwarêgi ing pangan.

219. Dicêkoki indhing: kudhung indhing.
Aku kêrêp krungu calathuning wong, yèn wong lanang kalah karo wong wadon, kaaranan: dicêkoki indhing, iku mung kagawe bêbasan bae, padhane kudhung indhing, utawa kasasaban tapih têka dikudhungi utawa disasabi tapih iya ora, nanging indhing kang kagawe jimat, ana aran: jimat paripih utawa jimat pipih, yaiku indhinging bidhung nalika lagi khèl sapisan, wondene kang gawe jimat iya anake dhewe.

220. Durniti wiku manik rêtna adi.
sal. Wong bisa ora nêtêpi kabisane, utawa wong bêcik ora nêtêpi bêcike, (wong pintêr ora dijaluki tulung, wong bêcik ora lulus bêcike), wong bêcik utawa bisa kaupamakake sêsotya, măngka gêlêm mêmulang utawa ora lulus bêcike, dadi aran cacad, prasasat sêsotya tanpa sorot.

221. Durniti gănda rasa.
Gănda: ambu, rasa: rasa.
sal. Wong ngingsêp-ingsêp ngrasani ala ing liyan, barêng wis têtela pangrungune, banjur matur ing parentah kaparingan ganjaran. Gănda rasa mau ngibarat ganjaran, dadi olèhe ganjaran marga saka tindak nistha.

--- 122 ---

222. Drana laba.
sal. Wong sarèh ing ujar.
Drana: ujar, sarèh. Laba: bathi: labêt, pikolèh. Dadi karêpe saloka prayoga utawa pakolèh bangêt wong sarèh ing ujar ngêdohake rêribêd.

223. Durkara saksi.
Durkara: barang ala.
sal. Saksi sulaya padha saksi.

224. Durjana matiraga.
sal. Durjana kang nekad pati. Durjana têtapa iya diarani mangkono, awit wong têtapa dibasakake matiraga. Nanging anane saloka iki: ngêtohake pati.

225. Durga amurang karta.
sal. Ratu nêrak parentahe, utawa jaksa nêrak pangadilan. Murang: nyimpang: menggok. Karta: rahayu, olèh bênêr, tulus. Kaya ta unèn-unèn: murang tata, têgêse nyimpang saka ing tata, murang marga: nyimpang saka ing dalan. Kartaning prana: rahayu, utawa tulusing ati.
Karta nugraha: olèh ganjaran, olèh pêparing.
Kartasana: olèh panggonan.
Kartasada: olèh dhuwit. Kartawara: olèh wulang. Karta myang walita: bênêr karo luput. Kartanjali: tulusing panêmbah.

226. Durga anganggas kara. Wutuhe têmbung Durga anganggas ukara.
Anganggas kara: nantang ukara, yaiku nantang karo têmbung.
sal. Wong ngrusuhi pangadilan, andiksurani jaksa.

227. Durung cundhuk acandhak.
amb. Wong durung katêmu pamikire, banjur nyambungi calathu utawa durung tau têpung panganggêpe sumanak, kaya wis têpung lawas. Cundhuk: têmu, (katêmu). Têpung: têmpuh, pêthuk. Cundhuk kang ana ing sirah warna kêmbang utawa liyane, dadi karêpe bêbasan: durung katêmu ing pamikire banjur nyandhak calathu, utawa durung tau têpung panganggêpe banjur sumanak.

228. Jurang kara alun-alun.
Patining durjana dening alun-alun, durangkara iku sastra laku, lugune: dur angkara. Dur: ala. Angkara: galak, bangêt, murub, mulad, barubah, liwung.

229. Durung bisa ngaku pêcus. Durung bisa ngaku bisa.
sal. Wong gumisa-bisa, utawa wong sumêngguh pêcus, bisa.

230. Dikêmpita kaya wade dijujua kaya manuk.
amb. Wong dipilala, padha karo dikêmpit kaya wade. Mulane kaupamakake wade, awit wong ngêmpit wade [wa...]

--- 123 ---

[...de] utawa liyane, wis masthi ngati-ati panggarape, utawa anggone ngrawati, marga dudu duwèke.

231. Dikêbo siji.
amb. Wong diranjam, utawa dirampog, paribasan iki panunggalane pêpisuh.

232. Dudu sanak dudu kadang yèn mati mèlu kelangan.
Iku basane wong bêbojoan, laki marang rabi, utawa rabi marang laki, karêpe: sanajan ora mambu darah daging yèn wis dirabi utawa dilaki, măngka salah siji mati, kang kari masthi prihatin.

233. Dewa tan owah, têgêse: dewa ora gingsir. Iku salokane ratu adil.

234. Damar kitu dah.
Damar: diyan. Kitu: sorot. Dah: ngêmu, ngêmbêng, mangkono.
sal: Wong ora katarka ngêmu rasa katarka, utawa nyipta katarka kaupamakake: diyan ngêmu sorot, karêpe: diyan sumorot utawa kêncar-kêncar.

Ta.

235. Tinakêr warêg, têgêse: tinakêr kêbak. Paribasan iki olèh rong prakara.
I. amb. Wong diujar-ujari akèh.
II. amb. Wong disarah sakarêpe. Kaya ta: upama wong loro arêp kêrêngan, salah siji nyarah marang lêlawanane, atadhah ing sakarêpe, ing bab gêgaman, kang arêp dipilih digawe kêkêrêngan.

236. Tuntunan bêruk.
sal: wong kang wis tau nglakoni pagawean nistha, kaya ta: ngêngêmis sapanunggalane, dadi kaupamakake anggawa bathok utawa dituntun ing bêruk. Satêngah ngêtrapake paribasan iki marang wong kang ewuh marang samubarang laku tuwin pikarêpan, kaya ta: kadèkèk ing buri ora nrima, kapasrahan ing ngarêp ora rampung anggendhol, dadi kaupamakake wong tuntunan karo bêruk, ora kukuh cêkêlane, marga ora ana cêkêlane kaya siwur.

237. Tan wrin baya, têgêse ora wêruh ing pakewuh.
sal. Wong ngunus gêgaman ana ing dalan utawa ing pasar nganti ngênani wong liwat.

238. Taru nitêh cute.
Taru: godhong. Nitêh: ulêr, cute: wirang: rusak.
sal. Wong nêmu kawirangan utawa karusakan, kaupamaka, [kaupamaka...]

--- 124 ---

[...ke,] kayadene rusaking gêgodhongan dening ulêr.

239. Tirta căndra gêni raditya.
Iki salokaning jaksa.
Tirta: banyu. Căndra: rêmbulan. Gêni: latu. Raditya: srêngenge. Jaksa yèn ngadili titine kaya banyu, tatane kaya rembulan, wisesane kaya gêni, pariksane kaya srêngenge.
Kang diarani titi kaya banyu iku ngibarat: bênêre, kaya abanyu ana ing wadhah, miring jêjêging wadhah katara saka banyu. Tata kaya rêmbulan, ngibarat: manising ulat. Wisesa kaya gêni, ngibarat: kêncênging adil. Dadi sanak sadulur yèn kabênêr katrap, iya kawasesa ing adil, dadi upamane gêni ora milih êmpan-êmpan pariksa kaya srêngenge, ngibarat: rêsiking pamaresane.[1]

240. Tirta kasurung pika.
Pika: iwak banyu.
sal. Jaksa disanjani wong lagi gugad-ginugad. Tirta kagawe ngibarat: jaksa. Iwak, ngibarat: wong kang gugad-ginugad. Kasurung: kasodhok, kadhêsêk, iku ngibarat: disanjani.

241. Titir udan awu.
amb: Titir kang mratani, kaupamakake kaya tibaning udan awu, mratani ing ngêndi-êndi.

242. Têtarapan rajapati.
Têtarapan: gêlaran.
sal: Wong kêna pitênah, ditibani rajapati, ora asêsaid.

243. Titik mêlik, nyina kang mêlik-mêlik. Yaiku kang katon utawa katêmu.
amb: Wong kelangan utawa kamalingan. Dadi kang diarani titik mêlik iku barange kang ilang, katêmu ana ing wong liya.

244. Titi mantri: mantri têmên.
sal: Jaksa kang nglakoni têmên-têmên, ora keguh dening sarama.

245. Tlênong-tlêning.
amb: Panduman kang ora padha, pilih kasih.
Tlênong ngibaratake panduman akèh, tlêning panduman sathithik.

246. Tulung naga grahan tan wruh ing baya pêjah tan wikara.
Naga: ula naga. Grahan: kalaran. Wikara: padhang: wisesa: rêringa.
sal: Wong dijaluki tulung nulisi aturing wong kang kagugad,

--- 125 ---

kaluputan ing panulis utawa sulaya karo ature, andadèkake tiwase kang kagugad. Kang kaupamakake naga kalaran iku wong sing digugad, nêmu prakara kagugad diupamakake kacandhak ing lara. Kang diarani ora sumurup ing pakewuh, kang nulisi aturan, ora sumurup manawa luputing panulise andadèkake tiwase kang ginugat.

247. Tumpak ponjèn.
amb: Wong mantu anak wuragil, kaupamakake nyuntak isining ponjèn, nelakake wis êntèk, ora mantu anak manèh, pada karo kêtog ponjèn.

248. Tumbak kêncêng.
amb. Wong desa kang nyăngga gawe, utawa kang kawêtokake ing pagawean pêrang, ora nyongga pajêg.

249. Tămba kêsêl.
amb: Sawarnaning pasuguh marang dhayoh kang mêntas saka ing adoh.

250. Tămba kangên.
amb: Samubarang têtinggalane wong kang arêp lêlungan adoh, marang sanak sadulur utawa mitrane, minăngka pangarêm-arêming kangên.

251. Tambêl butuh.
amb: Samubarang kang kagawe tambaling butuh, kaya ta: yèn wong ana ing paran, ora bisa olèh bêras, nêmpuh mangan katela, utawa pohung sapêpadhane, katela utawa pohung mau aran: tambêl butuh.

252. Tumăngga macan, têgêse atăngga macan.
sal: Wong kang murih rusaking nagara, kaupamakake macan têtanggan karo uwong. Utawa uwong duwe tăngga macan.

253. Tunggal saajang.
amb: Wong omah-omah nunggal pomahan, utawa wong pêrang tunggal papan. Ajang: wadhah kagawe pangan, kaya ta: piring, cowèk.

254. Tunggal sene.
amb: Wong tunggal wăngsa, utawa tunggal paguron.
Se iku têmbung Cina, saka kandhane Cina Se Singse mau têngêring jênêng kang nunggal lêluhur pancêr lanang, dadi aran kang nelakake nunggal wăngsa, saka pancêr lanang.

255. Tunggal banyu.
amb: tunggal wăngsa, utawa tunggal darah.

256. Têngu mangan brutune.
ngi: wong dipracaya sêsimpên samubarang, wêkasan dicolongi dhewe.
brutu iku panggonan tancêbing buntut băngsa manuk utawa pitik, dadi brutu ngibarat barang kang dirawati, awit [awi...]

--- 126 ---

[...t] brutu iku ora katon, marga kasasaban buntut. Têngu ora duwe brutu, mung kanggo bêbasan bae.

Sa.

257. Saeka saksi.
sal: Wong gawe saksi sanalika ana ing pasowanan, utawa sakuthu karo saksi gêgawean.
Saeka: tunggal.

258. Said angadhawa.
Ngadhawa: nanggoni. Wong said ora anjaluk bênêr, nanggoni: nanggêni, purbane: tanggon, tanggên, têgêse: mathok, tahan. Dadi anggone anjaluk bênêr kaupamakake kaya pathok.

259. Sandhang-sandhang rowang.
amb: Wong kêna tarka, ngèmbèt-èmbèt marang sanak sadulur utawa kancane. Sandhang: panganggo.
Kajaba saka iku anduwèni têgês: sarah.
Panganggo iku diolèhake marang: nganggo, dadi nganggo utawa mawa èmbèt-èmbèt marang kănca.

260. Sona bêlang mati karêbut măngsa. Têgêse: asu bêlang mati arêbut mangsan.
sal: Wong rêbutan melik, wêkasan padha mati karo pisan.

261. Sarira dana.
sal: Wong sarwa lilan marang duwèke, dadi pangawak dana.

262. Saruka lingga.
Saruka: kaprênah, lingga: adêg.
sal: Wong mènèhi ênggon marang durjana.

263. Sardulêm pêjar durgamayêm, yuwanêm sukrêta rainêm, pasua durgayêm, prabu, akrêwidèyêm.
Sardulèm: macan. Durgamayêm: tata ala, pratingkah ala. Yuwanêm: manawa. Sukrêta: sikara. Rainêm: kidang, Pasu: sato. Durgayêm: pakewuh. Akrêti: agawe. Prabu: ratu. Widèyêm: bênêr. Têgêse unèn-unèn ing sapadalingsa padalingsane mangkene:
Macan mati ing pratingkah ala, manawa sikara marang kidang, rajakaya apa kang gawe pakewuh, ratu agawe bênêr. Iku salokane maling, maling kaupamakake macan, yèn sikara marang wong. Kaya macan mangan kidang utawa măngsa rajakaya apa-apa bae, ana ing desa, ana ing nagara tuwin ing alas ratu wajib matrapana paukuman ing sabênêr-bênêre.
Kang ditêgêsi ukuman, têmbung widèyêm, iku têmbung

--- 127 ---

keras, bênêre: Widi: dewa. Wondene sardulêm, durgamayêm, yuwanêm, arinêm, durgayêm, iku iya padha têmbung keras, bênêre: sardula, durgama, ywan, arina, durga.

264. Sri sari milêking bramara cute.
Sri sari: asrining kêmbang. Milêking bramara: pangingsêpe kombang. Cute: rusak, wirang.
sal. Karusakan tuwin kawiranganing wong, kaya rusaking kêmbang yèn kaingsêp ing kombang.

265. Surastra adikara. Wutuhing têmbung: sung rahastra adikara.
Sura: wani: kêndêl, buta, dewa. Astra: gêgaman, a: ora, tanpa. dikara: wasesa.
sal: Wong kêndêl kang ora ambêk sikara.

266. Sriwisa upaya.
sal: Wong padu paripadu, ing sajroning duwe prakara wèwèh marang jaksa. Sri wisa: ratuning wisa, yaiku wisa kang mandi bangêt, upama paekan, dadi sri wisa iku ngibarat: pawèwèh, upaya, anggone mêmanisi jaksa, mikolèhake awake.

267. Saraprana pandhita murcita.
Sara: lêlandhêp, panah. Prana: ati, budi, watêk, murcita: musna, kalêngêr, tiba.
sal: Pandhita awèh sarat marang durjana, utawa mulang ngèlmu kadurjanan, sakarêpe pandhita tumiba ing tiwas, marga mulang ngèlmu kadurjanan utawa mènèhi sarat marang durjana. Saraprana kagawe ngibarat: sarat-sarat utawa ngèlmu, karêpe: mènèhi gêgamaning ati, yaiku lêlandhêping ati, pasajane: pambudi: pratikêl.

268. Sarupa tiksna.
Tiksna: lêlandhêp, panas, padhang, sorot.
sal: Wong mènèhi gêgaman marang durjana, prasasat dadi gêgamaning durjana, utawa ngawaki maling. Sarèhning mitulungi gêgaman marang durjana, dadi katêtêpake padha karo durjana.

269. Sarpêm ana wismêm, prabêm wisesa pakrêti mati.
Sarpêm: ula. Wismêm: omah. Prabêm: ratu, pakrêti: panggawe. Uruting têmbung mangkene: ula ana ing omah, ratu wisesa panggawe mati.
sal: Maling, maling kaupamakake: ula, manawa saba ing omah wajib dipatèni, wondene kang diupamakake ratu wisesa mau, kang duwe omah, iku wênang matenana ula kang saba ing omahe mau.

270. Sarupa wastra.

--- 128 ---

Wastra: jarik.
sal: Wong misalini durjana, katêtêpake padha utawa sakuthu karo durjana.

271. Srênggala mèt măngsa olèh boga wèh wisa.
Têgêse: asu anjupuk mêmangsan olèh panganan mènèhi wisa.
sal: Wong anjaluki dhuwit marang desa ing ngadesa, ngaku abdining ratu sarta anggawa layang gawean, barêng konangan banjur dicêkêl katur ing nagara.

272. Srênggala kari măngsa bogayêm.
Têgêse: asu kari măngsa panganan.
sal: Wong mondhok ana ing desa adesa ngaku abdining ratu kang lumaku ing gawe, wong mondhok ana ing paran manawa ngaku abdi dalêm kang lumaku gawe, masthi disuba-suba, ora susah duwe panjaluk masthi disuguhi, sarta dirêksa, digumatèni, mulane kabasakake kari mangan bae, awit wus cumawis.

273. Srênggalêm dhusthêm amrih boga jodanêm.
Srênggalêm, keras saka srênggala (asu), dhusthêm, keras saka dhustha (ala) amrih boga: amrih panganan.
Jodanêm, keras saka jodana (ngubyungi).
sal: Wong ngubyungi utawa kanggonan durjana, kaupamakake: asu ala, awit anggone murih panganan marga saka ngubyungi durjana.

274. Srêngenge pine, banyu kinum, bumi pinêndhêt, gêni pinanggang.
Patang prakara iku salokane ratu, patih, pangulu, jaksa, karêpe mangkene: manawa ngêtrapake pangadilan, pamariksane lan têrang kaya padhanging srêngenge, ora ana kang silib, artine pangadilan kayaa banyu ana ing wadhah, jêjêg miringing wadhah katara saka banyune. Tatane kayaa lêmah, têgêse: andhap asor, nyingkiri têmbung saru. Yèn ngêtrapake wisesa kayaa gêni, yèn ngobong ora mawa tampik, têgêse: sanajan kalêbu sanak sadulur utawa mitra, yèn wis kabênêr kawasesa, iya diwasesa.
Pine: diêpe, kinum: diêkum.

275. Suka angas karta.
Suka: bungah, angas: andhandhang, karta: olèh rahayu.
sal: Wong andhandhang prakara, dadi bungah olèh utawa nêmu prakara, sanajan karta iku anduwèni têgês: rahayu, nanging wong mêmuji slamêting badane ora kêna disalokani: suka angas karta, awit têmbung andhandhang utawa ngalup bênêre êtrape mung marang ala bae, kaya ta:

--- 129 ---

andhandhang utawa angalup bilaining liyan.

276. Sukarta di kênya.
Sukarta: arubiru, sikara. Di: adi. Kênya: prawan.
sal: Wong lanang misesa utawa motha-motha wadon liya.

277. Sakenah sakerah.
Sakenah: sasolah. Sakerah: sakarsa.
amb: Samubarang kang kêna digarap sakarêp-karêp.

278. Sakadipa.
sal: Wong ngêndêlake sihing Gusti.
Saka: cagak. Sakadipa: padhang, ratu, diyan, dadi karêpe: aliyangan Gusti.

279. Saksi aji.
Têgêse: saksi ratu.
sal: Wong saksi priyayi gêdhe, aran saksi utama.

280. Saksi angăndha gêrah.
Angăndha: anjara: acarita. Gêrah: galudhug.
sal: Saksi ora sumurup nalaring prakara, mung krungu bae saka tuture kang duwe prakara.

281. Saksi angiwak-iwak.
Têgêse: saksi kaya iwak banyu.
sal: Mung ngrungu sabawa saka ing kadohan, kaya ta: ngrungu sabawane wong padu, ora sumurup kang dipadu, utawa nalare prakara, kaupamakake iwak. Iwak-iwak kalingan banyu, ngibarat: angone ora sumurup marang nalaring prakara.

282. Saksi rumêmbe: saksi rêmbe.
Rêmbe: pradapa: sêmi.

283. Saksi kulina darma.
Kulina: rakêt. Darma: bêcik, padhang, candhi, patilasan, linuwih, ngèlmu.
sal: Saksi anggêlarake kabêcikan tuwin katêmênan.

284. Saksi dana.
Dana: dhuwit, paring, pêparing.
Pêparing: saksi wong sugih, iku saksi utama.

285. Saksi tan ancah, têgêse: saksi ora menggok.
sal: Saksi kang ora cidra, iku saksi utama.

286. Saksi tumpang tèh.
Tumpang tèh: tumpang calathu.
sal: Saksi kang durung kadangu matur dhisik, utawa mikolèhake karo-karone kang padha padu.

287. Saksi sakuthah.
Sakuthah: sagolongan.
sal: Wong gawe saksi sanak sadulur, utawa nunggal sawêwêngkon.

--- 130 ---

288. Saksi wanto.
Wanto: wantya: guru.
sal: Saksi guru kang sok mulang iku utama.

289. Saksi maha ciri.
Mahaciri: luwih ciri.
sal: Saksi wong cilik, utawa bêlang bithêt sapêpadhane. Iku saksi nistha, yèn ing jaman kuna kêna katampik ing parentah, kaanggêp padha karo wong lalawora. Wondene bêlang bithêt iku nuwuhake kira-kira bokmanawa labêting gêgaman, dadi kêna panggrayangan yèn tilasing durjana.

290. Saksi mantri.
Panggah: kukuh: bakuh, santosa.
sal: Mantri kang santosa ing ati, iku saksi utama.

291. Saksi ngundha gêrah.
sal: Wong naksèni ujar bae, ora sumurup dhewe marang nalaring prakara.
Ngundha: nundha, nimbal. Saksi mangkono iku kaupamakake nundha galudhug. Galudhug iku ngibarat: calathune wong kang duwe prakara.

292. Suduk kawuk.
amb: Samubarang panggawe, kang wêkasane tumanduk marang awake dhewe. Kaya ta: wong arêp niala marang liyane, wêkasan nêmu piala dhewe, dadi karêpe: plèsèding têmbung suduk sarira, awit kawuk iku bangsane salira, ing dhapur wis padha, mung kacèk ora lorèk.

293. Sada tan ana wadu jana. Têgêse: têtêpe ora ana wong wadon. Iku salokane wong kang ora ngowahi janji, karêping saloka mangkono: wong wadon iku băngsa apês, kalumrahane arang-arang ditêtêpi ing calathu, utawa panggahing budi, mulane dingibaratake: ora ana wong wadon, karêpe: ora ana wong cidra, dadi kang ora ngowahi janji mau, kabasakake: ora kaya wong wadon.

294. Sudèsi kêkêmu.
Sudèsi: lukak. Kêkêmu: akêmu.

sal: Wong mlarat ngaku sugih, dadi lukak ngaku kêbak.

295. Siti tinabêla.
sal: Wong digugad ora mangsuli, barêng salin dina malês anggugad, gugad, mulane disalokani mangkono, bênêre tabêla kang kapêndhêm, wong kalêmah kalêbokake ing tabêla, dadi kuwalik. Mangkono uga wong ginugad, bênêre wangsulana dhisik, ora bênêr yèn malêsa anggugad. Ungtawa[2] salokane: wong nglari barang ilang marang desa

--- 131 ---

ora mawa prasabên, marang lurahe ing desa kono. Lêmah tinabêla iku karêpe: lurah kalêbokake tabêla, dadi anggone ora prasabên mau, prasasat matèkake lêlurahing desa.

296. Sato lingga jalma banyu sănta angrusak ulam.
Sato lingga jalma: sato pangawak manusa.
Banyu sănta angrusak ulam: banyu bêning angrusak iwak.
sal: Wong ambandrèk, kaupamakake: sato pangawak manusa, utawa banyu ngrusak iwak, kang kabandrèk kaupamakake iwak.

297. Sisik mêlik: tik mêlik.

298. Sêsastra pralaya sêsastra
: Sêsêrat saaksara, dadi layang, kaya aksara.
Pralaya: mati.
sal: Wong nyinglari layang utawa tulisane dhewe: anirna patra.

299. Soso tambung laku.
amb: Sêling surup marga saka samaring laku. Sarta sarupaning pangucap.
Soso: ngoso. Tambung: samar.

300. Sawat abalang kayu.
amb: Wong mêmêthèk marang samubarang, istingarah arang-arang, mencok, ungtawa ambasakake marang samubarang kang tangèh kalakone, dadi mêmêthèk kang arang patitis, sarta ngarah kang arang kalakone, kaupamakake: wong nyênyawat kalawan kayu, masthi arang ngênani, ora kaya yèn nganggo sawat watu. Sawênèh ngarani ngibarat: wong padu padha bangsane, upama kaya wong nyawat kayu.

301. Sluman slumun slamêt.
amb: Wong ngambah panggonan angkêr dadi slamêt, utawa wong ora wêruh (sumurup) ing tatakrama tuwin duga prayoga, lastari ora nêmu sêsiku.
Sluman-slumun: slundap-slundup: blusak-blusuk.

302. Sêpi abawa rena.
Sang: wong gugat-ginugat tanpa saksi, tanpa layang.
Bawa: swara, mukti, wiwit, wêdhar. Rena: ambarang, bingung, têturutan, rêmbug, swara kagawe ngibarat: saksi, têturutan, kagawe ngibarat: layang, kaya ta wong kagugad motangake tanpa layang pratăndha, iku aran sêpi saka turutan, utawa pathokan kang kagawe ngrampungi.

303. Sêpi ambayatara.
Abayatara: atêtela, acêtha.
sal: Wong sêsaid tanpa layang.

304. Sipat kandêl.
amb: Samubarang kang kêna dadi wêwatoning pitaya, kaya ta: kowe kongkonan nyilih jaran marang aku, măngka aku durung tau wêruh [wê...]

--- 132 ---

[...ruh] marang kongkonanmu, masthi aku sumêlang bokmanawa wong ngaku-aku. Sarèhning ora mawa layangmu utawa liyane kang kêna dakpitaya, dadi kongkonan mau dhapur ora anggawa sipat kandêl.

305. Sipat kuping.
amb: Wong lumayu kang ngluwihi saka enggal, ora mawa nolèh kiwa têngên, dadi mawa sipat kupinge.

306. Sidhêm kêkabar.
Sidhêm: sirêp. Kêkabar: kawêdhar.
sal: Wong bêbedhangan konangan.

307. Sidhêm kanginan.
sal: Wong nyidhêm raja lêlara.
Kanginan: kabaratan. Nanging kanginan iku wus lumrah kanggo ing sabên dina, anduwèni têgês lara, kaya ta: wong calathu: sadulurku lagi kanginan, yaiku lagi lara.

308. Sidhêm warut.
Warut: sêrêng.
sal: Wong nyidhêm prakara, utawa padu paripadu, têgêse: sêrêng, mèh padha karo rêngat, utawa napsu. Mungguh lugune: kang aran sêrêng mau, banyu kang kagawe saka kulit jêruk, manawa kapithês yèn kêna mripat rasane pêdhês.

309. Sidhêm pramanêm: nyidhêm pramanêm.

310. Sidhêm madhêdhêm.
Madhêdhêm: mangêdhêm.
sal: Rajapati, kature ing parentah sawise jisime kapêndhêm.

311. Sidhêm mêmarah.
Mêmarah: tutur-tutur: mêmuruk.
sal: Wong katiban rajapati atutur-tutur, nanging ora sêsaid.

312. Sidhêm magagar.
Magagar: anggagrag.
sal: Prakara rajapati, kature marang parentah sawise jisime bosok.

313. Sidhêm mangarang.
Mangarang: susah, gogrog, anggagrag.
sal: Wong nyidhêm rajatatu. Mangarang, kagawe ngibarat: rajatatu, awit wong kataton padhane kasusahan, kaya kêkayon yèn ngarang godhonge, padha karo gogrog.

314. Sajabaning parimana. Têgêse: sajabaning watês.
amb: Samubarang pangarah utawa pratingkah kang ora nrajang watês. Yaiku watêsing subasita, utawa tatakrama, kaya ta: wong gêguyon utawa sêsêmbranan, kang ora nganti kasêron anggêpok saru, kang agawe rêngating ati, yèn nganti [nga...]

--- 133 ---

[...nti] kasêron, anggêpok sing saru-saru, dadi nrajang watêsing subasita.

315. Sima mamăngsa tan wikaning baya pêjah tan wikara.
sal: Wong anggêgampang utawa mêmêruh kagungane ratu, kaupamakake macan mamăngsa, ora praduli ing pakewuh, nêmu tiwas saka ora rêringa.
Rêringa: dêduga, watara, duga-duga.

316. Sima măngsa tata upaya.
sal: Wong nênung, dadi wong golèk pangan sarana paekan.
Tata: gêlar: êtrap. Upaya: paekan.

317. Sambung watang tèmpêr.
sal: Wong nyambungi utawa ambacutake gugate wong mati.
Tèmpêr: kalêngêr.

318. Sima băngga andurkara amèt măngsa.
Băngga: budi. Andurkara: ngrusuhi, muni ala. Amèt măngsa: anjupuk mêmangsan.
sal: Maling anjupuk duwèking wong mawa matèni.

319. Sima băngga tanpa karana.
Karana: sabab.
sal: Wong ngamuk kang marga saka lara edan (owah).

320. Sugih pari angawak-awakake.
amb: Wong ngalak-alakke wong dipadhakake karo samubarang kang ngèmpêr-èmpêri, kaya ta: irunge si anu kaya terong glathik, pratingkahe si anu kaya cèlèng.
Ngawak-awakake: dipadha karo samubarang kang ngèmpêr-èmpêri, dadi sugih pari mau têgêse: sugih basa, sugih ucap: sugih bêbasan.

321. Sagara èstha wasa.
Wasa: rusak, paksa, wênang.
sal: Wong lanang nyêkêl wadon liya, dadi kabasakake pratingkah rewa-rewa wênang nyêkêl wadon liya, kaya marang bojone dhewe.

322. Sagêrah, têgêse: tunggal lara.
sal: Wong mêmènèhi gêgaman marang durjana, kabasakake: tunggal lara, yaiku tunggal dosa: sarupa tiksna.

323. Sigar samăngka.
amb: pêparon sing ora bering. Bering: ora bênêr.

324. Nagara[3] wacana.
sal: Wong lanang anjêjawat wadon liya. Wacana: calathu.

325. Sagotrah.
: Sagolongan, tunggal gunting, tunggal sorot, tunggal gêdhong.
sal: Wong nyimpên olèh-olèhaning maling.

--- 134 ---

236. Saban seban.
amb: Pasabaning wong, kaya ta: wong pitakon: Si Patra iku saban sebane ing ngêndi.

327. Sabandhoyot.
amb: Wong sagolongane ing wăngsa.

238. Sabda amêrta. Têgêse: calathu ngadhêmi.
sal: Wong sabar maklum. Têmbung marta utawa mêrta iku ana 4.
1. Adhêm, 2. Urip, 3. Wulang, 4. Jamu.

239. Sabda candhala.
sal: Wadon pisuh-pinisuh padha wadon.
Candhala: ala, bêngis. Dadi têmbung ala utawa bêngis.

330. Sabda tan yukti.
sal: Calathuning wong ala utawa durjana.

331. Sabda laksana.
Laksana: laku, luwih.
sal: Wong nglakoni calathune.

332. Sabda pandhita.
sal: Wong nêtêpi ing calathu.

333. Sabda parosa.
Parosa: lanang, paksa.
sal: Wong lanang pisuh-pinisuh padha lanang.

334. Sabda minăngka panggih.
Têgêse: calathu kang dadi bakuh.
sal: Pangadilan kang ora kêna gingsir.

335. Sabujana: têgêse: sapamanganan.
sal: Wong mangan tunggal karo durjana. Kawine mangan: bujana, bojana, bukti, nadhah, natah.

336. Singa andaka ngadurasa tanwrin baya.
Têgêse: macan banthèng ngadurasa ora wêruh ing solah.
sal: Wong dadi jomblanging wong dhêmênan.

337. Sangsumên nir dita.
Sangsumên: sang anyilib. Nir: ilang, tanpa. Dita: linuwih.
sal: Pandhita nguyungi durjana, dadi prasasat ilang kaluwihane.

338. Singa pangulating măngsa.
Têgêse: singa sangsaya golèk mêmangsan.
sal: Wong kongkonan ngêtokake dhuwit saka wong desa, dikon ngaku utusaning ratu.

339. Sanggar waringin.
amb: Wong kang dadi pangungsèn utawa pangauban.
Sanggar: pamujan.

--- 135 ---

Wa.

340. Wirapaksa.
Wira: ămba: prajurit.
sal: Wong nandukake wisesa, utawa ngêmpakake bênêre dhewe.

341. Wutuh ayam.
amb: Samubarang kang wutuh, ora kêlong[4] sathithik-thithika, utawa ora kurang apa-apa, kaya ta: wong calathu, balane wutuh ayam, karêpe: ora kêlong ora kurang apa-apa.
Ayam, ganêping têmbung: kulit ayam, yaiku kulit ing jaba kang kaya kalamudaning salak, dadi karêpe: dalah kulite ayam ora ana kang babak, ing layang Rama Jarwa ana bêbasan: wutuh ayam, unine mangkene: punggawa akèh kang mati mungsuh wanara, ing kana durung kalong bêbêcike, prawirane wutuh ayam, Ngalêngka têtumpêsan, bêcike tan kantun, mungsuh mung kalong kang ala. Karêpe unèn-unèn sapada iku mangkene: punggawane Prabu Dasamuka akèh kang mati, pêrang mungsuh kêthèk, balane Rama durung kalong priyayine, prajurite isih wutuh, ora kalong apa-apa, bala Ngalêngka wis tumpês, priyayine ora ana kang kari, balane Rama mung kalong priyayine kang cilik-cilik.

342. Wuta tanpa krama.
sal: Wong kabegalan ing wayah bêngi tanpa sêsaid, wuta: picak. Krama: têmbung, nuli, enggal, tata.
Picak iku ngibarat: bêngi, krama, iku ngibarat: pisaid (sêsaid).

343. Watang angodhe.
Watang: landheyan, ngangodhe: amruga (angguran) lêgèh.
sal: Wong anggugad banjur nusuli gugad nunggal prakara, nanging sulaya karo gugad kang dhisik, kaupamakake: landheyan nganggur, dadi tanpa gawe, têtelane gugad kothong, yaiku gugad goroh.

344. Watang tuna.
sal: Gugad utawa tarka kang ora ana kayaktène.

345. Watang tèmpêr.
sal: Lèrèning gugad marga kang anggugad mati.

346. Watang putung.
sal: Lèrèning gugad marga kang anggugad lunga.

347. Watang bubukên.

--- 136 ---

sal: Lèrèning gugad marga saka kang anggugad lara, utawa lèrèn ora ambanjurake gugade. Dadi lèrèning prakara marga saka kacandhak ing lara utawa nglokone ing panggugad, kaupamakake watang bubukên.

348. Wisa dana. Têgêse: wèwèh wisa.
sal. Jaksa dhêmên sanjan marang omahe wong kang lagi gugad-ginugad, kaupamakake mènèhi wisa marang kang disanjani, ngibarat mulang, murih ungguling prakara, dadi mènèhi kamandèn.

349. Walad tambang.
Walad: sêsiku. Tambang: tali, kambang, omah, pancungul.
sal: Wong nancang rajakayaning liyan, kang katarka nunjang bocah utawa mangan tanduran, nanging tanpa nyina, kaupamakake: kêna sêsikuning tali, ngibarat olèhe nancang.

350. Wilêd sadana.
sal: Jaksa anjaluk rêruba marang wong prakaran. Wilêd: papak, ulêd, pulêd, turut, wingit. Sadana: paring: pêparing, dhuwit. Ganêpe têmbung: kawilêt ing sadana, dadi: kapulêd ing dhuwit. Ngibarat: karêp.

351. Wilut sabda biksama sandi upaya.
Wilut: anggubêd. Sabda: calathu. Biksama: paksa linuwih, sandi upaya: paekan.
sal: Wong gawe aturan miring marang jaksa.

352. Wong nraju.
amb: Wong lêlaku utawa rêrêmbugan, ora golong karo kancane, kaya ta: wong lumaku bêbarêngan, măngka ana kang lumaku adoh saka kancane, ing ngarêp utawa ing buri.

353. Wăngsa amindha mintaya.
Wăngsa: sanak, băngsa. Mindha mintaya: mindha nyênyambat.
sal: Wong matèni wong ana ing pomahane dhewe, iku têmbung baliswara, bênêre: mindha mitaya wăngsa, têgêse: kaya nyênyambat marang sanak sadulur, mulane disalokani mangkono. Awit wong gawe pêpati ana ing sapone dhewe, kaya ora sêpi sanak sadulur, lupute mangkono sanak sadulur mau iya wêruh.

La.

354. Londho-londho walang sangit anggendhong kêbo.
amb: Wong kang katone ora calimut, nanging calimut, utawa katone tutut, nanging kêsit.

--- 137 ---

355. Liru lambung.
amb: Samubarang kang padha rupa, lambung: liru, tumpang, dadi liru tumpang, karêpe mungguhing warna padha, nanging wujude kang tumumpang utawa kang sumèlèh liya, têtelane liru panggonan.

356. Lurung buntu.
sal: Wong duwe tarka marang durjana, ora bisa nglari, utawa tanpa cihna bukti. Dadi prakarane ora bisa tumindak, kaupamakake wong ngambah lurung kang buntu, masthi ora bisa bablas.

357. Lukita basa.
Lukita: têmbung, basa.
sal: Wong gawe-gawe rêrasan.

358. Ladak ora kacagak.
amb: Wong ladak ora kasêmbadan.

359. Ladak ora kacawisan: ladak ora kacagak.

360. Ladak kacêngklak.
amb: Wong ladak nêmu tiwas. Kacêngklak: kèngêring otot.

361. Ladak kawarisan.
Iku kosokbaline: ladak ora kawarisan.

362. Lamat-lamat ora ilang.
ngi: Samubarang kang ora pati katara, nanging isih kanggo ing gawe, kaya ta: têdhaking ratu kang wis adoh, yèn nuju isih kanggo gawene, isih kagolongake santana.

363. Lêgon lêmar luput katiwar.
Lêgon lêmar iku lêgon kelor, kêna kagawe jamu.
amb: Samubarang kang pancèn kanggo ing gawe, ora katiwar, kaya ta: wong bêcik utawa wong bisa, sanajan tumiba ing kamlaratan, majade ora nganti bisa katiwar, istingarah ana kang milalah.
Lêgon: ganggang kang nom. Lêgon kelor: bung kelor. Wondene lêmar iku dudu Kawine: kelor, dhapur têmbung kalantur, bênêre: limar. Limar mau anggarba saka limaran, yaiku araning godhong kelor, manawa kagawe jamu. Nanging kalumrahane wong ngarani: limaran.

364. Langkah kili.
amb: Wong langkah marang ing calathu, utawa marang solah tingkah, kaupamakake: jangkrik durung dikilèni, kudu-kudu mangsah arêp nrajang mungsuhe.

365. Lêngar katiban uncêg.
amb: Wong katiban tarka, kaupamakake bathuk lêngar katiban uncêg. Uncêg, ngibarat: tarka. Lêngar: bathuk kang ămba.

--- 138 ---

366. Lung-lungan punggêl kidang waul.
Ngi: samubarang kang wis kalong banjur dibalèni arêp kalong manèh.
Waul: bali, abang nom. Dene samubarang kang wis kalong dibalèni arêp kaêlong manèh, iku mangkênê: kaya ta: aku anjupuk kêrtasmu sakêbèt, barêng liya dina anjupuk manèh, dadi kalong ping pindho, kang kaupamakake kidang, bali wonge kang ngêlong manèh.

Pa.

367. Pait gêtir: amis bacin.

368. Punjul ing apapak.
amb: Wong kang ngluwihi sapadha-padha, ing bab kagunan, kabisan utawa kasaktène.

369. Pêcêl alu.
amb: Wong kang budine kaku, utawa kakon atèn.

370. Pêrang lair.
amb: Wong pêrang kang mèlu grubyuging akèh bae, ing batin ora têmênan.

371. Pêrang batin.
amb: Wong padu mung bêbalangan layang bae.

372. Prawan kêncur.
amb: Bocah wadon sing durung diwasa.

373. Prawan sunthi: prawan kêncur.

374. Prawan gandhor.
amb: Bocah wadon kang longgor. Gandhor: longgor.

375. Prawata bramantara
Prawata: gunung. Bramantara: panas, walirang.
sal: Wong mêmadulake alaning liyan utawa agawe rêrasan kang andadèkake erohing akèh, kaupamakake: gunung panas, utawa gunung walirang. Dadi agawe panas utawa erohing ati.

376. Pralingga. Têgêse: konus.
sal: Wong kagugad utang ora ngakoni, wêkasan ngalah, saguh nyaur. Dadi konus itu ngibarat wêtuning kasaguhan nyaur, prasasat kawêtu pangakune.

377. Para putrasana.
Para putra: para sanak, sana: ênggon, nganggo.
sal: Jaksa, panganggêpe marang padu paripadu kaya marang awake dhewe.

378. Praja kabali murda.
Praja: nagara. Kabali: kasungsang, kuwalik. Murda: êndhas, pangarêp.
sal: Ratu kang anggugad marang kawulane, kaupamakake

Nagara kasungsang, utawa kuwalik.

379. Pring sadhapur. (II)
sal: Wong durung katêkan ing gugad, lagi krungu bae kagugad, banjur andhisiki aturan marang jaksa. Utawa salokane wong duwe prakara kapitulungan dening jaksa, dadi kaupamakake rumêksa marang pakewuh kang bakal nêkani.

380. Pringga raksa.
Pringga: pakewuh, raksa: jaga.
sal: Jaksa sabêndhoyot. Anak, sanak sadulur padha dadi kancane: jaksa pring sadhapur.

381. Praksi angkara asmana.
Angkara: liwung, galak, murub, barubah, mulat. Asmana: pikat.
sal: Wong nêmu bilai saka ngăngsa-ăngsa marang kamelikan, kaupamakake: manuk kapencut marang jontrot, kang ana sajroning pikat.

382. Patra kesisan.
Patra: godhong. Kesisan: kêntekan.
sal: Wong katarka samubarang, atur pangakune wis kaugêran, wasana barêng liya dina nusuli atur, iku ora dadi, mulane kabasakake godhong. Pasajane: atur tanpa dadi.

383. Patra laksana amangun satmata.
Laksana: laku. Amangun: agawe. Satmata: pandêlêng, dêlêng, katon.
sal: Wong anggugad motangake, agawe-gawe layang pratăndha utawa kagawe saksi. Patra kang kagawe ngibarat. Pratăndha, awit kang kagawe papan nulis wong kuna, gêgodhongan. Mangun satmata kagawe ngibarat: saksi. Laksana, mung mratelakake: pratingkah utawa rekane.

384. Pasang prabu linukawat.
Pasang: banjur pasang, săngga, tata, piranti. Prabu: ratu, panganggo, pantês, sêmbada. Linukawat, kaupamakake: lukawat. Lukawat: wingka. Banjir iku ngibarat akèh. Panganggo ngibarat: rajabrana.
sal: Jaksa, yèn andêlêng dunyaning wong, kaya andêlêng wingka.

385. Pilih kasih.
amb: ora padha panduming sih.

386. Popo anyalawadi.
Popo: sungkan. Nyalawadi: ngêmu rasa.
sal: Wong bumi ora gêlêm mariksa lacak utawa larining durjana, dadi ngêmu rasa ngubungi durjana.

--- 140 ---

387. Pupuk bawang
amb: Wong kang dipadhakake: bocah, utawa ora kacacah ing ngarêp. Mulane kaaranan pupuk bawang, awit bawang iku sok kanggo pupuk bocah.

388. Padhang atapa.
Têgêse: atapa ana ing panggonan padhang.
sal: Wong têmên, tapa iku ngibarat pratingkah ana ing pêpadhang, yaiku katon ing akèh.

389. Pampang pumpung.
Pampang: papak, palang, pondhok, băngga. Pumpung: 7.
sal: Wong wani amdêrgandang duwèking liyan.
Amdêrgandang: nyêbrak, nyêndhal, yaiku anjupuk kalawan paksa.

390. Pambabar tutur.
amb: Wragading rajapati, kawaratakake ing wong desa kang cêdhak marang panggonane jisim. Panunggalane bêbasan mangkene: pamêdhot kênthêng, panglubar. Pamêdhot kênthêng iku wragade wong gugad-ginugad, sawise mêtu saka ing kênthêng.
Panglubar: wragad rampunging prakara. Dadi pambabar tutur mau wragade olèhe ngaturi uninga ing parentah yèn ana rajapati.

391. Pathok bangkrung.
amb: Wong têtawa kang ora kêna suda.
Bangkrung: pakêkêng. Dadi karêpe pathok bangkrung: pathok angèl bêdhol-bêdholane, wong nunggang jaran yèn mayuk utawa makêngkêng dibasakake ambangkrung.

392. Dhindhang karuban wang.
Dhindhang: warana. Karuban: karoban.
sal. Jaksa karoban ing rêruba. Warana: aling-aling.
Mulane jaksa kaupamakake aling-aling, awit dadi warananing ratu, yaiku wakil bêbênêran.

393. Dhudha basong.
amb: Dhudha mlarat, nanging sugih anak.
Basong: sêntor, sorot, karêpe kang gawe paribasan iki, saroning têmbung kawi: sunu, anduwèni têgês loro, 1. cahya, 2. anak. Dadi têmbung basong kagawe padhakaro sunu, anduwèni têgês loro mau, karêpe: dhudha anak, yaiku dhudha duwe anak.

394. Dhoyong-dhoyong aja rubuh.
amb: Wong mlaku gawe sok repot, ora tumindak ing gawe utawa kuwajibane, nanging yèn pinuju olèh

--- 141 ---

nyilih prabot, iya bisa tumindak ing gawe. Utawa wong narima katanggungan, iya kabasakake mangkono.

395. Dhandhang tumrap ing kêkayon.
sal: Jaksa anggagahi padu, kaupamakake gagak mencok ing kêkayon, awit pangalupe gagak angalamati ala, mangkono uga wong anggagahi prakara kalêbu ala, utawa wong mênyang omahing liyan, saka sadhengah kang ditarka, iya mangkono salokane.
Mencoke ing kêkayon ngibarat: têkane ing omah. Unining dhandhang ngibarat tarka.

Ja.

396. Jêro jodhone.
amb: Wong kang lawas ora laki utawa rabi, utawa lawas ora duwe karêp omah-omah.

397. Juris baris: joris baris.
Juris: joris: kêthèk. Baris: pacak baris.
amb: Wong angadhang-adhang kaluputaning liyan, kaupamakake kêthèk pacak baris.

398. Janma angkara mati murka.
Angkara: galak, murub, mubal, liwung.
sal: Wong nêmu bilai dening murka.

399. Jangkrik mambu kili.
amb: Wong kaduk brangasan, wuwuh-wuwuh diwêwaduli, kaupamakake kaya jangkrik dikilèni.

Ya.

400. Yutyutan kajali tangan.
Yutyutan: têtalenan.
Kajali tangan: kaparucut ing tangan.
amb: Rêmbug kang wis golong ora enggal dilakoni, wêkasan ngalênthar.

Nya.

401. Nyirna wadana.
Nyirna: ngilangake. Wadana: rai, pangarêp.
sal: Wong kang ambênêri ora kamupakatake ing akèh, dadi ngungkurake kancane, kang pancèn wajib dimupangati, kaupamakake: ngilangake rai.

402. Nyèrèd blarak saka ing pucuk.

--- 142 ---

: Nyèrèt pring saka ing pucuk.

403. Nyakot kêlut.
amb: Wong kang ora kaduman ing melik anggone kaklumpuk, kaya ta: têtuku mênyang ing pasar, têtukone kaulihake dhisik, kang tuku isih kari ana ing pasar, têtukone mau êntèk kapangan marang anak bojone, kang têtuku mau kaupamakake nyakot kêlud, awit ora kaduman.

404. Nyuda wacana.
sal: Wong ngurangi atur.

405. Nyuwèkake payung.
amb: Wong kang gawe kaluputaning priyayi, kang arêp andadèkake pocot.

406. Nyawati akarya dèsi.
Nyawati: ambalangi, ngoncati. Akarya: gawe.
Dèsi: panggonan, prênah.
sal: Wong anggingsiri ujar, aliyangan ênggon liya, kaya ta: wong ing Sangkrah, ngaku Mangkubumèn. Utawa ature ing ngarêp wong ing desa Godhongan, wêkasan ngaku wong Widuran.

407. Nyăngga bokong.
amb. Wong rumêksa marang kalungguhane bojo, sanajan sadulur utawa mitra, murih lastari slamête. Kaya ta: wong wadon duwe bojo dadi mantri, ing sabisa-bisa agawe suka bungahe dhêdhuwurane, murih lastari slamête kapriyayène. Yèn bojo ana kaluputane, ngarêp-arêp nêmu pangapura. Nyăngga, iku ngibarat: rumêksa. Bokong: ngibarat kalungguhane.

Ma.

408. Maha kirda.
Maha: luwih gêdhe. Kirda: ulah karêsmèn.
sal: Padune wong ambandrèk.

409. Maha tandhing-tinandhing.
sal: Wong matèni wong ana ing palêmahaning liyan, sumêdya gawe bilai marang kang duwe palêmahan. Maha tandhing, ngibarat: parentah, tinandhing, ngibarat: sir duwe palêmahan, dadi kang duwe palêmahan mau digolèkake tandhing parentah.

410. Maha pralaya.
sal: Wong kagugad sèndhèn wong wis mati, ora anggugu ing pratikêl, kudu ngantêpi wêkase kang mati mau, dadi ngluhurake ujare kang wis mati.

--- 143 ---

411. Moa-moa. Têgêse: lumuh-lumuh.
sal: Wong aku-ingaku samubarang kang wis katur ing jaksa, wêkasane ora mêtoni ing pradatan.

412. Mina angkara masobya.
Mina: iwak banyu, mirungga. Angkara: galak, murub, mulad, liwung. Masobya: mancing.
sal: Wong nêmu tiwas dening kamelikan. Kaya agahaning iwak marang pakan kang ana ing pancing: paksi angkara asmana.

413. Minakala kasatêka.
Minakala: ula. Kasatêka: tutut.
sal: Parentah ora mitênah, kaupamakake ula tutut.

414. Mênêng mênêng idu ulêrên: mênêng-mênêng widara ulêrên.

415. Mênangi gajih tumumpang.
amb. Wong ing samubarang laku utawa prakara mung mênangi enake bae, ora mèlu kangelan utawa rêribêde. Gajih iku ngibarat: parampadan, tumumpang ngibarat: wadhah utawa piring.

416. Manuk mencok dudu pencokane, rupa dudu rupane.
amb: Samubarang kang nyalawadi, utawa ngêmu rasa ala, kaya ta: manuk gêmak ing sawêruhku ora ana kang mencok ing kêkayon, yèn mencok ing kêkayon dudu pencokane, aran aèng, mangkono uga gêmak mau kang akèh warnane blirik, măngka ana kang putih, iya aran aèng, pencokan iku ngibarat panggonan kang diambah ing wong, warga, ngibarat: sandhang panganggone, kaya ta: santri lungguhan karo wong akèh ana ing patikèn, iku dudu ambah-ambahane, masthi ngêmu rasa, mangkono uga wong lanang nganggo cara wadon, masthi nyalawadi, sabab dudu panganggone.

417. Mundur uncêg.
amb: Samubarang pikarêpan kang ora mundur yèn durung kalakon. Awit uncêg yèn kagawe ngênguncêgi masthi ora kadudut yèn durung bolong kang diuncêgi.

418. Mantra kasutaka.
Mantra: uni, kêcap, măntra, gatra. Kasutaka: karusak.
amb: Wong paripadu kang wis kaugêran ature, wêkasan singlar, utawa wong ngaturake layang aturan marang parentah, barêng liya dina nusuli layang manèh.

419. Mêndhak-mêndhak kaya liwêt.
amb: Wong kang ora bisa kombul marang kaluhuran, kaupamakake kaya wong ngliwêt, awit angliwêt iku dudu pagaweane priyayi, kang pancèn duwe bubuhan batur, utawa bêras kang kaliwêt manawa ngarêpake matêng mêndhak.

--- 144 ---

420. Mêndhêm linarihan.
Linarihan: tinuju.
sal: Jaksa andadèkake padu, nanging ora bisa tumindak ing pradatan. Mêndhêm iku ngibarat ora tumindake pradatan, linarihan ngibarat: kang tinuju ing sêrêgan.

421. Mandhêg ulèh.
amb: Wong nindakake laku utawa pagawean samubarang, ana kang dadi kacangkol ing atine, wêkasan gajêg-gajêg ing laku.

422. Mandhêg mangu: no. 421. Mangu: mangên-mangên, kanggêg.

423. Mêrak kacancang.
amb: Wong ngungasake kabisan, karêpe mêrak kaèdhèng-èdhèngake, supaya katon ing akèh.

424. Micakake wong mêlèk.
amb: Samubarang pratingkah kang ora mawa rêringa, kapikir ora ana kang wêruh utawa anggraita.

425. Mêrêm mêlik.
amb: Ati kang mêlang-mêlang. Mêrêm, ngibarat: turu. Mêlik ngibarat: mêlèk. Dadi mêlang-mêlang ing ati kabasakake: ora bisa turu, ora bisa kapenak, sadhela mêrêm, sadhela mêlèk.

426. Mrakadang, têgêse: nyadulur.
sal: Wong nyadulur jaksa, supaya mênang padune.

427. Markawat praba anih.
Markawat: ngrusuk, praba: sorot, cahya, anih: lumuh.
sal: Jaksa kang ora gêlêm (arêp) nganggo kang murub muncar.

428. Marta wisuna.
Marta: adhêm, urip, jamu. Wisuna: wisa linuwih.
sal: Wong kang ora anggêpok laranganing Allah, utawa laranganing Gusti, adhêm iku ngibarat: lumuh, utawa ora nglirwakake, awit yèn katêrak andadèkake bilai.

429. Mracah anglènging kumbang.
sal: Wong ngrayah tanpa saksi marang tăngga têparone kang karayah. Anglènging kumbang: kaya lènging kumbang, iku ngibarat anggone ora saksi, dadi malongo tanpa calathu, kaya lènging kumbang.

430. Mrojol ing akêrêp.
amb: Wong sakti, kaya ta: upamane wong bisa mêtu saka kunjara, tanpa dalan ing lawang, tanpa babahan.

431. Murangkara.
Murang: nyimpang. Kara: padhang, lêgi, barang.

--- 145 ---

sal: Wong ambaèkake parentahing ratu.

432. Murungake uwong.
amb: Wong ngrusak sipating sapadha-padha, utawa agawe bilaine.

433. Madara, têgêse: selak, asomah, asor.
sal: Wong kanggonan barang malingan, utawa madèkake barang colongan, ora ngakoni.

434. Madal parentah.
amb: Wong mogok marang parentahing lurah, bêkêl utawa bêndarane.

435. Madasan, têgêse: kaya padasan.
sal: Jaksa nglumpuk-nglumpukake wong padu-paripadu, karêping saloka mangkene.
Padasan iku wadhah banyu, pancèn kagawe wulu. Banyu kagawe wulu, ngibarat prakara, barêng kapocot tutupe banyune manthêr, iku ngibarat wêtu utawa tutuhing prakara, utawa padu mikolèhake marang jaksa.

436. Madayak tingal ing rupane.
Madaya: lincad, ambalenjani.
sal: Durjana mêmindha wong bêcik. Katon ing rupane iku karêpe katon ing warna, lincad utawa ambalenjani, ngibarat: ala. Dadi ing lair katon bêcik, ing batin duwe pangarah ala.

437. Matrêywata prabu tanah, para drêtni loskawat, atmawat parabu anih, apaping daranih, matrêywat dara nih.
Matrêywat: angiwat, prabu: ratu, anih: lumuh, para: para, drêtni: melik, loskawat: wingka, lukawat (lokawat) tuwin lungkawat. Atma: anak, nyawat: sesa, parabu: ratu, apaping: nganiaya ing, dara: prawan, selak, somah, asor. Nih: lumuh, têgêse: sapada lingsa-lingsane, angawat sang ratu lumuh, para melik wingka, amisesa sang ratu lumuh, anganiaya èstri lumuh, angiwat èstri lumuh, karêping saloka mangkene: wis ngiwat rabining kawula, meliking kawula, kaupamakna wingka, ratu aja agahan matèni, aja nganti nganiaya wadon, aja nganti ngiwat wadon.

438. Matangtun: matang tuna numbak luput (I).
sal: Wong anggugad utawa anarka ora ana kayaktène.

439. Mutung pamatang.
sal: Wong anggugad, wêkasan, atut rukun dhewe marang kang ginugad, mutung mono nugêl, ngibarat: nugêl lakuning prakara, banjur rukunan. Pamatang: tumbak,

--- 146 ---

ngibarat panggugade

440. Misa dah: misa da.
Misa: nguwasi, dah (da): ngêmu, ngêmbêng.

441. Misa jaya.
Jaya: unggul, mênang, kuwat.
sal: Jaksa mênangake kang kalah, ngalahake kang mênang, dadi kang pancèn mênang prakarane prasasat diapusi.

442. Musthika bramara corah, suraking ampuhan, titir pinajarakên, mati dening alun-alun.
Iki sal: durjana. Musthika: tikus, bramara: kumbang, corah: misuwur: congkrah. Durjana yèn wis kaya tikus tansah ngrêrusak, utawa yèn wis kaya kumbang tansah agawe lèng ing saênggon-ênggon, wis misuwur alane. Têgêse surak ing ampuhan, durjana yèn wis kawarta ing akèh ing alane wênang dicêkêl. Têgêse titir pinajarakên: swarane titir diwartakake, yaiku sêsirating titir, durjana yèn wis tau dititiri, wênang dipatèni, têgêse mati dening alun-alun: durjana mati saka alune, yèn wis misuwur alane, têtêp ing patine, tikus kawine: musthika, bokmanawa musthika iku têmbung kalantur.

443. Miwala prabu, ngowahi ngoncati. Prabu: ratu, panganggo: sambada.
sal: Wong mandhingi parentah, utawa mêmadha panjênêngane ratu.

444. Mloroding wuwung omah ing sirap.
amb. Ewuh pakewuh utawa rêribêd: amis bacin (84 II).
: pait gêtir (366 III).

445. Mêlèkake wong picak.
amb: Wong kang pancèn ora sumurup ing samubarang rêmbug, utawa prakara, apadene pratingkah, wasana disumurupake utawa diwêruhake.

446. Malik monthok, monthok: mongkoging ati.
amb: Wong duwe kasaguhan banjur singlar, karêpe: malik anggone gawe mongkoging ati.

447. Malikat malik bumi utawa malekat malik bumi.
amb: Wong ngrusak wawêngkone dhewe, utawa wong padu kang molah-malih calathune, agawe karibêdane dhewe.

448. Maling anamur tilas.
Anamur: nyamar. Tilas: labêt, tapak.
sal: Wong kang ngidaki tipaking maling.

449. Maling caluwêd.
Caluwêd: têtawa, idêr.
sal: Wong ngêdol barang colongan, utawa duwèking maling.

450. Maling rajawèni.
Rajawèni: sirah.

--- 147 ---

sal: Durjana kacandhak gêgamane utawa panggêdhene.

451. Maling kaburu kabutuh ing pringgabaya.
Pringgabaya: ewuh pakewuh.
sal: Wong ngêtêngi wadon liya ora ngaku, nanging karubuhan saksi.

452. Maling tunggal labêt.
sal: Wong ngênggoni tabêting maling, kêna ing panggrayangan dadi panunggalane maling.

453. Maling sêsaid.
sal: Wong mèlu nalasah larining maling ora mawa diajak, wêkasan kang mèlu mau nêmu gêgamaning maling, kaaturake ing parentah, dadi kêna panggrayangan ala, prasasat nyaidake awake dhewe.

454. Maling lamat, ganêpe ing têmbung: maling ngalamat.
Ngalamat: têtêngêr.
sal: Wong liwat ing wayah bêngi, tanpa colok utawa tanpa sabawa, dadi kêna panggrayangan arêp maling, awit sêpining colok utawa sabawa mau kang ngalamati yèn arêp anglakoni panggawe ala.

455. Maling panti.
Panti: omah.
sal: Wong ngênggoni omahing maling.

456. Maling marga.
sal: Wong kang andhisiki ana ing dalaning maling, utawa ana ing babahan, tuwin wong andhisiki dalane wong nglasak maling.

457. Maling ngrampaka.
Ngrampaka: nyaplêki, madhani, nganggit.
sal: Wong ngênggoni tabêting maling, dadi madhani maling, padhakaro maling tunggal labêt (451 III).

458. Maling ngumpêt, muka pani[5] silit.
sal: Wong nuturake alaning liyan, utawa nuturake ênggone durjana, ora wani dadi waton, dadi ora wani.

459. Mêpêti ana rêmbêse.
sal: Wujud katarka nyilih (utang) ora ngakoni, kari-kari ana kang wêruh yèn utang. Pêpêt iku ngibarat: pamungkir. Rêmbês ngibarat: kawiyake kang dinglari, marga karubuhan ing pasaksène kang wêruh mau.

460. Mêdhot rakêtan.
Rakêtan: prasanakan, kêkasih.
sal: Wong gugad-ginugad karo anak putu, utawa bapa biyung, utawa sal: wong saksi loro, kang sowan ing parentah mung siji, dadi karêpe: mêdhot sih utawa ngêdohi kang dirakêti.

--- 148 ---

461. Mêjao, utawa mêjauh.
amb: Samubarang kang durung kêna katamtokake, kaya ta: kasaguhan, jangji, pangarêp-arêp, sapêpadhane kang durung kêna kapasthèkake. Mijau iku bokmanawa saka têmbung Malayu jauh, têgêse: adoh, dadi samubarang kang isih adoh kayaktène. Mêjauh Kw: sumamar.

462. Mayit lêlaku.
amb: Wong lêlaku utawa lêlungan ijèn, têgêse: cêpak tumiba ing bilai, dadi prasasat wis dadi bathang.

463. Mumpang saji.
Mumpang: numpang, nundha. Saji: sêsaosan.
sal: Wong duwe anak wadon arêp dirabèni ing wong, sawise nampani tukon, wêkasan dilakèkake olèh liyane. Sêsaosan iku ngibarat tukon. Numpang ngibarat: ngrangkêp, sarèhning bocah wadon mau durung olèh kang nukoni sing dhisik, măngka kalakèkake wong liya, dadi olèh tukon manèh.

464. Mêgat ing apus.
sal: Wong mêgat wong nitik larining durjana. Apus ngibarat: durjana.

465. Mungkur gangsir.
sal: Wong kang ora mèlu-mèlu ing samubarang panggawean, kaupamakake: gangsir mungkur arêp ngêlèng.

466. Mong mangăngsa-ăngsa.
sal: Wong anggrabagi pagêr omahe wong-wong, sarta anjupuk wani. Anggrabagi: ambêdholi. Ambubrah.

Ga.

467. Gana ina tanwrin ing lingga.
Gana: lanang, kawasa, awang-awang, mega, ungkêr, calon, gatra, kaliwat. Ina: cacad. Tanwrin: ora wêruh. Lingga: anak.
sal: Wong lanang mêntas kapatèn bojo, banjur nyara-nyara marang bature wadon isih prawan, nanging ora dilanggati. Wondene karêpe tanwrin ing lingga iku padha karo kang muni ing saloka: andaka măngsa prana tanwrin ing lingga (24 III).

468. Gana amèt băngga nir graha kajana linuding erang, têgêse: wong lanang golèk pangan kailangan bojo kajupuk ing wong, katumpangan ing wirang.
salsal:[6] Wong lunga dêdagangan, saungkure lunga kang wadon dhêmênan, satêkane kang lêlungan kailangan barang dandanan kang ana ing omah. Kajana, têgêse kang bênêr: kauwong,

--- 149 ---

ing kene karêpe kajupuk ing wong.

469. Gana among lêmbu asăngga maha nir prana tanwrin mulah. Têgêse: wong lanang angon sapi wajangan, ngilangake ing ati, ora wêruh pratingkah.
sal: Wong duwe batur lanang wadon rangkat. Rangkat: wong dhêmênan lan wadon lunga, têrange mangkene: kang diarani gana angon lêmbu yaiku kang duwe batur, lêmbu ngibarat batur, kang diarani ngilangake ati mau, batur lanang wadon, awit rangkate amasthi agawe kagèting bêndara, kang diarani ora wêruh ing pratingkah, iku bêndarane, karêpe: ora wêruh ênggone dhêmênan, utawa anggone rangkat.

470. Gênti watang.
sal: Wong padu paripadu, watang siji dianggo ing wong loro, kang diarani watang iku, ing kene saksi utawa wong kang nyumurupi nalaring prakara, dadi saksi siji kaanggo ing wong loro.

471. Gana wasa cawuh angrusak lingga tanwrin kasusastran. Têgêse: wong lanang paksa rusuh angrusak badan, ora wêruh kasusastran utawa tata krama.
sal: Wong mujangan wadon dicara-cara, dadi ngrusak lingga iku karêpe: ngrusak badane ngujangan wadon, wondene kang diarani ora wêruh ing tata krama: wong lanang kang paksa rusuh wau, cawuh kagawe sêsilihan rusuh, têgêse kang satêmêne: jumbuh, dhumpyuk, padhakaro: cawêh, dadi karêpe: ngêmbari.

472. Gana lena amèt măngsa tan wirèng kama, têgêse: wong lanang pêpeka anjupuk mêmangsan ora prawira ing karêp.
sal: Wong kacêkêl marga utang marang durjana. Gana iku ngibarat kang utang marang durjana, lena amèt măngsa ngibarat kuranging pangati-ati anggone amrih olèh, tan wirèng kama, ora bisa ngampah karêping ati kudu utang.

473. Gana lena rêbat măngsa nir tan sabawa, têgêse: wong lanang pêpeka rêbut mêmangsan sirna tanpa swara.
sal:Wong nyidhêm rajapati, kang wêwinih saka rêbutan melik, kang disalokani: gana lena nir iku kang rêbutan mêmelikan, dene pêpeka nganti padha mati, nir kagawe ngibarat: mati, tan sabawa iku olèh wong kang nyidhêm, dadi ora matur ing parentah.

474. Gondhang kasih. Iku têmbung loro padha kawancah ing ngarêp, wutuhe: logondhang. Gondhang kasih: logondhang, iku araning wowohan, kaya êlo [ê...]

--- 150 ---

[...lo] nanging sêmu abang, gondhang kasih iya uga kaya êlo, nanging ijo.
amb: Samubarang kang gèsèh ing warna utawa ing băngsa, kaya ta: wong duwe anak kêmbar, sing siji irêng sijine bule, utawa Cina rabi wong Jawa.

475. Gana-gana tan uningèng lara. Têgêse: wong lanang kawasa ora wêruh ing lara.
sal: Wong lanang anggêbugi wadon liya. Tan uningèng lara, iku karêpe ora mikir yèn bakal nêmu rêribêd, awit masthi dadi prakara.

476. Gêcas-gêcès. Iku irib-iribing ing suwara êmpaning gêgaman kagawe mêrang.
amb: Samubarang kang daya-daya rampunga. Utawa amb: wong para sudukan.

477. Gurnitêm malêmbanêm.
Gurnitêm: gêlap, kerasan saka gurnita. Malêmbanêm: angalêmbana.
sal: Jaksa ambiyantoni karsaning ratu, ora nganggo ing sabênêr-bênêre. Gêlap ngibarat pangandikaning ratu, dadi karêping saloka: luput bênêr jaksa amrayogakake.

478. Giri lusi jaladri pawaka surya sasăngka anila tanu. Têgêse gunung, suci, banyu, jaladri: sagara, pawaka: gêni, surya: srêngenge, sasăngka: rêmbulan, anila: angin, tanu: mangsi, bunglon.
Iki sal: ratu, karêpe mangkene: ratu amêngku adil dipêngkuh kaya gunung, rêsike marang pangadilan kang kaya banyu bêning, pamêtuning pangadilan kayaa sagara, amot sabarang sarta ambaning budi, wisesaning marang durjana kayaa gêni, ora tampik êmpan-êmpanan, sanajan kalêbu putra santana yèn anglakoni kadurjanan, iya kawasesaa, pamriksane marang sawarnaning prakara utawa marang kadurjanan kayaa srêngege, karêpe: têrang, pangarah anggolèka durjana kayaa rêmbulan, karêpe: sarèh, rikate nyêkêl durjana kayaa angin, trape ing paukuman marang durjana kayaa mangsi tumiba ing kêrtas, ora kêna owah.

479. Gora gêtih nêmu riris.
Gora: gêdhe, riris: udan.
sal: Wong kêrêngan ana ing sabên sapone ing liyan, nganti padha tatu, kang duwe omah misah, wêkasane mèlu tatu, gora gêtih iku ngibarat wêtuning gêtihe kang padha kêkêrêngan. Nêmu riris: nêmu udan,

--- 151 ---

ngibarat: wêtuning gêtihe kang misah.

480. Gotong mayid.
amb: Wong lêlungan adoh ngambah dalan gawat, mung wong têlu, mulane diarani gotong mayid, sabab manawa salah siji nêmu tiwas, tatu utawa mati, kang loro minăngka panggotonge, yèn têlu pisan nêmu tiwas, iya ora bisa tulung-tinulung, mung bêbasane bae mangkono. Wondene kang diarani gotong mayid mau isih ana manèh, 1. Teja gotong mayid, yaiku teja kang malang. 2. Omah gotong mayid, yaiku omah kang ngarêp burine ana omahe mujur utawa iringe kiwa têngên ana omah mujur, iku pitayane wong Jawa ora bêcik, dadi laku gotong mayid iku pasajane mutawatiri, awit kurang santosa.

481. Golèk kalimising lambe.
amb: Wong kang mêmurih warêging wêtênge, abăndha umuk utawa wêwarta utawa wadul, apadene abăndha pangonggrong.

482. Galuga sinalusur sari. Kalanturing basa dadi: galuga sinusur sari.
amb: Samubarang kang wis bêcik, kawuwuhan utama, galuga iku bangsaning gincu, sinalusur sari: kaulêd karo tipah[7] sari, dadine dadi rêjasa.

483. Gulbi sarêm tan sama, utawa gulbi asarêm tarsama.
Gulbi: simbar, mokal, tansama (tarsama): ora padha.
sal. Jaksa pilih kasih. Simbar kagawe ngibarat jaksa.

484. Gêpok senggol.
amb. Samubarang ing pratingkah rêmbug utawa prakara, kang mawa nyêbutakê saka pangajak utawa wulanging liyan, ora kaandhêman dhewe.

485. Gadhana-gadhini.
amb: Sadulur loro lanang karo wadon, gadhana: gana, gadhihi utawa gini: wadon.

486. Gudhang rêmpêlas: pêcêl alu (368 III).
Rêmpêlas iku godhong kang kagawe ngalusake dandanan băngsa kayu, gunane iya mung iku, ora ana wong anggudhang rêmpêlas awit kasab lan ora enak.

487. Gajah andaka andurkara. Têgêse: gajah banthèng angrêrusuhi.
sal. Wong agawe rêrusuh.

488. Gajah alingan sukêt têki.

--- 152 ---

amb: Wong api-api lair batin seje, nanging katara.

489. Gajah marani wantilan: ula marani gitik (I).

490. Gumêndhèng ora gorèng: kênès ora èthès (157 III).
Gumêndhèng: swara sêru kang ènthèng, wondene ora gorèng iku karêpe: ora bisa anggêgorèng.

491. Gumêmbrang ora adang: (490 III).

492. Geme-geme ora. Katêlah ing têmbung dadi geme-geme urang. Geme-geme: enggal.
amb: Wong anggêlarake kasaguhan, nanging ora ana kayaktène.

493. Gêgêr kapala. gêgêr: gigir, gunung. Kapala: êndhas.
sal. Ratu gugad-ginugad karo santanane. Sirah ngibarat: ratu, gigir ngibarat santana.

494. Gabah sinawur, wutuhing têmbung: anggabah sinawur.
amb: Wong ubêngan, ora duwe panggonan kang tamtu, kaupamakake kaya gabah sinawurake, katêmpuh ing angin tiba ing saênggon-ênggon.

495. Gathak-gathuk. Têgêse: têmpak-têmpuk.
amb: Samubarang kang daya-daya rampunga, utawa kadadeane.

Ba.

496. Bahni anêmpuh toya, têgêse: gêni nêmpuh banyu.
sal: Wong gugad-ginugad barêng wis karampungan marang jaksa, salah siji anggugad marang jaksa mau, gêni, ngibarat: kang anggugad, banyu ngibarat jaksa.

497. Bahni maya pramana. Maya: luwih, padhang, pramana: têtela.
sal: Wong mangsuli gugad mawa têmbung pangumpah-umpah, pangumpah-umpahe kaupamakake ulading gêni.

498. Binda paya: wutuhing têmbung: binda upaya.
Binda: tumpang, wisa. Upaya: paekan.
sal: Jaksa mêmêdèni wong katarka ala, katêtêpake luput sadurunge kaadilan, murih wêtuning pisungsung, kaupamakake wisa sarta paekan.

499. Brakiti angkara madu.
Brakithi: sêmut. Angkara: murub, mubal, liwung, galak. Madu: mabên.
sal: Wong tiwas saka melikan, kaupamakake sêmut agahan marang madu, saking kapencute ing lêgi, mati kajrungus ing madu.

500. Brakatha angkara gêni.
Brakatha: sulung.
sal: Wong nêmu tiwas saka kapencut ing rêrupan, kaupamakake [kaupa...]

--- 153 ---

[...makake] sulung agahan marang gêni.

501. Brawak-brawuk. Têgêse: ngiwa nêngên.
amb: Wong anjupuk tanpa têmbung.

502. Brewa-brewo, utawa breya-breyo, têgêse: reyah-reyoh.
amb: Wong kang ora bêsus marang panganggo, dadi nganggo ora mawa katara, padhakaro ambombrong. Nanging ambombrong iku êtrape mung marang wong wadon.

503. Bramana kandha.
Bramana: pandhita, kandha: carita, rawis, cawi.
sal: Wong nuhoni jangji, utawa nêtêpi basa, mulane kaupamakake kaya carita utawa calathuning pandhita, awit calathuning pandhita kang masthi ora lincad, padhakaro saloka sabda pandhita. (331 III).

504. Brama corah. Brama: gêni, corah: congkrah, misuwur.
sal: Durjana kêkêrangan, banjur gugad-ginugad, utawa wong katarka durjana, nanging wis tobat, mari nglakoni panggawe ala, ora dadi madawa kagugad. Brama, ngibarat: durjana, wong congkrah ngibarat: kêkêrêngan, wondene misuwur wau misuwur laku ala, olèh marang durjana kang katarka, nanging wis mari nglakoni kadurjanan.

505. Bramara amrih sari.
Bramara: kumbang. Amrih: ngarah. Sari: kêmbang.
sal: Wong lanang anggrêmêti wong wadon arêp katunggal turu.

506. Bramara mangun lingga. Mangun lingga: mangun badan.
sal: Wong lanang gumagus ana ing ngarêpaning wong wadon.

507. Bakul tikus.
amb: Bakul kang tansah tuna bae, kêrêp ana ing omah tinimbang dodolan, marga saka cingkranging băndha kang kagawe bêbakulan, kaupamakake tikus kêrêp ngêlèng karo ngêdhèng. Sawênèh angarani bakul tikus iku ambasakake wong anggêgadhe, karêpe ngupaya kauntungan, ora mawa lunga-lunga saka ing ngomah, kaya tikus kang ana ing ngêlèng.

508. Bakul timpuh.
amb: Wong gêgawean samubarang banjur didol, nanging pangêdole ana ing omah bae, ora nganggo didhasarake, yèn ana wong arêp têtuku iya kaêdol, yèn ora iya kaênggo dhewe.

509. Basa candhala: sabda candhala (329 III) sabda paros III.
sal: Wong pisuh-pinisuh.

510. Basa kapracăndha. Kapracăndha: katêmpuh ing prakara.
sal: Jaksa nampani pisaiding wong kang kêna ing tarka, nanging durung kagugad, kaupamakake atur angin bae, dadi atur [a...]

--- 154 ---

[...tur] durung gênah.

511. Basa parudha. Parudha: panggalan: basa candhala (509) III.

512. Bêlah aji. Bêlah: paro, sigar. Aji: ratu, rêngga.
sal: Wong kelangan mulih saparo, kaya ta: ilang ana ing titipan, kang padha kainane, dadi kang duwe barang mung olèh têtêmpuh saparoning rêgane barang kang ilang.

513. Balik bol.
sal: Ing dhuwur dadi ngisor, ngisor dadi dhuwur utawa prênah nom dadi tuwa, tuwa dadi nom.

514. Bima parasama.
Parasama: pilih kasih. Bima: anggêgilani, mêmêdèni.
amb: Jaksa pilih kasih, bima mau ngi: jaksa.

515. Bubak kawah.
amb: Wong mantu anak pambarêp.
Bubak: dhudhah. Kawah: banyu kang mêtu nalika andungkap wêtuning bayi, dadi karêpe paribasan: mêmantu anak kang nêmbe ngêtokake kawahing biyung.

516. Bathang ngucap-ucap.
amb: Wong loro lêlungan ngambah dalan gawat, mulane kaupamakake bathang ngucap-ngucap, awit manawa nêmu pakewuh kabegal, cêdhak marang tiwase, marga saka kurang santosa.

517. Băngsa parosa: brawak-brawuk (502 III).
sal: Wong anjupuk tanpa têmbung.

518. Bonggan gawe. Bonggan: manggan.
amb: Wong ngêcaki pagawean kang pancèn dudu bubuhane, utawa mraduli prakara kang ora anggêpok awake, wêkasan nêmu kang ora prayoga.

Tha.

519. Tharthir kaya manuk ngunjal.
amb: Wong anggêgawa saka sathithik-sathithik, kaupamakake kaya manuk ngunjal, yaiku gawe susuh.

520. Thak-thakan kaya klothak.
amb: Wong kang kakehan tanaga, karo sabawa. Thak-thakan iku dandang kang ora bênêr, ora gênah. Klothak iku irib-iribing suwara, tarunge kayu padha kayu utawa watu karo kayu.

521. Thak-thuk kaya Ki Drêpa.
Maribasani wong kang ngaku-aku dudu duwèke, utawa ngêcaki pagawean kang dudu bubuhane. Thak-thuk iku samubarang kang dudu surupe kasurupake. Ki Drêpa iku jênênging wong, èmpêre dhèk biyèn ana wong kang aran [ara...]

--- 155 ---

[...n] Ki Drêpa. Sok ngêmpakake kang dudu bênêre dadi katêlah kagawe paribasan.

522. Thang-thêng kaya tawon boni.
amb: Wong kang tansah wira-wiri, kaupamakake kaya ibêre tawon boni, thang-thêng iku irib-iribing swarane êlaring tawon mibêr, dene boni iku araning tawon, kaya ta: tawon dhowan, tawon tutur, tawon kêmit, tawon gung.

Nga.

523. Ngenaki sarak. Sarak: parentahing agami.
amb. Wong ngenaki parentah, utawa ngenaki atining wong duwe panjaluk samubarang, nanging ora dituhoni, mung murih lêganing ati ing sapangarêpan bae.

524. Ngantuk ngadhêp padhiyan.
amb. Wong pêpeka marang panggunggunging wong, ora sumurup yèn bakal anjalomprongake, andadèkake rêribêd, kaupamakake wong ngantuk ngadhêpi padhiyan, luput-luput karungkêp ing padhiyan.

525. Ngreka wasana.
sal. Wong padu pari padu owah utawa gingsir calathune.

526. Ngreka parusa.
sal. Wong padu-paripadu akêkudhung bêndara utawa gustine.

527. Ngreka pada.
sal: Wong gawe saksi, dadi ngathik-athik gawe sikil. Yaiku ngibarat saksi, supaya prakarane bisaa tumindak.

528. Ngreka padea. Padea: pangalihan.
sal: Wong asaksi wong lunga.

529. Ngreka maya. Maya: luwih, padhang.
sal: Wong padu paripadu ngalêm marang jaksa, dadi karêpe ngathik-athik têmbung linuwih, yaiku ngibarati pangalêm.

530. Ngrusak sêsangkul. Sêsangkul: sampiran, pêpikulan, sêsanggan.
sal: Wong motangake dicêkêli rajapanganggo, banjur kaanggo, dadi cêkêlan rajapanganggo iku kaupamakake sampiran.

531. Ngrasa wadi. Têgêse: ngrasa-rasa, ngêmu rasa, nyalawadi.
sal: Wong sajrone duwe prakara lara, tirah marang omahing jaksa.

532. Ngraja gopala ambima saksi.
Ngraja gopala: kaya raja gopala, ambima paksa: kaya Wrêkodara paksa.

--- 156 ---

sal: Wong ora nrima marang bênêraning jaksa.

533. Ngrungokake wong budhêg: kuping budhêg dikoroki, (I).

534. Ngarangulu: anggêntèni karangulu (I).

535. Ngadon-adoni.
amb: Wong ngadu-adu murih padu, utawa ngojok-ojoki murih napsu.

536. Ngidaki macan.
sal: Wong padu atêrsăndha giri-giri.
Atêrsăndha: sèndhèn. Aliyangan.
Giri-giri: mêmêdèni, kaluwih-luwih.
Kaya ta: Wong katagih utange singlar, banjur mêmêdèni arêp kaaturake ing parentah, utawa gawe têmbung kang gawe wêdine kang nagih.

537. Ngêdom sulam.
amb: Wong nyulihi pagaweaning wong kang lagi sukêr lara, dadi karêpe sumlêndêp kaya êdom, sulam iku panunggalane tambal.

538. Ngudang siyunge Bathara Kala.
Iki bêbasane wong ngajak sudukan, siyunge Bathara Kala iku ngibarat gêgaman.

539. Ngisinake nyêlèkake dakar kuncup.
amb : Wong mirangake mêlèh-mêlèhake marang wong kang wis nyandhang wirang, kaya ta: ana wong kang wis kabănda, banjur dicalathoni, dene iku kang ambêdhog pitikku biyèn.

540. Ngisor galêng dhuwur galêng.
Galêng: garis, watês, larik, galêr.
Iki ambasakake pêperangane ing sanak sadulur, yèn sanak saka biyung diarani sanak ngisor galêng, yèn saka bapa sadulur dhuwur galêng, utawa kang kaaranan sadulur ngisor galêng iku mau kang saka wiji cilik, sanajan sanak saka bapa, yèn wiji cilik iya kaaranan ngisor galêng. sanak saka biyung yèn wiji gêdhe iya kêna kaaranan sadulur dhuwur galêng.

541. Ngawak-awakake: sugih pari ngawak-awakake. (III)

542. Nglindhung pura. Têgêse: ampungan kadhaton.
sal: Wong padu paripadu atêrsăndha ing gustine, utawa ngalih-alih palawangan.
Palawangan: kori, yaiku kang ngladèkake prakara.

543. Ngloro paningal: maro paningal. (II)

544. Ngêlokake wong picak.
amb: Wong kang wis pancèn ora sumurup marang samubarang ing pratingkah, wasana diwêruhake.

545. Nglukika basa, têgêse: andunungake têmbung.
sal: Wong katarka, ing ngarêp wis ngaku wêkasan singlar, dadi karêping [ka...]

--- 157 ---

[...rêping] saloka manggonake têmbung goroh.
Nglukika, purbane: lukika (lokika) têgêse: dunung, wondene lokika iku iya kagarba saka loka ika: têgêse: panggonan iku.

546. Nglêlêt êduk pinggiring dalan (ngêlês êduk ing pinggire dalan).
amb: Wong gugontuhon, kaya ta: duwe karêp utawa anggarap pagawean anggugu pratikêling wong kang padha ambeda-beda, luput bênêr anggêr ana kang maoni katurut, wêkasan ora prayoga kadadeane, kaupamakake nglêlêsi êduk ana ing pinggir dalan, yèn ana wong liwat kang tutur kacilikên utawa kagêdhèn katurut bae, masthi ora lurus.

547. Ngilêm-ilêm, têgêse: nyênyilêm.
sal: Wong ngilangake titipan.

548. Ngliyang mibêr, têgêse: kaya kaliyang mibêr: gabah sinawur (49 3III).

549. Ngligêr duloni.
amb: Samubarang kang tiba padha uga, kaya ta: aku duwe jaran siji dakêdol payu f200, dhuwit samono iku banjur daktukokake jaran 2, utawa aku kalah main, f100 marang sawijining wong, nuli mênang f100 saka liyane.
Ngligêr: nglingêr, duloni: tingali, karêpe ngingêr pandêlêng, dadi mungguhing pandêlêng iya seje, nanging tibaning ingêre padha uga, yèn wong kelangan, f5 banjur mênang f5 iku iya aran: nglingêr duloni.

550. Nglingga pralaya.
Nglingga: ngadêg, 1. ngawaki. Pralaya: mati.
sal: Wong anggugad marang wong kang wis mati tanpa saksi.

551. Nglingga pada.
sal: Wong ngliyangake bukti, têgêse: ora ngakoni barang melike kang kacihna, nglingga iku têgêse: ngadêg, ngawaki. Pada: ênggon, sikil, asor. Wong ngadêg ana ing ênggon iku masthi ngaling-alingi kang diadêgi, marga kasasaban ing sikil, iku ngibarat ngalingi awake, nyinglari darbèke kang kacihna mau.

552. Nglunging gadhung.
sal: Wong nyêkêl wong wadon ana ing alas, kaupamakake pamulête êlunging gadhung, mungguh gadhung iku thêthukulan ing alas.

553. Ngèpi ngêni.
sal: Wong gawe kabêcikan ora tulus. Ngèpi: nyêbari, purbasaka: ep. Ngêni: ngêni pari. Nyêbari ngibarat: anggone gawe kabêcikan, ngêni ngibarat:

--- 158 ---

anggone anjupuki, dadi prasasat anjabêl kabêcikan. utawa ora ambanjurake anggone gawe kabêcikan.

554. Ngêpung wakul ambaya mangap.
amb: Mungsuh ngêpung nagara utawa kutha, pangêpunge nganti kêmput, kang dikêpung kaupamakake ana ing sajroning wakul, kang ngêpung kaya baya mangap.

555. Ngayah aruna.
Ngayah: ngawag, ngawur, kaya wêsi. aruna: srêngenge.
sal: Jaksa agawe karampungan ora mawa rêmbugan karo kancane, dadi ngandêlake padhanging atine dhewe.

556. Ngadhang tarka.
sal: Wong kelang-kelangan ana ing dalan, narka wong-wong kang padha liwat.

557. Ngaji mumpung.
Ngaji: anggêguru, nêmaha, ngurmati, nuju.
amb: Wong duwe pamrih anuju măngsakala. Kaya ta: mumpung pasar gègèr banjur ngutil, sapêpadhane kang mangkono.

558. Ngaji mampang-mumpung: ngaji mumpung. Mampang: mogok.

559. Nganyut tuwuh.
amb: Wong nêmaha marang pati, kaya ta: suduk sarira, nglalu, ngêndhat. wong nêmaha marang pati sarana gêgaman, aran suduk sarira. wong nêmaha pati sarana ora gêlêm mêmangan, utawa wong lara ora gêlêm jêjamu, iku aran, nglalu. Wong nêmaha pati sarana nguntal wisa, niba ing jurang, anggêbyur ing kali sapêpadhane kang mangkono: aran ngêndhat. Nganyut: nglarut, ngèlèkake. Tuwuh: thukul, timbul. Urip dadi nglarud urip.

560. Ngamuk punggung. Punggung: pungguh, bodho.
sal: Wong ngrusak duwèking liyan, utawa ambacok mêrang marang wong kang tanpa karana.

561. Ngumbangkara. Ngumbang: ngumukake.
sal: Wong ngolah-ngalih pangakuning omahe.

562. Ngabên singating andaka.
amb: Wong ngadu wong gêdhe padha wong gêdhe.

563. Ngêbyuki tuli.
sal: Wong padu paripadu atêrsăndha mandi mandèkake ujar, yaiku ngêbot-êboti ala marang mungsuhe.

564. Ngêbuk wong mêtêng.
amb: Wong kang darbe kuwasa utawa pangawasa, kagawe pratingkah sawênang-wênang.

565. Ngêgongi: ngênongi II.

566. Ngothak-othak mêga.
amb: Wong kang duwe dêdêg dhuwur bangêt.

--- [159] ---

567. Ngungkadake krêmi: anggêgalak racak II.

568. Ngingu satru nglêlêmu mungsuh: satru munggèng cangklakan I.

Tamat, kabênêr dina Sênèn Kaliwon wayah jam 12. 6' 24'' awan, tanggal kaping 1 Juni 1908. Utawa kaping 1 Jumadilawal, taun: Je, angkaning warsa: 1838, ing pamulangan calon guru ing Ngayogyakarta Adiningrat.

[tanda tangan]

BAB KANGGONE PAKURMATAN ING LAYANG KIRIMAN[8]

Mungguh pakurmatan kang kanggo ing layang kiriman iku beda-beda, yaiku manut gêdhe ciliking unggah-ungguh, utawa manut tatakramane wong kang kirim layang marang kang dikirimi, upamane: wong nom kirim layang marang wong tuwa, utawa kosokbaline, masthi ora padha unggah-ungguhe, mangkono uga kawula marang ratune, utawa kosokbaline, uga beda unggah-ungguhe utawa pakurmatane.

Dene unggah-ungguh sing dianggo ing layang kiriman kaya mangkono:

1. Sêmbah sungkêm, utawa sêmbah sujud, pakurmatan iku kanggo ing layang kiriman, sing konjuk ing ratu, marang para gusti, marang bapa biyung, lan sapanunggalane.
2. Pangabêkti, utawa sêmbah bêkti, pakurmatan sing kanggo marang maratuwa, marang paman, marang bibi, uwak lan sapanunggalane.
3. Salam, pakurmatan kang kanggo marang sapadha-padha.
4. Taklim, pakurmatan kang kanggo ing layang kiriman kang saka [sa...]

--- [160] ---

[...ka] sadulur nom marang sadulur tuwa, utawa marang sapadha-padha. Nanging ngajèni marang kang dikirimi.
5. Salam taklim, pakurmatan sing dianggo ing layang kiriman, saka wong tuwa marang wong kang kaprênah ênom kang luwih dhuwur pangkate.
6. Pangèstu, pakurmatan sing dianggo ing layang kiriman, sing marang sor-sorane sing kalêbu sanak (santana) lan sapanunggalane.
7. Pamuji. Pakurmatan sing kanggo ing layang kiriman, marang pawong mitra, mênyang sadulur nom kang tunggal pangawruh, lan sapanunggalane.
8. Pandonga, pakurmatan iki kanggo ing layang kiriman, mênyang anak putu, mênyang abdi lan sapanunggalane.

Kajaba saka iku ana pakurmatan manèh kang ora kasêbut ing dhuwur mau, kaya:ta: pudyarja, budya satata, budyatama sapanunggalane. Pakurmatan kang kaya mangkono iku owah-owahan saka pakurmatan kang wis kapratelakake ing dhuwur mau, utawa saka kewuhane anggone arêp nganggo pakurmatan salah sijine saka warna wolu ing dhuwur iku.

Peling:

Sanajan kowe padha ngowahana pakurmatan, nanging olèhmu ngowahi aja bangêt-bangêt gèsèh ing surasane, kayata: sêmbah sungkêm utawa sêmbah sujud, diowahi dadi: pudyarja, utawa: budyatama, iku ora kêna, mangkono sapanunggalane.

Sarèhning sakèhing uwong padha dhêmên diaji-aji, utawa dikurmati ing liyan, mulane sanajan ana ing layang, tăndha pakurmatane uga katara, nanging iya aja bangêt-bangêt nyêbal saka pathokan 8 mau.

BAB UNGGAH-UNGGUHING LAYANG KIRIMAN

Kang diarani unggah-ungguhing layang kiriman iku mangkene:

a. a. Daluwang sing dianggo sabisa-bisa kudu milih sing bêcik lan rêsik.
b. Wêruh prênahe lan panggonane siji-sijining ukara lan têmbunge.
c. Mangsi kang dianggo miliha kang lumrah kanggo.
d. Tulisane kudu kang têrang, bagus lan rêsik.

--- [161] ---

e. Têmbung-têmbung kang dianggo kudu milih kang bêcik.
f. Panglêmpite utawa panêkuking daluwange kudu kang tata.
g. Anggone ngupa utawa ngêlak uga kanthi pranatan.
h. Panggawene utawa pangirime aja sakarêp-karêp.

a. Bab daluwange

Mungguh daluwang kang kanggo kirim layang iku miliha sing putih, aja ana rêgêde apa-apa, aja kurang saka sakêbèt sarta miliha kang rada larang rêgane, sanajan layang mau bakal kowènèhake marang wong kang kalêbu sangisore, mangkono uga manawa kirim layang sor-sorane (asale lan pangkate) kêna nganggo daluwang saanane, sok uga rêsik.

Layang kiriman iku sawise dadi, ora banjur dikirimake bae, nanging kudu dibuntêl, ana kang kabuntêl sutra, ana kang dibuntêl daluwang, wangune layang yèn wis dibuntêl, lumrahe pasagi utawa pasagi dawa.

b. Panggonane ukara lan têmbunge

Yèn wong arêp gawe layang kiriman, kudu eling marang dununge pakurmatan, adawiyah, wangsulan, carita (kabare dhewe) pamurihe, têtêmbungan kang mratelakake sing kirim kalêbu apane sing dikirimi, jênênge, titimangsane sarta ngalamate layang.

Anadene dununge pakurmatan iku ana têlung warna, sapisan tinulis ing dhuwur, kapindho ing têngah, katêlune tinulis ing ngisor, watês pasagine paron lêmbar kang sisih têngên, mungguh awite panulise iya ing wiwitane paron lêmbar kang sisih têngên iku, têkukane kêbetan kasèlèha ing sisih kiwa.

Pakurmatan kang tinulis ing dhuwur yaiku, tumrap ing layang kang mênyang sor-sorane (têdhake, pangkate). Kang tinulis ing têngah tumrap ing layang kang mênyang sapadha-padhane (têdhake, pangkate). Kang tinulis ing ngisor tumrap ing layang mênyang dhêdhuwurane (têdhake, pangkate).

Dununge adawiyah yaiku ing sangisoring pakurmatan, kaêlêt-êlêtan sawatara garis, lan wiwiting panulise ing wêkasane prapatan lêmbar kang sisih kiwa, larikan kapindho, katêlu sabanjure, awite

--- [162] ---

iya kaya awiting panulise adawiyah iku.

Yèn arêp mangsuli layang, sawise nulis adawiyah, tumuli nulisa wangsulane layang, anjupuka surasaning layang kang diwangsuli, kapiliha kang prêlu bae kalawan ringkês. Dene manawa anggone kirim layang mau ora mangsuli, sawuse nulis adawiyah, banjur nyaritakna apa kang gati dhewe, sing dadi jêjêring layang, yèn ora ana kang prêlu, iya nuli mratelakna kaslamêtane kabar liya-liyane, panjaluke (pangajape) kaya ta: nyuwun wuwuhing pangèstu, pangapura, andongakake lan sapanunggalane.

Saupama sawise nulis sakèhing prakara kang kasêbut ing dhuwur iku, panggonane sangisore isih ana papane sing cukup ambane kanggo nulis têtêmbungan sing mratelakake prênahe sing kirim sarta jênênge, rong prakara mau iya banjur katulisa, panulise mangkene: yèn surasane layang wis katulis kabèh, lêt salarik utawa rong larik kapara manêngên, katulisa têtêmbungan kang mratelakake prênahe kang kirim, larikan ngisore ditulisa jênênge sing kirim, titimangsane ditulis tunggal larikan karo têtêmbungan kang mratelakake prênah mau, nanging kapara mangiwa.

Dene yèn surasane layang ora cukup katulis sarai, iya rong rai, têlung rai sabanjure.

Manawa papan sangisore raèn sing mêntas ditulisi mau sêsak kanggo nulisi têlung prakara mau, surasane layang sawatara têmbung utawa sawatara gatra katulisa ing raèn walike utawa candhake, sanajan raèn sing mêntas ditulisi isih ana garise kothong, iya ora dadi apa, mung anggêre garis ngisor dhewe iku kêbak, dene panulise iya kaya awiting panulise adawiyah, nanging ana ing garis kang dhuwur dhewe, sawuse iku banjur nulisa têlung prakara mau kaya sing kapratelakake ing dhuwur.

Sambungan bab b.

Ing dhuwur iku mêntas dicritakake manawa amplop utawa buntêle layang kiriman iku tutupane ana kang loro ana kang siji, dene amplop kang tutupane loro iku lumrahe lonjong, ana kang pasagi.

Manawa nulis lamating[9] layang kang bakal dikirimake nganggo amplop sing tutupane katon loro, iku ora [o...]

--- [163] ---

[...ra] susah niti apa-apa, iya banjur nulis bae, sarta lumrahe tulisane manut ujuring amplop, ana ing walike tutupan. Nanging yèn buntêling layang kiriman tutupane katon siji, iku kudu niti, êndi lêmpitan asaling tutupan, kagawea sisih dhuwuring lamat, dene lamate katulisa ing walike tutupan.

c. Bab Mangsi

Kang dianggo nulis layang kiriman iku mangsine miliha sing irêng, awit iku sing dianggêp bêcik dhewe, dening wong ing kene. Ana uga wong nganggo mangsi wungu, biru lan liya-liyane, nanging iku ora bêcik tur saru. Mungguh mangsi abang aja pisan-pisan dianggo nulis layang kiriman, sabab mangsi iku nuduhake manawa kang kirim srêngên. Mulane layang kang tinulis mangsi abang, sarune ngungkuli layang kang tinulis mangsi liya-liyane. Nanging manawa kabutuh, ora bisa golèk kang bêcik, iya sakatêmune bae, nanging mratelaa marang kang dikirimi. Supaya aja nganti andadèkake srêngêne.

e.[10] Têmbung-têmbung sing dianggo

Têmbung-têmbung kang dianggo kudu mathuk kambi basane kang kirim marang kang dikirimi, dadi têmbung-têmbunge ora padha bae, ana kang nganggo krama inggil, krama, ngoko, madya lan sapanunggalane, nanging kêparaa andhap asor.

f. Bab panglêmpite daluwang

Sawise layange tinulis, tarkadhang layang mau kalêbokake ing amplop, tarkadhang ora. Manawa layang kiriman kalêbokake ing amplop, panêkuke dikira-kiraa lumêbune aja nganti kêsêsêkên, aja kongsi kêlobokên bangêt, dene yèn ora, lumrahe dilêmpit nganti wangune pasagi dawa mèmpêr amplop, nanging tulisane aja katon saka jaba, lan kênaa katutup, aja ngrusakake tulisan.

g. Bab pangupane

Sarèhning yèn amplop wis ana êlime, kang gampang kanthile manawa kêna banyu, mulane layang kang wis dilêbokake ing amplop banjur katutupa. Dene manawa amplope tanpa êlim, iya kawènèhana [kawè...]

--- [164] ---

[...nèhana] êlim utawa liyane, banjur katutupa, dene ênggon anutup iku aja nganti pating jêngkêrut. Amplop iku ana kang tutupane katon loro, ana kang mung katon siji.

h. Bab panggawane utawa pangirime

Mungguh panggawane utawa pangirime layang kiriman uga ora padha bae, ana kang digawa ing kongkonan, ana kang dititipake, ana kang pêrlu diêtêrake dhewe.

Layang sing digawa dening kongkonane dhewe, yaiku layang kang balène nganggo anggawa barang, utawa marga ora ana sing dititipi, utawa marga saka sabab liya.

Layang kang dititipake, yaiku layang sing ora pati pêrlu kabare, utawa nalika arêp kirim layang iku, kabênêr ana uwong kang mênyang panggonan tumibane layang iku, dadi nyuda karepotane utawa kasusahane kang kirim.

Layang kiriman kang kudu (prêlu) dikirimake dhewe yaiku manawa kang kirim iku ora bisa nyalathokake karêpane, marga saka wêdi rinungu ing wong, utawa sabab saka prêlune, supaya enggal kalakon karêpe. Nanging layang iku uga kêna digawa dening kongkonan bae.

Pèngêt: pakurmatane layang kiriman iku tarkadhang kawuwuhan têtêmbungan kang ana ing lamating layang kiriman, kaya ta: ingkang sêmbah pangabêkti kula kêkalih katur ing panjênênganipun, ingkang raka Radèn Ngabèi Cakrawardaya, saha juru sêrat wadana dhistrik Kajèn, sapanunggalane.

Mungguh awiting panulise pakurmatan kang kaya mangkono iku, kêna warna 2, kapisan kaya kang wis kapratelakake ing bab b, kapindho kêna katulis ing dununge adawiyah, kaya kang kapratelakake ing bab b uga.

Kajaba saka iku, pakurmatan uga kêna katulis ing pungkasane layang, yaiku dadi: wasana basa (têmbung pangajap) dene panggonane pakurmatan kalowongan bae.

Bêbuka pakurmatan utawa samudanane layang kiriman, kang kapêthik saka Rama Kawi kang wis kagawe jarwa.

Ăngka 1 kanggo ing pakurmatane layang kiriman.

1. Kasup ing rat wicaksana, putus ing parikrama, limpad pasanging [pa...]

--- [165] ---

[...sanging] graita.
2. Ngimpuni salwiring kawaskithan, kang tan kewran agal alit kacakup.
3. Sarèrèh ayuning budi, ngênguwung prabawane angujwalani.
4. Kawicaksananing sarjana, ambêk santa parta budi.
5. Kaonang-onang kawêntar, loking jana angimpuni ing kagunan.
6. Kang tinitah basuki, rahayu ing budi, sagêd ambusani[11] basa.
7. Botên surud ing wêweka, sujana marta pinunjul, sadu budya kramaniti.
8. Sudibya putus ing wèsthi, waskithane tan gothang.
9. Kang wignya basa undhagi, wasis saliring rèh.
10. Ngambah marga utama, sumingkir ing pandamêl ingkang tan yukti.
11. Tinitah tajêm ing budi rahayu, among murcaning kasihan.

Ăngka 2 kanggo samudanane layang wangsulan

1. Tumanêm ing wardaya, lumêbêt ing jêjantung.
2. Kacipta ing tyas, onêng kaangên-angên, botên bênggang sanalika.
3. Pangêlih sirna, tyas murka musna, ngicalakên sayah, saking enggaring tyas, midhangêt ingkang dhumawuh.
4. Sumilak ing wadana, sumuking wardaya rêna.
5. Paworing tingal, umiyat tapak asta paduka, ngantos datan kenging winiraos.
6. Manis ingkang pangandika, angêsorakên kilang, kableberan sagantên madu, kasiratan ing jawah rum-arum.
7. Raosing manah kados tinetesan ing tirta utama, sanepya manggya rêtna sawukir.
8. Lir sinapon runtiking wardaya, sirna prihatosing driya, wah gambiraning tyas marwata suta.
9. Anglêjarakên driya prihatos, ngusadani gunging rimang, rumasuk ing jiwa angga.
10. Luwar saking duka cipta, sirna gunging sungkawa.
11. Cumanthèl tuntunging netra, tumancêp ing jêjantung.

Panganggone samudana ăngka I

Punika sêrat rinêngga (binusanan: pinaesan, sinuji) ingkang taklim, mijil saking eklasing wardaya êning, saking ingkang rayi ..., katur ingkang raka (radèn) ..., ingkang sinatriya ing ..., ingkang kasub ing rat wicaksana, [wicaksa...]

--- [166] ---

[...na,] putus ing parikrama, wasis patitis, limpad[12] ing pasang grahita, (êndi kang mathuk saka ing salah sijine samudana ăngka 1 pilihên).

Panganggone samudana ăngka 2

Sasampunipun ingkang kadya sapunika, nuwun wiyosipun, kula inggih sampun tampi paring sampeyan sêrat, ingkang katitimăngsa ..., paring pirsa manawi ... ingkang punika inggih sangêt panuwun kula, dene sampeyan sampun karsa paring udani, punapa ing[13] dados pangandika, sampun tumanêm ing wardaya, lumêbêt ing jêjantung, (utawa pilihên saka samudana ăngka 2 salah sijine).

Katrangan saka nom utawa saka sor-soran

Ora kêna: ingkang sêrat, nanging kudu: punika sêrat,

Ora kêna: sasampuning, nanging kudu: sasampunipun,

Ora kêna: awiyos, nanging kudu: wiyosipun,

Ora kêna: sarta, miwah, lan, nanging kudu: saha utawa tuwin.

Wiyose, iku têmbung ngoko,

Sarta, miwah, lan, iku têmbung canthula basa.

Sawatara têmbung kang luput

1. Wiyos, 2. Awiyosipun, 3. Kangjêng sang prabu, 4. Basa kang ora tunggal, yaiku: ngoko, kaworan krama lan sapanunggalane.

Kang kêna kasêbut gusti ing tanah Mataraman

1. Kangjêng susuhunan, 2. Kangjêng sultan, 3. Kangjêng gusti pangeran adipati, 4. Kangjêng Gusti Mangkunagara.

Dene tanah saliyane Mataram, (pasisiran) kang kasêbut gusti, mung panggêdhe Jawa kang gêdhe dhewe (bupati) upama: kangjêng radèn adipati, gusti kangjêng, kangjêng pangeran.

Têmbung kosokbali

--- [167] ---

1. Sampeyan dalêm- abdi dalêm jasad kawula
2. Panjênêngan dalêm- abdi dalêm kawula
3. Panjênêngan sampeyan- kawula
4. Sampeyan- kula
5. Dika- kula
6. Kowe- aku
7. Sira- ingsun

Ing tanah Mataram patih sapangisor cukup binasanan, panjênêngan sampeyan, têmbung: konjuk, saka ngisor mandhuwur, mung tumrap marang bupati sapandhuwur, saliyane iku nganggoa katur.

Konjuk bênêre: kaunjuk,

katur bênêre: kaatur,

Têmbung konjuk lan katur mung tumrap ing pacalathon.

Têmbung: katur, saka ênom kang dhuwur pangkate marang tuwa sing cilik pangkate, dadi kang ênom mau isih taklim mênyang tuwa (kang dianggêp dadi sanake dhewe).

Têmbung: dhumatênga, kanggone kaya katura, têmbung iku ngilangake taklime kang kirim. Têmbung sayogya dhumatênga, saka tuwa mênyang ênom kang padha pangkate. Têmbung krama inggil uga kêna dadi kanthine têmbung sayogya dhumatênga, manawa kang kirim ngurmati pangkate kang dikirimi, kayata: sayogya dhumatênga Radèn Mas Sasradilaga, ingkang pilênggah wadana ing ... lan sapanunggalane.

Yèn tămpa layang pawarta kasusahan, sumawana atinggal donya.

1. Ngungun tan sipi kadya ngêningakên napas, kumêsar akêtir-kêtir.
2. Kumêpyuring tyas kadya panjangputra dhawah ing sela, rêmpu kawênyêd tab-taban, driya sungkawa.
3. Lir pêcating jiwa sing raga, kentas tatas wardaya sêbit rinujit.
4. Aru ndar-dir dahing driya kados ginobah, gênjot anjola miring-miring lir ginonjing.
5. Konus raosing tyas miris kadya kairis.
6. Kados jiwa kendhang saking ăngga.
7. Lir winêjêt rinêmêt pulunging driya ngranuhi.
8. Kadya murcaning tyas sumaput karut morot morat-marit.
9. Kawor ing wardaya, mawur sumyur katawur-tawur.
10. Sumêdhot lir kasêrot, morot mriyang sungkawa.
11. Wirandhungan nolah-nolih tan pulih têmah kêsandhung.
12. Kados pinulêt, kapulêt pulunging driya ngranuhi.
13. Tyas sănggarunggi, salah cipta mêlang-mêlang, lami kula botên tumuntên ngaturi sêrat ing sampeyan, utawi paman, kakang utawi adhi-adhi, manawi amungu rêngat cuwaning galih

--- [168] ---

sampeyan.
14. Katampik luputing tyas lir pinêthik wardaya rujit, milir ring wardaya kapilêt anayuti, wardaya tansah mênggah-mênggah.
15. Netra kabêndung waspa, wijiling locana dhawah ing salang-salang.
16. Sumrikut asta kering kanan, ngusapi luh, brêbêl kasumpêl, wardaya muntêl.
17. Lênglêng kapilênglêng ngênês angrês suku lêmês tanpa bayu.
18. Lir taksaka măndhalika, kumêjot amor maras, kados alang-alang pinanjêr.
19. Ngungun amangun onênging wardaya, lami botên pinanggih utawi tampi sêrat.
20. Langkung gawat kaliwat-liwat dumapara sawat balang kajêng, yèn kula anggadhahana cipta riya ing panjênênganipun kangmas, kados ingkang kasêbut paring sampeyan sêrat katitimangsan tanggal kaping ....

Punika kanggenipun manawi tampi sêrat ingkang ragi botên sakeca têmbungipun (mawi nêpsu) ingkang botên cocog kalihan kawontênanipun.

21. Anglimputi kalêpatan, tangèh amangsulna, utawi mangsuli gênging sih katrêsnan sampeyan.
22. Sakalangkung jibêging tyas, jibêg bêbêg kabarubuh.
23. Mingat-mingut kalingukan, malongo jingglêng malênglêng, anjomblong andongong mondong-mondong, kathêr pothêr pathir kathetheran, ngupadosi têmbung mrih sagêda nanduki mêksa botên ngudhoni.
Punika kangge mangsuli manawi tampi sêrat ingkang têmbungipun prayogi.
24. Anjabêl ing wardaya, mêmêsot ing jêjantung.
25. Nayut-anayuti, konus raosing wardaya sungkawa.
26. Mêlang pinêlêng ing samadi êning, kawêlantah kalalu-lalu sêkêl ing wardaya kang tanpa upami.
27. Tyas kadya rinêmêd, ajur mumur kadya rantasing wardaya.
28. Wardaya lir sinêmpal-sêmpal, papal karapal, gêmpal gagal gigal.
Punika kangge manawi tampi sêrat têmbungipun botên mantêsi.

--- [169] ---

29. Sumpêg ngungun ing driya, kagagas-gagas saya kagagas, bolu-bolu rumambat ing siti, yèn kagugu saya ngranuhi.
30. Tyas nyunyur mumur, gobah rênyah kados minamah.
31. Mêtêk ing wardaya putêk, sêsêg sêpat sumuking wardaya sungkawa.
32. Tyas kaparupuh pokah, bêlah bêntar kadya sinigar.
33. Manêgês waluyaning dumadi, amolahakên kirdhaning buwana, lunyu sinêksèkakên rahayunipun.
34. Rapuh sumaputing tyas sarandu lir pinarjaya.
35. Tênggak kadya pinêkak kapipit tyas rinujit.
36. Panon bubar pating salêbar mawur têmahan tanpa catur.
37. Tyas pangimur-imur kasamur mêksa botên lipur.
38. Tyas mêmêdêd mêmandêng mêksa tan kapandêng sruning lêlêng kapilêlêng kang tanpa lantaran.
39. Kucêm aluming tyas lwir wrêksa lami tan karirisan.
40. Katêtêg sumyur-sumyur lumaras maras-maras.
41. Tyas malêdug kadya lêbu katiyub ing angin, mawur sumyur tanpa budi.
42. Kontaling wardaya kadya sarah kentir, kambang kumambang alembak-lembak.
43. Rêncêming tyas lir cinangkêrêm.

Tuladha sawatara

Punika sêrat saha ingkang salam taklim, saking ingkang raka Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping ... , Senapati ing Ngalaga, Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang akadhaton ing nagari dalêm Surakarta Adiningrat, kaatur ingkang rayi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping ..., Senapati ing Ngalaga, Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kalipatullah, ingkang akadhaton ing nagari dalêm Ngayogyakarta Adiningrat.

Sasampuning ingkang kadya sapunika, kula ngaturi pirsa ing yayi prabu ... (saka Ngayogyakarta marang Surakarta uga mangkono, raka dadi rayi, rayi dadi raka, basane uga mangkono, kula, padha: kula. Mulane padha nganggo basa kula, awit kang dikormati pangkate, yaiku: kaprabone. Jêjêring pranatan Jawa, bupati kang prênahe tuwa marang bupati nom, iya padha pitêmbungane, yèn nganggo basan iku sabab kurmat marang panjênêngane.

Layang Silaturahmi

--- [170] ---

Punika sêrat ingkang kalayan sinuji ing sagunging kaurmatan, ingkang amawantu-wantu, ugi kaatur ingkang pangabêkti kula ing panjênêngan sampeyan sarimbit, ingkang raka radèn ..., ingkang kongas kasub kaonang-onang ambêk santya budya paramarta ingkang angajwalani ing ....

Sasampunipun ingkang kadya sapunika, wiyosipun kangmas, ing sarèhning dintên sae, Ariyadi garêbêg bakdanipun wulan Siyam, kula tinitah botên sagêd sowan ngaturakêk[14] bêkti, sarana mangastupada panjênêngan sarimbit, awit kapambêng ing têbihing panggenan kula, sarta malih kathah karya ingkang kula ayahi, mila gêpah kula mrêlokakên ngaturi sêrat, botên amung dadosa pracihna sungkêm kula ing panjênêngan, botên langkung kangmas, sakathahing kalêpatan kula ingkang kababar, utawi ingkang samar-samar, tansah kula mundhi gêngipun ingkang pangaksama, mandar kula katamanana blèbèripun pangèstu panjênêngan, manggih rahajêng wilujêng ing salaminipun, lantaran saking puji pangèstu panjênêngan sarimbit, salajêngipun mêwahana yuwana arja indhaking kamuktin, saha pêpancadan kula.

Wusana kula sagotrah ginanjar wilujêng.

 


pamariksane. (kembali)
utawa (dan di tempat lain). (kembali)
Sagara. (kembali)
kalong. (kembali)
wani. (kembali)
sal. (kembali)
timah. (kembali)
Bagian dari SERAT BEBASAN LAN SALOKA. (kembali)
alamating (dan di tempat lain). (kembali)
10 d. dan seterusnya. (kembali)
11 ambusanani. (kembali)
12 limpada. (kembali)
13 ingkang. (kembali)
14 ngaturakên. (kembali)