Sêrat Bêbasan lan Saloka

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Bêbasan lan Saloka I.

Ha.

1. Anirna patra.
Anirna: sirna.
Patra: godhong.
Mulane kabasakake mangkono awit wong kuna manawa nulis, papane godhong tal, aran: lontar, kropak, bênêre: rontal. Ngibarat: wong mukiri tulisane.

2. Anirna dhustha.
Dhustha: durjana, maling, wong ala.
Ngibarat: nglungakake maling utawa wong ala, awèh dalan marang maling supaya aja nganti konangan pulisi.

3. Ina saksi.
Ina: kurang.
Ngi-ngibarat:[1] wong prakarane tipis dening saksi, kaya ta: ana saksi durjana utawa lalawora, [la...]

--- 2 ---

[...lawora,] ana manèh wong wadon siji, ora dadi pasaksine.
Lalawora: tanpa gawe.
Wong lêlawora: wong urakan, kaya ta: badhut, bujang, wong ambarang, ngulandara.

4. Ina sabda.
Sabda: uni, swara, sabda gora: swara gêdhe.
Sabda mahya: swara, nguwuh, sabda manda: swara alon.
Ngibarat: wong kelangan ora sêsaid.

5. Êncak-êncakên.
Êncak: jola, ginjal, ginjal-ginjal, jola-jola, tumrap ing budi, wong kakehan rêringa.

6. Ancik-ancik pucuking êri.
Êri iku barang kang lancip, manawa uwong ancik-ancik ing êri masthi tansah kuwatir manawa kêcublês.
Ngibarat: wong ngawula ora olèh ati, sabarang kang ditindakake tansah luput, dadi atine tansah kuwatir.

7. Ana catur mungkur.
Ngibarat, wong ora gêlêm ngrungokake utawa mikir rasaning[2] uwong.

8. Undhaking pawarta sudaning kêkiriman.
Ngibarat: samubarang warta kang mundhak utawa suda saka kayêktène.

9. Undhaking pawarta sudaning titipan.
Pawarta kang anggone nular saka wong liya, iku dumununge wong kang diwartani kaupamakake kiriman, karo titipan, bêbasan loro iku padha bae têgêse.

10. Êndhas gundhul dikêpêti.
Êndhas gundhul iku ora ana rambute, dadi rasane kapenak, silir, isis, môngka dikêpêti, dadi mundhak kapenake (silire).
Ngibarat: wong kang ora kêkurangan, dikapenakake atine. Wis kapenak diwuwuhi kapenak.

11. Anjaring angin.
Ngibarat: wong kang sugih wêweka, maekani atine wong liya.

12. Anjaring lêmut: anjaring angin.
Lêmut iku mrutu, kewan kang cilik bangêt.

--- 3 ---

Ngibarat: wong kang anggêlarake wêweka, ngawasake bêbudèning tumitah, anjagani karêping wong kang durung kalair.

13. Anjarah[3] desa milangkori.
Ngibarat: wong kang ngambah nagara ngêndi-êndi, sarta prasasat sabên desa lan sabên omah dilêboni, dene pêrlune anggolèki uwong.

14. Anjujul wuwul.
Anjujul: nututi.
Wuwul: wuwuh.
Ngibarat: wong kang wus kelangan, banjur kelangan manèh, kaya ta: wong kelangan apa-apa, banjur kongkonan anggolèki kang ilang mau, dadi wus masthi nganggo nyangoni, dhuwit pasangon mau wus masthi êntèk, môngka wêkasane ora katêmu.

15. Anjagakake êndhoge si blorok.
Ngibarat: anjagakake apa-apa kang durung mêsthi, kaya ta: masthèkake kasaguhaning wong.

16. Anjabung alus.
Jabung alus, araning wangsalan: ancur, jabung kanggo ngrakêtake sanggitan, anjabung alus: nganjur-anjuri:[4] mêmanis, dadi mêmanisi wong supaya dhêmên utawa rumakêt, awit duwe panjôngka.
Ngibarat: ambujuk uwong sarana têmbung mêmanis, kasare: angglêmbuk.

17. Ana bapang sumimpang.
Bapang: japanging tangan, dadi ngalang-alangi dalan, tumraping paribasan: rêrubêd, dadi: rêrubêd, samubarang pakewuh prayoga disingkiri.

18. Ora ana kukus tanpa gêni.
Gêni masthi ana kukuse, mokal yèn tanpa kukus.
Ngibarat: samubarang pawarta ora ana kang tanpa kayaktène, mundhaka, sudaa, masthi ana kayaktène.

19. Ora ana gêni tanpa kukus.
Ngibarat: panggawe bêcik utawa panggawe ala, laku bêcik utawa ala, ora ana kang tanpa pawarta, sabên pagawean utawa [u...]

--- 4 ---

[...tawa] lêlakon uga kêprungon ing liyane.

20. Ora ana banyu mili mandhuwur.
Dadi anèh bangêt yèn banyu mili mandhuwur, awit lumrahe mili mangisor.
Ngibarat: anake wong bêcik dadi bêcik, mangkono uga anake wong ala iya dadi ala, dadi yèn ora mangkono: anèh, kayadene banyu mili mandhuwur.

21. Ora angon kosok.
Kosok iku kosoking rêbab.
Ngibarat: wong kang ora angon môngsa, kaya ta: lagi ana wong susah banjur diajak gêguyon.

22. Arêp jamure êmoh watange.
Jumur, enak dipangan.
Watang: landheyan, ing kene atêgês gêgaman (prakara, rêrubêd). Êmoh watange: wêdi manawa kataman ing gêgamane, wêdi manawa nêmahi cilaka.
Ambasakake: ngarêpi marang kamelikan, utawi pokile, nanging ora gêlêm manawa kagêpok utawa kasêmpèl prakarane.

23. Ora jaman ora makan.[5]
Makan: panggonan.
Ambasakake: samubarang kang ora kanggo môngsakala, utawa wong kang ora karuan asale lan panggonane, katêlah ora jaman-ora makam.
Makam: kuburan.

24. Akadang saksi.
Ambasakake: wong kang mulang marang saksi.

25. Akutha saksi.
Ngibarat: wong sêsèndhèn aturing saksi, asaksi ing gusti.

26. Êduk sandhing gêni.
Êduk iku gampang kobonge. Kawul. Môngka sandhing gêni. Ngibarat: wong lanang sandhing wong wadon, suwe-suwe dadi dhêmên.

27. Idu dinilat manèh.
Ngibarat: wong calathu duwe kasaguhan dicilêd manèh.

28. Êdom sumurup ing banyu.

--- 5 ---

Ngibarat: wong arêp sumurup karêping musuh lan liya-liyane, nglakoni utusan utawa andhèrèk wong kang arêp disurupi mau, nanging kang bangêt samun sarta ora katara, kaya dom tumiba ing banyu.

29. Adol lênga kari busik.
Ngibarat: wong andum, kang masthi olèh panduman, wêkasan ora kêduman.

30. Adiguna.
Ngibarat: wong ngluhurake utawa ngêndêlake gêdhe dhuwur, apadene kapintêrane.

31. Adigang.
Ngibarat: wong ngêndêlake kuwat langkase.
Gang: kuwat. Rosa.

32. Adigung.
Ngibarat: ngêndêlake gêdhene.

33. Asu arêbut balung.
Ngibarat: wong rêbutan kamelikan sapele, utawa wong padu mung swara bae nganti ragêjêgan, ora urup karo kang pinadu.

34. Iwak kalêbu ing wuwu.
Ngibarat: wong kêna paeka kang sarana gampang.

35. Ila-ila ujare wong tuwa.
Samubarang kang ngèstokake prasapa utawa calathune wong kuna.
Ila-ila: wêwalêr: sangkêr: palang.
Karêping paribasan: samubarang kang wis kawalêran utawa kapênging ing wong tuwane, ora prayoga katêrak.

36. Ula-ula dawa.
Ngibarat: samubarang prakara utawa solah tingkah kang kalantur-lantur, kadawa-dawa.

37. Ula marani gitik (gêbug).
Ngibarate: wong marani rêrubêd utawa kacilakan, kaya ta: maling walèh saka karêpe dhewe, wong duwe satru têka marani marang omahe.

38. Ulangan cumbon.
Ngibarat: wong inggatan, mulih sadhela banjur minggat manèh.
Ulangan: ubêngan: golek-golekan.

39. Aling-alingan katon.
Ngibarat: wong mungkiri samubarang prakara, wasana [wasa...]

--- 6 ---

[...na] kajodheran saka calathu utawa solahe, utawa wong tinarka utang akèh, ngakoni mung sathithik.

40. Apiora.
Ambasakake: wong tumambuh marang samubarang arêp, rewa-rewa ora arêp.

41. Opor-opor bèbèk mêntas awake dhewe.
Ngibarat: wong bêgja saka kaskayane dhewe.

42. Uyah kacêmplung ing sagara: uyah klêbu ing sagara.
Ngibarat: wong wèwèh marang wong sugih, utawa gawe kabêcikan kang tanpa pakolèh.

43. Amèt punggung.
Punggung: bodho, puguh.
Mulane kabasakake bodho, dene panjupuke têmbung kaya wong bodho, ora sumurup ing têmbung utawa tatakrama.
Ngibarat: wong anjupuk duwèking wong tanpa têmbung.

44. Êmprit abuntut bêdhug.
Ngibarat: prakara kang cilik wiwitane, ing wêkasan dadi gêdhe, utawa samubarang kang katon cilik ing ngarêp nanging rowa ing buri.

45. Êmpol pinêcèk: êmpol pinêcok[6]
Ngibarat: samubarang pagawean kang gampang linakonan, kaya gampange wong mêcok êmpol.

46. Ambôndakalani.
Tôndhakala: tandhing.
Ambasakake: wong wani milawani ora miturut ing prentah.

47. Ambuntut arit.
Ngibarat: wong kang sapangarêpan sarwa gampang, barêng ing buri angèl mawa ngrêndhêl, marga duwe pangarah arêp olèh kang diarani ambuntut arit iku satêmêne ora ana mung kagawe paribasan bae, mulane diarani ambuntut arit, dumèh arit iku mangkêluk ambêngkuk, ora lurus kaya lading lan liya-liyane. Wutuhing têmbung: ambuntut kaya arit. Karêpe ing buri nganggo grèthèl, amrih olèh, dadi ora tulus bêcike.

48. Ambondhan tanpa ratu.
Ngibarat: wong kumalungkung ora wêruh ing

--- 7 ---

saru lan ing siku, pangrasane wong sajagad katêkêm ana ing tangane, asolah sawênang-wênang, manganggo sakarêpê dhewe.
Ambondhan: nglowungake.
Dadi ana panjênêngane ratu, kaanggêp ora ana utawa ora diwêdèni.

49. Amburu ucêng kelangan dêlêg.
Ngibarat: wong kang wis ora olèh kautaman, nglakoni kanisthan, kaya ilang kautamane. Utawa wong nglakoni pagawean pêrlu disambi nglakoni pagawean rèmèh.

50. Ambarung sinang.
Ngibarat: wong kang nyarawungi calathuning wong utawa ambarêngi lan mêmadha kang lagi kaupagawe.
Barung: barêng. Sinang: ukara.
Dadi ambarêngi prakara, yaiku ngibaratake: ambarêngi sabarang pratingkah.

51. Ora narima ing pandum.
Ambasakake: wong kang ora narima ing pêpasthène Gusti Allah, kudu anggayuh kang dhuwur, anggêgêm kang gêdhe.

52. Ambuwang tilas.
Iku nglakoni samubarang, banjur gawe pratingkah aling-aling, aja nganti katara anggone nglakoni pagawean mau.

53. Ambalithuk ukum.
Ambasakake: wong nyulap utawa nyamar tataning nagara, utawa wong nyinthung kang nyêkêl bêbênêran.

54. Ambalung usus.
Ngibarat: wong kang watêk kêndho kêncêng, yèn kêndho milir mulintir, yèn kêncêng ora kêna dieluk.

55. Ambidhung apirowang.
Iku wong maeka, nanging patrap utawa solahe ora ngatarani, api-api kônca, rewa-rewa sabiyantu budi.
Ambidhung: anggodha.

56. Ambaguguk nguthawaton. Bênêre: ambaguguk nguthawatu.
Ngibarat: wong katimbalan ing parentah mogok.

57. Ambangun tôndha.

--- 8 ---

Ambasakake: wong ngowahi tulisan.

58. Ambangun wacana.
Ambasakake: wong nusuli gugat.
Wacana: calathu: ujar.

59. Othak-athik didudut angèl.
Ngibarat: Wong kang kêrêp ngenaki atining wong anjaluk, nanging yèn ditêmêni angèl.

60. Angon ulat ngumbar tangan.
Ngibarat: wong kang sumêdya culika, ngawasake ulating wong, yèn kalimpe ngumbar tangane dhewe, yaiku anjêjupuk.

61. Angrong pasanakan.
Ngibarat: wong barancah marang wadon, kang tanpa duga prayoga, sanajan bojoning sanak sadulur iya kolu anjamah.
Angrong: angêrong.
Angrong: angaroni: ngêmbari.

62. Anggêni.
Ngibarat: wong kang wis olèh panduman, utawa diwènèhi, nanging mrèntèk-mrèntèk anjaluk wuwuh manèh.

63. Anggêntèni watang putung.
Ngibarat: wong kang anggêntèni priyayi mati, kang dudu warise.

64. Anggendhong saksi.
Ngibarat: wong gawe saksi.

65. Anggênthong umos.
Ngibarat: wong kang ora bisa rawat wadi, utawa wong boros, ora bisa rawat. Umos, linggane: os: rêmbês.

66. Anggêdobrol.
Ngibarat: wong sugih kasaguhan, ora ana kang yakti, utawa wong wêwarta goroh.
Gêdobrol: êntut.
Anggêdobrol kaya êntut.

67. Anggadêbog bosok.
Ngibarat: wong ala rupane dalasan atine.

68. Anggutuk api lamur.
Ngibarat: wong mitênah utawa maeka marang wong liya, api-api ora wêruh.
Ngutuk: kaya kutuk.
Sagutuk: balang.

--- 9 ---

Anggutuk: ambalang: ambêntur. Ngibarat: wong mitênah utawa maeka.

69. Anggutuk lor kêna kidul.
Ngibarat: wong ngarah marang wong ditibakake marang wong ora diarah, kaya ta: wong nêpsu marang sawijining wong, nêpsune katibakake marang wong kang ora dinêsoni.

70. Anggajah êlar.
Ngibarat: wong sarwa kaduga, ora wêgah marang ing ngadhuwur, ora rumôngsa kewuhan ing angèl, saisining jagad kudu diêpak, anggajah êlar: kaya gajah duwe êlar, kalantur anggajah kêlar, iku luput.

71. Anggugat kayu aking.
Ngibarat: wong anggugat wong kang wis mati.

72. Anggugat kala, wutuhe: anggugat kala samana.
Ngibarat: wong kang ngudhal utawa nênangi prakara kang wis sirêp.
Tata ala: bêbaya: nalika.

73. Ardawalepa.
Ambasakake: wong canthula, ambalèkake pitakoning wong, ditakoni durung sumaur, malês takon.

Na.

74. Nandur wiji kèli.
Ngibarat: wong ngopèni wong katiwar-tiwar, turune wong bêcik utawa têdhake wong gêdhe.

75. Nucuk ngibêrake.
Ngibarat: wong mara dhayoh utawa disuruhi, kasuguh ing panganan sawatara, bubar mangan ambrêkat.

76. Niru paksi, utawa niru upaksi.
Ngibarat: Wong ora sumurup ngaku sumurup, sumurupe mung niru calathuning wong.
Paksi: upaksi: wêruh: uninga: sumurup.

77. Nrang wèsthi.
Ambasakake: wong nrajang kang ewuh-ewuh.
Nrang: nrajang.
Wèsthi: pakewuh.

78. Nrênggiling api mati.

--- 10 ---

Ngibarat: wong ala atine ethok-ethok antêng, rewa-rewa ora sumurup marang rêrasan, nanging ing batin nilingake.

79. Nusup ngayam alas.
Ngibarat: wong mlaku ing alas, ora mêtu ing dalan, nasak-nasak kaya lakuning ayam alas.

80. Nêmu kuwuk.
Ngibarat: wong duwe sêsêngitan utawa satru, apadene wong duwe pangarah ala marang liyane, ing môngsa dhewekan, kang diarah mau banjur katandangan, kaya wong nêmu kuwuk, adat masthi dipatèni, awit ngrusakake ingon-ingon pitik.

81. Numpal kèli.
Ngibarat: wong lêlungan nunut-nunut, (numpang). Nyèrèt.
Nyarah: numpal.

82. Nampèl puluk.
Ngibarat: nyênyongah marang wong kang wis olèh kamelikan, utawa kabungahan.
Nyênyongah: agawe cuwa.
Congah: cuwa.

83. Nambung laku.
Ambasakake: wong nyamur laku nyalawadi, mênyang panggonane mungsuh utawa liyane.
Nambung: nyamar, sambung: samar.

84. Nambèng laku.
Ambasakake: wong kang api ora wêruh ing laku samubarang, kaya ta: wis wêruh prakara utawa pawarta, têka têtakon. Utawa wong ngrêrunjang kêkarêpaning liyan.
Ngrêrunjang: nyêngkolèng.

85. Nagara mawa tata, desa mawa cara.
Ambasakake: wong nglakoni apa satataning nagara utawa sacaraning desa.

86. Nogog.
Ambasakake: wong butuh ana ing pasanjan, murih warêging wêtênge. Lumrahe wong ngarani: wong mèlu nyêrèt ana ing patikèn, utawa ngombe wedang ana ing pawedangan, ora nganggo urun apa-apa.

87. Nêbak wong mêmangan: nampèl puluk

--- 11 ---

Ngibarat: wong nyênyongah marang wong kang wis olèh kamelikan utawa kabungahan.

88. Nabok nyilih tangan.
Ngibarat: wong ngalani marang wong liya nganggo nyambat marang wong liyane.

Ca.

89. Cina craki.
Ambasakake: wong kumêt bangêt utawa etungan.
Craki: adol anggi-anggi.

90. Cincing-cincing têlês.
Ngibarat: samubarang pagawean kang kudu sathithik, wêkasan dadi akèh. Utawa wong duwe gawe niyate cirat-cirit, wêkasan akèh wragade. Mungguh prakara: griga-grigi, banjur kawogan.

91. Caca upa.
Ambasakake: samubarang solah kang ngrênggangake kang wis rapêt.
Caca: pabut. Upa: êlas.

92. Cucak nguntal êlo (cocak nguntal êlo).
Ngibarat: nglêngkara, kaya ta: wong duwe karêp marang kang mêsthi ora kêna dikarêpake, mokal yèn bisaa kalakon.

93. Cêcanguk.
Ngibarat: wong nalika marang mungsuh utawa ing liya-liyane, nanging panalikane saka kadohan.
Cêcanguk: têlik.

94. Caruk banyu.
Bêbasan: wong têtuku utawa mêmilih kang ora nganggo tampik, ala bêcik gêdhe cilik kalêbu.

95. Cariwis cawis.
Ngibarat: wong madoni prentah, nanging ing batin sadhiya ênggone bakal anglakoni parentah.

96. Cekoh regoh.
Ambasakake: wong kang wis tuwa bangêt, tangane ora bisa angglawat, sikile ora kêna digawe mlaku.

--- 12 ---

Cekoh: ceko.
Regoh: lumpuh.

97. Calimèn.
Ambasakake: samubarang kang ora nganggo wragad sacukupe.
Calimèn: cukupan.
Calimi: cukup.

98. Calabeka.
Ngibarat: samubarang kang wis lastari bêcik, wêkasan ana alangan utawa rêrubêd kang awit saka katêmaha.

99. Cuplak andhêng-andhêng ora prênah panggonane.
Ngibarat: wong nyulayani samubarang kang ora mumakat ing akèh, utawa wong nyulayani marang golongane kang padha bêcik, kang nyulayani mau ala dhewe. Wong ala kang nyulayani mau dingibaratake: andhêng-andhêng ora prênah ênggone, pantês dicuplak.

100. Cumandaka.
Ambasakake: wong kang alaku kaya têlik.
Cumandaka: nêlik. Candaka: têlik.

101. Cumbu lalêr.
Ngibarat: wong kang ora antêpan, sanajan dibêciki, ora wurung ninggal kang ambêciki. Kaya upamane nênutut lalêr, nutute mung sadhela, ora wurung mabur.

102. Cobolo mangan têki. Wutuhe: cobolo patute mangan têki.
Iku wong bodho dingibaratake ora pantês mangan sêga, pantêse mung mangan têki.

103. Cengkok.
Ambasakake: wong kang tanaga utawa calathune ora pasaja.

104. Cangkêm gatêl.
Ambasakake: wong kang sok ngrasani ala ing liyane, utawa sok mêmisuh.

Ra.

105. Raja wisuna.
Ngibarat: wong ngadu-adu gêdhe padha gêdhe, utawa wong ngubungi têlik.
Wisuna: wisa linuwih: wisa ampuh: mandi bangêt [ba...]

--- 13 ---

[...ngêt,] wutuhing têmbung: wisa una.
Una: uni, rêga, pangaji, linuwih.

106. Rampèk-rampèk kêthèk.
Ngibarat: wong kang anggape marang wong kang wus sok anglakoni ala, ora wurung ngalani, dadi lumrahe kêthèk yèn diêlus-êlus suwe-suwe iya nyawèl.

107. Ramban-ramban tanggung.
Ngibarat: wong ngêngèmbèt ora gumathok pangèmbète, kaya ta: ngèmbèti wong ora bisa ngarani jênênge.

108. Rêbut cukup.
Ambasakake: wong amburu cukup, têgêse mung kang pêrlu bae kaburu dhisik, kang ora pati pêrlu katinggal.

109. Rêbut dhucung.
Ambasakake: wong kang rêbut dhisik, ing laku utawa ing pagawean, apadene rêbut unggul ing kawruh.
Dhucung: unggul.

Ka.

110. Kontul diunèkake dhandhang.
Ngibarat: wong bêcik katuturake ala.
Kontul iku putih kaupamakake: suci.
Dhandhang iku irêng kaupamakake: ala.

111. Kêndhit mimang kadang dewa.
Ngibarat: wong kang luput ing bilai.
Mimang: oyod waringin kang nrubus saka ngisor, pitayane wong Jawa, yèn lêlungan, nglangkahi oyod mimang banjur bingung ora wêruh ing dalan, iku prabawane oyod mimang mau. Yèn wong nganggo kêndhit iku slamêt.

112. Kandhang langit kêmul mega.
Ngibarat: wong kang ora srawungan karo wong akèh.

113. Kêcocog ing carang landhêp.
Ngibarat: wong kêna ing gêgaman.

114. Kacakrabawa.
Têgêse kacipta saka calathune, dadi:
Kèpi: kacakra: kacipta,
cakra: cipta: idêr: ubêng: payung,
bawa: mukti: wiwit, mêdhar, swara, tatu.

115. Kêcing-kêcing diraupi, katêlah: kucing-kucing diraupi [dirau...]

--- 14 ---

[...pi,] utawa kucêm-kucêm diraupi.
Ngibarat: wong duwe karêp kêkurangan sarana, ora etung kang amis bacin, utawa pakolèh saka nyênyolong lan ngapus-apusi, iya digawe sarana.

116. Kacang tinggal lanjaran.
Ngibarat: anake wong bêcik dadi ala, utawa anake wong ala dadi bêcik.

117. Karna binandhung.
Ngibarat: wong wêruh utawa ngrungu samubarang wartaning liyan, ora sumurup utawa ngrungu dhewe.
Binandhung: kinêmbar, rinangkêp, sumurupe saka kuping.

118. Kêrot ora duwe untu.
Ngibarat: wong atine kudu rosa, nanging kêkurangan sarana.

119. Kêri tanpa pinêcut.
Ngibarat: wong ora tinarka, duwe panyana yèn katarka.

120. Kriwikan dadi grojogan.
Ngibarat: prakara sapele banjur dadi rame, kaya ta: wong gêguyon banjur dadi kêkêrêngan.

121. Karumiyinan tuwuh.
Ngibarat: wong nonoman kang solahbawane kaya wong tuwa.

122. Kere munggah ing bale.
Ngibarat: wong cilik katunggalake karo wong gêdhe, utawa wong cilik kadadèkake gêdhe.

123. Karubuhan saksi, utawa: karoban saksi.
Ngibarat: wong kanyina panggawe ala, ora bisa mungkiri, amarga saka kèhing saksi.
Karoban: kabanjiran.

124. Kêdaluwarsa.
Ngibarat: prakara kang wus lungse, kalingan ing taun.
Kêdalu: kasèp, lungse.

125. Katon capaka sawakul.
Ambasakake: wong disênêngi ing wong akèh.

126. Katonjok balolok, katêlah: katonjok bêlok.

--- 15 ---

Ngibarat: ngrasani ala marang wong, ora sumurup manawa kang dirasani ana.
Kêtonjok: kêtuju.

127. Katuwuhan tangguh, kêlantur dadi: katuwan tangguh.
Ngibarat: wong arêp mêmêthèk, dipêthèk dhisik.

128. Katala waca.
Katala: kêtiwasan.
Waca: uni.
Ambasakake: wong kêtiwasan saka calathune.

129. Katepan ngrangsang gunung.
Ngibarat: samubarang kang nglêngkara, kaya ta: wong cilik duwe arêp utawa pangarah kang gêdhe dhuwur, istingarah mokal kalakona. Mangkono uga katepan, mokal yèn bisa amrambat nganti têkan pucuking gunung.
Katepan: thêthukulan kaya krokot, nanging godhonge cilik sarta rada lancip.

130. Kabanyu rasa, utawa: kabanyu rasa upaya.
Ngibarat: wong kêna mêmanising ruba.
Ruba: bêsêl.

131. Katimpuh. Têgêse: kalungguhan.
Ambasakake: wong kagugat saka ênggone nanggung, utawa katindhih ing prakara, ora kêna disinglari.

132. Kêsandhung ing rata kêbêntus ing awang-awang.
Ngibarat: wong nêmu beka rêncana ana ing panggonan kang bêcik, kaya ta: wong ana ing panggonan ing santosa, têka nêmu kaapêsan, wong mlaku ora bisa kêbêntus ing awang-awang, utawa kêsandhung ing rata, mangkono uga wong kang manggon ing panggonan kang santosa, istingarah adoh saka pakewuh utawa kaapêsan.

133. Kasônja baya.
Ambasakake: wong nêmu bilai ana ing pasanjan utawa ing paran.

134. Kasala mana, kalantur dadi: kasala wana.
Ambasakake: wong kliru surup utawa pamikir.
Kasala: kaluputan: kliru: kaulah.
Mana: manah: ati.

135. Kawiyagah, têgêse: kawisesa.

--- 16 ---

Ambasakake: wong ngukuhi samubarang saka kira-kira, kaya ta: wong ditakoni têmbung Kawi sawiji, satêmêne ora wêruh, nanging isin walèh, dadi kang ditakoni mau nêgêsi waton duga-duga, sarta digagahi.

135.[7] Kaluhuran sabda.
Ambasakake: wong kang kungkulan samubarang calathune

136. Kulak warta adol prungon.
Ambasakake: wong golèk pakabaraning sanak sadulur kang ana ing paran.

137. Kaleyang kabur kanginan.
Ngibarat: wong ngulandara ora karuwan kang didhoki.

138. Kalêbon Cina gundhulan.
Ngibarat: wong kang kêna ing apus, utawa kablithuk. Kaya ta: tuku bara, pangrasane bêcik, ora wêruh yèn kasalibuk kang ala kasayadake bêcik. Cina yèn gundhul, dadi sulaya karo kalumrahane, mangkono uga barang kang sulaya saka kalumrahane, mêsthi ngêmu wadi.

139. Kalingga nata.
Ngibarat: prakara kang mêsthi kaelingan ing panjênêngane ratu.
Kalingga: kaadêgan: kasaliran.

140. Kalingga ngina, têgêse kalingan ing dina.
Ngibarat: prakara kang wis kalingan ing dina.

141. Kalingga baya, ganêpe: kalingga ubaya.
Ngibarat: prakara kang wis kaalingan ing janji.

142. Kapi rare
Ambasakake: wong tuwa kang solah utawa atine kaya bocah.
Kapi K.W. : kêthèk.
Kapi: mèmpêr (sêmu).

143. Kêpatèn obor.
Ngibarat: wong duwe sanak sadulur ora wêruh, awit ora ana kang anggancarake. Tuwin wong nalika samubarang kelingan têturutan.

144. Kêputungan laku.
Ngibarat: wong anggolèki samubarang ora olèh dalan, utawa wong lêlungan ora bisa ambanjur, marga saka ana bekane ing dalan, kaya ta: poproking jaran, tugêling [tugê...]

--- 17 ---

[...ling] pikulan sapanunggalane kang ngandhêg-andhêgi laku.

145. Kêputungan pikulan.
Ngibarat: wong duwe prakara kaoncatan saksi.

146. Kapasang yoga.
Ngibarat: samubarang kang kapinujon ing gawene.

147. Kêplok ora tombok.
Ngibarat: wong nglakoni samubarang pagawean ora kelangan wragad.

148. Kuping budhêg dikoroki.
Ngibarat: wong kang wis ora krungu samubarang pirêmbug utawa prakara, wasana dikrungoni.

149. Kudhung walulang macan.
Ngibarat: wong ampungan wong gêdhe (priyayi gêdhe).
Ampungan: aling-aling.

150. Kajênanga kaebora.
Ambasakake: palêmahan dilawêd kaya êndhut, diebora kêna bae, kang duwe ora ngawruhi.

151. Kaya banyu lan lênga.
Ngibarat: wong kalis marang sanak sadulur.

152. Kumini.
Ambasakake: bocah wadon tumuwa-tuwa.

153. Kumaki.
Ambasakake: bocah lanang kang tumuwa-tuwa.

154. Kumênthus.
Ambasakake: wong kang kakehan umbag, utawa kaduk wani, kaya têturon kang aran kênthus, sanajan cilik mathènthèng.

155. Kumrisik tanpa kanginan.
Ngibarat: wong calathu anduwèni panyana yèn dipaido, banjur supata.

156. Kêmladheyan ngajak sêmpal.
Ngibarat: sanak sadulur kang ngajak marang karusakan.

157. Kêmpros.
Ambasakake: wong kang ora yêkti kasaguhane.

158. Kumidhèp kasèp.

Ngibarat: samubarang pagawean kang lênthe-lênthe, kaya ta: bata bêngkah lawas ora ditambal [dita...]

--- 18 ---

[...mbal,] barêng arêp ditambal wis kasèp, utawa jugrug.

159. Kêbo nusu gudèl.
Ngibarat: wong tuwa anjaluk wulang marang wong nom. Utawa: bapa biyung anjêjaluk marang anak.

160. Kêbo kabotan sungu.
Ngibarat: wong duwe anak putu, ngrêsula marga kabotan anggone ngingoni.

161. Kêblowok.
Ngibarat: wong kôndha, wêkasan kang dikandhani wis sumurup, utawa kêtlêku calathune.

162. Kêbo mlaku dipasangi.
Ngibarat: wong mlaku diwènèhi pagawean.

163. Kêbo lumumpat ing palang.
Ngibarat: priyayi utawa jaksa kang anggagahi prakaraning sanak prasanakane.

164. Kabayatara, têgêse: kacêtha.
Bayatara: cêtha, têtela.
Ambasakake: wong kang wis kacêtha pagaweane ala, kanggone kang sabênêre muni: dur kabayatara utawa duryasa kabayatara, utawa: durgama kabayatara.

165. Kabayataka. Têgêse: kabilaèn pati.
Ambasakake: wong kang wis kokum.

166. Kabaya-baya.
Ambasakake: wong mrana-mrana nêmu bêbaya utawa rêrubêd.

167. Kabuya-buya.
Ambasakake: wong kang kaburu-buru, utawa kalunta-lunta.

168. Kêbo mulih ing kandhange.
Ngibarat: samubarang kang wis ilang utawa kadhindhal lawas, wasana mulih marang kang duwe.
Utawa wong kang wis lunga lawas, bisa mulih.

169. Kongsi jambul wanên.
Ambasakake: wong kang wis tuwa bangêt, rambute nganti jambul, nganti wanên.

Da.

170. Dahwèn pati opèn.
Ambasakake: wong kang dahwènan marang wicara,

--- 19 ---

utawa liyane, sarta para opèn marang ing kamelikan, utawa marang samubarang pratingkah.

171. Darma sulaksana.
Ngibarat: wong nglakoni adil.
Darma: bêcik, padhang, candhi, patilasan.
Sulaksana: awak luwih yuwana, laku bêcik.

172. Durga ngôngsa-ôngsa.
Ngibarat: wong kêthaha utawa murka.
Durga: pakewuh, kaya ta: mungsuh, buta, macan, banyu gêdhe, gêni gêdhe, sapanunggalane. Mung mutawatiri utawa gawe karusakan.

173. Dudutan lan anculan.
Ngibarat: wong wêwangsitan utawa kêthikan, kang siji api-api ora wêruh. Kaya ta: wong loro sumêdya ngarah duwèking liyan, kang siji kaya ora mèlu-mèlu, nanging ing batin ngrewangi marang pangarah mau.
Dudutan: talining kala.
Anculan: kalane.

174. Dadi landhêsan.
Ngibarat: wong gawe wiwitan utawa wêwinih ing prakara, wêkasan kajêdhêgên ing prakara mau.

175. Ditunggakake.
Ngibarat: wong kang ora dipraduli, ana prakara apa-apa ora ditakoni.

176. Dalan gawat bêcik disimpangi.
Ngibarat: wong makewuh bêbudène, kakehan rêrênggi, prayoga dilumuhi utawa didohi.

177. Dilap gang. Têgêse: kajupuk paksa, utawa kajupuk wani, wutuhe têmbung: dialap gang.
Ambasakake: samubarang kang dijupuk paksa.
Gang K.W : rosa.

178. Dagang tuna andum bathi.
Ngibarat: wong gawe kabêcikan marang liyan, nanging nganggo lantaran manèh, iku katrima wong loro-lorone, kang agawe kabêcikan lan lantarane.

179. Dugang mirowang.
Ngibarat: wong ngrewangi wêkasan dadi mungsuh.

--- 20 ---

Kaya ta: manawa ana wong ngrasani ala marang wong milu ngrasani, wêkasan tutur marang kang dirasani.

180. Digadhung.
Wong kang diapus-apusi dibasakake: diêndêmi gadhung.

181. Dibêciki ambalang tai.
Ngibarat: wong dibêciki malês ala.

Ta.

182. Tuna dungkap.
Ambasakake: wong duwe pangarah ora têka, utawa cipta tuwin pêthèk kang ora pramana. Dungkap: watara: kadung.

183. Tan-tan tuman. Wutuhe: tahan-tahan tuman.
Ambasakake: wong kang tahan marang samubarang marga saka tuman.

184. Tundha bema.
Iku samubarang kang muwuhi beka, kaya ta: wong ngarah samubarang, dibangêti pangrasane langkah, diarah-arah lirih wêkasan ora têka, sanajan pikir iya mangkono uga. Dikasap yèn kuwadhagên, dialus, yèn kalusên, wêkasan kêtanggungan, eba kadadean. Bema: beka.

185. Tunjung tuwuh ing sela.
Ngibarat: samubarang kang mokal-mokal, kaya ta: nêrangake udan, ngandhêg lakuning angin, nguripake wong mati sapanunggalane kang ora kêna dilakoni ing manusa. Prasasat kaya tunjung tuwuh ing sela (watu).
Tunjung: kêmbang tarate. Uripe ing banyu.

186. Turu dikêbuti.
Ngibarat: wong kang wis kapenak, ora duwe kasusahan.

187. Têkèk mati ing ulone.
Ngibarat: wong kang bilai saka calathune dhewe.

188. Tutur pinajarake.
Ngibarat: samubarang kôndha kang kinandhakake marang wong liyane.

189. Titir pinajarake.
Ngibarat: samubarang undhang-undhang kang diluntakake manèh.

--- 21 ---

Titir: tanpa pêgat, kêrêp, goyang.
Pinajarake: katuturake.

190. Têsmak bathok.
Ngibarat: wong ora wêruh duwe cipta wêruh.

191. Tulung mênthung.
Ngibarat: wong têtulung, ing ngarêp andadèkake bungahe kang ditulungi, wêkasan andadèkake susahe. Kaya ta: wong têtulung nyilihi dhuwit, marang wong liyan, nanging nganggo uyahan kang luwih abot.

192. Tidha-tidha. Têgêse: kurang-kurang, kaya ta: pitêmbungan, kang tidha-tidha eba bisa-bisa, têgêse: kurang-kurang sabarange ora bisa.

193. Timun jinara: êmpol pinêcok.
Ngibarat: samubarang kang tanpa gawe, utawa gampang linakonan.

194. Timun mungsuh durèn.
Ngibarat: wong arêp mêmungsuhan karo wong rowa, utawa: wong cilik mêmungsuhan karo wong gêdhe.

195. Tumbu olèh tutup.
Ngibarat: wong kang olèh jodho, utawa mêmitran kang padha atèn-atène, sarta karêm-karêmane ora gèsèh.

196. Tumbak cucukan.
Ngibarat: wong parawadulan. Nglancipi atining wong.

197. Timbule watu itêm, kêlême prau gabus, utawa kêlême godhong aking.
Ngibarat: samubarang kang ora kêna diêntèni utawa diarêp-arêp.

198. Tambang laku.
Têgêse: laku samar, kaya ta: têlik sapêpadhane.

199. Tumpang suh, katêlah tumpang so.
Ngibarat: samubarang calathu utawa pagawean kang kaledhon, (panjupuke saka wong nganam suh, manawa kliru panganame iya ora prayoga, kaya ta: prakara ngarêp dadi buri, prakara buri dadi ngarêp, utawa nalar bêcik kaêtrapake ing ala, nalar kang ala kaêtrapake ing bêcik.

200. Tumambuh.
Ngibarat: wong api-api ora wêruh.

201. Têmbang rawat-rawat.

--- 22 ---

Ngibarat: pawarta kang durung têtela.
Têmbang: têmbange layang: gitik: tabuh.
Rawat-rawat: lamat-lamat.

202. Tambang Parantian.
Tambang: tali. Kambang, opah, pancungul: pacanthelan.
Parantian: pomahan.
Têgêse: ora karuhan canthelan utawa bale pomahane.

203. Tigan kaapit ing sela.
Ngibarat: wong apês tandhing karo wong rowa, wuwuh-wuwuh diêbut loro.

204. Tigan sapatarangan.
Ngibarat: golongane ing sanak sadulur.

205. Têbu tuwuh socane.
Ngibarat: samubarang kang wis lulus bêcik, banjur ana sambekalane, kaya ta: wong wis rêrêmbugan kênthêl, wasana ana ujar sêsetanan, kang andadèkake uwuke rêmbug mau. Utawa wong nyêkêl bêbênêran anggagahi prakarane sanak sadulure. Dadi padha karo: kêbo lumumpat ing palang.

206. Têbu sauyun.
Ngibarat: wong kang anggolong padha wisane.
Uyun: dhapuraning têbu.

207. Tunggak kalingan rone. Utawa: tunggak kalingan rondhon. Katêlah: tunggak kalingan rôndha.
Ngibarat: wong ngrasani ala marang wong liya ora wêruh yèn ana akrabe kang dirasani mau.

Sa.

208. Saur manuk: saur pêksi: saur kukila.
Ngibarat: jumurunge wong akèh, padha nyauri: inggih, kaupamakake kaya manuk padha muni gênti-gênti.

209. Said kawudan.
Ngibarat: said kang ora têrang, utawa ora ana titimangsane.

210. Sinambung rapêt.
Ngibarat: wong gêgesehan dirukunake, utawa samubarang kang dipêpantês dening calathu, murih prayogane.

--- 23 ---

211. Sèndhèn kayu aking.
Ngibarat: wong kang digugat lêlendheyan wong kang wis mati.

212. Sandhing kêbo gupak.
Ngibarat: nyêdhaki wong kang lagi nêpsu, utawa kang lagi tukar padu, luput-luput kasawo.

213. Sirnaning jaya.
Ngibarat: wong duwe pêrkara nyulayani aturing saksi.
Jaya: unggul: kuat, dadi ilang jayaning prakara, wêkasan kalah.

214. Siram-siram bayêm.
Ngibarat: puji-pujining wong akèh marang wong siji manawa ana kang kabul.

215. Srama pinggiring jurang.
Ngibarat: wong gawe kabêcikan marang kang adoh panggonane.
Saloka iki ngêmu rasa têlu.
I wis,
II wong gawe pratingkah kang nuntun marang bilai.
III wong wèwèh luput-luput nêmu bilai.
I srama atur-atur bêksa, mulane kabasakake wong gawe bêcik marang wong kang adoh panggonane. Awit jurang iku adoh saka sagara.
II mulane ngibaratake: wong gawe pratingkah kang nuntun marang bilai, awit wong anjogèd ing pinggiring jurang, luput-luput kêglundhung. Jogèd iku ngibarat pratingkah, sarèhning jurang-jurang mau padha-padha ambah-ambahan nguwatiri.
III mulane ngibaratake: wèwèh kang luput-luput andadèkake bilai, kaya ta: wong awèh isarat kang bakal kanggo ing panggawe ala, luput-luput andadèkake bilaine kang mènèhi utawa kang diwènèhi.
Srama, têgêse manèh: pratapan, ing kono panggonan kanggo andokokake sajèn, yaiku kang lugune aran srama, awit sêsajèn iku atur-atur marang dewa.

216. Sok ana gula akèh sêmute.
Ngibarat: sok ana wong sugih akèh kang ngrakêti utawa marani.

217. Saksi rumêmbe.
Iku saksi sanak sadulur utawa saksi nututi, kaya ta: wong duwe prakara, ing ngarêp mung ngaturake saksi siji, ing buri matur duwe saksi manèh [ma...]

--- 24 ---

[...nèh.]
Rumêmbe: apradapa, sumêmi.

218. Saksi pondhongan.
Ngibarat: saksi gawean.

219. Sukua jaja, têkêna janggut.
Ngibarat: wong nglakoni pagawean marang panggonan kang adoh, awit saka pêrlu, aja kang mlaku nganggo sikil ora ditêmaha, sanajan lumakua nglungsar iya dilakoni (ditekadi).

220. Sêkul urup, iku têmbung kalantur, bênêre: sêkul tanpa urup. Awit iku ngibarat: wong wèwèh kang tanpa pakolèh, kaya ta: wong wèwèh marang nagara. Padha karo uyah kacêmplung ing sagara.
Urup: liru: timbang.

221. Suduk gunting tatu loro.
Ngibarat: wong kang kasusahan mangro utawa mratêlu.

222. Sadawan-dawanane[8] lurung isih dawa cangkêm.
Ngibarat: suwure ing uwong, solah ala utawa bêcik, disimpêna kaya apa, ora wurung misuwur.

223. Setan anggawa êting.
Ngibarat: wong kang wis kacêtha parawadulan.

224. Satru manêngah.
Iku samubarang kang aran saru, kaya ta: wong loro utawa têlu anduwèni pangarah marang barang sawiji.

225. Satru munggèng cangklakan.
Ngibarat: sadulur utawa sanak kang mursal, isih nunggal, anduwèni pangarêp-arêp ala.

226. Sasa ulun iku bokmanawa têmbung kalantur, bênêre: sahasa ulon.
Ngibarat: wong kang pêksa calathu, utawa kang kêras calathune.
Ulun: kula, kawula, dadi ora olèh karo ngibarate.
Sahasa: rosa, kalangkung.

227. Soso ulon.
Ambasakake: wong calathu ngoso-oso.

228. Slekam-slekom.
Ngibarat: wong kang slodha-slodho, kaya ta: mènèhake dudu duwèke, utawa nganggo kang

--- 25 ---

dudu duwèke kang tanpa têmbung.

229. Salatara. Têgêse: kalinganeya.

230. Sulung alebu gêni, utawa: sulung alêbu diyan.
Ngibarat: wong nêmaha marang karusakan, kaya ta: wong wis wêruh marang mungsuhe kang dudu bobote andadak ditrajang.

231. Sêling surup, têgêse: salah pangêrti.

232. Sapu ilang suhe.
Ngibarat: wong kelangan bêbundhêlan utawa ugêr-ugêr, kaya ta: wong tuwa, lêlurah, bandara, gusti, sabab kukuhe sapu saka suh. Samôngsa ilang suhe, padha pating salêbar.

233. Sumur mlaku tinimba.
Ngibarat: wong mlaku diguroni.

234. Sêmut marani gula.
Ngibarat: wong amrih marang kamelikan utawa amrih ngrakêti wong sugih.

235. Sêmut ngadu gajah.
Ngibarat: wong cilik ngadu-adu wong gêdhe padha gêdhe.

236. Sêmbur-sêmbur adas.
Iku padha karo siram-siram bayêm. Nanging karaton kang ora ambawahake karaton liyane, iku iya dibasakake: karaton sêmbur adas.

237. Simbar tumrap ing sela.
Ngibarat: wong anggugat gawe-gawe, sarta saksine gêgawean. Simbar iku gêgodhongan tuwuh ana ing wit-witan, akèh warnane. Mulane simbar kang kagawe ngibarat, awit iku ora bisa tuwuh ing watu, ngibarat: goroh ing ature.

238. Suminggun.
Wong kang mênêng ora pradulèn.
Singgun: tata: sigug.

239. Sagalakaneya macan ora kolu mangan anake.
Ngibarat: sarusuhaneya uwong, ora kolu utawa ora tega marang anak.

240. Si gèdhèg lan si anthuk.
Ngibarat: wong wêwangsitan utawa kêthikan, kang siji api ora. Padha karo dudutan lan anculan.

241. Singidan nêmu macan.

--- 26 ---

Ngibarat: wong kang sumêdya nyamur, kapragul marang kang wis wêruh.

Wa.

242. Wirapaksa.
Ngibarat: wong misesa bot bênêr, utawa wong nganggo bênêre dhewe.

243. Wêdi ing wayangane dhewe.
Ngibarat: wong laku culika rumôngsa manawa kawruhan ing akèh, dadi angên-angêne ora jênjêm, tansah ngandhut sumêlang.

244. Wastra lungsêd ing sampiran: sinjang luwas ing sampiran.
Ngibarat: wong duwe sêdya samubarang, lawas ora katêkan, kabanjur-banjur nganti mati. Utawa wong pintêr ora kanggo ing pagawean, nganti lungse ing gawe.

245. Wastra bêdhah kayu pokah.
Wastra: jarik: gêgaman. Jarik iku ngibaratake: kulit. Kayu ngibarat: balung. Ngibarat: wong kataton nganti putung balunge.

246. Wawalan bônda.
Ambasakake: wong têtandhingan karo wong kang ora nglawani, utawa ora bisa nglawani, kaupamakake: têtandhingan karo wong kang wis dibônda.

247. Wêlud diêdoli udhèt.
Ngibarat: panggonane ing pintêr, diumuki kabisan, sapanunggalane kang mangkono.

248. Wêlas wêkasan lalis. Kêlanturing basa: wêlas tanpa alis.
Ngibarat: wong gawe bêcik marang wong, wêkasan andadèkake bilaine kang dibêciki mau, utawa wong kang ora korup ing pangemane.

249. Wêdhus diumbar ing pakacangan.
Ngibarat: wong kang kêkurangan, diwêruhake marang kamelikan, utawa wong wadon ala solahe, kapingit, kawêruhake ing pakehan, wasana olèh dalan, nglakoni panggawe ala, utawa wong anggragas ing amal, kapracaya nglumpukake pokil.

--- 27 ---

250. Wong pintêr kablingêr.
Ambasakake: wong pintêr nanging luput anggone ngêtrapake kapintêrane.

251. Wong busuk kêtêkuk.
Ambasakake: wong bodho paksa kumintêr-pintêr, wêkasane nêmu bilai utawa rêrubêd.

252. Wong amèk iwak aja nganti buthêk banyune.
Ngibarat: wong duwe pangarah samubarang, dikêna kang kaarah, aja nganti kabare krungu ing akèh.

La.

253. Lukak apapak.
Lukak: ora kêbak.
Papak: padha, warata.
Dadi: wong kabisane tanggung pêksa madhani kang wis putus.
Ngibarat: wong bodho paksa padha karo wong pintêr.

254. Lut-lutan lowe, nyambêr buntute dhewe.
Lowe: pulêt-pulêtane ing lowe.
Ngibarat: wong duwe pangarah ala, nanging luput, wêkasan nêmahi marang awake dhewe.

255. Lidhah sinambung.
Ngibarat, tumimbale ing pacalathon.

256. Lambe satumang kari samêrang.
Ngibarat: wong mêmulang utawa tutur ora digugu, prasasat nipisake lambe.

257. Lêmah pinêndhêm, utawa: bumi pinêndhêm.
Ngibarat: wong andhap asor.

258. Lêgine ngêmut gula.
Ngibarat: wong dipitayani samubarang, andarbèni kamelikan, wêkasan ngêngkoki dhewe, utawa gêlêm ngêlong-êlongi.

269[9]. Lêgi-lêgine wong ngêmut gula: lêgine ngêmut gula.

260. Lêgan golèk momongan.
Ngibarat: wong kang wis kapenak, kudu ngupaya pagawean kang angèl-angèl.

261. Lêbur dalahan.
Ngibarat: samubarang pagawean kang ora ana kadadeane.

262. Lêbak ilining banyu.
Ngibarat: samubarang prakara, kang ubang-ubêng marang

--- 28 ---

wong kang apês paraning prakara mau. Utawa prakarane wong gêdhe katibakake ing prakarane wong cilik, kaolèhake ing sakêna-kênane.

Pa.

263. Pirabara, ganêpe têmbung: pirabarane.
Bara: bôndha beya, widhe, gombyok. Baya (dudu bajul) nanging pakewuh.
Upamane paribasan: pirabara yèn bisaa, ganêpe têmbung: pirangbarane yèn bisaa, têgêse: pira bôndha beyane yèn bisaa.

264. Pidak sikil jawil mungkur.
Ngibarat: wong wêwangsitan utawa kêkêthikan kang ora katara.

265. Pidak padarakan.
Pidak: abdi, batur.
Padarakan: urakan.
Ambasakake: wong urakan kang ora karuhan asline.

266. Padu jiwa dikanthongi.
Ngibarat: wong bisa ngikal padu. Têmbung: jiwa, ana ing paribasan iki araning wong, dhèk jaman kuna ana wong aran Kyai Jiwa, pintêr ngikal padu, katêlah: sabên wong pintêr ngikal padu, ditêmbungake: nganthongi padujiwa, têgêse: ngandhut utawa nelad padune Kyai Jiwa.

267. Pitik trondhol diumbar ing padaringan.
Padaringan, bênêre: padringan (padêringan).
Dêring, dring, Kw: bêras.
Ngibarat: dipitayani simpên, utawa durjana diwêruhake ing rawatan.

268. Palang mangan tandur.
Ngibarat: wong dipitayani ngrêksa samubarang, wêkasan ngrusak marang rêrêksane.

269. Padu balur tanpa isi, kalantur ing basa: padu balung kapesing.
Ngibarat: samubarang padu kang ora ana paedahe.

Dha.

270. Dhandhang diunèkake kontul.
Ngibarat: wong ala dituturake bêcik, kosokbaline: kontul diunèkake dhandhang [dha...]

--- 29 ---

[...ndhang.]

271. Dhalang kêrubuhan panggung.
Panggung (kajaba omah) atêgês: kêlir sangarêping dhalang, dadi têtêpe: dhalang kêrubuhan kêlir. Ngibarat: wong kapapas calathune.

272. Dhadhap katuwuhan cangkring.
Cangkring, kayu alasan, panunggalane kayu ala bae, tinimbang kayu cangkring bêcik dhadhap.
Dhadhap, ngibarat: rêmbug kang wis golong.
Cangkring, ngibarat: têmbung sêsetanan.
Ngibarat: rêmbug kang wis golong, warêg dening rêmbug sêsetanan.

273. Dhayung olèh kêdhung.
Ngibarat: wong duwe pangarah olèh dalan gampang.

Ja.

274. Jiniwit katut.
Ngibarat: sêsadulur diupamakake kulit daging, manawa salah sawiji nêmu rêrubêd, kang akèh-akèh mèlu susah, kaya awak manawa kambah ing lêlara.

275. Jinabung alus.
Jabung alus mangkono panunggalane wangsalan, nanging tarkadhang kanggo paribasan, têgêse: ancur mungguh karêpe: kaancur, têgêse: karakêtake, yaiku mikolèhake pikarêpan sarana têmbung manis, sapanunggalane kang mangkono, kaya ta: dikêndhali buntut, têgêse diapusi. Awit kang diarani kêndhali buntut iku apus buntut, dadi pasajane: kêna ing apus.

276. Jênang salayah.
Ngibarat: wong golong pikir.

277. Jaran kêrubuhan empyak.
Ngibarat: wong wis tau nêmu pakewuh utawa bilai, atine isih kanji.

278. Jaksa pring sadhapur.
Ngibarat: jaksa sabêndhoyot, anak, sanak sadulur padha dadi kancane.

279. Jati kêslusuban luyung.
Ngibarat: wong klêbon ing têliking mungsuh kang laku suwita, utawa wong bêcik karakêtan wong ala.

280. Jalma mati murka.

--- 30 ---

Ngibarat: wong murka kang ora wêruh ing pakewuh, banjur nêmu bilai dening murkane.

281. Jaja rupat.
Ngibarat: wong kang kulak warta adol warta, calathune ing kene dituturake ing kana, calathune ing kana dituturake ing kene.

282. Jêminul kaya kênul.
Jêminul: mèh sairib kaya gumolong, kosokbaline: kumêpyar.
Kênul: sêga liwêt kang ana ing dhuwur. Dadi tambênge mau kaupamakake kaya gumolonging kênul.
Ngibarat: wong tambêng ora anggatèkake ujaring wong.

283. Jamur tuwuh ing sela.
Ngibarat: samubarang kamelikan kang aèng.

Nya.[10]

284. Nyèrèt pring saka pucuk.
Ngibarat: pagawean kang gampang diangèl-angèl, utawa wong prakaran, ing ngarêp lawanan siji, wêkasan akèh èmbèt-èmbètane.

285. Nyaru wuwus.
Ambasakake: wong nyêlani utawa ambarêngi calathu.

286. Nyolong pêthèk.
Ngibarat: samubarang kang atinggal majad.

287. Nyidhêm pramanêm.
Nyidhêm: nyamar: nyirêp.
Pramanêm: ambungkêm. Bênêre: nyidhêm mramanêm. Wong nyidhêm rajatatu utawa rajapati.

288. Nyawat balang wohe.
Ngibarat: wong duwe pangarah ing liyane, sarana uwong kang mambu bangsane kang kaarah mau.

289. Nyumur gumuling, têgêse: anggênthong umos.
Ngibarat: wong ora duwe wêwadi, sakênggon-ênggon ngandhakake wadine dhewe, utawa wadine uwong.

290. Nyêmpaluki.
Ngibarat: wong kang andadèkake calathu, yèn ana wong nêsu ditumpangi wêwadul, utawa wong kang anggêgêmpal kasênênganing wong.

291. Nyagak alu.

--- 31 ---

Ngibarat: wong agawe langganan ing samubarang prakara, utawa samubarang pacalathon, wêkasan malèsèd, ora kêna kagawe pathokan.

292. Nyambung watang putung.
Ngibarat: wong ngrukunake wong rêrêngatan.

293. Nyangoni kawula minggat.
Ngibarat: wong ambêciki samubarang kang wis rusak., ora kêna didandani, dadi ambandhani tanpa gawe, prasasat nyangoni wong minggat.

294. Nyôngga krama.
Ngibarat: wong ngenaki ati nanging mêsthi goroh.

Ma.

295. Mênêng wada ulêrên, kêlanturing basa dadi: mênêng dawa ulêrên. Utawa widara ulêrên.
Ngibarat: wong kang laire katon mênêng, utawa bêcik pasêmone, ananging anduwèni cacad ala ing ati. Ewadene padha-padha kêlantur, widara ulêrên mau olèh uga kagawe ibarat: wong laire katon bêcik, batine ala, kaya woh widara kang katon bêcik ing jaba, ing jêro ulêrên.

296. Mancak wadhah tulupan.
Mancak: apèk walang.
Pancak Kw: walang.
Ngibarat: wong anggaota ora bisa andadèkake (nyimpên pakolèhe).

297. Mêndhak alingan, wêkasan ngaton.
Ngibarat: wong pêksa umpêtan, wêkasane katon ing akèh, utawa wêdi wêkasan dadi wani.

298. Mêndhêm kula.
Ngibarat: wong gêdhe nyamur wong cilik, utawa ngaku wong cilik.

299. Mêndhêm pari jêro.
Ngibarat: uwong ambêciki uwong, anduwèni pangarêp-arêp manawa bisa thukul, têgêse: manawa bisa malês.

300. Mindhogawèni.
Ambasakake: samubarang kang mindhogawe.

301. Mênthung koja nêmu sêmbagine.
Ngibarat: wong bêgja kawuwuhan olèh bêgja.

302. Mêcuk manyukilan.

--- 32 ---

Mêcuk: mocok.
Manyukilan: laku nyênyukil, dadi dhudhuk-dhudhuk.
Ambasakake: wong alasan kang gawene anjupuk kayu sapanunggalane isèn-isèning alas.

303. Mêcêl manuk mibêr.
Ngibarat: wong kang sarwa bisa utawa sarwa kuwasa.

304. Mêrang lêngên.
Ngibarat: wong nguwasake[11] kabisane. Karêpe anggone nguwasakake kabisane manawa marang lêngêne dhewe, minôngka tôndha yèn têguh.

305. Mêrangi tatal.
Ngibarat: samubarang kang wis ora ana gawene, diupagawe. Utawa samubarang kang mindhogawèni.

306. Murwakala.
Ngibarat: wong kang kêrêm[12] maeka marang wong.

307. Mrewang.
Ngibarat: wong kang ngarah bilaine ambarêngi lumaku, utawa ambarêngi ing panginêpan, apadene nunggal panuju duwe gawe, kaya wong ngrewangi.

308. Marangkani kudhi.
Ngibarat: wong bisa ngêsori wong kang ewuh bêbudène. Mulane diupamani mangkono, awit kudhi iku angèl warangkanane.

309. Mirungga tômpa.
Ngibarat: wong tampanan ati, ora kêna wong calathu sathithik diarani nyatur ing dhèwèke.

310. Murangkara.
Murang: nyimpang.
Kara: padhang, lêgi, barang, sabab.
Dadi padhang, iku kang dingibaratake prentah utawa bênêr.
Ngibarat: wong murang prentah utawa murang bênêr.

311. Mirông kêkampuh jingga.
Mulane digawe upama kampuh jingga, awit jingga utawa abang iku digawe pratôndha wani, putih kagawe pratôndha wêdi, rukuna utawa padhami.
Ngibarat: wong mogok marang parentahing ratu, sumêdya [su...]

--- 33 ---

[...mêdya] wani mêmungsuhan.

312. Mada kawongan.
Ngibarat: wong kang nacad marang samubarang, nanging cacade mau, mungguha panganan isih doyan mangan, mungguha pakarêman, isih karêm.

313. Madal pasilan.
Ambasakake: wong ninggal pajagongan, ora nganggo ekral. Nanging akèh kang kliru anggone ngêtrapake, wong ana ing pajagongan utawa mara dhayoh, arêp mulih têmbunge marang kang duwe omah: manawi kaparêng kula badhe madal pasilan.

314. Madu balung tanpa isi.
Katêlah ing basa dadi: madu balung kêpesing.
Ngibarat: wong madu samubarang kang ora ana paedahe.

315. Matang tuna numbak luput.
Ngibarat: wong narka kang ora ana kayaktène.

316. Matang bubukên.
Ngibarat: wong satêngahe anggugat, lara utawa ana sababe, ngaloko mundur dhewe, ora sumêdya ambanjurake panggugate. Mênêng, utawa ebraning prakara mau kaupamakake watang bubukên, utawa wong gawe pracaya ngrêmbug prakara marang tilas satrune, ngadat cakêt marang ala kadadeane, kaya bubuk gawe rusaking landheyan.

317. Masang kala.
Ngibarat: wong kang sumêdya ngupaya kaluputaning uwong.

318. Masang taji.
Ngibarat: wong ditarka banjur maeka utawa malês narka.

319. Milih-milih têbu.
Ngibarat: wong nampik marang samubarang kang ala, barêng olèh liru sangsaya ala, ngungkuli kang ditampik mau. Mulane mangkono, awit wong milih têbu amêsthi milih kang ora bolèngên, anadene bolènging têbu ana kang katon ana kang ora, saka apiking pamilih, nampiki kang bolènge katon, anjupuk kang lurus, ora sumurup manawa ing jêrone bolèngên.

320. Malik kulambi.
Ngibarat: wong kang sumêdya silib atine marang bêndara utawa gusti.

--- 34 ---

321. Malik tingal.
Ngibarat: wong suwita sumêdya ngupaya pasuwitan liyane.

322. Malik bumi.
Ngibarat: wong kang ambalik milu marang mungsuhe, utawa ambalela ing ratu.

323. Malopor.
Ambasakake: wong sugih umbag utawa umuk, tuwin wong ditakoni bab sathithik, wangsulane kudu akèh, sarta nganggo kamoran goroh.

324. Maling arêp.
Ngibarat: wong nyênyilih ora ngulihake, utawa ngilangake duwèking wong ora gêlêm nêmpuhi.

325. Maling atma.
Atma: nyawa: anak.
Yaiku maling kang ngarah matèni.

326. Maling nêbu sauyun.
Ngibarat: maling kang golong padha wangsane, kabèh padha dadi maling.

327. Maling raras.
Raras: asri.
Iku mung kagawe upama bae, panunggalane kaya ta: kusuma, sinom, rêtna, iku kagawe ngupamakake: wong wadon.
Ngibarat: malingi wadon utawa misesa nunggal turu.

328. Maling rêtna.
Rêtna: sêsotya, sarèhning têmbung rêtna kagawe ngupamakake wong wadon, dadi saloka: maling rêtna iku pamikirku iya kêna anduwèni têgês: malingi wong wadon, kaya maling raras mau. Nanging bênêre maling rajabarana.

329. Maling rajapèni.
Rajapèni: dandanan kang adi-adi.
Ngibarat: wong ngiwakake kagunganing ratu.

330. Maling kênya.
Saloka iki padha bae karo: maling raras, maling rêtna mau, awit têgêse kênya: prawan, nanging kanggone ana ing saloka, têka mung kagawe ambasakake: wong wadon maling.

331. Maling kêbunan.
Nyalokakake: maling wis malêbu ing latar, nanging durung anjêjupuk, tuwin kang mêmindha dhukun utawa wong dodolan sumêdya ngapus-apusi, kaya ta: dodol kuningan kasayadake êmas, sapanunggalane [sapanunggala...]

--- 35 ---

[...ne] kang mangkono.
Mulane kabasakake kêbunan, awit ora kauban wangon, dadi kêna ing êbun utawa kalimputan ing êbun, maling mau ênggone kêbunan pêpadhane kalimputan ing pêpêdhut. Kaya ta: aling-alingan iku ngibarat anggone mêmindha utawa sumêdya ngapus-apusi.

332. Milang tatu.
Ngibarat: wong milang beya wragade dhewe sarta gêtun, utawa wong ngabotohan angetung kalahe sarta digêtuni.

333. Maling totos.
Totos: pêthut: limpad.
Ambasakake pêthuting maling.

334. Maling tumolèh.
Ambasakake: wong arêp wèwèh utawa arêp lêlungan kang isih mungal-mungil atine durung eklas.

335. Maling timpuh.
Timpuh: araning pratingkahe wong lungguh, beda karo sila utawa jegang.
Salokane wong nyambut gawe ngalap opah, gêlêm ngêlongi utawa nglironi garapane. Mêloke kang kaaranan maling timpuh iku kêmasan, awit panggarape pagawean karo linggih.

336. Maling sandi.
Sandi: rêmpit: wadi: samar. Kaya ta sandi upaya: paekan rêmpit, sandilata: oyod nyiluman kang kasêbut ing layang manikbaya.
Ngibarat: maling kang ora ngatarani.

337. Maling sakuthu.
Ambasakake: maling kang olèh pituduh saka tanggane kang diarah.

338. Maling sadu.
Sadu: sarèh, pandhita, kaya ta: sadu tan cala: sarèh ora rongèh.
Saduningrat: pandhita ing jagad.
Ambasakake: maling kang rewa-rewa wong bêcik.

339. Maling samun.
Ngibarat: wong nênêmu ora nganggo saksi, utawa ora nganggo awèh wêruh ing parentah.

340. Maling paksa.
Ngibarat: wong lanang malingi wong wadon, malingi barange, yaiku .... ke, utawa misesa nunggal turu, padha karo maling raras mau.

--- 36 ---

341. Maling dhèndhèng.
Dhèndhèng iku kanggo ngibarat barange wong wadon (...).
Ambasakake: wong ngiwat wong wadon, utawa nunggal turu wong wadon kang laku cêcolongan utawa bêbedhangan.

342. Malang-malang tanggung.
Ngibarat: wong kang awèh bêbudène, kaya ta: ditinggal ing rêmbug ora kêna, dibubuhake ing rêmbug ora bisa.

343. Maling guna.
Ambasakake: maling kang luwih pintêr samubarang kang bisane maling.

344. Malang gambuhi.
Walang gambuh iku gêdhe kang wadon karo kang lanang.
Ngibarat: wong salakirabi, gêdhe utawa tuwa kang wadon.

345. Mumpangkara.
Ambasakake: wong numpangi calathu, utawa mogok karampunganing parentah, apadene nêrak undhanging ratu.

346. Mambu ilu.
Ngibarat: wong kang wis kanji atine.

347. Mambu-mambu yèn sêga.
Ngibarat: wong duwe wôngsa, dadia ala atine, ana bêcike marang kang kaprênah wôngsa.

348. Mengkak-mengkok ora wurung ngumbah popok.
Ambasakake: wong kang tinari laki, rewa-rewa ora gêlêm utawa madoni, wêkasan gêlêm.

349.

Ga.

349. Gêni pinanggang.
Ngibarat: wong lagi nêpsu wuwuh-wuwuh diwaduli.

350. Gondhelan poncoting tapih: ngêtutake poncoting tapih.
Ngibarat: wong lanang ngêtutake wong wadone.

351. Gêntho tlèngsèr.
Tlèngsèr Kw: ngulandara.
Ambasakake: gêntho kang kêrêp ngulandara.

352. Gêntholikêm.
Ambasakake: gêntho kang ora duwe sandhangan, dadi wuda ambalêjêd bae.

--- 37 ---

353. Gêntholibêg: gêntholikêm.

354. Gêcul kumpul.
Ambasakake: wong ugal-ugalan, golong padha ugal-ugalan, kang atine dadi siji, dadi ora ana kang sulaya ing pikir utawa ing rêmbug.

355. Gêring diêlut ngising.
Ngibarat: wong kêsusahan kang numpa-numpa.

356. Giri lusi.
Giri: gunung.
Lusi: cacing: tali.
Anggone nêrangake para pujôngga mungguh karêpe saloka mau mangkene: cacing kêna diina ora bisa anggrêmêti têkan pucuking gunung, nanging manusa ora kêna diina. Sawênèh ana ngarane murade ing saloka iki mangkene: wong manèh kênaa diina, bobote cacing bisa dumunung ing pucuking gunung.
Ngibarat: wong ora kêna diina, katone bodho wêkasan pintêr, utawa katone miskin, wêkasan sugih, apadene wong cilik dadi wong gêdhe.

357. Gêtih cinelung balung cinandhi.
Cinelung: cinupu (winadhahan ing cupu).
Dadi karêpe saloka gêtih cinelung mau gêtih kawutahake, mung kagawe bêbasan bae diwadhahi ing cupu.
Dhèk jaman kuna manawa ana wong mati jisime kaobong, awune diklumpukake banjur kalêbokake ana ing panggonan siji, adat kang kagawe watu, watu mau arane candhi. Dadi balung cinandhi karêpe: mayid pinêndhêm.
Ngibarat: rajatatu, rajapati.

358. Gawe luwangan ngurugi luwangan.
Ngibarat: wong nyambut gawe kagawe nyauri utang, têrange mangkene: anggone gawe luwangan iku ngibarat: utang, ngurugi luwangan ngibarat: panyaure.

359. Glundhung suling.
Ngibarat: wong miskin kang kari kathok bae, utawa wong lanang rabi ora anggawa dandanan.

360. Glundhung sêmprong.
Ngibarat: wong miskin ora bisa nutupi kawirangane. Utawa wong wadon laki ora anggawa dandanan.

361. Glugu kêslusuban luyung: jati kêslusuban luyung.
Ngibarat: wang kalêbon têliking mungsuh kang alaku

--- 38 ---

momor utawa suwita. Tuwin wong bêcik karakêtan wong ala.

362. Glethak sodar.
Glethak ngibarat: solah barès.
Sodar: calathu barès.
Ambasakake: wong kang solah sarta calathune barès.

363. Gêdhang apupus cindhe.
Ngibarat: samubarang kamelikan kang aèng angluwihi adat sabêne.

364. Gajah ngidak rapah.
Rapah: palang.
Ngibarat: wong gawe wêwalêr ditrajang dhewe.

365. Gugontuhon, katêlah ing basa: dadi gugontuwon.
Ambasakake: wong kang anggugu samubarang rêrasan.

366. Gêguyon dadi tangisan.
Ambasakake: samubarang solah utawa pagawean kang kêtlikung lakune, wêkasan dadi kasusahan.

367. Gêguyon parikêna.
Ngibarat: wong sêsêmbranan nanging duwe pangarah, utawa wong duwe pangarah sinamun sêsêmbranan.

368. Gêthing muring-muring.
Ambasakake: wong sêngit marang liyane, wusana nguring-uring.

369. Gung adiguna.
Ngibarat: wong ngêgungake utawa ngêndêlake gêdhe dhuwur utawa kabisane, bêbasan iki padha karo adiguna.

Ba.

370. Bau kapine.
Bau: tangan sadhuwuring sikut têkan pundhak, iku kagawe ngibarat sanak sadulur.
Kapine: dikacèk: diperang.
Ngibarat: wong ora adil, manawa mêmandum utawa mêmatah marang wong liya beda karo marang sanak, nganggo dikacèk, mangkono uga yèn ambênêri.

371. Bandhol angrompol.
Ambasakake: wong alaku ala golong

--- 39 ---

lan wong laku ala.

372. Bacin-bacin yèn iwak.
Ngibarat: ala-ala yèn sanak, ditimbanga karo wong liya masthi ana kacèke.

373. Bara tan bara.
Têgêse: baya tan pisan, gênahe ing têmbung kaya upamane wong sêsumbar mangkene: padha manèh yèn padhaa, untab-untaban bae bara tan bara, têgêse: padha manèh yèn padhaa, kacèk sathithik bae kaya ora pisan.

374. Bêluk ananjak.
Nanjak: colot-colot, ngilês, mênthang, ngidak, andungkap. Dadi wong wuta tuli kaupamakake manuk bêluk colot-colot.

375. Bêlo milu sêton.
Ngibarat: wong katut marang pagawean kang dudu wajibe, utawa kang durung disumurupi.

376. Balung pêkir.
Ngibarat: wong apês ora daya ora rosa. Utawa wong ringkih.

377. Badhigul angêne.
Badhigul: balilu.
Ngêne: ngênani: ngincêng.
Ngibarat: wong bodho gawe pratingkah reka-reka murih olèha sarana saka wong-wong.

378. Budhug mumuk.
Budhug: doyan mangan: busung.
Mumuk: lara mata, picak, dadi wong kang ora ngopèni utawa mêrduli ing liyane, aliya saka mangan lan turu.
Ngibarat: wong doyan mangan turu.

379. Banyu pinêrang.
Ngibarat: têpunge sanak sadulur, dipisaha ora wurung kumpul manèh.

380. Bima akutha wêsi.
Ngibarat: wong puguh bêbudène utawa wong rosa panggonane santosa.

381. Bêgja kamayangan.
Kamayangan: linuwih, kapasang yoga, bêgja.
Amabasakake: wong bêgja linuwih-luwih, ora bêgja katumpa-tumpa.

382. Bubuk olèh lèng.
Ngibarat: wong murih marang kamelikan utawa duwe pangarah olèh dalan.

--- 40 ---

383. Bèbèk diwuruk ngêlangi.
Ngibarat: wong wis pintêr sarta tau, diwulang pagawean kang wis dibisani, utawa kang wis tau dilakoni mau, dadi prasasat mulang nglangi marang bèbèk, awit bèbèk iku ora susah kawulang nglangi wis bisa dhewe.

384. Bèbèk mungsuh maliwis.
Ngibarat: wong pintêr mungsuh padha pintêr, nanging kalah ubêd.

385. Bêbisik nguwuh-uwuh.
Ngibarat: wong apaksa rêpit samubarang, nanging ora nganggo wêweka, solah bawane ngêtarani, wasana dadi kawiyak.

386. Bathok bolu isi madu.
Ngibarat: wong asor nanging duwe kapintêran.

387. Bungahe kaya nunggang jaran ebeg-ebegan.
Ambasakake: wong bungah kang ora ana taha-tahaning ati.

388. Byungbung tawon kambu.
Tawon kambu: tawon kambon gula.
Ngibarat: wong klumpukan padha ora wêruh ing rêmbug, mung kèlu ing pawarta ora wêruh yaktine.

Tha.

389. Thithing-thithing kêrik.
Ngibarat: wong gêgawean samubarang kang saka sathithik, marga saka kurang waragad.
Thithing iku anjupuk saka karincinging dhuwit sathithik. Manawa akèh anggone ambasakake: karupyuk, utawa karopyok. Kêrik, ngibarat anggone tumandang gawe saka sathithik-sathithik, awit wong ngêngêrik mangkono olèhe mung sathithik.

Nga.

390. Ngaub awar-awar, kêlantur ing basa dadi: ngaub awar, awar-awar: araning kayu cilik, dadi ora aub, sawênèh ngarani ngaub wawar. Wawar: durèn alas.
I Ngibarat: wong ngèngèr marang kang ora duwe lungguh.
II wong ngèngèr kang mutawatir, marga ngaub ana sangisore durèn, mutawatiri manawa katiban wohe.

--- 41 ---

391. Ngenaki sarak.
Ngibarat: wong ngenaki basa, samubarang calathune ora ana kayaktène.

392. Ngunjal angêmpan. Katêlah ing basa dadi: anjalak ngêmpan.
Ngibarat: wong anggarap pagawean saka sathithik kang mantu-mantu, anjupuk sathithik kagarap êntèk, anjupuk sathithik manèh, kagarap manèh êntèk, mangkono manèh wong usung-usung icir saka sathithik, apadene wong bêbotohan, anjupuk pawitan sathithik, êntèk, banjur mantu-mantu anjupuk manèh sathithik-sathithik, kagawe ngabotohan êntèk bae, iku iya ngunjal ngêmpan.

393. Ngaru napung.
Ngibarat: wong bingung katêkan ing susah, utawa wong nêpsu salin-salin nêpsune, kaupamakake wong adang, sawise ngaru kukusan ditumpangi bêras manèh.

394. Ngreka raja.
Ngibarat: wong duwe prakara ngaku duwe saksi wong gêdhe.

395. Ngreka patra.
Ngibarat: wong culika reka-reka gawe layang utawa gawe êcap.

396. Ngurut dawaning tampar.
Ngibarat: wong nglari-nglari prakara.

397. Ngrusak pagêr ayu.
Ngibarat: wong andhêmêni utawa ambedhang wong wadon kang wis ana bojone.

398. Ngriwuk kêmpul utawa nyawuk kêmpul.
Ngibarat: wong nyrawungi ing rêmbug utawa pagawean, kaya ta: lagi ana wong rêrêmbugan utawa nyambut gawe, banjur ana wong sumlodho nyrawungi, kaya kaupamakake wong nabuh kêmpul, kang dudu bênêre tiba unining kêmpul.

399. Ngrapêtake ing arênggang.
Ngibarat: wong bisa ngrukunake wong rêrêngatan.

400. Ngrubagini.
Wong ngêrobake utawa ngundhakake rêrêgan utawa cacahing barang kang ilang.
Ngruba: wèwèh: abêbêsêl. Purbane: ruba: pawèwèh: pisungsung: bêbêsêl.
Gini: wadon.
Nanging ora cocog karo kang kagawe ngibarat,

--- 42 ---

bokmanawa maune muni: angrob gina.
Angrob: ambanjiri.
Rob: banjir.
Gina: paedah, kasil, guna.
Dadi ngakèhake kasil.

401. Ngikal panu.
Ambasakake: wong pintêr ngubêng-ubêngake utawa ngungêlake prakara.

402. Ngadon-adoni.
Maribasakake: wong ngadu-adu marang wong murih kêkêrêngan.

403. Ngadu bata.
Ngibarat: samubarang pagawean kang bisa ngolèhake waragade, kaya ta: wong nyithak bata olèh rong linggan, kang salinggan kanggo dhewe, kang salinggan kaêdol, kagawe ngolèhake wragade. Sanajan pagawean liyane, manawa lakune kaya iku, iya kêna kabasakake ngadu bata.

404. Ngêlèr tai ing bathok.
Ngibarat: wong ngudhal-udhal kawirangan.

405. Ngalasake nagara.
Ngibarat: wong kang nganggo bênêre dhewe, ngungkurake nagara utawa bêbênêran.

406. Nglalêr wilis.
Ngibarat: wong nglakoni pagawean nistha, utawa nguthuh.
Nguthuh, saka kuthuh, têgêse: lalêr.

407. Nguwod gadêbog.
Ngibarat: wong kêplèsèd saka panggawening wong, wêkasan andadèkake cilakane, utawa wong nurut ing rêmbuge wong lagi têpung, tuwin wong bodho, wêkasan nêmu rêrubêd.

408. Ngewal basa.
Ambasakake: wong ngukêlake calathu, utawa miringake têmbung.

409. Ngilani dhadha.
Ngibarat: wong ngina marang wong.

410. Nglincipi êri.
Ngibarat: wong nênangi atining wong kang lagi muring-muring, kaya ta: disêmoni utawa diwaduli.

411. Nglincipi singating andaka.
Ngibarat: wong wêwadul marang priyayi gêdhe murih dukane.

--- 43 ---

412. Ngêlêm lêgining gula.
Ngibarat: wong ngalêm wong sugih utawa ngalêm kabisane wong pintêr.

413. Nglugas raga.
Ambasakake: wong nyamur panganggo, kaya ta: wong gêdhe manganggo cara wong cilik, sanajan dudu wong gêdhe, manawa nganggo pancèn dudu anggon-anggonane, kaya ta: mantri kathokan bae, iya aran: nglugas raga. Manawa mantri manganggo cara pangeran, arane: mindha-mindha.

414. Nglangkahi titir.
Ngibarat: nitik lakuning durjana, liwat labêt saponing wong, olèh nyêkêl durjanane, ora sêsait karo kang duwe omah.

415. Nglingga pandaya.
Nglingga: ngêdêgake.
Pandaya: piranti: paekan. Karêpe wong gawe paekan.
Ngibarat: wong duwe prakara gawe saksi.

416. Nglungguhi klasa gumêlar.
Ngibarat: wong ngênggoni panggonan kang wis cumawis, ora ana ewuh pakewuhe. Utawa wong anggêntèni lêlakon, ora owah sathithik samubarange.

417. Ngilang-ilang prakara.
Ngibarat: wong ambawur prakarane wong liya utawa prakarane dhewe.

418. Ngilangi mati ing pinggir.
Ngibarat: samubarang kang wis dilakoni ora dirampungake.

419. Ngêlangi mega.
Ngibarat: wong kang bisa ngambah jajahaning mungsuh kang ora kawruhan, utawa wong kang bisa nglakoni samubarang sarana alus ora ngatarani.

420. Ngapus krama.
Ngapus: nalèni, nganggit, kaya ta: ngapus gita, utawa ngapus kata, têgêse: nganggit carita.
Krama: tata, nuli, têmbung.
Ambasakake: wong culika gawe-gawe bêbasan ngreka-ngreka calathu.

421. Ngêdhuk ngêruk
Iku jêjupukan bêbasane wong ngliwêt.
Ngibarat: wong olèh bêgja kaupamakake wong ngliwêt, bisa ngêdhuk sêga bisa ngêruk intip. [i...]

--- 44 ---

[...ntip.]

422. Nguyahasêmi.
Ngibarat: wong ngrêngga wicara.

423. Nguyuh aling-alingan pada.
Ngibarat: wong kang sumêdya ambuwang kanisthane dhewe, nanging kurang duga-duga prayoga, kaya ta: wong madati sumêdya mêdhot, nanging isih dhêmên têtunggalan karo wong madati.

424. Ngayawara.
Ngibarat: wong calathu tanpa pathokan, kang ora ana pakolèhe.
Ngaya, bênêre: ngayah, têgêse: ngawur.
Wara: tutur, gêdhe, wadon, wilangan, dadi bêbasan iki karêpe: ngawur tutur, utawa ngawur calathu.

425. Nguyang nêmpur.
Ngibarat: wong bingung ing ati.

426. Nguyang lara anggenjah pati.
Nguyang: tuku pari.
Anggenjah: ngenggalake.
Ngibarat: wong nêmaha marang karusakan utawa marang kacilakan.

427. Ngimpukake watu.
Ngibarat: wong anggampangake kang angèl, yaiku kang ora wêgah marang samubarang kang angèl.

428. Ngêmping lara anggenjah pati: nguyang lara anggenjah pati.

429. Ngumpulake balung pisah.
Ngibarat: wong bêbesanan, kang kaupamakake balung iku, bocah lanang karo bocah wadon, dadi karêpe ngumpulake bocah lanang lan bocah wadon sarana pikraman.

430. Ngimbu cihna.
Ambasakake: olèh gêgamaning durjana ora matur ing prentah.
Ngimbu: matêngake wowohan sarana disimpêni.
Cihna: tôndha, têngêr. Dadi nyimpêni tandhane maling.

431. Ngubud-ubud.
Ambasakake: wong ambalurut wayah bangun esuk, wong mara utawa mara dhayoh manawa wong sêsaput lêmah, iya kabasakake: ngubud-ubud.

432. Ngabangbironi.
Ambasakake: wong bingung atine, sadhela

--- 45 ---

katon abang, sadhela biru. Yèn pinuju ulate katon abang rada suda bingunge, manawa biru bangêt bingunge.

433. Nguthik-uthik macan gêdhe. Utawa: uthik-uthik macan gêdhe.
Ngibarat: wong nênangi ing nêpsuning wong, utawa wong gêdhe mênêng-mênêng kamunasika kasêmbrananan, kang andadèkake dukane.

434. Ngungkak krama.
Ambasakake: wong nyuda tatakrama, utawa diksura.
Ngungkak: nyuda.

435. Nganglang pringga.
Ambasakake: wong kang akèh wêwekane, samubarang kang sinêdya utawa karêp dilakoni kagolekan pakewuhe dhisik.
Pringga: ewuh.

--- 46 ---

Papan ôngka II.

Ha.

1. Anak-anakan timun.
Ambasakake: wong kolu marang anak-anake, kaya ta: wong lanang amèk anak bocah wadon, barêng wis diwasa banjur dipèk bojo, utawa tunggal turu. Mangkono uga wong wadon amèk anak bocah lanang, barêng diwasa diajak turu utawa dadi bojone. Mulane kang kagawe upama: timun, awit timun sapêpadhane wowohan mung pancèn kapangan bae, dadi anggone anjupuk anak mau kaupamakake: ngimpu wowohan pancèn mung arêp dipangan.

2. Anak molah bapa kapradhah.
Ngibarat: wong nêmu kasusahan utawa rêrubêd, kagawa kaluputaning anak.
Kapradhah: kabêdhah, kababar. Pradhah: bêdhah, babar.
Molah, ngibarat: anggone nglakoni kaluputan.
Kapradhah, ngibarat: kambah ing rêrubêd, awit samubarang kang dipradhah aran rusak.
Wong budine pradhah tumrap marang dhayuh, kang digumatèni sarta dirobi ing pasuguh, masthi yèn bêcik, nanging tumrape marang darbèk kang kasuguhake ora prayoga, awit saka kalong, marga dipradhah marang kang duwe, kaya ta: wong sugih ngluwihi, yèn arêp dêdana utawa udhik-udhik mara wong miskin, anjupuka dhuwit saka gêdhong pasimpênane, kabasakake: ambêdhah, tumrap marang gêdhong, dhuwit kang kabêdhah masthi ora prayoga, nanging tumrap marang kang didanani utawa kang udhik-udhikan: bêcik, dadi wong kang budine pradhah mau, pasajane ambabar kabêcikane, yaiku akèh.

3. Andum amilih.
Ambasakake: wong kang dipracayani mranata samubarang kang dipranata, wêkasan duwe pamilih, mungguh wong kang dipracayani mau, pancène iya duwe panduman, kaya ta: andum barang, lêmah, desa, nganggo milih kang bêcik minôngka bubuhane dhewe.

4. Antêng kitiran.
Ngibarat: wong akèh tanagane, utawa wong kang ora bisa mênêng tangane.

--- 47 ---

Kitiran Kw: kêtêran, manuk prêkutut.
Kitiran: araning dolanan.
Dadi wong akèh tanagane utawa ora bisa nganggur tangane, kaupamakake ngungkuli ubênging kitiran.

5. Andhandhang ngêlak.
Ngibarat: wong darbe ajap ala, kaupamakake kaya manuk dhandhang ngêlak, yaiku ngêlak marang ala, awit pangaluping dhandhang ngalamat ala.

6. Ora ana têkên wêdi ing jêblogan.
Ngibarat: wong lanang nuroni wong wadon ala, utawa wong-wong kang ora pantês. Têrange mangkene: wong mlaku nganggo têkên, manawa ngambah dalan kajêblogan, têkêne iya kaanggo uga. Ora nganggo kapilihake kang gasik, dadi têkên mau kaaranan ora wêdi ing jêblogan. Wondening têkên iku ngibarat: palanangan, jêblogan ngibarat: pawadonan, mungguh wong lanang kang kalèmèrên, manawa duwe karêp marang wong wadon, ora nganggo milih, sanajan wis wêruh manawa wong ala sarta arêp nular lêlarane, iya uga diramuhi.

7. Ora lurus.
Ambasakake: wong kang ora jujur, utawa wong kang ora gêlêm wêruh ing lupute.

8. Ora kêna disawawa.
Sawawa: tandhing, prayoga, pantês, sambada.
Ngibarat: wong kang ora kêna ditimbangi.

9. Ora kêris nanging kêras, utawa: ora kêris yèn kêras.
Ambasakake: wong nganggras, têrange: sanajan tanpa gêgaman, nanging kêras wicarane, saèmpêr kaya wong giri-giri.

10. Ora tèdhèng aling-aling.
Ambasakake: wong barès, ora nganggo samudana.
Tèdhèng: têtèbèng, bangsane aling-aling.

11. Ora têmbung ora lawung.
Ngibarat: wong anjupuk duwèking wong tanpa têmbung, ora nganggo akon nêmbungake.
Lawung: umbaran, landheyan utawa landheyan satumbake, mulane lawung kagawe upama nêmbungake, awit minôngka lantarane tumbak, dadi wong kang nêmbungake mau minôngka lantarane kang akon.

--- 48 ---

Wong kang ora micara, ora bêcik dêdêg pangadêge, iya kabasakake: ora têmbung ora lawung.
Ora têmbung: ora bisa ngêmpakake têmbung.
Ora lawung: ora bêcik dêdêg pangadêge, ora lurus kaya lawung.

12. Ora wêruh alip bengkong.
Ambasakake: wong kang ora sumurup marang aksara Arab, mulane diarani alip bengkong, awit dhapuring alip iku warna loro, kang sija[13] lêncêng, sijine kang ngisor rada nylêkunthêng, iku kang diarani alip bengkong.

13. Ora wêruh kênthang kimpule.
Ngibarat: wong kang ora wêruh ing rêmbug, utawa wijang-wijangane kang dadi nalaring prakara.

14. Ora polo ora utêk.
Ambasakake: wong kang bodho bangêt.

15. Ora dhèngêr ing: pa, pincang.
Ambasakake: wong kang ora bisa marang aksara Jawa.

16. Ora juntrung.
Juntrung: urut.
Ambasakake: wong matur utawa carita ora gênah urut-urutane, utawa wong kang ora karuwan lêlurine, dadi ora gênah lêlurine kang nurunake.

17. Ora thothok jawil.
Ngibarat: wong duwe solah tingkah prakara (panggawe) ora wêwarta marang wong liya, kang wajib utawa pantês diwartani, dadi kabasakake: ora ana panothok utawa panjawile.

18. Ora bisa andulit mangsi.
Ambasakake: wong kang ora bisa nulis.

19. Ora bisa maca kulhu.
Ambasakake: wong ora sumurup ing akasara Arab, dadi padha karo ora wêruh alip bengkong.

20. Ora ngêbuk ora ngêpèn.
Ambasakake: wong ora bisa maca ora bisa nulis.

21. Ora ngubêngake jôntra kadhayohan wong edan.
Têrange mangkene: kang dadi ila-ilane wong Jawa, yèn jôntra kaubêngake ora kagawe ngantih, ngadat kang ngubêngake kadhayohan [kadhayoha...]

--- 49 ---

[...n] wong edan, mulane manawa bocah utawa wong ngubêngake jôntra pancèn ora ngantih, banjur dielikake mangkene: aja ngubêngake jôntra mundhak kadhayohan wong edan.

22. Adunên padha banyune.
Iku têmbung pangatag marang sawijining wong, kang duwe pangarah utawa padon kraro[14] wong liya, murih pakolèh sarana bôngsa utawa sadulure kang kaarah, utawa kang dadi lêlayanan padu mau. Mulane banyu kang kagawe ngibarat: sadulur utawa bôngsa, awit banyu iku: rahsa, utawa mani, dadi pasajane: sarana wong kang nunggal darah.

23. Adol ayu.
Ngibarat: wong wadon kang ngatok-atokake utawa ngèdhèng-èdhèngake ayune.

24. Adol umuk.
Ngibarat: wong umbag ora milih papan.

25. Adol swara.
Ambasakake: wong kang ngrungok-ngrungokake swarane supaya dialêma.

26. Adol sêngung, iku padha karo adol umuk.
Sêngung: umuk.

27. Adol gawe.
Ambasakake: wong kang sumarêgêb marang pagawean.

28. Adol bagus.
Ambasakake: wong lanang ngatokake utawa ngèdhèng-èdhèngake kabagusane. Timbangane adol ayu.

29. Adang angliwêt.
Ambasakake: wong brandon ngupaya asil, môngka klakon olèh, kang dadi pangarêp pandumane akèh, kang dadi sathithik, utawa pagawean pêrlu dirangkêp karo pagawean sunat.
Brandon: sêbrakan: sêndhalan: pêksan, prêkutukan.
Têrange mangkene: wong nyênyêndhal utawa mêksa masthi murih olèh, mulane wong sabiyantu utawa rukunan ngupaya kauntungan katêmbungake: brandon ngupaya asil, dene padha kumudu-kudu ngupaya, utawa nênarik kauntungan, mulane kagawe ngibarat: adang karo [ka...]

--- 50 ---

[...ro] ngliwêt. Awit iku ngibarat anggone ngupaya asil, matênge ing sêga banjur padha kapangan, ngibarat: pakolèhing asil. Sêga kang sêka dang-dangan ngibarat panduman akèh, kang saka liwêt ngibarat panduman sathithik. Marga akèh bêras kang kaêdang tinimbang karo kang kaliwêt. Mangkono uga pagawean pêrlu kabandhung karo pagawean sunat. Kang pêrlu ngibarat sêga dangdangan. Kang sunat ngibarat sêga liwêtan, dene sathithik.

30. Asor timbang.
Ngibarat: wong cilik lêlawanan karo wong gêdhe, wutuhing têmbung: asor ing timbang sarta ambasakake: asor timbange ing kapintêran, kaya ta: ana wong loro padha pintêr ing têmbung Kawi karo têmbung Arab, ing bab Kawi padha, nanging bab Arab salah siji kalah.

31. Asu munggah ing papahan.
Ambasakake: wong ngrabèni tilas bojoning sadulur tuwa, utawa ngrabèni ipe tuwa, kaya ta: wong pêgatan karo kang wadon, banjur ngrabi bak ayune wadon kang kapêgat mau, samono iku yèn kang tuwa utawa kang kapêgat mau isih padha urip. Mulane kaupamakake: asu, amarga iku kalêbu ing pratingkah saru, dadi prasasat tingkahing asu. Manawa sadulur tuwa utawa wadon kang kapêgat mau padha wis mati, ora aran saru, nanging sawênèhing wong ana kang ngarani iya saru.

32. Uwod gadêbog.
Ngibarat: wong kang kapitaya calathu utawa kasaguhane wêkasan ngendrani (ngoncati) kaya gadêbog kanggo uwod, masthi cêpak marang plèsèt[15] utawa tugêle.

33. Uwis cumêngkung.
Ngibarat: wong kang wis misuwur caritane, kaupamakake kaya unining kêmpul.

34. Uwis kêbak sundukane.
Ngibarat: wong kang wis akèh kaluputane utawa dosane, kaya ta: maling kang kêrêp anggone mêmaling wasana kêcêkêl sapêpadhane mangkono, dadi sundukan mau karêpe wilangan, utawa gunggung, yaiku gunggunging dosa, kaya upamane sujèn dianggo nyunduk kang samubarang kang nganti puput. [pu...]

--- 51 ---

[...put.]

35. Olèhe anjênthik arêp dijêmpol.
Ngibarat: wong dêduwe mêntas anggone anjaluk, arêp dijaluk ing wong, têrange mangkene: wong nênampani masthi nganggo tangan, dadi karêpe mangkene: wong mêntas olèhe nampani karo jênthik, têka arêp ditampani nganggo jêmpol.

36. Ilu-ilu kapiluyu.
Ngibarat: wong mèlu marang samubarang mung kapencut saka pawarta bae.
Ilu-ilu: mèlu-mèlu.
Kapiluyu: kapilulut, kasêngsêm.

37. Ilu-ilu kapiluyu.
Ngibarat: wong mèlu marang samubarang awit saka kapiluyu.

38. Ulat madhêp ati arêp.
Ambasakake: wong kang wis dhasar kêpengin, banjur diwènèhi, têrange mangkene: sêmune wis ngarêp-arêp, kang dipengini, ing ati iya dhasar arêp.

39. Idhêp-idhêp nandur pari jêro.
Ngibarat: wong gawe bêcik marang liyane, kang tangèh yèn bisa amalês, mung saka pangirane: bokmanawa ing buri bisa malês.
Nandur, ngibarat: mulasara utawa gawe bêcik.
Pari jêro, ngibarat lawasing wêtuning walês.

40. Ujaring wong pasaran.
Ngibarat: pawarta kang ora karuwan uwite, kaupamakake kaya calathuning wong akèh ana ing pasar.

41. Eyang-eyung karêpe.
Ngibarat: wong ura pikarêpe ora mathok salah siji kang dipikir.

42. Êmprit buntun[16] langit. Êmprit buntut bêdhug.
Ngibarat: prakara kang ngarêpe ènthèng, wêkasan abot ing buri utawa samubarang kang katon cilik ing ngarêp nanging rowa ing buri.

43. Êmbuh si nila êmbuh si êtom.
Ngibarat: wong gêlêm nacad utawa nutur-nuturake alaning wong liya. Tur dhèwèke iya mèlu ala. Wutuhe paribasan: sing ala êmbuh si nila êmbuh si êtom.

44. Amburu kidang lumayu.
Ngibarat: amburu melik kang wis ora karuwan dununge, [du...]

--- 52 ---

[...nunge,] utawa wong melik kang kalawan rêkasa, tur durung karuwan olèhe.

45. Ambata rubuh.
Ambasakake: swara akèh gumolong: kaya ta: swaraning suraking wong akèh, utawa swaraning drèl bêdhil, dadi mirid saka swaraning rubuhing pagêr bata.
Karo manèh kang kabasakake mangkono iku: wong mantu anake loro utawa têlu kaningkahake barêng sadina.

46. Êmbat-êmbat calarat.
Ngibarat: wong miwekani samubarang kang dilakoni, nganggo kacoba dhisik, yèn gampang iya dibanjurake, yèn angèl diunduri. Sabab calarat yèn arêp mêmènèk, saèmpêr kaya wong ngancang-ancangi, calarat iku cêcak kang mawa gombèl, êmbat-êmbat: agag-agag, ngêmbat-êmbat: ngagag-agag.
Mulane wong anjêmparing iku diarani ngêmbat gandhewa, yaiku ngagag-agag ngêrah kênane kang bakal ditibani ing jêmparing.

47. Ambêsêmake payung.
Ngibarat: prayayi nglakoni pagawean nistha, utawa sanak sadulur, apadene bature kang nglakoni panggawean nistha, agawe lingsême priyayi mau. Mulane kang kagawe upama payung, awit payung iku têngêr gêdhe ciliking priyayi, dadi bêsême ing payung ngupamani: kucême angulat.

48. Ambuwang rase olèh kuwuk.
Ngibarat: wong nampik marang samubarang kang ala barêng olèh liru sangsaya ala, ngungkuli kang katampik mau. Kaya ta: ambuwang batur kang ala pagaweane, banjur anjupuk wong liya kang alane ngungkuli kang kabuwang mau.

49. Ambalang tai.
Ambasakake: wong dibêciki malês ala.

50. Ambujuk mataram.
Ambasakake: wong pintêr ngêmpak-ngêmpakake bêbujuk, murih olèh kang sinêndya.

51. Ambiyak wangkong.
Ambasakake: wong miyak wadining wong kang nglingsêmake.
Wangkong panggonan sangisoring boyok.

52. Ambanyu mili.

--- 53 ---

Ambasakake: wong mantu sabên taun.

53. Obah ngarêp, kobèt ing buri.
Ngibarat: wong kang dadi pangarêp, nglakoni samubarang, kang ana ing buri mèlu bae, kaya ta: bêndara nglakoni samubarang, anak utawa bature banjur milu.

54. Angon iriban.
Ambasakake: wong kang bisa nganggo dêduga prayoga, kaya ta: gawe pratingkah samubarang, bisa ngulap-ulap utawa nyilibake wong liya.
Iriban: ulapane pandêlêng, eringan, indhanan, èmpêran. Saka purba: irib.

55. Angon môngsa.
Ngibarat: wong bisa angon môngsa.
Angon: nangguh, kaya ta: wong nglakoni samubarang pratingkah nganggo nuju môngsa, iku diarani angon môngsa. Manawa pinuju masane wong salat, môngka ana kang tura-turu, utawa lagi ana wong kasripahan, ana kang gêguyon, iku wong ora bisa nangguh môngsa, diarani: ora angon môngsa utawa: ora bisa angon môngsa.

56. Ungak-ungak pagêr arang, utawa: ngungak-ngungak pagêr arang.
Karêpe paribasan iki ora mathok siji.
1. Ana kang ngarani ambasakake: wong kang sairib kaya mêmêlèhake utawa nyênyêmoni, kaya ta: wis wêruh marang kamlarataning wong, têka atêtakon, wujude mangkene: upama ana wong mlarat kang wis diwêruhi, adat nganggo momohan, môngka katon sarwa bêcik, banjur ditakoni: olèhmu tuku jarit iki pira, aku arêp nyilih. Wong takon mangkono iku kabasakake: ngungak-ungak pagêr arang.
Pagêr arang ngibarat: kamiskinan.
2. Sawênèh ngarani: ambasakake wong duwe pangarah ala, nginjên-injên karo andêduga, kêna utawa ora kêna ning anjupuk.
3. Ana manèh ngarani: ambasakake: mêjanani marang wong miskin, kang maune sugih, têrange mangkene, kaya ta: têtanduran kang dipagêri arang, ora susah nganggo kaungak wis katon bae. Mangkono uga wong miskin, manawa manganggo-anggo [manganggo-ang...]

--- 54 ---

[...go] prabot, kang wis padha sêsurup ing kamlaratane, banjur masthi padha anduwèni pamikir, yèn dudu wèke dhewe, ora susah nganggo takon gênahe, manawa takon dadi prasasat mêlèhake ing kamlaratane.
Wong duwe pangarah arêp nyênyolong, nêmu omah mênga lawange sarta pinuju sêpi, sarta nginjên-injên karo andêduga, kêna anjupuk utawa ora, dadi wênganing lawang, sêpining wong, kaupamakake pagêr arang.
Mungguh wong mêjanani marang wong miskin mau, wujude mangkene: anduwèni pangarah marang darbèke, arêp katuku, iya diajèni akèh, barêng kang duwe dadi miskin, kang ngarah mau duwe pamikir: masthi awèh katuku, tarkadhang kêna murah, banjur nêmbung manèh, anggone ngambali pangarah marang darbèke mau kaupamakake: ngungak-ungak pagêr arang, karêpe: ngungak-ungak wong miskin.

57. Anglung-anglèng gônda unèn ombyong-ombyong.
Ambasakake: wong gaga ing tanah pagunungan.
Anglung: kaya êlung tumêlung.
Anglèng: ngêlèng, ngrungu.
Gônda: ambu.
Unèn Ng: ungêlan K.
Ombyong-ombyong: bantu-bantu: rêmbyah-rêmbyah, rombyoh-rombyoh, rêmbyung-rêmbyung, ombyok-ombyok, gombyor-gombyor, gombyok-gombyok.
Karêpe: manawa lunglungan wis tumêlung utawa rumambat, katèl wis padha ngêlèng, kêmbang gacêng wis padha mêgar, walang kècèk wis padha muni, kêkayon alas kang kaobong wis padha sêmi, iku panêngêrane wong anggaga padha nyêbar wiji.
Kang kagawe upama kêkayon, awit rombyong-rombyong iku samubarang kang sairib kaya gombyok, samubarang kang digombyoki ing godhongan sapêpadhane, aran diombyong-ombyongi, godhongane aran ombyong-ombyong, dadi sêmining kêkayon kang mêntas diobong mau kaupamakake ombyong-ombyong utawa diombyong-ombyongi.

58. Anggêntèni karangulu.
Ambasakake: wong wadon kang laki olèh tilis[17] bojoning bakayune.

--- 55 ---

Karangulu: kajang sirah. Kaya anggêntèni kajang sirahe bak ayune.

59. Ênggon wêlud diêdoli udhèt: wêlud didoli udhèt.
Ngibarat: ênggon kapintêran diumuki kapintêran, yaiku wong pintêr diungasi kapintêran.

60. Anggèrèd ori saka ing pucuk.
Ngibarat: pagawean gampang diangèl-angèl, utawa wong prakaran, ing ngarêp mung lêlawanan padha siji, wêkasan akèh èmbèt-èmbètane (nyèrèt pring saka ing pucuk).

61. Enggok-enggok lumbu.
Ngibarat: wong ngêmori solahbawaning liyan, milu-milu apa pratingkahe kang diêmori mau, utawa wong kang ora duwe kakêncêngan dhewe, anut ing saombaking akèh bae.
Mulane lumbu kagawe ngibarat: sabab lumbu iku manawa katêmpuh ing banyu utawa angin, enggal obah lenggak-lenggok anut apa sangkane banyu utawa angin mau.

62. Anggêtak angop.
Ngibarat: wong marentahi utawa andhawuhi kang dadakan, apadene nitik lakuning durjana kang rêmpit bangêt, dumrojog banjur lumêbu ing omahe wong kang dititik mau, kabasakake: kayadene anggêtak wong lagi angop, dadi agawe kagèt.

63. Anggitik troi.
Ambasakake: wong nêmu kauntungan.
Troi: bokmanawa têmbung Cina, têgêse: aran matanane dhadhu. Manawa dolanan dhadhu, kang anggêbag olèh troi mênang, dhuwur-dhuwuring troi aran: samatian.

64. Anggayuh ing tawang: kate pan ngrangsang gunung (I).
Ngibarat: samubarang kang nglêngkara, kaya ta: wong cilik duwe pangarah marang kang gêdhe dhuwur, istingarah ora katêkan.

65. Anggêpuk kêmiri kopong.
Ngibarat: wong duwe pamrih ora ana paedahe.

66. Anggayuh ing ngaluhur: anggayuh ing tawang (II).

67. Anggayuh tuna: matang tuna numbak luput (I).
Ngibarat: wong ngarani utawa narka ala marang liyan luput pambatange.

--- 56 ---

68. Anggayuh-gayuh luput.
Ambasakake: wong kang lagi katinggal ing kabêgjan, samubarang kang digayuh luput

69. Anggêgalak racak.
Ngibarat: nênangi ati kang ala.
Racak: ulêr kang ana sajroning awak, bangsane krêmi.

70. Anggagap tuna: anggayuh tuna (II).
Anggagap: ngawag, ngawur.

Na.

71. Nini-nini pêpaès.
Ambasakake, dandanan kang wis lungse dianyarake manèh. Utawa samubarang kang wis ala, dibêcikake manèh, kaya ta: kareta wis rusak, mung kawangun utawa kaanyarake cète bae, kang pêrlu-pêrlu ora didandani.

72. Nuntumake balung pisah: ngumpulake balung pisah (I).
Ambasakake: wong bêbesanan.
Nuntumake: nungtumake: mulihake.

73. Nurut dawaning tampar (ngurut dawaning tampar I).
B. Wong nglari prakara.

74. Nekad praya.
Ngibarat: wong nekad nênuruti atine.
Praya: budi, ati, karêp, sorot.

75. Nututi kidang lumayu: amburu kidang lumayu.

76. Nututi layangan pêdhot.
Ngibarat: wong kelangan barang rèmèh, mêrlok-mêrlokake ing pangupayane, ora urup karo kangelane. Utawa: amburu prakara kang bakal ora ana wêkasane.

77. Nututi balang wis tiba.
Ngibarat: wong nututi basa kang wis kêbanjur utawa wis kawêtu. Kaya ta: wis kawêtu calathune ala, wasana kaduwung, banjur ngrapu marang kang dicalathoni ala.

78. Nitipake daging saêrêb.
B. Wong duwe anak wadon dirabi ing uwong.
Êrêb: iris.
Saêrêb : sairis.
Dadi anak wadon mau kaupamakake daging sairis, karêpe: ngaubake anak wadon, wondene wong bêbesanan, kang duwe anak lanang, katir ing samubarang gawe, bêbasane marang besan, [be...]

--- 57 ---

[...san,] kang duwe anak wadon, iya mangkono.

79. Nasabi dhêngkul: ngopyahi dhêngkul.
Ngibarat: wong makolèhake anak putu, utawa sanak sadulure, utawa nasabi alane.

80. Napuk rai.
Ngibarat: wong gawe lingsêming liyan ana ing pasamuan.

81. Nampèl puluk: nampèk puluk.
Ngibarat: wong gawe cuwaning liyan.

82. Nêmu gudèl.
Ngibarat: wong nêmu samubarang kang kècèr, mungguh karêpe kabasakake mangkono, iku,. bocah jirak, manawa olèhe anjupuk kêmiri saka ing wokan, ana kang kari utawa runtuh, kajupuk ing mungsuhe, kaaranan nêmu gudèl.

83. Numbuk bêntus.
Ngibarat: wong nêmahi laku kang kêsusu, utawa wong duwe gawe, ing satêngah-têngahing gawe kêkurangan waragad. Kêsusuning ihtiyar kaaranan numbuk bêntus.

84. Numbak tambuh: nambang laku (I).
Ambasakake: wong wêruh samubarang api-api ora wêruh.
Radèn Baron Sêkèndhèr panêngran mami, kamantu manira, de natèng Sêpanyol nagri, tan numbak tambuh manira, arinira lan pamanira wus mati, tunggonmu sadaya, uwis kêna marang mami, yèn wani sira rêbuta.
Tan numbak tambuh: ora api-api: barès. Mungguh salugune nanduki basa pasaja, awit atine sadulur lan pamane: marga saka Baron Sêkèndhèr.

85. Ninggal bocah ana ing waton.
Ngibarat: wong anduwèni kuwatir marang anak sadulur kang ana sajrone pakewuh, utawa samubarang kang kapungkur, kaya ta: wong lagi ngasahi bala pêcah, satêngahing ngasahi ditinggal anjupuk banyu, iku kuwatir bokmanawa bala pêcah mau kapancal ing pitik, sapêpadhane kang mangkono. Waton ing paribasan iki karêpe watoning ambèn, yaiku wêngkune, sing digawe pring utawa kayu, dadi kuwatiring ati kaupamakake ninggal bocah ana ing sapinggiring ambèn, luput-luput tiba.

86. Ninggal bocah ana ing bandulan: ninggal bocah ana ing waton.
Ngibarat: wong anduwèni sumêlang marang samubarang kang kapungkur.

--- 58 ---

Ca.

87. Cina didoli dom: ênggon wêlut diêdoli udhèt.
Ngibarat: wong pintêr dikebari kapintêran.
Mulane kang kagawe upama Cina karo dom, awit êdom iku ing nagara kene winihe saka bôngsa Cina, dadi Cina wêruh ala bêciking êdom, ora kêna disalibuk, mangkono uga wong pintêr, eba kêna dibalilu ing kapintêrane.

88. Cacah iri.
Iku etungan cacahing iwak banyu, bêbasane wong adol tinuku iwak loh, karêpe caruk banyu, têgêse: gêdhe: cilik anggêr iwak loh.

89. Cacah cucah caturan karo wong dhangling.
Têgêse: sawiah-wiyah caturan karo wong rada owah, utawa wong kang èngêtane tarkadhangan.
Karêpe: mangkene: wong kang gêlêm caturan karo wong dhangling mundhak ilang kajène, awit kalumrahane wong dhangling iku, têmbunge tanpa krama, yaiku kang kaaranan: cacah-cucah.

90. Cacah sirah.
Iku etungan cacahing wong utawa sato kewan, karêpe gêdhe cilik, kaya cacah iri.

91. Cacah molo.
Iku etungan cacahing omah, karêpe iya gêdhe cilik, kang sipat nganggo molo.

92. Cêcèkèr.
Ngibarat: wong bakal mêncarake anak-putu, utawa ngupayakake pangan utawa ihtiyar ngupaya pangan dhewe.
Mulane kabasakake: cêcèkèr, mirit saka pratingkahe pitik, manawa ngupaya pangan kanggo nyèkèri lêmah utawa pawuhan.

93. Cucuran banyu kêndhi.
B. Wong wis sinumpah utawa prasêtyan. Pitayane wong Jawa, sapa kang ala utawa cidra cêndhak umure.
Têrange mangkene: wong loro utawa têlu padha nyêkêl kêndhi nyiji, banyune kaêcurake ing lêmah, dadi êlide: sapa kang ala utawa cidra, supaya enggala kapêndhêm, yaiku mati, kaya panêsêpe banyu marang ing lêmah.

94. Carcor kaya wong kurang janganan.
Ambasakake: wong calathu kang ora wêruh ing bênêr, sawêtu-wêtune bae, utawa cêblang-cêblung.

--- 59 ---

Carcor: carcur, iku têmbung irib-iribing swara wêtuning banyu saka ing kêndhi, utawa saka liya-liyane kang cilik-cilik, dadi wêtuning calathu kaupamakake wêtuning banyu.
Kaya wong kurang janganan, karêpe: kaya bocah kurang slamêtan. Awit bocah Jawa iku yèn dislamêti, supaya slamêta, adoh saka lêlara utawa bilai. Pitayane wong Jawa manawa kurang sidhêkahe, akèh kang dadi beka utawa sambekalane, kang kanggo sidhêkah liyane janganan akèh warnane manèh.

95. Corok jêro.
Ngibarat: wong andhêmêni bojoning wong liya, utawa wong dosa ing wêwadi.

96. Ciri wanci lêlai ginawa mati.
Têgêse: wong duwe cacad utawa meda, salawase urip ora bisa mari.
Ciri: cacad, tulis, têngêr.
Wanci: wêktu.
Lêlai: saradan.
Karêpe: wong duwe ciri utawa saradan, sawayahing umur ora bisa owah, nganti tumêka ing pati. Mungguh kang diarani ginawa mati iku, yaiku ciri lan saradan.

97. Cikal tapas limar: gêdhang pupus cindhe.
Ngibarat: samubarang kauntungan kang adi aèng, kaya ta: wong nêbasake lêmah, kang nêbas nêmu pêndhêman êmas, sêsotya sapanunggalane, utawa olèh kauntungan kang tinggal majad.

98. Cèkèl longaning bale.
Ambasakake: wong kang asor pangupajiwane.
Cèkèl: baturing pandhita kang wis kapraga, dhêdhuwurane cantrik. Utawa araning dhapuring tumbak, ana kang ngarani duwe têgês: cèkèr. Dadi yèn anduwèni têgês cèkèr, kêna dimuradi: wong cêcèkèr ana sangisoring bale, ngibarat: pangupajiwa asor, manawa ora kêna dimuradi: batur kang ana sangisoring bale, ngibarat: wong asor.

99. Caturan ora karuan bongkot pucuke.
Ngibarat: wong caturan ora karuan wiwitan lan wêkasane.

100. Cosing walang tatu.
Ambasakake: wong kang wêruh tibaning rajatatu.
Cos: irib-iribing swara, kaya unining gêni mawa

--- 60 ---

utawa tumpêr tuwin wêsi abang kacêlup ing banyu, panunggalane: gêcos, cêprot, jêdhot, kaplok, krêngsêng, iku kabèh iribing swara. Têmbung: cos ana ing paribasan mau, wancahane: gêcos. Gêcos, irib-iribing swara êmpaning gêgaman mênyang samubarang kang êmpuk ngêmu banyu. Dadi karêpe wêruh ing gêcos, utawa tumanduking gêgaman mênyang wong kang ditatoni. Walang kang kagawe upama: uwong.

101. Calak cangkol kêndhali bol camêthi tai.
Ambasakake: wong calak, ngandhêg-andhêgi wong caturan, têmahan tanpa gawe olèhe nyalaki calathu mau.
Cangkol: cêcandhêt, iku kang kagawe ngandhêg-andhêgi.
Kêndhali bol cêmêthi tai kagawe ngibarat tanpa gawe.

102. Colotan cablekan.
B. Bakul utawa blantik, karêpe: bathèn ujuran.
Colotan, kagawe upama: bathèn, kaya ta: wong duwe jaran dikon ngêdol balantik, mungguhing rêga dipati f. 100. ora kêna kurang. Barêng kaêdol payu f. 120, dadi kang f. 20 minôngka colotan, dene mêncolot saka wangên f. 100. colotan iku dadi bathine blantik kang ngêdolake.
Colotan iku ujuran saka kang duwe jaran marang blantik kang ngêdolake mau, utawa marang blantik liyane kang milu nawakake jaran, mangkono sapêpadhane.

103. Colong pêthèk: nyolong pêthèk.
Ngibarat: samubarang kang atinggal majad, luput saka kira-kira, kaya ta: katone bodho, yaktine pintêr.

104. Cap têmbaga.
Ngibarat: samubarang kang ora kêna oncat.
Kaupamakake: cape ing dhuwit, seje karo cap ing lak, masthi enggal rusak.

105. Cagak alu.
Ambasakake: wong diandêl wêkasan ngoncati, karêpe paribasan iki, alu kang ora kacêblokake.

106. Cibuk cangkir.
Ngibarat: wong kudu ngarah akèh, dadi olèh sathithik.

--- 61 ---

Cibuk: cidhuk.

107. Cebol anggayuh wulan.
Ngibarat: wong nglêngkara, kaya ta: wong cilik duwe pangarah kang gêdhe dhuwur, istingarah ora kêtêkan.

108. Cêblok alu.
Ambasakake: Wong loro gilir anggone nglakoni pagawean. Kang kagawe upama: wong nosoh bêras, lumpang siji kanggo nosoh wong loro, gênti nyêblokake alu.

109. Cablèk-cablèk lêmut.
Ambasakake: batur kang anggarap pagawean rèmèh-rèmèh, kaupamakake: dikon nyablèki lêmut bae. Utawa kanthi kang ora mitayani, dadi bisane mung prasasat nyablèki lêmut.

110. Cebol pêlikan.
Ngibarat: wong cacad asor panggaotane.
Pêlikan, sarupaning bôngsa tostosan, kaya ta: mas, sêsotya kang tinêmu sajroning lêmah marga didhudhuki, pratingkahe aran: mêlik. Mêmêlik karo ngebor iku ewone pangupajiwa kang asor.
Mêlik: ngupaya barang tostosan ana ing dharatan nganggo ngêdhuki lêmah, banjur kagontor ing banyu.
Ngebor: ana ing banyu utawa kali.

111. Cêngkir katindhihan kiring.
Ngibarat: samubarang kang kaungkulan prabawa, kaya ta: kacèk tuwa, kacèk gêdhe, kacèk dhuwur.
Satêngah-têngahe ambasakake, wujude mangkono. Anak sawise rabi, bapakne banjur rabi manèh.
Kiring: krambil kang wis tuwa bangêt, ngibarat: bapa.
Cêngkir: ngibarat: anak.

Catatan kaki:

1. ngibarat: (kembali)
2. rêrasaning (kembali)
3. anjajah (kembali)
4. ngancur-ancuri: (kembali)
5. makam (dan di tempat lain) (kembali)
6. pinecok (dan di tempat lain) (kembali)
7. 136 (dan seterusnya, nomor urut seharusnya bergeser). (kembali)
8. sadawa-dawane (kembali)
9. 259 (kembali)
10. tidak terdapat entri "Ya." Sebelumnya. (kembali)
11. ngungasake (kembali)
12. kêrêp (kembali)
13. siji (kembali)
14. karo (kembali)
15. kêplèsète (kembali)
16. buntut (kembali)
17. tilas (kembali)