Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 170–285)

Judul
Sambungan
1. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 001–061). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 061–121). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
3. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 121–170). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
4. Babasan lan Saloka, Anonim, 1908, #1278 (Hlm. 170–285). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Layang Wangsulan

Punika sêrat sinumbagan ing salwiring kaurmatan, wah sinuji ingkang pangabêkti, saking ingkang rayi ..., mugi katur ing sampeyan ingkang raka ..., ingkang pilênggah ing ... dhistrik.

a. Ri têlasing ingkang kadya sapunika, wiyosipun, dahat trustha ing manah kula, ingkang amarwata suta, ing satampi kula paring sampeyan kintaka tinêngran tanggal kaping ..., ingkang suraosipun ngambar kadya ngididing gandanipun ingkang sarwa sari gunging arum-arum, ananduki grana, sumurup mulêt ing pandriya,[1] andadosakên anjlêdhêging wardaya amêdhok ing jêjantung, dene wantahing dhawuh sampeyan, rumaos onêng dhatêng kula, ingkang sangêt ing panuwun kula, botên angrêmpêlu kula bangkit nimbangana sih katrêsnan sampeyan.

Botên langkung panyuwun kula ing Gusti ingkang among tuwuh, mugi-mugi andulurana punapa ingkang dados èsthining panggalih sampeyan sagarwa putra, Wah anyantosakakên anggèn kula sami sasadhèrèkan kalihan sampeyan awèta adhêdhencengan ngantos dumugi ing jaman akir.

b. Wiyosipun sakamantyan akarya lêng-lênging manah kula, dupi maos ukaraning sêrat pêparing sampeyan ingkang sinêmbadan wimba kaping ..., nunggil lèk, osiking manah kula, sumewa angèksi kênyaring sasăngka ing măngsa andhadhari [andha...]

--- [171] ---

[...dhari] gumêbyar kadya sinapon runtiking wardaya, sirna prihatosing driya, gambiraning tyas amarwata suta, sawêndran kirna gunging bingah. dene sampeyan anggêlarakên pangandika kinarya pustaka, apracihna gunging katrêsnan sampeyan dhatêng kula, nyipta paring puji amrih ing karaharjan miwah kayuwanan kula, botên langkung namung matur sèwu kapundhi, saha malih èsthining manah kula, mugi-mugi Gusti ingkang andum para mangayubagya, anggèn kula rêrakêtan sagêd sih-sinihan mimba mimi lan mintuna, kêkanthèn arèntèng-rentengan ing salaminipun ing dunya praptaning dêlahan. Sampun kaperang gingsir, miwah sulayaning galih, dados sêsêkaraning kathah, kados sae kaya yayah rena.

Layang Ulêm

Punika sêrat sinumbagan gênging sêrat, ingkang amawantu-wantu, mugi konjuk ingkang sungkêm kula, ing kangjêng paduka anggèr, bêndara radèn mas ... (ingkang kongas kasub sudibya sadu budya raharja) putra dalêm ingkang minăngka pawadening praja rinêngga mulya di ing nagari ....

Ri têlasing ingkang kadya sapunika, nuwun awiyos kangjêng nak anggèr, mugi sampun mêmungu rudahing panggalih jêng paduka, saking dahat kumacèlu ngunjuki uninga ing panjênênganira, manawi Gusti ingkang murbèng tuwuh lulus angganjar wilujêng, tuwin pikantuk supangatipun kangjêng nabi niyakaning rat, miwah sêpên ing daruna ingkang amambêngi, benjing dintên ..., tanggal kaping ... wulan ..., abdi jêngiranipun[2] anak badhe kula semahakên, angsal anakipun jalêr ... paningkahipun benjing wanci jam tabuh ..., sontên panggihipun, ing sawatawis nyuwun inggih kula boja.

Ingkang punika, manawi sarju kaparêng rênaning panggalih tuwin wintu[3] ing sotah, benjing panggihipun pangantèn, ing dintên tanggal ingkang sampun kawahya ing nginggil, panjênênganira kula aturi rawuh ing made palêban kula, sakalangkung kumacèlu kula karawuhan panjênêngan nak anggèr, sukur manawi karsa pinarak pisan saking sêsaat, anggaluwut, santi jaya-jaya, mandar abdi jênganira anak kula pangantèn kêkalih, kasawora miwah kableberana rêmbêsing pangèstu wilujêng salajêngipun, sagora agênging manah kula, sapintên-pintên kabingahan, prasasat panjênênganira andrajati tuwin anêlahi sawawêngkon kula, èsthining manah sanepa katurunan jawata nawasa[4] ingkang têdhak saking jonggring salaka, punapa malih manawi panjênênganira karsa pinarak dangu, siniwi sagung para dasih sarana mariksani migêling dyah ingkang kinalang-kalang [kina...]

--- [172] ---

[...lang-kalang] ing sangandhaping tratag, tinut rarasing mardăngga angrawit.

Pratelan tuladhaning sêrat kintunan

Sêrat saha ingkang sêmbah sungkêm kawula rinêngga pakurmatan mawantu-wantu mugi katur ing panjênêngan sampeyan ingkang ....

Nuwun wiyosipun, kacêkapa ing pamêngku panjênêngan sampeyan, laraping sêrat punika minăngka pisowan kawula silaturahmi ing garêbêg Ramêlan punika, sarta kanthi pêpuji ingkang tuwuh saking manah suci, mugi Gusti Allah angganjara kayuwanan, tuwin kaluhuran, jinurunga ing mukawis karsa panjênêngan sampeyan, ing salajêngipun.

Wusana mundhi pangèstu panjênêngan sampeyan, kawula sami kabiyantu sami rinêksa ing kawilujêngan.

Kasêrat ....

Salam pandonga.

Aku wis nampani layangmu, katitimangsan tanggal 1 Sawal, taun ... ăngka ..., kang amrasabên minta aksama wêktu ing dina Riyadi sasi Ramêlan.

Kang iku bangêt panrimaku, iya padha anglanggêngake pangapura bae, ora liwat panuwunku ing Gusti Allah, lulusa tinakdir raharja ing sabanjure.

Sinêrat kaping ...

Sêrat saha ingkang taklim kula dhatêng ingkang ...ingkang pilênggah ....

Wiyosipun, sarèhning kula sampun lami botên tampi sêrat saking sampeyan, sarta botên mirêng pisan-pisan mênggah kawilujêngan sampeyan, ingkang punika saklangkung sumêlanging manah kula, pamuji kula dhumatêng Gusti Allah [A...]

--- [173] ---

[...llah] mugi sampeyan taksihi[5] ginanjar wilujêng kados sampeyan brayan sakelahing ..., saha pangajêng-ajêng kula sagêda pinanggih malih kalihan sampeyan.

Wusana sapêngkêripun sêrat punika kula wilujêng.

Salam taklim kula akanthi pahargyan akathah-kathah katur ingkang ....

Awiyos, kula sampun anampèni pakintun sampeyan sêrat, ingkang katitimangsan tanggal ... wulan ... taun punika, suraosipun sampun mangrêtos sadaya, ingkang punika wau saklangkung ing panuwun kula.

Anjawi saking punika, sampun karaos manggih kalêpatan agêng, dene saprika sapriki nêmbe kemawon nyaosi sêrat, minăngka tăndha kawilujêngan, o, inggih sampun kirang ing pamêngku, sadèrèng sasampunipun kula nyuwun ngapuntên akathah-kathah.

Wasana taklim kula dhumatêng kănca-kănca samudayanipun. Sapêngkêripun sêrat punika mitra wilujêng.

Ingkang sêmbah sumungkêm.

Nuwun awiyosipun, kawula ngaturi uninga nalika dintên ... wanci jam ... putra ijêngandika dhiajêng wawratanipun sampun lair, jabang bayi mêdal jalêr, wilujêng sakalihan botên kirang satunggal punapa. Para akrab ing ngriki mugi kaparingana pirsa.

Ingkang putra ...

Ingkang salam pandonga.

Wiyosipun, kula sampun nampèni sêrat sampeyan ingkang suka sumêrêp, yèn garwa sampeyan nalika dintên ... ping ... ingkang sampun kapêngkêr wawratanipun sampun ambabar miyos kakung, punika saklangkung bingah kula, kula suka wilujêng dhumatêng sampeyan, sarta pamuji kula dhumatêng Hyang ingkang murbèng tuwuh, putra sampeyan ingkang sawêk miyos, pinanjangna yuswanipun, andadosna

--- [174] ---

kasênêngan, sarta suka pirênaning galih sampeyan.

Kasêrat ing ....

Ingkang rama ....

Katur ingkang salam taklim.

Wiyosipun, kula ngaturi wuninga ing sampeyan, manawi Gusti Allah angganjar wilujêng sarta pikantuk supangatipun kangjêng nabi niyakaning rat, kula badhe anggadhahi khajat, manggihakên anak kula nama ... dhaup kalihan putranipun ..., wondene ijabipun benjing ing dintên ... tanggal ... wulan taun punika, botên langkung kula nyuwun pangèstu panjênêngan, punapa malih manawi sarju ing panggalih, sarta wontên sêngganging pandamêlan, panjênêngan sampeyan kula aturi sagêda rawuh ing dintên ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau, pintên banggi kula sagêd ngaturi pasugatan ingkang andadosakên suka pirênaning galih, namung saking kumêdah kula ginuyuban ing pra sanak sadhèrèk. Ingkang punika sangêt pangajêng-ajêng kula rawuh panjênêngan sampeyan ing griya kula.

Kasêrat ing ... kaping ....

Ingkang raka ....

Adawiyah Bab: 1

Botên logro ing arênggang, botên mrimpit ing arampit.

Trah têdhak-tumêdhak jêjêr lajêring praja, punika kangge konjuk ing bupati.

Ampuh-ampuh ngambah kasudibyan.

Bab: 2

Lir basănta purnama, mingis sêdhênging andhadhari, sulaping wadana andiwangkara, sumuking wadana rêna.

Kadya agring manggih usada, kang minăngka lêlajêring driya.

Arang tyas cumanthèl pucuking netra, gumantung pulunging driya.

Ngamori tingal umiyating awak asta paduka, prasasasat [prasa...]

--- [175] ---

[...sasat[6]] gapyuk rangkulan, botên rêna-rêna ing wardaya.

Minăngka usada mêndha sungkawa.

Mungkab nayakaning wardaya, riris-aris ngrampas gandaning sari.

Asor kilang munggèng gêlas, kableberan ing sagantên mabên, kasiratan sumirating jawah hèr mawar, ragulo ambar kasturi.

Kados tinarètès tirta utama, sanepa manggih rêtna sawukir, gunging bingah kang tanpa lantaran, utawi singsingan.

Mugên kêkêt rakêt, rumakêt palikêt.

Kuwêl lir tan kenging uwal, yèn gigal têmahan gagal.

Wirandhungan rangu-rangu, mangunguding driya ngranuhi, lami kula botên tampi paring sampeyan, kang minăngka daruna kalêmpêring karsa sampeyan.

Sumawur kumukus arum, kados sêkar gambir rinatus.

Lir candhana mungging ruging, dinupan rum-arum.

Gumuling agolongan, pêgat ing panon, lir têla karirisan măngsa kapitu, rumasuk jiwa jisim.

Lêjar mujar ing tyas, kerid dening rênaning wardaya, suka kang tanpa upama.

Kadya bumi kajawahan, rêngka kajawahan riris, anyipta lir kajawahan sari-sarining sari.

Wêwah tejane sumunar, kadya gêbyaring căndra purnama.

Punika gêlaripun samudana ăngka: 3

Sasampuning kadya sapunika, nuwun wiyosipun, kumêpyuring tyas lir panjang putra dhawah ing sela, rêmpu kawênyêt tab-taban driya sungkawa, atampi paring panjênêngan sêrat, katrangan tanggal ... ingkang aparing pirsa.

Punika samudana sêrat saking prênah sêpuh

Ingkang saha ingkang salam taklim saking raka ... katur ingkang rayi ..., ingkang pilênggah ...

Sasampuning ingkang kadya sapunika, awiyosipun, ...

Punika samudana sêrat saking prênah nèm

Punika sêrat saha katur pangabêkti kula saking ingkang rayi ..., ingkang mugi kaatura ingkang raka ...

--- [176] ---

Sasampunipun ingkang kadya sapunika ...

Punika katranganipun

Mila ingkang sêpuh salam taklim, salam dununge sêmbah, taklim sami kalênggahanipun, ingkang prênah nèm botên kenging ngangge wiwitan: ingkang sêrat, salaminipun ngangge wiwitan punika sêrat, lan botên kenging ngangge awiyos, kêdah ngangge wiyosipun, nanging botên kenging ngangge aksara: Ha, kados ta: awiyosipun, punika lêpat, wontên sawênèhing sêrat ngangge tatêmbungan wiyos, punika lêpat, botên wontên bakunipun.

Basa: sarta, ugi kênging kangge saking kaprênah sêpuh, nanging saking kaprênah nèm botên kenging, masthi ngangge: saha, makatên ugi: utawi, miwah, punika kangge saking nginggil mangandhap, saking sêpuh dhatêng nèm. Saking nèm dhatêng sêpuh ngangge basa: tuwin, botên wênang pisan-pisan ngangge: sarta, utawi lan, miwah, punika basa canthula sabda.

Sêrat saking ngandhap punapi malih santana ingkang kaprênah nèm ingkang sanès bupati, kados ta: patih sapangandhap, yèn nyaosi sêrat konjuk ing bupati, jêjêripun pranata Jawi, botên wênang bupati kasêbuta: gusti.

Upaminipun: ingkang ugi konjuk ing sampeyan dalêm gusti kawula gusti kangjêng radèn adipati: ..., mênggah jêjêripun udanagari ingkang kasêbut gusti, utawi ingkang kabasanan: sampeyan dalêm: 1. kangjêng susuhunan, 2. kangjêng sultan. Kados ta: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana, 3. pangeran adipati, kados ta: Panjênêngan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, 4. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, upaminipun: Panjênêngan Dalêm Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, 5. Kangjêng Gusti Pakualam.

Wontên malih sêrat saking ngandhap konjuk manginggil, ingkang ngrênggani nagari dalêm ..., punika sami botên lêrês, botên wontên bakunipun, namung têteladan, dèrèng sumêrêp têtêmbunganing basa, pundi liripun manawi lêpat, têgêsipun, angrênggani: nyaèni, ambusanani, tuwin manganggèni, kados ta: karêngga, rinêngga punika panunggilanipun basa. Cêkap nganggea basa ingkang malênggah utawi marentah dalêm.

Ingkang kawastanan miyos kaprabon punika namung para ratu, miyos siniwaka wontên ing sitinggil, utawi sanès-sanèsipun ingkang mawi bawat, upacara, sarta ngagêm [ngagê...]

--- [177] ---

[...m] busana kampuh wangkidan.

Dene yèn miyos dintênan, botên mawi bawat upacara, botên kenging miyos kaprabon, panunggilanipun kados basa: kangjêng sang aprabu, dunung sariraning ratu sanès nagari, punika têmbungan basa.

Basa ingkang kalêrês jêjêripun udanagari, yèn sêrat konjuk manginggil, tuwin binasan: sampeyan dalêm, utawi panjênêngan dalêm, ingkang ngandhap kêdah mawi têmbung: abdi dalêm jasad kawula. Yèn panjênêngan sampeyan ngangge têmbung: kula. Kalihdening namanipun sinatriya, patih sapanunggilanipun, dèrèng kenging binasanan: panjênêngan dalêm, cêkap ngangge panjênêngan sampeyan.

Kanggenipun basa: unjuk, namung kaangge ing sêrat ing sêrat ingkang[7] konjuk ing panjênênganipun bupati sapanginggil, ingkang sapunika sampun kaprah, para putranipun priyayi, bilih ngaturi sêrat dhatêng ingkang rama, sami ngangge basa: kaunjuk, sayêktosipun lêpat, lêrês dununging sêmbah dhatêng bapa, marasêpuh, guru, ratu lan sadhèrèk sêpuh, nanging manawi bêbasan ing sêrat, wajib anak kurmat dhatêng bapa, inggih sêrat ngangge basa kaatur, yèn botên makatêna, dados botên wontên kaotipun.

Wontên malih tatêmbungan: konjuk ing bandara, punika inggih lêpat, bilih tumrap ing sêrat kêdah mawi aksara: ha, dados: kaunjuk, kaatur.

Wondene têmbung: konjuk, utawi: katur, makatên panganggenipun: adhi, sêrat ingkang konjuk dhumatêng kangjêng sultan punapa sampun sampeyan saosakên, makatên salajêngipun.

Wondene bêbasaning sêrat: kaatura, punika yèn sêrat saking kaprênah ênèm ingkang agêng kalênggahanipun, yèn ngangge basa: kaatur, ngasorakên panjênênganipun, yèn dhumatêng, ngicalakên taklim dhatêng santana sêpuh.

Bêbasaning sêrat ngangge sayogya, dhumatênga, punika kanggenipun manawi sadhèrèk sêpuh paring sêrat dhatêng ingkang rayi, ingkang sami kalênggahanipun, kados ta: sayogya dhumatêng ingkang rayi ... ingkang pilênggah ... ing ....

Mila ngangge têmbung dhumatênga, sabab sadhèrèk sêpuh dhumatêng sadhèrèk anèm, mila ngangge lênggah kurmat sêsamining pangkatipun.

Ugi wontên ngalamating sêrat: sayogya dhumatênga ingkang [ing...]

--- [178] ---

[...kang] rayi ... ingkang pilênggah ing nagari ..., punika lêpat sangêt, ingkang ngajêng ngangge têmbung krama, dumadakan ingkang wingking ngoko, dados katingal saru, inggih punika ingkang kawastanan basa sinarubasa.

Ingkang wênang ngangge-angge sinarubasa punika namung sampeyan dalêm ingkang sinuhun, kangjêng susuhunan ing Surakarta, upami:

Punika sêrat saha ingkang salam taklim, saking ingkang raka Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang angadhaton ing nagari dalêm Surakarta Adiningrat, katura ingkang rayi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amangkubuwana kaping gangsal, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaliphatullah, ingkang angadhaton ing nagari dalêm Ngayogyakarta Adiningrat.

Sasampunipun ingkang kadya sapunika awiyos, kula ngaturi priksa yayi prabu .... Ingkang saking Ngayogyakarta ugi makatên, sarta mawi binasanan kula.

Panjênênganipun ratu ingkang sêpuh pitêmbunganipun inggih panjênênganipun, ingkang dipun kurmati kaprabon inggih panjênênganipun.

Bab bêbasan kalihan lesan

Bêbasaning abdi ingkang kautus ing bêndaranipun, aparing dhawuh dhumatêng santana sêpuh angguran utawi dados priyantun alit, kados ta: karsanipun putra dalêm kangjêng gusti, mangke jam tabuh gangsal, panjênêngan dalêm dipun aturi nyobi titihan dalêm: megamêndhung, ngangge kambilan enggal, atur makatên punika botên lêrês, ngasorakên gustinipun, ing lêrêsipun makatên: karsanipun putra ijêngandika kangjêng gusti, mangke jam tabuh gangsal, panjênêngan dalêm kakarsakakên nyobi titihan dalêm megamêndhung, ngangge kambilan enggal, mila makatên tandukipun, ngluhurakên kangjêng gusti, ngasorakên santana, aturan makatên punika botên kalêbêt diksura. Mênggah wau punika sampun tumindak ing salaminipun priyayi agêng alit, ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta sampun mupakat para sujana.

Bangêt pangarêp-arêpku, mungguh kalakone ênggonmu mêrlokake têka ing omahku, tur kalawan rênaning wardaya êning.

Atur taklim ingkang sinaroja ing pakurmatan mawantu-wantu.

--- [179] ---

Atur taklim ingkang rinêngga ing ardaning pakurmatan sanityasa.

Atur taklim ingkang sinaroja ing kanggyaning pakurmatan mawantu-wantu.

Katur taklim watakrim, ginarbong (sinidikara), ing sanggyaning pakurmatan mawantu-wantu.

Wasana mugi andadosakên ing pamirsa sampeyan sakalihan, saha kukumipun dhumatêng wandu-wandua[8] ing ngriki sadaya kula sumăngga.

Puwara andawamakên puja pamuji, mrih tinulusna raharja ing salami-laminipun.

Puwara raharja sami ing ngriki samantêna.

Wasana saking kabul mustijabing pangèstu panjênêngan sampeyan sarimbit, kula kêkalih sami ginanjar wilujêng. Makatên ugi ingkang sarira manggiha ing kasugêngan ing salaminipun.

Dene kula timbang têka kirang pantês, sarta kirang pitêmbungan, anggèn kula badhe mratelakakên atur mênggah agênging panuwun saking sih pêparing sampeyan sêrat, sirahturahmi ing dintên bakda siyang. Inggih punika dhumawahipun Riyadi, sukaning manah kula tanpa upami, pindha kasiratan sumirating jawah hèr mawar ambar kasturi, dinupan sakathahipun rum-arum. Botên sanès sami minta ing salêbêting puja samèdi êning, puji jaya anjayakakên panjênênganipun kangmas sagarwa putra sakadang warga.

Andadèkake gambira suka marwata suta, anggonku nampani supatra kang minăngka sêsulih tumêka atur pranata, iya bangêt ing panarimaku, dene kowe mêrlokake iku.

Ora liya pamujiku rina wêngi marang ... supaya paringa rahmat marang kowe, atêmah waluya paripurna sabanjure.

Nuwun wiyosipun, ing sarèhning nalika ... kalêrês dhawahipun ..., măngka wujudipun ing dintên punika kula tinakdir ... botên sagêd marak piyambak ... ingkang sarta cumadhong badhe rumêntahipun [ru...]

--- [180] ---

[...mêntahipun] sih pangaksama, mugi kabirata ing samadyaning panggalih ingkang êning, mandar kula tansah mundhi rumêmbêsa idi pangèstu panjênêngan, atêmah suka raharja.

Nuwun wiyosipun, dahat sakamantyan ardaning suka marwata suta, yayah kabanjiran ing tasik madu hèrnawa kilang, satampi kula paring sampeyan sêrat ingkang martosakên ... kula sampun maphakum, sakalangkung suka sukur atur panuwun kula, dene sampeyan mêrlokakên suka uninga, tarlèn mênggah jumurunging puji raharja, mugi-mugi anggèn sampeyan ... wau winêngku ing kamulyan, puwara tinêbihna ing pănca baya, mandar ing têmbe yogya angayomana para wandu-wandawa, miwah wrêsni wăngsa, ingkang tinitah sudra papa.

Sasampunipun ingkang kadya sapunika nuwun awiyosipun, raosing manah kula pindha sêkar gambir munggwing rugi, dinupan rum-arum, dupi nampèni paring sampeyan, kintaka ingkang tinêngêran ... amaringakên ... kirang têtêmbungan ingkang kula angge mratelakakên agênging panuwun, namung ... ingkang ngudanèni, dhuh sapintên dalancangipun, saupami kula sêratana ingkang dados raosing manah, cêkakipun salami kula gêsang dèrèng ngraosakên kabingahan ingkang ngungkuli sapunika, apêsipun inggih sami prasasat ngasorakên sadaya langêning jagad. Wasana atur pamuji kula mugi-mugi ... anakdir dhatêng kula, ngantos mênangi sampeyan yuswa satunggal taun.

Tutuge tuladhaning layang kiriman wangsulan.

Ingkang mugi kaatur ing panjênêngan sampeyan ...

Wiyosipun: kula sampun tampi paring panjênêngan sampeyan sêrat tanggal ... wulan ... taun ... panjênêngan sampeyan paring uninga, badhe andhaupakên putra panjênêngan sampeyan ... pikantuk ... saha kula sakalihan panjênêngan sampeyan timbali ing dalêm panjênêngan sampeyan, ingkang punika kula sakalihan [saka...]

--- [181] ---

[...lihan] saklangkung nuwun dhumatêng panjênêngan sampeyan sarimbit, ingkang sampun paring sumêrêp saha nimbali wau. Botên langkung pamuji kula dhumatêng Gusti Allah saha kaping kalih kanjêng nabi nayakaning rat, mugi panjênêngan sampeyan sarimbit, saha putra panjênêngan sampeyan pangantèn, pinaringana wilujêng sampun ngantos kirang satunggal punapa, andadosna suka pirênaning galih panjênêngan sampeyan saha pinisêpuh sadaya.

Wondene kula sakalihan panjênêngan sampeyan timbali, bilih botên wontên udur, insaallah badhe sowan.

Amargi saking punika kula ngaturi sumapala ... cita ... kenginga kangge pangantèn sarimbit.

Ingkang rayi

[...]

Katur salam taklim kula rinêngga ing pakurmatan, amawantu-wantu anityosa.

Gunging tyas rêna yèn tumrap dhatêng tiyang lumampah botên ngambah ing dharatan, lir pendah guyur abanjir toya hèr mawar, surude kang hèr mawar, nyabrang ing bêdhahan sètu ing araman kang sarwa sêkar matimbun-timbun, kang gănda marbuk wangi tangèh botên têlas rinêngga ing kidung, bingah tanpa nyandhang, tuwuk tanpa bukti, kula mirêng sampeyan punika kasêngkakakên angaluhur, kinulawisudha dados ... mijil saking kawêlasanipun tiyang agêng, botên langkung kangmas, kula namung andhèrèk rumojong manêkung mêmuja brăngta ing Gusti Allah ingkang marbèng alam, mugi-mugi sampeyan sagarwa putra sumrambahing kulawarga, sami pinayungana raharja samudayanipun, winêngkua ing suka wirya, tinêbihna saking păncabaya (sambekala) lulusa raharja sampun kirang satunggal punapa, mandar sagêda minggah pangkat malih ingkang nglangkungi punika.

Ingkang rayi ....

Katur pangabêkti kula akalihan pahargyan akathah-kathah.

Sasampunipun ingkang kadya sapunika nuwun wiyosipun, sinarêngan kalihan samudananing kawilujêngan, saking rêmbêsing pandonga panjênêngan, sapunika ugi panjênêngan ing ngriki sagarwa [sa...]

--- [182] ---

[...garwa] putra, mugi-mugi sami ginanjar wilujêng. Botên langkung kangmas, sarèhning botên kenging linimpe sakêdhap netra gênging katrêsnan kula ing panjênêngan, mawijah-wijah matumpa-tumpa asangêt onêng kula ing panjênêngan lami botên pinanggihan, manawi amot ing măngsa, kapinujon ing karsa, sangêt pangajêng-ajêng kula ing panjênêngan nawala, mandar dadosa usada wilangun kula ing panjênêngan.

Ingkang rayi

Wangsulan

Katur salam taklim kula sakalihan, akanthi pahargyan kathah-kathah.

Sasampunipun ingkang kadya sapunika, nuwun wiyosipun, sakalangkung andadosakên suka pirênaning tyas, ing satampi kula paring sampeyan nawala, ingkang cinitran tanggal ... wulan ..., saking kaduk manising têmbung, kadya ngirit gandaning sêkar ingkang sarwa sari, rum-arum ananduki grana, sumus[9] ing pandriyan, yayi mas martosi gênging dahat onêng, dene lami botên pinanggih kalihan pun kakang, sarta malih kula botên ngaturi sêrat ing sampeyan, inggih sangêt ing panuwun kula, o, dhimas, kula inggih samantên ugi, trêsna kula ugi tanpa timbang, sayuta kirna puji sokur dhumatêng Hyang Mahawasesa, dene sampun kasinung[10] kasudibyan sampeyan, têmbunging nawala rujuk, rintising ukara manis.

Wondene kula kalihan ingkang bok ayu, ing sapêngkêripun sêrat punika inggih manggih basuki. Botên langkung yayi mas, kula namung andhèrèk rumojong mêmuja brăngta, nêgês karsaning Hyang kang Murbèng Pandulu, sinêksèkakên waluyaning titah dhatêng sagung ingkang sinung atma ing uni-uni, lastantuna yayi mas sagarwa putra, sumrambah ing kulawarga, samia ginanjar wilujêng, mandar tinêtêpna ing awal akhir, sampeyan dadosa kadang kula nèm, minăngka sêkaring mêmitran.

Ingkang raka saklangkung onêng ing driya saklangkung ngungun.

[...]

Sêrat saha ingkang sêmbah sungkêm winantu sagunging pakurmatan, ingkang mijil saking ing tyas êning, saking ... mugi katur ing panjênêngan sampeyan ...

--- [183] ---

Sasampuning ingkang kadya sapunika, nuwun wiyosipun, ing sawangsul kula saking ing ngarsa panjênêngan sampeyan, siyang pantara dalu tansah kèngêtan arum manising sabda panjênêngan sampeyan, sayêktos botên awis rumênggang ing gapura, puruhita ing panjênêngan sampeyan, amardi ing kautaman, muwah kabudayan, mamrih pinunjuling sastra utami.

Ingkang putra ... (wayah)

Ingkang pangabêkti.

Wiyosipun, kula ngaturi uninga, manawi ... sawêg kaganjar gêrah bêntèr, tingalipun rakaos, saengga ... dintên punika botên karsa dhahar-dhahar, dene wiwitipun nalika ginanjar gêrah nalika dintên ..., sapriki sampun wontên ... dintên.

Ingkang punika manawi dhangan ing panggalih, sarta botên wontên têngadur, sampeyan kula aturi tuwi gêrahipun ... wau, sangêt pangajêng-ajêng kula.

Ingkang rayi ... (putra)

Ingkang salam taklim.

Kaèbêkan gunging rêna, anyandhu[11] pêpundhung kumala, ing satampi kula paring sampeyan sêrat, ingkang paring pirsa anggènipun ... ginanjar kêkêling asri wiyodi, sampun pinaringan wilujêng kadi wingi uni.

Ingkang raka (rama).

Ingkang pangabêkti kula.

Nuwun wiyosipun, kula ngaturi uninga ing panjênêngan sampeyan, nalika dintên ... wanci jam ... sampun dumugi ing jangji kondur ing jaman kalanggêngan, jalaran gêrah ... pikantuk ... dintên, wondene layon kapêtak ing pasarean ...

Ingkang punika wradinipun dhatêng para ahli ing ngriki sadaya, kula sumăngga ing panjênêngan sampeyan.

Wusana sapêngkêripun sêrat punika para ahli ingkang tinilar kantun sami ginanjar wilujêng.

Ingkang rayi (putra).

--- [184] ---

Wangsulan

Salam Pandonga.

Wiyose, aku wus nampani pakirimmu layang kang katitimangsan ... wis dakpriksani sapiturute kabèh, surasane kowe awèh wêruh manawa dina ... tanggal ... sasi ... jam ... tilar donya, kondur marang rahmatollah. Kang iku aku bangêt pangungunku, sarta wis takwratakake marang ahli kabèh.

Dene sapungkure layang iki aku utawa bakayumu, apadene sadulur-sadulurmu kang ana ing ... kabèh uga ginanjar slamêt.

Ingkang raka ...

Taklim makrim, katur ingkang rayi ...

Sêratipun yayi mas, tanggal kaping ... kanthi pakintun minăngka tăndha katrêsnan, awarni ... punika ugi sampun kula tampèni, aturing raka saklangkung nuwun, katêdha asihipun ari ing raka.

Rakanta ...

Ingkang pangabêkti.

Nuwun wiyosipun, manawi botên wontên cêgah satunggal punapa, benjing dintên ... tanggal ... ngajêng punika kula sakalihan rayinta èstri sarta anak kula sadaya sumêdya sowan tuwi ing panjênêngan sampeyan.

Ingkang rayi ...

Wangsulan

Salam pandongaku marang sliramu sakloron.

Wiyose, aku wus nampani pakirimmu layang, kang katitimangsan tanggal ping ... wulan ... mungguh surasane

--- [185] ---

aku wus nyumurupi kabèh, kang manawa ora ana cêgah sawiji apa, besuk ing dina ... ngarêp iki, kowe lan bojomu muwah anakmu kabèh sumêdya tilik marang aku, kang iku kowe ora liwat iya bangêt panarimaku, apadene bangêt ing pangarêp-arêpku bisane kowe klakon têka, kang supaya andadèkake suka bungahku, utawa wong tuwamu kabèh.

Wusana sapungkure layang iki, sapiturute kabèh padha ginanjar slamêt, ora ana sawiji apa.

Ingkang raka ...

[tanda tangan]

20-9-1908.

--- [186] ---

Lingga Tuku

I 1. nuku tanduk kriya wantah
2. nukoni tanduk i kriya
3. nukokake tanduk ke kriya
4. dituku tanggap pratama purusa kriya wantah

II 5. ditukoni tanggap pratama purusa i kriya
6. ditukokake tanggap pratama purusa ke kriya
7. kotuku tanggap madyama purusa kriya wantah

III 8. kotukoni tanggap madyama purusa i kriya
9. kotukokake tanggap madyama purusa ke kriya
10. daktuku tanggap utama purusa kriya wantah

IV 11. daktukoni tanggap utama purusa i kriya
12. daktukokake tanggap utama purusa ke kriya
13. katuku tanggap utama purusa ka, kriya wantah

V 14. katukonan tanggap ka, i kriya
15. katukokake tanggap ka, ke kriya
16. tinuku tanggap na, kriya wantah

VI 17. tinukonan tanggap na, i kriya
18. tinukokake tanggap na, ke kriya
19. tukunên agnyaning tanduk kriya wantah

VII 20. tukonana agnyaning tanduk i kriya
21. tukokna agnyaning tanduk ke kriya

--- [187] ---

22. nukua sambawaning tanduk kriya wantah

VIII 23. nukonana sambawaning tanduk i kriya
24. nukokna sambawaning tanduk ke kriya
25. ditukua sambawaning tanggap pratama purusa kriya wantah

IX 26. ditukonana sambawaning tanggap pratama purusa i kriya
27. ditukokna sambawaning tanggap pratama purusa ke kriya
28. kotukua sambawaning tanggap madyama purusa kriya wantah

X 29. kotukonana sambawaning tanggap madyama purusa i kriya
30. kotukokna sambawaning tanggap madyama purusa ke kriya
31. daktukua sambawaning tanggap utama purusa kriya wantah

XI 32. daktukonana sambawaning tanggap utama purusa i kriya
33. daktukokna sambawaning tanggap utama purusa ke kriya
34. katukua sambawaning tanggap ka kriya wantah

XII 35. katukonana sambawaning tanggap ka i kriya
36. katukokna sambawaning tanggap ka ke kriya
37. tinukua sambawaning tanggap na kriya wantah

XIII 38. tinukonana sambawaning tanggap na i kriya
39. tinukokna sambawaning tanggap na ke kriya
40. daknuku sananta utama purusa kriya wantah

XIV 41. daknukoni sananta utama purusa i kriya
42. daknukokake sananta utama purusa ke kriya
43. daktukune tandanging tanduk kriya wantah

XV 44. daktukonane tandanging tanduk i kriya
45. daktukokne tandanging tanduk ke kriya

XVI 46. atuku bawa: ha

XVII 47. tukon wisesa, lingga

XVIII 48. patukon wisesa na lingga andhahan

XIX 49. kêtuku bawa: ka

XX 50. têtuku dwipurwa

XXI 51. tuku-tuku dwilingga

XXII 52. tuku-tinuku tanggap tarung

53. panuku kriya wacaka

54. patuku lingga andhahan

46. daktukua sambawaning tanggap sananta utama puru. kri. wa.[12]

47. daknukonana sambawaning tanggap sananta utama purusa i kriya

48. daknukokna sambawaning tanggap sananta utama purusa ke kriya

49. atuku bawa: ha

50. patuku lingga andhahan

51. tukon wisesa na lingga

52. patukon wisesa na lingga andhahan

53. tuka-tuku dwilingga salin swara

54. tuku-tuku dwilingga

55. têtuku dwipurwa

56. panuku kriya wacaka

57. tuku-tinuku tanggap tarung

58. kêtuku bawa: ka

59. pangaritan kriya wacaka

--- [188] ---

60. pasukêtan daya wacaka

61. wudunên guna

62. kêpanasên adiguna

63. tumuju bawa: ma

64. kumawani bawa: kuma

65. kamipurun bawa: kami

66. kapiandêl bawa: kapi

67. karaton

68. karaton

69. kobongan

70. prakara lingga andhahan

71. siji lingga andhahan

72. pilênggah lingga andhahan

73. gêlêrêng lingga andhahan

74. kawruh

75. maguru bawa: ha

76. prajuritan wisesa na lingga andhahan

77. pirukunan wisesa na lingga andhahan

78. krambangan

79. dimaju sananta pratama purusa

80. tartamtu lingga andhahan

81.

--- [189-192] ---

[...]

--- [193] ---

Cathêtan Basa Kadhaton

--- [194] ---

Awignamastunama sidhi

Punika pratelanipun sêrat wêwaton tatakrama têmbung kadhaton, ingkang sampun dados anggêr-anggêripun para abdi dalêm agêng alit ing Surakarta, kados ta: patih, pêpatih, senapati, bupati, wadana, kaliwon, sapangandhap, manawi pinuju sumiwi ing ngabyantara nata. Saupami badhe rêraosan kalihan kancanipun, ing ngriku wajibing kawula punika, patraping pamicaran kêdah ngangge ukara măntra. Têgêsipun: têmbung pêpuji karaharjaning praja. Wondene êmpaning wêwaton punika, saking panganggiting têmbung sêsêbutan:

1. Dipun wastani manungkara, têgêsipun satata basa para luhur.
2. Kawastanan: mangungkak basa, têgêsipun: anyênyuda patrap aji-ingajenan.
3. Mangagok wicara, têgêsipun nyedhalakên kêdaling pocapan. Mênggah kawontênanipun wêwaton tatakrama têmbung kadhaton wau, ing kina panganggitipun Patih Kapa-kapa, awit saking karsanipun Maha Prabu Sindhula ing Galuh, kala samantên panganggitipun mawi têtêngêran ing taun surya sangkala, angkaning warsa: 999, kaetang ing taun căndra sangkala: 1020. Nanging sarêng ing alami-lami sarêng dumugi

--- [195] ---

Panjênêngan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, parênging karsa dalêm lajêng kabangun malih, ingkang mawi lêlagon têmbung kawi mawi kajawakakên sadaya, namung kangge têmbung gancar kemawon, supados sampun angewahakên saparluning wêwaton satunggal-tunggal.

Eka makandhêh, têgêsipun: bab sapisan.

Wiyosipun mênggah ingkang dipun wastani: wêwaton tatakrama têmbung kadhaton wau, ing ngandhap punika pêpangkataning têmbung kados ingkang kapratelakakên makatên.

Têmbung manungkara
Têgêsipun
Ingsun
Aku
Sira
Kowe, inggih punika ingkang tumrap wiyosing pangandika dalêm dhatêng para kawula sadaya.
Mara
Aku
Para
Kowe, inggih punika wêwaton pangandika dalêm dhatêng kangjêng gusti pangeran adipati, miwah pangeran pati dhumatêng para pangeran tuwin dhatêng ing pêpatih.
Manira
Aku
Pakênira
Kowe, inggih punika wêwatoning têmbung pangagêng mangandhap, sarta wêwatoning sêrat dhawuhan, undhang-undhang, utawi bangsaning sêrat piagêm [pi...]

--- [196] ---

[...agêm] sapanunggalanipun.
Têmbung mangungak basa
Têgêsipun
Ulun
Aku
Kula
Aku
Jêngandika
Kowe, inggih punika wêwaton imbal wacananipun para abdi dalêm agêng alit, kosokwangsulipun sami kemawon.
Robaya
Aku
Pantèn
Kowe, inggih punika wêwaton imbal wacananing pêpatih dalêm dhatêng pandhita, miwah dhatêng pujăngga, pangulu. Patih basa kakang, pandhita, pujăngga, pangulu, ngadhi. Kosokwangsulipun sami kemawon.
Têmbung mangagok wicara
Têgêsipun

Ha

Hêm
he, ah
Êmpun
Sampun
Ênggèh
Inggih, iya
Unya
Lincat, malèsèt
Eca
eca, enak
Olih
Entuk, angsal

Na

Nêdha
Tampi, sayuk

Ca

Curiga
dhuwung

Ka

Kuda
jaran
Kula
aku
Kendran
katalisut
Katambêtan
kasupèn, kodhêng
Kagêngan dalêm
dipăngga, inggih punika wêwatonipun [wêwa...]

--- [197] ---

[...tonipun] abdi dalêm sarati sakancanipun sadaya wau kangge palapuran tuwin rêraosan wontên ing ngabyantara nata, amituhu wêwaton duk para jawata angejawantah.
Kadipundi
kadospundi
Kapatêdhan
kaparingan

Da

Dêdêgi
jênêngi
Dêrbe
darbe, duwe

Ta

Tambang
kêndharat
Têmbung
camêthi
Tabah
wanci, jam

Sa

Sumitra dalêm
sima dalêm, inggih punika wêwatonipun para abdi dalêm kalang gawong, wadana sapanêkaripun, manawi sapocapan wontên ing ngarsa dalêm.
Seyos
gèsèh, sulaya
Sikon
wêdhung
Sardula
macan
Sêta
arêp, doyan
Sêgu
sabawa

Wa

Wawi
sumăngga, dawêg
Warah
pitutur
Warahana
tuturana, kandhanana
Wanita
wanodya, èstri
Wèntên
wontên
Wikana
duga sampeyan

La

Lêbak
kulina

--- [198] ---

Pa

Punapi
punapa
Pojar
carita
Pojare
caritane
Pojarana
caritanana

Dha

Dhawak
dhewe

Ma

Mundhing
maesa, inggih punika wêwatonipun para abdi dalêm kalang gawong, wadana sapanêkaripun, manawi imbal wacana wontên ing ngarsa dalêm.
Muncang
nginang, anggantèn
Mojar
carita, kăndha, tutur
Mêninga
sumêrêp
Mêksih
taksih, ijèh
Mênêri
kalêrêsan, panuju.
Mêkètên
makatên, mangkene
Mêkotên
makatên, mangkono
Miara
ngingu, nyêngkêri

Ga

Gonah
wêruh, lenjo

Ba

Boya
botên
Bèntên
beda
Beda
sanès
Benahna
sèjèkna
Bêseyos
kemawon

Dwi ta makandhêh, têgêsipun bab kaping kalih, dipun wastani Sêrat Paramosesa.

Wiyosipun, mênggah ingkang kapratelakakên ing wêwaton tatakrama têmbung kadhaton sadaya wau, ing mangke nêdahakên dunungipun panjênênganing nata, anggènipun [anggèni...]

--- [199] ---

[...pun] kagungan wêwênang makatên wau, nêtêpi anggènipun jumênêng kalipah, têgêsipun wakiling Pangeran Ingkang Agung, makatên malih ratu wênang ngewahi ukaraning para kawula.

Ingkang jumênêng ratu botên rumaos kagungan garwa, putra santana, sadaya punika amung katêtêpakên kawula dalêm, mila botên wontên ingkang wajib angsal sêmbah, nanging sarèhning ratu punika taksih sipat manusa, sayêktosipun inggih wontên ingkang kaakên putra, namung satunggal pangeran adipati piyambak, liripun sanadyan wontên ing ngarsa dalêm, pangeran adipati sampun wênang kasêmbah kaping gangsal. Manawi sang nata sampun jêngkar saking siniwaka, pangeran adipati sampun wênang sinêmbah mawantu-wantu, wondene sadaya punika dèrèng wajib sinêmbah, mawi wêwatêsan.

1.

Pêpati senapati, angsal sêmbah kaping gangsal sajawining kori srimanganti, dene ingkang nama pêpati senapati wau, pangeran putra santana songsong gilap.

2.

Pangeran putra ingkang dèrèng songsong gilap, angsal sêmbah kaping tiga sajawining srimanganti. Nanging kalih bab ing nginggil punika manawi sampun dumugi kori kêmandhungan, wênang sinêmbah mawantu-wantu, awit sampun sinêbut sariraning nata.

3.

Pangeran santana angsal sêmbah kaping kalih, riya pandhapa satunggal, manawi sampun mêdal saking kamandhungan angsal sêmbah kaping gangsal, riya pandhapa kaping tiga, nanging manawi sampun dumugi ing kori brajanala, wajib sinêmbah mawantu-wantu, awit sampun nama wahananing nata.

4.

Pêpatih sampun wajib sinêmbah kaping tiga sajawining kori srimanganti, sajawining kori kêmandhungan kaping gangsal, dumugi kori brajanala wênang sinêmbah mawantu-wantu, awit sinêbut warangkaning nata.

5.

Bupati, amung sajawining brajanala kaping kalih.

--- [200] ---

6.

Tumênggung, wadana, mayor, namung sapisan, sami sajawining brajanala.

Tri makandhêh, têgêsipun bab kaping tiga, dipun wastani: pêpanthan pamicaran.

Wiyosipun mênggah ingkang kapratelakaken ing wêwaton têmbung tatakrama kadhaton wau. Ing mangke kagêlarakên pêpangkataning têmbung, tuwin wêwatoning praja satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika:

1.

Wiyosing pangandikan dalêm dhatêng kangjêng pangeran adipati anom.

Kulup, mara mundhuta[13] palapuran para, salowonge kănca para, sapa kang pantês dadi gêgêntine pangeran anu. Unjukipun amung sawantah.

2.

Wiyosing pangandika dalêm dhatêng pêpati senapati, tuwin dhatêng pêpatih kados makatên.

Ingsun arêp andangu marang sira, si adipati anu, mungguh ênggènira nindakake nawalaningsun undhang-undhang anyar iki, apa wis sira mupakatake marang sakancanira bupati wadana.

Unjukipun amung sawantah kemawon.

3.

Pangandika dalêm kangjêng bupati pangeran adipati, dhatêng para pangeran putra santana.

Kănca pangeran, mara nampani wiyosing dhawuh pangandika dalêm, mundhut panimbang mara lan para kabèh, salowonge pangeran anu, sapa prayogane dadi gêgêntine. Atur wangsulipun amung sawantah, têmbung kyai lurah.

4.

pangandika dalêm kangjêng gusti dhatêng pêpati senapati, tuwin dhatêng pêpatih.

Uwa patih anu, mara mupakatake wiyosing pangandika dalêm, prakara lowonge kănca mara pangeran anu, kang wus dadi panimbang mara, prayogane kang minăngka gêgênti anak warise jênênge radèn mas anu. [a...]

--- [201] ---

[...nu.]

5.

Unjukipun pêpati senapati têmbung ki lurah, sarta wantah kemawon, unjuking pêpatih têmbung gusti, ugi wantah kemawon.

6.

Wêwaton unjuking pêpati senapati dhatêng pêpatih, ingkang mêmêral saking atasing kuwajiban (Clienst) ngangge têmbung manira, pakênira, kosokwangsulipun ugi sami kemawon, manawi sêrat sajawining kuwajiban (particulier) inggih punika ulêm-ulêm sapanunggalanipun ngangge têmbung: kula, jêngandika, pêpati senapati basanipun adhi patih, raka, kosokwangsulipun sami.

7.

Imbal wacananing patih bupati nayaka sapangandhap makatên pêpindhanipun.

Kănca wadana, kula patanyan dhatêng jêngandika, punapi jêngandika sami ngèngêti dhumawahing nawala dalêm undhang-undhang enggal sajroning taun punika, sarta ingkang uwus kula dhawuhake, sarupane kula radi katambêtan, êmbok inggih jêngandika pojar ing kula.

8.

Wangsulanipun para bupati wadana.

Ênggèh ki lurah, kula ugi katambêtan, ewa makètên manawi atanya wak dhatêng sang pandhita.

9.

Waton imbal wacananing pêpatih dhatêng pandhita, pujăngga, pangulu.

Ingkang maharsi: robaya, patanyan ing pantèn, punapi pantèn amèngêti surasane nawala dalêm undhang-undhang enggal puniki, manawi pantèn boya katambêtan, wawi robaya kapojarana, mênêri sangêt pantèn sami sumiwèng byantara nata, wangsulanipun adhi.

10.

Inggih robaya katambêtan, sarupane patanyanipun adhi patih, bab dhawuhing nawala dalêm undhang-undhang puniki. Robaya pajar ijêm bêsaos mêkotên.

--- [202] ---

1.

Pacuwan wêwalêr dhatêng para abdi dalêm agêng alit sadaya, boya rinilan ngangge êmas intên, nyami putra santananing nata, tuwin sawarnining abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap dumugi tiyang alit, ingkang sami gêgriya salêbêting capurining kadhaton, tiyang darbe karya sasaminipun, boya wajib mawi lungguh kursi, sadaya punika amung dhepokan bêsaos, parênging karsa dalêm amung abdi dalêm kaliwon sapanginggil, ênggèh punika ingkang sampun rinilan angirit para santana dalêm kados ta: mangangge sêlut, pêndhok balewah, mas, suwasa, wêsi, kamalon abrit, punika kalêbêt wêwalêraning ratu. Pêpangkatan anggèning panèwu mantri sapangandhap makatên urut-urutanipun.

2.

Pêndhok balewah slaka, êmas bunton, kêmalon cêmêng, mêndhak kêndhit bejèn, ukiring jêjêran tunggaksêmi namung nginggil, ing ngandhap balumbangan. Punika panèwu mantri.

3.

Lurah bêkêl, balumbangan ngandhap nginggil.

4.

Kabayan, ukiran êmas slaka.

5.

Jajar sêpuh nèm, sami wangun sambegan, miwah kraengan sasaminipun.

6.

Panèwu panakawan sampun rinilan ngangge dhuwung, nanging ukiranipun wangun samban, jajar panakawan dèrèng kenging ngangge dhuwung.

Mênggah wêwaton ingkang robaya pratelakakên sadaya wau, maksih wêwaton kadi duk ing kina-kina, margi abdi dalêm punika manawi darah saking alit, pasêbutanipun inggih maksih mas ngabèi bêsaos.

7.

Saupami wontên panèwu mantri miwah lurah bêkêl jajar, dadosipun mêndhêt saking taliti santananing ratu, kados ta: buyut, canggah dalêm, panganggenipun ênggèh manut saparkatining darajat alit, boya kenging ngandêlakên dumèh santana dalêm, dene pasêbutanipun kenging anama [ana...]

--- [203] ---

[...ma] radèn ngabèi, radèn lurah, makatên pêpindhanipun sadaya.

Catur makandhêh, têgêsipun bab kaping sakawan.

Wiyosipun mratelakakên wêwaton têmbung tatakrama kadhaton, kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang sapisan ing Kartasura dumugi kaping têlu, papat, sadaya ingkang kenging ngangge têmbung kadhaton wau dipun suwak, santun wadana kaliwon sapanginggil, sarta kaliwon punika kenging kasêbut radèn ngabèi, talitining ngaluhur miwah talitining alit sêsêbutanipun sami kemawon, dene panèwu, mantri, lurah bêkêl jajar, ingkang taksih kalilan ngangge têmbung kadhaton amung dipun pithati kemawon kados ing ngandhap punika:

1.

Wadana anggandhèk sapanêkaripun.

2.

Wadana kalang gowong sapanêkaripun.

3.

Wadana gamêl ugi sapanêkaripun.

4.

Abdi dalêm yaga sapagolonganipun.

5.

Abdi dalêm juru panuksma sakancanipun, sami rinilan ngangge wêwaton tatakrama têmbung kadhaton, miwah abdi dalêm sêrati.

Mênggah sanèsipun ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, sadaya namung kèndêl abdi dalêm kaliwon sapanginggil, nanging sarêng dumugi panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sakawan wau, lajêng kawimbuhan yasan dalêm para kêkasih, winastan urdênas, punika sanajan talitining alit ugêr sampun manjing urdênas ingih rinilan sêsêbutan radèn atma, sarta sakancanipun lurah, sami rinilan majêng ujunging saandhap sampeyan dalêm, manawi kănca jawi saanon-anonipun wau amung kèndêl abdi dalêm kaliwon sapanginggil, panèwu mantri sapangandhap botên wontên ingkang ngangge têmbung kadhaton, saha angujung ing saandhap sampeyan dalêm.

--- [204] ---

Anjawi ingkang kapratelakakên ing salêbêtipun para wadana ing nginggil wau:

Mênggah ingkang nama wadana wau, têgêsipun pangajêng, sanajan kaliwon manawi tanpa bupati inggih sampun nama wadana.

1. Gandhèk, 2. gladhag, 3. kalang, 4. gamêl, 5. sandhon, 6. gadhing mataram, 7. kraton, sadaya punika saminipun kalihan kaliwon-kaliwon nayaka, saha sampun wajib nama tumênggung, sarta angsal sêmbah sapisan, kados para wadana pamajêgan, pulisi, mayor sapanunggilipun, mila wajib sami kaèngêtan, supados uninga wêwaton anggêr-anggêraning Karaton Surakarta Adiningrat.

Sêrat Waduaji, punika mratelakakên namaning para wadya punggawaning ratu kala jaman kina, mawi kawardenan satunggal-tunggal, kados ingkang sampun kasêbut wontên salêbêtipun Sêrat Raja Kapa-kapa, mawi kapratelakakên kados ing ngandhap punika.

Namaning kalênggahan
Têgêsipun
1. Patih
parentah, inggih punika ingkang winênangakên marentah wadya sadaya, utawi ingkang kaparentahan pangawasa nampurnakakên parentah saulahing panata praja.
2. Adipati
pangagênging parentah, inggih punika ingkang winênang nampèni parentahing ratu, utawi ingkang kaserenan pangawasaning patih, marentahakên pangawasaning patih, marentahakên patraping lêlêrêsan.
3. Senapati
mangku parentah, inggih punika ingkang winênang anggadhuh pangawasaning ratu, kapasrahan angêrèh para prajurit, mariksani ingêripun gêlaring pêrang, nganglang pringgabayaning paprangan.
4. Bupati
bawahaning parentah, inggih punika ingkang winênang marentah dhumatêng bawahanipun piyambak, utawi kalêrês nampèni parentah saking pêpatih.
5. Adipati kupu
adipati mardika, inggih punika ingkang madanani para pandhita, para mardikan sapanunggilipun, winênang marentahakên saulahing panatagama sadaya.

--- [205] ---

6. Tumênggung
dhênggung, utawi têtindhih, inggih punika ingkang winênang mariksani samukawis lêlampahan ayahaning ratu, saha kabêbahan ulah dêdamêl ingkang dados agêming ratu, tuwin kawajiban nanggêl awon saening kancanipun.
7. Wadana
rai, utawi pangajêng, inggih punika ingkang winênang dados ulu-ulu patraping padamêlan, saha ingkang wajib dados pangajênging lampah.
8. Nayaka
panunggul, utawi pangirit, dados pangagênging bala, inggih punika ingkang winênangakên matah padamêlaning bawah kalerehanipun.
9. Punggawa
pangayap utawi pangawinan, utawi têgêsipun malih pangampil, inggih punika ingkang kabêbahan dados têtindhihing ampilan upacara kapraboning ratu, utawi ngampil, parentahing pêpatih.
10. Ariya
luhur, utawi padhang, inggih punika santananing ratu ingkang winênang nunggil padamêlan kalihan para wadana ingkang taksih kalêbêt santana, punika wênang sinêbut ariya.
11. Sinangarya
sinêbut luhur, inggih punika punggawa ingkang winênang nunggil padamêlan kalihan para santana.
12. Panji
têtunggul, inggih punika santana ingkang winênang dados pangagênging prajurit.
13. Prameya
băngsa linuwih, punika bangsaning para agêng ingkang winênang dados sêsulih, nglampahi padamêlanipun para punggawa.
14. Kaliwon
kapiji kenging winênang nampèni parentah saking bupati, utawi têgêsipun malih: kalih ewon, punika kabêkta saking kalênggahanipun kala ing kina, siti dhusun karya ngalih ewu.
15. Panèwu
golongan, dening winênang nampèni parentah saking kaliwon kadhawahakên dhatêng golonganipun utawi têgêsipun malih: panewon, punika kabêkta saking lênggahipun kala

--- [206] ---

kina siti dhusun karya sèwu.
16. Mantri
linuwih, utawi sapocapan, dening kawênangakên imbal wacana kalihan para agêng, saha langkung saking waskitha kadadosaning lampah tigang prakawis, ingkang rumiyin: nistha, inggih punika sagêd nyagahi patraping lampah ingkang dhawah ing nistha, kaping kalih madya inggih punika sagêd nêtêpi patraping lampah ingkang dhawah madya, kaping tiga utama, inggih punika sagêd ngantêpi lampah ingkang dhumawah utami, manawi ing Sêrat Raja Kapa-kapa wijang-wijanganipun makatên:
Man: luwih, tri: tiga, inggih punika linuwih ing tigang prakawis, ingkang rumiyin sêtya, dene têmên-tumêmên ing pangawulanipun, sungkawanipun wiranging gusti. Kaping kalih sadu, dene sagêd nyarèhakên adrênging manah, garetah[14] ing wicara, ajrih rumiyini[15] karsa utawi mêdhar kêkêraning gusti. Kaping tiga: tau, dene uninga ingkang dados cipta sasmitaning gusti, botên kasangsaya sadaya ing karsa, lumuh manawi rumaos saha andarbèni panguwaos piyambak, amung ngèsthi ngantêpi kasagahan.
17. Aryapêpati (wadana bêkêl)
wadana parentah, inggih punika ingkang kapitados anampèni dhawah anglampahakên parentah.
18. Aryatiron (bupati pulisi)
wadana pangulat, inggih punika ingkang kapitados mêmulang lampah utami, utawi ingkang kabêbahan matrapakên sakathahing pandamêlan lêrês, saha ingkang wênang anjagèni pandamêling mêngsah.
19. Aryaleka (rêksanitèn)
wadana pananggalan, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya ahli etanging palak pananggalan sapanunggilanipun.
20. Aryajămba (bujadipuran)
wadana pasucèn, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya pangulu toya, ingkang sami olah

--- [207] ---

rêrêsik salêbêting pura, utawi ngrêsiki pasiramaning ratu
21. Aryamanguri (bupati jaksa)
wadana panguwaran, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya jaksa, winênang ngudhari karampungan, ingkang dèrèng lêrês, kawajiban mrayogi lampahing prakawis, saha mêmangkat satraping wisesa.
22. Aryaniti (wiryadiningratan)
wadana sêtya, inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya gêdhong, winênang anggêmèni kagunganing ratu, saha mariksani damêling para wadya among tani sadaya.
23. Aryakăndha
wadana dagang, inggih punika ingkang kapitados anglurahi para wadya sudagar, kawajibanipun amriksani ingkang sami nglampahakên gêgramèn ingkang mêdal saking nagari, utawi lêbêting gêgramèn saking amăncapraja.
24. Patyatăndha
amarentah tăndha, inggih punika ingkang kapitadosan madanani para pabean bandar dharat sadaya, kawajibanipun nyêpêng pangawasaning pêkên sapanunggilanipun.
25. Pêcatăndha
wêtahing têmbung: pêcat ăndha, têgêsipun pamêcat andhaning baita, inggih punika ingkang kapitados madanani para pabean bandar laut sadaya, kawajibanipun nyêpêng pangawasaning muara sagantên sapanunggilanipun.
26. Tăndhamantri mantrităndha
inggih punika ingkang kapitados juru mupu beyanipun pêkên.
27. Tăndhamoi
pangkataning pangulah, inggih punika ingkang kabêbahan mêmangkat lampahing pandamêlan, ingkang pancèn ulah padamêlan agal utawi lêmbat, sami pinatah piyambak-piyambak lampahipun.
28. Daksa[16]
jêjênêng, inggih punika wadya jaksa ingkang kabêbahan angrampungi lêlêrêsaning prakawis.
29. Janbaleka[17]
padhang bulan, inggih punika ingkang kabêbahan dados juru mariksani samukawis [sa...]

--- [208] ---

[...mukawis] saha amot mêngku wasesa dhatêng prakawisipun tiyang olah wirya mêndhêt ulam toya.
30. Pujăngga
ulah pasêmu raga inggih punika ingkang kabêbahan nganggit cariyos mawi kasêkarakên, kawajiban mêmantês uruting ukara kalihan matrapakên tatakramaning sêrat kintunan ingkang sagêd ngrakêtakên ing arênggang.
31. Panjangjiwa
wêtahing têmbung: panjang jihwa, têgêsipun lidhah panjang, inggih punika ingkang kadhawahan andhawuhakên parentah.
32. Ulubalang
pangajênging padhalang, inggih punika ingkang kabêbahan dados juru nglampahakên sêrat dhatêng amănca.
33. Anggandhèk
anyandhik, inggih punika ingkang tinêdah ngêmban timbalaning ratu, utawi kabêbahan angrukti pirantosing pangantèn.
34. Kabayan
lantaran, inggih punika ingkang kabêbahan dados lantaran andhawuhakên parentah.
35. Ngabèi
angimpuni dening narambah lampahan padamêlan sadaya.
36. Dêmang
cêcêpêngan utawi bêbundhêlan, inggih punika ingkang kabêbahan nyêpêng padamêlan bawah padhusunan, utawi kapitajêngan nyêpêng sakathahing lêlangên busana karajan sapanunggilanipun, winênang mêmantês panganggening para wadya sadaya.
37. Răngga
wawêngku utawa pangrêngga, inggih punika ingkang kabêbahan nyaèni wawêngkoning bawahan winênang mangun sêsikoning padalêman salêbêting pura, miwah ngrakit pasanggrahan.
38. Kandhuruan
paserenan, inggih punika ingkang kaserenan bawah utawi nyampurnakakên parentah.
39.
pasêpan, têtêlik, inggih punika ingkang kapitajêng dados juru ngingsêp-ingsêp samukawis.
40. Pamotan
pangêmotan, inggih punika ingkang kapitadosan mingit wadosing ratu.
41. Karêrêngan
kawiwitan, inggih punika ingkang kapitadosan [kapita...]

--- [209] ---

[...dosan] dados juru panganglang salêbêting pura.
42. Kajinêman
kasidhêman, inggih punika ingkang kabêbahan dados juru panganglang salêbêting praja.
43. Pandêlêgan
panêngkêlan, utawi panênungan, inggih punika ingkang kabêbahan dados juru tênung lan juru nujum, sapanunggilanipun, ingkang băngsa petangan.
44. Palimpingan
pralambangan, inggih punika ingkang kapitadosan juru pralambang utawi jangkaning nagari.
45. Pasingsingan
sabarangan, inggih punika ingkang winênangakên ambawahakên para wadya kriya sadaya.
46. Salisingan
salisiban, utawi saliringan, inggih punika ingkang winênang ambawahakên para wadya anom-anom sadaya.
47. Panunggul
pamagangan, inggih punika ingkang winênang angrèhakên para wadya pamagangan sadaya.
48. Pangalasan
juru wêwanan, inggih punika ingkang kabêbahan mêndhêt sato wana.
50. Wuruk
kusiripun ing pêpati[18], inggih punika ingkang kabêbahan rumêksa titihan padhati sapanunggilanipun, manawi sang nata arsa pêpara dhatêng wana, wuruk botên kantun.
51. Mantri panglima
mantri mănca gangsal, inggih punika pangagênging mantri mănca dhusun, alênggah mantri panèwu.
52. Umbul
pêpundhèn, inggih punika ingkang dados wadananing tiyang padhusunan, lênggah mantri panatus.
53. Bêbuyut
sêsêpuh, inggih punika ingkang dados kamisêpuhing tiyang padhusunan, alênggah mantri panèkêt.
54. Adèn-adèn
kaluwihan, inggih punika ingkang dados guru utawi panguluning tiyang alit ing padhusunan, lênggah mantri panglawe.
55. Lurah
ulu-ulu, utawi kapala, têgêsipun malih: pangajênging panggenan, inggih punika ingkang winênangakên dados tiwas sêsirahing padamêlanipun tiyang alit ing padhusunan, alênggah sapalihing [sapalih...]

--- [210] ---

[...ing] mantri panglawe.
56. Patinggi
pamangkat, inggih punika ingkang kawênangakên amêmangkat padamêlanipun tiyang alit, ing padhusunan, lênggah sapalihing lurah.
57. Bêkêl
têga, utawi tênggak, têgêsipun ancir, inggih punika ingkang kawênangakên rumêksa awon saening padhusunan, alênggah sapalihing patinggi.
58. Paragak
tugu, utawi: pagah, inggih punika ingkang kabêbahan nglurah rêsi prakawisipun tiyang alit ing padhusunan, alênggah sapalihing bakêl.[19]
59. Sikip
pirantos, inggih punika têtiyang alit ingkang nyanggi damêl, alênggah sapalihing paragak.
60. Karaman
arahan, utawi anjrahan, inggih punika têtiyang alit ingkang botên nyanggi damêl, amung ngindhung nyagak sakawan kemawon.
61. Panji andaka
tungguling bêbantèng, inggih punika lêlurah ingkang dados sor-soranipun pangajênging prajurit.
62. Wirancana
prajurit anglingan, inggih punika prajurit miji.
63. Wirajaya
prajurit karajan, inggih punika prajurit lêbêt.
64. Wirasinga
prajurit pikuwat, inggih puni[20] prajurit ing jawi.
65. Singasari
singabarong, inggih punika prajurit ingkang rumêksa para pawèstri biyadaning ratu.
66. Suratani
kêkêndêlaning tani, inggih punika prajurit dhusun.
67. Wirajanu
prajurit sanglingan, inggih punika prajurit miji.

Ing ngandhap punika mratelakakên wardinipun pasêbutan namaning priyagung tuwin priyantun tuwin sapanunggilanipun.

Pasêbutaning nama
têgêsipun

--- [211] ---

ratu
nyarambahi
gusti
rahsa, gunêm, pasêbutan
bandara
aub-aub, sêsêpuh
kangjêng
ingkang suku
susuhunan
pêpundhèn
panêmbahan
sêsêmbahan
pangeran
pangawulan
ariya
luhur, padhang
panji
têtunggul
rahadon[21]
sêsotya bagus
radèn mas
sêsotya êmbanan kancana
radèn bagus
sêsotya sae
mas agus
êmas sae
kiyai
sêsêpuh, minăngka kaki
pangulu
sirah, pangajêng
ngulama
ulah ngèlmu
kaum
sakabat, punakawan
santri
jêjênêng
pakathik
pakanthi
pane
panggondhèl

Bab pratelanipun para priyantun ingkang sami nyanggi damêl salêbêting nagari, kajawi priyantun anon-anon utawi kriya sadaya.

Sêsêbutaning pangkat
Padamêlanipun
1. Pêpatih
nampèni dhawuhipun ratu, lajêng kadhawuhakên dhatêng kabupatèn, manawi dintên Sênèn Kêmis sowan dhatêng pagêlaran.
2. Bupati
nampèni dhawuh saking kapatihan, lajêng kaprentahakên dhatêng bawahanipun kaliwon, panèwu, mantri sapangandhap, utawi sowan sabên Sênèn Kêmis, tumindak tênggak saosan, kenging lampah lajêngan pasisiran.
3. Kaliwon
nampèni dhawuh saking kabupatèn, lajêng kaprentahakên dhatêng kabayan, waradinipun ing panèwu, mantri sapangandhap, utawi sowan sabên Sênèn Kêmis, tumindak tênggak caosan, kenging lampah gadhingan, pajangan, pasisiran, [pa...]

--- [212] ---

[...sisiran,] tuwin angladosakên aturan prakawis saking kancanipun panèwu mantri ingkang katur dhatêng kabupatèn.
4. Panèwu
nampèni dhawuh saking kabayan, samukawis parentah saking kabupatèn, akalihan tênggak saos sowan sabên Sênèn Kêmis, tumindak lampah gadhingan, pajangan, pasisiran, ing sapanunggilanipun, punapadene ngladosakên aturan prakawis saking rèh golonganipun dhatêng kaliwon.
5. Mantri
nampèni dhawah saking kapanewon, samukawis parentah saking kabupatèn, akalihan tênggak saos sowan Sênèn Kêmis, tumindak lampah gadhingan, pajangan, pasisiran sapanunggilanipun.
6. Lurah
nampèni dhawah saking panewon, samukawis parentah saking kabupatèn, akalihan tênggak saos sowan sabên Sênèn Kêmis, mawi tumindak lampah gadhingan, pajangan, pasisiran sapanunggilanipun, punapadene ngladosakên aturan prakawis sakalerehanipun katur panewon.
7. Bêkêl
nampèni dhawah saking lurahipun, samukawis parentah saking kabupatèn, akalihan tênggak saos, sowan Sênèn Kêmis, tumindak lampah gadhingan, pajangan, pasisiran sapanunggilanipun, ingkang anama ayahan dalêm, punapadene kenging kalampahakên manawi wontên damêl ing kabupatèn.

--- [213] ---

Bab Basa Kadhaton ing Ngayogyakarta

Sadaya tiyang agêng utawi alit, sêpuh utawi anèm, manawi pinuju wontên ing ngarsa dalêm utawi wontên ing ngarsanipun kangjêng gusti pangeran adipati anom, kaanggêp sami sadaya, sanajan pêpatih dalêm inggih botên katingal mandhukul, samantên punika kajawi kangjêng gusti pangeran adipati anom. Milanipun tatêmbunganipun têtiyang utawi abdi dalêm punika wau sadaya mawi basa kadhaton, botên kenging ngangge têmbung ngoko krama, utawi sanès-sanèsipun. Mênggah têmbung basa kadhaton ing Ngayogyakarta punika botên kathah, cacahipun namung: 12, kados ta:

1. manira: kula
2. pakênira: sampeyan
3. punapi: punapa
4. puniki: punika
5. puniku: punika
6. wontên: wèntên
7. bêsaos: kemawon
8. ênggèh: inggih
9. sapuniki: sapunika
10. nêdha: coba
11. boya: botên
12. satunggil: satunggal

Mênggah basa kadhaton punika awujud têmbung basa kadhaton kalihan têmbung krama, botên mawi têmbung krama inggil ingkang tumrap dhatêng tiyang ingkang kaping kalih, punapadene tiyang ingkang kaping tiga, sarta atêr-êtêr: di, lan panambang: e, ake, dipun kramakakên utawi botên. Dipun kramakakên manawi wicantênan kalihan pangeran putra. Botên dipun kramakakên manawi wicantênan kalihan sanèsipun pangeran putra, kados ta: pangeran santana, abdi dalêm sanès-sanèsipun lan sasaminipun.

Wontên satunggaling mantri badhe wicantênan kalihan pangeran putra:

Pakênira punapi boya siyos dhatêng Klathèn, manawi siyos kesah kula badhe tumut.

Tuladha manawi wicantênan kalihan sanèsipun pangeran putra:

Ca, Pakênira punapi botên dikèngkèn dhatêng pasar, manawi dikèngkèkèn[22] [dikèngkè...]

--- [214] ---

[...kèn] manira titip, pakênira tumbasake klobot kalihan têmbako.

Cathêtan Maos Jawi

Ha.

1. Awik
alus sarta lêmbat, ingkang limrah dipun wastani awig, inggih punika bangsanipun ukir-ukiran, gambar-gambar (ingkang sarwa alus).
2. Imbal pangandika
wawan pangandika, wawan wacana.
3. Hèr toh
namaning pangkat, inggih punika raja alit ingkang botên kabawah ing raja sanès.
4. Ijêngandika
kangge nyêbutakên sanak sadhèrèk ingkang dipun jak ginêman sarta kaprênah sêpuh, lintunipun sampeyan.
5. Ambrêbêgi
adamêl botên rêmênipun ingkang mirêngakên.
6. Umuk
omong, cariyos, sarananipun mêwahi aèngipun.
7. Anjêglongake
nglêbêtakên dhatêng jêgongan.
Jegongan= luwangan.
8. Anggêr
I. pranatan nagari ingkang kêdah dipun èstokakên ing tiyang sanagari ngriku.
II. sabên-sabên
9. Anjajah
ngambah tanah-tanah ingkang pêrlu dipun sumêrêpi.
10. Adipati
adining prentah.
Adi: adi, pati: prentah. Senapati: pikêkahing prentah. Bupati: ingkang mrentahakên tanah.
11. Upsir
lurahing prajurit.
12. Arus
I. pantês.
II. ambêt ingkang botên eca.
III. ombaking sagantên.
13. Êntèk atine
sampun botên sagêd manah malih.
14. Imah-imah:
semah, rabi, laki.
15. Omah-omah
gêgriya.
16. Anjêgodhah
anjlêgodhah.

--- [215] ---

17. Ambêk siya:
watak ingkang botên gadhah pangapuntên, botên gadhah wêlas, patrap sawênang-wênang.
18. Ambêk paramarta
kosokwangsulipun ambêk siya
19. Ambêk niaya:
ambêk siya.
20. Abah-abah:
I. praboting kapal ingkang pêrlu kangge.
II. cêkathakan kabuntêl ing lakên utawi sêmbagi.
21. Undhagi:
pintêr sangêt. Kala rumiyin undhagi têgêsipun: tiyang ingkang pintêr sangêt ngukir-ukir ingkang anggumunakên.
22. Ulur-ulur:
tangsule sănggawêdhi.
23. Ajal:
wêkdaling pêjah.
24. Ambêrêg:
ngoyak.
25. Ana ing tanganing mungsuh:
wontên ing panguwaosing mêngsah.
26. Agama:
kapitayan kang wajib dipun lampahi kanggge nyêmbah dhatêng pangeran supados angsala kawilujêngan ing dunya lan ing akirat.
27. Anggêlak
ngrikatakên.
Anggêlak lampah: ngrikatakên lampah.
28. Anyaran:
tanksih enggal.
29. Anggronggong:
botên rapêt.
30. Anggêblas:
kesah ingkang rikat.
31. Anglès:
ngênês.
32. Imbang:
I. sisih.
II. timbang: imbang-imbangan: mèh sami.
III. têmbing, imbanging lèpèn: têmbinging lèpèn.
33. Ampuhan:
jawah angin kanthi pêdhut.
34. Ambantêni:
numbali (jimat).
35. Among I:
nglampahi.
Among suka: nglampahi suka.
II. momong. Among mitra: momong mitra.
36. Ubanggi:
janji.
37. Ampar:
sambêr.
Ngampar-ampar: nyambêr-nyambêr.
38. Ambaludag:
lubèr.
39. Andheprok:
nglosot.
40. Awak mrinding:
badan kraos kêri margi saking ajrih utawi asrêp.
41. Anjomblong:
mratelakakên tiyang ingkang ningali [ninga...]

--- [216] ---

[...li] samukawis ingkang eram sangêt, saking eramipun kados botên wontên ingkang dipun manah malih.
42. Api-api:
ethok-ethok: rewa-rewa.
43. Osa:
uswa: ambêkan.
44. Olèh kamurahaning Pangeran:
Pangeran loma dhatêng tiyang punika, dados punapa ingkang dipun kajêngakên gampil sagêdipun angsal.
45. Êlid
I: wosipun,
II. kajêngipun.
46. Ina
I: asor,
II. kirang, kainan, kirang pangatos-atosipun.
Diina: dipun anggêp kirang saking masthinipun.
47. Udur:
ngudur: ngaral.
48. Akal:
budi.
49. Anggrahita:
ngintên, arip.
50. Arip:
kêpengin tilêm jalaran kirang tilêm.
51. Andungkap:
nyandhak.
52. Ati sak:
angên-angênipun dhêkok, tatu, pinggêt. Dados têgêsipun: sêrik.
53. Anggèr:
pangundang ingkang ngajêni, saminipun nyêbut bêndara.
54. Adat:
I. ingkang sampun-sampun.
II. tatacara.
55. Ambagèkakên:
suka utawi takèn kawilujênganipun tiyang ingkang sawêg dhatêng. Bage: bagea, bagya, bêja.
56. Arug:
ruduk.
57. Êndang:
tumuntên.
58. Anggêdobrol:
umuk.
59. Aja ora mlêbu:
têgêsipun: mlêbua.
60. Ombak kêncêng:
ombak santêr.
61. Ampuh:
mandi, kalampahan ingkang dados pêrlunipun.
62. Anggiwangake ati:
ngewahakên manah, giwang: ewah.
63. Ewadene:
sanajan makatêna.
64. Andêngangi krama:
ngonangi ngoko.
65. Ora jaman ora makan:
makan: panggonan, ngibarat: tiyang ingkang botên kantênan [kantêna...]

--- [217] ---

[...n] panggenanipun utawi asalipun. Utawi: samubarang ingkang elok-elok.
66. Uwang:
băndha, ngamal.
67. Êndhêm-êndhêman:
sami dene ngêndhêm, ngêndhêm (salêbêting manah), ingkang dipun êndhêm kaniyatan awon.
68. Ulu-ulu
I: têtunggul
II. sirah.
69. Ulon-ulon:
panggenan sirah.
70. Anak yatim:
lare lola.
71. Êmèl:
ungêl-ungêlan.
72. Uakba:
langkung luhur.
73. Adi:
sae sarta aèng.
74. Utama:
sae sangêt, kosokwangsulipun: nistha.
75. Apa mulane:
apa wiwitane: apa jalarane.
76. Untab:
solahing tiyang kathah.
77. Untab:
têka.
Untabna: têkakna.
78. Apik
I: kikrik.
II. pèni.
III. kosokwangsulipun: crobo.
79. Anggêgidhuhi:
ambêbingungi, angribêdi.
80. Utawi
I. salah satunggalipun.
II. tuwin.
III. wondene, inggih punika têmbunging santri.
81. Angot:
kumat, sakit malih.
82. Ora nyêlêt basa:
nuhoni.
83. Ati lêmbah:
ati jêmbar, sabar, sugih pangapuntên.
84. Ulun
kawula, kosokwangsulipun: pukulun: gusti.
85. Adon pracondhang:
pabên.
86. Anggutuk
II: tumbas ingkang cacahing barangipun sami kalihan cacahing yatranipun, upami barangipun sêpuluh, panumbasipun suwang utawi sakêthip.
I: ambalang.
87. Eguh:
ebah.
88. Ora keguh:
botên kenging dipun ebah-ebah (têtêp).
89. Elok:
nglêngkara, anèh.
90. Andêrbala:
saya ngrêbda.
91. Ora ilok:
botên sae margi badhe wontên [wontê...]

--- [218] ---

[...n] ngaralipun.
92. Ajêjuluk:
krama inggilipun: aran.
93. Ajrih
I: botên purun nandhingi utawi nglampahi.
II: botên purun sêmbrana.
94. Ajidan:
abdi ingkang tansah sumadhiya.
Ajidanipun kangjêng tuwan bêsar ing Surakarta lan Ngayogyakarta inggih punika: Pangeran Mangkubumi. Ajidan ing Ngayogyakarta bandara pangeran.
95. Ora sigan-sigun:
botên èwêt-èwêt, sigun: ewuh.
96. Inthuk
I: gamêl ingkang asor sangêt.
II: tiyang jirih.
III: tiyang ingkang budinipun asor.
IV: lêma (minthuk-minthuk: lêma sangêt).
97. Anjaluk maklum:
nêdha pangapuntên.
Maklum: apuntên.
98. Impèn punika kaperang dados 4.
1. Impèn kosokwangsul (ngimpi bingah dados susah).
2. Impèn pasêmon (ngimpi numpak sima, lajêng dados ratu).
3. Impèn anduradasih (impèn ingkang wontên kayaktosanipun, sami kalihan anggènipun ngimpi).
4. Impèn kêmbanging turu (impèn ingkang botên kantên-kantênan sarta tanpa wahana).
99. Adrêng:
kapidêrêng: kajêng sangêt.
100. Abipraya:
tunggil manah.
101. Ekapraya:
tunggil manah.
102. Ekacipta:
tunggil manah.
103. Anyênyawadi:
mêmaoni.
104. Ana pikolèhe:
pikantukipun namung sakêdhik.
105. Unjuk
I: ămba.
II: inggah (diunjukake: dipun inggahakên).
III. atur (unjuk-unjuk: atur-atur).
106. Ora lali:
masthi ngangge (wis rakasa ora lali sayah: sampun rakaos masthi ngangge sayah).
107. Ora gampang ninggal padunungane:
awrat nilar padununganipun.
108. Andhahan:
sor-soran.

--- [219] ---

kapitan saandhahane: kapitan sasor-soranipun.
109. Anduwa:
nolak ngangge tangan supados sumingkir: nyêngkah.
Panduwaning sêdyaku: panolaking sêdyaku: panyêgahing sêdyaku.
110. Ora duwe katolehan mênyang aku:
ora nolèh pisan-pisan mênyang aku: ora nolèh mênyang aku: ora eling mênyang aku.
111. Anjangkung:
ningali saking ing nginggil.
112. Ora măngga:
botên têgêl: botên sagêd manahipun.
113. Ora măngga puliha:
botên pisan-pisan wangsul kados waunipun.
114. Abêr:
kirang utawi suda dayanipun, ical dayanipun, kadadosanipun kêndho.
115. Ora anggawêr:
botên ngalang-alangi luwenipun, sabab tiyang nêdha punika masthi kraos luwe.
Gawêr: gawar: palang, ingkang kangge ngalang-alangi. Kados ta: ing margi wontên krêtêg risak, sacêlakipun krêtêg wau dipun sukani gawar, supados tiyang-tiyang ingkang langkung sagêda sumêrêp.
116. Aja tambuh:
kowe wêruha.
117. Iwak iku ora cilik:
iwak iku rada gêdhe.
118. Ora wêruh rasaning rejêki:
botên nêdha-nêdha, botên nêdha babarpisan.
119. Ora nganggo taha:
botên ngangge èwêd.
Taha: èwêd.
120. Ora kayaa:
botên wontên ingkang dipun kayakakên, utawi dipun samèkakên, ora kayaa kowe: ora ana wong kaya kowe, punika mratelakakên gumun sangêt.
121. Anggrècèk:
rêmên wicantênan (ginêman) rêmên ngajak gêgujêngan.
122. Ora kudu-kudua aku tilik kowe:
ora sudi aku tilik kowe.
123. Anggur klarèt:
anggur ingkang sae piyambak, sabotol rêgi f5.
Anggur abang: anggur: bordeaux. 1 botol f1.
Anggur port: abrit utawi pêthak, 1 botol f2.
124. Ingan
iri, drêngki.

--- [220] ---

Tanpa ingan: tanpa watês, tanpa tandhing, tanpa sisihan.
125. Èsi-èsi:
êngis-êngis.
Kaèsi-èsi: diêngis-êngis, dilêlara atine, diwêwirang, diisin-isin.
126. Èstha:
èsthi, sêmu, wujud.
127. Ulang-ulang
I: bela-bali[23].
II: anggêgulang.
Ulang-ulang ing pakewuh: anggêgulang ing pakewuh.
128. Ambaèkake:
ngina, ngupapira, dipun anggêp bae.
129. Êsak:
dhêkok.
Êsak atine: dhêkok manahipun, kajêngipun: sêrik.
Mêsakake: adamêl dhêkoking manahipun tiyang ingkang ningali.
130. Anggagahi:
ngêkahi.
131. Angglawat:
ngebahakên tangan utawi suku.
132. Umrik:
kali mundhak gêdhe.
133. Angok:
kali saya cilik.
134. Alas grêng:
alas gêrêng: wana ingkang kathah kewanipun galak.

Na.

1. Nanggulang:
mangsulakên.
2. Nêrak anggêr:
nglampahi awisan, utawi botên anglampahi parentah ingkang kasêbut ing anggêr.
3. Nagara
I: kitha (nagara Bandhung: kitha Bandhung).
II: tanah (nagara Jawa: tanah Jawa).
III: paprentahaning nagari.
4. Niyup:
nglayang badhe mencok.
5. Nagara asliku:
nagara wutah gêtihku: nagara kalairanku.
6. Nanggung:
sagah nyanggi lêpatipun satunggaling prajanjian.
7. Nêkani kajat:
andhatêngi niyatipun. Nglampahi ingkang dados kajêngipun.
8. Nutuh
I: ngêthok.
II: mêlèhakên ing lêpatipun.
9. Nitigake:
nyuda.
10. Nayaka:
lurah, cêkakanipun têmbung bupati nayaka.
Bupati nayaka: bupati pangagêng.

--- [221] ---

11. Nêba:
pêksi mencok sêsarêngan wontên ing siti.
Têba: purug (ana ing têba: wontên ing purug).
12. Nulungi:
ngêntasakên saking bêbaya ingkang katingal. Manawi mitulungi kenging sarana barang utawi wicantên.
13. Nètèsi:
kadadosanipun cècèg kalihan ingkang dipun kajêngakên.
14. Nêmpuh byat:
nekat.
15. Nunggil pagêsangan:
nunggil padamêlan.
16. Nêgêg-nêgêgake:
nêtêp-nêtêpakên, nahan-nahanakên, ngiyit-ngiyatakên.[24]
17. Nênung:
adamêl sakit utawi pêjah saking katêbihan.
18. Nêmbe:
sawêg sapisan. (nêmbe sumêrêp: sawêg sapisan sumêrêp).
19. Nimpuni:
putus (nimpuni ing kasusastran, putus ing kasusastran).
20. Nêngênake:
nganggèkakên.
21. Notaris:
tiyang ingkang dipun wajibakên dhatêng nagari nyêksèni prajanjianipun tiyang kalih, notaris wau ingkang nyathêt supados kêkah botên ambalenjani.
22. Nungku:
mungkul, botên kamoran punapa-punapa malih.
Nungkupuja: mungkul puja. Mungkul puji, mungkul cipta.
23. Nayab:
nyolong ing wanci siyang.
24. Nacak:
nyobi, ngêncèng.
Kalah cacak mênang cacak: êmbuh kalah êmbuh mênang iya dicoba bae.
25. Nayaka pitajêng:
nayaka ingkang dipun pitajêng.
26. Nalisir:
minggir, nyimpang saking ingkang lêrês, sisir: pinggir.
26. Nalar liwar: [25]
nalar nyimpang saking margi ingkang lêrês.
Liwar: untuning graji ingkang malêngkung ngiwa nêngên.
27. Nêdhêng:
sawêg sêdhêng-sêdhêngipun.
28. Nancak
I: anjogèd.
II: lêlaku, sêkarat KASAR.
29. Nalika:
nêlik.
Ditalika ing mungsuh: ditêlik ing mungsuh.
30. Nukup:
ngrabasa utawi ngrisak ing wanci dalu.
Nukup bètèng: ngrabasa utawi ngrisak bètèng botên [botê...]

--- [222] ---

[...n] ngangge suka sumêrêp rumiyin, limrahipun ing wanci dalu.
Ditukup: dipun dhatêngi ing wanci dalu botên ngangge suka sumêrêp rumiyin.
31. Nêmbung:
anjawap.
32. Nindhihi
I: nglurahi (nindhihi baris: nglurahi baris).
II: numpangi.
33. Nrêcêl:
kathah sarta kêrêp.
34. Napsu:
kajêng ingkang adrêng (sangêt).

Ca.

1. Cubluk:
busuk.
2. Colok
I: latu murub ingkang kangge nêrangakên barang-barang ingkang wontên ing pêpêtêngan.
II: pangarêp (coloking laku: pangajênging lampah).
III: cocog (tumrap ing mripat).
3. Cucut Ki:
lucu, sagêd adamêl gujênging tiyang.
4. Cingkrang
I: kirang panjang.
II: kirang cêkap.
5. Cape:
jimpe.
6. Cênthing:
udhêt, tangsul bangkekan ingkang dipun damêl suwekan sarta ingkang ngangge lare èstri, sarta ngangge kanthongan mubêng.
7. Cumênthing KI:
bêngkung.
8. Cêpurung:
cêpuri: peranganing kluwat sapangandhaping blabag.
9. Cuki karawistha:
pinggiripun dipun rêngga sêsêkaran pating krênthil.
10. Cidra
I: amblenjani.

--- [223] ---

II: botên nêtêpi kalakuan sae.
III: colong.
Nyidra putri: nyolong putri.
11. Cabar:
botên angsal damêl utawi tanpa damêl.
12. Campuh:
rukêt.
13. Cancingan:
enggal sadhiya.
14. Cowong:
cêlong, suda guwayanipun tinimbang kalihan adatipun.
15. cadhong:
panduman ingkang ajêg tampinipun.
16. Cotho
I: botên tumindak.
II: wudhu, bêtah.
17. Cangkrama:
tindak radi têbih utawi dhatêng wana, pêrlu ambêbêdhag utawi mêndhêt ulam loh.
18. Ciri:
tăndha, têngêr.
19. Cihna:
tăndha.
Kacihna: katăndha.
20. Cêpuri:
kukuban.
21. Cakêp:
sagêd anglampahi kanthi rampung.
21. Cupu Manik Asthagina:[26]
Cupu Manik Asthaguna.
Cupu: wadhah
Manik: sêsotya.
Astha: wolu
Gina: guna.
Têgêsipun cupu ingkang gadhah kadayan wolung prakawis.
22. Corahing akèh:
kasumêrêpan ing akathah.
23. Coba krama:
jajal ngoko.
Coba ngoko: cobi krama.
24. Cêcêgah:
ngirangi kasênêngan.
25. Cacak:
jajal, cobi.
26. Cintraka:
cintaka, sangsaya, sangsara.
27. Cluthak:
ugêr wontên patêdhan inggih dipun têdha.
28. Cablèk
nyablèk: anggêbag ngangge èpèk-èpèk kajawi sirah.
29. Cèwèt:
gèsèh, cawak.
30. Cênthok
kacênthok: katanggor.
31. Ceda:
cacad.
32. Campah, nyampahi:
maoni, nacad.
33. Candhak
I: cêkêl.
II nyandhak: ngrêtos dhatêng sarupining kajêng ingkang botên cumênga.
34. Caluthak:
doyanan.

--- [224] ---

Ra.

1. Rêmbugan:
golèk panêmu.
2. Rusuh:
botên têntrêm.
3. Rantas:
pêdhot babarpisan.
4. Ramon
I: srana ingkang dipun angge nglangi.
II. srana kangge cêpênganipun tiyang awon, kados ta: kècu, ingkang kathah anakipun ingkang gadhah griya, pêrlunipun manawi ingkang gadhah griya wau bêngok-bêngok anakipun dipun pêjahi.
5. Rumpi:
rasukan sajawining kotang salêbêting rasukan Jawi sarta tanpa lêngênan.
6. Rayat ng.Kra:
bojo ng
7. Rudatin:
prihatin.
8. Rob:
sagantên mindhak agêngipun, banjir.
Sob: sagantên suda agêngipun.
9. Rampak:
mèh sami, undha usuk.
10. Rungkad:
rêbah ngatutakên oyodipun.
11. Regol:
griya alit ingkang dados marginipun tiyang mlêbêt dhatêng pemahan.
12. Ripah:
sarwa kathah botên kêkirangan.
13. Rasamala:
namaning wit-witan.
14. Rajakaya:
kewan ingkang kathah paedahipun lan damêlipun: maesa, lêmbu, kapal.
15. Rajatatu:
kêtaton margi saking pandamêlipun tiyang sanès.
16. Rajawêrdi:
namaning rupi, inggih punika: biru laut.
17. Rudira KW:
rah.
18. Rungonên:
pangraosipun tansah mirêng.
19. Rapak:
tiyang èstri nêdha pêgat kalihan ingkang jalêr sarana nyuwun dhatêng khukum.
20. Rajapèni:
rajabrana, băndha ingkang èdi-èdi.
21. Rigên:
tata, sagêd nata.
22. Rampit:
kêpung.
Ngrampid nagari: ngêpang nagari.
23. Ruba:
pawèh ingkang wontên pangarahipun, kasaripun bêsêl.
24. Ranggon:
gubug inggil.
Gubug ingkang dipun dèkèk ing panging kêkajêngan.
25. Rupak:
botên jêmbar.
26. Rèwès
dirèwès: dipun praduli.

--- [225] ---

27. Ratêngan:
Lêlawuhan ingkang pangolahipun sarana kagorèng.
28. Rakus:
rêmên nênêdha lan nêdha saking kalerehanipun.
29. Reyal:
ringgit, kêton, anggris.
30. Rênggos:
karênggosan: mungêl rênggos-rênggos.
31. Rob:
sagantên mindhak agêng.
32. Ripah:
sarwa kathah botên kêkirangan.
Gêmah ripah: kathah tiyangipun sarta botên kêkirangan.
33. Rukti
ngrukti: ngupakara, utawi nata.
34. Rêbut
ngrêbut: nêdha kanthi pêksa.
35. Rapu
ngrêrapu: nglêlipur, ngarih-arih supados suda susahipun.
36. Rêpi
rêpèn, ngrêrêpi: rêngêng-rêngêng.
37. Rêga mati:
rêgi ingkang sampun botên sagêd ewah.
38. Rimuk
ngrimuk: mêndhêt manah sarana pitutur saking sakêdhik.
39. Rapu
ngrapu: ngarih-arih.

Ka.

1. Kacacak:
katanggor.
2. Kaliphah:
ratuning agami.
3. Kakênan ing galih:
kenging galihipun.
4. Kansêlir:
nayaka.
5. Kêkilapan:
botên sumêrêp.
6. Kêbêntêl:
kapèpèt, kapojok, botên sagêd ihtiyar malih.
7. Kuwagang:
kuwawa, kiyat.
8. Kamurahaning ati:
kalomaning manah.
9. Komisarising pulisi:
pangagênging pulisi, yèn tanah kajawèn bupati pulisi.
10. Khutbah:
nyariyosakên panguwaosipun Gusti Allah.
11. Krêpus
I: kopyah.
II: wuwungan ingkang dipun lepa.
12. Kadurjanan:
padamêlaning durjana.
Dur: awon, jana: tiyang.
13. Kampak:
kècu.
14. Kaduk:
langkung saking ing watês.
15. Kasusu:
kosokwangsulipun sarèh, sabar, ing

--- [226] ---

samubarang damêl.
16. Kacuwan:
botên kadhatêngan kajêngipun.
17. Kabêsturon:
supe ing sanès-sanèsipun, kapenakên.
Coperatte: padamêlanipun dhoktêr anjampèni sarana ngêmpakêkan dêdamêl.
Abres: sêsakit salêbêting badan ingkang abuh.
Colorouaren: sênggruk ingkang adamêl tilêmipun tiyang ingkang badhe dipun jampèni.
18. Kêtèmpêr:
klêngêr, botên èngêt purwa duksina.
Purwa: wetan. Duksina: kidul. Utara: lèr.
19. Kumandhang:
têtironing suwara, utawi suwara ingkang wangsul.
20. Komuk:
misuwur, kawarta, kondhang, kaloka, kasusra.
21. Kêturon:
tilêm botên dipun jarag.
22. Kêsukan Ki:
main.
23. Kasukan:
sênêng-sênêng utawi suka-suka.
24. Kêspur:
tosan utawi perak utawi nèkêl ingkang dipun angsalakên sêpatu kangge anggêbrag kapal.
25. Kaponthal-ponthal:
plajêng ingkang rakaos.
26. kapati-pati:
sangêt.
27. Kêmiri juru:
kêmiri ingkang pojokipun tiga.
28. Kêpati:
langkung sangêt.
29. Kadarman:
kasaenan.
Darma: sae.
30. Kêkês:
adhêm ingkang atêgês ngênês.
31. Kêtuju ing ati:
kasêdya ing manah.
32. Kluyuran:
mlampah mrika-mriki botên kantênan ingkang dipun sêja.
33. Klimpe:
botên kasumêrêpan.
34. Kêtliwêng:
mubêng nanging botên sumêrêp.
35. Kuwur:
andarêdhêg manahipun utawi paningalipun.
36. Kêparag:
kêtrajang, kêtêmpuh, kambah.
37. Kubur:
pêndhêmanipun tiyang satunggal.
38. Karawistha:
kranthil, rarênggan ingkang pating kranthil.
39. Karênggosan:
mungêl rênggos-rênggos.
40. Kisa:
wadhah ayam utawi kanggo ambrongsong năngka, ingkang dipun damêl blarak dipun anam mubêng.
41. Kudu:
bêcik, utawi prayogi dipun lampahi, botên dipun lampahi inggih botên [bo...]

--- [227] ---

[...tên] dados kalêpatanipun.
42. Kêris ligan:
dhuwung unusan.
43. Kunjaran:
gêdhong kangge ngunjara tiyang dosa.
44. Kilat:
êbyaring blêdhèg.
45. Kala:
jaman.
Pungkas kala: pungkasaning jaman, inggih punika kiyamat.
46. Kêncêng
I: lêncêng, bênêr, botên bengkong.
II: sampun botên gampil ewahipun.
III: botên kêndho.
47.
48. Kasunaran:
kasorotan.
49. Kusur:
pikir.
Tanpa kusur: tanpa pikiran.
50. Kăndha
I. criyos ingkang kenging dipun sêrati.
II. criyos gunêman.
51. Kèrêm:
kêlêming prau.
52. Kêmit:
sowan jagi.
53. Kêbrêbêgên:
mirêng suwara ingkang botên sênêng manahipun margi saking soranipun.
54. Kampita:
kagèt.
55. Kainan:
kirang pangatos-atosipun.
56. Kêsompok:
kêpojok, kêpèpèt, botên sagêd oncat.
57. Kapasang yoga:
kalêrêsan sangêt.
58. Katog:
botên sagêd mindhak malih.
59. Klakuan asor:
klakuan ingkang têbih dhatêng kautamèn.
60. Kasampêgan:
kasambadan, botên kêkirangan.
61. Klunthangan:
ugal-ugalan.
62. Katawan:
kaboyong.
63. Kawanguran:
konangan.
64. Karasa-rasa:
karaos sangêt.
65. Kabuncang:
kabucal katut ing angin.
66. Kabandhang:
dipun rêbat kabêkta mlajêng dening mêngsah.
67. Katulak:
kapêksa mundur margi karoban tandhing utawi papan.
68. Kaduwung:
gêtun dhatêng samukawis ingkang sampun dipun lampahi.
69. Kabutuhan:
samubarang ingkang pêrlu kangge ing tiyang gêsang.
70. Kaskaya:
ngamal ingkang mêdal saking anggènipun nyambut damêl piyambak.
71. Katampik:
botên dipun tampèni.

--- [228] ---

72. Kriya wacaka:
kriya + wacaka.
Kriya: padamêlan
Waca:[27] têrang.
Têmbung kriya wacaka: têmbung nama ingkang dipun têrangakên dening têmbung kriya, utawi têmbung nama ingkang mêdal saking têmbung kriya.
73. Kukub:
tutup.
Kukubane krajan Nèdêrlan: tanah ingkang dados bawahipun utawi panguwasanipun krajan Nèdêrlan.
74. Karana rila:
mêdal saking manah ingkang rila.
75. Karana Allah:
mêdal saking parentahing Allah.
76. Kacênthok:
katanggor.
77. Kacihna:
katăndha.
78. Kêthoh:
kêmproh, botên rêsikan.
79. Kojah:
cariyos.
80. Kalonthangan:
calunthangan, rêmên sêmbranan.
81. Kawasesa:
wontên ing salêbêting panguwaosipun
Èstri punika kawasesa ing kakung: tiyang èstri punika wontên ing salêbêting panguwaosipun tiyang jalêr.
82. Khosus:
sampun rujuk kalihan pamanggihipun tiyang kathah.
83. Khukum:
pathokanipun ngukum.
84. Kapara:
kabanjur.
Kapara kapere: ingkang panjang kêpanjangên, ingkang cêlak kacêlakên. Ingkang agêng kagêngên, ingkang alit kalitên. Enz.
Kapara kasêron: radi kasêron.
85. Kucêm:
pucêt, botên gumêbyar.
Kraton kucêm: kraton ingkang rêsah.
86. Kasinggihan:
drajad.
87. Kêkêr:
nam-naman ingkang kêrêp, dadosipun rapêt.
Ngêkêr: ngrapêti.
88. Kumingsun:
gumêdhe.
89. Kasangsayaning ngaurip:
kajêngipun: sarupining takdiring pangeran ingkang dipun sandhing ing awakipun ngantos botên sagêd ngupajiwa. Kados ta: tiyang lumpuh, picak, bisu, budhêg.
90. Kadarman:
kawêlasan, kasaenan.
91. Kalindhih:
kêndhih, pindhah saking panggenan margi panggenanipun dipun dunungi ing tiyang sanès.

--- [229] ---

92. Kaêla-êla:
kaeman-eman.
93. kandhah:
kasor.
94. kalêngki-lêngki:
gêgêndulên, kadêrêng: kapengin sangêt.
95. Kasurang-surang:
mrika-mriki utawi dhatêng pundi-pundi manggih botên sakeca.
96. Kusuh:
krusuk.
Kumusuh: kumrusuk.
97. Kasêlak:
ewahing têmbung: kasêla: kapêdhot ing bab utawi prakawis sanès.
98. Kasayadna:
kaawadna.
99. Karkating badan:
kêkiyatan utawi dayaning badan.
100. Kaèsi-èsi:
dipun êngis-êngis, dipun sêsakit manahipun, dipun wêwirang, dipun isin-isin.
Kaèsi-èsi KW: dipun siya-siya.
101. Katambuhan:
pangling.
102. Kranji:
kandhang, kurungan, ingkang dipun damêl kajêng utawi dêling.
103. Kanji:
ajrih, kapok.
Ngranji: ngajrih-ajrihi.
104. Kasinggihan:
lêrês sangêt.
105. Kasang:
cangklongan: kanthong, kêrga.
106. Kêmbul:
amor, tunggil.
Kêmbul nêdha: tunggil nêdha.
107. Kêmèng:
swara kêmèng: swara alit nanging cêtha.
108. Kêpu:
kandêl tumrap barang bundêr.
109. Kasinggihan:
lêrês sangêt.
110. Kalap
mati kalap: pêjah ingkang nyawanipun dipun pêndhêt ing lêlêmbat.
Mati kêlêm: pêjah kabalabak.
111. Kupi:
gopi, sopi, gêndul ingkang pêsagi kangge wadhah jênèwêr.
112. Kajat:
kajêng.
Nêkani kajat: andumugèni kajêngipun.
113. Kumpêni:
peranganing bataliyon.
114. Kêparat:
kenging musibat, kenging laknat, tiyang ingkang kenging godhaning setan, tiyang ingkang kasasar pikiripun.

--- [230] ---

Da.

1. Dinar:
yatra mas damêlan Inggris.
2. Darma:
sae.
Kadarman: kasaenan.
3. Digsura:
kurang ajar.
4. Dicuki:
dipun jarumi ngandhap nginggil ngantos katingal dados rêrênggan.
5. Dipundhi:
dipun èstokakên.
6. Diwahyakake:
dipun lairakên.
7. Dipaèlu:
dipun prêduli.
8. Durkrama:
klakuan awon.
9. Durcara:
dora cara: botên barès.
10. Durgama
saking: drigama, têgêsipun borang utawi taji.
Durgama: sampun ngangge dêdamêl (entar) dados yèn wontên cidraning mêngsah mitra sampun sadhiya.
11. Durniti:
klakuan awon.
12. Duryasa:
durniti, durkrama.
13. Diganjar gêdhang salirang:
dipun tabok.
14. Disampe:
dipun singkirakên sarana dipun gêbag ing tangan.
15. Dahwèn:
ngaruh-aruhi tiyang ingkang botên anggêpok awakipun.
16. Dur:
awon.
Durjana: tiyang awon.
17. Duksina:
kidul.
18. Dêrês:
kathah utawi sangêt.
19. Disauloni:
diwangsuli.
Nyauloni: ngrujuki.
20. Ditigas:
dipun pocok, dipun kêthok ngantos tugêl.
21. Dislamur:
dipun aling-alingi srana, dipun supe-supe srana.
22. Diirid:
dipun iringakên, dipun ajak lumampah sarêng.
23. Dirèwès:
dipun prêdulu[28].
24. Disigrak:
dipun dalakên rahipun.
25. Dina gêdhe:
dintên ingkang dipun mulyakakên jalaran wontên ingkang dipun têngêri, minăngka kangge pangemut-emut.
26. Dina panjênêngan:
dintên ing nalikanipun ratu jumênêng.
27. Dêdana:
wèwèh dhatêng tiyang miskin.

--- [231] ---

28. Dilimbang
I: dipun iling mrika-mriki.
II. timbang.
Nglimbang prakara: nimbang prakara.
29. Ditukup:
dipun dhatêngi ing wanci dalu botên ngangge suka sumêrêp rumiyin.
30. Disêrêmpêng:
dipun sêngka.
31. Dirgantara:
awang-awang.
32. Diwekani:
diprayitnani, dipun jagèni, dipun sujanani.
33. Darajat:
silah-silahipun, wijang-wijanganipun, pangkat-pangkatipun utawi kaluhuranipun satunggal-satunggaling tiyang.
34. Dongèng:
cariyos ingkang botên yêktos.
35. Daulat:
bêgja.
36. Diêngkoki dhewe:
dipun akêni piyambak.
37. Ditanggulang:
dipun wangsulakên.
38. Duraka
I: dosa dhatêng Gusti Allah.
II: do.
39. Dungkap
andungkap: nyandhak.

Ta.

1. Tarap
I: jèjèr-jèjèr.
II. krama inggilipun sukêr.
2. Tigas:
taksih enggal sarta dèrèng nate kangge.
Tigas kawuryan: sawêg sumêrêp punika, dèrèng nate sumêrêp.
3. Tatag:
botên uwas.
4. Tlawah:
bolong.
Tlawah ing pamakanan: bolonganing pamakanan.
5. Tra:
turun.
6. Tanpa kusur ing ujar:
ujaripun botên dipun manah.
7. Têmbe
I: sawêg sapisan.
II: buri utawi wêktu, besuk.
8. Taplak:
tafel laken.
9. Tuhu:
têmên.
Sêtya: mantêp.
Sêtya tuhu: mantêp sarta têmên.
10. Tarub:
griya wêwahan kangge tiyang gadhah damêl.
11. Tumampar:
sumamburat.
12. Tăndha yêkti:
butamal, baenat, nyina.

--- [232] ---

13. Tawon galodhog:
tawon madu: tawon dhowan.
14. Tala
I: griya tawon.
II KW: siti.
15. Tăndha mêlok:
tăndha ingkang cetha.
16. Tanjak:
jogèd.
Nanjak: anjogèd.
Lêlaku (sêkarat).
17. Talika:
têlik.
Nalika: nêlik.
18. Têmbung
I: jawap.
II: KI: camêthi.
19. Tiba:
purug.
20. Tênung
nênung: adamêl sakit utawi pêjah saking katêbihan.
21. Sawantahe:
sabarèsipun, blaka.
22. Talam:
lèngsèr, baki.
23. Tustha:
trustha: bingah, suka.
24. Sampêg
kasampêgan: kasêmbadan: kadumugèn.
25. Tunggal ati:
nunggil pamanggih, rujuk, rukun.
26. Têpis:
watês.
Têpis iring: têpis wiring, watês iringipun: pêpinggiring nagari.
27. Tukup
ditukup: dipun dhatêngi ing wanci dalu, botên ngangge suka sumêrêp rumiyin, limrahipun bètèng.
28. Taha:
Èwêd.
Tanpa taha: tanpa èwêd.
29. Têtuwa:
tiyang ingkang dipun anggêp utawi dipun damêl sêpuh.
30. Tanpa ingan:
tanpa watês, tanpa tandhing.
31. Tambuh:
pangling.
32. Taruh:
naruh: ngaruh-aruhi.
33. Trêcêl:
nrêcêl: kathah sarta kêrêp.
34. Tuju:
ênêr, sêdya.
Katuju ing ati: kasêdya ing manah.
35. Tliwêng:
kêtliwêng: mubêng nanging botên sumêrêp.
36. Tutuh
nutuh I: mêlèhakên ing lêpatipun.>br /> II. ngêthok.
37. Tingalan:
pilênggahan, pasamuan.
38. Tlondho:
sêmbrana, kêndho.
39. Tatal:
katatalan: kanyatahan, saksi ingkang sampun nyata.

--- [233] ---

40. Tatakrama:
kêdaling ilat, sêmuning ulat, êbahing jasat: sagêd milih têmbung, matrapakên ulat, matrapakên badanipun.
41. Tanggung
nanggung: sagah nyanggi lêpatipun satunggaling prajangjian.
42. Titig
nitigakên: nyuda.
43. Titir
nitir: mungêl kêrêp botên kèndêl-kèndêl.
44. Tulung
nulungi: ngêntasakên saking bêbaya ingkang katingal.
Mitulungi: kenging sarana wicantên utawi barang.
45. Tunu
kayu tunu: kajêng nang, kajêng obong.
46. Tawan
katawan: kacêpêng ing mêngsah.
47. Tumang:
lambening pawon.
48. Tawa
I: takèn sintên ingkang purun tumbas, utawi punapa purun tumbas.
II: ngrêgèni barang ingkang dipun sade.

Sa.

1. Suka:
sênêng.
Suka-suka: nglampahi ingkang adamêl sênênging manah.
2. Sangsaya:
sangsara, cintaka, cintraka.
3. Saya ngranuhi:
saya kraos.
4. Sekrêtaris
I: kantor panggenan sêratan.
II: juru sêratipun satunggaling pakêmpalan.
5. Sabawa:
swara.
6. Samudana:
sêngadi, kangge nutupi wadi ingkang dèrèng kawêdhar.
7. Salah măngsa:
botên kalêrêsan mangsanipun.
8. Sagotra:
sabăngsa.
Gotrah: băngsa.
9. Sawantahe:
blaka, sabarèsipun.
10. Sêsotya:
pêlikan ingkang mawi cahya (sanèsipun logam).
11. Sêngguh:
ngakên.
Sêngguh bisa: ngakên sagêd.
12. Sêtiwêl:
pangangge Walandi ingkang kangge nutupi clana wiwit saking sêpatu dumugi sangandhaping [sa...]

--- [234] ---

[...ngandhaping] dhêngkul supados botên rêgêd.
13. Seba:
marêg: ngadhêp tumrapipun tiyang èstri.
14. Sakèthèng:
korining kitha.
15.[29] Tunggal
tunggal ati: nunggil pamanggih, rukun, rujuk.
16. Têpis:
watês.
Têpis iring: têpis wiring: watês iringipun: pêpinggiring nagari.
17. Tukup
ditukup: dipun dhatêngi ing wanci dalu, botên ngangge suka sumêrêp rumiyin.
18. Taha:
èwêd. Tanpa taha: tanpa èwêd.
19. Têtuwa:
tiyang ingkang dipun anggêp utawi dipun damêl sêpuh.
20. Tanpa ingan:
tanpa watês, tanpa tandhing.
21. Tambuh:
pangling.
22. Taruh:
naruh: ngaruh-aruhi.
23. Sampêg:
kasampêgan: kasêmbadan, kadumugèn.
24. Sena:
pangajêng.
Senapati: pangajênging prentah.
25. Sapangarêpan:
wontên ing ngajêngan.
26. Sarah:
uwuh, sangkrah.
Sumarah: kados sarah, dados sampun manut kemawon.
27. Sawêngi natas:
sadalu wêtah.
28. Sadina dhêg:
sadintên wêtah.
29. Sakesuk jêpluk:
sakenjing wêtah.
30. Sasore bêndhe:
sasontên wêtah.
31. Sailab:
saêrêb, salilab, sairis ingkang agêng.
32. Saranduning awak:
badan sakojur.
33. Sukur ing Gusti Allah:
matur nuwun ing Gusti Allah.
34. Solahbawa:
solah tingkah.
35. Suka wilujêng kantun:
pamit.
36. Sarêbêt:
tumrap ing suwara utawi gănda.
37. Sarwi:
kangge anggandhèng lêlampahan kalih ingkang gêgandhengan.
38. Siwi
I: KW: putu.
II: seta.
39. Sudira:
purun, kêndêl.
40. Sarat:
srana.

--- [235] ---

41. Sidik:
sumêrêp sadèrèngipun.
42. Satya:
mantêp.
Satya tuhu: mantêp sarta têmên.
43. Samapta:
rumanti, sumadhiya, rampung.
44. Sajak:
cara, solah.
45. Sanggrak
disanggrak: dipun dalakên rahipun.
46. Sampurna:
tanpa cacad, botên kuciwa.
47. Sawab:
daya.
Sawabing êmas: dayaning êmas.
48. Sandi:
wadi.
Aksara sandi: aksara wadi.
49. Sipat:
kênthêng.
Disipati: dikênthêngi.
50. Sêsêcan:
sêsêtyan, sampun prajanjian ingkang mantêp, botên badhe ambalenjani.
51. Sêlir:
rakêt.
Prajurit sêsêliran: prajurit ingkang rinakêt, dados dipun cêlakakên ing ratu.
52. Suci:
rêsik saking ing dosa.
53. Sisip:
lêpat.
54. Sujana:
kathah wêwekanipun.
55. Sarat
I: srana.
II. mèh amblês.
56. Sanggar pamujan:
sanggar planggatan.
57. Sêmpulur:
sagêd tumindak.
58. Singasana:
singa + sana.
Singa: ratu
Sana: panggenan.
Singasana: pinarakaning ratu nalika sewaka.
: dhampar kêncana, punika wontên kalih, ingkang satunggal dipun lênggahi, ingkang satunggal kangge bancik sampeyan.
59. Sugun-sinugun:
gêntos ngurmati.
Sinugun-sugun: dipun aji-aji.
60. Singgih:
drajad.
Kasinggihan: drajad.
61. Suwignya:
pintêr sangêt.
62. Saos:
sadhiya.
63. Sisir:
pinggir.
64. Supêkêt:
rakêt.
65. Sêsambat nganyut-anyut:
sêsambat ingkang mêmêlas.
66. Sênêng:
saênêng, ingkang kèndêl manahipun, awit sampun nrimah botên ngăngsa-ăngsa. [ngăngsa-...]

--- [236] ---

[...ăngsa.]
67. Singêp:
tutup.
Sumingêp: katutupan.
68. Sarêmpêng:
sêngka.
Disarêmpêng: disêngka.
69. Sigun:
ewuh, rikuh.
70. Salisir:
gèsèh.
71. Salakirabi:
jêjodhohan.
72. Sapèni:
prajurit Inggris ingkang asalipun saking tanah Indhustan.
73. Sêndhêt:
botên sagêd gancang, botên rikat.
74. Songkrang-sangkring:
badan ingkang botên kiyat tansah badhe rêbah.
75. Sulaksana:
klakuan sae.
Laksana: lampah.
76. Subawa:
swara.
77. Sol:
rungkat.
78. Sob:
sagantên mindhak alit.
79. Sunar:
sorot.
Kasunaran: kasorotan.
80. Sănggarunggi:
botên pracados, botên ngandêl.
81. Sêrang:
trajang, têrak.

Wa.

1. Wêntala:
tahan.
2. Wod KW:
oyod, lajêr, woding pêpasthèn: mupus.
3. Wahya:
lair.
Diwahyakake: dipun lairakên.
4. Wayang:
gambar wayanganipun tiyang kina.
5. Wênang:
kêdah, kenging nglampahi.
6. wajib:
kêdah nglampahi, yèn botên anglampahi lêpat.
7. Woding susah:
lajêring susah.
8. Wuta:
ina paningal.
9. Waton:
pinggiring ambèn, wujudipun dêling.
Waton pasarean: pinggiring pasarean, wujudipun tosan.
10. Waspada:
pramana, pramanêm.
11. Waluya:
pulih, wangsul kados waunipun.
12. Wêkêl:
wutuh: botên gadhah sayah. Srêgêp, têmên.
13. Wanti-wanti:
rambah-rambah jalaran saking pêrlunipun.
14. Wantah:
barès.

--- [237] ---

Sawantahe: sabarèse.
15. Wignya:
sagêd kathah kawruhipun.
16. Wicaksana:
putus ing kawruh, pintêr sangêt.
17. Wêdi:
botên purun mêngsah utawi nyêlak sabab ambêbayani.
18. Wudhu
I: bubug, sampun botên wontên ingkang purun.
II: bêtah, cotho.
19. Wêkca:
wêdal, lair.
20. Wasesa:
kuwasa.
Kawasesa: ana ing sajroning kuwasane. Dados dipun punapak-punapakakên[30] inggih kalampahan.
21. Wantêr:
bantêring manah.
22. Wong lanang
I: semah.
II: kosokwangsulipun èstri.
23. Wali-wali:
kaping-kaping.
24. Wasir:
patih.
25. Wungu Ki:
mêlèk, tangi, nglilir.
26. Wêngku:
pikukuh.
Mêngku: nguwasani.
27. Wadal:
pajêjêg, tombok.
Wadal umur: tombok umur, umuripun kangge pajêjêg.
28. Wuru dawa:
tansah mêndêm.
29. Wangkid:
watês.
30. Wigih:
ewuh, rikuh.
31. Waspada, maspadakake:
anggênahakên paningal.
32. Wêling:
andumugèkakên sarana têmbungipun dipun titipakên.

La.

1. Lembak
lembak-lembak: katut ing ombak.
2. Lênguk-lênguk:
linggih botên kanthi punapa-punapa, sarta katingal ing sêmu manawi wontên ingkang dipun manah.
3. Lêbak:
lêlêdhok.
4. Lêlingsèn:
lakèn (tumrap sawêr).
5. Limpe
klimpe: botên kasumêrêpan.
Nglimpe: nyolong paningal.
6. Larab:
lèmèk buntêling cakathakan.
7. Laksana:
laku.
Sulaksana: klakuan sae.

--- [238] ---

Dilaksanani: dipun lampahi.
8. Lèngsèr:
mundur.
9. Lumèngsèr:
mlorod.
10. Lesus:
angin ingkang mubêng.
11. Lingsir
lingsir kulon: wanci luhur dumugi wanci asar.
Lingsir wetan: -
12. Loh jinawi:
kathah lèpèn-lèpènipun, dados mirah toya.
13. Lotèng:
griya tumumpang griya.
14. Lewa
lêlewa: adamêl solah tingkah supados dipun alêma.
15. Lali:
ora eling.
Lali purwa duksina: botên sumêrêp lèr kidul.
16. Lara kadadak:
sakit ingkang dhatêngipun sanalika, sakit ingkang ngagètakên.
17. Lantip:
landhêping manah.
18. Laha:
tanpa damêl.
Lahanan: botên wontên pêrlunipun.
19. Limpêg:
têlas kêkiyatanipun.
20. Lindhuk:
pêtêng margi kathah ingkang ngaling-alingi.
21. Lalawora:
tanpa têgês, botên wontên têgêsipun.
22. Lêmpêng:
lêncêng.
23. Lêmbah:
jêmbar.
Ati lêmbah: manah jêmbar: sabar, sugih pangapuntên.
24. Lêsni:
musni: murni: botên kamomoran, botên wontên sanèsipun malih.
25. Lesan
I: cangkêm.
II: ginêm.
26. Listya:
sae, langkung.
27. Liwar:
nyimpang saking margi ingkang lêrês.
Nalar liwar: nalar ingkang nyimpang saking margi ingkang lêrês.
28. Lêngki-lêngki
kalêngki-lêngki: gêgêndulên, kapidêrêng.
29. Lancar:
laju.
30. Lanjaran:
piring.
31. Limbang:
dilimbang: dipun iling mrika, dipun iling mriki.
32. Layap-layap:
kawontênan ing saantawisipun mêlèk kalihan tilêm.
33. Limêng
I: pêtêng.
Mêndhung lêlimêngên: mêndhung pêtêng.
Limêngan I: puyangan, mulêg.
II: limput, aling-aling.
Nglimêngi: nglimputi.

--- [239] ---

34. Lidhah:
kilat, thathit.
35. Lah dalah:
sambatipun tiyang ingkang manggih bêgja.
36. Langip:
cingkrang, mlarat.
37. Lêgawa:
rila.
38. Lumêr:
êmpuk sarta alus.
39. Liga
kêris ligan: dhuwung unusan.
40. Lêkas
I: wiwit.
II: pratingkah.
41. Lêpiyan:
tuladha.
42. Patih:
prentah, sabab saka.
42Lênthar
ngalênthar: kapintên margi kawon dipun pêrlokakên kalihan ingkang sanès.
43. Loba:
ngăngsa-ăngsa, murka.
44. Langgêng:
ajêg.
Jaman kalanggêngan: jaman ingkang sampun ajêg.
45. Lipur:
ical susahipun.
46. Lèmèrên:
botên gadhah kaantêpan.
47. Lêlinggar:
dolan-dolan, kêkesahan.
48. Lopak-lopak:
pêthèn ingkang dipun cêplok êmas.

Pa.

1. Pawong mitra:
ngakên mitra, kados mitra.
2. Pangupajiwa:
padamêlan ingkang pamêdalipun dipun têdha.
3. Puwara:
pungkasan.
Muwara: pungkasaning lèpèn.
4. Prabot
I: pirantos, barang ingkang pêrlu kangge.
II: barang rêrênggan.
5. Pênthèr:
padhang.
6. Parag
kêparag: kêtrajang, têtêmpuh, kambah.
7. Pêndhêm:
kuburan.
8. Paramarta (kêpara + marta):
sagêd ngadhêmi manahipun tiyang sanès.
9. Pukulun:
gusti. Kosokwangsulipun: ulun.
10. Pundhi
dipundhi: dipun èstokakên.
11. Prajaya
mrajaya: natoni.
12. Pidosa
midosa I: nganggêp dosa.
II: ngukum tiyang dosa.
13. Punghas:
pungkas.
Punghaskala: pungkasaning jaman.
14. Paèlu, dipaèlu:
dipun praduli.
15. Paido
maido: botên ngandêl.
16. Pancêr
mancêr: wontên ing têngah.

--- [240] ---

17. Prinding
badan mrinding: badanipun karaos kêri, margi saking ajrih utawi asrêp.
18. Pakolèh:
maedahi.
19. Pakantuk:
pakolèh: wontên angsalipun, dados migunani.
20. Palawija:
tanêman ing sabin ingkang dipun tanêm ing măngsa katiga kajawi pantun.
21. Puruhita:
maguru, anggêguru.
22. Pulêt
mulêt: anggubêd sarana badanipun.
23. Prentah:
kuwajibanipun punggawaning kapala nagari ingkang nyêpêng lêlêrêsan utawi pangadilan.
24. Pisuh
misuh: ngungêl-ungêli awon ingkang nyangking tiyang sêpuh.
25. Pujăngga:
tiyang ingkang sampurna kawruhipun ing bab kasusastran.
Pujăngga: puja + angga, puja: nênuwun ing Gusti Allah, angga: badan.
Pujăngga yèn tiyang Walandi: Professor.
26. Priyayi
rumiyin: tiyang ingkang băngsa luhur.
Sapunika: tiyang ingkang cêpêng damêl nagari ingkang wontên tandhanipun.
27. Pasamuan:
pakêmpalanipun tiyang kathah.
28. Pelo:
wicantên ingkang botên cêtha.
29. Purwa
I: wetan.
II: wiwitan.
30. Pêksa
I: ambêg, sêngguh.
II: jiyat.
31. Para
I: kêpara: dhêmên.
Para campahan: rêmên nyampahi.
II. asor.
Sêga para: sêkul ingkang asor.
III: bagi utawi dum
IV: mu, raka para: rakamu.
V: kêparak.
Para gusti: kêkarak[31] gusti.
Para nyai: kêparaknyai.
Kêparak: tukang marak
Marak: ngadhêp tumrapipun printun[32] èstri.
32. Pacuh
pêpacuh: pêpacak, wêwalêr, awisan.
33. Pati
kapati I: sangêt.
II: ratu, bupati: ratuning bumi.
III: prentah. Senapati: pangajênging prentah.
IV: kosokwangsulipun gêsang.
34. Pènsiyun:
têdha sasampunipun nganggur, margi nalika cêpêng damêl katrimah.

--- [241] ---

35. Pratela:
suka sumêrêp.
36. Pratelan:
katrangan.
37. Panggung
dipanggung: disimping (Ng).
38. Pra:
para.
Prajurit: parajurit, para pêrang.
39. Panggaotan:
padamêlan ingkang ngêdalakên pangupajiwa.
40. Pêthêl:
wêkêl, rêmên nyambut damêl.
41. palakirna:
wowohan ingkang muphangati.
Karang kirna: wit-witan agêng ingkang wohipun satahun sapisan.
42. Prigêl:
trampil, wasis nandangi.
43. Pabarisan:
paprangan.
44. Paprangan:
payudan, palagan, palugon, pabaratan, laranggana[33].
45. Puji
I: panuwun ing pangeran.
II: alêm.
46. Pandirangan:
ningali mrika-mriki.
47. Pripean:
somah utawi sadhèrèking ipe.
48. Pasiyar:
bêsiar, amêng-amêng nitih titihan.
49. Pêpara:
tindak dhatêng sanès nagari.
50. Pangeram-eram:
punapa-punapa ingkang ngeramakên.
51. Panjurung:
pawèwèh dhatêng tiyang kasusahan.
52. Patih:
prentah, sabab sakathahing prentahing ratu sadaya, dhatêng patih.
53. Pakir:
tiyang ingkang mungkul dhatêng agami, ngupados kawilujênganing badanipun ing ngakerat, botên mikir dhatêng kadonyan.
54. Pêpali:
awisanipun tiyang sêpuh-sêpuh utawi tiyang ingkang misuwur-misuwur.
55. Pepe:
nyuwun adil.
56. Prajurit sêsêliran:
prajurit ingkang rinakêt, dados dipun cêlakakên kalihan panjênênganipun ratu.
: Liefwaah lijproachl.
57. Panèn gadhu:
panèn ing măngsa katiga.
58. Panganjabe:
sêdyane, kajêngipun
59. Pasraman:
pamujan, pratapan.
60. Paus Paus:
pangagênging tiyang agami Ngisa, sajagad namung satungal, adêdalêm ing Roome (Italie).
61. Punggêl:
tugêl.
62. Pambirat:
pambucal, sarana ingkang kangge ambucal.
63. Pindi:
ênêt, pêksa.
Mindi budi: ngênêtakên budi, mêksa budi.
64. Paseban:
sakathahing griya ingkang kangge caos.
65. Punagi:
kaul, nadar.

--- [242] ---

66. pêpulih
I: malês.
II: wangsul kados waunipun.
67. Pluntu:
tampar.
Pêpuntoning nalar: kêkênthêlaning nalar.
68. Pambêlah:
stuurman. Tukang nglampahakên baita.
69. Puwa-puwa:
murka.
Arda: sangêt.
Arda puwa-puwa: murka sangêt.
70. Pail:
oncat.
71. Pailan:
koncatan rêjêki.
72. Preman:
partikêlir.
Lănda preman: Walandi partikêlir.
73. Princi
mrinci: miyambak-miyambakakên.
74. Punjungan:
caosan.
75. Platon
I: peranganing Kumpêni (sakaptin).

Dha.

1. Dhêdhêmitan
laku dhêdhêmitan: lampah ingkang rêmpit sangêt.
2. Dhagan:
panggenan suku.
3. Dhamang:
têrang.
4. Dhiyang:
garang.
Padhiyang: badhiyang: panggarangan.
5. Dhasar
I: pancèn II: peranganing ngandhap punapa-punapa ingkang kangge wadhah.

Ja.

1. Juragan:
sudagar agêng ingkang dipun kilaki sudagar sanès sarta sarwa kathah.
2. Jurang:
tanah ingkang lêbêt.
3. Jênjêm:
sampun botên goroh.
4. Jaman kalanggêngan:
jaman ingkang sampun ajêg: jaman akir.
: jaman kailangan.
5. Jaman kailangan:
jamanipun tiyang ingkang sampun sami ical saking donya.
6. Jinawi:
janawi: jahnawi: bêngawan.
Loh jinawi: kathah lèpèn-lèpènipun dados mirah toya.

--- [243] ---

7. Jalawe:
Jaha sakulitipun.
8. Jakêling:
kulit jaha.
9. Jaka lodra:
namining têtingalan.
10. Jaga:
ngrêksa bokmanawi wontên bêbaya.
11. Jaga-jaga:
sadhiya.
12. Julig:
kathah akalipun awon.
13. Jêngandika:
ijêngandika, kanggê nyêbutakên sanak sadhèrèkipun ingkang dipun ajak ginêman ingkang kaprênah sêpuh, lintunipun sampeyan.
14. Jêglong:
anjêglongake: nglêbêtakên dhatêng jêgongan.
15. Juru nujum:
dhukun metangi.
16. Jana:
tiyang.
Durjana: tiyang awon.
17. Juru:
pojok.
18. Juru basa:
tukang nêgêsi basa.
19. Juru gêdhong:
gêdhong: abdining ratu utawi priyantun luhur ingkang nyêpêng kabêtahanipun ratu utawi priyantun wau.
20. Jurit:
pêrang.
21. Jompo:
sampun botên sagêd nyambut damêl malih margi sampun sêpuh.
22. Jirih:
wêdèn.
23. Jisim:
tiyang ingkang sampun ical nyawanipun.
24. Juru tênung:
tukang nênung.
25. Jêmbêr:
rêgêd ingkang ngêmu toya sarta anjijihi[34].
26. Jasad:
awak, badan wadhag.
27. Jaja
I: idêr mrika-mrika ingkang dipun idêrakên panganan.
II KW: dhadha.
28. Jaran gilap:
kapal ingkang kagetan.
29. Jaran singgêt:
kapal ingkang manawi sumêrêp enggok-enggokan, kêdah badhe menggok.
30. Juluk KI:
aran.
31. Jontrot:
pikat, ingkang dipun angge masangi.
32. Jimat:
barang ingkang dipun simpên margi dipun arah sawabipun.
33. Jugul:
bodho, busuk.
34. Jirêt
jêjirêt: samubarang ingkang kangge anjirêt.
35. Jiadan:
kanthi dipun pêksa.
Yakin: têrang

--- [244] ---

Nya.

1. Nyêlêt:
narik wangsul, nyêlêt basa: cidra.
Nyêlêr: mêndhêt alon-lonan sarana nglimpe tiyang ingkang gadhah, ingkang ngangge, utawi ingkang nyandhing barang wau.
2. Nyampahi:
maoni, nacad.
3. Nylimpêt:
kesah andhêlik sarana angon ulat.
4. Nyêrang:
nrajang, nêrak.

Ma.

1. Marma:
wêlas.
2. Mayar:
suda rêkaosipun.
3. Muwara:
pungkasaning lèpèn.
4. Mêntas
I: sawêg.
II: minggah saking toya dhatêng dharatan.
III: sampun gêgriya.
IV. luwar saking pakèwêt.
5. Mêngayao:
ngêthok guluning tiyang piyambakan kanthi dhêdhêmitan.
6. Mêngasan:
ngêthok guluning tiyang sêsarêngan kalihan tiyang kathah.
7. Mrajaya:
natoni.
8. Midosa
I: nganggêp dosa.
II: ngukum tiyang dosa.
9. Mancêr:
wontên ing têngah.
10. Marta:
asrêp.
11. Mulêt:
anggubêb[35], sarana badanipun ingkang dipun angge mulêt.
12. Mirukun:
mutusi prakawis ingkang botên minggah ing lêlêrêsan.
13. Mangun:
nglampahi.
14. Misuh:
ngungêl-ungêli ingkang nyangkang[36] tiyang sêpuh.
15. Maoni:
nacad.
16. Metangi:
madosi bêgja cilakanipun tiyang ingkang dèrèng klampahanya[37].
17. Mintêri:
ngakali, ngapusi.
: ambodhoni.
18. Milalu:
milih.
19. Mitra:
têtêpangan ingkang sampun sae, sarta tumut susah yèn manggih susah, tumut bingah manawi manggih kabêgjan, punapadene tansah anjagi dhatêng kawilujênganipun.
20. Maklum:
ngapura.
21. Marsêkalêk:
senapatining pêrang dharatan lan pêrang lautan. [lauta...]

--- [245] ---

[...n.]
22. Madhaharan:
juru olah-olahipun băngsa luhur.
23. Măngsa
I: wêktu.
II: nêdha bangsanipun piyambak (kewan galak).
III: mokal, elok, masthi botên.
24. Midêr:
mubêng.
25. Mungkir:
botên ngakên.
26. Ministêr:
satunggaling priyantun Walandi ingkang tumut angrêmbag ruwêt rêntênging nagari, saminipun yèn tiyang Jawi bupati nayaka. Yèn ing tanah Jawi Directeuring Depaartement.
27. Mulasara:
ngopèni, adamêl sae.
28. Micara:
sagêd gunêman.
29. Mêngku:
nguwasani.
30. Mujèkake:
nyuwunakên dhatêng pangeran.
31. Măntra
I: japa, donga.
II: ungêl-ungêlan ingkang kangge andhatêngakên kasêktèn.
Matêk măntra: ngungêlakên măntra.
32. Manik:
sêsotya (sarupining pêlikan ingkang mawi cahya gumêbyar kajawi metal).
33. Mrinci:
miyambak-miyambakakên.
34. mêndhêt manah:
mêndhêt sihipun.
35. Munjung:
nyaosi.
36. Munggut:
ngatingal nanging namung cangkêmipun kemawon.
37. Milalu:
milih.
38. Malêri:
ngawisi.
39. Maspadakake:
ngawasakên.
40. Munasika:
ngarubiru, damêl piawon dhatêng tiyang ingkang botên punapa-punapa kalihan piyambakipun.
41. Mari
I: luwar saking sakit.
II: sampun botên anglampahi malih.
42. Mênggêp:
mungguh, pantês.
43. Mindi budi:
mêksa budi, nêtêpakên budi.
44. Mujadahi:
mênggak, nyandhêt.
45. Măngga:
têgêl.
46. Mêluk KW:
ngrangkul.
47. Mêmpên:
botên kesah-kesah, tansah wontên ing griya kemawon.
48. Majad:
patut, limrah.
49. Milaur
I: milih.
II: ngopèni.
50. Mluntu:
nampar.

--- [246] ---

51. Manggung:
anggung: tansah.
52. Musakat:
kasrakat, sangsara.
53. Mêsakake:
adamêl dhêkoking manahipun tiyang ingkang ningali.
54. Mêpêg:
pêpak wulunipun.
55. Misrama:
mirasa.
56. Mursid:
tiyang ingkang têmên-têmên anglampahi saraking agami.
57. Mimba
I: mêdal.
KW. II: mèmpêr.
58. Minthuk-minthuk:
lêma.
Inthuk: lêma.
59. Mursal:
kosokwangsulipun: mursid.
60. Wingit:
kèndêl ngajrihi.
61. Mijah:
ulam dhatêng sêsarêngan (yèn mangsanipun badhe nigan).
Wijah: bingah, suka.
62. Mêjani, wêjani:
tindhih: epahing dhukun.
63. Mulung:
mêndhêt saking nginggil.

Ga.

1. Gugup:
manahipun kêsêsa.
2. Gêtêr:
ebah-ebah margi ajrih, utawi kagèt.
3. Gasik:
rêsik sarta garing.
4. Gawok:
eram, gumun.
5. Gancar:
cêkak.
6. Giras:
kêsit.
7. Grêng:
gêrêng.
Alas grêng: wana gêrêng, wana ingkang kathah kewanipun galak.
8. Gêlak
digêlak: dipun rikatakên.
9. Gronggong
anggronggong: botên rapêt.
10. Gêblas
anggêblas: kesah ingkang rikat.
11. Gêtun
I: eram.
II: kaduwung.
12. Gêmah:
kathah tiyangipun.
Gêmah ripah: kathah tiyangipun sarta botên kêkirangan.
Gêmah arja: kathah tiyangipun sarta têntrêm.
13. Gêdhang salirang:
wanguning griya ingkang êmpyakipun satunggal.

--- [247] ---

Diganjar gêdhang salirang: dipun tabok.
14. Grahita:
kintên.
Anggrahita: ngintên.
15. Gajah ngidak rapah:
tiyang ingkang botên nêtêpi utawi nêrak anggêripun piyambak.
16. Gila:
botên tahan ningali.
17. Gêndhung:
umuk.
18. Gaot
anggaota: nyambut damêl ingkang ngêdalakên pangupajiwa.
19. Gêdobrol
anggadobrol: umuk.
20. Gêndhing
I: rekadaya.
II: laguning gamêlan.
III: sambêtaning pupu kalihan dhadha mênthok.
21. Gênting:
mênggik.
22. Gotrah utawa gotra:
băngsa.
Sagotrah: sabăngsa.
23. Giwang:
ewah.
Anggiwangake: ngowahakên.
24. Gogontuhon:
mituhu sarta anggêga dhatêng samubarang ingkang elok-elok, ingkang botên pinanggih ing nalar.
25. Geyèng-geyong:[38]
ebahing barang ingkang gumantung.
26. Grênêngan:
grundêlan, tiyang ingkang badhe nêsu nanging ajrih.
Grênêng: suwara ingkang botên patos têrang.
27. Gèsèh:
botên cocog, botên rujuk.
28. Gowok:
awon-awonan.
29. Groyok:
wicantên kasêsa botên sagêd rikat.
30. Gêmi:
rêmên ngopèni utawi ngeman bandhanipun ingkang rèmèh-rèmèh, nanging yèn pêrlu botên eman anggènipun ngêculakên.
31. Gêdêr:
rame.
32. Gapuk:
sampun dados êmpuk.
33. Gowok:
growongan.
34. Gidhuh:
bingung, ribêd.
Anggêgidhu: ambingungi, angribêdi.
35. Gutuk:
balang.
Anggutuk I: ambalang.
II: tumbas cacahing barang sami kalihan cacahing yatranipun.
36. Giwang, kêgiwang:
onya.
37. Guna:
pintêr.
Guna sarana: sugih sarana.
38. Grècèk
anggrècèk: rêmên ginêman, rêmên ngajak gêgujêngan. [gêgujêng...]

--- [248] ---

[...an.]
39. Glawat
angglawat: ngebahakên tangan utawi suku.
40. Guwaya:
cahyaning rai utawi polatan.
Guwaya cêlong: guwayanipun kalong.
41. Gagah
anggagahi: ngukuhi.
42. Gragas
anggragas: punapa-punapa doyan, sanajan têtêdhan ingkang botên patut inggih doyan.
43. Granyah
anggranyah: tansah ngangah-angah dhatêng têdha.
44. Granat:
mimis ingkang sagêd mungêl malih.
45. Gêntho:
tiyang ingkang klakuanipun rêmên nyênyolong.
46. Gêmêt:
têlas babar pisan dalasan ingkang alit-alit.
Kagêmêtên: kaslêsihên.

Ba.

1. Bagas:
rosa.
2. Brana
I: amal, băndha.
II KW: tatu.
3. Bambing:
anggawing, gampil jugrugipun.
4. Briga-brigi:
solah ingkang ngajrihi margi nêpsu.
5. Bela:
tumut anglampahi kasusahan.
6. Balarongan:
ambêt ingkang botên eca sarta ngămbra-ămbra.
7. Banggi
ubanggi: janji.
8. Baludag
ambaludag: lubèr.
9. Blêthok:
siti jêmèk.
10. Bathu:
kêmbulan, nêdha sêsarêngan nunggil saajang.
11. Bliyar-bliyur:
dèrèng tangi sayêktos.
12. Bathon:
sarêngan nyambut damêl nunggil pawitan.
13. Busuk:
bodho sangêt.
14. Busêkan:
arungan.
Lagi arungan gawe: sawêg kathah padamêlan.
15. Budi luhur:
budi utawi pambêkan ingkang pantês kagêm băngsa luhur.
16. Bêngêp:
rai ingkang kandêl rupinipun abrit utawi [uta...]

--- [249] ---

[...wi] sêmu cêmêng.
17. Bau
I: tangan salêngênipun pisan.
II: padamêlanipun tiyang satunggal.
Sabau: cêkap dipun garap tiyang satunggal, cêkap dipun winihi 5 gèdhèng.
Padamêlan bausuku: padamêlan angkat junjung.
18. Bandara:
sêbutanipun băngsa luhur, nanging ingkang nyêbut tiyang alit.
19. Budi
I: pambêkan, watêk.
II: akal.
III. polah.
20. Barliyan:
intên ing gosokanipun ngandhap nginggil.
21. Banyol
bêbanyolan: ambadhut: damêl gujênging tiyang: lucon.
22. Bubug:
wudhu, sampun botên wontên ingkang purun.
23. Butuh:
punapa-punapa ingkang pêrlu kangge.
24. Bêntêl:
kêbêntêl: kêpèpèt, kêpojok.
25. Budidaya:
rekadaya, akal.
26. Bage:
bageya, bagya, bêgja.
27. Bêbuka:
pambuka, wiwitan ingkang kangge ambuka punapa pêrlunipun.
28. Blănja:
tumbas bêtahing pawon.
29. Bara:
ngumbara.
Bara nyambut gawe: ngumbara pados padamêlan.
30. Biting
I: bètèng, pagêr ingkang santosa.
II: pikêkahing wungkusan.
31. Buncang
kabuncang: kabucal katut ing angin.
32. Bandhang
kabandhang: dipun rêbat kabêkta mlajêng dening mêngsah.
33. Bêsiar:
amêng-amêng, kalimrahanipun nitih titihan.
34. Bancana
I: pakèwêd.
II: godha.
35. Budinên:
pikirên.
36. Bèr:
langkung saking masthinipun.
37. Bupati:
mangku parentah.
38. Babu:
biyung.
Bapa babu: sêsêpuh.
39. Budhak:
rencang.
40. Birat:
ical.
41. Bagawan:
pandhita băngsa luhur.
42. Bandhol:
ugal-ugalan.
43. Brahmana:
pandhita sabrang.
44. Bojana:
bingah-bingah dhahar eca.

--- [250] ---

45. Bangsal kancana:
pandhapaning kadhaton.
46. Blabur:
banjir.
47. Bèr pamicara:
sugih pamicara, tiyang ingkang micara.
48. Bèncèng:
mèncèng.
49. Barkat:
sawab, mupangat (paedah ingkang mêdalipun botên cêtha).
50. Bocah liwar:
lare ingkang botên angsal pamarsudi sae.
51. Bosên
I: sampun botên rêmên margi kêkathahên.
II: jêlèh (walèh Madioen)
52. Blatèr:
sagêd ngêmori sarupining tiyang ( sagêd angguyubi sintên-sintêna ing kabingahan).
53. Bêbolèh:
pitutur kathah-kathah kangge ngêndhokakên pikajênganipun tiyang ingkang badhe majêng, utawi kangge ngajokakên manahipun tiyang ingkang mundur utawi mogok.
54. Brêngkolo:
brêngkunung, bêgêdut, wangkal.
55. Bêburukan:
mêmangsan.
Buruk KW: bosok.
56. Baukapine:
sanak utawi akrab ingkang kapilih.
Kapine: kapilih.
57. Bènèh:
gèsèh, beda.
58. Bêngkring:
kêra sarta sêsakitên, limrahipun mêngi.

Nga.[39]

1. Ngupajiwa:
nyambut damêl ingkang pamêdalipun dipun têdha.
2. Ngongkang sagara:
ngajêngakên sagantên.
3. Ngrompyoh:
ngêron poh: kadosdene roning poh.
4. Ngrukubi:
nutupi rapêt.
5. Ngandhar:
nyariyosakên sadaya sarta slêsih.
6. Ngapuntên
I: kula nêdha ngapuntên.
II. Botên sumêrêp.
7. Ngulat-ulati:
ningali sarta anjagi.
8. Ngrontagakên:
ngebahakên.
9. Ngrêbut:
nêdha kanthi pêksa.
10. Ngêdêgi
I: nênggani.

--- [251] ---

II. Ng: anjênêngi KI.
11. Ngonjot:
nêdha salampahan malih.
Saonjotan: salampahan.
12. Ngungun
I: gêtun.
II: eram.
13. Ngikêt:
nganggit, ngarang.
Ngikêt galih: manah.
14. Ngêmban timbalan:
ambêkta dhawuh, mundhi dhawuh.
15. Ngirit:
ngiring, nyarêngi lumampah.
16. Nguwuh:
ngundang ingkang sora.
17. Ngajab:
mujèkakên.
18. Ngungsi:
murugi panggenan ingkang santosa.
Ngungsèkake: ambêkta dhatêng panggenan ingkang santosa.
19. Nganyut tuwuh:
mêjahi awakipun piyambak.
20. Ngumuk-umukake:
nyariyosakên kanthi dipun wêwahi supados dipun andêl.
21. Ngrêsula:
botên nrimah margi kacuwan kajêngipun.
22. Ngrêrapu:
nglêlipur, ngarih-arih. Supados suda susahipun.
23. Ngaya:
nyêngka, sampun botên sagêd mindhak malih.
24. Nglaha:
botên angsal damêl.
25. Ngêlirakên:
damêl kapintên.
26. Ngrantêg:
rame sarta botên kèndêl-kèndêl.
27. Ngathipêng:
wujuding plajêng (mlajêng ingkang rikat sangêt).
28. Ngrujuk:
ambangsuli semah ingkang sampun dipun pêgat nanging taksih wontên ing salêbêtipun idah.
29. Ngayoni
I: nandhingi.
II: nyobi.
30. Ngêtab:
anggêbrag, ngrekatakên.
31. Ngrêrêpi (rêpèn):
rêngêng-rêngêng.
32. Ngêbroki:
ngênggèni sêsarêngan kalihan tiyang kathah.
33. Ngarang:
uwit pêjah sêpuh nanging dèrèng rêbah.
34. Ngurat[40]:
kewan pêjah sêpuh.
35. Ngrukti:
nata.
36. Ngaurip:
tiyang gêsang.
37. Nguntapake:
andumugèkakên.
Nguntapake pati: andumugèkakên pêjah.
38. Ngrênggani:
ngênggèni (nanging kêdah dados rêrêngganipun).
39. Ngiwut:
sacandhakipun.
40. Ngabotohan:
nglampahi padamêlan ingkang ngangge dipun totohi.

--- [252] ---

41. Ngrèwès:
mrêduli sanjanging tiyang.
42. Ngatasake:
nêrangakên (kêdah manginggil).
43. Ngèlmu wirasat:
kangge nitik kalakuanipun tiyang katitik saking wujudipun.
44. Ngèlmu katuranggan:
kangge nitik awon saening kewan katitik saking wujudipun.
45. Ngêgungakên budi arubiru:
rêmên sangêt ngarubiru, mrêlokakên sangêt dhatêng budi arubiru.
46. Ngêsah:
sambat.
47. Nglênthar:
kapintên margi kawon dipun pêrlokakên kalihan sanèsipun.
48. Ngrawus:
nguwus-uwus, ngungêl-ungêli ingkang botên sakeca.
49. Nguyu-uyu:
nabuh gamêlan nanging botên dipun damêl nayub.
50. Ngêkêr:
ngrapêti.
Kêkêr: nam-naman ingkang kêrêp, dadosipun rapêt.
51. Ngêbang:
nyagahi ganjaran dhatêng tiyang ingkang nglêgani panêdhanipun.
52. Nganyut-anyut:
adamêl kèlining kawêlasan.
Sambat nganyut-anyut: sambat ingkang mêmêlas.
53. Ngandika pêpiringan:
ngandika ingkang miring, pangandika pasêmon.
54. Nglimbang:
nimbang.
Nglimbang prakara: nimbang prakawis.
55. Nglimêngi:
nglimputi.
Limêng: limput, aling-aling.
56. Ngawat-awati:
ningali saking katêbihan.
Anjangkung: ningali saking nginggil.
57. Nguman-uman:
ngundhat-undhat, ngolok-olok, srêngên ing sanès ngangge nyangking kalêpatanipun ingkang sampun-sampun.
58. Ngranji:
kranji: kandhang, kurungan ingkang dipun damêl kajêng utawi dêling.
Ngranji - kanji: ngajrih-ajrihi, nêdahakên kuwaosipun.
58. Ngulat-ulat:
nêningali ngiwa nêngên.
59. Ngêngrêng:
singêr, kèndêl nanging ngajrihi.
60. Nglimpe:
colong lampah.
61. Ngrimuk:
mêndhêt manah sarana pitutur saking sakêdhik.
62. Ngrapu:
ngarih-arih.
Pangeran putra:
pangeran turun sapisan (putraning ratu).
Pangeran sêntana:
pangeran turun kaping kalih utawi langkung.
Gusti timur utawi radèn mas gusti,
putranipun ingkang sinuhun kakung miyos saking garwa ngajêng nalika taksih timur.

--- [253] ---

Manawi sampun jumênêng ingkang sêpuh nama: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ingkang nèm nama: kangjêng gusti.
Radèn mas:
putranipun ingkang sinuhun miyos saking wingking ingkang miyos kakung nalika taksih timur, yèn sampun jumênêng nama: kangjêng pangeran.
Radèn ayu:
putranipun ingkang sinuhun putri miyos saking ngajêng, yèn sampun krama nama ratu sêpuh piyambak.
Radèn ajêng:
putra putri miyos saking wingking, yèn sampun krama nama: ratu alit utawi ratu anggèr. Samantên punika manawi wontên karsa dalêm, dene manawi botên kaganjar ugi nama radèn ayu.
Putra dalêm ingkang sinuhun saking wingking miyos putri ugi nama: radèn ajêng, manawi sampun krama anama: radèn ayu.

Tulisan kang tumrap ing Barang

1. Indu
tulisan kang tumrap ing êmas.
2. Reka
tulisan kang tumrap ing watu.
3. Wariwe
tulisan kang tumrap ing salaka.
4. Wolas
tulisan kang tumrap ing pênjalin.
5. Gurita
tulisan kang tumrap ing wêsi.

Wong asor iku wong kang ora kaandêl pasêksène marga saka nistha panggaotane, kaya ta:

Abolêrêng
wong gawe arêng.
Abêbês
wong gawe êdom.
Angurut
wong gawe kawat.
Anggêndhing
wong gawe gong.
Anggênjong
wong gawe sayang
Anggalanthang
wong gawe grabah.
Anggêdhig
pandhe.
Cukit
wong adol trasi.
Kurakah
jagal.
Kumbah
tukang masuh.

--- [254] ---

Dulit
tukang adol ênjêt.
Muntrêng
tukang mêdêl.
Marakèh
kundhi.
Malêrêng
tukang mêlik.
Brangke
blantik.

Kang irêng pindha arêraton, kaya gagak arêbut mangsan.

Kang abang pindha wana katunu. Kang rêkta pindha giri pawaka, kang abang pindha kêmbang palasa.

Kang kuning kaya podhang arêraton.

Kang putih kaya kuntul anêba.

Kang ijo kaya bèthèt sayuta.

Watêk Nagara

1. Umuk Sala
2. Kroyok Pathi
3. Surak Dêmak
4. Sida Palar
5. Gègèr Pedan
6. Bujuk Mataram
7. Bajag Sampang
8. Grêtak Samarang
9. Kere Tuntang

Araning Jaman

1. Jaman kukila, têgêse manuk, dhèk samana wong isih kaya manuk.

2. Buda, nganggo agama Buda, sarengate Bathara Guru.

3. Rodha, utawa Budawaka, nganggo agama Buda, sarengate Bathara Endra, nagarane ing Mendhangkamulan utawa ing Gilingwêsi.

4. Tirta, jaman banyu, pulo Jawa kêna ing banjir, pêcah dadi supitan Sundha, pisah lan pulo Sumatra, kang jumênêng ratu Radèn Pakukuhan, ajêjuluk Prabu Kaswa, nagarane ing Mêndhangkamulan, êngêlih[41] aran Purwacarita.

5. Rêbata: urang, sirnane banjir ing pulo Jawa akèh sêndhang, pancuran, sarta umbul, kang jumênêng nata Prabu Basurata ing Wiratha.

6. Rêbawa: sêbawa (rame), kang jumênêng nata Prabu Basukèsthi ing Wiratha.

7. Purwa, purwane têdhak brama jumênêng ratu, ajêjuluk [ajêjulu...]

--- [255] ---

[...k] Prabu Palasara ing Gajahoya, iya ing Ngastina.

8. Pănca korala, pănca: lima, korala: korawa, jamane korawa lan pandhawa.

9. Kêrta, nganggo agama Pakungan, sarengate Bathara Wisnu, nanging isih Buda, kang jumênêng nata Prabu Jayabaya ing Kadhiri.

10. Dupara: mokhal, kaya ta: Ratu Baka ing Prambanan sabên dina mangan uwong.

11. Madya, umure tanah Jawa lagi satêngah, kang jumênêng nata Ajisaka, jêjuluk Prabu Widayaka, ing Mêndhangkamulan.

12. Têtêka, kang jumênêng ratu Prabu Tejaningrat ing Majapahit kuna, ngadêgake sayêmbara putrine, akèh para raja padha têka.

13. Andêrpati Kalawisesa, andêrpati: matèkake raga, kalawisesa: wiwitan susah wêkasan bungah, iya iku jumênênge ratu Radèn Kudalalean, ing Pajajaran.

14. Srikaya rajapati dewaraja, srikaya: ratu jumênêng sajrone kasusahan, yaiku Radèn Sêsuruh, rajapati: ratu jinunjung dening ratu, iku Radèn Hayamwuruk, dewaraja: ratu binathara, iya iku prabu Brawijaya wêkasan, ing Majapahit.

15 Kalawisaya adipati, kalawisaya: jumênêng ratu ênggone ngrêbut, iya iku jumênênge Radèn Patah, adipati: mranata, jumênênge Sunan Giri Parapèn, kasêbut Ratu Têtunggul, mung mranata agama.

16. Kalajăngga: ratu bodho, jumênênge Sultan Pajang, ora karsa nanêlukake.

17. Kalasêti: ratu prawira, jumênênge Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, ing Mataram.

18. Kalisangara: kalibanjir, utawa papa dadi mulya jumênênge Sinuhun Mangkurat Sondhangrowang ing Kartasura.

19. Kuthila: kêthèk, jaman Surakarta wong dhêmên rêrêbutan kaya kêthèk.

--- [256] ---

Candraning Măngsa

1. Kasa kartika
sotya murca saking êmbanan, mangsane gêgodhongan padha gogrog, kêkayon padha pruthul.
2. Karo pusa
bantala rêngka, mangsane lêmah padha nêla.
3. Katêlu Manggasri
suta manut ing bapa, mangsane lunglungan padha nurut ing lanjaran.
4. Kapat sitra
waspa kumêmbêng jroning kalbu, mangsane sumbêr pêpêt.
5. Kalima manggakali[42]
pancuran êmas sumawur ing jagad, wiwit tibaning udan.
6. Kanêm saya[43]
rasa mulya kasucian, mangsane wowohan sumêdhêng.
7. Kapitu palguna
wisa kentir ing maruta, mangsane akèh lêlara.
8. Kawolu wisaka
anjrah jroning kayun, mangsane kucing gandhik.
9. Wêdharing wacana mula jita[44]
mangsane gangsir ngênthir, garèng ngèrèng.[45]
10. Kasapuluh srawana
gêdhong minêb jroning kalbu, mangsane kewan padha mêtêng.
11. Dêstha padrawana
sotya sinarawèdi, mangsane manuk padha ngloloh.
12. Sadha asuji
tirta sah saking sasana, măngsa badhidhing.

Wayah

Asar
jam ½ 4 sore.
Asar èndhèk
jam 4 sore.
Asar dhuwur
jam ½ 3 sore.
Esuk
jam 5 têkan 10 esuk.
Trèncèng
jam 8 têkan 9 esuk.
Awan
jam 11têkan 3 awan
Tunggang gunung
jam 5 sore
Têngange
jam 11 têkan 12 awan
Sore
jam 4 têkan 8 sore.
Sirêp bocah
jam 8 têkan 9 sore.
Sirêp wong
jam 10 têkan 11sore.
Saput lêmah
jam 5 esuk
Wisan gawe
jam 11 awan.

--- [257] ---

Wayah ucul
jam 6 esuk.
Luhur
jam 1 têkan 2 awan
Lingsir kulon (têngah layu)
jam 3 awan
Lingsir wetan (tiba kala)
jam 9 esuk
Pêcat sawêt
jam 11 awan
Mahrib
jam 6 sore
Bocah ucul
jam 8 lan jam 6 esuk.
Bêdhug
jam 12 awan (bêngi)
Bêdhug têlu
jam ½ 4 bêngi.
Bêngi
jam 9 têkan 4 bêngi.

Bab Jênênge Bocah Manut Kahanane utawa Umur-umurane

Jabang bayi
mêntas lair
Bayi
kira-kira umur sasasi
Ucul gêdhong
kira-kira umur 1½ têkan 2 sasi.
Miring
kira-kira umur 2 sasi.
Tumimba
kira-kira umur 2 ½ sasi.
Mangkurêb
kira-kira umur 4 sasi.
Dongkog[46]
kira-kira umur 5 sasi.
Linggih
kira-kira umur 6 sasi.
Ambrangkang
kira-kira umur 7 sasi.
Gumêlo
kira-kira umur 10 sasi.
Adêg-adêg antêp
kira-kira umur 11 sasi.
Gumêrit
kira-kira umur 12 sasi (1 taun).
Tumindak
kira-kira umur 13 sasi.
Mlaku
kira-kira umur 14 sasi.
Playon
kira-kira umur 15 sasi.
Cumucud
kira-kira umur 16 sasi.
Sapihan
kira-kira umur 17 sasi.
Kumratu-ratu
kira-kira umur 3 taun
Jumaji (gumaji) kèwèr
kira-kira umur 4 taun
Sumêga
kira-kira umur 4 ½ taun
Rumusak taman
kira-kira umur 5 taun
Jêbêd bêbêd
kira-kira umur 8 têkan 9 taun.
Jêbêd tapih
kira-kira umur 6 têkan7 taun.
Birai sandhang (lanang)
kira-kira umur 10 têkan11 taun.
Birai sandhang (wadon)
kira-kira umur 9 têkan10 taun.

--- [258] ---

Rumaja putri
umur 11 taun
Rumaja putra
umur 13 têkan 14 taun
Prawan sunthi
umur 10 taun
Prawan
umur 12 taun
Sunat
umur 7 têkan 8 taun
Jaka kumala-kala
umur 13 têkan 14 taun
Têtak
umur 14 têkan 15 taun
Wayah rabi
umur 18 têkan 20 taun
Wayah laki
umur 15 têkan 16 taun
Satêngah tuwa antarane
umur 30 têkan 40 taun
Mêmpêng
umur 21 têkan 30 taun
Tuwa
umur 40 têkan 50 taun
Kaki (nini)
umur 50 têkan luwih.

Jarik Bathikan kang dadi Laranganing Ratu

1. Parang rusak
2. Parang rusak barong
3. Parang kusuma
4. Sêmèn jalêngut
5. Parang rusak kalithik
6. Parang wèsthi
7. Udan riris
8. Rujak senthe
9. Palang kirna
10. Sawat
11. Sêmu kirang
12. Parikêsit
13. Parang kurung
14. Parang curiga (găndasuli)
15. Sawarnaning bathikan kang mawa lar rangkêp, iku kabèh agêm dalêm ingkang sinuhun sarta sagarwa putra myang santana.

Araning Bathikan

1. Parang rusak
2. Limaran
3. Udan riris
4. Unthuk banyu
5. Parang kusuma
6. Parang totog
7. Parang teja
8. Parang tukêl
9. Parang sêkar
10. Parang klithik
11. Balok bosok
12. Kopi pêcah
13. Banji
14. Lengko
15. Jalebrah
16. Slobog
17. Tambal
18. Rêngganis
19. Parang cênthung
20. Nagasruwi
21. Găndasuli
22. Pêksi kuwung
23. Ladrang
24. Kêmbang kopi

--- [259] ---

25. Lung mawar
26. Lung gadhung
27. Kêmbang kênthang
28. Gabah sinawur
29. Gêndrèh
30. Kawung
31. Kêmbang trate
32. Sêmèk klawèr
33. Rujak senthe
34. Jamblang
35. Truntum
36. Clunthang
37. Grompol
38. Lamur wara
39. Pakuthilang
40. Sêmèn rama
41. Satriya manah
42. Udan mas
43. Sawat suwiwi
44. Kêmbang jêruk
45. Gringsing
46. Garut
47. Lagaran
48. Sida luhur
49. Sida mukti
50. Rawan
51. Mari kangên
52. Ayam pugêr
53. Cêplok srimanganti
54. Cêplok srigêndani
55. Mantri jêro
56. Tambal miring
57. Latar irêng
58. Latar putih
59. Tambal kanoman
60. Êndhas maling
61. Buntas
62. Manukan
63. Alas-alasan
64. Krambil sacukil
65. Pisang bali
66. Dara muluk
67. Naga sasra

Araning Gêndhing

1. Gambirsawit
2. Lobong
3. Genjong
4. Sêkargadhung
5. Gunungsari
6. Kinanthi
7. Grompol
8. Gonjing
9. Gagaksetra
10. Bondhèt
11. Kêbogiro
12. Kêborombang
13. Kêbobalik
14. Kalaganjur
15. Găndariya
16. Ayak-ayakan
17. Eling-eling
18. Lara-lara
19. Boyong
20. Mênyankobar
21. Titipati
22. Udansore
23. Larasdriya
24. Carabalèn
25. Uluk-uluk
26. Anglèng
27. Rangu-rangu
28. Kuwung-kuwung
29. Jangkrikgenggong
30. Jangkrik mambu kili
31. Ladrang
32. Ladrangmanis
33. Ladrangpangantèn
34. Sumirat
35. Kêncèng
36. Pêrkututmanggung
37. Dhêngklu
38. Surènggana
39. Krawitan
40. Lonthang

--- [260] ---

41. Laratingal
42. Èmêng
43. Bribil
44. Sumyar
45. Rondhon
46. Sontoloyo
47. Kêmbangkatès
48. Sènggrêng
49. Loro-loro
50. Udanangin
51. Dhondhongmêntul
52. Bribis
53. Paculgowang
54. Bimakurda
55. Puspagiwang
56. Kaloran
57. Êmpritnêba
58. Kagok
59. Ulêrkambang
60. Kêmbanggayam
61. Tarupala
62. Setrakêras
63. Gegot
64. Subakastaka[47]
65. Anggrok
66. Barosepak
67. Opak apêm
68. Puspawarna
69. Bendrong
70. Dhadhapmantêp
71. Kapitirta
72. Gandrungmanis
73. Kodhokngorèk

Prênah

Purwa
wetan
Nurwêtri
lor kulon
Antara
lor
Narasunya
lor sunya
Pracuma[48] (pascima)
kulon
Babya
kidul wetan
Raksira
kidul
Kaneya
kidul kulon
Gagana
dhuwur
Patana
gagana
Pranawa
padhang trawangan

Araning Kadigdayan

Mukjijat
tumrap ing para nabi
Kramat
tumrap ing para wali
Istijrat
tumrap ing para kopar
Kodrat
tumrap marang Gusti Allah
Kasêktèn
tumrap para dewa

--- [261] ---

Wanguning Tumbak

Baru, cèkèl, godhong andong, sêmar lungguh.

Wanguning Kêris

1. Êluk
2. Kêncêng
3. Srita
4. Cêmpana
5. Bima kurda
6. Pandhawa
7. Kulit bêndha
8. Jalak sumêlang gandring
9. Sabuk intên
10. Brojol
11. Tilam upih

Wanguning Wrăngka

1. Ladrang
2. Bangkrak
3. Gayaman
4. Tanggalan
5. Gudèl mèlèd
6. Gabelan

Wanguning Ukiran

1. Mangkurat
2. Janggêlan
3. Tunggaksêmi
4. Sămba kêplayu.

Wanguning Ali-ali

1. Gunung sapikul
2. Lintring
3. Tajugan
4. Kêmbang suruh
5. Bandhilan
6. Pring sadhapur
7. Sigar panjalin
8. Lung Uwi
9. Sêsêr
10. Kutilan
11. Cere gancèt
12. Konang satêgal
13. Ulan-ulan

Wanguning Suwêng

1. Ronyok
2. Cêplik
3. Unthuk sêmut
4. Mentor
5. Tumpang
6. Bèjèn
7. Rêmud
8. Urang ayu
9. Gondhèl
10. Sêgara muncar

Wanguning gêlang

1. Ulan-ulan
2. Sigar panjalin
3. Lung uwi
4. Krupukan
5. Sêbèt janur
6. Nana

--- [262] ---

Wanguning Sungu

1. Kupêng
2. Widadari ngantih
3. Dhongkrok
4. Branggah
5. Caruk
6. Dhablang
7. Kêmbang plasa
8. Kêmbang cangkring
9. Thokol
10. Pèrèt
11. Thukluk

Araning Pari Têngahan

Wiwit KasêbarTumêkane Panèn Kurang Luwih 150 Dina

1. Srikulon
2. Brontok
3. Kêrok
4. Bêtonan
5. Glompo
6. Kidang manglar
7. Sembukan
8. Pênjêlangan
9. Opruk
10. Cêmpa wakul
11. Cêmpa wilus
12. Cêmpa pulut
13. Cêmpa lombok
14. Cêmpa wêlut
15. Jênggitri
16. Răndhamèlu

Araning Pari Genjah

Wiwit Kasêbar Tumêkane Panèn Ngadat 138 Dina

1. Sembukan
2. Kontulan
3. Pêndhokwêsi
4. Pêndhok putih
5. Rage
6. Talèn
7. Cêmpa
8. Balambang
9. Klêponan
10. Cêmpa manggar
11. Molog
12. Mênthik

Araning Pari Jêro

Wiwit Kasêbar Tumêkane Panèn Ngadat 178 Dina

1. Srikuning
2. Cêmpa laut
3. Tundhungan
4. Kêrok rawe
5. Mribun
6. Kêmasan
7. Sam Urang
8. Kewal
9. Sêkaprit
10. Papah arèn
11. Karang maja
12. Kangkungan
13. Nandhi
14. Cucuk bêsi

--- [263] ---

15. Jrabangan
16. Sawunggaling
17. Pênthik sèmbukan
18. Blarak sêmpal
19. Kontul ngayah
20. Cêndhana

Pari Kêtan kang Genjah Umure 138 Dina

1. Lêmpuk
2. Senggol
3. Cere
4. Dliri

Kang Têngahan Umure 150 Dina

1. Têmu
2. Turi
3. Gajih
4. Jintên
5. Pulasari
6. Răndhaguling
7. Manggar
8. Kêncur
9. Têmu tugi
10. Gudèl
11. Kewal

Kang Jêro Umure 178 Dina

1. Gowok guna sêtra
2. Lombok
3. Banthèng
4. Irêng
5. Surabaya
6. Bêndu
7. Sapi
8. Bubat
9. Serang
10. Lumbu

Jênênge Anake Kewan

1. Bêlo
anaking jaran
2. Plêncing
anaking warak
3. Kêtul
anaking bulus
4. Kuthuk
anaking pitik
5. Piyik
anaking manuk
6. Jabrisan
anaking lele
7. Gênjik
anaking babi (cèlèng)
8. Kirik
anaking asu
9. Minthi
anaking menthok
10. Krete
anaking baya
11. Tubil
anaking kadhal
12. Komprèng
anaking mênjangan (kidang)
13. Prêcil
anaking kodhok
14. Kor
anaking tuma
15. Cêmpe
anaking wêdhus
16. Blêdug
anaking gajah

--- [264] ---

17. Cêmèng (nai)
anaking kucing
18. Bèyès
anaking yuyu
19. Blêngur
anaking banyak
20. Mêri
anaking bèbèk
21. Sawiyah
anaking cêcak
22. Cindhil
anaking tikus
23. Beyongan
anaking kutuk
24. Kênyung (munyuk)
anaking kêthèk
25. Gogor
anaking macan

Araning Pring

1. Apus (tali)
2. Pêtung
3. Wulung
4. Ori
5. Ampèl
6. Tutul
7. Gadhing
8. Cina
9. Wuluh
10. Lêgi
11. Gêndani
12. Trasi
13. Gombong

Araning Klapa

1. Ijo
2. Abang
3. Gadhing
4. Puyuh
5. Malam
6. Sawit
7. Genjah
8. Gada

Araning Jêruk

1. Kêprok
2. Bali
3. Lètèr (ètèr)
4. Kuwik (uwik)
5. Gulung
6. Sambêl
7. Purut
8. Pêcêl
9. Kingkit
10. Macan
11. Karag
12. Rawa
13. Pacitan
14. Adas
15. Lêgi
16. Jamblang
17. Tutun
18. Trêngganu
19. Sitrun
20. Wêdhus
21. Jingga
22. Kasturi
23. Kandhangan
24. Bodong

--- [265] ---

Araning Jambu

1. Kluthuk
2. Klampok
3. Mente
4. We
5. Dêrsana
6. Kagèt
7. Thokal
8. Krikil
9. Bol
10. Mawar
11. Abang

Araning Gêdhang

1. Êmas
2. Rayap
3. Ambon
4. Raja
5. Blitung
6. Kêpok
7. Kluthuk
8. Susu (kojah)
9. Panjalin
10. Sêpêt
11. Lêmpenèng
12. Gêbyar
13. Kidang
14. Gabu
15. Kluthuk sukun
16. Rajasèwu
17. Ampyang
18. Sêbrot
19. Saba
20. Ijo
21. Bêcici
22. Jambu
23. Gêmbor
24. Pulut cêklèk
25. Garahita
26. Kapal (klemas)
27. Rajakusta
28. Longok
29. Bawèn
30. Pênjalinan
31. Maraseba

Araning Pêlêm

1. Gêdhong
2. Lahang
3. Santok
4. Lali jiwa
5. Kopyor
6. Canthèl
7. Jaran
8. Daging
9. Nanas
10. Sêngir
11. Gănda
12. Krasak
13. Gandhik
14. Podhang
15. Dodol
16. Keyong
17. Kwèni
18. Lading
19. Bawar
20. Srowot
21. Kidang
22. Êndhog
23. Êmprit
24. Pakèl
25. Bapang
26. Nila
27. Widuri
28. Blênyik

--- [266] ---

29. Gurih
30. Nampu
31. Kwèlêm
32. Golèk
33. Lêngis
34. Poh
35. Wirasăngka
36. Gadhung
37. Madu
38. Biku
39. Cêngkir
40. Krikil

Araning Sukêt

1. Dondoman
2. Kalamênta
3. Timunan
4. Grinting
5. Lamuran
6. Lumbungan
7. Têki
8. Lulangan
9. Tuton
10. Patimah
11. Lancuran
12. Coblokan
13. Rêmbyang
14. Wadiran
15. Lorodan
16. Ringgitan
17. Mêrakan
18. Gajihan
19. Jongkong
20. Prênthil
21. Prawata

Jênênge Kêmbang

1. Jambu bubar
2. Alang-alang mublak
3. Senthe kawung
4. Luntas trapus
5. Lêduri brondong
6. Salak kathêkêr
7. Suruh drèngès
8. Jêring kucuwis
9. Asêm mengos
10. Pête pêndul
11. Gêdhang tuntut
12. Bawang jêlanthir
13. Klapa manggar
14. Jambe mayang
15. Dhadhap kêcèlung
16. Blimbing maya
17. Kopi blanggrèng
18. Durèn dlongop
19. Arèn dangu
20. Waluh doblog
21. Kelor jakêtêp
22. Ingas cêkèkèr

--- [267] ---

23. Gambas maèr sore
24. Kêncur sèdhêt
25. Jati jagrag
26. Dlingo sêndrêng
27. Lampês pênthil
28. Lombok pêlik
29. Otok batêk
30. Têmu purèk
31. Pring krosak
32. Kacang wali
33. Katès jênthit
34. Puthat klancèr
35. Gadhung cêngonglong
36. Têbu glêgês
37. Randhu karuk
38. Widara mawur
39. Terong duga-duga
40. Laos jethot
41. Wangon jogèd
42. Lamtara jêmu, mênthur
43. Pandhan pudhak
44. Jagung sinuhun
45. Kapas kapi
46. Bêstru palaon
47. Kangkung klongsor

Kadhal mènèk
araning gêlungan
Banyak angrêm
araning lintang (panganan)
Lalèr mencok
araning brengos
Bulus angrêm
araning panganan kuwih wingka
Ngodhok mele
araning bêbêdan
Dara muluk
araning bathikan
Dara gêpak
araning omah
Kêthèk ngilo
araning kêris
Sêmar mêndêm
araning panganan
Mêrak kasimpir
araning lembehan
Kupu tarung
araning lawang
Garudha nglayang
araning baris
Êmprit nêba
araning baris
Supit urang
araning baris
Gajah mêta
araning baris (tandang)
Sêmut gatêl
araning pangiringing ratu
Jalak ngore
araning dhapure kêris

--- [268] ---

Bajing kirig
araning aji-aji (kadigdayan)
Kêthèk nyandêr
araning ikêt-ikêtan
Kombang anglèng
araning cirine jaran
Macan luwe
araning laku
Macan gêro
araning unine gong
Gudèl mele
araning warăngka
Kêbo giro
araning gêndhing
Jalak dinding
araning kêris
Naga sasra
araning kêris (bathikan)
Kodhokngorèk
araning gêndhing
Cakar ayam
araning panganan, sukêt

Pratelane Bocah kang Kudu Diruwat

1. Ontang-anting
bocah tanpa kadang bapa biyung
2. Kadhana-kadhini
sadulur loro padha wadon[49]
3. Kêmbar
bocah loro lair barêng sadina. Lanang padha lanang, utawa wadon padha wadon
4. Dhampit
bocah lair barêng lanang wadon.
5. Gondhang kasih
bocah lair kêmbar kang siji bule kang siji irêng.
6. Tawang gantungan
bocah laire sarênti, nganggo lêt dina.
7. Sakêndha
bocah lair loro utawa têlu tunggal sawungkul laire barêng.
8. Wungkus
bocah laire bungkus.
9. Wungkul
bocah laire tanpa ari-ari.
10. Tiba sampir
bocah laire kalung usus.
11. Tiba ungkêr
bocah laire kabuntêl ing usus utawa laire ora bisa nangis.

--- [269] ---

12. Jêmpina
bocah laire durung mangsane.
13. Margana
bocah laire ana ing paran.
14. Wahana
bocah laire ana ing paramean.
15. Julung wangi
bocah laire mlêthèk srêngenge.
16. Julung sungsang
bocah laire wayah têngange.
17. Julung sarap
bocah laire ngarêpake surupe srêngenge.
18. Julung pujud
bocah laire surup srêngenge.
19. Kêmbang sapasang
sadulur loro padha wadon.
20. Ugêr-ugêr lawang
sadulur loro padha lanang.
21. Sêndhang kapit pancuran
sadulur 3, lanang 2, wadon 1 ana ing têngah.
22. Pancuran kapit sêndhang
sadulur 3, wadon 2, lanang 1 ana ing têngah.
23. Sarămba
sadulur 4 lanang kabèh.
24. Sarimpi
sadulur 4 wadon kabèh.
25. Pancala putra
sadulur 5 lanang kabèh.
26. Pancala putri
sadulur 5 wadon kabèh.
27. Pipilan
sadulur 5, wadon 4, lanang 1.
28. Padangan
sadulur 5, wadon 1, lanang 4.
29. Siwah
bocah salewah.
30. Krêsna
wong irêng mulus.
31. Wungle
wong bule.
32. Walika
wong abang.
33. Wungkul
wong wungkul sangkaning bocah.
34. Dhêngkak
wong bucu ing ngarêp.
35. Butun
wong bucu ing buri.
36. Wujil
wong cêbol.

--- [270] ---

Têmbung Madya

1. Niku:
iku
2. Niki:
iki
3. Nika:
kae
4. Ontên:
ana
5. têng:
marang
6. Ajêng:
arêp
7. Mawon:
bae
8. Makotên:
mangkono
9. Makètên:
mangkene
10. Napa:
apa
11. Ênggih:
iya
12. Êmpun:
uwis (aja)
13. Wikana:
êmbuh
14. Kapripun:
kapriye
15. Dika:
kowe
16. Dawêg:
ayo
17. Ture:
jarene
18. Kalih:
karo
19. Dugi:
têkan
20. Mêngke:
mêngko
21. Napaa:
22. Kriyin (riyin):
dhisik (biyèn)
23. Sêmontên:
sêmono
24. Sêmèntên:
sêmene
25. Êngge:
anggo
26. Saniki:
saiki

Têmbung Krama Ora Kêna Dingokokake ing Têmbung Madya

1. Pintên:
pira
2. Botên:
ora
3. Kula:
aku
4. Mriku:
mrono
5. Mrika:
mrana
6. Mriki:
mrene
7. Ngriku:
kono
8. Ngriki:
kene
9. Ngrika:
kana
10. Dèrèng:
durung
11. Wau:
mau

--- [271] ---

12. Pundi:
êndi
13. Sintên:
sapa
14. Pintên-pintên:
pira-pira
15. Dede:
dudu
16. Malih:
manèh
17. Nuntên:
nuli
18. Lajêng:
banjur
19.

Gandhènging Têmbung

1. Klobot bako
2. Uyah trasi
3. Lombok trasi
4. Kêbo sapi
5. Lanang wadon
6. Mas intên
7. Jarik ikêt
8. Garu luku
9. Pèn mangsi
10. Jambe suruh
11. Kunir ênjêt
12. Brambang bawang
13. Tumbar jintên
15. Cabe lêmpuyang[50]
16. Tumbak bêdhil
17. Sêga iwak
18. Roti mêrtega
19. Gambir bako
20. Klasa bantal
21. Sendhok porok
22. Lombok terong
23. Lombok uyah
24. Kasur bantal
25. Centhong irus
26. Wêdhak pupur
27. Kidang mênjangan
28. Meja kursi
29. Kasur guling
30. Sêga jangan
31. Dom bolah
32. Gula bubuk
33. Gula tèh
34. Kêmbang borèh
35. Brambang kunci
36. Mangan ngombe
37. Mlêbu mêtu
38. Niba tangi
39. Ênom tuwa
40. Gêdhe cilik
41. Dawa cêndhak
42. Abang putih
43. Bêras kêncur
44. Adoh cêdhak
45. Ala bêcik
46. Kiwa têngên
47. Arang kêrêp
48. Maju mundur
49. Sêga uyah
50. Sugih miskin
51. Bapa biyung
52. Kêndho kêncêng
53. Mangan turu
54. Kakang adhi
55. Anak putu
56. Rina wêngi
57. Mati urip
58. Mêntah matêng
59. Kaki nini
60. Kasar alus
61. Abot ènthèng
62. Uyah asêm
63. Sanak sadulur
64. Bêgja cilaka
65. Pêdhês asin
66. Bumi langit
67. Amis bacin
68. Mêndhak mêndhukul

--- [272] ---

47. Lair batin[51]
48. Kandêl tipis
49. Kêthuk kênong
50. Abang biru
51. Katiga rêndhêng
52. Jêro cêthèk
53. Agal alus
54. Mênyang mulih
55. Akèh sathithik
56. Ngisor dhuwur
57. Sandhang pangan
58. Gêdhe dhuwur
59. Malang mujur
60. Ngalor ngidul
61. Ngetan ngulon
62. Rokok kinang
63. Suda wuwuh
64. Lêga rila
65. Lêgi wangi
66. Lêgi gurih
67. Bau suku
68. Dol tinuku
69. Bênêr luput
70. Balung sungsum
71. Kulit daging
72. Kawula gusti

Têmbung Camboran Wancah

1. Kakkong:
tungkak + bokong
2. Kongngêl:
bokong + cêngêl
3. Dubang:
idu + abang
4. Thukmis:
bathuk + klimis
5. Dhakwa:
cêndhak + dawa
6. Dhelik:
gêdhe + cilik
7. Bati:
tiba + mati
8. Dhèkwur:
èndhèk + dhuwur
9. Bangtih:
abang + putih
10. Wilwa:
anjawil anggawa
11. Pangpèl:
pang + têmèmpèl
12. Pellap:
têmèmpèl + lap
13. Dhokkur:
andhodhok + mungkur
14. Byarpêt:
gumêbyar + mampêt
15. Gawak:
sêga + iwak
16. Tultis:
tutul + pêtis
17. Burcok:
mabur + mencok
18. Lunglit:
balung + kulit
19. Worsuh:
awor + rusuh
20. Dhegus:
gêdhe + bagus

--- [273] ---

21. Bangcuk:
abang + pucuk
22. Botsih:
abot + sisih
23. Burcèt:
mabur + cèt
24. Dhetêng:
gêdhe + wêtêng
25. Jipat:
siji + papat
26. Dhundhèng:[52]
gadhuk + dhèng
27. Thêksêk:
thêk + sêk
28. Dhèmês:
gêdhe + lêmês
29. Cikbèn:
bêcik + karêbèn
30. Dhêmênyar:
dhêmên anyar
31. Wedang:
we + êdang
32. Kwèlêm:
kwèni + pêlêm
33. Dhimas:
adhi + radèn mas

Peranganing Badan

NgokoKramaKrama Inggil
1. êndhassirahmustaka
2. rambutrambutrema
3. bathukbathuklarapan
4. alisalisimba
5. matamripattingal (soca)
6. idêpidêptêbing
7. pipi(pangarasa) pipipangarasan
8. irungirunggrana
9. kupingkupingtalingan (karna)
10. cangkêmcangkêmtutuk
11. lambelambelathi
12. untuuntuwaja
13. gusigusiwingkisan
14. janggutjanggutsadhêgan
15. brêngosbrêngosrawis
16. rairaiwadana
17. uyêng-uyênganuyêng-uyêngantêngêran
18. gulugulujăngga
19. githokgithokgriwa (julukan)
20. tangantanganasta
21. drijidrijiracikan
22. kukukukukanaka
23. dhadhadhadhajaja
24. susususupayudara
25. wêtêngwêtêngpadharan

--- [274] ---

26. bokongbokongpocong
27. pupupupuwêntis
28. dhêngkuldhêngkuljêngku (pasujudan)
29. sikutsikutsiku
30. sikilsukusampeyan
31. pundhakpundhakmidhangan
32. êmbun-êmbunanêmbun-êmbunansundhulan
33. gêgêrgêgêrpêngkêran
34. wudêlwudêlpusêr
35. kempolkempolwêngkêlan
36. igaigaunusan
37. atiatigalih
38. ilatilatlidhah

Têmbung Krama Inggil Ingkang Atêgês Kriya

NgokoKramaKrama Inggil
1. adusadussiram
2. dolandolanamêng-amêng
3. dandandandosbusana
4. ikêt-ikêtanudhêng-udhêngandhêstharan
5. bêbêdanbêbêdannyampingan
6. kathokankathokanlancingan
7. raupraupsuryan
8. mangannêdhadhahar
9. ngombengombengunjuk
10. ududududêsês
11. nginangnginanganggantèn
12. cukurcukurparas
13. turutilêmsare
14. tangitangiwungu
15. lungguhlinggihlênggah (pinarak)
16. ngadêgngadêgjumênêng
17. lungakesahtindak
18. nunggangnumpaknitih
19. têkadhatêngrawuh
20. nangisnangismuwun
21. omongwicantênngandika
22. takontakènandangu
23. akonakèndhawuh
24. nganggonganggengagêm
25. ngundangngundangnimbali (ngaturi)
26. andêlêngandêlêngmriksani

--- [275] ---

27. krungumidhangêt[53]midhangêt
28. susahsusahsêkêl
29. nêpsunêpsuduka
30. larasakitgêrah
31. gêlêmpurunkarsa
32. mêndêmmêndêmwuru
33. nyêkêlnyêpêngngasta
34. mikirmikiranggalih
35. matipajah[54]seda (surud)
36. ujungujungngabêkti
37. sêmbahyangsêmbahyangsujud
38. mêtêngngandhag[55]ambobot
39. manakmanakambabar
40. ompongomponggutuk
41. wisuhwisuhwijik
42. iduidukêcoh
43. anjupukmêndhêtmundhut
44. mêtumêdalmiyos
45. isinisinlingsêm
46. anjaluknêdhamundhut (nyuwun)
47. mêlèkmêlèkwungu
48. srêngênsrêngênduka
49. bungahbingahsuka
50. kêmukêmukêmbêng
51. nguyuhnguyuhturas
52. mèlutumutandhèrèk
53. kramaskramasjamas
54. kongkonkèngkènutusan
55. rabiimah-imahkrama
56. lakiimah-imahkrama
57. bêbuwangbêbucalbobotan
58. mulihmantukkondur
59. wêruhsumêrêpwuninga
60. anjogèdanjogèdambêksa
61. marimantunsênggang
62. nyapihnyapihmêgêng
63. watukwatukcêkoh
64. nginêpnyipêngnyare
65. pupuranpupurantasikan
66. cuculcucullukar
67. minggatminggatlolos
68. wahingwahingsigra
69. ambêburuambêbujêngambêbêdhag

--- [276] ---

70. ngumurngumuryuswa
71. sabukansabukanpaningsêtan
72. angguguanggêgaandhahan
73. têtaktêtaksupit
74. sunatsunattêtês
74. tindhiktindhiktêtês
76. mainmainkasukan
77. sisisisisêmprit
78. pijêtpijêtpêtêg
79. ngêlungêlupuyêng
80. anggawaambêktangampil
81. gawedamêlyasa
82. nusunêsêpngunjuk
83. puputpuputdhaut

Têmbung Nama Krama Inggil

NgokoKramaKrama Inggil
1. paidonpaidonkêcohan
2. paturonpatilêmansarean
3. kinangankinanganpagantenan
4. ikêtudhêngdhêsthar
5. jariksinjangnyamping
6. kathoksruwallancingan
7. kalungkalungsangsangan
8. ali-alisêsupesingsim
9. kêrisdhuwungwangkingan
10. kulukkulukwangkidan (makutha)
11. omahgriyadalêm
12. padusanpadusanpasiraman
13. tunggangantumpakantitihan
14. têkêntêkênpanjênêngan
15. cêmêthicêmêthitêmbung
16. balungbalungtosan
17. kêmbênkêmbênkasêmêkan
18. kringêtkringêtriwe
19. êluhêluhwaspa
20. anakanakputra
21. bapabaparama
22. êmbokêmbokibu
23. adhiadhirayi

--- [277] ---

24. bojosemahgarwa
25. jênêngnamaasma
26. sêgasêkuldhahar
27. sabuksabukpaningsêt
28. dodotdodotkampuh
29. gêlunggêlungukêl
30. tudhungtudhungsongkok
31. kêmulkêmulsingêb
32. pondhokanpondhokanpasanggrahan
33. têsmakkaca mripatkaca tingal
34. bantalbantalkajang sirah
35. pakuburanpakuburanpasarean
36. mayidjisimlayon
37. pangananpanganandhaharan
38. wêtonwêdalanwiyosan
39. lampitlampitlante
40. êmbahêmbaheyang
41. bêdudanbêdudanwatangan
42. baturrencangabdi
43. umurumuryuswa
44. kobokankobokanwijikan
45. panganggopanganggeagêm-agêman
46. ajangajangambêngan
47. umbêlumbêlgadhing
48. sêlirsêlirampeyan
49. rokokrokoksês
50. piringpiringlancaran
51. sendhoksendhoklantaran
52. susuransusuranpanasaran
53. kinangkinanggantèn

Araning Manuk

1. Dêruk
2. Kutut
3. Putêr
4. Dara
5. Glathik
6. Gagak
7. Wulung
8. Bidhu
9. Alap-alap
10. Darès
11. Bêluk
12. Platuk
13. Jaka tuwa
14. Tunggak
15. Jalak
16. Cocak
17. Pitik
18. Menthok
19. Banyak
20. Brati
21. Bèbèk
22. Podhang

--- [278] ---

23. Êmprit
24. Prênjak
25. Kuthilang
26. sikatan
27. Bèthèt
28. Kathik
29. Nglimukan
30. Kuntul
31. Blêkok
32. Jangkung
33. Burcèt
34. Trinil
35. Gêmak
36. Ayam-ayama
n 37. Unta
38. Bondhol
39. Srigunting
40. Kêdhasih
41. Sriti
42. Kêdhali
43. Lawèt
44. Nori
45. Tèngkèk
46. Bubut
47. Cangak
48. Bango
49. Mêrak
50. Sandhanglawe
51. Manyar
52. Cucuk urang
53. Kacêr
54. Kapasang
55. Branjangan
56. Srindhitan
57. Bênce
58. Greja
59. Kalkun
60. Ciplukan
61. Ayam alas
62. Bêkisar
63. Cabak
64. Êmprit ganthil
65. Sêling
66. Walangkadhak
67. Menco
68. Ancul bumi
69. Pêking
70. Glathik watu
71. Êngkuk
72. Dewata
73. Trucukan
74. Otho
75. Kêcruk
76. Pênthèt
77. Cècèk
78. Kolik
79. Tau
80. Canthing
81. Mliwis

Araning Iwak

1. Kutuk
2. Lele
3. Badhèr
4. Wadêr
5. Tămbra
6. Lêmpuk
7. Sênggaringan
8. Uncar
9. Kakap
10. Pèthèk
11. Têri
12. Layur
13. Tongkol
14. Gramèh
15. Êmas
16. Wagal

--- [279] ---

17. Ucêng
18. Jambal
19. Bêthik
20. Wêlut
21. Têngiri
22. Sêpat
23. cucut
24. Sili
25. Bandêng
26. Palung
27. Tagih
28. Pe
29. Blanak
30. Japoh
31. Larong
32. Pêlus
33. Urang
34. Sidhat
35. Surung
36. Blodhog
37. Trubuk
38. Lodan
39. Ênus
40. Dêlêg
41. Dhorang
42. Balur
43. Bluntêk
44. Sunduk brana
45. Kèkèl
46. Banyar
47. Rêbon
48. Sêmbilang
49. Bêrot
50. Dhêndhêng
51. Manyung

Kadhatone Ratu Jawa Iku kang Ditelad Kadhatone Bathara Endra, Pratelane Kaya ing Ngisor Iki.

1. Kori ijo lor, timbangane kori ijo kidul, arane saiki wiwara priya, kori ijo kidul, kang malê bumarang kaputrèn: wiwara kênya.
2. Kori rêntêng, saburine sitinggil kaprênah ing undhak-undhakan kang dhuwur dhewe.
3. Kori kamandhungan, antarane kori brajanala lan srimanganti.
4. Kori trêmboko, sakidule kori pacikêran.
5. Kori sarasêja, yaiku kori brajanala kidul.
6. Kori srimanganti lor kidul.
7. Kori saloko, sakidule kori gadhung mlathi
8. Kori supit urang, sawetan lan sakuloning pagêlaran.
9. Kori wijil pindho, prênahe saêntèke [saê...]

--- [280] ---

[...ntèke] undhak-undhakan kang dhuwur kang marang sitinggil.
10. Kori wijil pisan, saburine iring kiwa karo bangsal pangrawit.
11. Kori pacikêran, sakidule kori supit urang, sawetan lan sakulone sitinggil.
12. Kori pamurakan (saiki lumrahe pangurakan) sakidule kori gladhag.
13. Kori pamêngkang, sakiwatêngêning pagêlaran.
14. Kori mangu, saburining sitinggil, kaprênah ing undhak-undhakan kang ngisor dhewe.
15. Kori mangunkung, kang malêbu marang kaputrèn, saiki arane kori kradènayon.
16. Kori gladhag, kori sapisan kang mlêbu marang alun-alun.
17. Kori gladhagan kulon, kang saka Slompretan.
18. Kori gladhagan wetan, kang saka Bathangan.
19. Kori gladhungmlathi[56], saburining pamagangan.
20. Kori brajanala utawa kori gapit, kinêpungake dalan kiwa têngêning sitinggil.
21. Kari[57] kawidadarèn, saiki aran kawidadarèn.

Wringin kurung kang wetan aran jayandaru, kang kulon dewandaru.

Wringin wok, wetan.

Wringin jenggot, kulon.

Wringin gung, wetan.

Wringin binatur, kulon.

Pandhapi ijo, saiki aran sasana drawina, dhèk kadewatan ora ana.

Bale palawangan, ing alun-alun lor saiki dadi pasebane lan patênggakane abdi dalêm jaba.

--- [281] ---

Têmbung Arab

1. Umur
2. Akal
3. Ihtiyar
4. Mukjijat
5. Sarengat
6. Kasiyat
7. Akhir
8. Jaman
9. Kursi
10. Luhur
11. Asar
13. mahrib
14. Basa
15. Subuh
16. Ahad
17. Sênèn
18. Salasa
19. Rêbo
20. Kêmis
21. Jumuwah
22. Saptu
23. Alip
24. Ehe
25. Jimawal
26. Je
27. Dal
28. Be
29. Wawu
30. Jimakir
31. Kubur
32. Ngibadah
33. Masjid
34. Sakban
35. Makluk
36. Takdir
37. Kaum
38. Modin
39. Nèib
40. Gaib
41. Dhikir
42. Tasbèh
43. Kuran
44. Jus
45. Kiyamat
46. Keblat
47. Ngèlmu
48. Amal
49. Sunat
50. sabar
51. Pitênah
52. Adil
53. Kurma
54. Kotbah
55. Akerat
56. Rukuk
57. Alim
58. Pitrah
59. Sahadad
60. Khakim
61. Iman
62. Jakat
63. Murid
64. Kabar
65. Nikmat
66. Daulat
67. Asli
68. Wajib
69. Kabul
70. Karam
71. Sarak
72. Kalal
73. Adan
74. Kajat
75. Dat
76. Yakin
77. Jimat
78. Idin
79. Miskin
80. Salam
81. Islam
82. Katam
83. Khak
84. Mlarat
85. Sêjarah
86. Roh
87. Sayid

--- [282] ---

88. Sèh
89. Allah
90. Mursid
91. Nêpsu
92. Paham
93. Nadar
94. Kalipah
95. Talak
96. Ningkah
97. Mubadir
98. Taun
99. Sidhêkah
100. Salat
101. Rila
102. Eklas
103. Kewan
104. Nêptu
105. Donya
106. Mukharam
107. Sapar
108. Rabingulawal
109. Rabingulakir
110. Jumadilawal
111. Jumadilakir
112. Rêjêb
113. Sakban
114. Ramêlan
115. Sawal
116. Dulkaidah
117. Bêsar

Têmbung Walănda

1. Kamar
2. Lampu
3. Pèmès
4. Bangku
5. Sêkoci
6. Rumpi
7. Dhasi
8. Krah
9. Kêspur
10. Porok
11. Pèn
12. Lêgundêr
13. Buku
14. Obrus
15. Lêntera
16. Slebrak
17. Slomprèt
18. Ongkos
19. Gêlas
20. Kar
21. Karcis
22. Plêsir
23. Saradhadhu
24. Rêkêning
25. Kênap
26. Kopral
27. Los
28. Pal
29. Sak
30. Bor
31. Lotre
32. Sêtup
33. Mètèr
34. Pabrik
35. Pot
36. Bal
37. Kênèkêr
38. Hak
39. Kaos
40. Mèlêk
41. Plès
42. Sêtrup
43. Sêtalpèn
44. Januwari
47. Pèbruwari
48. Marêt
49. April
50. Mèi
51. Juni
52. Juli
53. Ogustus
54. Sèptèmbêr
55. Oktobêr
56. Nopèmbêr

--- [283] ---

57. Dhesèmbêr
58. Ès
59. Driyuk
60. Koki
61. Jongos
62. Tromol
63. Sêpur
64. Taplak
65. Gradbuh
66. Pècis
67. Sêtoplès
68. Jênèwêr
69. Dêlèr

Têmbung Portêgis

1. Lêmari
2. Jandhela
3. Gêndera
4. Pista
5. Dhadhu
6. Renda
7. Mêrtega
8. Têmbako
9. Kèju

Têmbung Prasman

1. Gêrdhu
2. Patrol
3. Prêsèn
4. Residhèn
5. Kolèktur
6. Sèn
7. Upsir
8. Kumêndhan
9. Brêgasi
10. Sêtatsiyun
11. Sêrsan
12. Arloji
13. Lusmèn
14. Pulisi
15. Militèr
16. Kaptin
17. Gram
18. Kurnèl
19. Dhinèktur
20. Litêr
21. Kumpêni

Têmbung Inggris

1. Dholar
2. Trèm
3. Pun
4. Motor
5. Ril

Têmbung Mêlayu

1. Saptangan
2. Peso
3. Mênyanyang
4. Sarang burung

Têmbung Sangkrit

1. Nagara
2. Salaka
3. Rupiyah
4. Sagara
5. Cita
6. Kêreta
7. Wana
8. Putra
9. Toya

--- [284] ---

Têmbung Cina

1. Tangkuwèh
2. Oncowe
3. Anglo
4. Tahu
5. Mi
6. Toko
7. Ancinco
8. Pèi
9. Dhacin
10. Kati
11. Misowa
12. Kate
13. Soun

I. Araning Dewa

1. Bathara
2. Paksa
3. Surapsara
4. Jawata
5. Nasa (nawasa)
6. Hyang
7. Suragana
8. Dewata
9. Sidyagana
10. Widadara (widhadara)
11. Widhasamya

II. Araning Swarga

1. Kahyangan
2. Kadewatan
3. Suralaya
4. Suranadi
5. Smaralaya
6. Smarabawana
8. Lokabawana
9. Aridwanda
10. Surabawana
11. Siwanda ariloka
12. Smarapada
13. Smaraloka
14. Endraloka
15. Endrabawana

III. Araning Widadari

1. Watari
2. Apsari
3. Surapsari
4. Dewati
5. Waranggana
6. Ywati
7. Dèwi
8. Surawadu
9. Widhadaywa
10. Smaralaksmi

IV. Araning Ratu

1. Raja
2. Sangsri
3. Nata
4. Prabu
5. Katong
6. Aji
7. Bupati
8. Narpa
9. Narendra
10. Sang aji
11. Maharaja
12. Sinuhun
13. Susuhunan
14. Kangjêng
15. Sang siniwi

--- [285] ---

16. Pamasa
17. Nara
18. Naranata
19. Srinarendra
20. Narèswara
21. Nararywa
22. Pangêmpyan
23. Endra
24. Nareiswara
25. Narendradipa
26. Narendra aji
27. Narendra prabu
28. Narpati
29. Nrêpati
30. Sindra
31. Dipati
32. Buhpati
33. Dipa
34. Narapati
35. Buhpala
36. Bupakala
37. Bumiwala
38. Bumipakala
39. Bumikati
40. Mangkubumi
41. Buhpalana
42. Nitipati
43. Sri
44. Srinata
45. Sang nata

V. Araning Garwa Ratu

1. Sori
2. Padni
3. Pramèswari
4. Padniswara
5. Padmi
6. Supadmi
7. Maisi
8. Garini
9. Narèswari
10. Narpawadu
11. Natarèni
12. Maramaisi

 


păncadriya. (kembali)
jênganira pun. (kembali)
winantu. (kembali)
nawa sanga. (kembali)
taksih. (kembali)
prasasat. (kembali)
namung kaangge ing sêrat ingkang. (kembali)
wandu-wandawa. (kembali)
tumus. (kembali)
10 kasinungan. (kembali)
11 anyandhung. (kembali)
12 puru. kri. wa= purusa kriya wantah. (kembali)
13 mundhut. (kembali)
14 garètèh. (kembali)
15 ngrumiyini. (kembali)
16 jaksa. (kembali)
17 jambaleka. (kembali)
18 padhati. (kembali)
19 bêkêl. (kembali)
20 punika. (kembali)
21 rahadèn. (kembali)
22 dikèngkèn. (kembali)
23 bola-bali. (kembali)
24 ngiyat-ngiyatakên. (kembali)
25 Seharusnya nomor 27. (kembali)
26 Seharusnya nomor 22. (kembali)
27 Wacaka. (kembali)
28 prêduli. (kembali)
29 no. 15 - 22 seharusnya bagian entri Ta. (kembali)
30 punapa-punapakakên. (kembali)
31 kêparak. (kembali)
32 priyantun. (kembali)
33 rananggana. (kembali)
34 anjijiki. (kembali)
35 anggubêd. (kembali)
36 nyangking. (kembali)
37 klampahan. (kembali)
38 Geyang-geyong. (kembali)
39 Entri Tha tidak ada. (kembali)
40 Ngurak. (kembali)
41 ingêlih. (kembali)
42 manggakala. (kembali)
43 naya. (kembali)
44 Kasanga jita. (kembali)
45 wêdharing wacana mulya, mangsane gangsir ngênthir, garèng ngêrèng. (kembali)
46 mongkog. (kembali)
47 Subakastawa. (kembali)
48 Pracima. (kembali)
49 sadulur loro lanang wadon. (kembali)
50 Seharusnya nomor 14. (kembali)
51 Seharusnya nomor 69. (kembali)
52 Dhukdhèng. (kembali)
53 mirêng. (kembali)
54 pêjah. (kembali)
55 ngandhêg. (kembali)
56 gadhungmlathi. (kembali)
57 Kori. (kembali)