Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063)

Judul
Sambungan
1. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 001–068). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
3. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
4. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 18-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

S. Padmosoekotjo Guru S.G.B. Negari, Purworejo

Ngéngréngan Kasusastran Djawa II

Kanggo para siswa sekolah guru lan sekolah lanjutan liyane.

Cap-capan kaping pindho
Penerbit & Toko Buku
Hien Hoo Sing
Gang Lor Pasar 17. Tlp. 1099
Yogyakarta

--- [0] ---

[iklan]

--- [1] ---

S. Padmosoekotjo Guru S.G.B. Negari, Purworejo

Ngéngréngan Kasusastran Djawa II

Kanggo para siswa sekolah guru lan sekolah lanjutan liyane.

Cap-capan kaping pindho
Penerbit & Toko Buku
Hien Hoo Sing
Gang Lor Pasar 17. Tlp. 1099
Yogyakarta

--- [2] ---

Isine buku:

... kaca:
Purwaka ... 3
I. Wangsalan ... 5
II. Parikan ... 14
III. Guritan ... 18
IV. Têmbang 21
V. Kasusatran ing gêndhing ... 34
VI. Sanepa ... 44
VII. Ukara sêsumbar ... 46
VIII. Pralambang ... 50
IX. Basa pêprênesan ... 63
X. Basa rinêngga ... 68
XI. Isbat ... 78
XII. Suluk ... 80
XIII. Japa-mantra lan donga ... 91
XIV. Sandi-asma ... 94
XV. Sêngkalan ... 99
XVI. Asmane para Pujangga lan buku-buku rêriptane ... 115
XVII. Pêthikan saka buku sawatara ... 117
XVIII. Riwayate Pujangga sawatara ... 121
XIX. Panutup ... 123

Wêwênangipun pangripta ingayoman dening anggêr-anggêr nêgari.

--- [3] ---

Purwaka

Buku Ngengrengan Kasusastran Djawa jilid II punika isinipun nêngênakên bab Kasusastran ingkang sinawung ing sêkar. Kajawi sêkar-sêkar rêriptanipun pangimpun piyambak, kathah sêkar-sêkar pêthikan saking buku sanès.

Wontên sêkar sawatawis ingkang sanès rêriptanipun pangimpun, nanging botên kapratelakakên pêthikan saking buku punapa saha sintên asmaning pangriptanipun, punika jalaran ngrêtosipun pangimpun dhatêng sêkar punika namung saking mirêng gêthok-tular kemawon.

Sêkar-sêkar gubahan utawi rêriptanipun pangimpun piyambak, sawingkingipun sami kadekekan tandha (Pm), ingkang atêgês cêkakaning namanipun pangimpun.

Ing salêbêtipun buku punika kathah sêkar saha suluk ingkang kadekekan titilaras. Punika titilaras sacara Kapatihan (Solo), sanès titilaras sacara Sariswara. Dados, titilaras ingkang kangge dening umum, ingkang ugi asring kapirêng wontên ing siaran-siaran Radio lan ing Masyarakat.

Para nupiksa bokmanawi wontên ingkang kagungan pamanggih bilih isinipun Ngengrengan Kasusastran Djawa punika "kangèlên" ingatasipun para siswa S.G.B.

Botên, botên kangèlên. Manawi kita maos "Rêncana Pêlajaran S.G.B." ingkang ngandharakên piwulang ing babagan basa Jawi lan nyêkar (sêni suara) ingkang kêdah kawulangakên dhatêng para siswa S.G.B., isinipun Ngengrengan Kasusastran Djawa punika nama "saukuran" ingatasipun siswa S.G.B. Anggènipun tumrap ing jaman sapunika sagêd ugi taksih nama radi kangèlên punika, jalaran bokmanawi kawontênanipun piwulang basa Jawi wiwit saking Sêkolah Rakyat dumugi Sêkolah Lanjutan pancèn "dèrèng kopèn" saèstu. Cacahipun buku-buku waosan Jawi taksih kirang sangêt, kapustakan Jawi prasasat botên wontên. Nanging, samangsa piwulang basa Jawi saking Sêkolah Rakyat "sampun kopèn" saèstu, sampun sagêd "tumata" saèstu, botên badhe isinipun Ngengrengan Kasusastran Djawa punika kangèlên ingatasipun para siswa S.G.B.

Pangajêng-ajêngipun pangimpun, mugi-mugi buku punika sagêda migunani dhatêng para siswa S.G.B. saha para siswa ing sajajaripun.

Pangimpun,
S. Padmosoekotjo.
Purwarêja, 17 Agustus 1956.

--- [4] ---

[...]

--- 5 ---

Bab I. Wangsalan.

Wangsalan iku unèn-unèn saèmpêr cangkriman, nanging batangane lumrahe dikandhakake pisan ana ing gatra candhake utawa ana ing ukara candhake. Mung bae olèhe ngandhakake batangane (jawabane, têbusane) ora kanthi cumêplos, ora mêlok, nanging sarana sinandi, yaiku sarana disêbutake sawanda utawa luwih.

Tuladha I:

1. We hla, sarung jagung. Pancèn abot wong sinau ngripta kidung. Klobot.

2. Kalong alit, sampun samêsthinipun para siswa sênêng nganggit-anggit. Lawa.

Ing No. 1: Sarung jagung, maksude: sing mbungkus jagung, jênênge klobot. Ing ukara candhake ana têmbung abot. Wanda utawa kêcap "bot" kang dumunung ing têmbung "abot" iku kanggo nuduhake batangane, jawabane utawa têbusane wangsalan: sarung jagung.

Ing No. 2: Kalong alit, yaiku kewan kang mirib kalong, nanging cilik, jênênge: lawa. Ana ing gatraning ukara kang kapindho utawa ing gatra candhake ana têmbunge siswa. Wanda utawa kêcap "wa" ing têmbung "siswa" iku kanggo mratelakake batangane, jawabane utawa têbusane wangsalan: kalong alit.

Tuladha II:

Rêca kayu, golèka kawruh rahayu (14 wanda + 8 wanda).

Tuladha iki kadadean saka saukara, nanging ana rong gatra, gatra kapisan yaiku: rêca kayu, ana 4 wanda, isi wangsalane. Dene têbusane wangsalan iku "golèk". Gatra kapindho yaiku: golèka kawruh rahayu, 8 wanda, isi batangane, kasêbut ana ing têmbung "golèka".

Tuladha III:

Ngreka puspa, puspa nêdhêng mbabar ganda (4 wanda + 8 wanda).

Nggubah basa, mrih mêkar landhêping sastra (4 wanda +8 wanda).

Ing tuladha iki kadadean saka rong ukara, siji-sijine (sabên saukara) kadadean saka 2 gatra. Ukara kapisan, gatra kang ngarêp 4 wanda, isi wangsalan; gatra kang buri 8 wanda, uga isi wangsalan. Wondene têbusane siji-sijine: nggubah lan mêkar.

Ukara kapindho, gatra kang ngarêp 4 wanda, isi batangan (nggubah), gatra sing buri 8 wanda, uga isi batangan (mêkar).

Tuladha IV:

SINOM.

edane wong kênèng guna | ambathik sinambi nangis | malam wutah balabaran | gêni mati muring-muring | prêmbeyan mrêbês mili | gawangan sinêndhal putung | ya talah ta si kakang | puluh-puluh awak mami | pêtis manis wis kudu dadi pocapan ||

--- 6 ---

Pêtis manis, maksude (batangane, jawabane, têbusane): kêcap.

Têmbung "pocapan" iku wandane "cap" kanggo nuduhake (ngancêr-ancêri) batangane wangsalan "pêtis manis" iku.

Manut tuladha-tuladha ing dhuwur iku, wangsalan iku kêna kaperang dadi têlu, yaiku:

A. Wangsalan padinan.

B. Wangsalan kanthi paugêran tartamtu.

C. Wangsalan kang sinawung ing têmbang.

A. Wangsalan padinan.

Wangsalan padinan iku ora nganggo paugêran (wêwaton, pathokan) tartamtu. Lire: cacahing wanda utawa kêcape ing unèn-unène mung sagêlême sing gunêman bae.

Wangsalan padinan iku kanggo ing pacalathon lumrah. Gunêm kang sinêlanan wangsalan iku bisa agawe rêsêping pangrungu, dadi ya kagolong rêrêngganing basa.

Wangsalan padinan iku ana warna loro, yaiku:

I. Nganggo nyêbutake batangane utawa têbusane.

II. Tanpa nyêbutake batangane utawa têbusane.

Kang kagolong ing perangan I, olèhe nyêbutake batangane utawa têbusane mêsthi bae ora mêlok, ora dicêplosake, mung ditudhuhake ancêr-ancêring batangane (sawanda utawa luwih).

Tuladhane:

1. Nyaron bumbung, ngantos cêngklungên anggèn kula ngantu-antu ngêntosi rawuh panjênêngan, Mas. Saron bumbung = angklung.

2. Yak, rak inggih botên dados punapa, ta. Pokokipun rak pêkên alit, janji botên sande, kalêksanan sagêd pêpanggihan. Pêkên alit = wande.

3. Mas, panjênêngan punika mila mbalung ula; priya brêgas saèstu. Balung ula = ragas.

4. Ah, mrica kêcut; muni kok bab sing ora nyata. Kuwi jênênge rak ya njunjung ngêntêbake. Mrica kêcut = wuni.

5. Jarwa prapta, sampun duka lo, Mas. Jênang sela, apuranta kula suwun. Jarwa prapta = têka. Jênang sela = apu.

6. Têpi wastra, ora liwat mung padha-padha. Têpi wastra (maksude: pinggiraning jarit kang rinarêngga) = kêmadha.

7. Manawi nyata botên duka, kenging punapa kok mêntil kacang, taksih mrêngut kemawon. Pêntil kacang = bêsêngut.

8. Wohing gêmbili, wong pancèn wis watakku kaya mangkene. Woh gêmbili = katak.

9. Sêkar arèn nggih Mas, sampun dangu-dangu, tumuntên tindak mriki malih. Sêkar arèn = dangu.

10. Êmbuh iya, aku ora ngapêm Landa; ora ngrêti bisa mrene manèh apa ora. Apêm Landa = roti.

11. Kêndhal jêram, inggih namung manawi kêparêng ing panggalih kemawon. Kêndhal jêram = sêrêng.

12. Balung gêni, bokmanawa aku mrene manèh liya dina. Balung gêni = mawa.

--- 7 ---

13. Macan galak wulu badhak, mangsi borong panjênêngan lo, Mas. Macan galak wulu badhak = barongan.

14. Sarung jagung, bobot-timbang rak ana ing aku dhewe. Sarung jagung = klobot.

15. Balung janur, muga-muga bae sida têmênan. Balung janur = sada.

16. Kancing gêlung munggwing dhadha, coba titènana bae. Kancing gêlung munggwing dhadha = pêniti.

17. Balung jagung lo, Mas, sampun kêtanggêlan. Balung jagung = janggêl.

18. Wong iku sing dadi rak kawine mbako, nyatane. Kawine mbako (maksude) = sata.

19. Sanès balung klapa, botên namung ethok-ethokan lo, Mas. Balung klaba = bathok.

20. Iya-iya, nanging ya ngulêr-kêmbang lo, alon-alonan. Ulêr kêmbang = lintah, maksude: satitahe, ora ngaya, dadi tumindake sarana alon utawa alon-alonan.

21. Kêmbang kopi, wong kuwi nèk mblanggrèng pancèn angèl ladèn-ladènane. Kêmbang kopi = blanggrèng. Mblanggrèng = brêgas, mangganggo sarwa bêcik, macak.

22. Pindhang lulang, kacèk apa aku karo wong liya. Pindhang lulang = krècèk.

23. O, hla, pipa Landa; mung ngono we kok nêpsu. Pipa Landa = oncowe.

24. Pring dhèmpèt sunduk sate; besuk manèh yèn arêp kandha warna-warna, mbok kêtêmu ijèn bae, ta. Pring dhèmpèt = andha. Sunduk sate = sujèn.

25. Wilangan wolu lan loro, puluh-puluh wis kêbanjur, kapriye manèh. Wilangan wolu lan loro = sapuluh.

Wangsalan padinan kang tanpa nyêbutake batangane uga kêrêp kêprungu ana ing pacalathon. Olèhe ora nyêbutake batangane iku amarga wong kang diajak wawan-gunêm utawa wong-wong kang padha ngrungokake dianggêp wis padha ngrêti têmênan marang têbusane wangsalan kang diucapake, jalaran wangsalan sing diucapake iku wis kêrêp kêprungu ana ing pasrawungan. Dadi dianggêp "ora prêlu" nyêbutake têbusane, sarèhne wong-wong umume wis padha ngrêti.

Tuladha:

1. We hla, njanur gunung têmên, esuk-esuk kok wis mlaku-mlaku.

Ing gunung ora akèh wit krambil, nanging akèh wit kang mèmpêr wit krambil. Wit apa arane?

2. Mung kapenging nggêntha dara.

Apa jênênge gêntha dara?

3. Hla kok eman têmên, ênom-ênom jare njangan gori.

Gori iku lumrahe dijangan modhèl apa? Apa lumrah dijangan bêning utawa disop?

--- 8 ---

4. Pak guru barêng ngagêm agêman cara Jawa banjur katon mandhan rawa.

Pandhan (utawa sukêt gêdhe-gêdhe kang dianggêp pandhan) kang tuwuh ana ing rawa iku jênênge apa ta?

5. Ngrêtia bakal ngrokok cêndhak mangkono, dhèk mau rak ora dakkandhani.

Rokok kang wis cêndhak (saperangan wis diudut) iku apa jênênge?

6. Jênang gula lo, poma!

Jênang gula diarani apa? Maksude wanti-wanti supaya aja nganti kapriye?

7. Dupèhane kuwasa bae; ngunèni wong kok olèhe nganak cêcak.

Apa arane anak cêcak?

8. Hara ta, barêng krungu têmbang Jawa kang ora blero larase, trêp pathête, endah cengkoke tur bêcik cakêpane, rak banjur ngêmbang durèn têmênan.

Kêmbang durèn iku jênênge apa?

9. Kutha gudhêg iku kasêbut kutha têlênging "pêrjuangan" bangsa Indonesia.

Kutha êndi kang misuwur bangêt enaking gudhêge?

10. Pak guru lagi bae mêntas kondur saka kutha Bêngawan; malah durung lukar agêman.

Kutha êndi kang kliwatan ilining bêngawan? (jênênge kutha padha karo araning bêngawan).

B. Wangsalan kanthi paugêran tartamtu.

Wangsalan kanthi paugêran tartamtu iku kêna kaperang dadi loro, yaiku:

I. Kang mung wujud ukara siji. Uga diarani: wangsalan lamba.

II. Kang wujud ukara loro. Uga diarani: wangsalan rangkêp utawa camboran.

Kang kalêbu ing golongan I, ukara siji isi wangsalan dalah batangane pisan. Ukara siji iku kadadean saka rong gatra; cacahing wandane (kabèh) ana 12.

Gatra kang ngarêp 4 wanda, isi wangsalane.

Gatra kang buri 8 wanda, isi batangane (jawabane utawa têbusane).

Tuladha:

Kulik priya, dèn sêtya-tuhu wicara (4 wanda + 8 wanda).

Kulik priya, yaiku kulik lanang, jênênge tuhu.

Panunggalane:

1. Kapi jarwa, dakpêthèk mangsa luputa. Kapi jarwa = kêthèk.
2. Kawi banyu, nyata karangane guru. Kawi banyu = tirta.
3. Carang wrêksa, nora gampang ngarang Jawa. Carang wrêksa = pang.

--- 9 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 1 dari 23

4. Kukus gantung, daksawang sajake bingung. Kukus gantung = sawang.
5. Kêmbang ganyong, aja cidra marang uwong. Kêmbang ganyong = puspa-nyidra.
6. Gayung sumur, aywa kêmba banjur mundur. Gayung sumur = timba.
7. Rêca kayu, golèka ngèlmu rahayu. Rêca kayu = golèk.
8. Bayêm arda, putri antêng tur jatmika. Bayêm arda = latêng.
9. Balung janur, mangka usadaning nganggur. Balung janur = sada.
10. Wohing tanjung dèn bêcik trêsna mring biyung. Wohing tanjung = kêcik.
11. Jarum jala, mara coba ngripta basa. Jarum jala = coban.
12. Singa ranu, dèn sêtya mring ubayamu. Singa ranu = baya.
13. Kambing wana, bêktia mring kadang wrêdha. Kambing wana = kidang.
14. Têpi wastra, dèn trêsna sapadha-padha. Têpi wastra = kêmadha.
15. Sêkar pucang, sèwu bêgja kêmayangan. Sêkar pucang = mayang.
16. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. Roning mlinjo = êso.

Wangsalan kang kadadean saka 4 wanda + 8 wanda iku kêrêp kêprungu ana ing geronganing gêndhing, yaiku kang diarani umpak-umpak, sênggakan lan liya-liyane, diucapake dening pasindhèn utawa niyaga.

Tuladhane, kaya ta ing gêndhing Pangkur-lamba. Ing sadurunge wiwit nabuh gêndhing Pangkur-lamba, niyaga utawa pasindhèn lumrahe murwakani mangkene (upamane):

Pangkur-lamba (slendro pathêt 9).

Purwaka (Buka, bawa):

!!!!65!6521y
Kêm-banga-dassu-mê-barnèngtê-ngaha-las
!!!!6665566!
tu-wasti-wasngla-buh-iwongo-rawa-ras
5!52211y22235655
A-lahba-pak,ba-lungja-gungsa-guh-kui-sihjang-gêl-an

--- 10 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 2 dari 23

Wiwit gerong sing baku:

212y21yt
La-gugên-dhingpang-kurlam-ba
yty1321y
ma-wèhgam-bi-rawar-da-ya
2321yty1
turma-thukki-nar-yaa-ba
321y21yt
mla-kuba-rêngu-lahra-ga (Pm)

Balung jagung = maksude: janggêl.

Janggêlan = durung têtêp, isih kudu janji manèh, sendhe, bisa uga wurung.

Wondene wangsalan kanthi paugêran tartamtu kang kalêbu ing golongan II, uga diarani wangsalan camboran, sabab isi wangsalan luwih saka siji; mêsthi bae batangane ya luwih saka siji.

Wangsalan camboran kadadean saka rong ukara, sabên saukarane ana rong gatra.

Ing ukara kang kapisan: gatra sing ngarêp 4 wanda, isi wangsalan; gatra sing buri 8 wanda, uga isi wangsalan.

Ing ukara kang kapindho: gatra sing ngarêp 4 wanda, isi batangan (têbusan); gatra sing buri 8 wanda, uga isi batangan (têbusan).

Paugêrane wangsalan camboran, manawa katulis kanthi cêkak mangkene:

4 wanda isi wangsalan, 8 wanda isi wangsalan.

4 wanda isi batangan, 8 wanda isi batangan.

Dene paugêrane wangsalan lamba mangkene:

4 wanda isi wangsalan, 8 wanda isi batangan.

Tuladha wangsalan camboran:

1. Jênang sela, wadêr kalèn sêsondêran. Apu, sêpat.

Apuranta, yèn wontên lêpat kawula.

2. Sayuk karya, wulung wido mangsa rowang. Saiyêg, bidho.

Sayêktine, wit saking bodho kawula.

3. Gêlang sweda, kancing gêlung munggwing dhadha. Ali-ali, pêniti.

Aywa lali, dèn nastiti barang karya.

4. Jênu tawa, dhepoke Pêndhita Durna. Tungkul, sukalima.

Ywa kêtungkul, ulah suka tan prayoga.

5. Widhêng galêng, putra Krêsna Paranggrudha. Yuyu, Samba.

Tyas rahayu, agawe tibaning wahyu.

--- 11 ---

Wangsalan camboran kang èdi-pèni dhewe iku kang dhapukaning ukarane nganggo purwakanthi lumaksita, lan uga nganggo purwakanthi guru-swara.[1]

Dununge purwakanthi lumaksita ana ing ukara kang kapisan, yaiku ukara kang isi wangsalan. Têmbung ing wêkasane gatra ngarêp padha karo têmbung ing angkatane (wiwitane) gatra kang buri.

Tuladhane:

1. Bayêm arda, ardane ngrasuk busana. Latêng (klatêng), bêsus.

Mari antêng, bêsuse saya katara.

2. Kulik priya, priya gung Anjani putra. Manuk tuhu, Anoman.

Tuhu eman, wong anom wêdi kangelan.

3. Têpi wastra, wastra kang tumrap mustaka. Kêmadha, ikêt.

Para mudha, ngudia angikêt basa.

4. Kancing gêlung, gêlung kondhe modhèl Bandhung. Tusuk-kondhe, Ciodha.

Besuk apa, dhamange mring basa Jawa.

5. Yaksa Dewa, Dewa dèwi lir danawa. Bathara Kala, Bathari Durga.

Kala mudha, bangkit ambengkas durgama.

6. Carang wrêksa, wrêksa kang rineka janma. Êpang, golèk.

Nora gampang, golèk kawruh mrih kaonang.

7. Ngreka puspa, puspa nêdhêng mbabar ganda. Nggubah, mêkar.

Nggubah basa, mrih mêkar landhêping rasa.

8. Mong ing tirta, tirta wijiling salira. Baya, kringêt.

Sapa baya, bangêt ngudi basa Jawa.

9. Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. Banyu rasa, têsmak.

Wong wruh rasa, tan mamak ing tata-krama.

10. Sayèng kaga, kaga krêsna mangsa sawa. Kala, manuk gagak.

Wong susila, lagake anuju prana.

Wangsalan camboran (mawa paugêran tartamtu) kaya kasêbut ing dhuwur iku kêrêp kêprungu kanggo nggerongi gêndhing, ing peranganing gêndhing kang diarani umpak-umpak, yaiku ing sadurunge gerong sing baku. Sing ngucapake (nglagokake) pasindhèn utawa niyaga. Yèn tumrap panêmbrama, sing ngucapake mêsthi bae ya wong-wong (bocah-bocah) sing padha manêmbrama.

Tuladhane, kaya ta kang kasêbut ing umpak-umpaking gêndhing ing ngisor iki:

--- 12 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 3 dari 23
Panêmbrama palakrama 25 warsa (yubileum).

BAWA SÊKAR AGÊNG RÊTNAMULYA.

Lampah 12 (4-4-4), dhawah gêndhing Sriwidada, laras pelog pathêt Barang.

z7x.x@c#z#x.x@x#x@x.c#z6c7z5x.x6x5x3xxx c55z5x6c77z7x.x@x7c6z6x.x7x@x.c#z6c7z5x.x6x5c3
Rêt-namul-ya,purwa-ka-ning,pa-nêm-bra-ma
z3x.c56z6x.x7x@x.c#z6x7x6x5c3ux2x3x2cuuuzux2c3z3x.c222z2x3x.c2zucy
turpam-ba-gya,mringprata-mu,kangmi-nul-ya
z7x.x@c#z#x.x@x#x@x.c#z6c7z5x.x6x5c355z5x6c77z7x.x@x7c6z6x.x7x@x.c#z6c7z5x.x6x5c3
mu-gisa-mya,ti-nê-bih-na,ingdur-ga-ma
z3x.x5c6z6x.x7x@x.c#z6x7x6x5x.x7x6x5x3x2c332zux.c2z2c3z3x.x5c62c5z3x.c2z2x3x2cuy
ba-su-kyar-ja,tê-guhywa-na,truswi-da-da (Pm).
Umpak-umpak
k.k k2k k2k 3k3k k3k k3k 3k2k k2k k3k 2Âu
Kalong a-lit janma kangasung u- sa-da
k.kuk k2k 2k2k k2k k2k 2k3k k3k k2k uÂy
saya tu-wa ru- kunesa- ya ka- ta-ra
k.k2k k2k 3k3k k3k k3k 3k2k k2k k3k 2Âu
kulik pri-ya kaga gi-nantang gaga-na
k.k5k k6k 5k3k k3k k3k 3k5k k6k k7k 7Â6
tu- hu nya-ta patut ki-narya tu- la-dha
Nyandhak gerong kang baku pada kang kapisan
j.66z.x6c7Âz5c6j.75zk6kxk7kx@c#Â6.j.#j#j zk#c@Âjz7x@cj#kz6c75kz5xk.xk6c5Â3
Kan-thisu-kasu-kèngka-yun,ka-yungyuning tyasmè-ngêt-i
j.2zj3c5zj.kx6c7Â5.5zj6c7zk5xk.xk6c5Â3j.2jz3c5jz.xk6c7Â5j.5jz6c7kz5xkx.xk6c5Âzj3c7
pè-ngêt-an-ingpa-la-kra-ma,kangwusprap-tèngsla-wewar-si
.j.7j7j 5Âzj6jxj.jx7x@jc#jzk6c75kz5kx.kx6c5Â3j.2jzuc2zj2c3Âjz3xkx.x5cj6j kz2c5zj3kx.c2zk2kx3kx2cuÂy
sa-nitya-sasih-si-nih-an,sa-i-yêgsa- ekakap-ti (Pm).

--- 13 ---

Nuli umpak-umpak manèh, banjur gerong manèh. Mangkono satêruse, umpak-umpak lan gerong gilir-gumanti nganti rampung olèhe manêmbrama.

C. Wangsalan kang sinawung ing têmbang.

Wangsalan kang sinawung ing têmbang mêsthi bae cacahing wanda utawa kêcape ora tartamtu, marga kawêngku ing guru-wilangane têmbang. Mangkono uga dhong-dhinge (tibaning swara) wangsalan, uga ora bisa nganggo purwakanthi guruswara, jalaran kawêngku ing guru-lagune têmbang. Guru-wilangan lan guru-lagune têmbang sing mêngku wangsalan iku, mêsthi bae luwih mênang, lire: ora kêna owah, kudu tansah ajêg manut paugêraning têmbang.

Tuladha:

1. Kinanthi (Paliwara M.N. IV).

Kinanthi liring pitutur | kênthang rambat mênyan putih (tela, wlirang) | awasna dipun-pratela | nolèha wiranging wuri | cêcangkok wohing kalapa (bathok) | kang dadi pathoking urip ||

2. Sinom.

wêwangsalan roning kamal (godhong kamal = sinom) | pra anom dèn ngati-ati | wrêksa kang pinêtha janma (golèk) | golèk kawruh kang sajati | kulik priya upami (tuhu) | anganggoa rèh kang tuhu | kalpika pasrèn karna (anting-anting) | gêgêlang munggwing dariji (ali-ali) | aywa tinggal miwah lali pariwara ||

3. Dhandhanggula (Paliwara M.N. IV).

Carang wrêksa ingkang jamang tambir (êpang, wêngku) | nora gampang wong mêngku nagara | baligo amba godhone (labu) | kudu santosèng kalbu | têngarèng prang andhêging riris (têtêg, têrang) | dèn têtêg trang ing cipta | sêndhang niring ranu (asat) | sasat ana ing palagan | kasang toya mênyan seta munggwing ardi (impês, wlirang) | yèn apês kuwirangan ||

--- 14 ---

4. Pangkur (Rêrêpèn M.N. IV).

1. jirak pindha munggwing wana (kêsambi) | sayèng kaga we rêkta kang muroni (kala, anggur) | nyênyambi kalane nganggur | wastra tumrap mastaka (ikêt) | pangikête wangsalan kang sêkar Pangkur | baon sabin ing nawala (karya) | kinarya langên pribadi ||

2. senthe lit sasanèng arga (kajar) | lênging roga mina kinarya dêsthi (tlanjêr, dhuyung utawa sok kasêbut iwak tèmpèl) | nglêlêjar lanjêring wuyung | sikatan bang ngrêmbaka (kêmbang soka) | pinisuka kasukan saananipun | wimbaning kang candrawela (rêmbulan purnama) | mrih purna pranawèng kapti ||

3. sarkara drawa linama (kilang) | gêlang sweda kramane marah siwi (ali-ali, mulang) | ilang laliyèng wulangun | mundhu lit doanira (clakêt) | lumêkêting kayuwananirèng kayun | parab madyaning Pandhawa (Arjuna) | sarjua arjaning dhiri ||

4. singgang gung kang piniyara (winih) | mardi siswa kêkawinirèng èstri (mulang, wadu) | winèh winulangkên wadu | pêputhut mong Prêgiwa (Cantrik Janaloka) | kang sumewa pasewakaning kalangun | pangrantamirèng pradangga (sêndhon) | sêsêndhonan gênti-gênti ||

5. wicara tanpa karana (ngayawara) | bêbasane janma nunggal sapanti (dunung) | ngayawara tanpa dunung | sampang panggilap wrêksa (prênis) | pêprênesan linaras rêsmining kayun | narmada lit ngalang marga (kali) | lan liya amung ngrêrêpi ||

Bab II. Parikan.

Parikan iku unèn-unèn kang nglungguhi paugêran mangkene:

a. Kadadean saka rong ukara, dhapukaning ukara nganggo purwakanthi guru-swara.

b. Sabên saukara kadadean saka rong gatra.

c. Ukara kang kapisan (dadi rong gatra kang wiwitan) mung minangka purwaka utawa bêbuka; dene "ngêse" utawa "wose" dumunung ana ing ukara kang kapindho (rong gatra kang wêkasan).

Tuladha:

Tawon madu, ngisêp sêkar. (Ukara kapisan, rong gatra).

Calon guru, kudu sabar. (Ukara kapindho, rong gatra).

Kang kacêtha ana ing tuladha ing dhuwur iku, satêmêne maksude "sing baku" utawa "wose" wong mung nêdya kandha (mituturi marang siswa pawiyatan guru) "Calon Guru", "kudu sabar". Nanging sadurunge kandha kaya mangkono, wong iku ngandhakake "purwaka" dhisik kang unine "Tawon madu", "ngisêp sêkar". Wondene prêlune nganggo "purwaka", supaya wong (bocah) sing arêp dikandhani bisa kêtarik atine, satêmah banjur "nggatèkake" marang "wose kang baku" sing satêmêne lagi arêp dikandhakake.

--- 15 ---

Manut cacahing wanda utawa kêcape, parikan iku kêna diperang dadi têlu, yaiku:

a. Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 4 wanda) x 2.

b. Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 wanda) x 2.

c. Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) x 2.

Cacahing ukarane ing siji-sijine parikan ajêg padha, yaiku rong ukara, lan sabên saukarane kadadean saka rong gatra. Dhong-dhinging swarane sing padha, utawa purwakanthine guru-swara, dumunung ana ing:

I. Wêkasaning wanda ing gatra kang ngarêp, ukara kapisan karo kapindho kudu padha, runtut.

II. Wêkasaning wanda ing gatra kang buri, ukara kapisan karo kapindho uga kudu padha, runtut.

a. Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2.

1. Wajik klêthik, gula Jawa.

Luwih bêcik, sing prasaja.

2. Nangka jêruk, jambu nanas.

Rada watuk, ngêlu panas.

3. Wedang bubuk, tanpa gula.

Aja ngamuk, enggal tuwa.

4. Pitik walik, tanpa lancur.

Pangkat cilik, arang nganggur.

5. Pitik cilik, nothol upa.

Ala sithik, uga kêna.

6. Manuk êmprit, mencok pagêr.

Mulang murid, murih pintêr.

7. Omah gêdhong, pinggir lurung.

Ati njontong, pikir bingung.

8. Abang-abang, ora lêgi.

Mampang-mampang, jêbul wêdi.

b. Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2.

1. Kêmbang arèn, sumêbar têpining kalèn.

Aja dahwèn, yèn kowe kêpengin kajèn.

2. Kêmbang kêncur, ganda sêdhêp sandhing sumur.

Kudu jujur, yèn kowe kêpengin luhur.

3. Kêmbang mênur, dèn sêbar dèn awur-awur.

Barêng makmur, banjur lali mring sadulur.

4. Cêngkir wungu, wungune kêtiban daru.

Dadi Guru, kudu sabar momot mêngku.

5. Wedang bubuk, kumriyuk gulane rêmuk.

Mulang muruk, poma aja karo ngantuk.

6. Kêmbang mawar, ganda arum ngambar-ambar.

Ati bingar, mung yèn mêntas tampa bayar.

7. Rujak cêngkir, pantês dèn wadhahi cangkir.

--- 16 ---

Mlipar-mlipir, polahe wong duwe êsir.

8. Kêmbang mlathi, warna pèni ganda wangi.

Watak putri, kudu gêmi lan nastiti.

9. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.

Ijih murid, aja sênêng kêcèh dhuwit.

10. Kêmbang cêngkèh, ganda sêdhêp warna anèh.

Wong sing sumèh, tartamtu mitrane akèh.

11. Rujak wuni, rujake para pêmudhi.

Aja lali, kudu anêtêpi janji.

12. Rujak dhondhong, pantês dèn wadhahi lodhong.

Yèn wis condhong, dèn tandangi gotong-royong.

c. Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2.

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) x 2 iki sawênèh ana sing ngarani parikan 4 pada. Iku kliru, sabab têmbung "pada" iku tumrap rêriptan kanggone ana ing têmbang. Dene yèn têmbung "pada" iku sing dikarêpake kudu ditêgêsi "ukara" uga kliru, sabab parikan iku ora ana sing kadadean saka 4 ukara, nanging kudu mung 2 ukara kang kadadean saka 4 gatra. Mung bae "carane nulis" rong ukara kang kadadean 4 gatra iku ana sing didadèkake 4 larik.

Tuladhane:

Ênting-ênting gula Jawa, sabungkus isine sanga.

Ingatase para siswa, wajib sênêng nggubah basa.

Parikan ing dhuwur iku uga mung 2 ukara. Ukara kapisan mung minangka "purwaka", lan "wose sing baku" dumunung ana ing ukara kapindho. Nanging panulise, tarkadhang didadèkake 4 larik, mangkene:

Ênting-ênting gula Jawa,

sabungkus isine sanga.

Ingatase para siswa,

wajib sênêng nggubah basa.

Panunggalane:

1. Gawe cao nangka-sabrang, kurang sêtrup luwih banyu.

Aja awatak gumampang, ingatase calon Guru.

2. Sêga punar lawuh êmpal, sêgane pêngantèn anyar.

Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar.

3. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula.

Piwêlingku mring pra mudha, aja wêdi ing rêkasa.

Parikan iku kêrêp kêprungu kanggo nggerongi gêndhing, luwih-luwih ing peranganing gêndhing kang diarani umpak-umpak. Coba umpak-umpaking gêndhing Sriwidada kang wis kasêbut ana ing bab I (yaiku bab Wangsalan) cakêpane gantinên nganggo parikan sing kadadean saka (4 wanda + 8 wanda) x 2.

--- 17 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 4 dari 23

Parikan kang kanggo ing lêlagoning dolanan iku cacahing wandane kêrêp nyêbal saka paugêran, amarga kapurba ing laguning dolanan.

Tuladha:

I. Lêlagon parikan (slendro pathêt 9).

k.k5k k6k !k@k k!k k!k 6k5k k6k k@k 6k!k k6k k!k !
Cêngkir wu-ngu, wu- ngu- nekê- tiban da-ru (Dhuh ibu)
k.k6k k6k 6k6k k6k k6k 6k!k k k k5k k k6k k 35
calon gu-ru, ku- du sa-bar mo- mot mêng-ku (Pm).

Katrangan.

Perangan sing dikurung, yaiku (Dhuh ibu), iku wuwuhan, kanggo sênggakan.

II. Suwe ora jamu. pelog pathêt 6.

233123..122312..
Su-weo-raja-mu,ja-mugo-dhongkên-cur
35566553322116
su-werakê-tê-mu,tê-mupi-sanma-jumun-dur

Katrangan.

Lêlagon ing dhuwur iku kadadean saka 2 ukara, sabên saukara kadadean saka 2 gatra. Gatra kapisan, kapindho lan katêlu, siji-sijine isi 6 wanda, mung gatra kaping papat sing isi 8 wanda. Sanajan mangkonoa, cakêpane lêlagon iku ya kudu diarani "parikan", sabab:

a. Kadadean saka 2 ukara, lan sabên saukarane ana 2 gatra.

b. Dhong-dhinging swara gatra ngarêp ing ukara kapisan runtut karo gatra ngarêp ing ukara kapindho. (Purwakanthi guru-swara). Mangkono uga gatra buri ing ukara kapisan uga runtut karo gatra buri ing ukara kapindho.

c. Ukara kapisan mung kanggo "purwaka" bae. Sing baku utawa "wose" satêmêne mung nêdya kandha kang surasane "ingatase wis suwe ora kêtêmu, kêtêmu sapisan bae kok sajak ora sênêng, katandha olèhe nêmoni sajak maju-mundur". Nanging dicêkak (marga kawêngku ing laguning dolanan) dadi muni "suwe ra kêtêmu, têmu pisan maju-mundur".

Yèn didêlêng sakêplasan, kaya-kaya parikan iku padha karo wangsalan; nanging satêmêne adoh bangêt sungsate, sabab:

I. Wangsalan iku isi batangan, parikan ora.

II. Dhapukaning ukarane parikan kudu nganggo purwakanthi guru-swara, balik wangsalan kêna nganggo purwakanthi guru-swara lan kêna ora.

--- 18 ---

Bab III. Guritan.

Têmbung "guritan" linggane gurit, têgêse:

1. Kidung utawa têmbang.
2. Tulisan awujud tatahan.

Nggurit atêgês:

1. Ngripta têmbang, kidung utawa rêrêpèn.
2. Nglagokake têmbang, ngidung utawa ngrêrêpi.

Guritan iku kalêbu rumpakan kang mawa paugêran tartamtu. Wondene paugêrane guritan mangkene:

1. Cacahing gatrane ora ajêg, nanging lumrahe sathithike 4 gatra.
2. Cacahing wandane gatra siji karo sijine ajêg padha kèhe.
3. Dhong-dhinging swara ing kabèh wêkasane gatra kudu runtut, yaiku nganggo purwakanthi guru-swara.
4. Sangarêpe rêriptan kang diarani guritan, lumrahe nganggo bêbuka "Sun nggêgurit". Nanging têmbunge "sun nggêgurit" iku mung siji, sanajan olèhe ngarang bisa uga nganti pirang-pirang guritan.

Pèngêt.

Saguritan, tumrap têmbang Macapat diarani sapada (sacouplet, satu bait), tumrap têmbang Gêdhe diarani sapadèswara.

Tuladha:

Sun nggêgurit:

I. "Kaanan jaman saiki

sipat pêmudha-pêmudhi

srawungane saya ndadi

rakêt wêwekane sêpi

tan kadi duk jaman nguni

srawung sarwa ngati-ati".

II. "Yèn manut wasitèng kuna

priya srawung lan wanita

gampang kêtaman panggodha

nêrak ing laku susila

têmah darbe jênêng ala

wasanane tibèng papa". (Pm).

Têmbang kang dhapukaning gatra-gatrane kayadene dhapukaning guritan yaiku têmbang Girisa, kalêbu ing golongane têmbang [têm...]

--- 19 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 5 dari 23

[...bang] Gêdhe. Guru-wilangane gatra siji karo sijine padha bae, dhong-dhinging swarane kabèh tiba lagnyana (lêgêna).

Girisa (laras pelog pathêt 6).

5555.z5c6z5x.c3z3x5c6z6x.c5
Ku-dang-an-kumringprasis-wa
56!z@x.c#653z5x.x6x5x.x3c2
da-di-ajan-masu-si-la
65z!x.c@622z2c3z1x.x2x1cy
ku-watji-wami-wahra-ga
2z3c555z5c6z5x.c3z3x5c6z6x.c5
su-gihgu-naa-nim-pu-na
56!z@x.x#x@c!653z5x.x6x5x.x3c2
turdar-bewa-taksa-tri-ya
65z!x.c@622z2c3z1x.x2x1cy
tanmi-kirdhi-ripri-yang-ga
212z3x.x5c622z2c3z1x.x2x1cy
sê-dyanjun-jungnus-wa-bang-sa
33z3c5223z5c6z5x.x6x5c3
mrihka-su-sraman-ca-pra-ja (Pm).

Sawênèh guritan ana sing mung mburu purwakanthi guru-swara bae, surasane gatra siji karo sijine ora runtut, ora ana gêgayutane.

Tuladha:

Orak-arèk orak-arèk

cêcak gêdhe jare têkèk

paku kayu aran pantèk

cingèng padha karo ciwèk

gimbal kacang aran pèyèk

kodhok muni jare ngorèk. (Pm.)

Lagu-lagu dolanan bocah, sanajan cacahing wandane siji-sijining gatra ora ngêplêki wêwatoning guritan, lan ora kabèh dhong-dhinging swara ing wêkasane gatra ajêg padha utawa runtut, nanging lumrahe kagolongake bangsane guritan.

Guritan dolanan bocah iku cacahing wandane njupuk cocoge karo lagune dolanan. Tanpa wêwaton guru-lagu kang tartamtu, mung awêwaton purwakanthi guru-swara bae.

--- 20 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 6 dari 23

Guritan dolanan bocah iku akèh bangêt. Ing ngisor iki tuladhane:

I. Witing klapa (slendro pathêt 9).

A.

5!5Â2323Â2531Ây.00Â0
Wit-ingkla-palu-gu-nemak-sudpang-rip-ta
ty1Â2.3.Â5.z!c6Â5.02Â3
sungsê-su-luhpranu-pik-sa,ma-mrih
250Â0666Â655!Â6.z5c6Â!
bi-sami-lihwê-wa-kilu-ta-ma,tu-hu
z6c5Â2.6.Âz!c5z2c3Â1
bi-sana-tapra-ja

B. Kawruhana pakaryaning para warga, Konstituwante ingkang sarta, pra anggota, Perwakilan Rakyat kita, ndhapuk undhang pariwara.

C. Mula poma miliha kanthi wêweka, aywa ambawur kewala, lwih prayoga, watak-wantu elingana, janma kang cinalon warga.

D. Wong sing pintêr bisa gawe undhang bênêr, saka wohe ati bantêr, tan kêblingêr, têmah Rakyat tan gumêdêr, rêgêjêgan rêbut bênêr.

E. Wong sing jujur bisa gawe undhang luhur, praja bisa dadi miswur, sarta makmur, Rakyat nora pijêr udur, tan akèh kaum panganggur.

F. Wong sing prigêl bisa gawe undhang supêl, andayani Rakyat wêkêl, têmah mrênthêl, sandhang-pangan maju ndêdêl, mring pêmimpin saya ngandêl.

G. Wong sing slingkuh gawe undhang mêsthi kisruh, kêgêdhèn melik kêpatuh, angaluthuh, rêrusuh sangsaya wuwuh, Rakyat sambat pating brêkuh.

H. Wong sing jirih gawe undhang mêsthi ringkih, têmah Rakyat kèh kang sêdhih, trus kêtitih, uripe saya kêlindhih, dadi kurbaning wong sugih.

II. Bagong ngamuk (slendro pathêt 9).

j0j 2j2j 3j5j 6jz!xjx c5j0j 5j2j 5j3j 21
Ka-tognabudi-mutan-dhing ka-ro a-ku
j0j 55j0j 2jz5xj c6j0j 15j0j 5j6j !
i-kiBa-gongdo-yanu-wong
j0j @j6j !j5j 3jz2xj c6j6j 5j!j 5j2j 21
ga-lak ka-ya bu-taing Nga-lêngkadi- ra-ja

(Têmbang Jawa)

--- 21 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 7 dari 23

Ana ing geronganing gêndhing, guritan tarkadhang kêprungu dianggo bêbarêngan (campur) karo wangsalan lan parikan.

Cakêpan gerong Ulêrkêmbang[2] ing ngisor iki waspadakna, nuli sêbutna unèn-unèn (ukara-ukara) êndi sing aran wangsalan (lan têbusane), parikan lan guritan.

Ulêrkambang (slendro pathêt 9).

56!z@x6c!55222z1x2x3c5z2x3x2x1xyxtcyy
An-curka-ca,ka-cako-cakmung-gwingne-tra
11111yt2355!65
nya-talu-hurbu-di-ne,no-ragê-dheme-lik-e,
56!@5322225321y
jala-lipo-mako-we,go-tongro-yongnyam-but-ga-we,
ty122222
sê-pipam-rihra-mengga-we
@@@@!6@z6c!52z2c3z2c1
wongwruhra-sa,tanma-makta-tatrap-si-la
6666!5555652y1
bram-bangdi-risi-ris,la-nangwe-dokku-duwa-sis
6666!5555652y1
bram-bangda-wut-a-wut,mbu-wangwa-takkangtanpa-tut
55556!!!6!56
ri-ri-ri-ri,mum-pungmu-dhadènta-bê-ri,
66665!522212yt
mbu-dingla-tihdhi-rimrihda-dijan-mau-ta-mi.
235235222212y1
mohjê-rukmohjam-bu,a-kube-sukda-digu-ru (Pm).

Bab IV. Têmbang.

Têmbang iku rêriptan kanthi paugêran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake.

Wiwit jaman kunaning kuna, Kasusastran Jawa kêna kaperang loro, yaiku kang gancaran lan kang sinawung ing têmbang. Kasusastran Jawa ing jaman kuna kang sinawung ing têmbang, têmbange, diarani dening wong-wong jaman saiki têmbang Kawi, têgêse: têmbang ing jamane wong-wong Jawa padha nganggo basa Kawi, lan cakêpane têmbang Kawi iku mêsthi bae iya nganggo basa Kawi (basa Jawa Kuna).

--- 22 ---

Wiwit jaman Majapait, akèh wong-wong (Rakyat) sing ora ngrêti basa Kawi utawa Jawa Kuna. Basa sing kanggo gunêman ing wêktu iku diarani basa Jawa Têngahan. Marang têmbang Kawi uga wis akèh sing ora ngrêti. Bêbarêngan karo anane basa Jawa Têngahan, tuwuh têmbang anyar kang diarani Têmbang Têngahan, têgêse: têmbang ing jamane wong-wong Jawa padha nganggo basa Jawa Têngahan, lan cakêpane têmbang iku mêsthi bae ya nganggo basa Jawa Têngahan. Sabakdane têmbang Têngahan, tuwuh (jumêdhul) têmbang anyar manèh, yaiku kang ing jaman saiki diarani têmbang Macapat.

Wiwit ing jaman Majapait wis akèh Kasusastran kang sinawung ing têmbang Macapat. Tuladhane: buku Sudamala, Kidung Subrata, Panji Angrèni lan sapanunggalane.

Ing jaman Majapait uga isih ana buku-buku (Kasusastran) kang sinawung ing têmbang Kawi lan uga nganggo basa Kawi (Jawa Kuna), kaya ta:

1. Buku Nagarakrêtagama, karangane pujangga Sang Prapanca.
2. Buku Arjunawijaya, karangane Êmpu Tantular.

Wêwaton utawa paugêrane têmbang Têngahan lan têmbang Macapat iku ora beda, yaiku padha dene nganggo paugêran guru-wilangan lan dhong-dhing (guru-lagu). Jalaran saka iku, têmbang Têngahan karo têmbang Macapat iku satêmêne nunggal golongan (sawarna bae). Mung bae, têmbang Macapat kang luwih kuna (luwih tuwa), ing jaman saiki diarani têmbang Têngahan. Utawa: têmbang Têngahan kang jumêdhul kari, diarani têmbang Macapat.

Paugêrane têmbang Têngahan ing jaman Kuna iku ora mêsthi kabèh padha karo paugêrane têmbang Têngahan ing jaman saiki. Tuladhane:

Balabak, ing jaman kuna dhong-dhinge gatra kapisan tiba u (suku), katêlu o (taling-tarung), kalima e (taling). Kapriye bedane karo têmbang Balabak ing jaman saiki?

Têmbang Macapat kuna, paugêrane uga ora mêsthi kabèh padha karo têmbang Macapat ing jaman saiki. Tuladhane:

1. Sinom, ing jaman biyèn wêkasane gatra kang katêlu kêna tiba o (taling-tarung). Ing jaman saiki gatra kang katêlu iku kudu tiba apa?

2. Mijil, ing jaman kuna diarani Pamijil, wêkasane gatra kang kapindho tiba e (taling). Hla Mijil ing jaman saiki gatra kang kapindho kudu tiba apa?

Manut kalumrahane ing jaman saiki, têmbang iku diperang dadi têlung golongan, yaiku: têmbang Kawi (Gêdhe), têmbang Têngahan (Dhagêlan) lan têmbang Macapat (têmbang Cilik).

I. Têmbang Kawi (Gêdhe).

Titikane:

1. Mung awêwaton guru-wilangan bae, tanpa paugêran dhong-dhing utawa guru-lagu.

--- 23 ---

2. Sabên satêmbangan kadadean saka 4 larik kang salarike diarani sapadapala.

3. Cacahing kêcap (wanda) ing padapala siji karo sijine ajêg padha bae.

Katrangan:

a. Têmbang Kawi sabên satêmbangan kadadean saka 4 larik (4 padapala).

b. 4 padapala iku kaperang loro, dadi sabên saperangan ana 2 padapala, iku diarani sapadadirga. Dadi, sabên satêmbangan ana 2 padadirga, lan 2 padadirga iku uga diarani sapadèswara.

Ringkêse: satêmbangan = sapadèswara = 2 padadirga = 4 padapala.

c. Cacahe wanda (kêcap) sabên sapadapala diarani salaku (salampah).

d. Sabên salaku sathithike 5 wanda.

e. Têmbang Kawi sing laku 5 lan laku 6 lagune tanpa pêdhotan.

f. Sing lagune nganggo pêdhotan, yaiku têmbang Kawi sing laku 7 utawa luwih.

Laku 7 pêdhotane 3-4.

Laku 8 pêdhotane 4-4.

Laku 9 pêdhotane 4-5.

Laku 10 pêdhotane 5-5, utawa 4-6.

Laku 11 pêdhotane 5-6.

Laku luwih saka 11 pêdhotane ora mêsthi.

g. Têmbang Kawi sing laku 5-10 diarani lagu Salisir.

Laku 11-20 diarani lagu Siriran.

Laku 21-30 diarani lagu Rakêtan.

Laku 31 utawa luwih diarani lagu Simparan.

Lagu Simparan, yaiku têmbang Kawi sing sabên sapadapala luwih saka 30 wanda (laku 31 utawa luwih) ing jaman saiki prasasat wis ora kanggo.

h. Gunane têmbang Kawi (Gêdhe) ing jaman saiki:

1. Kanggo Suluk-Padhalangan.
2. Kanggo mbawani gêndhing.

i. Têmbang Kawi (Gêdhe) kang wis lumrah kanggo mbawani gêndhing tartamtu, kaya ta:

1. Kusumastuti, laras pelog pathêt Barang, laku 13, pêdhotan 7-6, kanggo mbawani gêndhing Sitamardawa.
2. Citramêngêng, laras slendro pathêt sanga, laku 12 pêdhotan 6-6, kanggo mbawani gêndhing Langêngita.
3. Kumudasmara, laras pelog pathêt nêm, laku 15, pêdhotan 7-8, kanggo mbawani gêndhing Walagita.
4. Pamularsih, laras slendro pathêt Manyura, laku 15, pêdhotan 7-8, kanggo mbawani gêndhing Rajaswala.

--- 24 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 8 dari 23

5. Têpikawuri, laras slendro pathêt Manyura, laku 17, pêdhotan 6-6-5, kanggo mbawani gêndhing Montro.

Salah sijine têmbang Kawi (Gêdhe) iku satêmêne kêna bae kanggo mbawani gêndhing apa bae sing padha larase lan padha pathête. Dadi ora kudu kanggo mbawani gêndhing kang tartamtu.

Tuladhane:

1. Mintajiwa, laras slendro pathêt Manyura, laku 16, pêdhotan 8-8, kêna kanggo mbawani gêndhing Puspawarna, Sriutama, Montro lan liya-liyane kang uga laras slendro pathêt Manyura.

2. Langênasmara, laras slendro pathêt sanga, laku 14, pêdhotan 6-8, kêna kanggo mbawani gêndhing Srikarongron, langêngita, Srisudana, Sriascarya lan sapanunggalane kang uga laras slendro pathêt sanga.

3. Rêtnamulya, laras pelog pathêt Barang, laku 12, pêdhotan 4-8, kêna kanggo mbawani gêndhing Sriwidada, Sitamardawa, Larasmaya, Ginonjing lan liya-liyane kang uga laras pelog pathêt Barang.

4. Patrasuratma, laras pelog pathêt nênêm, laku 17, pêdhotan 4-6-7, kêna kanggo mbawani gêndhing Gandamastuti, Walagita, Srikuncara, Srinindita lan sapanunggalane kang uga laras pelog pathêt nênêm.

Ing ngisor iki ana têmbang Kawi (Gêdhe) sawatara, pêthikan saka buku Lagu Djawi kang kaimpun dening Ki Atmosoemarto cs. Sanajan tumrap Kasusastran iku sing wigati mung basane kang kanggo ana ing cakêpane têmbang, nanging supaya para nupiksa bisa ngrêti lagune, tuladha-tuladha têmbang Gêdhe (Kawi) ing ngisor iki padha didèkèki titi-laras (noot).

1. Puksara (laras pelog pathêt barang, laku 5).

(Murih cêthane, pancène kudu katulis 4 larik; nanging yèn larike cêndhak-cêndhak, panulise mung didadèkake 2 larik).

77.6.@777.6.@7
Wit-ingka-mul-yan,ngê-gung-nadar-ma,
z7x.x@c#66z6c7z5x.x6x5c3z5x6x7c.7.7.z7x@c#z@x.x#x@c7
ringsa-mèngti-tah,três-nèngdu-ma-di

2. Gurnang (laras pelog pathêt nênêm, laku 6).

35.35.z5c6235.35.z5c62
Têmp-puh-inglo-hi-ta,o-rêgpra-kam-pi-ta,
66.65.!6z2c53.21.z2c1y
si-nêk-sènja-wa-ta,Bi-maSu-yu-da-na.

--- 25 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 9 dari 23

3. Kumaralalita (pelog br, laku 7 (3-4).

333.33z3x.x5c6667z@x.x#c.66z6c7z5x.x6x5c3
Witsir-na-ningkanggar-wa,klang-kungsung-ka-wèngdri-ya
222.222z3x.x2xucy532.35z6c7z5x.x6x5c3
Ra-ma-wi-ja-yaPra-bu,nèngsa-ma-dya-ningwa-na

4. Waktra (lambang), sl. 9, laku 8 (4-4).

55.55.z5c6z5c3z3x5c6z6x.c556!z@x.x!x6c.63z3c5z3x.c2
Sang-sa-yada-lua-ra-ras,a-byorkanglin-tangku-mê-dhap
22.1z2x.x3c.22z2c3z1x.cy33.3z2x3c.55z5c6z5x.c3
ti-tiso-nyatê-ngahwê-ngi,lu-mranggan-da-ningpus-pi-ta

5. Jaraga-tatagati, sl. 9, laku 9 (4-5).

3z3c53z3x5c.55z5c2z3c21!!z!c6z6x.x!x@x!x6x5x3c2
Kanga-têng-gawongwa-donkê-nya,sa-tung-galwar-
221z2x3x2c1zyx.ctzyc1z1c2zyc11553z5c3z2x.c1
na-ni-raen-dah,Wresa-myamè-sêmdè-ni-ramyat,
z1c3z2c1zyx1cyt2z2c3z1c2z3c5z3x.c2
kangsa-wê-nèhsu-kagu-mu-yu

6. Rukmarata (sl. 9, laku 10 (4-6).

3z3c53z3c5z5c6!51z3c5z3x.c2z2c6z6x.c!5z3x.c2
A-ngan-di-kaPra-buYu-dhis-thi-ra,dhuhKiAr-ya
6!51z3c5z3x.c25z3c5z1c2zyx.x1xyct33z3c5z3c2
Bra-ta-se-nasi-ra,kangsa-ran-talu-mak-sa-na
z2x3c5z5x.c35z3c5z1c2zyx.x1xyctz2c3z2c123z3c5z3x5x3c2
ga-wat,dènwê-we-kadi-mènmang-gihar-ja

7. Rukmawati (pelog 6, laku 10 (4-6).

5z5c65z5c6z6c!@62z5c6z5x.x6x5c3z3c!z!x.c@6z5x.x6x5c3
I-yaka-kangDrê-ma-jipun-dhèn-ku,pê-pu-ji-nên
!@62z5c6z5xx.x6x5c36z5c6z2c3z1x.cy55z5c6z5c3z3x5c6
sê-dya-kukangbê-cik,mrihwi-da-dasa-ka-dangPan-dha-
z6x.c56z5c6z2c3z1x.cyz3c5z3c223z5c6z5x.x6x5c3
wa,ra-har-ja-a,têm-beBra-ta-yu-da.

--- 26 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 10 dari 23

Têmbang-têmbang Kawi (Gêdhe) ing dhuwur iku kabèh kalêbu lagu Salisir. Saiki tuladha kang kalêbu lagu Siriran.

8. Citrakusuma (slendro 9, laku 12 (6-6).

z6c!5323z5x.x6x5x3c2z2x3c5z6x.x!x@x.x!x@x!x.x6x5x.x3c221z2c1zyx.ct
De-nepan-ja-luk-mupa-ti-neSin-dur-ja,
z2x3c5z6x.x!x@x.x!x@x!x6x!x6x5x3x.c25z6c5z3x2x3c5z5x.x6x!x@x.x!x@x!x6x!x6x5x3x5x3c22z1cy
ta-mak-najêm-pa-ring-i-ra
21z2c1zyctz6c!5323z5x.x6x5x3c2z2x3c5z6x.x!x@x!x@x!x.x6x5x.x3c221
Pa-so-pa-ti,ra-ta-neSriKrês-nalangong-eywa
z2c1zyx.ctz2x3c5z6x.x!x@x!x@x!x6x!x6x5x3x.c25z6c5z3x2x3c5z5x.x6x!x@x.x!x@x!x6x!x6x5x3x5x3c2
tê-bih,a-ranPan-ca-jan-nya
2z1cy2z1cyz3c5z3x5x3c2
ang-go-nênnga-ju-rit

9. Basanta (pelog 6, laku 14 (8-6).

5555z5c6z5x.x6x5c3z3x5c6z6x.x5x.c62z3c5z5c6z5x.x6x5c3z3x5c6z6x.c5
Mang-ka-nakro-dhaSriKrês-natê-dhaksa-kingra-ta,
555z6x.c!z!c@63z5x.x6x5c36z5x.x6x5c332z3c5z3x.c2
a-gu-nêmsak-sa-nama-dêgti-wi-kra-ma-ni-ra,
555z6x.c!z!c@63z5x.x6x5c36z5x.x6x5c332z3c5z3x.c2
wim-buha-nèngpa-la-tar-anjlêga-gêngsa-gu-nung,
222z3x5x.c622z2c3z1x.x2x1cy3z1x.x2c333z3x5c6z5x.x6x5c3
pa-tanggunungpitunggu-nunglirBa-tha-raKa-la.

Siji êngkas tuladha lagu SIRIRAN. Ing ngisor iki têmbang Kawi PATRASURATMA, laras pelog pathêt nênêm, laku 17 (4-6-7), isi dhawuhe Prabu Ramawijaya marang Wibisana ing sabakdane pêrang gêdhe ing Ngalêngkadiraja (sasedane Prabu Dasamuka).

--- 27 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 11 dari 23
#z@c#z!x@x!x6c5z3x.x5x6c!z!x@c!z6x.x!x@c#z!x#x@x!x6x5c3z2x.c1z1x.x2c333z3x5c6
ÈhGu-na-wan,Wi-bi-sa-nasi-ra,ing-kang
z6x.x!x@x.c#z!x#x@x!x6x5c3z2x.c1z1x2c3z1x.x2x1cy3z2x.x3x5x6x.x5c4z2x.x6x5c3z2x.c12
ma-dêg-ana-ta,nèngNga-lêng-kasi-
z1cy23z3c213z3x5c6z6x.x!x@x.c#z!x#x@x!x6x5c3z2x.c1z1x.x2c3z1x.x2x1cy
ni-wèngra-sêk-sa,Ka-ra-napra-ba-wan-ta,
#z@x.c#z!x@x!x6c5z3x.x5x6c!z!x@c!z6x.x!x@x.c#z!x#x@x!x.x6x5c3z2x.c1z1c5z5x.x6x5c3
mar-di-kèng-rat,krê-tar-tamum-pu-ni
3z3x5c6z6x.x!x@c#z!x#x@x!x6x5c3z2x.c1z1x2c3z1x.x2x1cy3z2x.x3x5x6x5c4z2x6x5c3z2c1
gu-nawi-we-kaa-sih,ma-ringda-sih,
22yz1c2z2c331z2c32z1c2z3c2z1x2c1y
pu-lih-naNga-lêng-ka,pa-yu-nênwa-lu-yak-na

Saiki kari têmbang-têmbang Kawi (Gêdhe) kang kalêbu lagu Rakêtan. Sarèhne lakune dawa bangêt (cacahe wandane akèh bangêt), kêpêksa ora didèkèki titilaras; saupama didèkèkana titilaras (noot), kêroncèn bangêt.

1. Kilayunêdhêng, laras pelog 6, laku 22 (5-6-6-5).

Kadangmu padha warahên dèn bêcik, sesuk amêndhêma, baris prayoga.

Aywa saranta, wong ing Dwarawati, tinumpêsan iku, awak Pandhawa.

Ngandhut marangke, mangsa wurung dadi, mungsuh pan asandi, kewala bêcik.

Riwusing gunêm, Kurawa bubaran, pra Ratu pituwa, kilayunêdhêng. (Sêkar-sêkaran M.N.IV).

2. Gandakusuma, laras pelog 6, laku 24 (12-12).

Laraping rata sri rinêngga sumawur, kadya riris wintang wor gêbyaring astra.

Kumilat sumirat narawung ngênani, tumeja wangkawa ngênguwung manawung.

Dyuk netyèng satriya kalih pêkik-pêkik, tajêm lir tinimbang atandhing ayuda.

Lir Hyang Guru kêmbar munggwing rata manik, ngutara duksina kang prang samya kèndêl.

II. Têmbang Têngahan (Dhagêlan).

Têmbang Têngahan iku kêna diarani têmbang Macapat kang luwih kuna, mulane paugêrane têmbang Têngahan padha bae karo têmbang Macapat, yaiku awêwaton guru-wilangan lan dhong-dhing (guru-lagu), lire: cacahing wanda ing sabên gatrane wus tartamtu, lan tibaning dhong-dhinging swara ing sabên wêkasaning gatrane uga wus tartamtu.

--- 28 ---

Bedane têmbang Kawi (Gêdhe) karo têmbang Têngahan mangkene:

1. Têmbang Kawi mung awêwaton guru-wilangan, balik têmbang Têngahan awêwaton guru-wilangan lan dhong-dhing (guru-lagu).
2. Têmbang Kawi mêsthi 4 padapala, balik têmbang Têngahan cacahing gatrane ora mêsthi.
3. Têmbang Kawi cacahing wanda ing padapala siji karo sijine mêsthi padha, balik têmbang Têngahan cacahing wanda ing gatra siji karo sijine ora mêsthi padha.

Ing jaman saiki, gunane têmbang Têngahan lumrahe kanggo mbawani gêndhing. Mung ana têmbang Têngahan lima kang lumrah kamot ing buku-buku Kasusastran ing jaman saiki, yaiku: Gambuh, Mêgatruh (Dudukwuluh), Balabak, Wirangrong lan Jurudêmung.

Satêmêne salah-sijine têmbang Têngahan iku kêna kanggo mbawani gêndhing apa bae kang padha larase lan padha pathête. Nanging sok ana gêndhing kang dibawani nganggo têmbang Têngahan kang wus tartamtu (ora tau dibawani nganggo têmbang Têngahan liyane), kaya ta:

1. Pranasmara, slendro pathêt 9, kanggo mbawani gêndhing Tarupala.
2. Pangajapsih, pelog pathêt Barang, kanggo mbawani gêndhing Puspagiwang.
3. Palugon, pelog pathêt nênêm, kanggo mbawani gêndhing Puspanjala.
4. Kênyakêdhiri, slendro pathêt 9, kanggo mbawani gêndhing Sriminulya lan lumrah uga kanggo mbawani gêndhing Sriwibawa.
5. Kuswaraga, slendro pathêt Manyura, kanggo mbawani gêndhing Srikaloka.
6. Kuswarini, slendro pathêt Manyura, kanggo mbawani gêndhing Srilinuhung.

Têmbang Têngahan iku lumrahe dilagokake (ditêmbangake) nganggo irama mardika, kayadene têmbang Kawi (Gêdhe). Lire: rindhik-rikate lan suwening andhêge (samangsa tiba ing perangan kang pancèn kudu mandhêg prêlu unjal ambêkan) dipêpatut dhewe dening wong sing nglagokake.

--- 29 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 12 dari 23

Tuladhane:[3]

1. Pranasmara (slendro pathêt manyura).

(8a, 11e, 12e, 8a, 8a, 8i)

6666!z@x.x!c6z5x3x5c6!
NèngKa-rang-dhêm-pêllê-le-dhang,
z!x.x@c##z#x%c#z@c!!!!z!c@z!c6!z@x#x.x@x.x!c6
Kya-iLu-rahSê-marsa-pra-nak-an-e,
6z6x!c@z6x3x5x6x!x x6c5z3x.x3x5c2333365z3x5c3z2x.c1
mi-yatkê-bonkê-bontê-gal-ana-lè-rèn,
6z6x!x.c@z6x.x5c3z5x.c622z2x3x5x.x3c2z1cy
sa-mingun-dhuhta-rupa-la,
z#x.x%c#z@x.c#z!x@c6z!x.x6x.x5c365z3x.c5z2x.c1
su-kasin-dhènsê-sên-dhon-an
1z1c2z2c3z3x.x5c6z2c53z1x2c1y
sar-wyan-jo-gèdgên-ti-gên-ti.
2. Pangajapsih (pelog pathêt barang).

(12u, 8i, 12u, 12u, 12u, 8a, 8i, 6u, 8i)

66z6c7z5x.x6x7x6x.x5c3z7c@@@@z@x#x@c7z7x@x.c#z6c7z5x.x6x7x6x.x5c3
Si-nga-ra-nu,pa-nu-sul-ingma-gutpu-puh
@z6x7c@@@z@x#x@c7z7x@x.c37z@x.x7c6
ba-yatanban-tuingbran-ti,
@###@7@z#x@c#66z6c7z5x.x6x7x6x.x5c3
ka-wisê-karsra-napam-beng-kas-ingra-puh,
2z2x.x3x5x6x5x3x5x6x7x.x6c5z7x6x.x5x3c2zux2x.x3x2cu6777z6c5z3x.x5c62z3x.x2xucy
mungku-su-ma,bi-sawèhu-sa-dawu-yung,
3z3x5x6x.x5x3x5x6x7x.x6c5z7x6x.x5x3c2zux2x.x3x2cuyyyyyu2z3x5x3c2
cip-tèngdri-ya,an-dhêg-ingu-ka-raki-dung,
67#z#x@c#z6c7z3c2z2x3c2uyu2z3x5c6z2c5z3c2z2x3x2cuy
sê-dyaku-langès-tupa-da,sar-pakrês-napus-paru-jit,
z#c@z7x#c@675z7x6x.x5x3c2uzuc2z2c32zuc2z3c2z2x3x2cuy
mungan-di-kamas-ku,kangsungba-ru-bah-ingga-lih.

--- 30 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 13 dari 23
3. Palugon (pelog 6 - pelog pathêt bêm).

(8a, 8u, 8o, 8u, 8o, 8a, 8u, 8o)

653z5x.x6x5x3x2x.x3x2c1y1z1x2c33323z5x.x6x5x3x2x.x3x2c111
Pa-lu-gonla-guninglê-kas,lu-ki-tali-nut-ing
2z3x5x.x6x5c355z6c5z6c!!z@x!x6x x!x@c#z!x@x!c65@@z@c!z6x!c@
ki-dung,ka-dungka-dê-rênga-mo-mong,mê-ma-ngunma-
5z6x5c4z6x5x3c2135z5c62z2c31z1x2x1cyt@@z@c!z6x!x@xx#x!c@
nahra-ha-yu,a-ywa-nakangtana-go-long,gu-mo-longma
5z6x5c4z6x5x3c2135z5x6x5c32zyx1x2c31z2x1cyt35z5x6x5c3
na-du-ka-ra,ka-ra-na-ni-rama-nga-pus,pus-pi-ta
2z2c31z1x2c1zyct
wang-sa-lansê-mon

Têmbang Têngahan jaman saiki ora mêsthi kabèh padha karo têmbang Têngahan ing jaman kuna. Ing ngisor iki ana têmbang Balabak 2 pada, pêthikan saka layang Cênthini. Waspadakna, kapriye bedane karo têmbang Balabak ing jaman saiki.

I. Rogok-rogok Asradênta gêdhe dhuwur | dêdêge | godhèg têpung mbêruwês nggabrès anjêmprok | jenggote ||

II. Netra kêdhok aloyop malolo lambe | andomble | angêrangkok adhoyok ngêthêmil rindhik | lakune ||

Têmbang Girisa ing jaman biyèn (satêmêne klêbu têmbang Kawi utawa Gêdhe) uga ora padha karo Girisa ing jaman saiki. Ing ngisor iki ana têmbang Girisa pêthikan saka ing layang Rama Kawi. Waspadakna, kapriye bedane karo Girisa ing jaman saiki.

Pawèstri agya nyuguhi | toya kalawan woh-wohan | toyanya srêp awor arum | sêsuguhira nuwuki | wre suka-suka sadaya | tinakonan lakunira | wanara saurira ris | ingsun wre ing Mangliawan ||

III. Têmbang Macapat (Cilik).

Têmbang Macapat iku nganggo paugêran guru-wilangan lan dhong-dhing (guru-lagu). Kapriye têgêse?

Têmbang Macapat iku salugune mung sanga, yaiku: Kinanthi, Pucung, Amaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Sinom,

--- 31 ---

Dhandhanggula lan Durma. Nanging ana têmbang Kawi siji (yaiku Girisa) lan têmbang Têngahan lima (yaiku: Gambuh, Mêgatruh utawa Dudukwuluh, Balabak, Wirangrong lan Jurudêmung) kang kêrêp tinunggalake karo têmbang Macapat.

Gunane têmbang Macapat:

1. Kanggo ana ing Kasusastran ing jaman saiki.

2. Kanggo nggerongi gêndhing, lire: ditêmbangake utawa dilagokake kanthi binarung swaraning pradangga. (Elinga têmbang-têmbang kang sok kêprungu ana ing wayang-wong, kêthoprak lan liya-liyane).

Têmbang-têmbang Macapat kang kanggo ing Kasusastran lumrahe carane nglagokake utawa nêmbangake nganggo irama mardika, dene kang kanggo nggerongi gêndhing kudu nganggo irama ajêg, kanthi ukuran irama kang padha karo ukuraning iramane gêndhing kang digerongi.

Padha-padha têmbang Macapat, sing akèh dhewe lagune iku têmbang Kinanthi, sabab têmbang Kinanthi iku prasasat kêna kanggo nggerongi sakabèhe gêndhing, lan jalaran saka iku têmbang Kinanthi banjur darbe lagu warna-warna kang jênênge padha karo araning gêndhing kang digerongi nganggo têmbang Kinanthi iku, kaya ta: Subakastawa, Larasmaya, Clunthang, Pawukir, Puspawarna, Sriascarya, Sriutama, Gambirsawit, Sriwidada, Srikuncara, Srinindita, Onang-onang, Ginonjing, Tèplêk, Gênjong-goling lan liya-liyane isih akèh bangêt. Pantês karo arane yaiku têmbang "kinanthi", kêna dikanthi utawa digandhèng kanggo nganthèni (ngancani, nggerongi) gêndhing apa bae.

Têmbang Macapat saliyane Kinanthi uga ana sing nduwèni lagu rada akèh. Coba ngaranana jênênge lagu sawatara tumrap siji-sijine têmbang Macapat.

Têmbang Macapat uga ana sing sok kanggo mbawani gêndhing, kaya ta:

1. Dhandhanggula, lagu Turulare laras pelog pathêt bêm, kanggo mbawani gêndhing Sarayuda.

2. Dhandhanggula, lagu Padhasih laras slendro pathêt sanga, kanggo mbawani gêndhing Gambirsawit Sêmbunggilang.

3. Kinanthi, lagu Sêkargadhung laras slendro pathêt sanga, kanggo mbawani gêndhing Lêbdasari.

--- 32 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 14 dari 23

Wondene lagune siji-sijine kasêbut ing ngisor iki:

1. Dhandhanggula turulare (pêthikan saka lagu Jawi).

23z2c3z1x.x2x3c.356!z!x@c#z!x.c@
Kanggi-ni-talê-la-gu-ninggên-dhing,
65z!x6x5c3z2x.x3x2x1x.xyc1!@!65z3x5x.c6
sa-ra-yu-dapam-bu-ka-ningsê-kar
212z3x5x.c622z2c3z1x.x2x3x2x.x1cyz6c!!!!@#z!x.c@
Dhan-dhang-gu-laTu-ru-la-re,bi-na-rung-ingswa-ra-rum,
65z!x6x5c3z2x.x3x2c132z2x.x1cyz6x.x5c3z2x.x3x2c156666z6c5z3x5x.c6
ru-mingla-rasa-mi-la-ngon-i,i-ra-ma-nelan-car-an,
1111z1x2c3z1x.x2x3x2x.x1cy2333333z1x.x2c3
mungki-nar-yagê-cul,pê-pa-thêt-eno-raon-cat,
65z!x6x5c3z2x.x3x2c1321yy1z1x2c33.5z5c62
wusci-na-kupca-kêp-an-eno-raci-cir,nggèrang-gèr
35z3x5x3c23
Sa-ra-yu-da

2. Dhandhanggula padhasih (pêthikan saka lagu Jawi).

@@@@.#@@@z@c#z!x.c6
A-nyar-ka-rali-na-guPa-dha-sih,
66666666z6c!z5x.x3x2x.x3x5x.c6
la-rasslen-dropa-thêt-i-rasa-nga,
556z!x.c@6z6c!z5x!c65@@@@2z@x#c@!
ye-kangmi-nang-kaba-wa-ne,gên-dhing-andi-mènrun-tut
5z5x.x6c!z5c2z5x.x3x2c111z1c2z1x.xyctzyx.c16!z@x.c!5z5x3c25
Sêm-bung-gi-langti-ba-ninggên-dhing,bi-na-rungsê-sêng-gak-
z6x.x5x3c222z1cyz1c2zyx1cyt.@@@@!6@!
an,mrihas-car-yèngka-yun,sa-gar-wapu-trawan-da-wa,
5z5x.x6c!z5c2z5x.x3x2c1556z!c@!z5x.x3c25z6x.x5x3c2
tê-kèngda-sihjro-ningsu-kaing-kangmu-gi,
yz1c21z2c3z2c1zyx1cyt
ka-lisingdu-kacip-ta.

--- 33 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 15 dari 23

3. Kinanthi sêkargadhung (pêthikan sariswara).

223z5x6c!5z2x.c1z1x2x1cy155z3c2z3x2x3c5z1c3z2c1zyx1cyt
Ki-nan-thikangsê-karga-dhung,kar-yamba-wa-nipramu-rid,
556z!x.x#c@5z3x.c2z5x6c3255z3c2z3x.x2x3c5z1c3z2x.c1
kangsa-myaa-ma-nêm-bra-ma,mringprata-muka-kung
zyx1cyt1111tz1c2z2c32yyz1c21z1c2y
pu-tri,bi-na-rung-ingtê-têm-bang-an,dha-wahgên-dhing-lêb-da-
z1cyt
sa-ri

Katampanan gêndhing lêbdasari.

.2zj2c3jz3c5Â5j.2jz2c3jz3c5Â5j.6!5Â2j.1jz1c2jz1cyÂ1
Lêb-da-sa-ri,lêb-da-sa-ri,ki-tapa-rasis-wasa-mi
j.1yj.1Â2j.1yj.1Â.1j.55jz3c2Â31jzyctjz1c2Â2
a-sungpam-ba-gyaba-su-ki,kanglêng-gahwon-têningngri-ki,
.0j05Â5j.2zj5c6zj6c!Â6j.6!5Â2j.1jz1c2jz1cyÂ1
mu-gimu-gimu-gisa-myarê-naa-mir-sa- ni
j.1yj.1Â1j.1yj.2Â2j.1yj.2Â2j.1yj.1Â1
tê-ti-ngal-anwar-ni-war-nito-nilba-risu-lahdhi- ri
j.55j.5Â5j.2jz5c6jz6c!Â6j.6!5Âz2x xj3c1jz2c1yÂt
pa-kar-yan-ing,pa-kar-yan-ing,ki-tapramuridpri-ba-di

Dadi, têmbang Macapat iku tumrap wong sing bisa migunakake iya kêna bae kanggo mbawani gêndhing. Kosokbaline, têmbang Têngahan ya kêna kanggo nggerongi gêndhing. Ing ngisor iki ana gêndhing merong Gambirsawit (laras slendro pathêt 9) digerongi nganggo cakêpane têmbang Jurudêmung (Pêthikan saka Lagujawi):

--- 34 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 16 dari 23
0j02j2j kz2c3Â2j02jz2xk.c1kz1xkx.xk2c3Â1
Jru-dê- mung-engê-la-ê-la,
0j03j3j k35Â202jz1cyjz2c1Âjzyxk.x1x c2j05j5j j j 6Â
ka-wi- lêtlang-lang-anla-lu,lêng-lêng ka-
z!x ck@kzk!kx6c5kz5xk.xk6c!kz5xk.xk3c2Â1
ling- anka-lu-lun,
0j03j3j kz3c5Â2j06jz!c@jz6xjx.xk!c6Â50j05j5j j j 5Â
ka-la- ngênla-ngên-ingbrang-ta,nga-rang mi-
jz6c!jz!c@jz6xk.c!kz5xk.xk3c5Âjz3c2
rongra-ngu-ra-ngu,
.j05j5j j 6Âz!kc@k kz!xk6c5kz5xk6xk.c!jz5xk3c2Â1j035j5k.3Â
ka-rungrung-an ma-ringri-ya,ri-ya-ning
2jz0xkyc1jz1xk.c2kzyxk.xk1cyÂt
tyaslirti-nu-tus.

Sarèhne têmbung-têmbung ing têmbang Jurudêmung ing dhuwur iku akèh sing angèl, prêlu ditêrangake.

Ngêla-êla = 1 nênarik ati. 2 nggêmatèni.

Kawilêt = kêpencut dening têmbung manis.

Têmbunge wilêt = wasis ubêd nyênêngake.

Lêng-lêngan = kedanan nganti rada gêndhêng.

Kalulun = 1 katut, 2 kentir, kalah, kêndhih.

Rangu-rangu = tansah ngeling-eling, gojag-gajêg.

Karungrungan = gêndhêng marga kêpencut.

Wilêt = sarwa laras.

Mangarang = sêdhih kêsêngsêm.

Kalingan = kêlimputan.

Riya = sênêng, kêsêngsêm.

Mirong = susah bangêt.

BAB V. Kasusastran ing gêndhing.

Gêndhing iku lêlagoning gamêlan.

Kang karêmbug ana ing perangan iki dudu bab "gêndhing", nanging ngêmungake bab Kasusastran kang gêgayutan karo gêndhing, yaiku Kasusastran kang sinawung ing têmbang.

Ana ing gêndhingan lan têmbang kêrêp kêprungu têmbung-têmbung:

1. Cakêpan.
2. Bawa lan buka.
3. Jinêman.
4. Umpak-umpak.
5. Sênggakan.
6. Gerong.
7. Sindhenan.
8. Laras.
9. Titilaras.

--- 35 ---

10. Irama.
11. Pathêt.
12. Cengkok.
13. Merong.
14. Pêdhotan.
15. Lan liya-liyane.

Iku kabèh, kanthi cêkak bakal diandharake ing ngisor iki.

1. Cakêpan.

Cakêpan iku têtêmbungan utawa unèn-unèn kang kanggo ana ing têmbang, umpak-umpak, gerong, sênggakan, suluk padhalangan, sindhenan lan jinêman. Aja kliru, sing diarani cakêpan iku dudu têmbange, dudu umpak-umpake, dudu ... nanging "têtêmbungane" utawa "unèn-unène".

Cakêpan iku lumrahe ngêmot purwakanthi (guru-swara, guru-sastra, lumaksita), parikan, wangsalan, guritan lan liya-liyane.

Wong nêmbang, binarung swaraning pradangga utawa ora, cakêpane kudu kêprungu cêtha, lire: kêdaling wanda-wandane ing siji-sijine têmbung kudu las-lasan, ora kêna mung kaucapake kanthi nggrayêm bae. Luwih-luwih cakêpan kang kanggo panêmbrama, kudu nganti bisa kêprungu cêtha têmênan dening para tamu kang sinambrama.

2. Bawa lan buka.

Bawa iku têmbang kang kanggo murwakani gêndhing. Bawa iku lumrahe wujud têmbang Kawi (Gêdhe) utawa Têngahan, nanging ana uga kang nganggo têmbang Macapat. Bawa, lumrahe dilagokake (ditêmbangake) nganggo irama mardika, mung kala-kala didhisiki swara thinthingane gêndèr minangka dudutaning swarane wong sing mbawa, supaya aja nganti oncat saka pathêt. Yèn bawane nganti oncat saka pathêt, tibane gêndhing mêsthi ora bisa nglungguhi pathête sing samêsthine. Sing adhakan nganggo bawa iku panêmbrama.

Dene buka iku têtabuhan kang kanggo murwakani gêndhing. Dadi gunane bawa karo buka iku padha bae, yaiku padhadene kanggo murwakani gêndhing. Mung bedane, bawa iku wujud têmbang, buka awujud têtabuhan. Sing kanggo buka iku tarkadhang kêndhang, gambang utawa bonang, nanging sing adhakan dhewe rêbab. Rêbab uga sok ditêmbungake: kosok. Bêbasan "ora angon kosok", têgêse sing wantah "ora nggatèkake rêbab" swarane rêbab sing kanggo buka). Rêbab mbukani pathêt sanga (upamane), jêbul ana niyaga sing nabuh pathêt Manyura, marga ora nggatèkake swaraning kosok utawa rêbab, dadi atindak salah, kliru. Maksude bêbasan iku: wong kang salah tindake, kliru, marga ora nganggo petungan wêktu kang prayoga.[4]

3. Jinêman.

Jinêman iku cakêpan saperangane bawa kang kudu dilagokake (ditêmbangake) dening wong akèh. Lumrahe sing padha nglagokake jinêman iku para niyaga. Mung tumrap jinêman kang tinêmu ana ing bawa kang kanggo murwakani panêmbrama, dilagokake dening kabèh wong kang manêmbrama, niyaga ora mèlu-mèlu.

--- 36 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 17 dari 23

Sing murwakani gêndhing (panêmbrama) nganggo bawa iku mung wong siji, nanging manawa têmbang sing kanggo mbawa iku ana jinêmane, jinêmane iku dilagokake dening wong pirang-pirang sarta nganggo binarung swaraning pradangga.

Tuladhane, ndêlênga têmbang "Pêdhotan Brondongmêntul" kasêbut ana ing buku Ngéngréngan Kasusastran jilid I ing perangan Purwakanthi (Bab XV). Ing cakêpan Pêdhotan Brondongmêntul iku ana sing unine:

Risêdhêngira sumunar, yo bapak.

Risêdhêngira sumunar.

Tyase bingar wong loro busana kêmbar.

Perangan iku sing diarani jinêman (dilagokake dening wong pirang-pirang), binarung swaraning pradangga, dadi olèhe nglagokake kudu nganggo irama ajêg.

Murih saya têrange, ndêlênga tuladha ing ngisor iki:

Têmbang Gêdhe Citramêngêng, Slendro pathêt 9, laku 12 (6-6).

(Pêthikan Lagu Jawi jilid I).

z@x.c#z!x.c@6!5z6x.x5x3x2x.x3x5x6x.x!c@
Ri-sangMa-ha-yêk-ti,
Jinêman:{kz6xk.xk!c5Â2jz.xkyc1jz2c1kzyxk.xk1cyÂt.0zj2c3Â2j.35jz2xk.c1Ây.0
sa-wus-ingsa-ma-di,mung-gwingpa-cra-bak-an,
kz2xk.xk3c5Â1jz.xk2c3zj2c1kzyxk.xk1cyÂ5.0jz@c#Âz!x cj@j 5jz6c5kz3xk.xk2c6Âjz6x!xx xxxxj5x6x xj!c@
da-ngua-ni-ngal-i,wi-jilingsa-sang-ka
kz!c5Â2jz.xkyc1jz2c1kzyxk.xk1cyÂ5
sa-kinggra-ningar-di
11tzyc1z1c22z6c11z3c5z2c1zyx1cyt
ka-rê-nantyas-i-ra,a-lona-ngan-di-ka

4. Umpak-umpak.

Umpak-umpak iku saperangane gêndhing ing sabakdane bawa utawa buka, uga lumrah ditêmbangi (nganggo unèn-unèn kang dilagokake).

Sing kanggo cakêpan umpak-umpak iku lumrahe rumpakan kang nganggo purwakanthi, parikan utawa wangsalan.

Tuladhane, ndêlênga gêndhing Sriwidada, kasêbut ana ing Bab I (Wangsalan).

5. Sênggakan.

Sênggakan iku unèn-unèn kang mawa lagu, dumunung ana ing têngah-têngahe gerong. Gerong iku ora kudu disêsêli sênggakan; nganggo kêna, ora iya kêna. Gerong kang nganggo sênggakan [sêng...]

--- 37 ---

[...gakan] iku bisa agawe saya gayêng lan nyênêngake, marga dadi luwih rame, rame kang nyênêngake. Mung panêmbrama, ora lumrah nganggo sênggakan.

Sênggakan iku tarkadhang mung awujud satêmbung utawa rong têmbung bae, langka kang nganti saukara dawa.

Têmbang kang ora binarung swaraning pradangga uga ana sing mawa sênggakan.

Wondene tuladhane, ndêlênga ing bab pêdhotan.

6. Gerong.

Gerong iku têmbang kang binarung swaraning pradangga. Kang salugune aran gerong iku lêlagon ing sabakdane umpak-umpak.

Sing lumrah kanggo gerongan iku cakêpane têmbang Macapat, sing adhakan dhewe cakêpane têmbang Kinanthi. Têmbang Têngahan uga ana sing sok kêprungu kanggo gerongan, upamane cakêpane têmbang Jurudêmung. (Ndêlênga bab IV, Têmbang).

7. Sindhenan.

Sindhèn utawa sindhenan iku lêlagoning pasindhèn (tarkadhang sok diarani waranggana) kang binarung ing gêndhing (pradangga).

Gêndhing iku kajaba digerongi, sêmpurnane uga kudu disindhèni. Tumrap panêmbrama, mêsthi bae ora disindhèni, sabab panêmbrama iku kudu asipat mrabu (plechtig). Gêndhing kang nganggo disindhèni iku asipat gayêng, rame anyênêngake, nanging ora mrabu (plechtig). Luwih gayêng manèh manawa disindhèni lan uga disênggaki barang.

Lumrahe sing nggerong para niyaga, sing nyindhèni waranggana. Pasindhèn (waranggana) wiwite nêmbang luwih kèri tinimbang wong-wong sing nggerong (niyaga). Nanging tumêkane andhêgan, swarane pasindhèn lan swarane wong-wong sing nggerong bisa mak "srêg" lèrèn bêbarêngan. Pêpindhane, pasindhèn karo wong-wong sing padha nggerong iku kaya wong oyak-oyakan. Sing nggerong mangkat (mlayu) dhisik, pasindhèn nututi. Tumêkane papan kang dituju (gong), nunggal wêktu (bêbarêngan).

Gerong lan sindhenan iku pancèn padha nduwèni sêsipatan dhewe-dhewe, ora padha. Ing ngisor iki ana gerong Sinom-Parijatha lan sindhenan Sinom-Parijatha. Coba waspadakna lan rasakna bedane (sarana kotêmbangake):

--- 38 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 18 dari 23
Gerong sinom-parijatha (slendro pathêt 9).
j0!j@j j @Â@j.66jz@c!Â6j03jz5c6jz3xk5c3Â2j.6jz!c@kz6xkx.xk!c6Â5
Si-gra kangba-latu-mi-ngal,a-cam-puhsa-myamê-dal-i,
.j05j56Âkz!xk.xk6x!x ck@k.zk!c52jz2xk3c1Ây.j02j2j j kz2c3Â1j.kzyc1jz2c1kzyxk.xk1cyÂt
lirthathitwi- lêt-inggan-da,dhanyanggungma-ngun-cangni-ti,
.j022Â2j.35kz5xk.xk6c3Â2j0yzj1c2kzyxk.xk1cyÂtj.zk2c3zj5c3kz2xk.xk3c2Â1
ben-jangsangnga-jimi-jil,la-thi-nyamê-dal-iwu-wus,
.j056Âkz!xk.xk6x!x cj@j zk!c52jz2xk3c1Ây0j02k2k.zk2c3Â1zj.xkyc1jz2c1kzyxk.xk1cyÂt
ku-thaSu- ra-wi-la-ga,ka-ya bu-tasi-ngawar-gil,
j0@@zj@xk!c6Â!j.kz6c52kz2xk.xk3c1Âyjz.xk2c3jz5c3kz2xk.xk3c2Â1
pas-thijang-gadhên-dha-nyama-ngam-bakba-ya.

Cakêpan têmbang ing dhuwur iku isi cangkriman. Kapriye batangane, wis katêrangake ana ing buku jilid I bab X, yaiku ing bab cangkriman.

Sindhenan sinom-parijatha (slendro pathêt 9).

Sing arang-arang iku titilaras gamêlan, sing kêrêp titilaras têmbang.

!!!Â!#@!Â6353Â2.16Â5
z!x!x x!x!x@x6x x5x6x@x x c!.@@@.@@@6@.!6.@@@@!z!c@z6x.x!c65Gong
.2.Â1321Â6.2.Â1.6.Â5
.@@@@z@c#@z!x6c5z2x.x1cy.56!z6c!55z5x6c5z3c2Gong
22.Â2353Â2116Â5232Â1
.3335z5x6c!z5x.x6c5z3x2x3c2.@@@z@x!x!c@.z6x!c65Gong
562Â1521Â6.2.Â1.6.Â5
.@@@z@c#@..z!x6c5z2x.x1cy.6666z6c!5.z1x2c1zyctGong
161Â5232Â1521Â6232Â1
..@@z@x.x#c@z!x.x@x#x c@z!x6c52z5x3x2c1y.2z3c5z2x.x3c21Gong

Saking kêrêpe titilaras sindhenan ing dhuwur iku nganti ora bisa diisèni cakêpan. Coba isènana nganggo têmbang Sinom kang kasêbut ing gerong, sabên titilaras siji, sawanda; mung titilaras kang sangisore nganggo garis panggandhèng, sabên sagandhengan isènana sawanda. Sawise koisèni nuli têmbangna, idhêp-idhêp sinau dadi pasindhèn. Mung titilaras sapuluh kang wiwitan, kang nganggo garis panggandhèng dawa iku,

--- 39 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 19 dari 23

isènana mangkene:

"Ing - ing ampas cao kolang-kaling"

8. Laras.

Laras iku rasaning swara thinthingane gamêlan. Sing kanggo ngrasakake swara iku kuping.

Wong nêmbang laras Slendro, têgêse: nglagokake têmbang nganggo swara kang rasane padha karo rasaning (thinthingane) swara gamêlan Slendro. Mangkono uga wong nêmbang laras Pelog, têgêse: nglagokake têmbang nganggo swara kang rasane padha karo rasaning (thinthingane) swara gamêlan Pelog.

Para siswa mêsthine wis padha wasis-wasis marang bab têmbang. Coba têmbang lêlagon Dolanan Prit-pêking ing ngisor iki, nganggo laras Slendro lan laras Pelog, têmbangna (lagokna) gênti-gêntèn, nuli rasakna bedaning larase:

A. Laras slendro pathêt manyura
(Punarbawa I).
!@Âz6c!!@Â6!!!Â!#@6Â
pritpê-kingpritpê-kingpen-cok-an-mugla-gahga-
5333Â.313Â2313Â2666Â
ring,kangê-mas,so-ka-bo-maso-ka-bo-ma,a-ngi-dung
66!5Â6666Â!535Â6.
pu-tra-nena-ta,sêm-prat-sêm-pritja-na-lo-ka
B. Laras pelog pathêt nênêm (bêm).
35Â6.35Â6536Â5635Â
Pritpê-kingpritpê-kingkan-dhangja-rokang-ê-mas,
.653Â2653Â2123Â1123Â
so-ka-bo-maso-ka-bo-ma,prita-ngi-gêla-ngi-gêl
1123Â1123Â1123Â1.
pu-triga-wok-an,jên-that-jên-thitja-na-lo-ka

9. Titilaras.

Titilaras iku angka lêliruning arane wilahan gamêlan kang uga nggambarake swaraning siji-sijine wilahan gamêlan.

Murih têrange marang araning siji-sijine wilahane gamêlan, ndêlênga dêmung, barung utawa saron (panitir). Saron, dêmung utawa barung iku tumrap gamêlan Slendro lumrahe mawa wilahan nênêm, yèn Pelog mawa wilahan pitu.

Saron Slendro, araning wilahane yaiku: (urut saka kiwa, yaiku saka sing gêdhe) barang gêdhe, gulu utawa jangga, dhadha, lima, nênêm lan barang cilik. Kanthi urut, wilahan-wilahan iku diangkani 1, 2, 3, 5, 6, 1.

--- 40 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 20 dari 23

Supaya bisa mbedakake swara êndhèk (gêdhe), sêdhêng lan dhuwur (cilik), prayogane njèjèrake saron têlu pisan, urut saka kiwa, yaiku: saron gêdhe (aran dêmung), saron sêdhêng (aran barung) lan saron cilik (aran pêking utawa panitir), nuli wilahane (cacahe yèn Slendro kabèh ana 18) diangkani mangkene:

q w e t y z1x-c1 2 3 5 6 z!x-c! @ # % ^ Z1

Wondene saron Pelog cacahe wilahane ana pitu, jênênge (urut saka kiwa): panunggul utawa bêm, gulu utawa jangga, dhadha, pelog, lima, nênêm lan barang. Kanthi urut, wilahan-wilahan iku diangkani 1 2 3 4 5 6 7.

Supaya bisa mbedakake swara êndhèk (gêdhe), sêdhêng (lumrah) lan dhuwur (cilik), prayoga njèjèrake saron têlu pisan, yaiku saron gêdhe (dêmung), saron sêdhêng (barung) lan saron cilik (pêking utawa panitir), nuli diangkani mangkene:

q w e r t y u 1 2 3 4 5 6 7 ! @ # $ % ^ &

Ing jaman saiki wong sinau (mangkono uga manawa mulang) têmbang, kudu migunakake titilaras. Pakolèhe, kajaba bisa rikat (enggal pintêr), uga ngulinakake nêmbang akanthi swara sing laras (padha karo larase gamêlan), tur ing têmbe bisa nggolèki dhewe lagu-lagune têmbang kang durung tau disinau, janji têmbang-têmbang iku didèkèki titilaras.

10. Irama.

Irama iku ukuran rindhik-rikating panabuhe gamêlan. Irama panabuhe gamêlan iku ana warna loro, yaiku:

a. Irama lamba, irama rikat, irama lancaran utawa irama siji.

b. Irama rangkêp, irama wilêt utawa irama alon.

Irama rangkêp satêmêne ana warna têlu, yaiku: irama rangkêp 2, irama rangkêp 3 lan irama rangkêp 4. Lumrahe diarani kanthi cêkak: irama 2, 3 lan irama 4.

Têmbung "irama mardika" iku mung tinêmu ana ing têmbang utawa lêlagon dolanan, kosokbaline "irama ajêg".

Nêmbang nganggo "irama mardika" atêgês: nêmbang kang rindhik rikating swarane kêna dipêpatut dhewe dening wong sing nêmbang; perangan êndi sing kudu dilagokake rikat, êndi sing kudu mandhêg, kêna dikira-kira dhewe. Têmbang sing kêna dilagokake nganggo irama mardika yaiku têmbang kang kanggo mbawani gêndhing (bawa) lan têmbang Macapat (kang ora binarung pradangga).

Nêmbang nganggo "irama ajêg" atêgês: rindhik rikate olèhe nglagokake têmbang kudu ajêg manut wêwaton kayadene ajêging iramane gamêlan. Kang kudu dilagokake nganggo irama ajêg iku têmbang kang binarung swaraning pradangga.

Têmbang kang kudu dilagokake nganggo irama ajêg kudu nganggo tandha-tandha saprêlune, kaya ta: garis irama, pin urip, pin mati, titi-panggandhèng lan liya-liyane.

--- 41 ---

11. Pathêt.

Pathêt iku ukuran êndhèk-dhuwuring swara kang kanggo lêlagoning gêndhing (têtabuhan gamêlan).

Tumrap gamêlan laras Slendro, pathête ana warna têlu, yaiku: pathêt nênêm, pathêt sanga lan pathêt manyura. Dene sing kanggo dhêdhasaring swara (grondtoon), pathêt nênêm wilahan gulu, pathêt sanga wilahan lima, lan pathêt manyura wilahan nênêm.

Tumrap gamêlan laras Pelog, pathête uga warna têlu, yaiku: pathêt lima, pathêt nênêm utawa pathêt bêm, lan pathêt barang. Dhêdhasaring swara (grondtoon), pathêt lima wilahan panunggul, pathêt nênêm wilahan lima, pathêt barang wilahan gulu.

Sing mêsthi migunakake pathêt warna têlu iku pawayangan. Yèn mung klênengan, uyon-uyon utawa tayuban bae, ora mêsthi kabèh pathêt-pathêt iku kêsrambah.

Wayang Purwa (walulang, kulit) gamêlane laras Slendro, panganggone:

a. Pathêt nênêm, wiwit jêjêr (jam 9) têkan pêrang gagal (jam 12).
b. Pathêt sanga, wiwit wêtuning bambangan saka pratapan (jam 12) têkan jam 3.
c. Pathêt manyura, wiwit jam 3 têkan tancêp-kayon (bubar, byar, jam 6 esuk).

Wayang gêdhog, gamêlane laras Pelog, panganggone:

a. Pathêt lima, wiwit jêjêr (jam 9) têkan pêrang gagal (prampogan) jam 12.
b. Pathêt nênêm, wiwit sabakdane pêrang prampogan (jam 12) têkan pêrang Bugis (jam 3).
c. Pathêt barang, wiwit bakda pêrang bugis têkan byar, bubar (jam 3-jam 6).

12. Cengkok.

Cengkok iku atêgês: lak-luking swara kang kanggo nglagokake têmbang.

Têmbang iku sanajan jênênge padha, lagune padha, kudu ditêmbangake nganggo laras sing padha, pathête ya kudu padha, nanging lak-luking swara sing kanggo nglagokake utawa cengkoke, ora ketang sathithik mêsthi ana gèsèhe. Têmbang Jawa padha Jawa, panggonan siji karo sijine, cengkoke ora padha. Malah wong siji karo sijine, sanajan nunggal panggonan, cengkoke mêksa ana gèsèhe. Dalasan nunggal wong bae (wong siji), nêmbang mau, nêmbang saiki karo nêmbang mêngko sok ana bedaning cengkoke.

Cengkok iku bisa warna-warna, nanging larase, pathête lan balungane têmbang mêsthi padha. Cengkoke wong siji karo sijine ya bisa padha, manawa têmbang sing dilagokake iku sabên sawanda-wandane wis mawa titilaras sing padha; cacahing titilaras ing sabên sawanda-wandane iku sing bisa ngikêt wong sing nglagokake têmbang ora kêna nggawe cengkok utawa ngêlak-êluk swara ing sagêlême dhewe, kudu manut marang anane titilaras.

--- 42 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 21 dari 23

Ing ngisor iki ana têmbang Pangkur-Palaran nganggo cengkok warna loro. Lagokna dhisik nganggo cengkok I, nuli nganggo cengkok II.

Pangkur-palaran, slendro pathêt sanga.
Cengkok I.22222z1x.x2x3c5z5x!x6c5z5x2x.x2x3x2x1cy
Cengkok II.22222z1x.x2x3c52z2x.x1cy
Mang-ko-nongêl-mukangnya-ta,
I.6666666z6c!z6x.c51z2x.x3x2c1
II.222222211.2yz1x.xyct
sa-nya-ta-nemungwèhrê-sêp-inga-ti
I.5z6x.c!!!5z!x.x6c5z!x x@x.x#x@x.c!
II.!z@x.x#x@c!!!!z!x@x!x.x6c5!z@x.x#x@x.c!
bu-ngahi-nga-ran-ancu-bluk,
I.@@@!z!x.x@x#c@z!x6c5z5x2x.x3x2x1cy
II.@@@z@c#z!x.x@x#c@z6x@x!x6c5z2x.x1x.cy
su-kèngtyasyèndèni-na
I.@@@@!!@z6x.c!5z3c53z5x.x3x2c1
II.@@@@@@@@z@c#z!c@z6x.x@x!x6c5z2x.x3x2c1
no-raka-yasipung-gungang-gung-gu-mung-gung
I.!!!!!z5x.x6x!x@x#c@z!x6c5z5x2x.x3x2x1cy
II.!!!!!z6x.x!c@z!x6c5z2x.x1x.cy
u-gung-ansa-di-nadi-na
I.5555z5x6c!5z3x.x2c1zyx.ct
II.33333z2x.x3c5z3x.x2c1zyx.ct
a-jamang-ko-nowongu-rip

(Cakêpan Wedhatama).

13. Merong.

Merong iku lêlagoning gêndhing kang durung munggah utawa durung mundhak kêthukane. Upamane gêndhing Gambirsawit, yèn durung munggah, dadi isih Merong, kêthukane loro; yèn wis munggah banjur mawa kêthukan papat.

--- 43 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 22 dari 23

Merong iku uga lumrah digerongi. Ndêlênga têmbang Jurudêmung kang kanggo nggerongi Merong Gambirsawit (kasêbut ana ing Bab Têmbang).

14. Pêdhotan.

Gêndhing iku lèrène manawa uwis gong-suwuk. Sawênèhe gêndhing ana sing pêdhot utawa lèrèn sadhela, amarga pancèn njarag dipêdhot utawa dilèrènake, nanging durung gong-suwuk. Mung mandhêg, pêdhot utawa lèrèn sadhela, prêlu arêp disêlani têmbang kang saèmpêr bawa; sarampunge têmbang iku, tibane gêndhing sing dipêdhot mau; dadi gêndhing mau banjur wiwit manèh.

Tuladhane, gêndhing Brondongmêntul (kang mawa pêdhotan) ing ngisor iki (Slendro 9).

Umpak-umpak.

(Dadi wis salêbare bawa utawa buka).

21zj2c3Â221kztxk.xkyc1Âyty1Â21yjz1cyÂt
E-kapra-yasa-yukru-kun,sa-yêk-tikar-yasan-to-sa.
21zj2c3Â221kztxkyc1Âyty1Â21yjz1cyÂt
E-kapra-yasa-yukru-kun,sa-yêk-tikar-yasan-to-sa.
Gerong
j0tykz2xk.xk3c2Â1tykzyxk1xkyc1Â1ty1Â235kz5xk.xk6c!Â6
Ping-girsên-dhanga-naga-dhung,ru-mam-batingkla-paga-dhing,
.j06j6j 6Âjz!c@jz@c#!kz5xk.xk3c5Âz3x x x x x c2j.2j22Âjz3c5j.5jz5c3j35Â3
pi-nencok-anma-nukpo-dhang, sa-jodhotan-a-natan-dhing,
j03j3j j j 3Âjz5c6j.zk6c15jz2xk5c3Â21y1Â2j.zkyc1jz1c2kzyxk.xk1cyÂt
jro-ning gê-dhonga-naen-dhang,Sum-ba-drala-wanSri-kan-dhi

Sawise têkan kene (bakda gong, nanging dudu gong-suwuk) wiwit umpak-umpak manèh, nanging durung nganti têkan ing sarampunge umpak-umpak wis dipêdhot. Mangkene:

21jz2c3Â221kztxkx.kxyc1Âyty1Â21yzj1cyÂt
E-kapra-yasa-yukru-kun,sa-yêk-tikar-yasan-to-sa.
21jz2c3Â221kz5xk.xk6c!Â6 ...... (Perangan wêkasan iki ngêlik)
E-kapra-yasa-yukru-kun ...Têkan kene gêdhing dipêdhot,

Têkan kene gêndhing dipêdhot, mandhêg lan disêlani têmbang Pêdhotan-Brondongmêntul. Sarampunge têmbang Pêdhotan-Brondongmêntul banjur wiwit gêndhing Brondongmêntul lan kawiwitan saka Umpak-umpak. Wondene lagune têmbang Pêdhotan-Brondongmêntul ndêlênga buku Ngéngréngan Kasusastran Djawa jilid I bab XV.

--- 44 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063): Citra 23 dari 23

Sawise ngrêti bab cakêpan, bawa, buka, sênggakan lan liya-liyane, coba:

1. Cakêpane têmbang Dhandhanggula Turulare kang kamot ana ing buku iki ing bab IV, têrangna têgêse.

2. Cakêpane têmbang Mijil Larasati ing ngisor iki aranana êndi sing diarani têmbange (geronge) kang salugu, lan êndi sing kalêbu sênggakan. Uga umpak-umpake.

Mijil (Larasati), slendro pathêt 9.
ytty12531y21yt
Po-wak,ka-kiKrê-tatu-kuti-keta-konto-ko
ytty12531y21yt
Po-wak,nung-gangkre-tamu-dhunkrê-têgKrê-ta-sa-na,
ytty12...
Po-wak,ka-kikre-ta...
6z6c5z5x6c!6.z!c65z!c@6!z@x.x6c!5z5c6z6c!!
Dhuhbi-yungmban(e-la-e-lo)wa-yaha-pai-ki,
656!5!@!532!z@c#!5z!c65
(e-la-e-losa-i-kiwisjampi-ra)rêm-bu-lanwusnga-yom,
@#@!65!@z5c!z6x!x5x6x!c@z!x6c5235z2x3x2c1y
(clong-kin-clongba-nyu-ne)ingga-ga-natranga-byorlin-tang-e
1111111yt56!5
(ja-eja-eja-ela-os-e,jala-lilo)
1yztc112352z3x2c1yty12222
ti-tiso-nyapus-pi-taka-si-lir(a-jamrê-ngut-ngut-ngut-ngut)
ty12222!z@c#!5z!c65
(no-rapa-tut-tut-tut-tut)ma-ru-tariske-ngis,
5532z3x.c5z1c32zyx1cyt
su-mriknggan-da(nggan-da)a-rum

Bab VI. Sanepa.

Sanepa iku ukara pêpindhan kang ajêg panganggone, kadadean saka dhapukane têmbung watak utawa kahanan sinambungan têmbung aran. Tuladha:

A. Gancaran.

Radèn Angkawijaya mangsah yuda, ingudanan jêmparing dening para Kurawa. Wêtuning jêmparing saka langkape para Kurawa mbarubul anarawata, lumêpas kumilat sumirat tumanduk ing anggane Sang Sinatriya ing Plangkawati. Saka kanan,

--- 45 ---

kering, ngarsa miwah pungkur, datan ana pêdhote. Sang sinatriya tan pêgat nduduti jêmparing kang ngênani tumancêb ing sarirane; ing wêntis, ing lambung, ing jaja, ing jangga, ing mustaka.

Nadyan sarirane wus nandhang brana arang kranjang, ewadene Radèn Angkawijaya nora nêdya mingkêd sajangkah, têrus ngêsuk wani narajang barisane Kurawa karo sêsumbar: "Hèh Kurawa! Aja kêsusu girang-girang gumuyu nyuraki aku! Ora ana trahing Pandhawa nganti ngucirèng yuda. Ayo, padha barênga mara! Ampyakên kaya wong njala, krubutên kaya ..."

Unèn-unèn "arang kranjang" ing dhuwur iku diarani "sanepa".

Têmbung "arang" iku kalêbu têmbung watak utawa kahanan; sinambungan têmbung "kranjang" iku kalêbu têmbung "aran".

Sarèhning ukara iku atêgês pêpindhan, sêmpurnane kudu ana sing dipêpindhakake, yaiku "tatu". Dadi sêmpurnane muni: tatune arang kranjang.

Tatuning sawijine wong dipêpindhakake (disanepakake) mripating kranjang, bolonganing kranjang. Sanajan mripat utawa bolongane kranjang iku wis kêrêp bangêt, ewadene yèn katandhing karo kêrêping tatune sawijining wong, kêrêping mripat kranjang kalah, kungkulan kêrêping tatu.

B. Sinawung ing têmbang.

...Tut-runtut kumêpyur pulut | ywa nganti bênggang sanyari | kaya mimi lan mintuna | widada ing slami-lami | iku puja-puji kita | mring pangantèn kakung-putri | ... (Pm).

Unèn-unèn "kumêpyur pulut" ing dhuwur iku diarani sanepa, sabab unèn-unèn iku isi pêpindhan, tur dhapukane kadadean saka têmbung watak sinambungan têmbung aran.

Sanepa "rênggang gula" sok sinaroja (dirangkêp, dianggo bêbarêngan) karo sanepa "kumêpyur pulut" dadi muni: rênggang gula, kumêpyur pulut.

Apane sing disanepakake mangkono? Sêsrawungane.

Sêsrawungan kang rakêt bangêt, prasasat ora tau pisah, dipêpindhakake tansah lèngkèt kaya gula (glali), utawa krakêt kaya pulut.

Sanepa liya-liyane, kaya ta:

1. Arang wulu-kucing. Kèhing utange.
2. Antêng kitiran. Polahe, polah kang rongèh bangêt.
3. Pait madu. Swarane, pangandikane.
4. Wulêt godhong lumbu. Kulite (lumrahe ing basa padhalangan).
5. Atos dêbog. Balunge (ing padhalangan).

--- 46 ---

6. Lêgi bratawali. Rasane.
7. Pêrêt bêton. Rêmbuge.
8. Abot mêrang sabêlah. Bobote.
9. Kuru sêmangka. Awake.
10. Agal glêpung. Wujude.
11. Lonjong Botor. Playune.
12. Bêning lêri. Cahyane.
13. Jêro tapak mêri. Kawruhe, yaiku kawruh kang mung kambang-kambang (tidak mendalam).
14. Abang dluwang. Cahyane.
15. Dhuwur kêncur. Dêdêge.
16. Arum jamban. Gandane.
17. Abot kapuk. Bobote, timbangane (upamane boboting awake).
18. Lonjong mimis. Playune.
19. Sêpêt madu. Rasane, swarane, pangandikane.
20. Rêsik pacêrèn. Têmbunge, lumrahe têmbung kang kanggo ngunèn-unèni.
21. Pait kilang. Swarane, pangandikane.
22. Sigar sêmangka. Padha plêg, padha ambane, upama ing ukara: Nagara Astina sinigar sêmangka.

Sinigar iku têmbung wasesa, nanging sigar têmbung watak (kahanan).

Bab VII. Ukara sêsumbar.

Sumbar utawa sêsumbar, atêgês: nglairake têtêmbungan kang ngêmu surasa nantang ngadu tyase, ngadu kaluwihan, unggul-unggulan karosan, kasêktèn lan sapanunggalane.

Disumbari, atêgês: ditantang ngadu tyasa, ngadu kaluwihan lan sapanunggalane.

Nyumbari, atêgês: nantang ngadu tyasa, nantang ngadu kasêktèn, ngajak unggul-unggulan kaluwihan lan sapanunggalane.

Ukara sêsumbar iku lumrahe kaucapake kanthi santak, tarkadhang kawoworan têmbung kasar, isi surasa ngêpak kagunan utawa kadigdayane wong sing disumbari.

Tuladha:

1. Yèn nyata lanang, mêtua!
2. Ngajak apa, pirang dina, dakladèni!
3. Ngajak rupak, apa ngajak jêmbar?!
4. Wah, ora jamak! Sumbarmu kaya bisa mutungake wêsi gligèn! Kaya lanang-lanange dhewe. Baya sacêngkang mana kulitmu! Majua, daktètèr kaluwihanmu!
5. Yèn dakkêdhèpake ora ilang, dak-untal malang mangsa ngambaha ing cêthak (kowe)!
6. Mlêbua mênyang lak-lakaning naga, mangsa wurunga karasa ing tanganku kowe!
7. Njêrokna jagang, ndhuwurna kapurancang! Mangsa wurunga dakgawe karangabang nagara kene!

--- 47 ---

8. Kêriga sacindhile abang, cawêta sawadone!
9. Ampyakên kaya wong njala, krubutên kaya mênjangan mati!
10. Aja gênti mara, barênga mara, ora-orane daktinggal mlayu.
11. Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri.
12. Kopat-kapita kaya ula tapak-angin, kêkêjêra kaya manuk branjangan! Daksaut daksabêtake prabatang, sirna ilang kuwandamu!
13. Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi, sambata mring sudarmamu!
14. Apa kang ana ing kowe, tibakna! Daktamèngi dhadha. (Apa kang ana ing kowe = kowe duwe gêgaman apa bae).
15. Apa ora kulak warta adol prugon manawa... (isine: jênênge wong sing sêsumbar) sêkti mandraguna, ora têdhas tapak-paluning pandhe miwah sisaning gurenda.
16. Sumurupa! Ya iki agul-agule praja ... (isine jênênging nagara), tautate kramas obat, susur mimis.
17. Hèh! Ora susah kowe ngungasake kuwanèn ana ing nagara kene. Ing kene iki ênggone wong sugih kuwanèn. Cobanên iki! Ya aku suh-jêjêting praja, sapu-kawat ing nagara kene.

Danawa karo satriya

1. Yèn kêna dak-eman, balia!
2. Ora ana gawar ora ana awêr-awêr, pagene kowe ngalang-alangi lakuku?!

1. Bênêr kandhamu, Satriya. Nanging sumurupa, êndhas buta pating njêgêlêg!
2. Êndhas buta daksampar daksandhung, mangsa wurunga mawut sirna!

1. We, la, babo-babo! Ora kêna ginawe bêcik! Wani kowe karo aku!
2. Yèn wêdia, apa sing dakwêdèni!

1. Kalah gêdhe tinimbang aku!
2. Ora ana satriya nêmpiling buta ndadak nganggo ancik-ancik.

1. Kalah sêkti, kalah japa-mantra!
2. Ora watak Satriya maguru marang buta, kêpara nguyangake.

Ukara sêsumbar kêrêp kamot ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang.

Tuladhane:

I. Pucung. (Abimanyukèrêm, M. Soekir).

1. Sugal muwus èh si Tirtayuda asu | têka nguman-uman | praduli apa sirèki | mêmalangi mring wong nyudakke tambangan ||

2. Adol gêndhung banjur nantang ngajak gêlut | apa Ranukarya | kokira kalamun wêdi | wus sêdhênge wong lanang padha lèk sanga ||

--- 48 ---

II. Pangkur. (Partakrama, R. Ng. Sindusastra).

1. Dènirarsa mangsulana | Wrêkudara krodha sru turirèki | èh pambarêp kadang ingsun | aja mangsuli sira | ingsun ingkang mangsuli prakara iku | durung tutug wong Astina | nggone ngajak nora bêcik ||

2. Têkan si Bule Mandura | wiwit milu-milu atining iblis | jalithênge têka katut | yèn parêng karsanira | si Janaka ingsun arak sesuk-esuk | sarta sun payungi gada | sun iring kaprabon jurit ||

3. Pangantène wadon kana | si Bule kang amayungana bindi | kurang Kurawa kang wuwuh | kang njajari gêgaman | mring pangantèn sun tunjange ganjur ingsun | singa tiwas ing ayuda | kang raka datan nauri ||

III. Durma. (Langêndriya, Balaipustaka).

1. Damarwulan tuhu prajurit utama | tan pasah dening gêni | lah ta Damarwulan | mara sira malêsa | tadhahana kêris mami | iya tibakna | sayêkti sun tadhahi ||

2. Lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | iki Hurubisma | rêbutên ing ayuda | Damarwulan tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

IV. Pangkur. (Langêndriyan, sêsumbare Menakjingga).

Lah papak mangsa padhaa | Damarwulan tangia sun antèni | iki Hurubisma Prabu | wong sêkti mandraguna | kalok ing rat pilih tandhing yèn prang-pupuh | sura mrata jaya-mrata | rêbutên ingsun ing jurit ||

V. Balabak. (Witaradya, R. Ng. Ranggawarsita).

1. Datan ana ingkang sami kawistara | ing pangrèh | amung wadya tarab ing Krêndhawahana | kang nginte | wruh yèn iku brêkasakan saking Sabrang | kabèhe ||

2. Marma datan samar maring saniskara | karyane | kaulatkên ing sasolah-bawanira | samangke | ana mangsah jarangkong kang saking Sabrang | sêdyane ||

3. Arsa maring pakuwoning para Nata | mrih pamèt | pinêthukkên jarangkong Krêndhawana | sru kagèt | atêtanya: "Sapa ngadhang lakuningwang | arane" ||

4. Winangsulan: "Ingsun jarangkong kang têngran | duk biyèn | Kenthol Boga ing samêngko karan anak | Pak Galès | balik sira sapa aranta ngakua | dèn walèh ||

5. Sru gumuyu jarangkong Sabrang asantak | saure: | "Kalingane sira iku bangsaningwang | yêktine | sun sajarwa aran Bagus Samalaha | ing Sangkèh ||

6. Nguni ingsun dadi Guru kasantikan | kasube | tanpa sama ngèlmuningsun kasunyatan | jatine | marma ingsun kalakon kuwat sinêmbah | wong akèh ||

7. Lah ta aja anèng kono sumingkira | Pak Galès | ingsun arsa angupaya pêpanganan | yèn olèh | sinauran: "Malah sira abalia | dèn age ||

--- 49 ---

8. Yèn amêksa laju pasthi katêmahan | ajidhèt" | asru mojar Samalaha: "hèh si Boga | abane | malah sira yèn tan sumingkir bakalan | macèdhèl" ||

9. Kenthol Boga gumuyu sarya ngling sugal: | "Èh pênthèt | alajua sun andhangi tangkêp jaja | ing kene" | Samalaha mangsah sudira nirbita | ambêke ||

10. Sigra magut gêlut gumulung ulêngan | arame | silih-ungkih datan ana kang kuciwa | tandange | danguning prang Samalaha kasulayah | anglèlèh ||

Sarèhning ukara sêsumbar iku sing akèh-akèh tinêmu ana ing paprangan, prêlu ing kene disêlani bab arane paprangan ing kuwayangan.

Durma.

1. Nora mundur ngripta paprangan kwayangan | jatine pitung-warni | siji pêrang rêmpak | kapindho prang simpangan | prang kadung kasêbut ugi | katlu prang gagal | kabèh tanpa pêpati ||

2. Papat pêrang kêmbang utawa prang begal | kalima pêrang alit | kaping nêm ingaran | prang tanggung kang kasapta | pêrang agêng kasbut ugi | prang brubuh têlas | wijange siji-siji ||

3. Pêrang rêmpak prang bakda jêjêr kapisan | durung ana pêpati | dene prang simpangan | prang sawise jêjêran | kapindho singa kalindhih | anyimpang marga | tanpa ana pêpati ||

4. Pêrang kadung uga prang bakda jêjêran | kapindho kang njalari | utusan tan klêgan | pama tinampik nglamar | têmah ngamuk andêrpati | lamun utusan | kêlindhih bali-mulih ||

5. Dene lamun kang linurugan kasoran | nuli ana panyapih | gya ngupaya sraya | satriya wirotama | kang bisa mungkasi kardi | nganggo ingêbang | ganjaran èdipèni[5] ||

6. Pêrang gagal bakda jêjêr kaping tiga | singa kalah ngoncati | tanana palastra | wondene pêrang kêmbang | prang begal kasêbut ugi | iku prang bakda | gara-gara nggirisi ||

7. Yèku pêrang lêbar jêjêr kang kaping pat | wayah wus têngah wêngi | jêjêran pratapan | Rêsi ingadhêp endhang | manguyu jêjanggan cantrik | miwah satriya | bambangan nyuwun pamit ||

8. Duk tumêdhak satriya saking asrama | ing marga dèn cêgati | pra rota danawa | sulaya dadya pêrang | danawa samya ngêmasi | kang masih gêsang | nggêndring wadul mring Gusti ||

9. Ingaranan prang kêmbang lire sêsêkar | kêkêmbanging ajurit | wit mangka pambuka | prang tanggung candhakira | prang wiwit kèh kang ngêmasi | tumindak bakda | jêjêran ping nêm tlêsih ||

10. Pêrang tanggung kang mangsah prajurit lumrah | Ratu durung ngêtoni | lagi prange wadya | pangkat tanggung têngahan | singa kêlindhih ngêmasi | têluk utawa | mbabar rupa sajati ||

--- 50 ---

11. Bakda jêjêr kasapta pêrang wêkasan | yèku kang dèn arani | prang brubuh kasêbat | uga prang gêng-agêngan | wasananing prang njalari | kang karya ala | rêrusuh angêmasi ||

12. Nganti têkan ratuning durgama pisan | gusis atumpês tapis | tan mangga puliha | de yèn ana kang gêsang | têrus nungkul caos bêkti | asrah bongkokan | ngaturkên pati-urip || (Pm).

Wasana prêlu uga diwêruhi bab gêlaring baris, yaiku:

1. Ngêpung wakul mbaya mangap = wangun bundêr ngubêngi mungsuh, sing ngrangsang (menyerang) digawe awangun kaya angaping baya.

2. Gêlar cakra = olèhe pacak-baris awangun bundêr amba, dadi ing papan kang bawera.

3. Garudha nglayang = panataning baris kaentha pindha garudha nglayang; ana kang minangka cucuk, ana kang pinêtha swiwi kiwa-têngên lan ana kang minangka buntut, uga ing papan kang bawera amba kiwa-têngêne.

4. Gêlar samodra rob. Panataning baris pinindha ombaking samodra; ana kang minangka pulo, ana kang minangka praune, wadya-balane akèh padha maju barêng.

5. Brajatiksna = Brajatiksnalungid = (atêgês: gêgaman utawa panah landhêp), panatane baris ing papan kang ora jêmbar, kiwa-têngên rupak (ora kobèt), bisane mung maju-mundur bae.

6. Gêlar hardacandra = (atêgês: rêmbulan gêdhe) panatane baris bundêr kaya gêlar cakra.

7. Gêlar supit-urang = panataning prajurit pinêtha angganing urang; ana kang minangka supit kiwa lan supit têngên, ana manèh kang minangka awak lan buntute.

Bab VIII. Pralambang.

Lambang utawa pralambang, têmbunge liya pralampita, têgêse: pasêmon, utawa prasêmon.

Bangsa Jawa iku misuwur sugih pralambang, pralampita utawa prasêmon, nganti ana têtêmbungan "wong Jawa ênggone sêmu".

Mungguh carane wong gawe pralambang iku warna-warna. Sarana gambar, solahbawa, sarana barang utawa sarana ukara. Sing karêmbug ing buku iki mung pralambang kang kawêdharake sarana basa, yaiku kang awujud ukara.

Pralambang kang wêdhare sarana basa bae ana warna lima, yaiku: lambang jaman, lambang praja, lambange dhukun, lambang (sasmita) gêndhing, lambang (sasmita) têmbang, lambang liya-liyane.

A. Lambang jaman.

Lambang jaman iku yasane Pujangga, awujud unèn-unèn kang ngêmu surasa pêpindhan, mralambangi kaanane jaman.

--- 51 ---

Lambang jaman kang kêrêp kêprungu ana pitu, yaiku:

1. Andêrpati Kalawisesa. Pralambange kaanan ing jaman Pêjajaran.

Andêrpati = ora wêdi mati.

Kalawisesa = Bathara Guru, Hyang Siwah Buja, Catur-buja, Nilakantha, Trinetra, Manikmaya, Girinata, Jagadnata, Randhuwanda, Kalawisaya.

Ing jaman Pêjajaran, wong-wong padha ngrasuk agama Siwah. Saking mungkule marang agama Siwah, padha wani matèni hawa-napsu, padha ulah-tapa, pêlênging cipta mung marang Hyang Siwah, wani mati (samangsa prêlu) kanggo ngrungkêbi agamane yaiku agama Siwah, agama Kalawisesa.

2. Raja-pati Dewa-nata. Pralambange jaman Majapait. Raja-pati, têmbung saroja atêgês: ratuning ratu, ratu agung binathara.

Raja = ratu. Pati = ratu. Dadi têmbung "raja-pati" ing pralambang iku ora kêna ditêgêsi: pêpati kang amarga saka kêrêngan, kêtaton, tiba lsp.

Dewa-nata, uga atêgês: ratu binathara. (Raja yang didewa-dewakan).

Ing jaman Majapait, sing jumênêng Ratu prasasat dewa tumurun, kuwasa bangêt, jajahane nganti têkan ing sajabane Nuswantara.

3. Adi-yati Kalawisaya. Pralambange jaman Dêmak.

Adi-yati = suyati = pandhita linuwih. Sing dipêpindhakake pandhita linuwih ing jaman Dêmak yaiku para Wali.

Kalawisaya = Bathara Guru, ratuning Dewa. Iku pêpindhane Ratu ing Dêmak.

Ing jaman Dêmak, kang jumênêng Ratu asipat Wali, jumênênge uga kanthi bêbantune para Wali.

4. Kalajangga. Pralambange jaman Pajang.

Kalajangga iku jêjuluke Bathara Asmara. Ing jaman Pajang, sing jumênêng Ratu (mêsthine uga sawênèh para nayaka, lan rakyat mêsthine ya akèh sing tiru) sênêng marang asmara. Asmara = sêngsêm.

5. Kalasakti. Pralambange jaman Mataram.

Kalasakti iku jêjuluke Bathara Wisnu, Dewa kang awatak prajurit, sênêng mêmayu ayuning bawana sarana nitis marang titah ing Marcapada.

Ing jaman Mataram, Ratu sakawulane padha sênêng ulah kaprajuritan.

6. Kalajaya. Pralambange jaman Wanakarta.

Ana ing ngêndi dununge nagara (kraton) Wanakarta lan sapa kang jumênêng ratu (asmane), isih dadi kêkêraning Jawata.

7. Kalabêndu. Ora kacarita pralambange jaman nagara ngêndi lan sapa jêjuluke kang jumênêng ratu.

Manut gotèke wong akèh, ing jaman Kalabêndu, wong-wong padha kèrêm marang kadonyan, padha awatak wani wirang wêdi mati, rame ing pamrih sêpi ing gawe, akèh durjana-juti, arang wong kang kêna dipracaya, racake padha kêgêdhèn melik. Sing

--- 52 ---

gêmblung jinurung, sing murka mulya; sing jujur kojur, sing nrima cilaka.

Wêkasane jaman aklak rusak (Kalabêndu) iku manawa Sang Nata Ginaib yaiku Prabu Amisan wis jumênêng Ratu. Jaman dadi karta-raharja, kang awatak culika nêmu cilaka, kang murka antuk siksa, kang jujur luhur, kang suci dipundhi-pundhi.

B. Lambang praja.

Lambang praja uga yasane Pujangga, sing dipralambangi ratune. Nanging sarèhne ing jaman biyèn iku nagara lan rakyat kabèh ana ing panguwasane ratu, pralambange ratu uga dadi pralambange nagara lan rakyat.

Lambang-praja cacahe ana 18, yaiku:

1. Catur-rana sêmune sagara asat. Pralambange nagara 4 kang tansah paprangan (Jênggala, Kêdhiri, Ngurawan, Singasari) nganti ngêntèkake bandha nagara (asat), saking kèhe wragad kang diwêtokake kanggo kaprêluaning pêrang.

Catur = papat.

Sagara = pêpindhane kahartakaning nagara.

Rana = pêrang.

Asat = êntèk.

2. Ganda kentir sêmune liman pêpeka. Pralambange Ratu Pêjajaran Sri Pamêkas.

Ganda kentir = ratu kang dilabuh, disedani ana ing banyu.

Kentir = kendhang; kang bisa ngentirake iku banyu kang mili.

Liman pêpeka = Ratu kang sêpi ing pangati-ati, yaiku Sri Pamêkas, Ratu Pêjajaran kang wêkasan, tandhane nganti kêna disedani dening ingkang putra yaiku Siyungwanara, sarana dilabuh ana ing kali.

3. Macan galak sêmune curiga kêthul. Pralambange nagara Majapait.

Macan galak = ratu kuwasa, Ratu Binathara.

Curiga kêthul = para putra sêntana lan kawula (rakyat) kang padha ora lantip marang babagan Kasusastran.

Sang Prabu Brawijawa ing Majapait, Ratu Agung Binathara; emane para putra-sêntana sakawulane padha kêthul pangrasane marang Kasusastran.

4. Lunga pêrang putung watange. Pralambange para Ratu ing Dêmak.

Lunga pêrang = Sultan Dêmak mêrangi nênêlukake para bupati kang isih agama Buda, binantu dening para Wali.

Putung watange = akèh Wali (utawa sakabate) kang tumêka ing seda.

5. Alêlungan datan kongsi bêbasahan kêsêlak kampuhe bêdhah. Pralambange Sultan Pajang (Jaka Tingkir, Hadiwijaya, Mas Karèbèt, Banyakwidhe), olèhe jumênêng Ratu durung nganti ngrasakake kamuktèning ratu, kêsêlak seda.

Alêlungan = pêpindhane jumênêng ratu. Kêsêlak kampuhe bêdhah = kêsêlak seda. Durung kongsi bêbasahan = durung nganti mukti.

--- 53 ---

6. Surakalpa sêmune lintang sinipat. Pralambange Panêmbahan Senapati ing Mataram.

Sura = wani. Kalpa = jaman. Sura kalpa = jaman utawa wêktu nalika Panêmbahan Senapati (sakawulane kang sêtya) nuduhake kasudiran utawa kuwanèn. Lintang sinipat = lintang karainan, pralambang sedane P. Senapati.

P. Senapati olèhe nênêlukake para Adipati kang sêtya marang Sultan Pajang mung abandha kêkêndêlan, tanpa wadya-bala akèh. Nanging durung nganti rampung olèhe nênêlukake para Adipati iku, P. Senapati tumêka ing seda.

7. Kêmbang Sempol sêmune lêbe kêkêthu. Pralambange Sultan Seda Krapyak lan Sultan Agung, kang bangêt sênêng ulah kasantrèn, mungkul ing agama Islam.

Kêmbang Sempol = kêmbang trate, tunjung, pralambange ratu.

Lêbe kêkêthu = pralambange wong kang mungkul bangêt marang agama Islam.

8. Kalpa sru sêmune kanaka putung. Pralambange Sinuhun Mangkurat Têgalarum.

Kalpa = jaman. Sru = sangêt, sêrêng. Kalpa sru = jaman sêrêng, yaiku jamane Sinuhun Têgalarum, dene sing sêrêng (wêngis, wêntalan) ya Sang Sinuhun Têgalarum iku.

Kanaka putung = kuku tugêl, pralambange akèh para andêl-andêle praja kang tumêka ing seda, amarga kapatrapan paukuman dening Sinuhun Têgalarum.

9. Layon Kèli sêmune satriya brangta. Pralambange ingkang putra Sinuhun Mangkurat Têgalarum.

Layon kèli = jisim kendhang, yaiku jisime Sinuhun Mangkurat Têgalarum.

Satriya brangta = satriya sungkawa, yaiku ingkang putra Sinuhun Mangkurat Têgalarum, marga jumênênge Ratu lagi ana ing sajrone nandhang sungkawa, jalaran lagi ndhèrèk lolose ingkang rama.

10. Gunung kêndhêng sêmune kênya musoni. Pralambange Sunan Pakubuwana I.

Gunung Kêndhêng = gunung dawa, pralambange Sunan Pakubuwana I, jumênênge Ratu wis sêpuh.

Kênya musoni = prawan ngrêsiki kapuk sarana wusu, pralambange K. Sunan ingatase wis jumênêng Ratu kok sok manggalih prakara sing rèmèh-rèmèh (sêpele). Musoni kapuk = pêpindhane pagawean kang sêpele, prakara rèmèh.

11. Lung gadhung sêmune rara nglikasi. Pralambange Sunan Mangkurat, putra Sinuhun Pakubuwana I.

Lung gadhung = pradapaning gadhung, pupusing gadhung, pralambange Sunan Mangkurat kang sarwa sêmbada, sarwa prigêl.

Rara nglikasi = prawan ngikal benang, pralambange Kangjêng Sunan rusuh tindake marang wanita, thukmis.

12. Gajah mêta sêmune têngu ... (Pangimpun ora wêntala arêp nulis têmbung ing saburine têmbung "têngu" iku). Pralambange Sunan Pakubuwana II.

--- 54 ---

Gajah mêta = gajah ngamuk, pêpindhane Sunan Pakubuwana II kang bangêt kineringan dening para ratu ngamanca.

Têngu ... = pêpindhaning cilike panggalihe kangjêng sunan, marga barêng ana mungsuh nêkani enggal-enggal mundhut bantu marang Pranagari (Madura) sarana nggarwa putra putrine Sang Adipati Pranagari.

13. Panji loro sêmune Pajang-Mataram. Pralambange ana ratu loro, yaiku K. Sunan Pakubuwana III lan K. Sultan Hamêngkubuwana I (K. Pangeran Mangkubumi).

14. Rara ngangsu randha loro anututi pijêr atukar. Pralambange ana satriya oncat saka kraton, ditututi dening ratu loro, nanging sing nututi tansah têtukaran. Yaiku jaman K.P. Mangkubumi lan R.M. Said madêg suraning panggalih, kang wasanane K.P. Mangkubumi jumênêng Sultan Hamêngkubuwana I ana ing Mataram (Yogyakarta) lan R.M. Said jumênêng amêngkoni tanah Sukawati.

15. Tan kobêr apêpaès amangun sinjang. Pralambange Sunan Pakubuwana IV lan V, kang ora kobêr mranata praja, saking akèhe prakara kang ngrêribêdi.

Tan kobêr apêpaès = ora kobêr ngrêrêngga, maksude: mranata praja.

Amangun sinjang = mranata nagara.

16. Kalabêndu sêmune Sêmarang lan Têmbayat. Pralambange K.P. Dipanagara nalika madêg suraning panggalih nganti banjur dadi kalakon pêrang mungsuh kompêni.

Kala = wêktu, mangsa, jaman. Bêndu = krodha, duka, muring, nêpsu, bramantya.

Kalabêndu = wêktu bramantya, yaiku bramantyane K.P. Dipanagara.

Sêmarang pralambange wadya kompêni, Têmbayat pralambange wadya-balane K.P. Dipanagara.

17. Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt. Pralambange Ratu Adil kang akadhaton ing Kêtangga.

Tunjung putih = kêmbang trate kang awarna putih, pralambange kasucian utawa kaadilan.

Pudhak = kêmbang pandhan, warnane uga putih, pralambange satriya kang suci budine.

Sinumpêt = diwalik, dijungkir, pralambange satriya kang ora katon satriya, pancèn ora ngetokake kasatriyane; yaiku satriya kang ing sadurunge jumênêng ratu kocap "Satriya kêsampar-kêsandhung".

18. Gandrung-gandrung ing lêlurung, andulu gêlung kêkêndhon; kêris-parung tanpa karya, êdolên tukokna ulêng-ulêng campur-bawur. Iku pralambange tanah Jawa (Nuswantara) sawise têkan jaman karta-raharja, gêmah-ripah, murah kang sarwa tinuku, tulus kang sarwa tinandur.

Kêris-parung = kêris kang mawa êluk (kêris adhapur naga lumaksana, yèn kêris sing tanpa êluk utawa lêncêng diarani dhapur naga tapa).

Tanpa karya = ora ana kanggone. Bangsane gêgaman, kêris lan liya-liyane wis ora ana kanggone, wis ora prêlu sadhiya utawa

--- 55 ---

simpên gêgaman, amarga jamane wis ora ana rêrusuh, wis têntrêm.

Êdolên tukokna ulêng-ulêng campur-bawur = êdolên (kêris parung iku) tukokna kêmbang sing wangi-wangi gandane, iku pralambange wong-wong wis wayahe sênêng-sênêng.

C. Lambange dhukun.

Dhukun kang sêpi ing pamrih, kang ora ngalap opah, sing akèh-akèh pêng-pêngan. Ing taun likuran, ing bawah Solo ana dhukun kang pêng-pêngan bangêt asma Kyai Bêdor, lan durung lawas iki ing Bandung uga ana, asma Radèn Sasrakartana. Loro iku kalêbu dhukun kang pêng-pêngan; eman dene saiki wis padha seda.

Dhukun sing pêng-pêngan iku lumrahe sathithik gunême, akèh kêtatalane. Yèn nglairake panêmune sing gêgayutan karo kaanane wong kang dijalukake tamba, sok sinamun ing pralambang, ora mung dikandhakake ing sawantahe bae. Upamane:

1. Prentah supaya wong sing lara diwêdhaki godhong sèwu cinampuran adas pulawaras, maksude: asung pralambang manawa wong sing lara kêna diarêp-arêp warase.

2. Prentah supaya wong sing lara winêdhakan pipisan pupus gêdhang, asung prasêmon supaya sanak-sadulure wong sing lara padha mupus pêpêsthèning takdir, amarga wong sing lara wus pinêsthi kudu tumêka ing pati.

3. Prentah supaya wong sing lara winêdhakan pipisan bayêm, asung pralambang supaya sanak-sadulure wong sing lara kadunungana ati ayêm, amarga wong sing lara bakal tumuli waras. (Bayêm, keratane: satibane ayêm).

4. Mènèhi lintingan rokok kanggo wong sing lara, maksude: asung sasmita manawa wong sing lara (ora lawas manèh) bakal binungkus (nganggo mori), amarga mêsti ora bisa waras pulih kaya maune.

D. Pralambang ing gêndhing.

Ana ing Padhalangan, manawa dhalang ngabani marang niyaga njaluk gêndhing apa bae, abane dhalang ora mung sarana dilairake ing sawantahe bae, nanging sinamun ing pralambang kang lumrahe diarani sasmita. Tuladhane:

1. Tindakira Sang Pinangantèn sarimbit tansah kêkanthèn asta tan kêna bênggang sanyari. Maksude: ki dhalang njaluk gêndhing monggang.

2. Jlêg! Sang Nata têdhak saking dhampar dênta, gugup sagung para biyada, piyak ngarsa tangkêp wuri. Maksude: njaluk gêndhing ayak-ayak.

3. Sang Dèwi Prêgira-Prêgiwati manjing wanadri, nusup gêgrumbulan nasak bêbondhotan, kêrêndhêt-rêndhêt ing ri sarirane. Sasmitane gêndhing bondhèt.

4. Sinigêg gênti kacarita gêlise kang munggêl kawi. Kocapa Sang Yaksamuka utusan Ngalêngkadiraja kang angupaya mustaka [mus...]

--- 56 ---

[...taka] pandhita acacah sasra, kêsandhung-sandhung lakune ing samarga-marga. Sasmitane gêndhing sandhung.

5. Anuju ing ari Rêspati, Sang Yaksaraja Prabu Kala... miyos siniwaka, kiprah-kiprah pating glidrah para wadya danawa kang ndhèrèkake. Pralambange gêndhing kiprah utawa bendrong.

6. Tindakira Sang Sinatriya ing Madukara wus prapta ing praja Astina, kawistara ing sêmu kadi mangu-mangu dènira arsa manjing taman Kadilêngêng pangguh lan Sang Kusumaning Ayu Dèwi Banuwati. Sasmitane gêndhing Ladrangmangu.

7. Dupi Sang Dèwi Banuwati priksa praptanira ingkang rayi Radèn Jahnawi, sanalika sirna rudahing panggalih pindha pandam kentir ing warih. Sasmitane gêndhing Damarkèli. Pandam = pêpadhang, diyan, damar. Kentir = kendhang, kèli.

8. Sang Kusumaning Ayu Dèwi Prêgiwa-Prêgiwati bêbarêngan miyos saka ing wanadri, sanityasa arêrangkulan pindha gadhung apêpulêtan. Sasmitane gêndhing Sêkargadhung.

9. Kocap kang samya nèng paglaran jaba, kawistara sêmu tan jangkêp winilis. Gêndhing Sêmukirang.

10. Suwarnane Sang Dèwi Wara Srikandhi lan Rarasati, prasamya galak ulate, landhêp liringe, yèn sinawang katon padha rupane. Gêndhing Gambirsawit.

Padha rupane = (tumrap sandhangan) sawitan, sêsawit.

11. Namung anyênyadhang sih, winênangna angaras pada. Gêndhing Onang-onang.

12. Kocap duk nalika samana wayahe wus kapara sanga. Sasmitane dhalang manawa arêp ganti pathêt, saka pathêt nênêm mênyang pathêt sanga.

13. Lah ing kana ta Sang Rêkyana Patih Sêngkuni saksana miyos ing paseban jaba, enggal nêmbang têngara undang bidhaling wadya. Munya gong maguru gangsa, sinauran gurnang puksur lan thong-thong-grit, gubar-bèri sarta bêndhe ngungkung kadya ambêrêg singa. Gêndhing Ladrang Singanêbah. Mbêrêg = mburu, mbêdhag, ngoyak.

14. Sinigêg ganti kacarita, kocapa kang ana ing sajroning pura Ima-imantaka pindha kêlir tinambang. Gêndhing Tlutur.

15. Kocap tindakira Sang Sinatriya kêkalih, Gathutkaca-Angkawijaya, rikat pindha binalangake, duk samana wayahe mèh sumirat ndungkap raina. Gêndhing Sumirat.

E. Pralambang tumrap ing têmbang.

Pralambang kang kanggo ing têmbang lumrahe uga diarani sasmita.

Unèn-unèn "wong Jawa ênggone sêmu" pancèn kêrêp kêprungu, luwih-luwih ing jaman biyèn. Sêmu, prasêmon, pralambang, pralampita, atêgês: pituduh kang ora cumêplos, wêtuning cipta-ripta kawêdharake sarana sasmita, upamane kanthi têtêmbungan kang sinamun, ora mêlok.

--- 57 ---

Kasusastran Jawa ing jaman kuna, luwih-luwih karangane Pujangga, akèh kang ngêmot prasêmon utawa pralampita. Para pangripta ing jaman kuna carane mêdharake cipta-ripta, lumrahe sinawung ing pralambang utawa prasêmon kang angèl ditlusur surasane. Nanging tumrap wong Jawa kang lêbda marang Kasusatran Jawa, kang landhêp pangrasane marang endahing basa Jawa, adate uga lêbda marang ulah-kridhaning pralampita.

Buku-buku Kasusastran kang sinawung ing têmbang babaran jaman kuna, prasasat mèh ora ana kang nyêbutake jênênge pupuh akanthi cumêplos. Kabèh pupuh utawa têmbang, jênênge sinamun ing prasêmon kang ing jaman saiki lumrahe diarani "ukara sasmita araning têmbang".

Dununge "ukara sasmita araning têmbang" iku ana warna loro, yaiku:

a. Ana ing bêbukane pupuh, isi pituduh jênênge pupuh iku.

b. Ana ing wêkasane pupuh, isi pituduh jênênge pupuh candhake.

A. SASMITA ING BÊBUKANE PUPUH.

Tuladha:

1. Mamèt prana rèh kawunta | kang winangun nalikanira nguni | sang pra Kawi Wali wolu | mrih harja wuryèng praja | pinitaya dera Kangjêng Sang Aprabu | Sri Wasesa ing Bintara | pinilala murwèng kawi || (Lambangpraja M.Ng. Mangunwidjaja).

2. Manis-arum sinawung langên sri | sru kawuryan pamudyaning raras | kang mulya pangrèh sarèhe | lir manik mandaya gung | brêming rat wus winayang ing sih | sih wigunaning karya | akarya wulangun | wulanguning tama-harja | harjèng deya sinêmangkara suksmadi | pangèsthi murwèng sastra || (Langêndriya I, Balai Pustaka).

3. Kasmaran ingkang pinuji | luputa ing ila-ila | dèn dohna tulah-sarike | ngetang sagunging lêlêmbat | kang karèh Goplêm ika | dhêmit lit-alit sadarum | pan dede dhêmit pra raja || (Sêrat Kidung).

1. Kawuntat = kawuri, kapungkur, sasmitane têmbang Pangkur.

2. Manis = lêgi. Barang sing rasane lêgi iku pratandha ngandhut jasad gula; dadi têmbung "manis" iku sasmitane têmbang Dhandhanggula.

--- 58 ---

3. Kasmaran = kêsêngsêm. Linggane "asmara", sasmitane têmbang Asmaradana.

B. SASMITA ING WÊKASANING PUPUH.

Tuladha:

1. Pucung. (Wulangrèh Pakubuwana IV).

Ewuh têmên babo wong urip puniku | apan nora kêna | kinira-kira ing budi | arang mantêp wijiling basa raharja ||

2. Mêgatruh. (Wulangrèh Pakubuwana IV).

Tulisane ing Lohkilmakpul rumuhun | pêpancèn sawiji-wiji | tan kêna owah sarambut | tulising badan puniki | aja mundur ing pakewoh ||

3. Sinom. (Arjunasasrabau R. Ng. Sindusastra).

Bêdhahe nagri Ngayodya | para mantri kèh umiring | ngungsi nèng wukir Dhandhaka | iku carita mangsuli | mangkana kang winarni | Rahwana ingkang ngadhatun | anèng nagri Ngayodya | sawadya-balanirèki | anggung dènnya pêpara anganthi bala ||

1. Wijiling, sasmitane têmbang Mijil. Dadi saêntèke têmbang Pucung iku banjur ganti têmbang Mijil.

2. Mundur, sasmitane têmbang Durma; dadi sarampunge Mêgatruh iku banjur ganti têmbang Durma.

3. Anganthi sasmitane têmbang Kinanthi; dadi sabakdane têmbang Sinom iku banjur ganti têmbang Kinanthi.

Ringkêse.

Têmbung-têmbung kang lumrah kanggo ing sasmitane têmbang, yaiku:

1. Dhandhanggula: sarkara, manis, madu, artati, dhandhang, gula, gula-drawa, gagak, kaga krêsna.
2. Sinom: srinata, ronkamal, pangrawit, logondhang, anom, wèni, mudha, rema, taruna.
3. Asmaradana: asmara (kasmaran), kingkin, brangta, brangti, sêdhih.
4. Kinanthi: kanthi, gandhèng, kanthèt.
5. Pangkur: wuri, pungkur, yuda kanaka, tutwuri, wuntat lan têmbung-têmbung kang mawa wanda, "kur".
6. Durma: mundur, galak, lan têmbung-têmbung kang mawa wanda "dur".
7. Mijil: wijil, wêtu, wiyos, rarasati, sulastri.
8. Maskumambang: kumambang, kentir, timbul.

--- 59 ---

9. Pucung: kluwak, ancung, lan têmbung-têmbung kang mawa wanda "cung".
10. Jurudêmung: mung, juru.
11. Wirangrong: wirang, mirong.
12. Balabak: klêlêp, kêblabak.
13. Gambuh: êmbuh, gambuh, jumbuh, kambuh, tambuh.
14. Mêgatruh: pêgat, duduk, truh.
15. Girisa: giris.

Pakon:

1. Ing Ngéngréngan Kasusatran Djawa jilid I perangan "Panutup" ana rêriptan têmbang mawi sasmita warna-warna. Bukakên, wacanên idhêp-idhêp mbalèni.

2. Rêriptan têmbang ing ngisor iki sabên têlung pada nuli ganti têmbang. Waspadakna sasmitane, nuli badhenên, gonta-gantine têmbang apa, lan têmbangna pisan!

Sêjarahe wayang warna-warna.

1. Sinarkara ing taun Masèhi | sangang atus têlung puluh sanga | Sri Jayabaya kaswarèng | Nata Kêdhiri kasub | kang murwani ayasa ringgit | wayang Purwa sing rontal | ing têmbe binangun | Radèn Panji ing Jênggala | duk ing taun rolas atus dwi dasa tri | slendro ponang pradangga ||

2. Sinulukan nganggo têmbang Kawi | masih abêbakal saka rontal | Kudalaleyan Pamase | ya Lêmbuamiluhur | Pajajaran putra Sang Panji | ayasa wayang dluwang | amarêngi taun | rolas atus patang pluh pat | pamburine Jakasuruh Majapait | kala angkaning warsa ||

3. Rolas atus astha dasa lan tri | yasa wayang abêbakal dluwang | ingaranan wayang Bèbèr | pradangga slendro wuwuh | rêbab praptèng kalane warsi | sèwu tlung atus juga | putra Sang Aprabu | Brawijaya kang kapisan | yekang asma Sungging Prabangkara wasis | kasmaran mulas wayang ||

4. Wêktu iku wayang wiwit | mawa tancêban kacrita | prapta ing jaman kuwalèn | Radèn Patah Natèng Dêmak | karsa ayasa wayang | taun sèwu patang atus | têlung puluh luwih sapta ||

5. Jinurungan para Wali | Sunan Giri sung sumbangan | wanara anetra loro | Bonang rêricikan jaran | dene Sang Kalijaga | kang yasa kêkêliripun | panggah salendro pradangga ||

6. Taun patblas atus luwih | patang puluh têlu kocap | Radèn Patah Dêmak biyèn | karsa ayasa gunungan | wayang saya sampurna | wayang Purwa saya kombul | de wayang Bèbèr kawuntat ||

7. Sultan Trênggana ing Dêmak | yasa wayang tinatah ponang rai | taun sèwu patang atus | lan sapta dasa sapta | duk ing taun patblas atus wolung puluh | ayasa Kidang-kêncana | rinêngga prada rinukmi ||

8. Tumêka angkaning warsa | patblas atus wolung pluh lima nuli | Sunan Girilaya iku | yasa wayang ingaran | wayang Gêdhog pradangga pelog kasêbut | tanpa danawa wanara | mirid lakon Radèn Panji ||

--- 60 ---

9. Lêt sataun Sunan Bonang | yasa wayang Bèbèr-Gêdhog akanthi | tinabuhan trêbang angklung | iku aran Kêthiprak | praptèng taun limalas atus lan têlu | Jakatingkir mbangun wayang | mawa kampuh-clana komplit ||

10. Amarêngi lan pêpakêm mijil | pakêm warna loro | wayang Purwa atanapi Golèk | wayang nganggo gêgamaning jurit | limalas atus lwih | lima ponang taun ||

11. Tuwuh wayang Golèk tanpa kêlir | gamêlane slendro | Sunan Kudus kang yasa jarene | kocap Panêmbahan Senapati | mbangun wayang mawi | tatahan pinunjul ||

12. Iku taun limalas atus lwih | patang puluh sitok | nuli êlêt sawlas taun manèh | Dèn Mas Jolang mbangun angowahi | tangan-iras dadi | sopakan sinambung ||

13. Sang Srinata ing Mataram | Sultan Agung kang anganggit | wanda wayang sawlas warna | wêwijange siji-siji | Baladewa Narpati | wanda gègèr kang sinêbut | wanda gêndrèh Sri Krêsna | wanda mangu Sang Jahnawi | wanda rangkung Kusuma Wara Sumbadra ||

14. Wanda jangkung Suyudana | wanda golèk Banuwati | wanda brêbês Badranaya | Wrêkudara wanda mimis | de Bagong dèn arani | wanda gilut lamun Petruk | wanda jêglong ingaran | ratu buta dèn arani | wanda barong wayang Krucil kacarita ||

15. Kang yasa Sultan Mangkurat | mirid babad Majapait | lêlakone Damarwulan | pradangga salendro ugi | angkane ponang warsi | nêmblas atus lima nuju | wayang-wong wiwit ana | angkane taun mbênêri | kala sèwu sangang atus lwih sadasa ||

16. Wayang-wong saya gambuh | wayang Purwa saya ndêdêl mumbul | barêng lawan wayang-wong jumêdhul ugi | wayang dupara kasêbut | sing yasa sarjana Solo ||

17. Wayang dupara iku | kang kinarya lakon duk rumuhun | babad tanah Jawa wiwit ana Landi | wayang dupara tan dangu | sirna dèn êmohi uwong.[6] ||

18. Kêthoprak duk jumêdhul | taun sangalas atus rong puluh | atabuhan lêsung lan kênthongan cilik | maju gamêlan kalêbu | lêsung pinêgat tan kanggo ||

19. Taun sèwu sangang atus slawe tuwuh | tontonan kang angèmpêri | wayang-wong ingaran ludrug | mawa lagon purwakanthi | ing Surabaya kang kalok ||

20. Lêt sapuluh taun manèh gya jumêdhul | wayang wahana tan mawi | praba lakone tan tamtu | nanging tan lawas tumuli | sirna dèn êmohi uwong ||

21. Jaman Kamardikan tuwuh wayang suluh | taun sangalas atus lwih | patang puluh nênêm durung | sumêbar ing sêmu sami | wong-uwong akèh sing êmoh. || (Gubahan Pm.).

F. Kang kalêbu ing pralambang liya-liyane.

1. Kangjêng Sultan Agung nggarwa Nyai Rara Kidul. Unèn-unèn iku uga ngêmot pralambang. Manut dêdongengan, Nyai Rara Kidul iku kang ngratoni samodra Kidul, samodra

--- 61 ---

Hindia kang jêmbare langka sing madha. Jêmbare samodra Kidul iku mralambangi jêmbaring panggalihe Kangjêng Sultan Agung, sugih pangapura, ora gampang duka.

2. Sigra milir kang gèthèk sinangga bajul | kawan dasa kang njagèni | ing ngarsa miwah ing pungkur | ing kanan miwah ing kering | sang gèthèk lampahnya alon ||

"Bajul" kang kasêbut ing têmbang Mêgatruh ing dhuwur iku, dudu bajul kang salugune, nanging "bajul buntung". Mangkono uga têmbung "gèthèk" uga dudu gèthèk kang sawantahe.

3. Lambang nagara Republik Indonesia, awujud pêpêthan Kagendra Garudha mawa citra "Bhinneka Tunggal Ika". Mangkene jlèntrèhe:

Sinom.

a. Kaga Garudha mbêgagah | pralambange nagri R.I. | mustaka nolèh mring kanan | angancas pakarti bêcik | akalung rante rukmi | tali tamèng wangun jantung | gumandhul anèng dhadha | pita putih mawa tulis | cinangkêrêm kêncêng ing cêcakar mêngkang ||

b. Tulis kang tinrap ing pita | tuduh wasita wigati | pan "Bhinneka Tunggal Ika" | warna-warna nging manunggil | lar pênjawat ing swiwi | pitulas yêkti wèh tutur | tanggaling kamardikan | lar buntut wolu winilis | wigatine Agustus wêktu gumregah ||

c. Tamèng agodhagan lima | Pancasila mralambangi | rinarêngga gêgambaran | êndhas banthèng rante pari | kapas lintang Nur kuning | miwah wit wringin ngrêmbuyung | kabèh mawèh pralambang | Pancasila kang linuwih | têtalêse amranata paprentahan ||

d. Prasêmone Ketuhanan | lintang Nur-Cahya nyunari | ginambar ing dhasar krêsna | Karakyatan dhasar langking | gambar banthèng sinungging | warna irêng miwah pingul | Kabangsan adhêdhasar | putih mawa wit waringin | ron ngrêmbuyung dadya pangayoman rakyat ||

e. Prasêmon Prikamanungsan | mawa lambar dhasar abrit | agambar rante kêncana | mawa kluwêng warni kalih | bundêr miwah pêsagi | rante pralamita tuhu | mring sakèh suku bangsa | para warga nagri R.I. | tita nyata santosa dènnya mêmitran ||

f. Dhasar Kaadilan Sosyal | warna mulus mêmplak putih | apêpaès pari kapas | pranyata anyasmitani | gêgayuhan kang inggil | mbangun praja mamrih subur | makmur kasuwur manca | gêmah-ripah loh-jinawi | têmah tata têntrêm kalis ing duskarta ||

g. Blêgêre Kaga Garudha | kagambar ambabar swiwi | cucuk mancas cakar mêngkang | buntut kabèh mralambangi | tênaga kang nyanggupi | mbangun praja mrih linuhung | tamèng agaris malang | mralambangi kêndhit bumi | tanah tropên dununge Indonesia || (Pm).

--- 62 ---

4. Pralambanging warna.

Abang lambanging kuwanèn, putih kasucian, kuning kaluhuran. Yèn manut bangsa Kulonan: kuning lambanging gêthing, ijo darbe pangarêp-arêp, biru sêtya-tuhu.

Tumrap kawruh kabatinan: abang lambanging amarah, maksude kamurkan, pangangsa-angsa. Ijo lan biru: aluamah, napsu kang tumuju marang pakarêman pangan lan turu. Kuning pasêmoning supiyah, napsu kang tumuju marang pêpenginan kang sarwa bêcik ngrêsêpake. Putih pralambanging mutmainah, napsu kang tumuju marang kasucian, panggawe bêcik, budi luhur; awèh têkên wong kalunyon, asung sandhang wong kawudan, asung banyu wong kasatan lsp.

Ana ing padhalangan, Dasamuka iku pralambanging amarah, Kumbakarna aluamah, Sarpakanaka supiyah, Wibisana mutmainah.

5. Pralambang uran-uran "Sêmut irêng".

Dhandhanggula.

Sêmut irêng anak-anak sapi | kêbo bongkang nyabrang kali bêngawan (kakehan 1 wanda Pm) | keyong gondhang jarak sungute (kakehan 1 wanda Pm) | timun wuku gotong wolu (kakehan 1 wanda Pm) | Surabaya gègèr kêpati | ana wong ngoyak macan | dèn wadhahi bumbung | alun-alun Kartasura | gajah mêta cinancang wit sidaguri | patine cinèkèr ngayam (kakehan 1 wanda Pm) ||

Têmbang ing dhuwur iku kêrêp kêprungu ana ing masyarakat, nanging wong sing nêmbang tarkadhang ora ngrêti manawa cakêpane têmbang iku isi pralambang warna-warna. Mangkene mungguh oncèk-oncèkane:

Sêmut irêng, pralambange Dèwi Sapudi putri saka Wandhan, garwa pangrêmbe Prabu Brawijaya, pakulitane irêng-manis.

Anak-anak sapi, pêputra Lêmbupêtêng. Lêmbupêtêng iku kapundhut putra-mantu dening Kyai Agêng Tarub, yaiku didhaupake karo Dèwi Nawangsih utawa Rara Kasihan. Lêmbupêtêng uga kasêbut Bondhankêjawan.

Kêbo bongkang, pralambange Kyai Kêbokênanga lan Kêbo Kanigara, putrane Prabu Brawijaya kang ora karsa manjing agama Islam. Priyagung loro iku wasanane padha tumêka ing seda, yaiku kang dipralambangake: nyabrang kali bêngawan. Kyai Kêbokênanga disedani dening Sunan Kudus, Kyai Kêbokanigara seda-muksa ana ing gunung Mrapi.

Keyong gondhang jarak sungute, pralambange Mas Karèbèt utawa Jaka Tingkir, ingatase turune wong cilik kok bisa jumênêng Ratu.

--- 63 ---

Timun wuku gotong wolu, pralambange Panêmbahan Senapati dijumênêngake Ratu saka pambiyantune wong wolu, yaiku: 1. Ki Agêng Pamanahan (Ki Agêng Mataram), 2. Ki Juru Martani, 3. Ki Pênjawi, 4. Ki Jurukithing, 5. Ki Buyut Wirasaba, 6. Tumênggung Mayang, 7. Pangeran Made Pandhan, 8. Adipati ing Batang.

Surabaya gègèr kêpati, pralambange bêdhahe Surabaya, wong-wong ing Surabaya padha bingung pating bilulung (gègèr). Nalika samana sing jumênêng Adipati ing Surabaya asma Pangeran Ratu Agung; dene sing mbêdhah asma Tumênggung Mangun Onêng lan Tumênggung Sêpanjang, utusane Sultan Agung ing Mataram.

Ana wong ngoyak macan dèn wadhahi bumbung, pralambange Tumênggung Urawan (utusane Mangkurat ing Kartasura) nalika nyêkêl kraman kanthi gampang, kang dadi panggêdhene kraman Pangeran Pugêr.

Alun-alun Kartasura ... sabanjure, pralambange kraman aran Dirana (anake lêlurahe srati kang aran Buyut Dirada) dicêkêl dening Pangeran Pringgalaya (utusane Sinuwun ing Kartasura). Sawise kêcêkêl, kraman Dirana dicancang ana ing wit wringin satêngahe alun-alun Kartasura, nuli dirampog sarana dicocogi dom nganti tumêka ing pati, yaiku kang dipralambangake: patine cinèkèr ngayam.

 


§ Purwakanthi lumaksita = purwakanthi basa. (kembali)
Ulêrkambang. (kembali)
§ Pêthikan Sêndhon Langên-swara M.N.IV. (kembali)
§ Satêmêne "kosok" iku araning tabuhe rêbab. (kembali)
§ Kang kanggo ganjaran lumrahe putri (kang dilamar dening mungsuh). (kembali)
§ Sing yasa R. Danuatmadja. (kembali)