Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 001–068)

Judul
Sambungan
1. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 001–068). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
3. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
4. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 22-06-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

S. Padmosoekotjo
Guru Pawiyatan Guru, Purworejo

Ngéngréngan Kasusastran Djawa I

Kanggo para siswa sêkolah guru lan sêkolah lanjutan liyane.

Cap-capan kaping papat.
Hien Hoo Sing
Penerbit & Toko Buku
Pusat: Jl. Malioboro 171 Tlp. 1429, Cabang: Gang Lor Pasar 17 Tlp. 1099. Yogyakarta.

--- 1 : [0] ---

S. Padmosoekotjo
Guru Pawiyatan Guru, Purworejo

Ngéngréngan Kasusastran Djawa I

Kanggo para siswa sêkolah guru lan sêkolah lanjutan liyane.

Cap-capan kaping papat.
Hien Hoo Sing
Penerbit & Toko Buku
Pusat: Jl. Malioboro 171 Tlp. 1429, Cabang: Gang Lor Pasar 17 Tlp. 1099. Yogyakarta.

--- 1 : [1] ---

[...]

--- 1 : [2] ---

Isine:

Ing perangan ngarêp

... Kaca:
Pawartos ... 5.
Ular-ular saking "Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa Têngah" ... 6.
Purwaka ... 7.
1. Kabudayan ... 8.
2. Blêgêre Kabudayan Jawa ... 8.
3. Kagunan adi-luhung ... 9.
4. Bab Kasusastran ... 10.
5. Kasusastran Jawa ... 12.
6. Pujangga Kasusastran Jawa ... 12.
7. Basa kang kanggo ing Kasusastran Jawa ... 13.
8. Jinise têmbung Jawa ... 17.
9. Basa lumrah lan basa endah ... 18.
10. Panganggone têmbang limalas warna ... 22.
11. Guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu ... 23.
12. Pêdhotan ing siji-sijine gatra ... 25.
13. Baliswara ... 26.
14. Dayasastra ... 27.
15. Bab têmbung Kawi ing têmbang ... 27.
16. Carane maca têmbang ... 28.
17. Sastra-laku ... 28.
18. Carane nggancarake têmbang ... 29.
19. Pangrasa marang endahing basa ... 31.
20. Carane nggêgulang nyinau Kasusastran ... 32.
21. Pituduh tumrap wong ngarang ... 33.
22. Kang bisa kacakup ing Kasusastran Jawa ... 37.

Ing perangan buri

I. Têmbung saroja ... 37.
II. Yogyaswara ... 41.
III. Têmbung garba (sandi) ... 42.
IV. Têmbung plutan ... 46.
V. Têmbung sing mingsêd pakêcapane ... 47.

--- 1 : [3] ---

[...]

--- 1 : [4] ---

... Kaca:
VI. Têmbung mawa aksara lira-liru ... 49.
VII. Rura-basa ... 51.
VIII. Kerata-basa ... 53.
IX. Têmbung entar ... 56.
X. Paribasan ... 61.
XI. Bêbasan ... 69.
XII. Saloka ... 76.
XIII. Cangkriman ... 82.
XIV. Dasanama ... 88.
XV. Pêpindhan ... 93.
XVI. Candra ... 101.
XVII. Gugon-tuhon ... 109.
XVIII. Purwakanthi ... 118.
XIX. Susulan ... 129.
XX. Panutup (isi rumpakan arane godhong, kêmbang, woh, anak kewan, arane tali lsp. sinawung ing têmbang warna-warna) ... 135.
XXI. Wuwuhan (Sandhangan wayang lsp.) ... 146.

Wêwênangipun pangripta ingayoman dening anggêr-anggêr nagari.

--- 1 : 5 ---

Pawartos

Isinipun buku punika sampun karêmbag wontên ing Konpêrènsi "Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa Têngah" kala tanggal 29 lan 30 Januari 1953 wontên ing Hotèl Mêrdeka ing kitha Solo.

"Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa Têngah" punika kadhapuk dening Inspèktur Pendhidhikan Guru Jawa-Têngah (Daerah V, Sêmarang), kanthi warga cacahipun 10, inggih punika:

1. Pangarsa: Ki Suratman, Dirèktur S.G.B. Nêgêri Klatèn.
2. Panitra: Ki Antunsuhono, Guru S.G.B. Nêgêri Klatèn.
3. Ki Kaswan, Dirèktur S.G.B. Nêgêri Kêndal.
4. Ki Sarwono, Dirèktur S.G.B. Nêgêri Sragèn.
5. Ki Marwan, Dirèktur S.G.B. Nêgêri Wonogiri.
6. Ki Sutantya, Guru S.G.P.I.R.I. Yogyakarta.
7. Ki Kartomidjojo, Guru S.G.B. Nêgêri Solo.
8. Ki Darmosiswojo, Guru S.G.B. Nêgêri Klatèn.
9. Ki Martosoewignjo, Guru S.G.B. Nêgêri Magêlang.
10. Ki Padmosoekotjo, Guru S.G.B. Nêgêri Purworêjo.

Pangeling-eling

I. Sinom.

Wiwite ngripta Ngéngréngan | Kasusastran Basa Jawi | marêngi duk madêgira | Sêkolah Guru Nagari | Purworêjo ing nguni | pitulas Nopèmbêr taun | Masèhi sinangkalan | Rêsi Suci Trus Samadi | warsa Jawa "Rêsi Kaswarèng Murtyèng Rat" ||

II. Dhandhanggula.

Sinarkara rikala murwani | ngulir budi ambangun Ngéngréngan | Kasusastran mrih manise | Cap-capan kalih nuju | têlung puluh Gustus Masèhi | Dadi Tata Trus Nyata | ing warsa Je nuju | Raras ngèsthi Madyaning Rat | mangsa katlu windu sangara marêngi | Sênèn Pon siji Sura ||

III. Asmaradana.

1. Kasmaran rikala wiwit | mbangun Cap-capan ping tiga | warsa Wawu Jumwah Kliwon | Trus Ngèsthi Salira Tunggal | ping pitulikur Sura | trilikur wulan Agustus | Rêsi Misik Trus Manunggal ||

2. Duk samana amarêngi | Rakyat ing Indhonesia | gumregat nggrêgut gumolong | sagah gêsang gagrag enggal | sarwa gêmi prasaja | panganjur kang padha wuru | lan slingkuh tampa panyeda ||

IV. Pucung.

Kang pinucung cap-capan kang kaping catur | Mulud tanggal rolas | Kanthi trustha slira aji | tri Sèptèmbêr Kombul raras arum nyata ||

--- 1 : 6 ---

Ular-ular.

Saking "Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa Têngah".

Para nupiksa.

Sasampunipun "Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa Têngah" nglimbang-nglimbang isinipun Dhiktat "Ngéngréngan Kasusastran Djawa" ingkang kaimpun dening sadhèrèk S. Padmosoekotjo, Guru Sêkolah Guru B Nêgêri ing Purworêjo nggadhahi pamanggih kados ing ngandhap punika:

1. Isinipun dhiktat "Ngéngréngan Kasusastran Djawa" punika pêpak maneka warni tur caranipun pangimpun ndamêl pêprincèn sagêd cêtha, amargi kanthi tuladha-tuladha karanganipun piyambak, pêthikan saking buku-buku sanès saha saking pêpirêngan maneka warni.

2. Sintên kemawon ingkang maos dhiktat "Ngéngréngan Kasusastran Djawa" ingkang kaimpun dening sadhèrèk S. Padmosoekotjo punika têmtu tuwuh gagasanipun, bilih basa Jawi punika mila mungguh sangêt dados srana babaring kasulistyan (Estetika).

3. Dhiktat "Ngéngréngan Kasusastran Djawa" punika prayogi kadadosakên buku (dipun cap) kangge para siswa ing S.G.B. saha Sêkolahan-sêkolahan ingkang sajajar kaliyan S.G.B. ingkang mawa piwulang basa Jawi (K.L.P.S.G.B. - K.G.B. - S.M.P.).

4. Panitya ngajêng-ajêng, mugi-mugi dhiktatipun sadhèrèk S. Padmosoekotjo punika sagêd tumuntên maujud buku saha sagêd enggal sumêbar wontên ing kalanganipun para siswa ing Sêkolah-sêkolah Guru B, tuwin ing Sêkolah-sêkolah ingkang sajajar kalihan S.G.B.

Wasana "Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa Têngah" ngajêng-ajêng, samangsa dhiktat "Ngéngréngan Kasusastran Djawa" ingkang kaimpun dening sadhèrèk S. Padmosoekotjo punika sampun mêdal dados wujud buku, karsaa para nupiksa paring pitêdah-pitêdah ing saprêlunipun, murih isinipun buku (samangsa sampun dados buku) ing babaran utawi cap-capan ingkang kaping kalih, kaping tiga saha salajêngipun, sagêd sangsaya sae, sukur sagêd sampurna, ingkang tundonipun murakabi dhatêng kita sadaya.

Soeratman
Dirèktur Sêkolah Guru B. Nêgêri ing Klatèn.
Pangarsa Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa-Têngah.
Surakarta, 30 Januari 1953.

--- 1 : 7 ---

Purwaka.

Isinipun buku Ngéngréngan Kasusastran Djawa punika saking rêriptanipun pangimpun piyambak saha saking pêpêthikan buku-buku sanès.

Tarkadhang wontên sêkar ingkang sanès karanganipun pangimpun piyambak, nanging tanpa pratelan pêthikan saking buku punapa saha sintên asmaning pangriptanipun. Punika jalaran ngrêtosipun pangimpun dhatêng sêkar punika namung saking mirêng gêthok-tular kemawon.

Sêkar-sêkar gubahan utawi rêriptanipun pangimpun piyambak, ing sawingkingipun mawi kasukanan ciri (Pm) ingkang atêgês cêkakaning namanipun pangimpun.

Buku Ngéngréngan Kasusastran Djawa punika wontên kalih jilid. Ing jilid I mawi ngêwrat "Wawasan bab Kabudayan lan Kasusastran", punika minangka kangge "mbukani" anggènipun pangimpun badhe "mudhar" gagasan. Mênggaha tiyang badhe mlumpat minangka kangge "ancang-ancang".

Cak-cakanipun buku punika, urut-urutanipun, pundi ingkang kaanggêp langkung prêlu karêmbag (kawulangakên) rumiyin, sumangga para sadhèrèk ingkang sami ngagêm.

Dhatêng para warga "Panitya Bahasa Jawa S.G.B. Jawa Têngah" ingkang sampun sami kasdu-sudi paring pitêdah saha pamrayogi mawarni-warni, pangimpun ngaturakên gunging panuwun amawantu-wantu.

Isinipun "Ngéngréngan Kasusastran Djawa" jilid I cap-capan kaping sakawan punika, saking cap-capan kaping tiga kathah wêwahanipun saking panjurung utawi pamrayoginipun para nupiksa.[1]

Ing salajêngipun pangimpun taksih tansah ngajêng-ajêng pitêdah saha pamrayogi sanèsipun, ugi saking para nupiksa sadaya, supados isinipun buku punika ing babaran candhakipun sagêd saya langkung sae, sukur bage sagêd saya nyêlaki dhatêng nama "sampurna".

Sadaya panyaruwe saha panyeda ingkang tumuju dhatêng "mamrih sampurna", badhe katampi dening pangimpun akanthi atur panuwun.

Pangimpun,
S. Padmosoekotjo.
Purworêjo, 1 Agustus 1958.

--- 1 : 8 ---

1. Kabudayan.

Têmbung "kabudayan" asale saka têmbung lingga "budaya"; olèh atêr-atêr ka lan panambang an.[2]

Têmbung "budaya" kadadean saka pamore bu + daya.

Wuwuhan "bu" atêgês: sipat utawa kaanan. Tuladhane, kaya ta:

Bupèt = sipat utawa kaanan kang pêpêt (ora bolong).

Butêng = sipat utawa kaanan kang pêtêng.

Barabudhur (Bara-budhur) = pamore têmbung: bara (biara) + bu + dhuhur: têgêse: biara (wiara, klooster) kang asipat dhuwur (luhur).[3]

Wondene têmbung "daya" atêgês: budi (lumrah kasaroja dadi muni budidaya), nalar, angên-angên, panêmu.

Budaya, atêgês: sipating budi, sipating nalar utawa sipating angên-angên.

Mungguh sipating budi utawa nalar (angên-angên) iku yèn diulah kanthi pangudi bisa mahyakake (Indonesia: menciptakan) kawruh lan kagunan warna-warna kang diarani kabudayan. Mulane têmbung "kabudayan" ya banjur ngêmu têgês: wohing budaya, wêdharing nalar utawa angên-angên, babaring pambudidaya, wohing pangulah lakuning budaya utawa akal-budi.

Saka lêpasing lakune akal-budi utawa nalare manungsa, mahanani ing donya iki akèh kawruh lan kagunan warna-warna, kaya ta: agama, kawruh tèhnik, têtabuhan utawa musik (gamêlan), têmbang, jogèd lan liya-liyane. Kabèh iku mau diarani kabudayan.

Babaring pangulah lakuning budi kang banjur diarani kabudayan iku pantoge nganti têkan bab-bab kang alus angrêmit, nganti ora gampang ginrayang ing kalairan, ora kasatmata dinulu ing netra walaka.

Sawênèh ana golongan kang darbe panêmu manawa agama iku ora kalêbu kabudayan, yaiku golongane wong-wong kang padha darbe piandêl (kayakinan) yèn agama iku anane ing Marcapada marga saka pêparinge (diturunake) dening Gusti Allah. Dadi darbe piandêl manawa agama iku dudu gaweane manungsa.

2. Blêgêre kabudayan Jawa.

Blêgêre kabudayan Jawa kêna kaperang dadi rong golongan, yaiku kabudayan batin lan kabudayan lair.

--- 1 : 9 ---

Kabudayan batin iku kanggo kaprêluaning batin (jiwa). Carane nggilut kabudayan batin sarana laku. Dudu lakuning suku, nanging lakuning kalbu. Wong sing wis bontos ing babagan kabudayan batin, bisa kasinungan:

1. Jêjêg adêging uripe, marga batine (jiwane) ora tau gonjing, ora tau tidha-tidha, ora tau was-sumêlang, ora tau kêgiwang marang samubarang.

2. Kawicaksanan.

3. Bisa ngrungu àkàçàwàkya utawa àkàçaçabda (swara ing langit, swaraning Logos) kang njalari wong iku bisa nganggit layang "jangka", yaiku layang kang isi pamêca kadadean utawa kaanan kang bakal klakon. Wong sing kasinungan kaluwihan mangkono iku têmbunge lumrah diarano sidik utawa wêruh sadurunge winarah.

Kabudayan lair iku kanggo kaprêluaning lair. Carane nggilut kabudayan lair sarana sinau. Saperangane kabudayan lair ana sing diarani "kagunan adi-luhung".

3. Kagunan adi-luhung.

Kabudayan lair kang isi kaendahan, diarani kagunan adi-luhung utawa kagunan èdi-pèni, tarkadhang mung kasêbut "kagunan" bae.

Wong kang bisa ngulah budayane utawa akal-budine (nalare, angên-angêne) nganti bisa mahyakake (Indonesia: menciptakan) apa-apa kang isi kaendahan, diarani wong guna (sêniman, sêniwati).

Mungguh kagunan adi-luhung iku ana 6 warna, yaiku:

1. Kagunan swara (langên swara utawa têmbang, sêni suara), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakake swara kang endah. Endah mungguhing lagune, larase, iramane utawa cengkoke.

2. Kagunan karawitan, yaiku kagunan kang mahyakake têtabuhan kang endah (gamêlan, musik).

3. Kagunan nggambar lan nyungging apadene natah (seni rupa, kalêbu uga seni pahat lan seni lukis), yaiku kang mahyakake rêrupan kang èdi-pèni utawa wêwujudan kang endah, kaya ta: gambar, rêca, ukir-ukiran lan liya-liyane.

4. Jogèd (sêni tari), yaiku kang mahyakake solah-bawa kang endah.

5. Tontonan (sêni drama), mahyakake têtontonan (sandiwara) kang endah.

6. Kasusastran (seni sastra), mbabarake basa kang endah. Kajaba saka iku ana kagunan adi-luhung kang diarani

--- 1 : 10 ---

padhalangan.

Kagunan padhalangan kang ditindakake sarana wayang (kadadean saka pitung jêjêran: jêjêr Kawitan, jêjêr Sabrangan, jêjêr Bondhèt, jêjêr Pêndhita utawa gara-gara, jêjêr Uluk-uluk, jêjêr Sumirat, jêjêr Rina-rina) kang dipitontonake sajrone sawêngi, isi babagan:

a. Mystiek kang mêngku falsafah lan panêmbah (Indonesia: Ketuhanan Yang Maha Esa).

b. Panggulawênthah (Indonesia: Pendidikan) sarana têpa-palupi, yaiku: wong awatak jujur wasanane luhur, wong awatak candhala wasanane cilaka.

c. Piwulang kawruh warna-warna kang murakabi ingatase bêbrayan agung (masyarakat), kaya ta: bab unggah-ungguh, tata-krama, tata-praja lan sapanunggalane.

d. Piwulang babagan kagunan adi-luhung nêm warna, yaiku:
1. Kagunan swara, dumunung ing têmbang, suluk lan ada-ada.
2. Kagunan kapradanggan, dumunung ing lêlagoning gamêlan (gêndhing).
3. Kagunan nggambar lan nyungging sarta natah, dumunung ing rêrênggane kêlir, èdine wayang, wanguning rêricikane gamêlan, pènine grobogan (wadhah gamêlan), pulase gayor lan sapanunggalane.
4. Kagunan jogèd (lenggot-bawa, kridha-mataya) dumunung ing jogèding wayang. 5. Tontonan endah (seni drama) dumunung ing lakoning wayang.
6. Kasusastran (seni sastera) dumunung ing cakêpane têmbang, suluk lan ada-ada, apadene basa kang kanggo janturan lan pocapaning wayang.

Kagunan adi-luhung nêm warna kasêbut ing dhuwur iku kang bakal diandharake akanthi ronce ana ing buku iki mung bab Kasusatran.

4. Bab kasusastran.

Têmbung "kasusastran" asale saka têmbung lingga: susastra, olèh atêr-atêr ka lan panambang an.

Têmbung "susastra" satêmêne dudu têmbung lingga. Linggane kang sajati: sastra, kawuwuhan wanda su kang atêgês: linuwih.

Têmbung lingga "sastra" asale saka têmbung wod "çás", têgêse: wulang utawa wuruk.

Wuwuhan "tra" mratelakake têmbung aran. Tuladhane: Man = nggagas. Mantra = wohing panggagas, yaiku japa. Lumrah uga disaroja dadi muni: japa-mantra.

--- 1 : 11 ---

Was = dandan. Wastra = apa-apa sing kanggo dandan, yaiku sandhangan kang saka barang sêmbêt.

= ukur, ngukur. Mátra = apa-apa sing kanggo ngukur utawa ukuran (ing basa Walanda meter).

Wák = têmbung, gunêm. Wáktra = sing diênggo gunêman, yaiku cangkêm.

Çástra, lumrahe ing jaman saiki mung tinulis sastra, atêgês: piwulang, tulis, wêwaton, paugêran, kawruh, layang kang isi kawruh.

Susastra, atêgês: piwulang kang linuwih, tulis kang pinunjul, wêwaton utawa paugêran kang apik bangêt, kawruh kang endah, basa kang èdi-pèni.

Kasusastran, atêgês: kawruh utawa kagunan kang apik bangêt, kagunan kang endah, amarga binabar nganggo basa kang endah utawa basa kang èdi-pèni.

Wong guna kang bisa mahyakake bab-bab nganggo basa kang endah diarani pujangga.

Pitakon:

Kapriye beda-bedane kawruh Kapustakan, Paramasastra lan Kasusastran?

Mangkene:

Kapustakan iku kawruh bab isine pustaka (isine layang, isine buku). Iya bênêr bab basane uga mèlu dirêmbug (dielingi), nanging sing wigati dhewe bab isine.

Paramasastra iku kawruh kang mratelakake bab bênêre pangrimbage têmbung, bênêre olèhe ngarani jênênging rimbage, bênêre olèhe nêgêsi manut rêrimbagane, bênêre panulise (aksara Jawa lan Latin), bênêre pakêcapane lan bênêre panganggone (ing ukara). Tuladhane:

Têmbung "ngajawa", manawa diandharake manut kawruh paramasastra:
a. Pangrimbage: ang + ka + jawa.
b. Araning rimbage: tanduk kriya-wantah.
c. Têgêse manut rêrimbagane: mênyang (tanah) Jawa.
d. Pakêcapane: ngêjawa.
e. Panulise: ngajawa (Yèn sarana milah-milah wandane: nga-ja-wa).
Coba tulisên ing aksara Jawa!
f. Panganggone (ing ukara): Sang Ajisaka olèhe ngajawa ambal kaping pindho.

Wondene "Kasusastran" iku kawruh bab endahing basa, bab basa sing endah. Dadi, ora mung bab bênêre, nanging sing wigati bangêt bab endahe.

--- 1 : 12 ---

5. Kasusastran Jawa.

Kagunan adi-luhung kang kalairake sarana endahing basa Kulonan diarani Kasusastran Kulonan, kang kawêdharake nganggo èdi-pènining basa Indonesia diarani Kasusastran Indonesia, lan kang binabar sarana basa Jawa kang endah diarani Kasusastran Jawa.

Wondene kang kalêbu ing Kasusastran Jawa iku sakabèhe kagunan adi-luhung kang isi kaendahaning basa Jawa.

Ora ngêmungake kang katulis ing buku utawa layang, uga sing diucapake ing lesan.

Ora ngêmungake sing katulis nganggo sastra Jawa, uga sing tinulis nganggo aksara liya, upamane aksara Latin, Arab lan liya-liyane.

Ora mligi sing rinipta dening bangsa Jawa asli, uga kang ginita dening bangsa manca.

Ora ngêmungake kang kababar ana ing tanah Jawa utawa Indonesia, uga kang diwêtokake (dicap) ana ing manca nagara.

Cêkak-cukupe: kabèh kang isi kaendahaning basa Jawa, yaiku sing kalêbu ing Kasusastran Jawa.

Apa padha têgêse têmbung "Kapustakan Jawa" karo "Kasusastran Jawa"?

Ora, ora padha. Kapustakan Jawa iku atêgês: buku-buku utawa layang-layang kang nganggo basa Jawa. Pustaka, atêgês: layang, buku. Balik "Kasusastran Jawa" atêgês: kang isi endahing basa Jawa. Susastra, atêgês: basa kang endah.

Kabèh buku kang nganggo basa Jawa, ora praduli basane endah utawa ora, kalêbu Kapustakan Jawa. Dadi, sing prêlu "buku-bukune" utawa layang-layange. Nanging Kasusastran Jawa, sing wigati "endahing basane", dudu buku-bukune utawa layang-layange. Kajaba saka iku, Kasusastran Jawa iku ora ngêmungake kang katulis awujud buku utawa layang, uga kang diucapake ing lesan (ana ing sêsorah-sêsorah, ing padhalangan lan liya-liyane).

Pujangga ing babagan Kasusastran Jawa uga diarani: kawindra, kawitana, kawiwara utawa kawiswara.

6. Pujangga Kasusastran Jawa.

Kang kalêbu Pujangga babagan Kasusastran Jawa, kaya ta: Êmpu Kanwa, Êmpu Triguna, Êmpu Managuna, Êmpu Darmaja, Êmpu Panuluh, Êmpu Tan Akung, Prapanca, Êmpu Tantular, Êmpu Widayaka, R. Ng. Yasadipura I., R. Ng. Yasadipura II., R. Ng. Ranggawarsita lan liya-liyane. Wondene jênênging buku-buku karangane lan isine buku-buku kang rinipta, kapratelakake ing Ngéngréngan Kasusastran Djawa jilid II.

--- 1 : 13 ---

Pujangga utawa kawitana, kawindra, kawiwara utawa kawiswara (ing babagan Kasusastran Jawa) iku kasinungan kalimpadan warna wolu, yaiku:

1. Paramèngsastra, ahli ing babagan sastra, ahli basa.
2. Paramèngkawi, ahli ing babagan rêriptan, ahli ngarang.
3. Awicarita, limpad ndongèng utawa carita kang nêngsêmake.
4. Mardawa-lagu, pintêr bab têmbang lan gêndhing. Mardawa = alus.
5. Mardawa-basa, ahli bab migunakake basa kang ngrêsêpake, kang njalari trênyuhing ati, kang mahanani gêmbira, kang nênangi sih-wilasa lan sapanunggalane.
6. Mandraguna, wasis bangêt bab kagunan.
7. Nawungkridha, alus pangrasane nganti bisa nanggapi krêntêging atine wong liya.
8. Sambegana, utama bangêt (uripe).

Grêbane, pujangga iku kasinungan kaluwihan: pinunjul lair-batine. Lire: kawruhe kabudayan-lair wis pinunjul (nyêdhaki "sampurna"), ing babagan kabudayan-batin uga pêng-pêngan. Sarèhne wis bontos panggilute kabudayan-batin, pujangga iku lumrahe bisa ngrungu àkàçàwàkya utawa àkàçaçabda. (Ndêlênga kaca 9).

Samono dhuwuring ukurane pujangga ing kasusastran Jawa. Jalaran saka iku, ing kalangan bangsa Jawa, ora akèh wong kang sinêbut pujangga. Ing sasedane R. Ng. Ranggawarsita, nganti saiki, ora ana pujangga Jawa. Dadi R. Ng. Ranggawarsita iku kêna diarani pujangga Jawa kang wêkasan. (Kapriye sarasilahe R. Ng. Ranggawarsita? Macaa Ngéngréngan Kasusastran Djawa jilid II).

Sapira dhuwuring ukurane kang sinêbut "Pujangga kesusasteraan Indonesia"? Apa anggêr wong wis bisa ngripta pantun utawa sya'ir banjur sinêbut pujangga? Pangripta ora ngrêti.

7. Basa kang kanggo ing Kasusastran Jawa.

Basa kang kanggo ing kasusastran Jawa mêsthi bae iya basa Jawa; ditata kanthi ikêtan kang apik, runtut, nganti bisa dadi basa kang endah. Wis mêsthi bae panganggone basa Jawa iku kudu manut undha-usuking basa.

Mungguh undha-usuking basa Jawa iku ana 8 tataran, yaiku:

1. Ngoko utawa Jawa dwipa, iku gunême bocah padha bocah, wong tuwa marang wong nom kang ora ngajèni, bêndara marang abdine. Têmbung-têmbunge ngoko kabèh, atêr-atêr lan panambange uga ngoko. Tuladhane:

Aku arêp mênyang pasar, kowe tunggua omah.

--- 1 : 14 ---

2. Ngoko-andhap ana warna loro, yaiku:

a. Antya-basa, iku pamore têmbung ngoko karo krama-inggil, ora ngramakake atêr-atêr lan panambang; têmbung "kowe" dadi "sliramu". Antya-basa iku gunême wong tuwa marang wong nom sing luwih dhuwur pangkate, utawa priyayi padha priyayi sing wis rakêt bangêt sêsrawungane. Tuladhane:

Sliramu apa ora tindak mênyang kantor?

b. Basa-antya, iku pamore têmbung ngoko, krama lan krama-inggil, ora ngramakake atêr-atêr lan panambang; têmbung "kowe" dadi "panjênêngan". Basa-antya iku gunême wong tuwa marang wong nom sing luwih dhuwur pangkate. Tuladhane:

Yèn panjênêngan wis kagungan wêkdal, mbok ya maringi sêrat.

3. Basa madya, ana warna têlu, yaiku:

a. Madya-ngoko, iku pamore têmbung madya karo ngoko, mêsthi bae atêr-atêr lan panambange iya ngoko; têmbung "aku" dadi "kula", têmbung "kowe" dadi "dika". Madya-ngoko iku gunêmane bakul padha bakul. Tuladhane:

Dika kok sajak kêsusu ngajak mulih kula, ontên prêlune napa, ta?

b. Madyantara mèh padha karo madya-ngoko, bedane mung têmbung "kowe" dadi: mang, samang utawa sampeyan. Madyantara iku gunême priyayi cilik padha priyayi cilik, utawa priyayi marang sadulure sing luwih êndhèk pangkate. Tuladhane:

Sampeyan rak êmpun duwe tumbak sing luwih apik, ta?

c. Madya-krama, iku pamore têmbung madya, krama lan krama-inggil, nanging ora ngramakake atêr-atêr lan panambang. Madya-krama iku gunême bojone priyayi marang sing lanang. Tuladhane:

Pakne, wanci ngètên kok êmpun ajêng tindak têng kantor; napa kathah padamêlan?

4. Basa krama ana warna têlu, yaiku:

a. Krama-lugu, têmbung-têmbunge kabèh krama, atêr-atêr lan panambange uga krama.

Krama-lugu uga diarani kramantara, iku gunêmane wong lumrah padha wong lumrah, utawa wong tuwa marang wong nom sing tanpa pangkat (dudu sadulure dhewe). Tuladhane:

Kala wingi sampeyan rak sampun kula criyosi, bilih kula botên sagêd dhatêng sadèrèngipun jam sadasa.

--- 1 : 15 ---

b. Mudha-krama, pamore têmbung krama karo krama-inggil, ngramakake atêr-atêr lan panambang. Têmbung "aku" dadi "kula", têmbung "kowe" dadi "panjênêngan". Mudha-krama iku kramane wong mudha marang wong wrêdha, murid marang guru, priyayi padha priyayi. Tuladhane:

Panjênênganipun Pak Guru ngarsakakên unjukan punapa?

Manawi panjênênganipun ibu marêngakên, kula badhe ndhèrèk.

c. Wrêdha-krama iku awujud têmbung-têmbung krama, nanging atêr-atêr lan panambang ora dikramakake. Têmbung "aku" dadi "kula", têmbung "kowe" dadi "sampeyan". Wrêdha-krama iku kramane wong wrêdha marang wong mudha. Tuladhane:

Nak, kabare sampeyan sampun dicriyosi dening Mas Lurah.

5. Krama-inggil, wujude kaya mudha-krama, bedane mung dumunung ing têmbung "kula" dadi: adalêm, abdi-dalêm, kawula, abdi-dalêm-kawula. Têmbung "panjênêngan" dadi "panjênêngan-dalêm". Krama-inggil iku gunême kaum-krama marang kaum-ningrat, utawa priyayi cilik marang priyayi luhur. Tuladhane:

Sowan adalêm ing ngarsa panjênêngan-dalêm, prêlu nyadhong dhawuh-dalêm. (Dhawuh-dalêm = prentahmu).

6. Krama-desa, iku basane wong-wong desa kang lumrahe padha isih wuta-sastra. Têmbung-têmbung kang diênggo krama-desa, yaiku:

a. Têmbung krama utawa krama-inggil dikramakake manèh, kaya ta: nama-nami, sêpuh-sêpah, têbih-têbah, waja-waos lan sapanunggalane.

b. Nganggo têmbung-têmbung krama-inggil tumrap awake dhewe (utama-purusa, wong kapisan), kaya ta: asta kula, kula paringi lan sapanunggalane.

c. Nganggo têmbung-têmbung Kawi, kaya ta: yoga sampeyan, nêm santun, rêdana (saka têmbung Kawi "hardana" atêgês: dhuwit).

d. Mirid kaanan, kaya ta: ambêtan-durèn, sambêran-pitik, pêthakan-mori, jujutan-kapas, singgêtan-pête lan sapanunggalane.

e. Wis nduwèni têgês dhewe, kaya ta: dhêkêman-dhêle, watêsan-sêmangka, boga-jagung lan sapanunggalane.

7. Basa kasar, lumrahe kadadean saka pamore têmbung ngoko karo têmbung kasar, iku basane wong sing lagi muring.

--- 1 : 16 ---

8. Basa kadhaton (basa bagongan), iku gunême para sêntana lan abdining ratu ana ing sajroning cêpuri kadhaton lan ana ing ngarsane Sang Prabu utawa Pangeran Adipati Anom. Wondene yèn para santana lan abdining ratu iku munjuk marang Sang Prabu utawa marang Sang Pangeran Adipati anom nganggo basa krama-inggil, dudu basa kadhaton. Basa kadhaton iku pamore têmbung-têmbung krama karo têmbung-têmbung basa kadhaton. Atêr-atêr lan panambang, yèn sing gunêman iku sêntana padha sêntana, abdining ratu padha abdining ratu, utawa sêntana karo abdining ratu, ora dikramakake; dene manawa sêntana utawa abdining ratu iku gunêman karo pangeran-putra, atêr-atêr lan panambang mawi dikramakake.

Bedaning panganggone têmbung sêsulih utama-purusa lan madyama-purusa basa kadhaton ing Surakarta karo ing Yogyakarta:

a. Ing Yogyakarta, têmbung sêsulih utama-purusa mung sawarna, yaiku: manira; sêsulih madyama-purusa uga mung sawarna, yaiku: pakênira.

b. Ing Surakarta, têmbung sêsulih utama-purusa lan madyama-purusa ana warna papat, yaiku:

I. Tumrap para putra-sêntana: mara (aku) lan para (kowe).
II. Tumrap para punggawa: manira (aku) lan pakênira (kowe).
III. Tumrap para panèwu-mantri: kula (aku) lan jêngandika (kowe).
IV. Tumrap para pujangga: robaya (aku) lan pantèn (kowe).

Têmbung-têmbung sing kalêbu basa kadhaton, yaiku:

Ênggèh - Iya; Boya - Ora; Seta - Doyan; Kuda - Jaran; Wèntên - Ana; Seyos - Seje; Nêdha - Ayo; Puniki - Iki; Têmbung - Cêmêthi; Sardula - Macan; Dhawak - Dhewe; Mêksih - Isih; Mêninga - Wêruh; Punapi - Apa; Puniku - Iku; Curiga - Kêris; Dêrbe - Duwe; Bêsaos - Bae; Pojare - Kandhane; Wawi - Sumangga

Tuladha ukara nganggo basa kadhaton:

Kalawingi ing griya jêngandika punapi wèntên tamu?

Ênggèh, adhi kula angka gangsal saking Gunungsèwu.

Sajake kok wèntên damêl ingkang wigatos.

Boya, namung tuwi bêsaos, amargi rumaos kangên, sampun lami boya kêpanggih.

--- 1 : 17 ---

Pèngêt.

1. Basa ngoko-lugu, madya-ngoko, madyantara, krama-lugu, wrêdha-krama, bisa uga isi têmbung-têmbung krama-inggil, nanging mung tumrap pratama-purusa (wong kaping têlu utawa wong sing digunêm). Mandar ora ngêmungake basa-basa iku bae, nanging kabèh tataraning basa Jawa bisa isi têmbung-têmbung krama-inggil tumrap pratama-purusa.

2. Utama-purusa (wong kapisan, wong sing gunêman) ora kêna nganggo têmbung-têmbung krama-inggil, kajaba panjênêngane ratu. Mung ratu sing wênang migunakake têmbung-têmbung krama-inggil tumrap salirane dhewe. Tuladha ngêndikane ratu: "Paman patih marma sun-timbali, ingsun paring wêruh marang sira, ...".

3. Ana têmbung-têmbung krama-inggil lan ana têmbung-têmbung krama-andhap. Krama-inggil kanggo nginggilakên madyama-purusa (wong sing dijak gunêman, wong kapindho), kaya ta: mundhut, nimbali, maringi. Krama-andhap kanggo ngandhapakên utawa ngasorake utama-purusa, kang banjur atêgês ngluhurake madyama-purusa; kaya ta: nyuwun, ngaturi, nyaosi. Krama-inggil lan krama-andhap, rong warna iku lumrahe mung didadèkake sagolongan, mung diarani krama-inggil.

4. Para siswa ing jaman saiki wis cukup manawa ngrêti lan bisa ngêcakake tatarane basa Jawa warna têlu, yaiku: ngoko (ngoko-lugu lan ngoko-andhap antya-basa), krama lan krama-inggil. Tatarane basa Jawa liya-liyane (basa-antya, basa madya, krama-desa lan liya-liyane) cukup dadia pangrêtèn bae, ora prêlu bisa ngêcakake.

8. Jinise têmbung Jawa.

Prêlu disumurupi, jisine têmbung Jawa ana 10 warna, yaiku:

1. Têmbung aran (substantifa, kata benda): omah, hawa, kasusastran lan sapanunggalane.

2. Têmbung kriya (verba, kata kerja): adus, ura-ura, ngarang lan sapanunggalane.

3. Têmbung watak (ajektifa, kata sifat): abang, lêncir, pêncig lan sapanunggalane.

4. Têmbung panêrang-wasesa (adverbia, kata keterangan): durung, sida, mêsthi lan sapanunggalane.

5. Têmbung sêsulih (pronomina, kata ganti): aku, kowe, dhèwèke lan sapanunggalane.

--- 1 : 18 ---

6. Têmbung wilangan (numeralia, kata bilangan): têlu, sakodhi, dhomas lan sapanunggalane.

7. Têmbung ancêr-ancêr (preposisi, kata depan): saka, mênyang, ing lan sapanunggalane.

8. Têmbung pangikêt (konjungsi, kata sambung): lan, nanging, sabab lan sapanunggalane.

9. Têmbung panyilah (artikel, kata sandang): si, sing, sang lan sapanunggalane.

10. Têmbung sabawa (interjeksi, kata seru): ah, o, adhuh lan sapanunggalane.

Mêsthi bae akèh têmbung-têmbung Jawa sing bisa kalêbu ing jinis luwih saka sawarna, kaya ta: biyung (aran, sabawa), sudukên (watak, kriya), tobat (watak, sabawa), wêdhak-pupur (aran, kriya).

Coba golèka panunggalane 3 êngkas, lan gawenên ukara pisan!

9. Basa lumrah lan basa endah.

Gagasan utawa cipta-ripta kang dilairake sarana basa (dudu kang sarana sasmita utawa sarana solah-bawa), iku ana sing carane nglairake mung sarana basa lumrah bae, watone mung sok ugêr wong sing krungu utawa sing maca bisa ngrêti marang maksude karêp kang diwêdharake; ana sing carane nglairake nganggo basa kang ditata apik, runtut, nganti dadi basa sing endah.

Mangkono uga wong nulis layang, wong ngarang, ana sing mung nêngênake isine bae: janji isine wis bisa dingrêtèni dening wong sing maca bae, ya wis cukup; ana sing nggatèkake basane, ngudi kanthi têmên-têmên supaya "dhapukaning basane" bisa nglungguhi Kasusastran, yaiku bisa mujudake basa sing isi kaendahan.

Tuladhane basa lumrah, upama ana wong kang nglairake gagasan mangkene:

1. Wiwit isih bocah cilik, (aku) tansah ngalami ora kapenak, kêrêp nêmu cilaka.
2. Kêkarêpan kang ora bêcik, manawa diuja, bisa njalari rusaking uripe.
3. Kandhamu kang mangkono iku rak bisa marakake elinge marang panggawe sing kurang prayoga.
4. Saiki aku wis tuwa, umurku wis luwih saka satêngah tuwuh.
5. Ora ana sabab apa-apa, ujug-ujug Pak Guru kok banjur duka.

--- 1 : 19 ---

6. Watake si Suta, yèn wis mbrêngkunung ora kêna diêluk; yèn kêbênêr gampang, lah diprentah apa bae ya tumandang.
7. Kowe kok banjur wêdi iku geneya, ta?
8. Yèn uripmu niru cara kulonan, mêsthi bakal nandhang ora kapenak; prayoga nganggoa carane bangsamu dhewe, supaya bisa têntrêm uripmu.
9. Guru punika kêdah gadhah manah sabar, agêng pangapuntênipun.
10. Botên ngintên babarpisan manawi rêmbagipun tiyang punika badhe mencla-mencle.
11. Piyambakipun punika mila sampun botên kenging dipun criyosi, manahipun botên pasah ing pitutur.
12. Tiyang èstri ingkang jêmbar wawasanipun, adatipun sagêd nyukani wêwarah.
13. Tindak ingkang kêsêsa, sagêd njalari botên kadumugèn ingkang dipun sêdya.
14. Guru pintêr, adatipun dipun gêga cariyosipun.
15. Sênênga têtulung marang liyan.
16. Aja susah yèn dicacad, aja bungah yèn dialêm.
17. Cilik (alus) bangêt.
18. Bisa tiwikrama lan bisa ngilang.
19. Luwih saka sapadha-padha.
20. Gêgaman saka wêsi.

Cipta-ripta 20 warna iku kêna diwêdharake nganggo basa kang nglungguhi Kasusastran, yaiku kang isi kaendahaning basa; upamane mangkene:

1. Cilik mula, uripku tansah kêtula-tula kêtali.
2. Sêdya ala, yèn dèn uja, bisa mbabar dadi rubeda kang ngrêribêdi.
3. Kandhamu kang mangkono iku, nggêgalak racak, nênangi kêmrêki, ngungkat-ungkat singgat.
4. Saiki aku wis tuwa; mungguha srêngenge, wis adoh saka plêthèke, cêdhak marang surupe.
5. Ora ana udan ora ana barat, Pak Guru kok duka dadakan.
6. Watake si Suta iku yèn kaku kaya alu, yèn lêmês kêna ginawe tali.
7. Wêdi-wêdi, apa kang dadi wadimu, ta?
8. Manawa paranmu mangulon, aran marani pêpêtêng; prayoga mangetana, marga ing sisih wetan iku sangkaning pêpadhang.
9. Guru punika kêdah awatak sabar, maklum, momot lan mêngku.

--- 1 : 20 ---

10. Botên nyana botên ndipe bilih rêmbagipun tiyang punika badhe mencla-mencle, bêbasan enjing kêdhêle, sontên tempe.
11. Piyambakipun botên sagêd mêndha dening têmbung manuara, botên sagêd luntur dening pitutur.
12. Watak-wantunipun pawèstri sugih wawasan, wasis asung wêwarah.
13. Tandang-grayang grusa-grusu sarwa kêsêsa, sagêd murugakên gagaling gêgayuhan.
14. Guru sugih kawêgigan, ginêga sagung ginêmipun.
15. Dimulung asung pitulung.
16. Aja gêla cineda, ingalêm aywa macucu.
17. Lêmbut tan kêna jinumput.
18. sagêd dados agal saklangkung agêng, lêmbat botên kasat mripat.
19. Punjul ing apapak.
20. Tapak paluning pandhe, sisaning gurenda.

Tuladha ing dhuwur iku mung awujud ukara-ukara; ana sing ngoko, ana sing krama.

Saiki kang awujud carita sing isi basa kang nglungguhi Kasusastran:

A. Gancaran.

1. Jun iku yèn lukak, kocak. Sapi yèn sêru lan agor swarane, sathithik puwane. Wong ala rupane, solahe digawe-gawe. Wong sêpi ing kawruh, kasar gunême; sêru, ora ngrêsêpake.

2. Wong bêcik atine, pêpindhane wit cêndhana, dadi pangungsène ula, nglêkêr ana ing ngisore. Pang-pange disaba ing manuk, kêmbange rinubung ing kombang. Manawa kayune diwadung, awèh ganda wangi, mulêk tanpa kêndhat. Mangkono uga pambêkane pandhita linuwih, tansah ngudi kaslamêtaning liyan, mêtu saka ati suci. (Nitisastra).

B. Sinawung ing têmbang.

I. Mijil.

1. Wijiling kang wêwaton winarni | malêm Slasa Kliwon | Bakdamulud ping salikur lèke | Saya Ngèsthi murtining Ngaurip | sasi Januari | tanggal ping nêmlikur ||

2. Dadi Tata Dalane Linuwih | mrih mêntês tur maton | pra nupiksa pininta kritike | kritik ingkang tuhu mikantuki | sagêd murakabi | basa Jawi maju ||

3. Yèn wêwaton kang nyata wigati | tita maton yêktos | pra pêmudha-pêmudhi pan badhe | katêtangi parêntuling ati | ngudi basa Jawi | gumregah gumrêgut || (Pm).

--- 1 : 21 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 001–068): Citra 1 dari 1

II. Kinanthi lagu "Giro Dirgahayu" slendro pt. Manyura.

Panêmbrama massal para siswa-siswi S.L.P - S.L.A. saindênging Purworêjo nalika 17 Agustus 1960.

(Pangripta cakêpan: S. Padmosoekoco).

I.

!!jz!c@z!x.c@63.z3xj5c32... 0
Kan-thila-gudir-ga-ha-yu
33jz3c21..jz1c2z2jx.c3z1xj2c1y... 0
tyasgu-mo-longgê-lênggi-lig
33zj3c53 ..56.z5xj3c21... 0
sa-gungsis-waMa-dya-wya-ta
yzj1c2zj2c3z3x5c6!z@xj.c#z!xj@c!6... 0
Pur-wa-rê-jadukmè-ngêt-i
666z!x.c@##.z#xj%c@!..zj^c! @
ka-mar-di-kanIn-do-ne-syajangkêp
.z!xj@c63..3z5xj.c6z3jx5c32... 0
gang-salwê-laswar-si

II. Siswa-siswi wantu-wantu | asung puji wijayanti | myang siyaga saniskara | konjuk mring ibu Pratiwi | tyas lêgawa suka rila | alêladi labuh nagri ||

III. Datan mundur dadya tawur | tyas kagugah tansah eling | kamardikan masih growah | wit Irian praptèng mangkin | dèn gêgêgi si angkara | Walanda trus cidrèng janji ||

IV. Marma patut kita sêngkud | acêcawis mamrih aglis | bisa mbrastha si angkara | rubeda kang ngrêribêdi | kamardikan nuswabangsa | miwah gêmah-ripah nagri ||

V. Sanjata kang tuhu ampuh | mrantasi tan mindho kardi | tarlèn manunggaling bangsa | gumolong trus lair batin | karya curna si angkara | Irian waluya jati ||

--- 1 : 22 ---

10. Panganggone têmbang limalas warna.

Têmbang kang lumrah kanggo ing Kasusastran ing jaman saiki, cacahe ana limalas warna, yaiku:

I. Têmbang Macapat utawa têmbang Cilik 9, yaiku:
1. Kinanthi.
2. Pucung.
3. Asmaradana.
4. Mijil.
5. Maskumambang.
6. Pangkur.
7. Sinom.
8. Dhandhanggula.
9. Durma.

II. Têmbang Têngahan utawa têmbang Dhagêlan 5, yaiku:
1. Mêgatruh (Dudukwuluh).
2. Gambuh.
3. Wirangrong.
4. Balabak.
5. Jurudêmung.

III. Têmbang Gêdhe utawa Kawi mung siji, yaiku Girisa.

Aja kliru tampa banjur darbe pangira manawa cacahe têmbang Têngahan iku mung 5, lan cacahe têmbang Gêdhe mung 1. Têmbang têngahan lan têmbang Gêdhe iku cacahe akèh bangêt, prasasat tanpa wilangan. Kang kasêbut ing dhuwur iku mung kang kaprah kanggo ing Kasusastran ing jaman saiki.

Wondene panganggone têmbang 15 warna iku ing Kasusastran, mêsthi bae kudu kanthi ngelingi watake siji-sijine.

Mungguh watake siji-sijine têmbang iku kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

1. Kinanthi, awatak: sênêng, asih, trêsna. Mathuke kanggo mêdharake piwulang, carita kang ngêmu surasa asih-trêsna lan asmara, gandrung-gandrung.

2. Pucung, awatak: kêndho, tanpa grêgêt-saut. Mathuke kanggo ing carita kang sajak mung ing sakapenake, tanpa kamêmpêngan.

3. Asmaradana, awatak: sêngsêm, sêdhih, prihatin; nanging sêdhih utawa prihatin kang marga kêtaman ing lara asmara. Mathuke kanggo ing carita kang isi surasa nawung asmara.

4. Mijil, awatak: wêdharing rasa. Mathuke kanggo ing carita kang isi pitutur, nanging uga kêna tumrap ing carita gandrungan.

5. Maskumambang, awatak: nalangsa kêranta-ranta. Mathuke kanggo mêdharake rasa-pangrasa kang ngêrês, nggrêgês, nalangsa karanta-ranta.

6. Pangkur, awatak: sêrêng. Kanggo ing carita kang ngêmu surasa sêrêng, sajak grêgêtên. Yèn pitutur, ya pitutur sing sêrêng sêmu srêngên; yèn gandrung, ya gandrung sing sêrêng, gandrung-gandrung kapirangu. Lumrah uga kanggo ing carita pêrang.

7. Sinom, awatak: gapyak, rênyah, cocog karo jênênge. Sinom, saka garbane têmbung "si + ênom". Mathuk kanggo sêsorah, carita kang isi pitutur.

--- 1 : 23 ---

8. Dhandhanggula, awatak: luwês, rêsêp. Tumrap ing carita kang ngêmu surasa kapriye bae bisa mathuk, pancèn luwêsan. Kanggo ing bêbuka prayoga, kanggo mêdharake piwulang ya kêna, kanggo carita kang isi gandrung-gandrungan uga kêna, kanggo panutuping karangan ya lumrah.

9. Durma, awatak: galak, muntab. Mathuk kanggo mêdharake rasaning ati nêpsu, ati kêdêrêng sêrêng, utawa kanggo ing carita pêrang.

10. Gambuh, awatak: rumakêt, kulina, wanuh-wani. Mathuk kanggo mêdharake pitutur kang rada sêrêng marga wis kêduga, lan lumrahe nganggo basa ngoko, ya basane wong kang wis kulina rakêt sêsrawungane.

11. Mêgatruh, awatak: sêdhih-kingkin kaworan nglokro (putus asa). Kanggo mêdharake rasa gêgêtun pungun-pungun, nlangsa kêranta-ranta.

12. Balabak, awatak: sêmbrana parikêna. Mathuk kanggo ing carita kang sajak mung sakapenake, wêdharing gunêm kang clewa-clewo.

13. Wirangrong, awatak: mrabu, mrabawa. Mathuk kanggo mêdharake rasa sêngsêm, nanging kêsêngsêm marang budi bêcik, bab kang luhur.

14. Jurudêmung, awatak: prênès, nènès-kênès. Mathuk kanggo carita kang isi pêprênesan.

15. Girisa, awatak: wanti-wanti. Mathuk kanggo mêdharake pitutur kang ngêmu surasa wanti-wanti marang kang dipituturi.

Sarèhne bola-bali bakal mrangguli têmbang 15 warna kasêbut ing dhuwur iku, mulane bab-bab sing prêlu-prêlu kang gêgayutan karo wêwatone têmbang, prayoga dirêmbug dhisik. Sing prêlu kudu dirêmbug saiki mung bab: guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu, pêdhotan gatra, baliswara lan dayasastra. Dene bab liya-liyane bakal diandharake ana ing perangan buri.

11. Guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu.

Guru, atêgês: ugêr-ugêr, paugêran, wêwaton, pathokan.

Guru-gatra, atêgês: wêwaton gatra, yaiku wêwaton cacahe (kèhe) gatrane têmbang sabên sapada (sêbait, se-couplet). Sagatra iku sapada-lingsa, tumrap têmbang Gêdhe diarani sapada-pala. Sapada iku salagu utawa satêmbangan (sêbait, se-couplet), tumrap têmbang Gêdhe diarani sapadèswara. (1 padèswara = 2 pada-dirga = 4 pada-pala).

Guru-wilangan, atêgês: wêwaton wilangan, yaiku wêwaton cacahe (kèhe) wanda utawa kêcap ing siji-sijine gatraning têmbang.

--- 1 : 24 ---

Guru-lagu, atêgês: wêwaton lagu (dhong-dhing), yaiku wêwaton tibaning dhong-dhing (tibaning swara) ing wêkasane siji-sijine gatra.

Têmbang Gêdhe ing jaman saiki mung awêwaton guru-laku lan guru-wilangan. Salaku (salampah K), iku cacahe (kèhe) wandane utawa kêcape sabên sapadapala. Têmbang Gêdhe iku sabên satêmbangan (sêbait, se-couplet) mêsthi 4 pada-pala, diarani sapadèswara. Wondene têmbang Gêdhe ing jaman biyèn awêwaton guru-lagu, guru-laku lan guru-wilangan.

Têmbang Têngahan lan têmbang Macapat, dhapukane (ikêtane) awêwaton guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu. Lire: siji-sijine têmbang Têngahan lan siji-sijine têmbang Macapat iku sabên sapada (salagu, satêmbangan, Indonesia: sebait) wis gumathok: cacahe gatrane, kèhe wandane sabên sagatra-gatrane, tibaning dhong-dhing ing wêkasaning siji-sijine gatrane.

Têmbang limalas warna kang kasêbut ing dhuwur iku, ing jaman saiki, dianggêp kagolong têmbang Macapat kabèh. Jalaran saka iku, dhapukane (ikêtane) padha awêwaton guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu.

Mungguh guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagune têmbang limalas warna ing dhuwur iku kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

Guru-gatraIIIIIIIVVVIVIIVIIIIXX
1. Kinanthi8-u8-i8-a8-i8-a8-i----
2. Pucung12-u6-a8-i12-a------
3. Asmaradana8-i8-a8-e (o)8-a7-a8-u8-a---
4. Mijil10-i6-o10-e10-i6-i6-u----
5. Maskumambang12-i6-a8-i8-a------
6. Pangkur8-a11-i8-u7-a12-u8-a8-i---
7. Sinom8-a8-i8-a8-i7-i8-u7-a8-i12-a-
8. Dhandhanggula10-i10-a8-e7-u9-i7-a6-u8-a12-i7-a
9. Durma12-a7-i6-a7-a8-i5-a7-i---
10. Gambuh7-u10-u12-i8-u8-o-----
11. Mêgatruh (Dudukwuluh)12-u8-i8-u8-i8-o-----
12. Balabak12-a3-e12-a3-e12-a3-e----
13. Wirangrong8-i8-o10-u6-i7-a8-a----
14. Jurudêmung8-a8-u8-u8-a8-u8-a8-u---
15. Girisa8-a8-a8-a8-a8-a8-a8-a8-a--

--- 1 : 25 ---

12. Pêdhotan ing siji-sijine gatra

Pêdhotan iku kanggo andhêganing napas nalika nglagokake têmbang. Pêdhotan kang apik iku kang tiba ing wêkasaning têmbung, diarani pêdhotan kêndho. Kosokbaline pêdhotan kêncêng, yaiku pêdhotan kang ora dumunung ing wêkasane têmbung.

Dadi, pêdhotan iku ana warna loro, pêdhotan kêndho lan pêdhotan kêncêng. Gatra kang mawa pêdhotan kêndho, kapenak diwaca lan gampang disurasa isine dening wong sing maca utawa wong sing ngrungu têmbang iku.

Têmbung pêdhotan, sawênèh ana sing ngarani: irama; iku kliru, sabab irama iku atêgês: rindhik-rikating panabuhe gamêlan utawa rindhik-rikating swara nalika nglagokake têmbang.

Wêwatone pêdhotan kêndho (pêdhotan sing apik), mangkene:

I. Gatra kang isi 5 wanda, kapêdhot: 3-2, utawa 2-3.
Kaya ta:
Durma ing gatra kang kaping nênêm.
Kadanga | dewa 3-2.
Kocak | samodra 2-3.

II. Gatra kang isi 6 wanda, kapêdhot: 4-2, utawa 3-3, utawa 2-4.
Tuladhane: Mijil ing gatra kang kaping pindho.
Dununge tan | adoh 4-2.
Gumrojog | toyanjog 3-3.
Aywa | anyalêmong 2-4.

III. Gatra kang isi 7 wanda, kapêdhot: 4-3, utawa 3-4, utawa 2-3-2.
Tuladhane: Pangkur ing gatra kang kaping papat.
Kanthi dora | wicara 4-3.
Mundhu lit | dhoanira 3-4.
Yèn tan | mikani | rasa 2-3-2.

IV. Gatra kang isi 8 wanda, kapêdhot: 4-4, utawa 3-3-2, utawa 3-2-3.
Tuladhane: Maskumambang ing gatra kang wêkasan.
Dhêdhêp-tidhêm | sabuwana 4-4.
Tanapi | sagunging | wadya 3-3-2.
Bimanyu | kèrêm | ing tirta 3-2-3.

V. Gatra kang isi 9 wanda, kapêdhot: 4 dhisik, turahe yaiku 5 wanda, kapêdhot manut wêwatone mêdhot gatra 5 wanda (3-2 utawa 2-3).

--- 1 : 26 ---

Tuladhane: Dhandhanggula ing gatra kang kaping lima.
Akawuryan || sanggyaning | dasih 4-3-2.
Apan ana || ingkang | akardi 4-2-3.

VI. Gatra kang isi 10 wanda utawa luwih, kapêdhot: 4 dhisik; turahe kapêdhot manut wêwatoning gatra kang isi 6 wanda, kang isi 7 wanda, kang isi 8 wanda lan sabanjure (manut turahe isih ana pirang wanda, sawise kapêdhot 4 wanda mau). Tuladhane, kaya ta:

Sinom, ing gatra kang wêkasan isi 12 wanda.
Lintring-lintring || lir limun nèng | jroning gêlas 4-4-4.
Pangkur, ing gatra kang kaping pindho isi 11 wanda.
Mrih tan kêmba || kêmbênganing | pambudi 4-4-3.
Mijil, ing gatra kang kaping têlu isi 10 wanda.
Wani ngalah | luhur | wêkasane 4-2-4.
Mêgatruh, ing gatra kang kapisan isi 12 wanda.
Sigra milir || kang gèthèk | sinangga | bajul 4-3-3-2.

13. Baliswara.

Baliswara iku pamiliking ukara tumrap ing gatrane têmbang.[4]

Samangsa prêlu, marga mburu guru-lagu, ingatase wong ngarang têmbang wênang nganggo ukara walikan. Tuladhane, kaya ta:

1. Tumrap ukara gancaran, kudu: "Anoman sampun malumpat".
Kanggone gatra têmbang, kêna: "Anoman malumpat sampun".
(Kinanthi ing gatra wiwitan).

2. Ingatase ukara gancaran, kudu: "Lamun tanpa sastra, sêpi kagunan".
Tumrap têmbang, kêna: "Lamun tanpa sastra kagunan sêpi".
(Pangkur gatra kang kapindho).

3. Tumrap ukara gancaran, kudu: "Si ula iku yèn nyakot ngêndêlkên mandining wisa(ne)".
Mungguhing gatra têmbang, kêna: "Si ula ngêndêlkên iku, mandining wisa yèn nyakot".
(Gambuh rong gatra kang wêkasan).

--- 1 : 27 ---

14. Dayasastra.

Dayasastra, atêgês: dayaning sastra, dayaning aksara. Aksara dianggêp duwe daya, yaiku daya mbrêngêngêng. Nanging iku mung tumrap aksara Jawa.

Atêr-atêr anuswara kang ora luluh karo purwaning lingga, tumrap têmbang kang katulis ing sastra Jawa, kudu diwaca kaya wujuding atêr-atêr, ora kêna mung kawaca aksarane irung sêsigêge atêr-atêr iku bae. Samangsa atêr-atêr iku njalari luwihing guru-wilangan, kudu dibuwang bae, lire: sanajan kudune têmbung tanduk, ora susah nganggo atêr-atêr anuswara. Nanging pamacane kudu kaya pamacane têmbung kang mawa atêr-atêr anuswara.

Tuladhane:

1. Pangkur gatra wêkasan: "Bêdhah praja boyong putri", kudu diwaca "mBêdhah praja mBoyong putri".

2. Gambuh gatra wêkasan: "Dhodhok dhêpèpès tan katon", kudu diwaca "nDhodhok ndhêpèpès tan katon".

3. Mijil gatra kang katêlu: "Gendhong tenggok anyangking kêndhile", kudu diwaca "ngGendhong tenggok anyangking kêndhile".

Aja kliru tampa, ing dhuwur iku tuladha mung "manawa ditulis nganggo sastra Jawa".

15. Bab têmbung kawi ing têmbang.

Kawi, atêgês: karang, karangan, anggitan, rêriptan, rumpakan, gubahan kang awujud têmbang, guritan lan sapanunggalane; dudu kang awujud gancaran.

Kinawi, atêgês: dikarang, dianggit, rinumpaka, ginita, rinipta, ginubah, ginupita awujud têmbang, guritan lsp; dudu kang awujud gancaran.

Paramèng kawi, atêgês: (wong kang) kasinungan kaluwihan bab rêriptan, pinunjul ing babagan nganggit-anggit, têmbunge liya Pujangga.

Têmbung Kawi, yaiku têmbung Sangsêkêrta utawa têmbung Jawa-Kuna kang tinêmu sumêla ana ing karangan-karangan ing jaman saiki, ing rêriptan-rêriptan kang nganggo basa Jawa-Anyar, ya basa Jawa ing jaman saiki.

Wong ngarang têmbang, guritan lsp. wênang nganggo têmbung Kawi sawatara. Wênang, ora atêgês kudu. Endahing karangan kang sinawung ing têmbang, guritan lsp. ora dumunung ana ing têmbunge Kawi, nanging dumunung ana ing "bêciking dhapukaning basane".

--- 1 : 28 ---

Rêriptan sinawung ing têmbang kang tanpa têmbung Kawi babarpisan, mungguha panganan, rasane sok cêmplang. Prayogane, yèn ngarang têmbang utawa guritan lsp., nganggoa têmbung Kawi sawatara. Nanging ngêmungna têmbung-têmbung Kawi kang wis kaprah kasrambah padinan bae, aja nganggo têmbung Kawi kang angèl-angèl.

16. Carane maca têmbang.

Carita (buku) kang sinawung ing têmbang, pamacane kudu sarana ditêmbangake. Malah sanajan mung diwaca batin bae, sing maca kudune ya nêmbang batin, supaya runtut karo ikêtaning ukara-ukarane têmbang iku.

Tarkadhang têmbang sok diwaca kayadene gancaran, marga wong sing maca pancèn ora bisa nêmbang, utawa marga sabab liyane. Yèn têmbang diwaca kayadene gancaran, mêsthi bae andhêg-andhêgane (padane) ora mêsthi padha karo manawa ditêmbangake.

Tuladhane, kaya ta têmbang Kinanthi ngisor iki:

Sabar maklum momot mêngku | iku pambêgane rêsi | yèn satriya wirotama | mêmayu ayuning bumi | buta watak dur-angkara | mburu butuhe pribadi || (Pm).

Têmbang 6 gatra iku manawa diwaca gancaran banjur dadi 3 ukara, mangkene:
Sabar, maklum, momot, mêngku iku pambêgane rêsi.
Yèn satriya wirotama mêmayu ayuning bumi.
Buta watak dur-angkara, mburu butuhe pribadi.

Aja kliru, maca têmbang sacara gancaran iku beda karo nggancarake têmbang.

17. Sastra-laku.

Sastra-laku, têmbunge Jawa-Kuna "Çastra-lampah", têgêse lugu: aksara lumaku utawa lakuning aksara, iku paugêran carane maca (ing basa Jawa-Kuna uga carane nulis). Maksude: aksara sêsigêging têmbung lumaku lan manunggal karo aksara swara kang dumunung ing purwaning têmbung candhake (burine); samono iku manawa têmbung candhake (burine) apurwa aksara swara. Tuladhane:

Parman arêp omong apa? Pamacane: Parma(n) narê(p) pomo(ng) ngapa?

Nyuwun asêm ingkang agêng. Pamacane: Nyuwu(n) nasê(m) mingka(ng) ngagêng.

--- 1 : 29 ---

Dipun injên anakipun èstri. Pamacane: Dipu(n) ninjê(n) nanakipu(n) nèstri.

Pèngêt:

Aksara sêsigêg kang dikurung ing dhuwur iku pamacane ampang.

18. Carane nggancarake têmbang.

Ukara gancaran iku dhapukane kudu kaya ukara lumrah, yaiku ukara kang kanggo gunêman padinan. Supaya gatra-gatrane têmbang bisa dadi ukara lumrah kang ora kau-wagu, manawa nggancarake têmbang ngelingana pituduh-pituduh ing ngisor iki:

1. Ukara-ukarane têmbang kang ikêtane nganggo wêwaton baliswara, kudu diudhari. Lire: dadine gancaran, dhapukaning têtêmbungane kudu diwalik.

2. Yèn ana têmbunge Kawi kudu dijarwakake, yaiku diganti têmbung lumrah. Luwih-luwih yèn têmbung Kawi iku ora tau kêprungu ana ing pasrawungan padinan.

3. Manawa ana têmbunge garba utawa têmbung sandi, garbane kudu diudhari.

4. Samangsa prêlu kanggo nglarasake ukara, supaya aja nganti dadi ukara gancaran sing kau-wagu, kêna mbuwang utawa ngimbuhi têmbung-têmbung sawatara. Mangkono uga kêna ngilangi utawa muwuhi atêr-atêr utawa panambang, manawa pancèn prêlu.

5. Pada-padane, êndi sing kudu pada koma, titik, titik-koma, titik loro, pada pakon lan pitakon, pambuka dan[5] panutup, kudu manut wêwaton panganggone pada ing ukara-ukara gancaran.

Tuladhane, upama nggancarake têmbang Pangkur ing ngisor iki:

Eman-eman para mudha | lamun tanpa sastra kagunan sêpi | nadyan darbe rupa bagus | tur sugih busanarta | nanging lamun tanpa sastra rai samun | sêkar têpus saupama | amrêngangah nora wangi ||

Dadine gancaran, upamane mangkene:

Eman-eman manawa wong nom nganti wuta ing sastra lan sêpi ing kagunan. Sanajan darbe rupa bagus tur sugih rajabrana pisan, manawa wuta ing sastra, raine mêsthi kucêm. Pêpindhane kaya kêmbang têpus, yaiku: warnane mrêngangah endah, nanging gandane ora wangi.

--- 1 : 30 ---

Tuladhane manèh:

Maskumambang.

1. Gêrêng-gêrêng Gathutkaca sru anangis | sambate mlas-arsa | luhnya marawayan mili | gung tinamèng astanira ||

2. Daringakan mulat nganan mulat ngiri | ngulati arinya | kang wus kêlêm jroning warih | sakêdhap-kêdhap Guritna ||

3. Gogoh-gogoh tanapi slulup ing warih | sarwi gung udrasa | sêsambatira ngrêrintik | dhuh-dhuh adhuh ariningwang ||

(Ujian persamaan S.G.B. 25 September 1952).

Dadine gancaran.

Gathutkaca nangis (sêru) agêrêng-gêrêng, sêsambatipun mêmêlas. Luhipun mili dleweran, (tansah) dipun tadhahi ngangge tanganipun. Piyambakipun daringakan (lingak-linguk) nolèh ngiwa-nêngên, madosi adhinipun ingkang sampun kumêlêm (ing toya). Guritna sakêdhap-kêdhap gogoh-gogoh kalihan slulup sarwi (tansah) nangis. Sêsambatipun mêmêlas sangêt: "Adhuh adhiku, adhiku!"

Pitakon:

Kapriye beda-bedane: nggancarake, njawakake lan njarwakake?

Mangkene:

Nggancarake ngganti dhapukaning ukara-ukaraning têmbang dadi ukara gancaran utawa ukara lumrah (Indonesia: puisi dadi prosa). Njawakake iku ngganti têmbung (ukara, carita) basa manca (saliyane basa Jawa) dadi têmbung (ukara, carita) basa Jawa. Njarwakake iku ngganti têmbung (ukara, carita) basa Kawi utawa basa Jawa-Kuna (kalêbu uga têmbung-têmbung Sangsêkêrta) dadi têmbung (ukara, carita) basa Jawa-Anyar.

Prêlu disumurupi, carane njarwakake têmbung iku ana warna têlu, yaiku: jarwa-basa, jarwa-rasa lan jarwa-dhosok. Tuladhane, kaya ta carane njarwakake têmbung "sindur".

a. Jarwa-basa: sindur = warna abang lan putih (krêtas utawa barang-sêmbêt) dianggo bêbarêngan, lumrahe dianggo slempange pangantèn priya utawa dianggo rêrênggane tarub. (Ing jaman saiki sok dianggo prajurit kang kêbênêr nindakake kuwajiban pikèt).

--- 1 : 31 ---

b. Jarwa-rasa: sindur = warna abang lan putih (ing jaman biyèn diênggo slempang pangantèn lanang) ngêmu surasa pralambang wijining urip. Warna abang wijining biyang (pangantèn wadon), warna pêthak wijining bapak (pangantèn lanang).

c. Jarwa-dhosok: sindur = (rêrêngganing tarube wong mantu awarna abang-putih) isin-mundur. Wong duwe-gawe (mantu) ditêmbungake "ewuh", marga pancèn akèh ewuh-pakewuhe. Nanging sanajan kêbak ewuh-pakewuh utawa rubeda kang ngrêribêdi, olèhe mantu kudu têrus, kudu rumangsa isin manawa nganti mundur (wurung).

19. Pangrasa marang endahing basa.

1. Wong kang kasinungan pangrasa landhêp marang endahing warna, bisa ngrasakake asrining sêsawangan. Manawa wong mau mlêbu ing patamanan, bisa uga nganti kêsêngsêm ndulu asrining patamanan kang tinanduran kêkêmbangan maneka warna kanthi bêcik pasang-rakite. Saupama pasang-rakite patamanan mau ana kuciwane, bisa nuduhake kapriye murih prayogane. Dadi, bisa nglairake panyeda lan uga bisa asung pamrayoga.

Wong kang darbe pangrasa landhêp marang endahing warna, bisa milih warna kang mungguh tinunggalake karo warna liya, supaya dadi lan endahe, ngrêsêpake pandulu. Mangkono uga pamilihe panganggo kang arêp ditrapake ing awake, adate ya bisa mathuk; bisa milih warna kang prayoga tinunggalake karo warnaning kulite dhewe. Beda karo wong kang ora kasinungan pangrasa landhêp marang endahing warna utawa sêsawangan, tarkadhang milih sandhangan kang mungguh (mathuk) ditrapake ing awake dhewe bae gampang klirune. Yèn arêp gawe sandhangan, bisa uga milih bahan sing awarna sarwa tumlorong akinclong-kinclong, marga darbe pangira manawa warna sing mblêrêngi iku warna sing endah.

2. Wong kang kasinungan pangrasa landhêp marang bab èdi-pènining gambar, bisa ngrasakake kaendahaning gambar, manawa ndêlêng gambar kang pancèn endah. Bisa ngrêti marang gambaran kang urip lan kang ora, gambaran sing salah lan sing bênêr. Bisa ndumuk cacade gambar kang didêlêng, manawa mula ana cedane. Nanging tumrap wong sing tanpa pangrêtèn ingatase bab endahing gambar, bisa uga darbe panyana manawa sing endah iku gambar sing rame pulase lan warna-warna cète, tur sing sarwa kandêl tapake.

3. Wong kang darbe pangrasa landhêp marang adi-luhunging kagunan karawitan (gêndhing), bisa ngrasakake (Indonesia: dapat [da...]

--- 1 : 32 ---

[...pat] menikmati) bab adi-luhunging kagunan karawitan iku. Bisa krasa manawa krungu gêndhing kang blero larase. Mangkono uga manawa ana gêndhing kang oncat saka pathête utawa kêrikatên iramane. Kosokbaline wong kang sêpi ing pangrêti marang babagan kagunan karawitan, bisa uga ngira manawa adi-luhunging gêndhing iku dumunung ana ing ramene. Anggêr rame, êmbuh larase blero utawa ora, êmbuh nglungguhi pathête utawa ora, waton rame marga sêru panabuhe, ya kuwi sing endah.

4. Wong kang kasinungan pangrasa landhêp marang Kasusastran, sanajan dudu Pujangga, mêsthi bisa ngrasakake endahing basa. Bisa nggronjal atine samangsa krungu utawa maca ukara kang kau-wagu. Bisa njingkat manawa krungu têmbung kang ora mapan trape. Manawa kang dirungu utawa diwaca iku kasusastran kang sinawung ing têmbang, bisa krasa padha sanalika samangsa ana gatra kang ora trêp guru-wilangane utawa kliru tibaning dhong-dhinge utawa guru-lagune.

Ing jaman saiki, arang-arang wong Jawa kang kasinungan pangrasa landhêp marang endahing bawa Jawa, sanajan iku basane dhewe, kasusastrane dhewe. Luwih-luwih ing kalangane para mudha. Akèh para mudha ing jaman saiki sing "landhêp dhêngkul" pangrasaning marang endahing Kasusastrane dhewe, yaiku Kasusastran Jawa. Apa manèh Kasusastran kang sinawung ing têmbang, saya adoh manèh. Aja manèh ngrasakake endahe bisaa, salagine marang têmbang Macapat bae, akèh sing ora ngrêti. Marang têmbang Gêdhe lan Têngahan, saya adoh manèh. Apa sababe dene ing jaman saiki saya akèh para mudha kang "ora wêruh marang Jawane"?

Sanajan wis mêsthi bae ana sababe warna-warna, nanging yèn dipetani têmênan, sabab sing prêmati dhewe, marga para mudha akèh sing padha durung ngrêti manawa Kasusastran Jawa iku ora kalah endah karo Kasusastran liya. Ora ngrêti, marga durung srawung, malah tarkadhang têpung bae durung. Manawa para mudha wis gêlêm têpung lan gêlêm srawung karo Kasusastran Jawa, luwih-luwih yèn bisa rakêt, mêsthi bakal kêtuwuhan rasa trêsna. Ya rasa trêsna iku sing bisa nggugah para mudha dadi gumrêgut padha nggêgulang nggilut marang Kasusastran Jawa.

20. Carane nggêgulang nyinau kasusastran.

Wong kang durung kasinungan pangrasa landhêp marang kasusastran utawa endahing basa, bisa nglêlatih pangrasa mau sarana:
1. Maca buku-buku kang isi Kasusastran.
2. Nggatèkake carita-carita utawa sêsorah-sêsorah kang isi basa endah.

--- 1 : 33 ---

3. Nyoba nggawe rêriptan (ngarang) nganggo basa kang endah.

Wong kang nêdya nggilut Kasusastran Jawa, manawa maca buku utawa ngrungokake sêsorah kang abasa Jawa, ora mung apiking isine utawa surasane bae sing diprêlokake; luwih digatèkake manèh basane. Ukara-ukara kang apik dhêdhapukane, nganti surasane bisa mranani, têmbung-têmbung kang mapan panganggone, dilimbang-limbang, dipetani, dirasakake têmênan. Saupama mrangguli ukara sing kau-wagu, têmbung kang kurang mapan panganggone, kaudi murih bisa ngrêti kapriye bêcike, diowahi kapriye mungguh prayogane.

Wondene manawa sinau ngarang, ora mung bêciking isine lan bênêring tulisane sing ditêngênake, luwih ditêngênake manèh basane; kaudi bisaa dadi karangan kang abasa endah.

21. Pituduh tumrap wong ngarang.

Wong sinau njogèd, supaya enggal pintêr, kudu srêgêp tumindak "njogèd", ora cukup mung tlatèn maspadakake "carane" wong njogèd bae.

Wong sinau nglangi, ora cukup mung srêgêp nênitèni "patrape" wong nglangi bae, arang-arang tumindak nglangi dhewe. Bisane enggal wasis, kudu kêrêp nggêbyur ing banyu lan "ngawaki nglangi".

Mangkono uga wong kang nêdya nggilut Kasusastran Jawa. Manawa mung tlatèn nênitèni basa kang endah bae, sêdyane ora bakal bisa enggal kêgayuh. Bisane enggal, kudu kêrêp nyoba "ndhapuk dhewe" basa kang endah, yaiku srêgêp gawe rêriptan, ngarang.

Karangan iku kêna ginawe dawa nganti ngandhar-andhar angêndhukur, kêna ginawe cêndhak, rinacut nganti bêbasan mung samrica binubut.

Manawa sinau ngarang, ora prêlu dawa-dawa dhisik. Kang prêlu diudi bab endahe. Dudu dawane karangan kang luwih prêlu, nanging endahe.

Karangan sing bêcik iku mêsthi nglungguhi wêwaton 3 prakara, yaiku:
1. Kang minangka wadhahe karangan, yaiku tulisane, kudu bênêr, lire manut wêwaton Paramasastra. Lan panatane tulisan mêsthi bae ya kudu bêcik.
2. Kang minangka busanane karangan, yaiku basane, kudu bagus, sukur bage basa endah.
3. Isine karangan mêntês.

Kang prêlu dielingi manawa sinau ngarang, yaiku:

--- 1 : 34 ---

A. Tumrap karangan gancaran.

1. Jêjêre karangan, katulis ing dhuwur lan dumunung ing têngah-têngah. Lire, lowahan ing sisih kiwa padha ambane karo lowahan ing sisih têngên.

2. Saka jêjêre karangan karo bêbukane diêlêti sagaris.

3. Perang-perangane karangan kudu cêtha, yaiku: jêjêre, bêbukane, isine sing baku lan panutupe.

Bêbuka lan panutupe karangan iku sing cêndhak bae; sing kudu luwih dawa mêsthi bae isine sing baku.

4. Ing sadurunge wiwit ngarang, bab-bab sing arêp dicaritakake ana ing karangan kudu ditulisi dhisik, lan ditata supaya urut-urutane bab-bab iku runtut.

5. Sawise bab-bab iku katata runtut, lagi wiwit ngarang, yaiku gawe konsèp.

Bab-bab kang wis dicaritakake ing konsèp, didèkèki tandha, upamane sarana didèkèki corekan ing burine.

6. Sabên wiwit nyaritakake bab anyar, panulise kudu kawiwitan ing larikan anyar, ganti garis; mêsthi bae wiwite bab anyar iku kudu katulis nganggo aksara gêdhe, panulise aksara gêdhe iku moncol manêngên watara 1 cm.

Wondene manawa karangan iku katulis ing sastra Jawa, wiwite nyritakake bab anyar iku nganggo adêg-adêg. Trape adêg-adêg iku ora moncol manêngên, lurus bae karo aksara-aksara kang dumunung ana ing pinggir kiwa.

7. Sawise kabèh bab dicaritakake ana ing konsèp, mêsthi bae bêbuka lan panutupe karangan ya wis ana, konsèp iku dititi bola-bali. Têmbung-têmbung kang kurang mapan trape, diganti. Ukara-ukara kang kau-wagu, diowahi. Yèn ana luputing panulis ya kudu dibênêrake.

8. Kaudia, supaya wong sing maca karanganmu iku saya suwe (saya mangisor) bisa saya sênêng, aja nganti saya bosên. Bisane klakon mangkono, karangan iku saya mangisor kudu saya apik, supaya bisa nênarik atine wong sing maca.

9. Manawa konsèp iku wis dititi kanthi njlimêt, isine konsèp iku diturun ana ing krêtas sing rêsik, nganggo tulisan sing apik, rêsik lan cêtha. Sawise rampung, dititi manèh, yèn prêlu ya bola-bali. Aja nganti ana têmbung sing panulise kurang titik, kurang corèk lan liya-liyane. Lali marang pada, saya ora kêna, sabab kuranging pada bisa ngowahake surasa.

B. Karangan kang sinawung ing têmbang.

1. Yèn mung têmbang sapupuh, sanajan isine ana pirang-pirang pada (bait, couplet), jênênge têmbang lumrah katulis ana ing dhuwur. Sangisore jênênge têmbang, lumrah uga katulis jêjêre karangan (bab sing dikarang). Wondene carane nulis

--- 1 : 35 ---

têmbange, kêna sabên sagatra ditulis salarik; dene manawa niyat ngirit, kêna têrusan nganti sabên garis katulis têkan ing wêkasan sisih têngên. Tuladhane mangkene:

Dhandhanggula.
Kuwajibane para siswa.

I. Mamrih manis purwakaning tulis | angrumpaka wajibing pra siswa | kang luwih wigati dhewe | tansah ambangun turut | marang guru ywa nyulayani | kapindho kudu padha | sinau kang atul | katêlu nglatih nggêgulang | pribadine supadi dadi wong bêcik | jujur wijiling ujar ||

II. Kaping papat kudu srêgêp ngudi | ulah-raga darapon salira | kuwat adoh lêlarane | kalis mulês lan ngêlu | kalimane wajib angaji | wruh mring tata-krama | nganggo unggah-ungguh | puluh sugiha kabisan | yèn tan ngrêti traping tata nglêlingsêmi | ingèsêman dening lyan || (Pm).

2. Manawa pangarange têmbang luwih saka sapuluh, jênênge têmbang lan jêjêre karangan prayoga ora tinulis mêlok ana ing dhuwur. Jênêng-jênênge têmbang lumrahe mung disêbutake sarana sasmita bae. Jêjêre karangan (bab sing dikarang) kapratelakake ana ing pupuh kang wiwitan ing sajroning pada (bait, couplet) kang dhisik dhewe. Wondene panulise, yèn nganggo aksara Latin, padha karo kang wis kasêbut ing dhuwur. Yèn sastra Jawa:

a. Kawiwitan nganggo purwapada. §bC§

b. Kabèh wêkasane gatra nganggo pada lingsa.

c. Kabèh wêkasane pada (bait, couplet) katutup ing pada-gêdhe. §[6]

d. Ing wêkasane siji-sijine pupuh, katutup nganggo madyapada §¢§

Mung wêkasane pupuh kang kari dhewe kudu nganggo wasanapada §£§

--- 1 : 36 ---

3. Padha karo pituduh ing karangan gancaran No. 3, 4, 5, 6, 7, 8, lan 9.

4. Aja nganggo têmbung-têmbung Kawi kang angèl-angèl, sing ora kaprah kêsrambah ing sadina-dina. Endahe karangan têmbang iku ora gumantung ana ing têmbunge Kawi. Malah yèn kakehan têmbunge Kawi banjur dadi njuwarèhi.

5. Sabên wiwit nyritakake bab anyar, sabisa-bisa kaudia ana ing wiwitane pupuh anyar, saora-orane ya kudu ana ing wiwitane pada (permulaan bait atau couplet).

6.Siji-sijine gatrane têmbang, guru-wilangan, guru-lagune lan pêdhotane kudu nglungguhi wêwaton.

7. Kaudia kanthi têmên-têmên, supaya bisa ngarang têmbang "tanpa nêkuki driji" kanggo ngetungi guru-wilangan, lan "tanpa njiplak guru-lagu". Sumurupa, wong kang wis pintêr ngarang têmbang, sanajan dudu pujangga, manawa ngarang têmbang mêsthi karo nêmbang, sanajan mung ing batin bae. Ora tau nêkuki driji kanggo nocogake guru-wilangan, lan ora tau njiplak guru-lagu. Kabèh wêwatone têmbang, dalasan têkan pêdhotane pisan, wis kasalira. Wong kang wis nyalira wêwatone têmbang, yèn ngarang têmbang mêsthi bisa rikat lan bênêr, tur karangane adate ya bêcik, ukara-ukarane luwês, ora kau-wagu.

8. Sabisa-bisa aja nganggo têmbung puniki, punika lan puniku kanggo ing wêkasane gatra; mangkono uga aja nganggo panambang ira, irèki lan irèku. Wong ngarang têmbang nganti migunakake têmbung puniki, punika lan puniku, panambang ira, irèki lan irèku ing wêkasane gatra, pratandha isih rumangsa kêcipuhan marang guru-laguning têmbang; lan uga mratandhani kurang jêmbar kawruhe ing babagan dasanamane têmbung.

Sarèhne saiki wis ngrêti bab carane nggêgulang nggilut Kasusastran, coba wiwit saiki manawa ngrungokake carita utawa sêsorah sing abasa Jawa, utawa manawa mêmaca buku sing abasa Jawa, rasak-rasakna basane, limbang-limbangên, supaya enggal bisa kasinungan pangrasa landhêp marang endahing basa Jawa. Luwih-luwih manawa sing diwaca utawa dirungokake iku carita kang sinawung ing têmbang; kudu luwih tlatèn olèhe nênitèni lan ngrêrasakake ukara-ukarane, supaya bisa enggal nyalira marang wêwatoning têmbang.

--- 1 : 37 ---

22. Kang bisa kacakup ing Kasusastran Jawa.

Kasusastran Jawa, mêsthi bae bisa nyakup sakabèhe unèn-unèn kang kadadean saka "tatanane têmbung-têmbung Jawa", kaya ta:
I. Têmbung saroja.
II. Yogyaswara
III. Têmbung garba (sandi)
IV. Têmbung plutan.
V. Rura basa.
VI. Kerata basa.
VII. Têmbung entar.
VIII. Paribasan.
IX. Bêbasan.
X. Saloka.
XI. Cangkriman.
XII. Dasanama.
XIII. Pêpindhan.
XIV. Candra.
XV. Gugon-tuhon.
XVI. Purwakanthi.
XVII. Wangsalan.
XVIII. Parikan.
XIX. Ukara sêsumbar.
XX. Guritan.
XXI. Têmbang Gêdhe, Têngahan, Macapat.
XXII. Kasusastran ing gêndhing.
XXIII. Suluk.
XXIV. Donga, japa-mantra.
XXV. Basa pêprênesan.
XXVI. Sanepa.
XXVII. Isbat.
XXVIII. Pralambang.
XXIX. Basa rinêngga
XXX. Sandiasma.
XXXI. Sêngkalan.
XXXII. Lan liya-liyane.

Nanging ora atêgês manawa Kasusastran Jawa iku kêna diperang-perang kaya mangkono. Pêprincèn ing dhuwur iku mung nuduhake warna-warnane bab kang bisa kacakup ing Kasusastran Jawa, dadi kêna diarani sing dadi ubarampene Kasusastran Jawa. Mungguha panganan, pêprincèn ing dhuwur iku minangka bakale panganan dalah bumbu-bumbune.

Ingatase wong nêdya nggilut Kasusastran Jawa, prêlu uga ngrêti pêprincèn ing dhuwur iku, sanajan ora prêlu apal. Sugih apalan bab têgêse têmbung-têmbung lan pêprincène basa, iku bêcik bangêt. Nanging yèn mung apal bae, ora atêgês wis pintêr ing babagan Kasusastran, sabab ingatase Kasusastran iku sing wigati bangêt ngrêti lan bisa ngêtrapake sing apik têtêmbungan lan pêprincèning basa, nganti bisa dadi basa kang endah.

Pêpindhane juru-madhaharan. Sugih bakal panganan dalah bumbu-bumbune iku pancèn ya prêlu bangêt. Nanging sawise sugih uba-rampe sabumbune, bisa ngolah panganan sing endah rupane apa ora, nikmat rasane apa ora, sêdhêp apa cêmplang, gumantung lêbda lan orane sang juru-madhaharan marang babagan olah-olah.

I. Têmbung saroja.

Saroja atêgês: 1. Rangkêp, 2. Kêmbang tunjung, kêmbang padma, trate, kumuda, pakaja (pangkaja).

--- 1 : 38 ---

Sadpada amripat sinaroja, atêgês: kewan asikil nênêm (kewan gêgêlan utawa insect, upamane tawon, kombang) amripat rangkêp. Maksude: amripat akèh, luwih saka sapasang. Siji-sijine mripat awangun maju nênêm prasaja (Indonesia: segi-enam beraturan). Sad = nênêm. Pada = sikil.

Têmbung saroja atêgês: têmbung rangkêp. Maksude: têmbung loro kang padha têgêse utawa mèh padha têgêse dianggo bêbarêngan. Tuladhane:

A. Gancaran.

1. Aku krungu têmbang rawat-rawat ujare "bakul - sinambewara" manawa Sang Kusumaning Ayu Dèwi Kunthinalibrangta ing Mandura ngêdêgake "sayêmbara - pilih".

2. Nadyan aku buta, dudu buta pracore. Aku kalêbu buta manggala kang "tau - tate" ngrupak jajahaning mungsuh, ngêlar laladaning rowang, mbêdhah praja mboyong putri.

3. Manawi sampun "têrang - tarwaca" "dhawuh - timbalanipun" Gusti, lajêng kaparêng kawula mangkat benjing punapa, Gusti?

"Ora ketang sambung obor, budhala ing dina iki uga".

1. Bakul = sambewara (sinambewara), nanging sambewara iku atêgês bakul sing luwih gêdhe, sudagar. Dadi têmbung loro iku ngêmu têgês mèh padha (nunggal-misah).

Sayêmbara, têgêse kang asli: pamilihe putri marang priya kang arêp kapundhut garwa. Kapriye tumindake?

Têmbung sayêmbara karo pilih uga kêna diarani nunggal-misah.

2. Tate, ora tau kanggo. Sing lumrah kanggo padinan: nate (saka lingga: tate + atêr-atêr an). Tau = nate (bedane mung têmbung ngoko karo têmbung krama).

3. Têmbung "tarwaca" ing ukara iku, têgêse: cêtha, têrang. Dhawuh karo timbalan iku nunggal-misah.

Mangkono timbalane Gusti = mangkono dhawuhe Gusti.

B. Sinawung ing têmbang.

1. Sinom. (Partakrama, R. Ng. Sindusastra).

Dharat lan sawadyanira | wong agung ing Jodhipati | mandhi gada gêng anglela | kadya prabata lumaris | sawadyanira sami | mandhi gada ting rênggunuk | "wadya - bala" Pamênang | nêm atus pamuking jurit | busanane pan sami polèng sadaya ||

--- 1 : 39 ---

2. Salyarini. (Sêkar-sêkaran, M.N. IV).

Enjing bidhal gumuruh | saking nagri Wiratha | kèhing kang "bala - koswa" | abra busananira | lir surya wêdalira | saking ing jalanidhi | arsa madhangi jagad | duk mungup-mungup anèng | anèng pucaking wukir | marbabak bang sumirat | kênèng soroting surya | mega lan gunung-gunung ||

Katrangan.

Bala = wadya, koswa, tantra, wrahatbala.

Saroja: wadya-bala, ora kêna diwalik: bala-wadya. Bala-koswa, ora kêna diwalik: koswa-bala.

Yèn mangkono, panyarojane têmbung sing nunggal-misah iku ora kêna mung ing sagêlême bae, kudu manut kalumrahan.

Panunggalane têmbung saroja, kaya ta:

1. Tumpang-tindhih. 2. Amrik-minging. 3. Gagah-prakosa. 4. Têguh-sêntosa. 5. Tata-krama. 6. Krama-niti. 7. Arum-wangi. 8. Mudha-pingging. 9. Mudha-punggung. 10. Mudha-dama. 11. Jugul-mudha. 12. Kongas-ngambar. 13. Nistha-dama. 14. Andhap-asor. 15. Kukuh-bakuh. 16. Kêngkêng-bangkêng. 17. Umyang-gumuruh. 18. Kajèn-keringan. 19. Sungsun-timbun. 20. Ewuh-pakewuh. 21. Baya-pakewuh. 22.Godha-rêncana. 23. Lir-pendah. 24. Tindak-tanduk. 25. Tandang-grayang. 26. Watak-wantu. 27. Lagak-lageyan. 28. Sabar-drana. 29. Rame-gumuruh. 30. Dhêdhêp-tidhêm. 31. Sayuk-rukun. 32. Sih-trêsna. 33. Tri-gumuruh. 34. Guna-kasantikan. 35. Sarat-masrut. 36. Kasèp-lalu. 37. Nungsang-njêmpalik. 38. Solah-tingkah. 39. Akal-budi. 40. Mukti-wibawa. 41. Adi-luhung. 42. Mula-buka. 43. Buka-(sa)kawit. 44. Kêpalu-kêpênthung. 45. Suka-rêna. 46. Sinuba-sinukarta.

--- 1 : 40 ---

47. Tapak-tilas. 48. Glogok-sok. 49. Gêpok-senggol. 50. Bojana-andrawina. 51. Japa-mantra. 52. Puji-pandonga. 53. Sato-kewan. 54. Gilir-gumanti. 55. Nènès-kênès. 56. Iguh-pratikêl. 57. Papa-cintraka. 58. Malang-megung. 59. Tambal-sulam. 60. Pasang-rakit. 61. Sumbang-surung. 62. Campur-adhuk. 63. Sindhung-aliwawar. 64. Angkat-junjung. 65. Njungkir-walik. 66. Sotya-rêtna. 67. Sêtya-tuhu. 68. Kêbo-ndanu. 69. Dana-driyah. 70. Lalu-lungse. 71. Solah-bawa. 72. Tingkah-laku. 73. Kapok-kawus. 74. Endah-pèni. 75. Èdi-pèni. 76. Angkara-murka. 77. Budi-pakarti. 78. Sri-Narendra. 79. Ciri-wanci (=cacad). 80. Jêbat-kasturi. 81. Dhawuh-timbalan. 82. Tata-trapsila. 83. Têpa-tuladha. 84. Têpa-palupi. 85. Rahayu-slamêt. 86. Pêrang-pupuh. 87. Utang-sêlang. 88. Candhak-cêkêl. 89. Nistha-papa. 90. Gandês-luwês. 91. Tumpuk-undhung. 92. Sak-sêrik. 93. Sih-wilasa. 94. Wandu-wandawa. 95. Sindhung-riwut. 96. Babak-bundhas. 97. Njarah-rayah. 98. Bayu-bajra. 99. Nila-widuri. 100. Wulang-wuruk. 101. Jubriya-kibir. 102. Gêtêr-patêr. 103. Guntur-kêtug. 104. Tri-gumuruh. (Tri = atri, rame). 105. Kêsampar-kêsandhung 106. Murub-mubyar. 107. Gèndèng-cènèng.

Jênênge wong, akèh sing kadadean saka têmbung saroja, mangkono uga araning têmbang (gêndhing). Kaya ta:
1. Ranutirta
2. Dipamanggala
3. Puspakusuma.
4. Padmakusuma.
5. Dipasena.
6. Sutaatmaja.
7. Gunasêntika.
8. Kartikarya.
9. Sindutirta.
10. Ranayuda.
11. Subakastawa.
12. Biwaddhaminulya.

Ora ngêmungake têmbung bae kang sok sinaraja, ukara uga ana sing sok dirangkêp panganggone. Kaya ta:
1. Ora nyana ora ndipe yèn kêdhêle bisa dadi tempe.
2. Ora mindu ora ngrêmpêlu.
3. Rênggang gula kumêpyur pulut.
4. Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit.
5. Ora ana barat ora ana angin, Pak Guru kok duka dadakan.

--- 1 : 41 ---

Katrangan.
1. Têmbung saroja iku sing akèh-akèh padha ngêmu surasa: bangêt, kaluwih-luwih.
Mudha = bodho. Punggung = bodho.
Mudha-punggung = bodho bangêt
Mudha = asor. Dama = asor.
Mudha-dama = asor bangêt.
Suba = (sinuba) diaji-aji, kinurmatan.
Kastawa = diaji-aji, dikurmati.
Subakastawa = diaji-aji bangêt, dipundhi-pundhi bangêt.
Ora nyana = ora ngira.
Ora ndipe = ora ngira.
Ora nyana ora ndipe = ora ngira bangêt, babarpisan ora ngira.

2. Tumrap kawruh Paramasastra, têmbung saroja iku kalêbu têmbung camboran-wutuh.

II. Yogyaswara.

Yogya, atêgês: bêcik, prayoga, pantês, patut, apik.
Swara, atêgês: uni, kramane: swantên.
Yogyaswara, atêgês: swara apik, swara kang ngrêsêpake marga bêcik (kapenak) dirungokake. Tuladhane:

A. Gancaran.

Anggènipun jêjodhoan pun Upama lan pun Upami katingal sayuk-rukun sangêt, prasasat botên nate bênggang sanyari. Sanepanipun: rênggang gula, kumêpyur pulut.

Kabêkta saking sangêting sayuk-rukun saeka-praya punika, Upama-Upami sagêd gampil anggènipun mangupajiwa, rêjêkinipun tansah lumintu. Sawêg 2 taun anggènipun sami bêbrayan gêsang, Upama-Upami sampun sagêd kêklêmpak bandha ingkang botên sakêdhik pangaosipun.

Nanging, tiyang gêsang punika mila kathah godhanipun. Makatên ugi gêsangipun Upama lan Upami inggih botên sagêd kalis ing godha. Namung emanipun dene pun Upama-Upami punika kok botên sagêd ngawonakên godha ingkang ngrêridhu. Sarêng anggènipun sami gêsang bêbrayan sampun 3 taun laminipun, Upama-Upami kêtaman ing godha agêng, ngrêridhu karukunanipun. Margi botên sagêd ngawonakên godha punika, wusananipun Upama-Upami ngantos klampah pêdhotan-trêsna. Pun Upama ngrêntahakên talak dhatêng pun Upami.

Bakda pêgatan, Upama-Upami andum rajabrana ingkang sami dipun klêmpakakên sêsarêngan ing salêbêtipun 3 taun. Pangêdumipun miturut wêwaton "gana-gini", inggih punika ngangge têtandhingan: sapikul-sagendhongan.

--- 1 : 42 ---

B. Sinawung ing têmbang.

Kinanthi (Partakrama, R. Ng. Sindusastra).

Sadaya kang sinung dhawuh | sandika wus samya mijil | samêkta saksana bidhal | "widadara-widadari" | tuwin kang para Jawata | nom-anom ingkang umiring ||

Katrangan:
Gana-gini, atêgês: lanang-wadon.
Widadara-widadari, atêgês: dewa-dèwi (uga lanang-wadon).
Gana-gini lan widadara-widadari diarani yogyaswara.

Têmbung "yogyaswara" iku têmbung loro kang mèh padha pakêcapane (lan uga panulise), mung beda wandane wêkasan, nganggo a lan i, atêgês: lanang-wadon.

Têmbung "yogyaswara" iku ora akèh cacahe. Kaya ta:
1. Gêdhana-gêdhini (kêdhana-kêdhini).[7]
2. Dewa-dèwi.
3. Bathara-bathari.
4. Apsara-apsari.
5. Pramèswara-pramèswari.
6. Yaksa-yaksi.
7. Pêmudha-pêmudhi.
8. Rasêksa-rasêksi.
9. Gandarwa-gandarwi.

Wondene têmbung-têmbung:

1. Prapta-prapti, sarwa-sarwi, pangaksama-pangaksami lsp., iku dudu golongane "yogyaswara", sabab ora atêgês lanang-wadon.

2. Yayah-wibi, yayah-rena, jalu-wanita, jaka-rara, gêndruwo-wewe, kulik-tuhu, gêmak-bênce, mimi-mintuna, lsp., iku dudu "yogyaswara" sêbab bedaning pakêcapane ora mung dumunung ana ing wandane wêkasan, yaiku a lan i.

3. Mulyana-Mulyani, Untara-Untari, Suprapta-Suprapti, Susanta-Susanti lsp. kang atêgês jênênge bocah lanang lan wadon, uga ora kalêbu ing golongane têmbung "yogyasawara".

III. Têmbung garba (sandi).

Garba, atêgês: 1. Wêtêng (guwa-garba, atêgês: wêtêng ing perangan dununge bayi).

2. Sêsambungan, rêrangkèn, gêgandhengan. Cundhuke karo têmbung sandi, ndêlênga

--- 1 : 43 ---

katrangan kang kasêbut ana ing perangan "sandi-asma".[8]

Nggarba têmbung, atêgês: nggandhèng têmbung loro utawa luwih, prêlu kanggo nyuda cacahing wandane.

Têmbung garba, têgêse: têmbung rêrangkèn, têmbung sêsambungan, têmbung kang kadadean saka gandhènge têmbung loro utawa luwih.

Têmbung garba utawa sandi iku lumrahe tinêmu ana ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang. Samangsa ana gatra kang kakehan guru-wilangane, pangripta bisa ngêlong cacahe wilangan iku sarana nggarba têmbung loro utawa luwih kang dumunung ana ing gatra mau.

Tuladha:

I. Sinom. (Abimanyukèrêm, M. Soekir).

1. Nahênta gancaring kata | mangka bêbukaning tulis | karajan Jênggalarêtna | inggih praja Dwarawati | wênang ingucap bilih | nagari panjang apunjung | kang jumênêng Narendra | Maha Prabu Arimurti | ajêjuluk Narapati Padmanaba ||

2. Wau ta Sri-Naranata | miyos siniwakèng dasih | alênggah dhampar kêncana | pinatik ing sêsotyadi | pêpak andhèr kang nangkil | sadaya amarikêlu | kang munggwing byantarendra | putra Pangeran Dipati | Anom Radyan Samba lêlancuring praja.

II. Pangkur. (Langêndriyan).

1. Èh-èh anjing Damarwulan | dene iki sira waluya malih | sun idhêp sira wus lampus | ndadra nggonmu dursila | anaracak cidra diksura anutug | dudu traping wirotama | mung têtela bosên urip ||

2. Lah mara ge Menakjingga | dèn kapara ngarêp rukêt ing jurit | katogêna sabudimu | anamakna warastra | sun tadhahi apa kang anèng sirèku | i-i babo Damarwulan | sêsumbare manas-ati ||

Katrangan.
Sinom, garbane têmbung: si + ênom.
Narendra, garbane têmbung: nara + indra. Nara = wong.
Indra = ratu.

--- 1 : 44 ---

Siniwakèng, garbane têmbung: siniwaka (diadhêp) + ing.
Sêsotyadi, garbane: sêsotya + adi (intên linuwih).
Byantarendra, garbane: byantara (ngarêp, ngarsa) + indra (ratu).
Wirotama, garbane: wira + utama (linuwih ing kaprawirane).
Anèng, garbane: ana + ing. Sirèku, garbane: sira + iku.

Têmbung-têmbung garba utawa sandi liya-liyane, kaya ta:
1. Malbèng (malêbèng) = malbu + ing (malêbu + ing).
2. Narpendah = narpa (ratu) + endah (ayu, linuwih, sulistya ing warna).
Narpendah, atêgês: ratu putri kang ayu, upamane Sang Ratu Ayu ing Majapait (Ratu Ayu Kêncanawungu, Dèwi Subasiti).
3. Murdantaji = murda + kita + aji. Murda = sirah. Kita = kowe. Aji = ratu. Murdantaji = sirahmu, Sang Prabu.
4. Maskwari = mas + aku + ari. Maskwari = panyêbut marang kêkasih.
5. Kalokèngrat = kaloka (misuwur) + ing + rat (jagad).
6. Kêbwalasan = kêbo + alasan, têgêse: dudu kêbo ingon.
7. Yèku = iya + iku.
8. Lagyantuk = lagi + antuk.
9. Sêdyarsa = sêdya + arsa, têgêse: niyat, arêp.
10. Tumujwèng = tumuju + ing.
11. Paksyarsa = paksa + arsa, têgêse: kumudu - kudu arêp.
12. Jalwèstri = jalu (lanang) + èstri.
13. Sarwyanjogèd = sarwi (kalihan) + anjogèd.
14. Lumakwèng wuntat = lumaku + ing wuntat (lumaku ing buri).
15. Kajwarèng praja = kajwara + ing praja (misuwur ing sanagara).
16. Wadwaji = wadu + aji, têgêse: abdining ratu, utawa: garwane ratu.
17. Maharsi = maha + rêsi, atêgês: pêndhita linuwih.
18. Mahraja = maha + raja. Ratu linuwih (binathara).
19. Mahmèru = maha (linuwih) + mèru (gunung). Saiki kasêbut: Sêmèru, bênêre kudu: Sumèru. Su = linuwih.
20. Dupyarsa = dupi (sarêng) + arsa (badhe).
21. Nujwarip = nuju + arip (ngantuk).
22. Dhêmên-nyar = dhêmên + anyar. Dhêmêne mung manawa isih anyar, sadhela bae banjur tuwuh bosêne.
23. Taksyalit = taksih + alit.
24. Dadyèwuh = dadya + ewuh. Dados botên gampil.
25. Ratwagung = ratu + agung. Ratu binathara.

--- 1 : 45 ---

26. Sudirèng wirang = sudira (kêndêl) + ing wirang.
27. Kapindra = kapi (kêthèk) + indra (ratu). Ratuning wanara.
28. Kawindra = kawi (pujangga) + indra (ratu). Têtunggule pujangga, têmbunge liya: kawiwara, kawitana.
29. Ratwambêk pinandhita = ratu + ambêk pinandhita. Ratu kang apambêgan kaya pambêgane pêndhita, yaiku kang asipat: sabar, maklum, momot, mêngku, bèr-budi, bawa-laksana.
30. Mardikèngrat = mardika + ing + rat. Mardika ing jagad; sarèhne mardika ing jagad, uripe ana ing donya ora ana sing ngêrèh utawa mbawah, dadi atêgês: ratu kang ngêrèhake jagad.[9]
31. Sarotama = sara + utama = panah linuwih, yaiku araning panahe Arjuna.

Pèngêt.

1. Têmbung loro kang padha dene tanpa y, manawa dadine têmbung sandi banjur mawa aksara y, diarani têmbung garba sutraye.

2. Têmbung loro kang siji-sijine padha tanpa w, manawa dadine têmbung sandi banjur mawa aksara w, diarani garba sutrawam.

3. Têmbung kang kagarba karo têmbung maha, manawa têmbung maha iku banjur dadi mah, diarani garba warga-ha.

4. Ingatase kawruh Paramasastra, têmbung sandi iku kalêbu têmbung camboran tugêlan.

5. Ana têmbung-têmbung sawatara kang sajatine kalêbu têmbung sandi, nanging akèh wong-wong kang padha ngira manawa iku têmbung lingga, kaya ta:

Srêngenge = sang + hyang + We. Sang dewaning dina (maksude awan), yaiku Sang Hyang Surya.

Têngange = têngah + ing + we. Têngah-têngahe awan, yaiku wayah bêdhug awan (jam 12 awan).

Kêbombang = kêbo + abang. Kêbo abang iku tumrap wangsalan atêgês: sapi. Maksude: kapiran, ora ana sing ngrewangi nandangi pagawean kang arêp ditindakake, marga kêtinggal kanca.

Klabang = kala + abang.[10]

--- 1 : 46 ---

IV. Têmbung plutan.

Pluta, atêgês: rangkêp. Dipluta, atêgês: dirangkêp. Têmbung dipluta, têgêse: ana wandane têmbung iku loro (rong wanda, rong kêcap) sing dirangkêp, didadèkake siji, didadèkake sawanda (sakêcap). Marga ana wandane loro sing dirangkêp didadèkake siji, mêsthi bae cacahe wandane têmbung iku banjur suda kèhe. Tuladhane:

Têmbung "darana" (atêgês: sabar) didadèkake "drana" (kaya ta ing ukara: sabar-drana), iku wanda "da" karo wanda "ra" dirangkêp (didadèkake siji) dadi "dra". Têmbung "darana" dadi "drana" iku jênênge dipluta, lan têmbung "drana" iku diarani têmbung plutan.

Têmbung plutan iku sing akèh-akèh tinêmu ing sajroning gatra-gatrane têmbang. Têmbung plutan iku nggampangake pangriptane têmbang; nggampangake pangêlonge cacahe wilangane wanda ing siji-sjinine gatra, manawa gatra iku kakehan sakêcap utawa luwih saka samêsthine.

Panunggalane têmbung-têmbung plutan, kaya ta:

1. Sari (atêgês: kêmbang, endah) dadi: sri, kaya ta ing ukara: sri-gunung, sri-taman.

2. Gumêrit (atêgês: nywara "gêrit" sora bangêt) dadi: gumrit, kaya ta ing ukara: gumriting kreta-kêncana.

3. Sinêrang (atêgês: ditrajang, ditêmpuh) dadi: sinrang, kaya ta ing ukara: datan pêgat sinrang mungsuh.

4. Kuluban (atêgês: godhogan) dadi: kluban. Kulub, atêgês: godhog, kaya ta ing ukara: cahyane kaya terong dikulub (cahyane pucêt bangêt kaya warnane terong kang digodhog). Kluban = apa-apa sing digodhog (lumrahe gêgodhongan).

5. Cuwiri (atêgês: coraking bathikan lung-lungan) dadi: cwiri, kaya ta ing ukara: ngagêm nyamping parang-cwiri.

Coba têmbung-têmbung ing ngisor iki dadèkna têmbung plutan:

Sêrat. Suwara. Dêrês. Para. Pinara. Suwiwi. Purihên. Kêras. Dêrêng (-ing ati). Dicuwowo. Sinarawèdi. Samaya. Kuwalon. Suwarga. Kuwaos. Sarana. Sêrêt. Sumangkeyan. Têlulikur. Gumantung. Suwasa. Murih. Wêruh. Wêlas.

Pitakon:

Kapriye beda-bedane: têmbung sandi, têmbung plutan lan têmbung wancahan?

--- 1 : 47 ---

Mangkene:

Têmbung sandi iku têmbung loro utawa luwih kang digandhèng (didadèkake siji) kang banjur suda kèhing wandane. Têmbung plutan iku têmbung siji kang suda kèhing wandane, marga ana wandane loro kang dirangkêp (didadèkake siji). Têmbung wancahan iku têmbung kang diêlong wandane sarana dibuwang (ora diênggo).

Prêlu disumurupi carane mancah têmbung warna lima, yaiku:

1. Dibuwang wandane ngarêp, kaya ta: mbakyu, dadi yu. (mbak) yu.

2. Dibuwang wandane buri, kaya ta: mbakyu, dadi mbak. Mbak (yu).

3. Dibuwang wandane ngarêp-buri, kaya ta; Sudarna, dadi: Dar. (Su)dar(na).

4. Dibuwang wandane têngah, kaya ta: pakênira, dadi para, pa (kêni) ra. Manira, dadi: mara. Ma(ni)ra. Kyai, dadi: Ki. K(ya)i. Nyai, dadi: Nyi. Ny(a)i.

5. Tanpa wêwaton, kaya ta: Purbolinggo, dadi: Braling.

Têmbung "Braling" iku lumrah diucapake dening wong-wong ing paresidhenan Banyumas.

V. Têmbung sing mingsêd pakêcapane.

Ingsêd = êlih, ingsêr. Diingsêd = diêlih sathithik (saka panggonane) sarana diingsêr. Mingsêd = ngalih sathithik (saka panggonane. Entar: lunga).

Têmbung sing mingsêd pakêcapane, têgêse: têmbung sing owah sathithik pakêcapane (lan uga panulise). Tuladhane:

Têmbung "Kliwon" (arane pangkat sadhuwure panèwu utawa camat), iku satêmêne têmbung kang wis mingsêd pakêcapane. Sadurunge mingsêd pakêcapane têmbung iku muni "Kalihewuan" utawa "Kalihewon", asale saka têmbung lingga (camboran) "kalih-èwu". Dipanambangi "an".

"Kalihewon" mingsêd dadi "Kliwon" iku atêgês: arane pangkat kang ngêrèh utawa manggêdhèni (wong) rong èwu. Panunggalane: panèwu, ngêrèh utawa manggêdhèni (wong) sèwu. Panatus, ngêrèh utawa manggêdhèni (wong) satus. Panèkêt, ngêrèh (wong) sèkêt. Panglawe, manggêdhèni (wong) salawe. Pangkat "Kalihewon" kang banjur mingsêd pakêcapane dadi "Kliwon" iku ing jaman saiki sinêbut "wadana" (Kêpala dhistrik).

Tuladha liya-liyane:

1. Slendro, asale saka (sadurunge mingsêd): Surendra, arane têtabuhan (gamêlan) kagungane ratuning dewa

--- 1 : 48 ---

(saiki sinêbut gamêlan Lokananta?) Sura (dewa) + indra (ratu).

2. Pelog, asale saka têmbung: pelo. Gamêlan laras pelog iku dumadine saka gamêlan laras slendro, sarana swarane wilahane gamêlan slendro iku digawe pelo (dilaras supaya aswara pelo). Nanging pelo kang pelag (endah).

3. Kentas, asale saka: kêntas. Saka têmbung lingga: êntas, olèh atêr-atêr: ka.

4. Lontar, asale saka: rontal, têgêse: godhonge (wit) tal. Ing jaman biyèn layang (buku) iku tinulis ing godhong-tal utawa ron-tal. Godhong utawa ron, têmbunge Kawi: patra. Kajaba atêgês godhong, têmbung "patra" uga banjur atêgês: layang.

5. Bandhèk, asale saka têmbung: gandhèk. Basa bandhèk, asale saka: basa gandhèk. Sadurunge jaman Pajang, kabèh wandane têmbung kang mênga lan aswara a (lagnyana, nglêgêna) mawa pakêcapan miring utawa rubuh (kaya gunêmane wong-wong Kêbumèn lan Banyumas ing jaman saiki). Sing ngucapake wanda aswara a nganggo swara jêjêg sing dhisik dhewe yaiku gandhèk ing kraton Pajang, saka dhawuhe Prabu Hadiwijaya (Jaka Tingkir).

6. Sawêr (ngoko: ula), asale saka: sauwêr, têgêse: (kaanane) padha karo uwêr. Uwêr iku gulungan suwiran janur sing diênggo nêsêli lèng pasuwêngan (ing kupinge wanita).

7. Makutha, asale saka: mahkota (têmbung garba warga-ha), satêmêne atêgês: bètèng linuwih (kuwat). Makutha (kuluk) iku arane panganggo sing mêngku pralambang; wong sing mawa makutha (lumrahe ratu) iku kuwasa (kuwat), sabab darbe bètèng linuwih (isi wadyabala lan sawarnane gêgaman).

8. Togog, asale saka: Antaga (yaiku asmane dewa sing akahyangan ing Sabaluri). Manut buku Purwacarita, Hyang Tunggal pêputra têlu, yaiku: Hyang Antaga, Hyang Maya (Ismaya) lan Manikmaya (Bathara Guru). Hyang Antaga lan Ismaya diturunake ing Marcapada, aran Togog lan Sêmar.

9. Petruk, asale saka: Supatra. Supatra iku putrane Gandarwaraja Salwa; sawise diwasa, dening bapakne, Supatra didhawuhi nyantrik ing wukir Ratawu (Bagawan Manumanasa). Têkane ing wukir Ratawu, Supatra ditampa Smarasanta (Sêmar), dipèk anak, kêtêlah aran Petruk.

10. Dlanggung, asale saka: dalan + agung (= dalan gêdhe).

11. Nyolong pêthèk, sok mingsêd (dilanturake) dadi: nyolong

--- 1 : 49 ---

pêthèl. Malah sok luwih dilanturake manèh dadi: nyolong pêthèl sasangkal-sangkale.

12. Mbaguguk ngutha-waton, asale saka: Mbaguguk ngutha-watu.

13. Madu balung tanpa isi, sok mingsêd (dilanturake): madu balung kêpesing.

14. Tahan-tahan tuman, mingsêd dadi: tan-tan tuman.

15. Imbal lir mandaraga = (swarane) gilir-gumanti kaya swaraning gamêlan. Pradangga, mingsêd dadi: mandaraga, têgêse gamêlan.

Ana manèh têmbung kang mingsêding swarane mung sarana diwuwuhi aksara-irung, kaya ta: bupêt, masa, rumasa, kêbobang, Subadra, pakaja lsp. dadi: bumpêt, mangsa, rumangsa, kêbombang, Sumbadra, pangkaja lsp.

Têmbung manca kang digawe Jawa sarana digawe mingsêd pakêcapane, kaya ta: Boekhouder, Gouverneur, Ordonnans, kurketrekker lsp. dadi: bêkaur, Gurnadur, Redenas, kotrèk lsp.

VI. Têmbung mawa aksara lira-liru.

Akèh têmbung Jawa sing mawa aksara lira-liru karo aksara liya, kaya ta:

1. r lira-liru karo l, tuladhane: ririh, rare, ruruh, riris, ruyung, raras, parara-rara lsp. dadi lirih, lare, luruh, liris, (udan riris = udan liris), luyung, laras, palara-lara lsp.

2. r lira-liru karo d, tuladhane: ratu, rêmên, rêmit (atêgês: alus, lêmbut), rihin, ron-ron, rara lsp. dadi: datu, dhêmên, dhêmit (atêgês: lêlêmbut), dhihin, rondhon, dhara (tumrap pitik).

3. w lira-liru karo h, tuladhane: dhuwur, suwun (sinuwun), dhuwung lan sapanunggalane, dadi: dhuhur, suhun (sinuhun), dhuhung (cara Yogyakarta).

4. w lira-liru karo b, tuladhane: wulan, wuri, wola-wali, wêngi, wungkus, wungkuk, wae, walik, wanting, wêning, wangsa, wêngis, lan sapanunggalane, dadi: bulan (rêmbulan), buri, bola-bali, bêngi, bungkus, bungkuk, bae, balik, banting, bêning, bangsa, bêngis lan sapanunggalane.

5. k lira-liru karo t (sêsigêg), tuladhane: pèk, jarik, cêrêk, corèk lan sapanunggalane dadi: pèt, jarit, cêrêt, corèt.

6. k lira-liru karo g, tuladhane: kêdhana-kêdhini, kanthèt, kêndhaga, kêbayak lan sapanunggalane, dadi gêdhana-gêdhini, ganthèt, gêndhaga, gêbayak.

7. c lira-liru karo j, tuladhane: ciwêl, camboran, cêndhela, cênggèrètnong lan sapanunggalane, dadi: jiwêl, jamboran, jêndhela, jênggèrètnong.

--- 1 : 50 ---

Kajaba saka iku prêlu disumurupi, ana têmbung-têmbung Jawa sing:

1. Aksarane liniru dununge, kaya ta: dhêlêg - dhêlêg - lêdhêg - lêdhêg, jubêl - bujêl, ywa - wya, pocot - copot lan sapanunggalane.

2. Mawa w (wa) utawa tanpa w (wa), kaya ta: udhar, ungkal, uninga, irama, utah (utah-utah), udhu, rata, luku, rana, randha, lanjar, lulang, lahar, rangka, ragil, ragad lan sapanunggalane, padha karo: wudhar, wungkal, wuninga, wirama, wutah, wudhu, wrata, warandha, walanjar, walulang, walahar, warangka, waragil, waragad.[11]

3. Mawa utawa tanpa ya (ing wanda wêkasan), kaya ta: widigda-widigdaya, gora - goraya, pura - puraya, siswa - siswaya, gita - gitaya lan sapanunggalane.

4. Mawa utawa tanpa ka (ing wanda wêkasan), kaya ta: atma - atmaka, sewa - sewaka, purwa - purwaka lan sapanunggalane. (Têmbung Kawi: sewa, atêgês: seba, sowan).

5. Mawa utawa tanpa (ing purwaning têmbung), kaya ta: kêtumbar, kêdhêle, kêthèwèl, kêdhondhong, kêdhawung, kêbayak, padha bae karo: tumbar, dhêle, thèwèl, dhondhong, dhawung, bayak.

6. Mawa panjingan w utawa ora, kaya ta: swuh - suh, munggwing - mungging (saka têmbung lingga: unggu + sêsêlan um + panambang ing), sakwèh - sakèh, salwire - salire.

7. Mawa panjingan y utawa w, kaya ta: matsya - matswa (têgêse: iwak), unggyan - unggwan (têgêse: panggonan), swuh - syuh (têgêse: rusak, lêbur), myang - mwang.

8. Têlung wanda didadèkake rong wanda, kaya ta: pambarêp - mbarêp, têmbako - mbako, lêmbayung - mbayung, pambajêng - mbajêng, têmbêlèk - mbêlèk.

9. Camboran-wancahan kang umume kinira têmbung lingga, kaya ta:

Gasa (mingsêd dadi: gangsa), saka ga (têmbaga) + sa (rêjasa), yaiku bahan kang digawe gamêlan.

Geing, têgêse: petungan (salaki-rabi) kang ora cocog, kurang bêcik, lumrahe ditêmbungake petungane tiba "pring gêrit", kêrêp nêmu alangan sajrone jêjodhoan. Asale saka: ge (Wage) + ing (Paing).

Kêbombang, têgêse: nandhang susah (repot), marga ora ana sing ngrewangi nindakake pagawean abot, jalaran

--- 1 : 51 ---

wis kêtinggal kanca (kapiran ora ana sing têtulung). Asale saka: kêbo + abang, dadi: kêbobang, mingsêd dadi: kêbombang, sarana diwuwuhi aksara irung. Kêbo abang (wangsalan) iku sapi, maksude: kapiran (ora ana sing têtulung).

10. Mawa h utawa ora, kaya ta: rura - rurah, caksu - caksuh, sula - sulah, luru - luruh (ruru - ruruh).

VII. Rura-basa.

Têmbung "rura" padha bae têgêse karo "rurah". Nganggo h utawa ora, têgêse padha, yaiku: rusak.

Têmbung "ngruru" padha bae têgêse karo "ngruruh". Nganggo h utawa ora, têgêse padha, yaiku: nggolèki.

Têmbung "rurah lan ngruruh", dadi sing panulise nganggo h, lumrahe kanggo ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang.

Tuladhane:

1. Sinom. (Kalatidha, R. Ng. Ranggawarsita).

Mangkya darajating praja | kawuryan wus sunya ruri | "rurah" pangrèhing ukara | karana tanpa palupi | para paramèng Kawi | kawilêt ing tyas malat-kung | kongas kasudranira | tidhêm tandhaning dumadi | hardayèng rat dening karoban rubeda ||

2. Dhandhanggula. (Abimanyukèrêm, M. Soekir).

Dyan Pratiwi angandika malih | kakang Sêmar mungguh karsaningwang | budhal ing sadina kiye | unggyaningsun "angruruh" | kakang Parta ingkang ngoncati | parpat tiga turira | sumangga Sang Bagus | kula mung ndhèrèk kewala | adan bidhal Pratiwanggana Sang pêkik | dèn iring parpat tiga ||

Têmbung Rurabasa, atêgês: basa rusak, basa kang wis luput kêlantur-lantur, nganti ora kêna dibênêrake manèh. Ora kêna, jalaran pancèn wis ora lumrah dibênêrake. Yèn mêksa dibênêrake, malah banjur dadi basa sing ora lumrah, basa sing anèh, basa sing ora kaprah kanggo. Sanajan bênêr, yèn ora kaprah, dianggêp salah.

--- 1 : 52 ---

Tuladhane:

Pucung.

Timbang nganggur nggodhog-nggodhog wedang ta ndhuk | golèka nyamikan | sokur bangsa klêthik-klêthik | kêna kanggo bah-obah janggut prayoga || (Pm).

Ukara "nggodhog wedang", yèn digagas têmênan, katon lupute. Sing digodhog iku bênêre rak banyu, durung dadi wedang. Banyu kênane diarani wedang rak yèn wis digodhog. Basa sing bênêr, pancène kudu "nggodhog banyu".

Sanajan ukara "nggodhog banyu" iku sing bênêr, lan pancèn ya sing bênêr têmênan, sarèhne ora kaprah banjur dianggêp salah. Ukara sing salah mandar kaprah, sing bênêr ora kanggo. Ya bangsane ukara kang kaya mangkono iku kang diarani rurabasa.

Panunggalane:

1. Ngulêg sambêl. Bênêre (upama lumrah dibênêrake): ngulêg lombok-uyah (lan bawang tumrap sambêl-bawang, lan trasi tumrap sambêl-trasi, lan parudan krambil tumrap sambêl-jenggot) supaya dadi sambêl.

2. Adang thiwul. Bênêre: adang glêpung-gaplèk utawa bêbakan gaplèk, supaya dadi thiwul.

3. Ndhêplok gêthuk. Bênêre ndhêplok tela kang wis digodhog, supaya dadi gêthuk.

4. Mikul dhuwêt. Bênêre: mikul gênthong (utawa wadhah liyane) isi dhawêt.

5. Nglêlês coban. Bênêre: nglêlês lulub, supaya dadi coban.

6. Ndondomi clana. (Kang maksude: gawe). Bênêre: ndondomi bahan (upama lena utawa dril), supaya dadi clana.

7. Mbathik ikêt. Bênêre: mbathik mori, supaya dadi ikêt.

8. Ngênam klasa. Bênêre: ngênam pandhan utawa godhong mendhong, supaya dadi klasa.

9. Mbuntêli tempe. Bênêre: mbuntêli kêdhêle kang wis digodhog lan dimomori ragi, supaya dadi tempe.

10. Ngêkum landha. Bênêre: ngêkum arêng mêrang, supaya sarine arêng iku campur dadi siji karo banyu, dadi landha. Landha iku banyuning awu.

11. Nulis layang. Bênêre: nulis dluwang utawa krêtas, supaya dadi layang.

12. Mènèk krambil. Mènèk wit krambil, yaiku glugu.

--- 1 : 53 ---

VIII. Kerata-basa.

Kerata, atêgês: 1. pirid, pêthèk; têgêse têmbung manut pêpiridaning wandane.

2. grêma, tukang mbêburu (kewan galak).

Dikerata, atêgês: ditêgêsi manut pêpiridaning wandane utawa kêcape, sarana digothak-gathukake lan diothak-athik mungguh mathuke.

Kerata basa, têgêse: basa utawa têmbung kang dikerata, yaiku ditêgêsi kanthi kapirid saka wanda utawa kêcap-kêcape têmbang iku, diothak-athik bisane mathuk, utawa digothak-gathukake manut sunduk - prayogane.

Tuladhane:

Wedang = gawe kadang. Sing sapa kêpengin darbe kadang akèh, yèn ana wong têka ing omahe kudu rila mènèhi (nyuguh) wedang.

Nanging, nêgêsi têmbung sarana dikerata kaya mangkono iku ora nganggo wêwaton kawruh basa, dadi satêmêne mono ora kêna, salah. Lan pancèn ya salah têmênan yèn têmbung "wedang" ditêgêsi: gawe kadang. Dene têgêse sing bênêr mangkene:

Wedang = we (sing di) dang = banyu sing (wis) digodhog.

Kerata basa iku kalêbu bangsane têmbung blenderan utawa plesedan, mung kanggo lêlucon bae. Ana ing pasrawungan, akèh wong sing sok ngucapake kerata basa, kanggo nggumyêkake gunêm.

Tuladhane manèh:

Pangkur.

Tan mungkur kereta basa | wahanane krikil kêri nèng sikil | tandur nata karo mundur | kotang sikut dèn utang | garwa iku sigaraning nyawa tuhu | wanita wani mranata | siti isi bulu-bêkti || (Pm).

Panunggalane:

1. Tepas, titip napas. Wong darbe titipan iku samangsa butuh migunakake, mêsthi dijaluk (dijupuk). Panjupuke titipan napas sarana ilir utawa tepas, upamane manawa wong pinuju cêthik-gêni utawa pinuju krasa sumuk awake.

--- 1 : 54 ---

2. Têbu, antêping kalbu (kalbu = ati). Wong duwe gawe, apa manèh manawa nganggo nênanggap (wayang), tarube mawa rêrênggan têbu. Maksude asung peling, supaya wong sing duwe gawe aja minggrang-minggring kuwatir ora akèh tamune (ora akèh sumbange; kudu mantêp ing kalbu, gêdhe atine).

3. Gêdhang, sagêd padhang. Tarub uga nganggo rêrênggan gêdhang (tundhunan), maksude minangka pamuji supaya wong sing duwe gawe atine bisa tansah padhang (sênêng).

Tarkadhang uga sok dikerata: digêgêt lêbar madhang.

4. Tarub, ditata supaya katon murub (mubyar, asri). Wong duwe gawe, lumrahe gawe omah susulan kang diarani tarub, ditata lan dirêngga-rêngga supaya katon asri (murub-mubyar).

Dene katrangan sing bênêr, manut "sêjarah bahasa", diarani tarub, marga niru carane Ki Agêng Tarub. Nalika mantu, marga omahe cilik, Ki Agêng Tarub gawe omah susulan, kanggo nampa tamu sajrone duwe gawe.

5. Tayub, ditata supaya katon guyub. Nalika njogèd (tayuban) wong pirang-pirang, olèhe njangkah barêng, padha kiwa-têngêne, pacak-gulune ya barêng, lèrène utawa mandhêge uga barêng, kaya ditata, satêmah katon guyub.

6. Guru, digugu lan ditiru. Ingatase wong dadi Guru, wajib bêcik tindak-tanduke, kêna digugu gunême, supaya kêna kanggo têtuladhan para murid-muride.

7. Brêkat, (mak) brêg diangkat. Wong kêndhuri iku sawise ambêng salawuhe diwêtokake lan disèlèhake mak brêg (lumrahe sarwa akèh brêg-brêgan), lan sawise ambêng iku didongani, nuli didum, sing padha kêndhuri banjur padha ngangkat pandumane dhewe-dhewe (digawa mulih).

8. Tuwa, ngêntèni mêtuning nyawa. Wong tuwa iku lumrahe wis mèh mati, mung kari ngêntèni mangsa-kala rawuhe Nginjrail utawa Jabarail olèhe arêp njabut (ngêtokake) nyawa.

9. Prawan, yèn pêpara (dolan, sanja, lungan) kudu ing wayah awan. Pancèn ora prayoga manawa prawan lungan ing wayah bêngi, akèh sambekalane, luwih-luwih manawa tanpa kanca.[12]

10. Batur, êmbat-êmbataning tutur (gunêm, rêmbug). Batur kang rumêksa bangêt marang bêndarane (panakawan), samangsa ana ruwêt-rêntênging bêndara, prayoga dijaluki rêmbug, dijak mupakatan.

--- 1 : 55 ---

11. Sangu sing prayoga dhewe ingatase wong nêdya golèk ngèlmu iku mung "cêngkir gati", lire: kêncênging pikir, lêganing ati.

12. Kaji, tekad siji, yaiku ngantêpi panêmbahe marang Gusti Allah.

13. Dhesèmbêr, gêdhe-gêdhene sumbêr. Ing sasi Dhesèmbêr pancèn nyata mangsane sumbêr utawa tuk padha bantêr iline, sumur padha gêdhe banyune.

14. Januari, hujan sehari-hari. Ing sasi Januari pancèn nyata akèh udan, tarkadhang nganti sadina muput tansah nggrêjèh bae.

15. Dênawa, ngêdên hawa. Pancèn watake danawa (buta) iku sênêng nguja hawa-napsune.

16. Simah, isining omah. Wong wadon kang ora tau lungan (lungan dhewe utawa dijaki sing lanang), prasasat ngundhêr ana ing omah bae, iku pêpindhane mung kanggo isi omah, padha bae karo meja-kursi. Yèn sing lanang lunga utawa sênêng-sênêng ora tau dijak, malah dikon tunggu omah.

17. Garwa, sigaraning nyawa. Wong jêjodhoan iku sanajan lanang-wadon katon blêgêr loro, nanging batine (atine) kudu dadi siji. Guyup, sabaya pati.

18. Bocah, mangane kaya kêbo (akèh, ludhuk), pagaweane ora kêcacah.

19. Tirakat, tirahing tekat (yaiku: nglakoni kaya wong papa kanthi disêngaja).

20. Tapa, tataning apapa (yaiku: nglakoni kaya wong papa kanthi dijarag).

21. Kodhok, têka-têka ndhodhok. (Pancèn ora ana kodhok sing ngadêg).

22. Mantu, dieman-eman mêksa mêtu. Sing dieman-eman iku anak wadon; barêng wis gêdhe, wong liya sing nduwe (mêtu saka omahe wong tuwa). Utawa: sing mêksa mêtu iku dhuwit sing dieman-eman, kêpêksa kanggo ngragadi dhaupe anake wadon.

23. Kuping, kaku njêpiping.

24. Kupluk, kaku nyêmpluk.

25. Kursi, yèn diungkur(ake) banjur isi.

26. Sruwal, saru yèn nganti uwal.

27. Sêkutêr = sêdhêku bantêr.

28. Bapak = bab apa-apa pêpak (sugih kawruh lan pangalaman warna-warna).

29. Gusti = bagusing ati. Wong sinêbut gusti, kudu luhur ing budi.

--- 1 : 56 ---

30. Dièng (araning gunung) = èdi-aèng. Satêmêne saka têmbung "Di Hyang" (kasêbut ana ing buku Tantu Panggêlaran).

Pèngêt.

Dubang, kêbombang, klabang, kakkong, kongêl, dhegus, dêmênyar lan sapanunggalane iku dudu golongane kerata basa, nanging kalêbu têmbung camboran tugêlan.

IX. Têmbung entar.

Entar, atêgês: 1. Silihan.

2. Lunga, mangkat, bablas. Upama ing ukara: kêparêng kawula mentar (lingga: entar + sêsêlan um).

Têmbung entar, têgêse: têmbung silihan. Têmbung kang ora kêna ditêgêsi mung sawantahe bae.

Manut têgêse entar, maksude: manut têgêse kang ora mung sawantahe, ora mung salugune (Indonesia: arti kiasan, Walanda: figuurlijke betekenis). Kosokbaline: manut têgêse sing baku, sing salugu, sing sawantahe.

Tuladhane:

1. Têmbung "kuping". Ing unèn-unèn "kuping wajan". Kuping iku peranganing anggane manungsa utawa kewan, kalêbu pancadriya, piranti kanggo ngrungokake.

Wajan, ora duwe piranti pangrungu, sabab wajan iku dudu barang kang anyawa. Perangane wajan ana sing awujud klowongan, yaiku kang minangka cêkêlan manawa manungsa ngangkat wajan iku. Sanajan wangune klowongan iku rada ngèmpêri wanguning kuping, nanging pancène ora kêna diarani kuping, sabab ora kêna kanggo ngrungokake. Pancène kudu diarani "cêkêlan wajan", utawa kêna-kênane mung diarani "kupingan wajan". Kupingan, têtironing kuping.

Têmbung "kuping" kang pancène darbèke manungsa utawa kewan, ditrapake ing têmbung "wajan" iku diarani têmbung "kuping" iku "disilih" ditrapake kang dudu samêsthine. Dadi, têmbung "kuping" ing unèn-unèn "kuping wajan" iku kêna diarani têmbung "silihan" utawa "entar".

2. Têmbung "kêthul" ing unèn-unèn "ati kêthul".

Têmbung "kêthul" iku mathuke ditrapake ana ing "gêgaman", kaya ta: pèmès, arit, bêndho, lading, pangot lan sapanunggalane. [sapanung...]

--- 1 : 57 ---

[...galane.] Ing pangrasa, têmbung "kêthul" iku dadi darbèke gêgaman.

Gêgaman kêthul, gêgaman kang ora gampang mêmpan samangsa ditamakake ing barang kang arêp diiris utawa dikêthok. Iki diarani têgês: wantah utawa lugu.

Manawa têmbung "kêthul" ditrapake ing barang kang ora atêgês araning gêgaman, upamane ditrapake ing têmbung "ati" banjur aran têmbung "silihan" utawa "entar".

Ati kêthul, ati kang ora gampang mêmpan samangsa ditamakake ing kawruh utawa ngèlmu. Maksude: yèn kanggo mikir utawa nggagas apa-apa, ora bisa ngrêti akanthi gampang, satêmah wong sing darbe ati kaya mangkono kaanane iku banjur dadi bodho.

Têmbung-têmbung entar, akèh bangêt kang kamot ing Kasusastran. Tuladhane:

Sinom. (Lakon "Jakatarub" dening Atmodarminto).[13]

Layange Dèwi Rasawulan putrane putri Bupati Tuban kang katur marang kakunge.

1. Sinom sêmbah bêkti kula | katura kakang mas sayid | bapakne Kidangtêlangkas | kang tuhu trêsna mring dasih | kang manggung kawlas-asih | kawula nyuwun pangèstu | mugi tinêbihêna | saking sagung tulah-sarik[14] | wus jamake wanita tampa dêduka ||

2. Bênêr ingkang ngaranana | sêpi ing yudanagari[15] | murang tata tanpa krama[16] | watak buta butêng wêngis | tega ninggal mring siwi | mêgat katrêsnaning kakung[17] | adoh laku utama[18] | kadêrêng nuruti kapti | hardaning tyas dèn uja saya andadra ||

3. Dasihe datan suminggah | sasukane kang ngarani | marga paningaling Suksma | beda lan paningal lair | dadya dasihe wani | nadyan kanthi ilining luh | ati kadi ngirisan | nêmpuh byat atilar siwi | tilar priya labêt rumangsa wong papa ||

--- 1 : 58 ---

4. Lamun datan makatêna | satêmah ambilaèni | anggêgawa garwa putra[19] | kang tan dosa dèn lèpèti[20] | dhasar wus dèn andhêmi | dasihe dhewe kang luput | muhung dèn rilakêna | ywa kudu-kudu ngulati | ila-ila punapa lamun kapanggya ||

5. Nggêgadhang papa-cintraka | wurung sêdya tanpa dadi | emuta kakang mas lagya | nglakoni ayahan Widhi | mberat laku tan yukti | mêmalaning jagad agung[21] | kang sinandhang nèng Jawa | tan pae angrêrigoni | apa guna wanita kadi sakula ||

6. Dasihe suka lêgawa | nampa wisesaning Widhi | jêr lêlakon Marcapada | pindha wayang mung sadrêmi | Ki Dhalang kang akardi | pedah apa golèk ayu[22] | yèn nggêgawa duraka[23] | prayoga sumingkir têbih | kang tinilar enggala entuk ngapura ||

7. Paduka Wali utama | wicaksana sadubudi | dhasar sinihan Hyang Suksma | tan samar mring barang gaib | mokal yèn tan udani | osik rasaning kalbuku[24] | tangèh karya wisuna[25] | sarambut pinra sakêthi | sêpi-sonya saking rasa sêdya ala ||

8. Mung punika atur kula | minangka ripta mungkasi | ala-bêcik wus tinêmah | jêr kabèh lêlakon kang wis | tan kêna dèn balèni | titi surasaning têmbung | dasihe mung mêminta | kang samodra pangaksami[26] | saking kula ibune Kidangtêlangkas ||

Coba limbang-limbangên, layange Sang Dèwi Rasawulan iku êndi ukara-ukarane sing isi endahing basa.

Têmbung-têmbung entar liyane, kaya ta:
1. Lobok atine. Sabar, ora gampang muring.
2. Dawa tangane. Climut, sênêng njêjupuk (darbèking liyan).
3. Jêmbar sagarane. Sugih pangapura.

--- 1 : 59 ---

4. Lunyu ilate. Gunême mencla-mencle, molah-malih, ora kêna dipracaya.
5. Tipis lambene. Sênêng nyatur wong, sênêng mêmisuh.
6. Ènthèng tangane. Cêngkiling, dhêmên milara, sok nangani.
7. Gêdhe êndhase. Ambêk ujubriya-kibir, sumangkeyan.
8. Panggêdhe kang landhêp pène. Sênêng mèngêti kaluputaning andhahane lan ngrepotake marang dhêdhuwuran.
9. Ngatonake siyunge. Nuduhake panguwasane, nuduhake kuwanène.
10. Udan tangis. Akèh wong-wong kang padha nangis.
11. Nggêdhèkake puluk. Nêngênake pangan, kurang utawa ora ana prihatine.
12. Kêlepetan ala. Katut mèlu ala.
13. Nggugah susah. Marakake (krasa) susah (manèh).
14. Kawruhe basa Jawa jêmbar. Akèh lan nyukupi.
15. Manis èsême. Ngrêsêpake, agawe kenyuting ati.
16. Mogèl ilate. Mêmangan akèh warna-warna lan sarwa enak.
17. Agawe pinggêting ati. Marakake sêriking ati, agawe jèngkèl.
18. Mbalang liring. Nglirik, ngujiwat.
19. Kawruhe Jawa-Kuna matêng. Cukup, malah nyêdhaki marang sampurna.
20. Metani luputing liyan. Nggolèki luputing liyan.
21. Mbukak wadi. Ngandhakake wadi.
22. Ngabangake kuping. Agawe nêpsu.
23. Ora kuwat payung. Ora bisa duwe drajat.[27]
24. Mbuwang tilas. Api-api nindakake apa-apa kanggo nutupi panggawe ala kang mêntas ditindakake.
25. Ngrabèkake sikut. Wong lanang njarag senggolan karo wong wadon utawa kosokbaline (wonge wadon sing njarag), upamane ana ing pasar, papan tontonan lan sapanunggalane.
26. Panèn mata, pailan gulu. Wêruh pangan warna-warna kang sarwa menginake, nanging ora bisa

--- 1 : 60 ---

mèlu wêruh rasane (ora mèlu mangan, ora diwènèhi)
27. Sanajan padhang mripate, nanging pêtêng atine. Sanajan ing lair katon sênêng, nanging batine satêmêne ora sênêng.
28. Têmbunge pêdhês bangêt. Têmbunge agawe sêrik lan mangkêl bangêt.
29. Ngêndhalèni hawa-napsu. Nyêgah kêkarêpan kang ora prayoga.
30. Papan kang kiwa. Panggonan kang ora adhakan, ora kêrêp kaambah.
31. Dewa iku luput ing pati.[28] Dewa iku ora kêna ing pati, ora kêtaman ing pati.
32. Muga kalisa sakèhe lêlara. Muga aja kêtaman ing lêlara apa-apa.
33. Nyambutgawe nganti adus kringêt. Nyambutgawe abot (angkat-junjung).
34. Ngêtog karosan, ngêpuh kringêt. Kanthi mêmpêng bangêt.
35. Prajurit kang prawira apambêgan: wêdi wirang, wani mati. Wirang (isin) manawa nganti nungkul marang mungsuh, luwih bêcik mati.
36. Nandur kabêcikan, ndhêdhêr kautaman. Gawe kabêcikan marang pêpadhaning urip, bokmanawa anak-putune ing têmbe tampa piwalêse.
37. Ngadu wulêding kulit, atosing balung. Ngadu tyasa, unggul-unggulan kadigdayan utawa kaluwihan.
38. Ora ngrêngga prajane. Ora njaga awake supaya uripe ana ing madyaning bêbrayan-agung (masyarakat) bisa kajèn-keringan.
39. Ora katon dhadhane. Ora wani adu-arêp.
40. Nggilut kawruh. Ngudi kawruh kanthi kamêmpêngan.
41. Murid kang kêtêngên. Murid kang dikasihi dening guru.
42. Kanggo cagak lèk. Kanggo srana supaya bisa bêtah mêlèk.
43. Gunême ora karuwan bongkot-pucuke. Ora gênah urut-urutane, ora runtut.
44. Wudune Mujiwati durung matêng. Durung êmpuk, durung gampang mêcahe.
45. Tumiba ing kasangsaran. Nêmahi urip ora kapenak.

--- 1 : 61 ---

46. Kuwat drajat. Bisa dadi wong gêdhe (pêmimpin).
47. Tumênga sêpa, tumungkul sêpi. Ora ana (wong) sing kêna disambati utawa dijaluki tulung.
48. Kêna tinênga-tênga. Kêna dijaluki pangayoman, manawa ana kala-mangsane nêmu urip ora kapenak. Kêna disambati.
49. Adhine ditungkulake. Ditilapake, ditinggal lunga kanthi dilimpèkake.
50. Buntut kuwi rak ya mung manut sirahe. Pangkat cilik (andhahan) kuwi rak ya mung manut marang panggêdhene.
51. Growah kapracayane. Suda akèh kapracayane.
52. Lara ati kok, dudu lara awak. Jèngkèl, nêpsu, sêrik, mangkêl atine.
53. Wis ora duwe ati (êntèk atine). Kuwatir bangêt.
54. Atine mêtu wulune. Darbe sêdya ala, marga kadunungan mèri (drêngki).
55. Mata dhuwitên. Petung bangêt (ingatase bab-bab sing gêgayutan karo dhuwit).
56. Sêkolahe mogol, kêgiwang kincanging alis. Kêpencut mêmanising wanita.
57. Cangkêm gatêl, arang mingkêm. Sênêng ngrasani alaning liyan, sênêng muni-muni (ngucapake têmbung sing kasar utawa saru).
58. Cangkêm rusak, godhong jati krasa opak. Sanajan sing ora lumrah dipangan ya mêksa dipangan.
59. Ngangsu kawruh. Maguru.
60. Atine momot. Sabar bangêt, ora gampang muring.

X. Paribasan.

Paribasan, bêbasan lan saloka iku satêmêne uga kalêbu ing golongane têmbung entar, sabab têlu-têlune padha ora kêna mung ditêgêsi ing sawantahe bae; kabèh padha mawa surasa kang ora mung salugune bae.

Bedane paribasan, bêbasan lan saloka karo têmbung entar, mangkene:

Paribasan, bêbasan lan saloka iku kabèh ajêg unèn-unène, nanging têmbung entar unèn-unène ora ajêg. Tuladhane:

Paribasan: Yatna yuwana, lena kêna. Ora kêna diganti liyane; têmbunge, siji bae ora ana sing kêna disalini têmbung liya.

Bêbasan: Nyangoni kawula minggat. Unèn-unèn iku uga kudu ajêg kaya mangkono, ora kêna diowahi

--- 1 : 62 ---

mangkene upamane: Nyangoni batur minggat, nyangoni kawula lunga. Ora kêna.

Saloka: Kêbo bule mati setra. Ora kêna ana têmbunge sing disalini, upamane: kêbo lamus mati kêbrangus, kêbo bule mati disate, sapi abang mati njêkangkang. Kabèh iku, ora kêna.

Têmbung entar: Gêdhe atine. Têmbunge, salah siji kêna diganti. Upamane: Cilik atine. Sanajan unèn-unèn "cilik atine" iku ora padha têgêse karo "gêdhe atine", malah atêgês kosokbalèn, nanging unèn-unèn "cilik atine" uga isih diarani têmbung entar. Balik paribasan, bêbasan lan saloka, manawa ana têmbunge sing diganti têmbung liya, banjur wis ora aran paribasan, bêbasan utawa saloka manèh.

Murih têrange, nganggo tuladha têmbung-têmbung entar liyane, kaya ta:
Gêdhe êndhase.
Gêdhe rêjêkine.
Gêdhe tekade.
Gêdhe pangarêp-arêpe.
Gêdhe gunane.
Landhêp atine.
Pène landhêp.
Landhêp pangrasane.
Landhêp pangrungune.
Landhêp pikire. Lan liya-liyane.

Paribasan, bêbasan lan saloka. Têlung warna iku gampang cawuh, amarga pancèn angèl olèhe mbedak-mbedakake siji karo sijine.

Pangimpun dhewe rumangsa durung tau mrangguli (nêmu utawa krungu) katrangan sing gumathok lan marêmake ingatase beda-bedane: paribasan, bêbasan lan saloka. Bisane, pangimpun mung asung ancêr-ancêr mangkene.[29]

1. Paribasan, unèn-unèn kang ajêg panganggone, mawa têgês entar, ora ngêmu surasa pêpindhan. Tuladhane: Yatna yuwana, lena kêna. Têmbung-têmbung ing unèn-unèn "Yatna yuwana", "lena kêna" iku siji-sijine padha ora ngêmu surasa pêpindhan. Mung ana têmbung-têmbung liya kang padha têgêse karo têmbung-têmbung iku, yaiku:
Yatna = wêweka, yitna, ngati-ati.
Yuwana = basuki, rahayu, slamêt.
Lena = pêpeka, ora ngati-ati.
Kêna = kêtaman (ing babaya).

2. Bêbasan, unèn-unèn kang ajêg panganggone, mawa têgês entar, ngêmu surasa pêpindhan. Kang dipêpindhakake kaanane utawa sêsipatane wong (utawa barang). Wonge (barange) uga katut ing sajrone pêpindhan iku, nanging kang luwih diwigatèkake "kaanane". Tuladhane:

--- 1 : 63 ---

Kêrot ora duwe untu.

Kêrot, pêpindhane: sêdya, niyat, kêkarêpan, panjangka.

Ora duwe untu, pêpindhane: ora duwe wragad, ora duwe dhuwit.

3. Saloka, unèn-unèn kang ajêg panganggone, mawa têgês entar, ngêmu surasa pêpindhan. Nanging kang dipêpindhakake "wonge". Mêsthi bae watak utawa kaanane ya katut, nanging sing luwih diwigatèkake "wonge". Tuladhane:

Kêbo bule mati setra.

Têmbung "kêbo" ing unèn-unèn iku isi pêpindhaning "wong".

Bule, pêpindhane: pintêr. Wong Jawa duwe kayakinan manawa kabèh wong sing akulit bule (ing tanah Jawa dhèk biyèn sing akèh bangsa Walanda) mêsthi pintêr.

Mati, pêpindhane: nêmu cilaka, sangsara uripe.

Setra, pêpindhane: papan kang ora nyênêngake, jalaran wong-wong padha ora mbutuhake kapintêrane wong mau. Yèn têgêse têmbung, setra iku papan pambuwangan bangke (kuburan).

Saiki ngêmungake bab paribasan dhisik.

Paribasan iku uga kêrêp bangêt tinêmu ana ing Kasusastran. Tuladhane, kaya ta:

I. Asmaradana.

Dèn nastiti ngati-ati | tindak-tanduk dèn tumata | kanthi sarèh mrih pakolèh | aywa mburu kêbat kliwat | tandang kang gancang pincang | kêsusu gampang kêliru | alon klakon lwih prayoga || (Pm).

II. Gambuh (Wulangrèh P.B. IV).

1. Wontên pocapanipun | adiguna adigang adigung | pan adigang kidang adigung pan èsthi | adiguna ula iku | têlu pisan mati sampyoh ||

2. Si kidang ambêgipun | ngêndêlakên kêbat lumpatipun | pan si gajah ngêndêlakên gêng ainggil | si ula ngêndêlkên iku | mandine wisa yèn nyakot ||

Unèn-unèn "adigang", adigung, adiguna apadene gancang pincang, kêbat kliwat iku panganggone ajêg kaya mangkono, lan padha ora ngêmu surasa pêpindhan. Mulane unèn-unèn iku kalêbu ewone paribasan.

--- 1 : 64 ---

Kêbat kliwat, gancang pincang = kêsusu nindakake (karêpe bisa uga supaya tumuli rampung), nanging marga kliru, malah banjur dadi luwih suwe, jalaran kêpêksa mbalèni saka wiwitan manèh.

Adigang = ngêdir-êdirake kêkuwatane, panguwasane, kadigdayane.

Adigung = ngêdir-êdirake kaluhurane.

Adiguna = ngêdir-êdirake kapintêrane (ngèlmune, kagunane, kaluwihane).

Ana ing padhalangan, paribasan adigang, adigung, adiguna tarkadhang ditêgêsi nganggo pêpindhaning kewan kayadene têmbang Gambuh ing pada kang No. 2 iku.

Adigang wataking kidang, ngêndêlake cukating playune.

Adigung wataking gajah, ngêndêlake gêdhening awake.

Adiguna wataking ula, ngêndêlake mandining wisane.

Nanging ana ing Bausastra-bausastra utawa ing buku-buku basa Jawa, ora ditêgêsi kaya yèn ana ing padhalangan mangkono iku.

Mungguh paribasan iku cacahe akèh bangêt. Ing ngisor iki tuladhane liyane:

1. Ana catur mungkur. Ora gêlêm ngrungokake (mraduli) rêrasaning liyan kang ora prayoga, kang bisa uga njalari tuwuhing padudon utawa rêgêjêgan.

2. Undhaking pawarta, sudaning kiriman. Pawarta iku lumrahe mundhak saka nyatane, nanging kiriman lumrahe (tumêkane wong sing dikirimi) suda utawa kalong.

3. Kêpara-kêpere. Ora padha pangêdume, ana sing kaduk lan ana sing kêsêthithikên.

4. Blaba wuda. Marga saka bangêting lomane, nganti awake dhewe nandhang kêcingkrangan.

5. Durung pêcus kêsêlak bêsus. Durung sêmbada, wis kêpengin sing ora-ora. Upamane durung pintêr, wis kêpengin omah-omah.

6. Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kelangan. Wong liya, nanging yèn nganti nandhang ora kêpenak, mêsthi dibelani.

7. Mbidhung api rowang. Sumêdya maeka, rewa-rewa asung pambiyantu.

8. Nambung laku, utawa tambuh laku. Api-api ora ngrêti.

9. Criwis cawis. Diprentah, ing lair sajak wêgah, madoni, nanging ing batin sumadhiya nindakake, lan wasanane uga tumindak têmênan.

10. Cekoh regoh. Wong kang wis jêmpo sarta wis ora bisa nggêglawat.

11. Cekoh kokoh. Dhokoh sarta sêngkut bangêt pamangane.

--- 1 : 65 ---

12. Cobolo mangan têki. Wong bodho, ora pantês yèn ta mangana sêga utawa pêpanganan kang salumrahe, patute mung mangan têki.

13. Kuncung nganti gêlung. Wiwit isih bocah (cilik) nganti tumêkane diwasa.

14. Kongsi jambul wanên. Kongsi tuwa bangêt.

15. Tulung mênthung. Têtulung, nanging wasanane malah saya agawe rêkasane wong kang ditulungi.

16. Saksi rumêmbe. Saksi susulan; upamane: ing sakawit kandha mung duwe saksi siji, pamburine kandha darbe saksi loro utawa luwih.

17. Dahwèn ati opèn. Nacad, nanging panacade mau marga darbe melik marang barang sing dicacad, arêp dialap dhewe. Dadi olèhe api-api nacad mau supaya wong liya padha gêla lan ora ngarêpi, satêmah barang mau bisa kêna awake dhewe.

18. Tan-tan tuman. Paribasan iki cêkakane: tahan-tahan tuman. Bisa tahan (bêtah, kuwat), marga wis kulina.

19. Wêlas têmahan lalis. Wêlas marang wong, pamburine malah agawe cilakaning wong kang diwêlasi. Upamane: marga wêlas (bisa uga kagawa saka trêsnane) tansah gêlêm têtulung, wasana wong sing ditulungi (diuja) banjur kurang prihatine utawa ihtiyare, marga tansah ngêndêl-êndêlake pitulungan.

20. Nyolong pêthèk. Ora mèmpêr karo pêthèke; dipêthèk pintêr (marga katone ing lair sajak patut yèn ta pintêra), wasana jêbul bodho. Utawa kosokbaline: dipêthèk bodho, jêbul pintêr.

21. Giri lusi, janma tan kêna ingina. Ora kêna ngina marang wong. Salagine cacing sing mung bisa nggrêmêt, bisa nganti têkan ing pucaking gunung; apa manèh manungsa, saya ora kêna diina.

22. Obah ngarêp, kobèt buri. Yèn wong sing dadi pangarêp gêlêm tumindak kanthi kamêmpêngan (gêlêm ada-ada), kang ana ing buri yaiku andhahane mêsthi mèlu bae.

23. Ciri wanci, lêlai ginawa mati. Cacad utawa padatan ala, ora bisa ilang nganti wong sing kasinungan padatan kaya mangkono mau tumêka ing pati.

24. Kinêban lawang tobat. Wis ora bisa olèh pangapura saka Gusti Allah.

25. Kadang konang. Sing diaku sadulur mung sanak-sadulure sing sugih (sing linuwih, sing dadi priyayi).

26. Tunggal wêlad. Tunggal bapa-biyung.

27. Kêtula-tula kêtali. Tansah ngalami (nandhang) ora kapenak, kêrêp nêmu rêribêd.

28. Kalah cacak mênang cacak. Samubarang apa bae, bisa nindakake lan orane, kanyata sawise dicoba. Mulane, aja kêsusu kandha ora bisa, sadurunge dicoba.

--- 1 : 66 ---

29. Njajah desa milang kori. Njajah têkan ngêndi-êndi, lan prasasat kabèh panggonan, nganti têkan papan sing cilik-cilik lan kiwa, ditêkani sarta disêtitèkake kaanane.

30. Sadumuk bathuk, sanyari bumi. Pêpadon prakara lêmah lan wanita, lumrah dilabuhi nganti tumêka ing pati.

31. Ulat madhêp ati karêp. Dhasar atine wis cocog, tur ya pancèn wis lawas kêpengine.

32. Golèk-golèk kêtanggor wong luru-luru. Mbutuhake sawijining barang, nêmbung nyilih (golèk utangan) marang wong liya, jêbul wong sing ditêmbungi iku uga mbutuhake barang mau, malah lagi arêp ihtiyar golèk silihan.

33. Jalukan ora wewehan. Gêlêm njaluk, ora tau gêlêm wèwèh.

34. Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pakolèh. Sanajan kanthi alon wong têrus nindakake, mêsthi bakal kalêksanan sêdyane.

35. Jumambak manak, jumêbêng mêtêng. Kêrêp bangêt duwe anak. Anggêr rambute anake wis jumêbêng, ngarêpake jumambak, wis mêtêng manèh. Tumêkane rambute anake wayah jumambak, wêtêngane lair (duwe anak manèh).

36. Njunjung ngêntêbake. Ngalêmbana, nanging ngandhut maksud ngêsorake, ngrèmèhake.

37. Wong wadon iku paribasane: swarga nunut, nraka katut. Bêgja-cilakane wanita iku mung gumantung marang guru-lakine.

38. Durung ilang pupuk-lêmpuyange. Dipadhakake bocah cilik kang isih mawa pupuk pipisan lêmpuyang ing êmbun-êmbunane.

39. Ana daulate ora ana bêgjane. Ana ungup-ungupe bakal olèh kabêgjan, nanging kabêgjan mau ora sida tumiba.

40. Kêplok ora tombok. Mèlu sênêng-sênêng, nanging ora mèlu ngêtokake wragad (ora cucul wragad, ora mèlu urun wragade).

41. Yatna yuwana, lena kêna. Sing sapa wêweka nêmu raharja, sing pêpeka nêmu cilaka.

42. Lengkak-lengkok, ora wurung ngumbah popok. Wong wadon tinari omah-omah, ing sakawit ora gêlêm nglakoni, wasanane gêlêm, malah klakon duwe anak barang.

43. Yuwana mati lena. Wong bêcik bêbudène nêmu cilaka, marga saka kurang wêweka.

44. Ladak kêcêngklak. Wong angkuh nêmu pakewuh.

45. Kênès ora èthès. Wanita (pemudi) kang sugih umuk, nanging bodho.

46. Blilu tau, pintêr durung nglakoni. Sanajan kurang kapintêran, sarèhne wis kêrêp nindakake, mêsthi luwih prigêl tinimbang wong sing luwih pintêr, nanging durung tau nindakake.

--- 1 : 67 ---

47. Busuk kêtêkuk, pintêr kêblingêr. Sing bodho lan sing pintêr padha dene nêmu cilaka. Sing bodho olèhe cilaka marga pancèn saka ora ngrêtine, sing pintêr marga kurang wêwekane.

48. Anak molah bapa kêpradhah. Nêmu pakewuh, marga saka luputing tindake anake.

49. Sêmbur-sêmbur adas, siram-siram bayêm. Saka puji-pandongane wong akèh, muga-muga bisa klakon têmênan, klakon kaya puji-pandongane wong akèh mau.

50. Bapa kêsulah, anak kêpolah. Anak kuwajiban tanggung jawab marang prakarane bapakne kang wus tinggal-donya.

Sulah (disulah) = diukum sarana dikrocok gêgaman landhêp, upamane sarana ditumbaki.

51. Kêndêl ngringkêl, dhadhag ora godag. Kêrêp ngungasake kêkêndêlan, kêrêp ngumukake kapintêrane, wasana barêng ana gawe pari gawe kang kudu ditandangi kanthi mbutuhake kêkêndêlan lan kapintêran jêbul ora bisa mrantasi, malah ketok jirih lan bodhone.

52. Kulak warta, adol prungon. Têtakon warta, ngandhakake pawarta kang wis dirungu.

53. Tuna satak bathi sanak. Tuna sathithik ora dadi apa, anggêre bisa imbuh mitra.

54. Tut wuri ndayani. Wong tuwa (Guru) kang nyakarêp marang pêpenginane wong nom (murid), yaiku pêpenginan kang bêcik (idham-idhaman luhur, ada-ada, inisiatip), nanging bisa mahanani woh kang bêcik, sanajan mung sarana ngulat-ulatake lan awèh pamrayoga saprêlune.

55. Têmbang rawat-rawat, ujare bakul sinambewara. Kabar kang durung kêna dipastèkake bênêr-lupute.

Têmbang = tabuh. Nêmbang têngara = nabuh têngara (tandha), upamane kang ditabuh minangka kanggo têngara iku bêndhe.

Sambewara = (disêsêli na utawa in dadi: sinambewara) = sudagar, bakul.

56. Sêpi ing pamrih, rame ing gawe. Tanpa darbe pamelik apa-apa, tumindak ing gawe kanthi kamêmpêngan.

Ing jaman aklak rusak, akèh wong-wong kang asipat kosokbaline iku, yaiku: Sêpi ing gawe, rame ing pamrih. Wêgah rumagang ing gawe, mung padha kêgêdhèn melik (Suka menuntut, tetapi kurang memenuhi kewajiban).

57. Gêmblung jinurung, edan kuwarisan. Atindak ndhugal, ugal-ugalan, nanging tansah nêmu slamêt. Sanajan ndhugal, ora tau kêtanggor; ora tau nêmu cilaka.

58. Sluman-slumun slamêt. Sanajan ora wêweka, tansah nêmu yuwana.

--- 1 : 68 ---

59. Dhêmit ora ndulit, setan ora doyan. Tansah raharja, ora ana pangganggu gawe kang bisa tumama.

60. Buntêl kadud, ora kinang ora udud. Buruh nyambut gawe kanthi opah borongan, tanpa tampa ingon.

Kadud = bangsane bagor kang digawe saka rami.

61. Winongwong Jawata. Tansah kêtêkan sabarang kang sinêdya.

Manawa têgêse sing lugu: diêmong dening dewa.

62. Êntèk golèk, kurang amèk. Ngunèn-unèni wong kang nganti sakatoge. (Rêsik pacêrèn).

63. Garang, garing. Ing lair katon sarwa brêgas, ora mèmpêr manawa wong kêcingkrangan uripe, nanging satêmêne mlarat ora duwe apa-apa.

64. Sipating wanita iku paribasane: karubyuk kabotan pinjung. Wanita iku anane mung sarwa rubêd.

65. Didhadhunga mêdhot, dipalangana mlumpat. Wis ora kêna diêndhakake kêkarêpane.

66. Sing malang-malang putung, sing rawe-rawe rantas. Kabèh sing ngalang-alangi sêdyane, kêna disirnakake.

I. Paribasan iku sing akèh-akèh ana gêgayutane karo lêlakon-lêlakon kang uwis kêpungkur (ing biyèn). Tuladhane: Tunggal wêlad.

Ing jaman biyèn, pangêthoke ari-arine jabang-bayi kang mêntas lair, nganggo wêlad. Wêlad kang kanggo ngêthok ari-ari, disimpêni. Manawa jabang-bayi iku ing têmbe ana adhine, pangêthoke ari-arine uga nganggo wêlad iku. Mulane sadulur kang tunggal bapa-biyung uga ditêmbungake "tunggal wêlad".

Tuladhane manèh: Bapa kêsulah anak kêpolah.

Dhèk jaman biyèn ana wong (bapa) kang tampa paukuman (manut putusaning pangadilan): kudu disulah, yaiku dikrocok ing lêlandhêp (tumbak akèh, nganti mati).

Anake wong iku kêpêksa polah, ihtiyar murih bisane mbayar utange bapakne kang wis mati marga disulah iku, marga duwe kaprêcayan, manawa wong mati nganti isih tinggal utang ana ing donya, suksmane ora bisa munggah swarga.

II. Paribasan iku ana sing ukarane (unèn-unèn) tarkadhang kêlantur owah saka asal-mulane kang sakawit. Kaya ta:

1. Wêlas têmahan lalis. Ing jaman saiki sok kêlantur: wêlas tanpa alis.

2. Nyolong pêthèk. Ing jaman saiki sok dilanturake: nyolong pêthèl. Malah tarkadhang luwih dilanturake manèh dadi: nyolong pêthèl sasangkal-sangkale pisan.

3. Tahan-tahan tuman. Ing jaman saiki kêlantur dadi: tantan tuman.

--- 1 : 69 ---

 


§ Pambanguning isinipun cap-capan kaping sakawan marêngi: Sêtu Paing 12 Mulud, warsa Ehe 1892 utawi: 3 Sèptèmbêr 1960. (kembali)
§ Akèh para paramèng basa kang mratelakake manawa "kabudayan" asale saka têmbung "budi". (kembali)
§ Manut kawruh kabatinan, têmbung "bara" saka "bra" kang atêgês: pêpadhang. Dudu pêpadhang kang kasat mripat, nanging pêpadhanging batin (ati). Barabudhur = pêpadhang kang asipat luhur. (kembali)
§ Cundhukna karo têmbung "camboran baliswara", kaya ta: Raja-putra = putraning raja. Narpa-wandawa = wandawaning narpa (krabating ratu, saduluring ratu). (kembali)
lan. (kembali)
§ Wujude pada-gêdhe padha karo pada-madya. Sabab: pangkat lan umure wong-wong sing maca, tinimbang pangripta, ana sing luwih gêdhe lan ana sing luwih cilik; umure ana sing luwih tuwa lan ana sing luwih nom; dijupuk têngah-têngahe, yaiku pada madya (dudu pada-andhap, dudu pada-luhur). (kembali)
§ Gana (lanang) + sêsêlan: êdh. Gini (wadon) + sêsêlan: êdh. (kembali)
§ Ngéngréngan kasusastran Djawa jilid II. (kembali)
§ Tumrap kawruh kabatinan atêgês: ora kêrèh kadonyan. (kembali)
10 Wondene têmbung "klawu" utawa "kêlawu" asale saka têmbung lingga: awu + sêsêlan êl. (kembali)
11 § Walanjar = wulanjar. Waragil = wuragil. (kembali)
12 § Manut kawruh basa: prawan (prawa + an) = bocah wadon kang nêdhêng mbabar prawa utawa praba (sorot). (kembali)
13 § Almênak Waspada 1954. (kembali)
14 § Muga-muga aja tampa sêsiku. (kembali)
15 § Ora ngrêti tata-krama. (kembali)
16 § Nyimpang tata, ora nganggo tata. (kembali)
17 § Ngilangake katrêsnan. (kembali)
18 § Ora nindakake kautaman. (kembali)
19 § Garwa-putra katut ala. (kembali)
20 § Sing ora dosa mèlu katut (ala). (kembali)
21 § Kang njalari ora têntrêming jagad. (kembali)
22 § Ngudi supaya slamêting urip. (kembali)
23 § Yèn njalari (wong liya) kêdosan marang ... . (kembali)
24 § Ciptaning atiku. (kembali)
25 § Ora bakal agawe ora kapenake ati (kasusahan). (kembali)
26 § Nyuwun pangapura. (kembali)
27 § Ing jaman biyèn, wong sing adrajat (priyayi) mêsthi duwe payung-upacara. (kembali)
28 § Manut buku Smaradahana karangane Êmpu Darmadja, ana dewa sing seda, yaiku Kamajaya, diobong dening Bathara Guru sarana netra kang katêlu. (kembali)
29 § Para siswa ora prêlu mbedak-mbedakake sing diarani paribasan, bêbasan lan saloka; cukup mêruhi têgêse bae. (kembali)