Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123)

Judul
Sambungan
1. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 001–068). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
3. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
4. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 18-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab IX. Basa pêprênesan.

Basa pêprênesan iku têtêmbungan utawa unèn-unèn kang digawe-gawe, lumrahe ngêmu surasa pamiluta utawa mêmencut.

Wong nglairake basa pêprênesan iku lumrahe darbe sêdya "nuju prana" marang wong kang ing nalika iku pinuju ana ing sacêdhake. Maksude, supaya wong iku bisaa katuwuhan rasa sênêng kang tundone banjur katêtangi rasa-pangrasane "sih trêsna" marang wong kang nglairake basa pêprênesan mau.

Basa pêprênesan iku nyêdhaki têtêmbungan crêmêdan utawa lekoh. Tumrap wong sing alus budine lan sugih wêweka, nyirik marang basa pêprênesan. Ngucapake manèh gêlêma, krungu bae wis ora sênêng. Maca buku-buku kang isi basa pêprênesan ora wêgah, mung mligi kanggo ngganêpi pêpaking kawruh Kasusastran.

Basa pêprênesan sok kêprungu ana ing pasrawungan, kanggo pacalathon lumrah. Nanging sing luwih adhakan kêprungu ana ing cakêpane têmbang utawa lêlagon kang kanggo nggerongi gêndhing, luwih-luwih ing perangan kang diarani umpak-umpak lan sênggakan.

A. Basa pêprênesan padinan.

Basa pêprênesan padinan, kang diucapake kanggo pacalathon, lèrège ngandhut maksud "sêmbrana parikêna". Wong sing ngucapake darbe pangangkah marang bab kang dilairake, nanging

--- 64 ---

supaya ora ngatarani, panêmbunge kanthi sêsêmbranan. Ing lair, panêmbunge sajak api-ora, sajatine niyat têmênan.

Tuladha:

1. Yèn (barangku) nêdya kotuku, aku ora olèh; nanging yèn kojaluk, malah dakwènèhake kabèh. (Unèn-unèn iki ngandhut maksud sing jêro).

2. Dodolane rokok larang, nanging mêksa dak sêrang (mêksa dak tuku), wong sing dodol ora kalah aksi karo Rara Mêndut.

3. Jarite bae larang, apa manèh bakule, mendah gêdhening pêpanggile. (Pêpanggil = panjaluke wanita marang priya kang ngajak bêbrayan urip; yèn saguh minangkani panjaluke, ya gêlêm manut-miturut).

Wong tindak "sêmbrana parikêna" iku tarkadhang bisa kalêksanan kang sinêdya, manawa wong iku pancèn agawe panujuning atine wong kang dituju prana. Nanging tindak "sêmbrana parikêna" iku yèn ora tiba kêbênêran, sisip-sêmbire tampa pêpisuh rêsik pacêrèn têmênan, nandhang wirang. Mulane wong sing alus budine tur sugih wêweka, ngêdohi tindak "sêmbrana parikêna", ngêmohi basa pêprênesan.

B. Basa pêprênesan ing lêlagon, têmbang (gerong).

1. Sênggakane têmbang Pangkur ing gatra kang kalima (tumrap sawênèhe lagu).

Ora susah koliwêtke, waton alus gêlungane; ya ndhuk.

2. Sênggakane gêndhing Orèk-orèk motor-mabur:

Gêndhulak agêndhulik, apa sida apa ora.

3. Sawênèhing cakêpane lêlagon "Suwe ora jamu".

Suwe ora jamu, jamu godhong suruh.

Suwe ra kêtêmu, têmu pisan ngajak rusuh.

(Iki bisa isi surasa sing jêro).

4. Sênggakane Ulêrkambang ing gatra kang mèh wêkasan:

Pipimu kêna dakdumuk; dakdumuk nganggo langês, nora saru mandar luwês.

5. Bêbukane gêndhing Sinom Parijatha:

Ing-ing golèk tandhing lêncir kuning. Utawa:

Ing-ing dhanar-dhanar dhenok kuning.

6. Sênggakan kang sinawung parikan.

Nyangking èmbèr kiwa-têngên.

Lungguh jèjèr tamba kangên.

7. Parikan ing bêbukane gêndhing Pangkurlamba:

Kêmbang gêdhang, mantèn wedhok nggodhog wedang.

Gilang-gilang, kêtungkul nyawang sing lanang.

--- 65 ---

8. Umpak-umpak dalah gerongan Asmaradana:

Sing jambon-jambon ya klambine

sing luwês-luwês wiragane

sing manis-manis wicarane ... banjur nyandhak gerong:

Dhasar sulistya ing warni (sênggakan "mrak-ati jatmika").

ngêndi baya kang pinangka

sapa baya pêparabe (sênggakan "sapa têpungane").

sapa baya kang ayoga

baya ta masih kênya

baya wis ana kang mêngku

baya karsa nanggapana. (Pm).

Wong sing bêcik bêbudène, bêcik tindak-tanduke, lan uga bêcik gunême, nêmbanga, ya nganggo cakêpan sing apik. Nggerongana gêndhing, ngucapna umpak-umpak utawa nyênggakana gêndhing pisan, ya milih unèn-unèn sing prayoga. Kang isi pituduh bêcik, kang amot pitutur, kang laras karo jamane yaiku "jaman pambangunan".

Ing jaman pambangunan, têmbang lan gerong uga prêlu dibangun. Ora ngêmungake lagune bae, uga cakêpane. Cakêpan kang isi basa pêprênesan, têtêmbungan lekoh utawa crêmêdan, sing bisa nênuntun marang rusaking aklak, prayoga diganti sing isi pitutur, isi pituduh sing murakabi ingatase pambangunan.

Tuladha warna wolu ing dhuwur iku upamane, kêna diganti mangkene:

1. Sênggakane têmbang Pangkur:

Aja watak ngêndhe-êndhe, bêcik trus tumandang nggawe; ya le.

2. Sênggakane gêndhing Orèk-orèk motor-mabur:

Sêpia marang pamrih, nanging rame tandang nggawe.

3. Cakêpane lêlagon "Suwe ora jamu".

Lir kêtiban ndaru, bêgja kêmayangan.

Dèn mêmpêng sinau, mrih rancaging pambangunan.

4. Sênggakan Ulêrkambang ing gatra kang mèh wêkasan:

Bêktia ibu pratiwi, mêmpêng ngudi ngèlmi, kinarya mbangun nagari.

5. Bêbukane gêndhing Sinom Parijatha:

Ing-ing aja nglokro tangi maning.

6. Sênggakan kang sinawung parikan:

Manuk glathik, mabur dhuwur; tindak bêcik, budi luhur.

7. Parikan ing bêbukane gêndhing Pangkurlamba:

Kêmbang gêdhang, sumangsang warnane abang.

Bocah lanang, wajib tumandang bêrjuang.

--- 66 ---

8. Umpak-umpak dalah gerongan Asmaradana:

Dèn gêmi nastiti uripe.

dèn tanggon ing sabarang nggawe

dèn prasaja ing wicarane, ... banjur nyandhak gerong:

Jaman dhemokrasi mangkin (Sênggakan "padha eling poma".)

beda lan duk kuna-kuna

sapa wonge sing sumendhe (Sênggakan "ngêdir-êdirake".)

ngêndêlake mring wong tuwa

dupèh trahing awirya

moh ichtiyar mamrih maju

tan wande wurung dandanan. (Pm).

Panunggalane têmbang-têmbang kang mawa cakêpan pêprênesan, kaya ta:

1. Kinanthi.

1. Kinanthi panglipur wuyung | rêrênggane prawan sunthi | durung pasah doyan nginang | tapih pinjung nging mantêsi | mendah baya yèn diwasa | bumi langit gonjang-ganjing ||

2. Lêlewane gawe gandrung | kincange alis wèh brangti | ulat galak nggugah brangta | liringe angasmarani | wiraga mawèh wigêna | ngujiwate milangoni || (Pm).

2. Dhandhanggula

(Petruk sing nêmbang, Garèng nyanthulani).

Banuwati rupane yu manis | benjing lamun Suyudana seda | sayêkti sun pondhong dhewe (Garèng nganggo ukara gancaran: "Yak, mokal. Dadia randha pisan, mangsa gêlêma Banuwati koalap".) | kalamun datan purun | sun rewangi apati gêni (Garèng: "Pati gênia, nganti awakmu kuru-aking, mangsa klakona sêdyamu. Cêkake, salawasmu nèng donya, ora bakal klakon têtêmon karo Banuwati"). | yèn tan panggih nèng donya | nèng akerat besuk (Garèng: "Nèng akerat saya ora bisa kêtêmu, hla wong Banuwati ana ing swarga, kowe ana ing nraka"). | nadyan kawula nèng nraka | mbokmanawa Banuwati amèk gêni (Garèng: "Amèka gêni kae rak ya utusan bature"). | batur-batur lumayan ||

3. Sinom.

Benjang yèn ingsun palastra | ywa kokirim mbang têlasih | kirimên layoning sêkar | ywa kokubur anèng bumi | kuburên kasur-sari | lurubana sutra wungu | ywa komaèsi sela | maèsana asta kuning | tangisana Palaran lan Parijatha ||

Ing ngisor iki tuladha cakêpan têmbang kang mawa basa pêprênesan lan kang ora. Cakêpan I pêthikan saka buku Sêkar-sêkaran M.N. IV, cakêpan II saka Lagujawi. Coba tandhingên, rasak-rasakna, limbang-limbangên!

--- 67 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 1 dari 8
Têmbang gêdhe Rarabentrok, laku 16 (8-8)a

LARAS SLENDRO PATHÊT 9.

556z!x.c@66z6c!z6x.c5
I.Kangka-ta-manla-ras-ma-ra
II.Ra-rassa-jro-ninghu-dya-na
5z5x6x.c!5z6x.x5x3c22z2c12z3x.c5
I.Ra-ra-ben-trokang-lam-lam-i
II.ti-nonsê-karman-cawar-ni
@@@@z!x6c5z5x.x6c!z5c2z5x.x3x2c1
I.pa-rantu-ma-mèngti-lam-rum
II.en-dahpè-nia-wora-rum
Jinêman{056@Âz!ck@k kz!xk6c52kz2xk3xk2c1Ây
I.ba-yarum-ing sa-ri-ran-ta
II.ma-wèhas-car- ya-ningdri-ya
0j0tjyj j j kz1c2Âjz2x3x jc5j kz1c3jz2c1kzyxk.xk1cyÂt
I.su-mêr ma-mêr- dumê-nuh-i
II.ka-ti- yupma- ru-taman-da
555z6x.c!z!c@z6x.c!5z6x.x5x3c2
I.dhuhmas-mi-rahsangku-su-ma
II.mi-rutsa-ria-mrikmi-nging
556z!x.c@z!x6c52z2x.x3c21
I.am-bu-kagan-da-ningsê-kar
II.lu-mranggan-da-ni-rako-ngas
yzyc1z1c22zyc1z1c2zyx.x1cyt
Gam-bir-sa-witma-ra-ta-ni(I = II)

--- 68 ---

Manèh têmbang gêdhe Rarabentrok kang mawa cakêpan ora isi basa pêprênesan (uga saka Lagu Jawi); tanpa jinêman:

@@@@!z5x.x6x!c@z6c!z6x.x!x6c55z5x.x6x!c@@@z@x.x#c@
Tê-mên-enakangdènan-ti,Gam-bir-sa-witdu-
z@x.c!z!x5x6x!x@x#c@z!x.c6@z!x.c@z6x!x6c5z5x.x3x5c63z3x.c25z6x.x5x3c225
rungmu-ni,turi-kuno-rambo-sên-i,witku-
6z6x.x!c@z6x@x!x6c523z5x.x3x2c13z5x.x6c!z5x.x3c2z3x.x2x3c5111
nangan-tisa-i-ki,na-dyansa-jammu-niping
z2x.x1xyct22222z1x.x2x3c52z5x.x6x5x3c2@@z@x.x#c@z!x.x6x!c@
tri,sê-rêng-edu-rungngên-dhon-i,pa-na-buh-e
z6x@x!x6c523z5x.x3x2c15z5x.x6c!z5x.x3c2z2x.x3c5z1c3z2x.c1zyx.x1cyt
ma-sihu-thi,tan-dhadhê-mên-etrusa-ti

Bab X. Basa rinêngga.

Rinêngga, atêgês: pinacak, pinajang, dipaèsi, kinarawistha; prêlune supaya endah, brêgas, ngêngrêng, ngrêsêpake.

Basa rinêngga, yaiku basa kang dipacaki, basa kang dipajang, basa kang dipaèsi, basa kang digawe brêgas. Mulane basa rinêngga uga diarani basa paesan, basa pacakan utawa basa brêgasan.

Basa rinêngga iku mêsthi bae ngêmu rasa kaendahan, yaiku kaendahaning basa. Basa kang endah ora atêgês basa sing angèl, sanajan mêsthi bae ya akèh basa endah kang angèl disurasa têgêse.

Wondene carane ngrêngga basa nganti dadi basa rinêngga (pacakan, brêgasan):

1. Sarana dikandhakake nganggo ukara liya kang têtêmbungane ngêmu surasa luwih brêgas.
2. Diganti têtêmbungane sawatara, upama sarana dilironi têmbung Kawi.

Tuladha:

1. Kudu, manawa dikandhakake "ora kêna ora", utawa "aja tan ora", banjur dadi basa rinêngga.

"Ora kêna ora" atêgês: yèn ora, ora kêna. Kenane "ya". "Aja tan ora" padha bae karo "ora kêna ora", tarkadhang disaroja karo têmbung "kudu" dadi muni: Ora kêna ora, kudu ... Aja tan ora, kudu ...

--- 69 ---

2. Tandange kaya banthèng kêtaton.

Manawa unèn-unèn iku têmbunge diganti nganggo têmbung Kawi, saperangan utawa kabèh, banjur dadi basa rinêngga, sanajan têgêse padha bae karo sing nganggo têtêmbungan lumrah.

Tandange kaya banthèng kêtaton. Iki kalêbu basa lumrah.

Tandange kadi andaka kanin. Iki kalêbu basa rinêngga.

Akèh unèn-unèn kang nganggo basa rinêngga, kaya ta:

1. Ngrêpèpèh-ngrêpèpèh pindha sata manggih krama.

Unèn-unèn iku diarani "pêpindhan" mawa basa rinêngga, isine bab candra, yaiku candrane: wong kang tindak-tanduke sajak karo mêndhak-mêndhak, andhap-asor angasih-asih.

2. Gagah kêjibah, mingkuh kêtêmpuh.

Unèn-unèn iku diarani "paribasan" mawa basa rinêngga (purwakanthi guru-swara). Maksude: kêpêksa kudu nindakake, amarga maune wis kêbanjur saguh.

3. Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri.

Unèn-unèn iku diarani "ukara sêsumbar" mana[1] basa rinêngga. Maksude: nantang supaya dikroyok. Yèn basane sing lumrah: aku kroyokên (sing akèh).

Pèngêt.

Sakabèhe unèn-unèn kang mawa purwakanthi (guru-swara, guru-sastra, lumaksita), pêpindhan, sanepa, têmbung Kawi, iku kalêbu ing golongane basa rinêngga. Nanging ora atêgês manawa basa rinêngga iku kudu awujud purwakanthi, pêpindhan, sanepa utawa têmbung-têmbung Kawi.

TÊTANDHINGAN.

Basa lumrahBasa rinêngga
1. Têluk.Asrah bongkokan. Sarèhne wis kalah pêrange, gêgamane dibongkoki, dipasrahake marang sing mênang, yaiku mungsuhe.
2. Sadhela bangêt.Sakêdhèp netra. Utawa: yèn nginanga durung abang, idua durung asat.
3. Salumahing bumi, sakurêbing langit.Kang kasangga ing pratiwi, kaungkulan ing akasa.
4. Pasrah pati-urip (jiwa-raga).Kumurêb ing abahan. Abahan = ganjêl kang kanggo landhêsaning gulu kang arêp ditigas.
5. Prakara iku aja kopikir manèh.Prakara iku sisihna bae.

--- 70 ---

6. Ditundhung kanthi cara sing siya.Dicuthat kaya cacing.
7. Surasane layang wis dakngrêtèni.Surasane layang wis dakdhadha.
8. Ayo padha rêmbugan adu-arêp, aja mung ana ing buri (grundêlan).Ênya dhadha êndi rai.
9. We hla, sida dakgêbug kowe!We hla, sida krasa ing tanganku têmênan!
10. Aku krungu kabar kang durung karuwan nyata lan orane.Aku krungu têmbang rawat-rawat, ujare bakul-sinambewara.

Basa rinêngga kang nganggo têtêmbungan sing dakik-dakik, kanggone sing kêlumrah ana ing karangan-karangan lan ana ing padhalangan. Tuladhane:

1. Lir tinubruk ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat. Gugup gurawalan tandange, amarga atine trataban bangêt.

Tinubruk ing mong tuna = tinubruk macan, nanging ora kêna utawa luput.

2. Kajonjang sumangga asta, katuwêk sumangga jaja, katigas sumangga jangga = badhe dipun-punapakakên kemawon, sumangga, dhèrèk.

Kajonjang = dikêthok (tangane utawa sikile).

3. Mata-mata kapèn, kaya kowe kulup Pamade = Apa kowe Pamade, ta?

Iki pitakone wong kang ora cêtha pandulune, pêpindhane kaya wong ndulu barang kang kaling-kalingan ing barang liya. Utawa: pitakone wong kang amarga rumangsa pangling marang wong sing ditakoni.

Kapèn = (lingga: ape + atêr-atêr ka sarta panambang an) kaling-kalingan.

Ape = aling-aling, rana, schutsel.

4. Mulane jênêng sira adoh ingsun awe, cêdhak ingsun rakêtake, amarga nadyan akèh kawulaningsun kang sakêpêl sisih rêrawise, kang pinangku jêjenggote, kang tuwa ngungkuli sira, kang anom ngluwihi jênêng para, nanging ora ana kang pantês ingsun ajak ngrêmbug ruwêd-rêntênge praja, kajaba amung sira, kang bisa mbubuti ing arungkud, madhangake ing apêtêng.

Adoh ingsun awe, cêdhak ingsun rakêtake = dakundang dakkon têka mrene.

Sakêpêl sisih rêrawise, pinangku jêjenggote = pratandha wis tuwa (sugih pangalaman).

Ruwêd-rêntênge praja = prakara sing njalari ora bêciking praja (sing njalari ora tata-têntrêming praja lsp).

Mbubuti ing arungkud, madhangake ing apêtêng = mbuwangi (nyirnakake) apa-apa sing bisa njalari ora bêciking praja (sing njalari rusuh, njalari larang pangan lsp).

--- 71 ---

5. Teja-teja sulaksana, tejane wong anyar katon. Wingking pundi kang pinangka, ngajêng pundi kang sinêdya; tigas kawuryan, sintên sinambat ing wangi?

Teja = sorot, praba, ujwala, sunar, sunu, sênên, cahya, nur.

(Su) laksana = laku; mèmpêr utawa kaya (seperti).

Teja-teja sulaksana = kang cahyane sumorot kaya teja.

Anyar katon = durung tau sumurup, durung têpung, tigas kawuryan.

Wingking pundi kang pinangka = asale (asalmu) saka ngêndi.

Pinangka = asal, tumrap danawa ditêmbungake dhangka.

Ngajêng pundi kang sinêdya = arêp mênyang ngêndi?

Sinambut ing wangi = sinambat ing rum, wêwangi, pêparab, jêjuluk, sêsilih, têtêngêr (panêngran), asma.

6. Paran karananira dene jênêng para sumêngka pangawak braja, sowan ing ngarsaningsun datan mawi ingsun timbali.

Paran karananira = apa sababe. Jênêng para = jênêng sira, kowe.

Para = têmbung wancahan sarana mbuwang ing têngah, asale saka: pa (kêni) ra.

Sumêngka pangawak braja = têgêse sing wantah (letterlijk): munggah kaya angin gêdhe, munggah kaya gêgaman. Braja = angin gêdhe, gêgaman. Ing ukara iku braja kudu ditêgêsi gêgaman, maksude panah. Dadi ukara iku atêgês: nduduk kaya lakuning panah, ngênêr munggah kaya lêpasing panah. Maksude: sowan marang bangsa luhur tanpa tinimbalan.

Mulane sowan bangsa luhur ditêmbungake "sumêngka utawa munggah", amarga dununge bangsa luhur iku diupamakake ana ing dhuwur (tiyang inggil).

7. Sèwu bêgja kêmayangan.

Unèn-unèn iku pancène prayoga diewokake têmbung saroja, amarga têmbung "sèwu bêgja" têgêse padha bae karo "kêmayangan", siji-sijine atêgês "bêgja bangêt".

Unèn-unèn iku kêrêp kêprungu kanggo cakêpane gerong Ulêrkambang, mangkene:

Sêkar pucang, sèwu bêgja kêmayangan. Sêkar pucang = mayang.

8. Tri madya candra. Têlu têngah sasi.

9. Kèmêngan badra irawan. (Pêpindhane kaya) rêmbulan kang linimputan mêndhung utawa mega, sorote ora bisa sumunar-sumunu. Iku pêpindhane wong kang praupane ora katon padhang sumringah, amarga lagi nawung prihatin utawa susah.

Kèmêngan = kêlimputan, kêtutupan, kaling-kalingan.

Badra = basanta, candra, sitèngsu, sasi, sasadhara, sitarêsmi, sitakara, rêmbulan.

Irawan = mega, ima (hima), mêndhung.

10. Lagya eca imbal wacana, kêsaru sowane wadya-bala kang nggantung laku, dumrojog tanpa larapan.

Imbal wacana = gêntenan kandha, gênti-gêntèn utawa giliran olèhe gunêman, maksude: rêmbugan.

--- 72 ---

Nggantung laku = ana ing sajrone ayahan nindakake pakaryaning nagara ing sajaban kutha (pasisiran), upamane: kuwajiban njaga tapêl-watêsing nagara.

Dumrojog = rikat bangêt (drojog-drojog). Tanpa larapan = rikat bangêt, lumarap tanpa mandhêg. Dumrojog tanpa larapan, kalêbu têmbung saroja.

11. Ngamuk punggung sura tan taha, nirbaya nirwikara. Ngamuk kanthi nekad bangêt kaya pangamuke wong bodho (punggung), ora ngrêti ing bêbaya, ora etung marang bêbaya (amarga pancèn ora ngrêti barang sing mbêbayani lan kang ora).

Ngamuk punggung = ngamuk kaya pangamuke wong bodho, ngamuk tanpa petung (tidak dengan perhitungan). Punggung = pingging, jugul, mudha, bodho.

Sura tan taha = wani tanpa rêringa.

Nirbaya nirwikara = ora ana sing diwêdèni, atine tatag ora owah-gingsir.

Nirbaya = ora ana sing diwêdèni, dianggêp wis ora ana barang sing mbêbayani.

Nirwikara = tanpa owah-gingsir, panggah (atine).

12. Radèn Gathutkaca dicaritakake: otot kawat balung wêsi sungsum gêgala; adriji gunting, asikut pêthèl, adhêngkul paron. Akotang antrakusuma, acaping basunanda; bisa mabur tanpa êlar, mlêtik tanpa suthang. Têguh-timbul sêkti-mandraguna, tinatah mêndat jinara mèntèr, tan pasah tapak-paluning pandhe miwah sisaning gurinda.

Gêgala = jabung, marakake atos utawa krakêt.

Paron = landhêsan (ganjêl) wêsi kang digêmblèng.

Têguh-timbul = digdaya sarta sugih aji-aji.

Sêkti-mandraguna = (têmbung saroja) digdaya bangêt.

Tapak-paluning pandhe = gêgaman gaweane pandhe (saka wêsi); gêgaman saka wêsi iku ana tapake (tilase) palu, amarga dadine gaman (panggawene) sarana dipalu.

Sisaning gurinda = gêgaman, lêlandhêp. Têgêse sing lugu: turahane wungkal kang awangun bundêr. Gêgaman kang diasah iku kalong, marga gosokan karo barang sing kanggo ngasah (grenda). Marga gosokan lan kalong, sisane iku banjur bisa landhêp.

13. Sêdhakêp asuku tunggal, nutupi babahan hawa sêsanga.

Sêdhakêp asuku tunggal = (tangane) sêdhakêp, sikile kadhèmpètake dadi siji; yaiku patrape wong ngêningake cipta (muja samadi).

Babahan = (têmbung Kawi) lawang, bolongan, dalan kanggo mlêbu-mêtu.

Babahan hawa sanga (sêsanga) = lawanging hawa-napsu cacahe sanga, yaiku: kuping 2, mripat 2, bolongan irung 2, cangkêm 1, palanangan utawa pawadonan 1 lan dubur 1.

Nutupi babahan hawa sêsanga = nutupi lawange hawa-napsu kang cacahe sanga, supaya hawa-napsu ora makarti. Ana rupa ora dinulu, ana ganda ora ingambu, ana swara ora rinungu, lan satêruse.

--- 73 ---

14. Rintên-dalu ingkang kawula cêcadhang namung ayahan ingkang awrat. Kakarsakna mbêdhah praja sawanci-wanci, angrangsang bètèng angganthol kapurancang, kawula sandika anglampahi; manawi putung kasawatna, rêmuk kasawurna.

Kapurancang = wilahan (pring) dilancipi, ditata pating crongat kapasang ing pagêr bata (bètèng).

Putung kasawatna, rêmuk kasawurna = manawi ngantos tatu, balung putung kulit cècèl (wastra bêdhah kayu pokah), pratandha kirang têguh-timbul digdaya, botên pantês tampi kapitadosan ingkang agêng, adamêl lingsêmipun Gusti, prayogi kaêjura pisan kemawon.

15. Radèn Arya Sêtyaki ya Radèn Wrêsniwira, ya Singamulangjaya, suh-jêjêting praja, sapu-kawat Dwarawati.

Suh = tali kang diênam (tali sapu). Jêdêt[2] = tali wêngku.

Suh-jêjêting praja = pikuwating praja.

Sapu-kawat = sing bisa nyirnakake parangmuka samangsa ana parangmuka kang nêdya ngrabasa praja Dwarawati.

Nyapu mungsuh = mbrastha parangmuka, nyirnakake mungsuh.

16. Ngasta bang-bang aluming praja. Sing nguwasani praja lan tanggung-jawab tata-têntrême. Sing bisa (wênang) gawe abang lan aluming nagara, yaiku wong sing nyêkêl pusaraning praja, wong sing nyêkêl kêndhalining paprentahan.

17. Jênêng para ingsun timbali marak ing ngarsaningsun, poma aja darbe pangira manawa bakal tampa nugraha kêris kang tuwa tangguhe, kampuh kang pêra sigine, sabuk kang dawa ubêde.

Kêris kang tuwa tangguhe = kêris kang pêng-pêngan, kang gêdhe kasiate.

Kampuh kang pêra sigine = kampuh (dodot) kang isih anyar.

Ora ngêmungake janturan lan pocapane wayang bae kang lumrah nganggo basa rinêngga, suluk-suluk ing padhalangan adhakane uga nganggo basa pacakan, nganggo têtêmbungan sing dakik-dakik. (Ndêlênga bab 12, Suluk padhalangan).

Wong nganggo-anggo, yèn kakehan rêrênggan dadi njuwarèhi. Upamane nganggo ali-ali nganti satêngah lusin; wis nganggo jam-kandhut ndadak nganggo jam tangan, iku njuwarèhi. Mangkono uga basa, manawa kakehan rêrênggan uga ora bêcik. Sing marakake "endah" iku dudu "akèhing rêrênggane", nanging pintêring pamilihe rêrênggan lan prigêling carane matrapake rêrênggan iku ing papan kang mungguh.

Ing ngisor iki tuladhane rêriptan kang ora kakehan rêrênggan, ewadene bisa agawe rêsêping atine wong sing maca lan sing ngrungokake. Têmbunge runtut, gampang diapalake, pêdhotane mapan, unèn-unène laras, tur isine iya mêntês. Wondene asale saka Kêpèk tilarane Kayai[3] Bèi Citrasantika, Wadana Pamijèn ing Sambungmacan, Sragèn.

--- 74 ---

I. Dhandhanggula.

1. Tibra layu wayahe Hyang Rawi | rawat-rawat sinamar Hyang Ima | amara sêmu sunare | rèrèh dènnya tumurun | lir kêpalang malang-tumolih | labêt masih karênan | myat rêsmining dhukuh | wismane randha Dhadhapan | mèsi sotya kang lagi sinarawèdi | dinadar ing Jawata ||

2. Ponang Rêtna samana kaèksi | Kèn Limaran nèng ngayuning wisma | nyaponi palatarane | sakêdhap kèndêl mangu | kang sinapon tinolih pulih | wola-wali mangkana | kèh rondhon kang luru | lir kênèng daya-upaya | mbok parawan pêgêl ing tyas nawung kingkin | têmah tunèng wêweka ||

3. Katarucut ngucap pasang-giri | Dewa Gung kang amêngku kuwasa | saksinên ujar ngong mangke | sapa bangkit tumulung | ngilangana kalesa mangkin | kalamun jalu dadya | jatu-kramaningsun | dene yèn sipat wanodya | ingong rêngkuh sadulur sinarawèdi | têkèng Aribawana ||

II. Pangkur.

1. Samantara jlêg kawuryan | Jaka Lodhang tumurun marêpêki | Kèn Rata[4] arsa lumayu | ponang wanara mojar | èh ta rara tan nêdya sikara ingsun | mung ayun takon kewala | ing wau ingsun miyarsi ||

2. Sira prasêtyèng Jawata | sapa bisa têtulung minangkani | laruding larahan luru | rêgêding palataran | lamun priya sira sumarah winêngku | yèn wadon dadia kadang | sadulur sinarawèdi ||

3. Apa têmên ujarira | yèn cidraa kênèng upata yêkti | yèn sira nuhoni wuwus | nyatèdining kusuma | ywa sandeya nugrahanta mèh dhumawuh | ingsun dutaning Jawata | anêkani pasanggiri ||

III. Maskumambang.

1. Rawat waspa Kèn Rara dupi miyarsi | ngungun sru nalangsa | puwara aris nauri | dhuh walèh-walèh punapa ||

2. Pan sanyata wuwus ulun kang kawijil | mêne mung sumangga | paran nggèn ulun nyinggahi | yèn wus karsaning Jawata ||

3. Suka ing tyas rewanda tandya samadi | hyang maruta prapta | kalesa katut sumilir | rêroncène tan winarna ||

IV. Kinanthi

1. Baskara diwasa surup | ginantyan wimbaning sasi | sêdhênge tanggal ping sapta | manda prabane marnani | sênên jroning padhukuhan | sonya sabawaning janmi ||

2. Upama kalane dalu | ana karna kang tumiling | kaya mung myarsa na rasan | piwêling kang milangoni | dhuh Rara ing benjang-enjang | ing wayah banguning rawi ||

3. Sun mendra arsa anggaru | mring sawah si Randhakuning | sira Rara rêratênga | sathithik kinarya ngirim | nora kudu salah endah | nanging susulna pribadi ||

--- 75 ---

V. Balabak.

1. Byar raina Kèn Rara wus maring sêndhang | mamèt we | turut marga nyambi rêramban janganan | antuke | praptèng wisma wusing nyapu atêtêbah | jogane ||

2. Cêthik gêni arêratêng tata-tata | sumbule | samantara kirimane wus samêkta | kabèhe | ngambil slendhang Kèn Rara nuli pamitan | renane ||

3. Nggendhong cêthing manggul sumbul sarwi ngêmban | kêndhine | gya umangkat sêmparèt agêgancangan | lampahe | praptèng têba winulat kawuryan sunya | gubuge ||

VI. Pucung.

1. Nguwuh-uwuh kakang nèng ngêndi sirèku | jare nggaru kakang | sawahe si Randhakuning | kari-kari dakgolèki nora nana ||

2. Nêngna wau mêne gantya kang winuwus | nênggih Radèn Putra | ing Jênggala Sang Apanji | nuju arsa bêdhag-pikat amisaya ||

3. Myang nênumpu mring alas gung liwang-liwung | namur brangtanira | manganti panjanmaning sri | nitih kuda ingiring Ki Jodhèh Santa ||

VII. Mijil.

1. Sru kapyarsa trajanging turanggi | andhêge pinargok | kumriciking kêndhali linêpèh | myang plêsating sêsela lit-alit | thik-kalêthik krincing | bag-gêdhêbug barus ||

2. Praptèng têba Dyan Panji umèksi | ana rare wadon | kawistara endah suwarnane | tinakonan wus sajarwa jati | radyan duk miyarsi | ing driya kumênyut ||

3. Gya tumurun mara mirakêti | pagut ing patêmon | Nikèn Rara karênan ing tyase | asrah jiwa mring Sang Raja-siwi | tan pantara prapti | Jakalodhang nguwuh ||

VIII. Durma.

1. Èh ni Rara êndi pêpunjunganira | suwe sun anti-anti | katuwone sira | patêmon lan wong priya | lah apa nyata sirèki | wus gathuk ing tyas | tan kogêl mulat tengi ||

2. Katgadèng tyas Radèn Putra duk miyarsa | arsa ngayat jêmparing | rewanda sru mojar | babo ywa salah cipta | ingsun dutaning Hyang Widdi | dadi pacalang | mêmulang tuduh margi ||

3. Kèn Limaran pasthi jatu-kramanira | trah-tumêrah mijèni | jroning pitung jaman | benjang sapungkurira | dhihin jaman Andêpati | Kalawisesa | nèng Pajajaran nagri ||

IX. Asmaradana.

1. Dyan Sri Kala Rajapati | kuthane ing Majalêngka | rinusak putrane dhewe | sumilih salin salaga | ngalih maring Bintara | Adiyati jamanipun | sajroning Kalawisaya ||

2. Rusake mring Pajang ngalih | aran jaman Kalajangga | tan lawas wus ngalih manèh | kêkutha anèng Mataram | rinakêt wong nakoda | jaman Kalasêkti iku | sirêp rêrêtuning praja ||

--- 76 ---

3. Jaman kaping nêm angalih | kuthane ing Wanakarta | pan Kalajaya jamane | puwara jaman ping sapta | Kalabêndu ranira | pyarsakna lambanging sêmu | nanging sun lungguh sadhela ||

X. Gambuh.

1. Jakalodhang gumandhul | praptaning pang ngêthèkrèng sru muwus | wahanane yèn Kalabêndu nêkani | tingale janma sawêgung | tan lyan arta kang katongton ||

2. Prandene malah larut | amalarat lir binerat larut | warna-warna wadale kawula alit | pajêge rangkêp kang mupu | prajane sugih bot-repot ||

3. Tan ana warta tuhu | mari kangên wong sanak-sadulur | nir ing tata sarjana sujana kontit | dursila kêndêl andarung | kang bandhol tulus mandhosol ||

XI. Sinom.

1. Lêrême rêtuning praja | sinapih nata ginaib | sinêbut Ratu Amisan | sudama papa linuwih | jroning masih piningit | bêbasan sinampar sandhung | akèh kang katambuhan | puwara jênêngira ji | pinandhita mêngku adil paramarta ||

2. Jêjuluk Sri Hèrucakra | ngadhaton Kêtangga-pêthik | prajurite mung sirolah | kang molah luluh kapilis | singa mungkir kêjungkir | mangsah rêbah kabarubuh | saking karsaning Suksma | akarya buwana-balik | rêtuning rat binerat ing rèh raharja ||

3. Menak sesining bawana | tan ana winalang ati | muwah-muwuh sandhang-boga | sirna kang durjana juti | tobat durtane sêbit | mulat wilalating ratu | turun ping catur sirna | tanpa karananing jurit | mung katawan lawan napsune priyangga ||

XII. Mêgatruh.

1. Ingsun tutur iku nguni wus kasêbut | jangkane Natèng Kêdhiri | Sri Jayabaya duk rawuh | nèng wukir Padhang nêlasi | Ajar Subrata kêdudon ||

2. Dènnya atur pasugatan warna pitu | kunir juwadah lan gêti | kajar sawit bawang pingul | puspa mlathi myang saruni | wardine mangka pasêmon ||

3. Anjajagi kawaskithane sang prabu | sinêngguh tan ngudanèni | anane jaman kapungkur | tumêkèng Kêtangga-pêthik | ing wurine kang gumantos ||

XIII. Puthut-gêlut.

1. Jumênênge Sri Asmarakingkin | nuli prapta nata | ing Nuswasrênggi sumundhul | wêkasaning praja | aran Ngamartalaya | iku mangka panutup ||

2. Gya praptane kang aswa kalêngki | yèku Sri Jayabaya | awarna turangga jamus | mungkasi bawana | nuju surya sangkala | Nir Tan Rupa Kadulu ||

3. Praptèng kono jangkane wus titi | pama gancar wayang | carangane kang dhinapur | nèng jroning rat Jawa | têkèng jaman wêkasan | trahira tumurun ||

--- 77 ---

Buku kalatidha.

(R. Ng. Ranggawarsita).

Sinom.

1. Wahyaning harda rubeda | ki pujangga amèngêti | mêsu cipta mati raga | mêdhar warananing gaib | ananira sakalir | ruwêding sarwa tumuwuh | wiwaling kang warana | dadi badaling Hyang Widdi | amêdharkên paribawaning bawana ||

2. Mangkya darajating praja | kawuryan wus sunya ruri | rurah pangrèhing ukara | karana tanpa palupi | para paramèng Kawi | kawilêting tyas malatkung | kongas kasudranira | tidhêm tandhaning dumadi | hardayèng rat dening karoban rubeda ||

3. Ratune ratu utama | patihe patih linuwih | pra nayaka tyas raharja | panêkare bêcik-bêcik | parandene tan dadi | paliyasing Kalabêndu | malah sangkit andadra | rubeda kang ngrêribêdi | beda-beda hardane wong sanagara ||

4. Katêtangi tangisira | sira Sang Paramèngkawi | kawilêting tyas duhkita | kataman ing rèh wirangi | dening ngupaya sandi | sumaruna anarawung | pangimur manuara | mèt pamrih melik pakolih | têmah suha ing karsa tanpa wiweka ||

5. Dhasare karoban warta | bêbaratan ujar lamis | pinudya dadya pangarsa | wêkasan malah kawuri | yèn pinikir sayêkti | mundhak apa anèng ngayun | andhêdhêr kaluputan | siniram ing banyu lali | lamun tuwuh dadi kêkêmbanging beka ||

6. Ujaring panitisastra | awêwarah asung peling | ing jaman kêna musibat | wong antêng jatmika kontit | mangkono yèn nitèni | pedah apa amituhu | pawarta lalawora | mundhak angrêranta ati | angurbaya ngikêta caritèng kuna ||

7. Kêni kinarya darsana | panglimbang ala lan bêcik | sayêkti akèh kewala | lêlakon kang dadi tamsil | masalahing ngaurip | wahananira tinêmu | têmahan anarima | mupus pêpasthèning takdir | puluh-puluh anglakoni kaelokan ||

8. Amênangi jaman edan | ewuhaya ing pambudi | milu edan nora tahan | yèn tan milu anglakoni | boya kaduman melik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêgja-bêgjane kang lali | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

9. Samono iku bêbasan | padu-padune kêpengin | inggih makatên Mandhoblang | bênêr ingkang angarani | nanging sajroning batin | sajatine nyamut-nyamut | wis tuwa arêp apa | muhung mahas ing asêpi | supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma ||

10. Beda lan kang wus santosa | kinarilan ing Hyang Widdi | satiba malanganea | tan susah ngupaya kasil | saking mangunah prapti | Pangeran paring pitulung | marga samaning titah | rumangsa barang pakolih | parandene masih tabêri ihtiyar ||

11. Sakadare linakonan | mung tumindak marak-ati | anggêr tan dadi prakara | karana wirayat muni | ihtiyar iku yêkti |

--- 78 ---

pamilihing rèh rahayu | sinambi budidaya | kanthi awas lawan eling | kang kaèsthi antuka marmaning Suksma ||

12. Ya Allah ya Rasullullah | kang sipat murah lan asih | mugi-mugi aparinga | pitulung ingkang nartani | ing alam awal akir | dumununging gêsang ulun | mangkya sampun awrêdha | ing wêkasan kadipundi | mila mugi wontêna pitulung tuwan ||

13. Sagêda sabar santosa | mati sajroning ngaurip | kalis ing rèh aruara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng malat-sih | sanityasèng tyas mêmatuh | badharing sapu-dhêndha | antuk manyar sawatawis | bo-Rong ang-Ga su-War-ga me-Si mar-Ta-ya ||

Bab XI. Isbat.

"Isbat" iku têmbung Arab, têgêse: ibarat.

"Ibarat" iku uga têmbung Arab, têgêse mèh padha karo saloka, nanging isine bab ngèlmu gaib, ngèlmu kasampurnaning pati, ngèlmu kabatinan.

Ukara isbat iku ukara pêpindhan kang isi piwulang bab ngèlmu tuwa, ngèlmu kabatinan, ngèlmu gaib utawa ngèlmu kasampurnaning pati.

Diisbatake utawa dingibaratake, têgêse: dipêpindhakake kaya...?

1. Tuladha:

1. Kodhok ngêmuli lènge.

Kodhok = pêpindhaning jiwa, suksma, badan-alus utawa nyawa, rochani.

Lèng = pêpindhaning raga, awak, jasmani, badan-wadhag.

Ngêmuli, maksude: njaga, rumêksa, ngêrèh.

Maknane: manungsa iku jiwane kudu bisa ngêrèh marang ragane (wadhage), aja nganti badan-aluse kalah karo badan-wadhage, supaya ing têmbe bisa mati sampurna.

Wong urip iku arang sing suksmane (jiwane, badan-aluse, rochanine) bisa ngêrèh hawa-napsune (badan-wadhage, ragane, jasmanine). Arang sing jiwane luwih kuwat tinimbang hawa-napsune, langka sing rochanine bisa ngalahake kamurkane. Sing akèh-akèh, marga kêtarik endahing kadonyan lan nikmating pangan, jiwane wong padha ditunggangi lan diêngkuk-êngkuk dening hawa-napsune. Mung wong sing gêdhe mutmainahe bisa mêpêr hawa-napsune, bisa ngalahake amarahe, aluamahe lan supiyahe. Yaiku sing kêna diisbatake "kodhok ngêmuli lènge", dudu "lènge sing ngêmuli kodhoke".

2. Ngangsu apikulan warih.

Têgêse sing wantah: apèk banyu, njupuk banyu, nggawa pikulan banyu bakal kanggo mikul banyu sing diangsu. Dadi, golèk banyu, arêp njupuk banyu, wis nggawa pikulan-banyu.

--- 79 ---

Maksude ngisbatake: wong golèk ngèlmu kasampurnaning pati utawa wong maguru ngèlmu gaib, kang uwis mawa lèmèk utawa dhêdhasar. Wondene dhêdhasare utawa lèmèke yaiku: wis sok ngêngurangi, sok sinau mêpêr hawa-napsu, kang minangka pêpucuke olèhe nêdya mungkur kadonyan kang uga sok disalokake mungkur gangsir.

Cundhuke karo kawruh sêkolahan, isbat "Ngangsu apikulan warih" sok ditêgêsi mangkene:

Siswa kang arêp sinau sawijining kawruh, kudu wis adhêdhasar kawruh kang arêp disinau iku. Kaya ta: arêp sinau ilmu pasti, kudu wis ngrêti kawruh etung kang nyukupi. Nêdya sinau ilmu ukur ruang, kudu wis sinau ilmu ukur bidang. Kêpengin sinau basa Jawa-kuna, kudu wis wasis marang basa Jawa-anyar.

3. Amèt gêni adêdamar. Padha karo isbat ing angka 2.

4. Golèkana galihe kangkung. Ngrêtia marang suksmamu (jiwamu, nyawamu).

Galih, pêpindhaning suksma. Kangkung, irib-iribing raga (badan-wadhag).

5. Apa isine wuluh wungwang? Apa kang ana ing sajrone raga utawa badan-wadhag? Jawabane: nyawa, suksma, jiwa, badan-alus.

Wuluh wungwang utawa bumbung wungwang = bumbung kang bolong kiwa-têngên, iku pêpidhane ragane manungsa (jasmani, badan-wadhag).

6. Golèkana tapake kuntul nglayang. Ngudia murih ngrêti marang kêplasing nyawa. Wong mati iku nyawane mênyang ngêndi?

Kuntul iku pêpindhaning suksma (nyawa, jiwa, badan-alus).

Tuladha isbat kang sinawung ing têmbang:

Dhandhanggula.

1. Ana pandhita akarya wangsit | mindha kombang angajap ing tawang | susuh angin ngêndi nggone | lawan galihing kangkung | wêkasane langit-jaladri | isining wuluh wungwang | lan gigiring punglu | tapake kuntul anglayang | manuk mibêr uluke ngungkuli langit | kusuma njrah ing tawang ||

2. Ngambil banyu apikulan warih | amèt gêni sarwi adêdamar | kodhok ngêmuli êlènge | miwah kang banyu dèn kum | myang dahana murub kabasmi | bumi pinêtak ingkang | pawana katiyup | tanggal pisan kapurnaman | yèn anênun sêntèg pisan anigasi | kuda ngrap ing pandêngan ||

3. Ana kayu amurwa sawiji | wit buwana êpang keblat papat | agodhong mega rumêmbe | apradapa kêkuwung | kêmbang lintang salaga langit | sêmi ndaru lan kilat | woh surya lan tèngsu | asirat bun lawan udan | apêpucuk akasa bungkah pratiwi | oyode bayu bajra ||

(Pêthikan saka Kidung).

--- 80 ---

Bab XII. Suluk.

Suluk iku kalêbu dasanamane lêlagon utawa têmbang (kidung).

Suluk iku ana warna loro, yaiku:

A. Suluk ing ngèlmu gaib.

Suluk ing ngèlmu gaib, lumrahe sinawung ing têmbang Macapat, isi piwulang bab ngèlmu gaib, ngèlmu kabatinan utawa ngèlmu kasampurnaning pati.

Tuladha:

I. Maskumambang (Tasawuf Islam 25-7-38).

Batur tukon lamun nrima masthi dadi | ing kamardikannya | nadyan wong mardika yêkti | yèn loba dadi kawula ||

Batur tukon = budhak, maksude: budhaking kadonyan, wong kang kêrèh kadonyan, marga saka gêdhening amarah, aluamah lan supiyahe (lan ringkihing mutmainahe).

Kamardikan = kaanan utawa sêsipatan kang ora kêrèh, maksude: ora kêrèh ing kadonyan; nanging kosokbaline, malah bisa ngêrèh marang kadonyan.

Kawula = abdi, budhak, batur. Maksude: abdining kadonyan.

Maknane Suluk ing dhuwur iku asung sêsuluh mangkene:

Wong kang kèrêm marang kadonyan (duniawi), kêna diarani dadi budhake kadonyan, atine ngawula marang kadonyan; kadonyan kêna diarani dadi bêndarane utawa dadi gustine wong iku. Utawa uga sok ditêmbungake "mangeran marang kadonyan". Wong kang wis asipat kaya mangkono, bisa uga dadi mardika, ora kêrèh marang kadonyan, manawa bisa ngêndhalèni hawa-napsune nganti bisa tuwuh panarimane, ora têrus ngangsa-angsa ngumbar harda-kamurkane. Kosokbaline, wong kang wis mungkur marang kadonyan, bisa malik grembyang dadi mangeran marang kadonyan, manawa banjur mubal-mubal hawa-napsune, tuwuh angkara-murkane.

II. Mijil (Tasawuf Islam 25-10-37).

1. Sagung pangkat kang sira alami | aywa sira raos | yèku apan warana jatine | marma singkirna ywa sira pikir | têrusa lumaris | nyênyadhang pitulung ||

2. Samangsane sira sinung luwih | sing janma kinaot | poma aywa kêsêngsêm dèn angge | nadyan katon solan-salin warni | singkirana kaki | ywa nganti kalimput ||

Pangkat, maksude: kamulyaning kadonyan, kasênêngan ing donya, kanikmatane kadonyan.

Aywa sira raos = aja bangêt-bangêt korasakake kanikmatane.

Warana = aling-aling, maksude: kadonyan iku bisa ngaling-alingi (nutupi) laku kang tumuju marang kasampurnaning pati.

--- 81 ---

Aywa sira pikir, maksude: padha bae karo aywa sira raos.

Têrusa lumaris = têrusa tumindak kang tumuju marang kasampurnaning pati.

Nyênyadhang pitulung = nênuwun marang kang Murbèng Tuwuh bisaa tinarbuka atine kang tumuju marang kasampurnaning pati.

Aywa kêsêngsêm = aja kèrêm (marang kadonyan kang dinarbe, kadonyan kang tinêmu utawa kang tumiba marang kowe).

Nadyan katon solan-salin warni = sanajan kadonyan iku endah lan ora mbosêni.

Ywa nganti kêlimput = aja nganti pêtêng atimu (kêtutupan utawa kêlimputan kadonyan iku) nganti lali marang pangudi kang tumuju marang sampurnaning pati.

III. Mijil (Pituture rama marang Wibisana).

Damaring praja ja mati-mati | sadêge kaprabon | aywa kandhêg madhangi jagade | mangka panariking rèh sayêkti | ing pati pinanggih | kautamèng prabu ||

Damar = diyan; kang minangka diyaning awak iku ati utawa pikiran. (Pikir itu pelita hati).

Praja = nagara, nanging ing Suluk iku ngandhut maksud: awak, angganing manungsa.

Sadêge kaprabon = salawase jumênêng ratu. Maksude tumrap kawruh kabatinan: ing salawase urip (ana ing donya).

Aja kandhêg madhangi jagade = aja lèrèn-lèrèn (utawa kudu tansah) ulah kabêcikan.

Mangka panariking rèh sayêkti, ing pati pinanggih kautamèng prabu = minangka pambudidaya, supaya patine bisa utama. Wong kang ing salawase urip tansah gawe kabêcikan, gêdhe bakti-darmane, tartamtu patine nêmu kamulyan (munggah swarga).

Buku-buku kang isine mligi bab Suluk, jumêdhule sing akèh-akèh ing jaman Islam. Kaya ta: Suluk Sukarsa, Suluk Wujil (karangane Sunan Bonang) lan Suluk Malang-Sumirang (karangane Sunan Panggung). Ing ngisor iki pêthikane:

I. Suluk Sukarsa: Girisa.

1. Sastra gumêlar ing jagad | kang atuduh pangawikan | kang wruh ing tuduh sampurna | tan ana irêng ing pêthak | yèn sira sampun waspada | lumampaha alon-lonan | kibirira lan sumungah | ujub loba singgahana ||

2. Ki Sukarsa wus alajar | ing sakathahing sagara | margane têkèng makripat | tanpa etang urip-pêjah | darmane murub tan pêjah | panganggo mulya tan rusak | asangu tan kêna têlas | angungsi ing desa jêmbar ||

3. Ki Sukarsa dènnya layar | parau sabar darana | salat mangka tiyangira | kinamudhèn pangawikan | linayaran amangun hak | winêlahan niyat donga | dèn watangi panênêdha | dèn pulangi lawan tobat ||

--- 82 ---

4. Dèn labuhi sukurullah | dèn talèni lan kana-at | dèn pulangi lan wicara | dèn damari lan makripat | Ki Sukarsa dènnya layar | wus têkèng sagara rahmat | kawasa dènira layar | wus têkèng sagara ora ||

II. Suluk Wujil: Dhandhanggula.

1. Dipun wêruh ing urip sajati | lir kurungan rêraga sadaya | bêcik dèn wruhi manuke | rusak yèn sira tan wruh | hèh ra wujil salakunèki | iku mangsa dadia | yèn sira yun wêruh | bêcikana kang sarira | awismaa ing ênggon punang asêpi | sampun kacakrabawa ||

2. Aja doh dera ngulati kawi | kawi iku nyata ing sarira | punang rat wus anèng kene | kang minangka pandulu | trêsna jati sariranèki | siyang-dalu dèn awas | pandulunirèku | punapa rêkèh pracihna | kang nyatèng sarira sakabèhe iki | saking sipat pakarya ||

3. Mapan rusak sajatinirèki | dadine lawan kaarsanira | kang tan rusak dèn wruh mangke | sampurnaning pandulu | kang tan rusak anane iki | minangka tuduhing Hyang | sing wruh ing Hyang iku | mangka sêmbah pujinira | mapan awis kang wruha ujar puniki | dahat sipi nugraha ||

III. Suluk Malang-Sumirang: Dhandhanggula.

1. Dosa gung alit tan dèn singgahi | ujar kupur-kapir kang dèn ambah | wus liwung pasikêpane | tan andulu dinulu | tan angrasa tan angrasani | wus tan ana pinaran | pan jatining suwung | ing suwunge iku ana | ing anane iku surasa sajati | wus tan ana rinasan ||

2. Pan dudu rasa karasèng lathi | dudu rasaning apapa lawan | dudu rasa kang ginawe | dudu rasaning guyu | dudu rasa kang angrasani | rasa dudu rarasan | kang rasa amêngku | sakèhing rasa-karasa | rasa jati tan karasa jiwa jisim | rasa mulya wisesa ||

3. Kang wus tumêka ing rasa jati | sêmbahyange tan mawas nalika | lwir banyu mili jatine | tan ana jatinipun | muni-mona turu atangi | saosiking sarira | pujine lumintu | raina-wêngi tan pêgat | puji iku raina-wêngi sirèki | akèh dadi brahala ||

4. Pangrunguningsun duk rare cilik | nora Sêlam dening asêmbahyang | tan Sêlam dening pangangge | tan Sêlam dening saum | nora Sêlam dening nastiti | tan Sêlam dening tapa | nora dening laku | tan Sêlam dening aksara | nora Sêlam yèn anut aksara iki | tininggal nora êsah ||

5. Sêlame ika kadi punêndi | kang ingaranan Sêlam punika | dening punapa Sêlame | pan ing wong kapir iku | nora dening amangan bawi | nadyan asêmbahyanga | yèn durung awêruh | ing sajatine wong Sêlam | midêra anglikasan amontang-manting | jatine kapir kawak ||

--- 83 ---

B. Suluk padhalangan.

Suluk Padhalangan iku lêlagoning dhalang ing sadurunge nyaritakake apa-apa (ing sadurunge janturan).

Suluke dhalang iku lumrahe runtut karo bab kang arêp dicaritakake, utawa kêplok karo janturane, lan uga cundhuk karo wêktune. Wayah isih sore (jam 21-24) suluke dhalang nganggo pathêt nênêm, bêngi (jam 24-jam 3) pathêt sanga; gagat esuk têkan byar (jam 3-6) pathêt manyura. Mangkono iku tumrap wayang Purwa, nganggo gamêlan slendro. Dene tumrap wayang Gêdhog, nganggo gamêlan pelog, jam 21-24 pathêt lima, jam 24-3 pathêt nênêm, jam 3-6 pathêt barang.

Dadi, dhalang iku olèhe migunakake suluk nganggo wêwaton kang tartamtu. Malah ora ngêmungake suluke, sanajan gêndhing-gêndhing kang kanggo ana ing padhalangan, olèhe migunakake ya ora mung sagêlême dhewe bae. Gêndhinge kudu ngèlingi marang lakone, ngèlingi marang wêwatakane siji-sijine wayang. Tuladhane, saupamane jêjêran kraton Astina.

Jêjêr Nata Astina Prabu Suyudana, lumrahe nganggo gêndhing Kabor. Sasuwuke gêndhing banjur pathêtan, sinambungan ada-ada Girisa.

Saupama banjur kêtêkan tamu, gêndhinge mêsthi ngèlingi wujuding tamu. Yèn tamune Janaka upamane, lumrahe nganggo gêndhing Ladrang Mangu. Yèn tamune Prabu Baladewa, Ladrang Rêmêng utawa Ladrang Sobrang, utawa Ladrang Diradamêta, salah siji. Yèn tamu liya, iya nganggo gêndhing liya manèh.

Sajroning jêjêran, manawa Prabu Suyudana mêngêng panggalihe, lumrahe mawa pathêtan Sastradatan.

Unduring tamu uga disuluki. Tamu kang apolatan ruruh (alus), cukup pathêt jugag bae. Dene unduring tamu kang kagolong wayang dugangan (upamane Baladewa), lumrahe nganggo ada-ada Girisa.

Yèn Suyudana dhawuh Patih Sêngkuni supaya maju lungguhe, ajune Patih Sêngkuni lumrahe sinulukan nganggo ada-ada Mataraman. Sarampunge ada-ada, upama Sêngkuni dhinawuhan ngundhangi wadya-bala, undure sinulukan ada-ada Kuswala. Bakda ngundhangake, Sêngkuni marak Prabu Suyudana manèh, lan nalika marake iku lumrahe sinulukan ada-ada Astakuswala.

Nalika wadya-bala samêkta arêp budhal, sinulukan ada-ada Astakuswala Gêdhe, lan budhale lumrahe sinulukan nganggo ada-ada Mataraman Gêdhe. Mangkono sabanjure, trape siji-sijine gêndhing lan Suluk iku ora kêna mung sagêlême bae.

Kang kanggo lêlagon ing Padhalangan utawa Suluk iku lumrahe têmbang Gêdhe. Nanging sanajan jênênge têmbang Gêdhe tarkadhang padha karo têmbang Gêdhe kang kanggo mbawani gêndhing (panêmbrama), cengkoke sok akèh bedane, guru-wilangane uga kêrêp ora padha karo têmbang Gêdhe kang kanggo mbawani gêndhing (panêmbrama).

Ing ngisor iki ana tuladha Suluk Padhalangan sawatara, cuplikan saka piwulang (Kursus) Padhalangan ing S.G.B. Purworêjo. Kadekekan titilaras pisan, supaya para nupiksa bisa nglagokake.

--- 84 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 2 dari 8
1. Pathêt nêm wantah.
33333z2c3z2x3c55555z3c5z6x5x3c2
Lênglêngra-myangning-kang,sa-sang-kaku-mê-nyar,O...
66666z6c!z6c5z@x!x@x!c6
ma-ngrêng-garum-ingpu-ri,O...
z3c22222z1c23z5c63532z2x3c5z2x3c5
mang-kintan-pasi-ring,ha-lêp-ningkangu-mah,mas ...lir ...
222z2c1zyctyz1c22222z1c2121yte
mu-rubingla-ngit.O ...tê-kwansar-wama-nik.O...
22222z1c2z6x!x6c5z@x!x@x!c6
ta-wing-nyasi-na-wungO...O...
z3c222222z1c23z5c6222z1cyz1c2
sa-satsê-karsi-nu-ji,ung-gwanBa-nu-wa-ti.O...
3z5c63532z2x3c5z2x3c5222z2c1zycty
ywa-namrêmma-la-ngên,lanNa-taDur-yu-da-na.O...
z1c222222z1c2z1x2x1xyxtce
lanNa-taDur-yu-da-na.O...
2. Pathêt nêm jugag.
yyyyyyyyztcyz1c222222
An-jrahing-kangpus-pi-taa-rum,ka-si-lir-ingsa-mi-
22z1c2z6x!x6c5
ra-namrik.O...
35z5c32z2x3c5z2x3c52z2c1zycty
sê-karga-dhungko-ngasgan-da-nya.O...
z1c22222222z1c2z1x2x1xyxtce
ma-wèhra-rasrê-na-ningdri-ya.O...

--- 85 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 3 dari 8
3. Têmbang gêdhe Girisa, pathêt nêm.

(Tumrap Suluk diarani pathêt Lasêm).

6z@x!c@6555555z3c5333
O...O...De-neu-ta-ma-nena-ta,bèr-bu-di
333z3c56z@x!x@x!c62222222z1cy
ba-wa-lêk-sa-na.O...lir-ebèr-bu-dimang-ka-na.
z3c5333333z3c56z@x!x6c52222
O...li-lalê-ga-waingdri-ya.O...ang-gungdèn-nya
222z1c23z5c63555z5c32z2x3c5z2x3c5
pa-ringda-na,ang-gê-gan-jarsa-bêndi-na,lir...e...
2222z2c1zyctyz1c2222222z1c2z1x2x1xyxtce
kangba-wa-lêk-sa-na.O...a-nê-têp-ipa-ngan-di-ka.O...
4. Ada-ada Astakuswala cilik (pathêt nêm).
66666666z!c@@@@@@@
Mun-durRê-kya-naPa-tihun-dhang,ingprawa-dyasa-mya
@z@x#c%@666666665z5c665
sa-ne-ga,u-myungra-meswa-ra-nebên-dhebè-ri,gu-
5555z5x6x5x3c26z!c@@@@@@@@@
bargur-nangkla-wanpuk-surtam-burmyangsu-lingpa-pan-jèn
@z@x#c%@66666666666z5c6
da-lu-dag,bên-de-rami-wahka-kan-dhawar-na-war-na
5555z5c3z5x6x5x3c2z3x5x3x2x1cy5555z5x6x5x3c2
pin-dhaja-la-dhi-yan.O...a-srika-wur-yan

--- 86 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 4 dari 8
5. Suluk Plêncung Jugag (pathêt nêm)

(Munduring utusan)

36!!66!@666z5c3
Gyalu-mèng-sèrdu-ta-neSriNa-ra-na-ta,
666666z6c1z6c56!z@x!x@x!c6
tê-kappa-se-wa-kantan-dyatu-mun-dhuk,
333z3c5z3x2c11111z2c352z1cy
sangyunma-ngar-sa,tana-naku-ci-wara-ras.
6. Têmbang gêdhe Salyarini.

(Tumrap Suluk diarani Mataram Gêdhe).

6666665z@c#!!!!z!c65
En-jingbi-dhalgu-mu-ruh,sa-kingsa-jro-ningpra-ja,
z5c3z2c1111112222356
gung-ingkangba-la-kos-wa,a-brabu-sa-na-ni-ra,
6666665z@c#!!!!z!c65
lirsur-yawê-dal-i-ra,sa-kingingja-la-ni-dhi,
z5c3z2c111111222222z1c2
ar-sama-dhang-ija-gad,dukmu-ngup-mu-ngupa-nèng,
1yyyyyyz3x2x1xyct
a-nèngpu-cak-ingwu-kir,O...
7. Pathêt sanga wantah.
2222222222222222
Sang-sa-yada-lua-ra-ras,a-byorkanglin-tangku-mê-dhap,
z2c1111111zyc122222222
ti-tiso-nyatê-ngahwê-ngi,lu-mranggan-da-ningpus-pi-ta,
z2x3c55555555
ka-rêng-gyan-ingpu-dya-ni-ra.

--- 87 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 5 dari 8
z!c@222222z2c1y
O...Sangdwi-ja-wa-rambrê-ngê-ngêng.
z2c1111111zyc1
lirswa-ra-ningma-du-brang-ta.
z2x1xyct2z1c2y1y1yt
O...Ma-nung-sungsa-ri-ningsê-kar

Suluk ing dhuwur iku kanggone ana ing wiwitane ganti pathêt, yaiku saka pathêt nênêm mênyang pathêt sanga, kira-kira ing wayah jam 12 bêngi. Sanajan tumrap wayangan ing wayah awan, unine cakêpan uga kaya kang kasêbut ing dhuwur iku. Iku dadi tandha-yêkti, manawa wayangan iku pancène mono kudu mung ing wayah bêngi bae.

8. Ada-ada palaran.
!!!!!!!!!z6c!6666z6c53
Ra-sêk-sakru-raka-gi-ri-gi-ri,gêng-nyalirpra-ba-ta,
z5x6c!!!!!z6c!6666z6c535555
a-bangka-wê-la-gar,ma-ngu-wuhingmung-suh,a-min-tala-
z3c5z2c111111112222222z2c1y1
wan,ang-grosruma-si-nganab-daka-dyaeng-galyunma-nu-bruk-a.O...
9. Ada-ada pathêt sanga jugag.
1111111122222z1c2
Tan-dyaba-laPan-dha-wam-byuk,gu-mu-lungma-ngung-sir,
1yyyyy1
ringSa-taKo-ra-wa.O...
10. Pathêt manyura wantah.

Suluk pathêt manyura wantah ing ngisor iki kanggo ing wiwitane ganti pathêt, yaiku saka pathêt sanga mênyang pathêt manyura.

--- 88 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 6 dari 8

Cakêpane (unèn-unène) uga dadi tandha-yêkti, manawa wayangan iku pancèn kudu katindakake ing wayah bêngi.

33333333333
Mèhra-i-nasê-mubangHyangA-ru-na,
33z2x3c222222z1c2
ka-dine-tra-ningang-gara-puh,
3333333z3x5c666666z5c6z@c#
sab-da-ningku-ki-laring,ka-ni-ga-rasa-ki-têr.O...
3333z3c21z3c2222222z1c2z3x2x1cy
ki-ni-dung-aningkung,lirwu-wus-ingwi-ni-pan-ca.O...
1111111zyc1z2x1xyxtce
sa-pê-tok-inga-yamwa-na.O...
11. Ada-ada jugag.
2222222222222222
Bu-tata-taga-ti-wi-sa-yain-driyêk-sasa-rama-
222222333321111112
ru-taba-namar-gasa-mi-ra-nagu-ling-anwilwa-ra-yang.O...

Kang kanggo ing cakêpan Suluk ing dhuwur iku, têmbung-têmbunge, siji-sijine padha kadunungan watak lima. (Ndêlênga bab XV sêngkalan).

12. Pathêt manyura jugag.
1111111111111
Brê-ma-rarèhma-ngus-waa-mungam-brê-nge-ngêng
z3c22222222z1c2z3x2x1cy
ka-dika-ru-na-ningkas-wa-sih.O...
1111111zyc1z2x1xyxtce
a-nèngmar-gaa-lê-la-ku.O...

--- 89 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 7 dari 8
13. Sêndhon Kloloran.
33z3x5c6z6x5c3!!!!!z!c@z!c6
Ga-laku-latpin-dhatha-thitam-ba-rung
222z1c223365z3c21z2x1xyx1c2
kangpa-mu-lua-lusma-nisma-lat-kung.O...
33z3c21yte111z1c2z1cy
sêm-ba-dagênga-dê-dêgman-da-ra-nakung
222z1c23365z3c21z2x1xyxtce
a-go-rèhpan-têsda-dyama-wèhkung.O...
14. Ada-ada Astakuswala gêdhe.
3z2x1cy1222z2c33z5c666z6x!c@63
Graggrêgan-dêm-aning-kangja-ranngrikma-ga-lakgên-
333z2c32222222z2x3x2x1cyz1x2x1xyxtce
tima-ni-tihingpa-mê-kak-ni-rari-sang.O...
22222z2x3x2x1cy!!!!!!z6c!z@x!x6x5c3
su-dar-sa-nada-hat,kên-dha-lira-ngahman-jing.O...
z3x5c6666z6x!c@6333z2c3
lak-lak-an-ingku-dangrikmi-jil-rah
222222z2x3x2x1cy162621
ka-dyatuksu-ma-ram-bah.O...mungjirmungjirA...
!!!z!c65z@x!x@c!111111
yak-satê-mah-an.O...kru-rasruma-na-ut
22222z2c1yz3x2x1xyct
yit-naSangNar-pat-ma-ja.O...

Ing dhuwur iku kabèh tuladha-tuladha Suluk Padhalangan laras slendro, kanggo nyuluki wayang Purwa. Dene Suluk padhalangan kang alaras pelog, kanggo nyuluki wayang Gêdhog, tuladhane kaya ing ngisor iki (pêthikan saka buku Lagu Jawi):

--- 90 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123): Citra 8 dari 8
1. Sulukan pelog pathêt lima.
ty1222212z3x2c11111z1c2
Mi-jilla-ngên-i-raSangNar-pa-ti,lam-pah-i-ra-a-
z1xyct333z2c312333z3c2z3c5z3x2c111
longi-na-rê-bêgba-dha-yayuwar-na-ni-ra,so-lah-
1111111124z5x6x5x4x2x1cyyyy
i-rawi-ngitlirwi-da-da-rinu-run,lirwi-da-
yy1z2x3x2x1xyctrtrtzyx1xyxtxrxwcq
da-rinu-runsa-risa-ri.O...
2. Sulukan pelog pathêt nêm.
21y11111z1c2z1cyz1c22z3x2x1xyxtce
Pus-palu-lutsê-kara-dian-ta-rik-sa.O...
yyyyyyyyyyyyz1c22z3x2x1xyxtce
An-dea-sihing-sunka-lin-tangpana-mungsi-ra.O...
3. Sulukan pelog pathêt barang jugag.
uuuuuuuuuzucyuz2xuxyxtcez2x3x2cu
Ka-ro-re-yankanga-gê-lungma-yangmê-kar.O...
33333333335z6x7x6x5x3x2cuz2xuxyxtce
nyi-rignyong-klangku-da-nedèncan-dhêtmi-ring.O...
222223zuc2uz2xuxyxtxecw
ku-da-nedèncan-dhêtmi-ring.O...

Basa kang kanggo ana ing Padhalangan iku kalêbu basa rinêngga, basa pacakan utawa basa brêgasan. Basa kang kanggo janturan, antawacanane siji-sijine wayang, cakêpane Suluk, kabèh kalêbu ing basa rinêngga.

--- 91 ---

Bab XIII. Japa-mantra lan donga.

Japa = mantra, lumrah disaroja dadi japa-mantra, têgêse mèh padha bae karo donga.

Têtêmbungan utawa unèn-unèn kang kanggo japa-mantra lan donga iku lumrahe diarani rapal utawa lapal (têmbung Arab). Rapal utawa lapal iku dimèlake utawa diwatêk tumuju marang Ingkang Maha Kuwasa; ana uga rapal kang dipêlêngake marang bangsane lêlêmbut. Wondene rapaling japa-mantra lan donga iku isi panuwun marang Ingkang Kuwasa. Tarkadhang ana rapal kang kanggo ngundang lêlêmbut; diundang, prêlu arêp dijaluki tulung. Kosokbaline, ana uga rapal kang kanggo nyingkirake lêlêmbut.

Dijapani = dimantrani, didongani; têgêse ditamani japa (mantra, donga) awujud rapal kang bisa ndayani kalêksananing sêdyane wong kang ngêmèlake utawa matêk rapal iku. Dijapani, tumrap ing Padhalangan lumrahe katêmbungake "sinidhikara" (Sidhikara = japa, mantra, puja, donga).

Wong-wong Jawa ing jaman biyèn racake padha kêrêp ngêmèlake japa-mantra utawa donga. Arêp lungan, arêp mangan, arêp turu, arêp nambani wong lara, cêkak-cukupe nêdya nindakake pakarti apa bae, lumrahe nganggo ndêdonga dhisik.

Wondene rapal kang bisa ngêtokake kaluwihan supaya bisa ngasorake mungsuh, bisa nyêkêl kewan lsp. diarani aji utawa aji-aji.

Tuladha donga utawa japa-mantra:

I. Donga balik.

(Kanggo mbalèkake panggawe ala).

1. Ya maraja jaramaya.
2. Ya marani niramaya.
3. Ya si lapa palasiya.
4. Ya midoro rodomiya.
5. Ya midhosa sadomiya.
6. Ya dayuda dayudaya.
7. Ya siyaca cayasiya.
8. Ya si hama mahasiya.

Donga balik ing dhuwur iku, manut dêdongengan, katulis dening Bathara Guru ana ing bathuke Bathara Kala, diarani Rajah Kalacakra.

II. Kanggo ngêdohake lêlara lsp. (Dhandhanggula).

1. Ana kidung rumêksa ing wêngi | têguh ayu luputa ing lara | luputa bilai kabèh | jim-setan datan purun | panêluhan tanana wani | miwah panggawe ala | gunane wong luput | gêni atêmahan tirta | maling adoh tan wani pêrak ing kami | kêmat-duduk pan sirna ||

2. Sakèh lara apan samya bali | sakèh ama pan samya miruda | wêlas-asih pandulune | sakèhing braja luput | kadi kapuk tibaning wêsi | sakèhing wisa tawa | sato galak tutut | kayu aèng lêmah sangar | songing landhak guwaning wong lêmah miring | myang pakiponing mêrak ||

--- 92 ---

3. Pagupakaning warak sakalir | pan winaca ing sagara asat | têmahan rahayu kabèh | dadya sarira ayu | ingidêran pra widadari | rinêksa Malaekat | sakathahing Rasul | pan dadi sarira tunggal | ati Adam utêkku Bagendha Êsis | pangucap Nabi Musa ||

4. Napasku Nabi Ngisa linuwih | Nabi Yakup pêmiyarsaningwang | Yusup ing rupaku mangke | Nabi Dawud swaraku | Jêng Suleman kasêktèn mami | Nabi Ibrahim nyawa | Idris ing rambutku | Bagendha Li kulitingwang | gêtih-daging Abubakar Umar nênggih | Balung Bagendha Usman ||

5. Sungsumingsun Patimah linuwih | Siti Aminah bayuning angga | Ayup ing ususku mangke | Nabi Nuh ing Jêjantung | Nabi Yunus ing otot mami | netraku ya Muhammad | pamuluku Rasul | pinayungan Adam-sarak | sampun pêpak sakathahing para Nabi | dadi sarira tunggal || (Buku Kidung).

III. Kanggo ngidungake jabang-bayi. (Kinanthi).

1. Yèn anangis lare iku | lela-lelanên lan dhikir | supaya doh kang lêlara | sarap-sawane tan wani | saking rahmating Hyang Suksma | lan supangate Jêng Nabi ||

2. Winacaa puji iku | setane lumayu nggêndring | sarap-sawane sumimpang | kala-kalane sumingkir | cacing racak padha mêndhak | kruma-krêmi padha mati ||

3. Pitik tulak pitik tukung | têtulake jabang-bayi | ngêdohakên cacing racak | sarap-sawane sumingkir | si tukung mangungkung ngarsa | si tulak bali ing margi ||

4. Si jabang-bayi puniku | kêkasihira Hyang Widi | rinêksa ing Malaekat | dèn êmong ing widadari | pinayungan ing Hyang Suksma | kinêbutan para Nabi ||

5. Sakathahing Wali kutup | Ulama lan para Mukmin | samya angrêksa ki jabang | mila têbih ing sêsakit | sirna larane ki jabang | walagang slamêt ki bayi || (Kidung).

IV. Kanggo nunggu wong lara. (Pangkur).

1. Singgah-singgah kala singgah | pan suminggah durgakala sumingkir | singa ama sing awulu | sing asuku asirah | sing atênggak lawan kala sing abuntut | padha sira suminggaha | muliha mring asalnèki ||

2. Ana kanung saka wetan | nunggang gajah têlale êlar singgih | kulahu barang balikul | setan lan brêkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | iblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

3. Ambalik marang awaknya | mbalik marang jasadira pribadi | mbalik karsane Hyang Agung | tamat pasinggah setan | tulak sarap punika gantya winuwus | arane sarap dèn ucap | sagung pra nupiksa sami ||

4. Arane sarap kang lanang | Kulhu putih kang wadon Kulhu kuning | ywa purun sudi maring sun | ywa marang kaki

--- 93 ---

jabang | sarap wangke sarap wedang sarap awu | padha sira suminggaha | muliha mring asalnèki ||

5. Samya gègèr setan wetan | anrus jagad kulon playuning dhêmit | kang têngah Bathara Guru | tinutup Nabi Sleman | iblis setan brêkasakan ajur-luluh | ki jabang bayi wus mulya | liwat sirotolmustakim || (Kidung).

Wondene kang kalêbu ing golongane aji-aji, kaya ta:

I. Aji sirêp Begananda.

Hong wilahèng.

Niyatingsun matak ajiku, aji sirêp Begananda, aji Patinggêngan saka Ajisaka. Sing sapa kêtiban, jim-setan pêri-prayangan padha mati. Aja manèh asipat janma manungsa, oraa mati amblêk-sêk turune kaya mati; ora pisan-pisan tangi yèn aku durung... (Isine manut kang sinêdya).

II. Aji-aji Wringinsungsang. (Durma).

1. Wringin-sungsang wayahira tumaruna | ngaubi awak mami | tur tinut ing bala | pinacak-suji kêmbar | pêpitu jajar maripit | asri yèn siyang | angkêr kalane wêngi ||

2. Duk samana akêmpêl kumpuling rasa | netraku dadi dhingin | netraningsun êmas | pêputihe mutyara | rêng-irênge wêsi manik | cêploking netra | walikêr uda-ratih ||

3. Idêpingsun kêkêncang bang rêruwitan | alisku sarpa mandi | kiwa-têngên pisan | cupakku surya kêmbar | kêdhèpku pan kilat thathit | kang munggwing sirah | wêsi kêkênthèn adi ||

4. Rambut kawat sinomku pamor anglayap | bathuk sela cêndhani | kupingku salaka | pilinganingsun gangsa | irungku wêsi kang aji | pasu kulewang | pipiku wêsi kuning ||

5. Watu itêm lungguhe ing janggutingwang | untuku rajêg wêsi | lidhah wêsi abang | aran wêsi mangangkang | iduku tawa sakalir | lambeku iya | sela matangkêp kalih ||

6. Guluningsun paron wêsi galigiran | jaja wêsi sadhacin | pundhak wêsi akas | walikat wêsi ambal | salangku wêsi ngalungid | bauku dhêndha | sikutku pukul wêsi ||

7. Asta criga èpèk-èpèkingsun cakra | cakar wok jêmpol kalih | panuduh trisula | panunggulku musala | mêmanisku supit wêsi | jênthikku iya | ingaran Pasopati ||

8. Bêbokongku sela agêng kumalasa | akawêt wêsi gilig | êbolingsun karah | luput dhêndha kang tinja | balubukan êntut mami | uyuhku wedang | dakarku purasani || (Kidung).

Pèngêt.

Japa-mantra lan donga apadene aji-aji iku bisane mandi kudu disarati laku. Wong akanthi gampang bisane olèh japa-mantra lan donga sarta aji-aji. Bisane olèh ora angèl; sing angèl iku "lakune".

--- 94 ---

Bab XIV. Sandi-asma.

Sandi utawa sandya satêmêne atêgês: sambung utawa gandhèng.

Sandi-kala utawa sandya-kala, atêgês: kala (wêktu) sing nyambung utawa nggandhèng wêktu awan karo wêktu bêngi, yaiku ing kala (wêktu) mèh suruping srêngenge. Dadi, têmbung sandi-kala atêgês: wêktu mèh suruping srêngenge.

Wêruh marang sandining urip, atêgês: ngrêti marang sêsambunganing urip, maksude: bab sing bisa nyambung urip karo pati sing sêmpurna, yaiku darma (panggawe bêcik).

Ing jaman saiki, têmbung sandi lumrahe ditêgêsi "wadi".

Pulisi sandi, atêgês: pulisi winadi (pulisi rahasia), yaiku pulisi kang panganggone (sandhangane) kaya wong lumrah bae. Pancèn supaya aja nganti diarani pulisi dening wong-wong.

Sandi-sastra, atêgês: sastra kang winadi, sinamun, sinamar, têmbunge manca "kode".

Sandi-asma, atêgês: asma kang sinandi, jênêng kang sinamun, sinamar. Jênêng kang ora katuduhake kanthi mêlok, ora kanthi cêtha. Katuduhake, nanging sinamar (sinamun) ing sajrone karangan, lumrahe ing sajrone karangan kang sinawung ing têmbang.

Sing ada-ada migunakake sandi-asma warna-warna iku swargi R. Ng. Ranggawarsita. Ya Sang Pujangga swargi R. Ng. Ranggawarsita iku kang migunakake sandi-asma warna-warna dhisik dhewe.

Sang pujangga swargi R. Ng. Ranggawarsita carane mapanake sandi-asma ana warna nênêm, yaiku: ing sabên wiwitane pupuh, ing sabên wiwitane pada, ing sabên wiwitane gatra, ing pêdhotane gatra, ing saburine pêdhotan, lan ana manèh sandi-asma kang mung dumunung ing gatra siji. Tuladhane:

A. Dumunung ing wiwitane pupuh.

(Tinêmu ing layang Ajipamasa lsp.).

RA - sikaning Sarkara kaèsthi (Pupuh Dhandhanggula).
HA - sasmita wadyanira (Pupuh Sinom).
DYAN - Cêpu kinon ningali (Pupuh Asmaradana).
NGA - wu-awu ing pamuwus nguwus-uwus (Pupuh Pucung).
BE - la tampaning wardaya (Pupuh Pangkur).
I - yêg tyas sabiyantu (Pupuh Gambuh).
RONG - prakara pilihên salah satunggal (Pupuh Durma).
GA - gat bangun angun-angun ing praja gung (Pupuh Mêgatruh).
WAR - nanên tanah ing sabrang (Pupuh Pangkur).
SI - ra Sang Prabu kalihnya (Pupuh Girisa).
TA - litining wong abêcik (Pupuh Asmaradana).

--- 95 ---

B. Dumunung ing wiwitaning pada.

(Tinêmu ing layang Sabdatama, Ajipamasa lsp.).
1. RA - saning tyas kayungyun | angayomi lukitaning kalbu | lambarana kalawan êninging ati | kabêkta kudu pitutur | sumingkir ing rèh tyas wirong ||
2. DÈN - samya amituhu | ing sajrone jaman Kalabêndu | yogya samya nyênyuda hardaning ati | anênuntun mring pakewuh | uwohing panggawe awon ||
3. NGA - japa tyas rahayu | ngayomana sêsamèng tumuwuh | wahanane gêndhak angkara kalindhih | ngendhangkên pakarti dudu | dinulu luwar tibèng doh ||
4. BE - da kang ngaji pumpung | nir waspada rubedane tutut | kêkinthilan manggon anggung atut wuri | tyas riwut ruwêd dahuru | korup sinêrung agoroh ||
5. I - lang budayanipun | tanpa bayu weyane ngalumpuk | saciptane wardaya ambêbayani | ubayane nora payu | kari kataman pakewoh ||
6. RONG - asta wus katêkuk | kari ura - ura kang pakantuk | Dhandhanggula lagu Palaran sayêkti | nglêluri para lêluhur | abot ing sih swami karo ||
7. GA - lap-gangsuling têmbung | Ki Pujangga panggupitanipun | rangu-rangu pamanguning rèh harjanti | tinanggapan prana tambuh | katênta nawung prihatos ||
8. WAR - tine para jamhur | pamawasing warsita tanpa wus | wahanane apan owah angowahi | yèku sangsaya pakewuh | ewuhaya kang linakon ||
9. SI - daning Kalabêndu | saya ndadra hardaning tyas limut | nora kêna sinirêp limpading budi | lamun durung mangsanipun | malah sumuke angradon ||
10. TA - tanane tumruntun | panuntuning tyas angkara antuk | kaladesa wênganing karsa kaèksi | limut kalimput angawut | mawut sanggyaning dumados ||
11. ING - antara sapangu | pangungaking kaanan wus kêmput | morat-marit panguripaning sêsami | sirna katêntrêmanipun | wong udrasa sanggon-ênggon ||
12. KÊ - mat isarat lêbur | bubar tanpa daya kabarubuh | paribasan tidhêm tandhaning dumadi | bêgjane ula dahulu | cangkêm-silite anyaplok ||
13. DHUNG - kari gunung-gunung | kang gênêng-gênêng padha jinugrug | parandene tanana kang nanggulangi | wêdi kalamun sinêmbur | upase lir wedang umob ||
14. KOL - longaning kaluwung | prabanira kuning abang biru | sumurupa iku mung soroting warih | wêwarahe para Rasul | dudu jatine Hyang Manon ||

--- 96 ---

15. SU - paya padha emut | tinon mawas ing sajroning taun | windu kuning kono ana wewe putih | gêgamane têbu wulung | arsa angrabasèng wêdhon ||
16. RA - sane wus karasuk | miwah kêsuk kala-mangsanipun | kawasesa kuwasane para luwih | wahyane wahyu tumêlung | tulus tan kêna tinêgor ||
17. KAR - taning tyas katuju | jibar-jibur adus banyu wayu | yuwanane turun-tumurun tan ênting | antuk barkahing Hyang Agung | dèn ugung saênggon-ênggon ||
18. TA - tune kabèh tuntum | lêlarane waluya sadarum | tyas prihatin ginantyan suka mêpêki | wong ngantuk anêmu kêthuk | jro isi dinar sabokor ||
19. A - mung padha tinumpuk | nora ana rusuh colong-jupuk | raja-kaya cinancangan anèng jawi | tan ana nganggo tinunggu | parandene tan cinolong ||
20. DI - raning durta katut | anglakoni ing panggawe runtut | tyase katrêm kayoman ayuning budi | budyarja marjayèng limut | amawas pangèsthi awon ||
21. NING - gal pakarti dudu | kadapaning parentah ginugu | mring pakaryan sarêgêp têtêp nastiti | ngisor-dhuwur tyase jumbuh | tan ana waon-winaon ||
22. NGRAT - tani sapraja gung | kèh sarjana sujana ing kewuh | nora kewran mring caraka agal-alit | pulih duk jaman rumuhun | tyase têtêg têguh tanggon ||

C. Dumunung ing wiwitane gatra.

(Tinêmu ing layang Ajipamasa lsp.).

I. RA - sikaning Sarkara kaèsthi | DÈN - nya kêdah mêmardi mardawa | NGA - yawara puwarane | BE - la-belaning kalbu | I - nukarta nis kartèng gati | RONG - ngas rèhning ukara | GA - garanirantuk | WAR - ta wasitaning kuna | SI - nung têngran Janma Trus Kaswarèng Bumi (1791) | TA - litining carita || (Sêrat Ajipamasa).

D. Dumunung ing pêdhotane gatra.

(ANDHÊGAN NAPAS).

I. Songsong go- RA candraning hartati | lwir wini- DYAN sarosèng parasdya | ringa-ri- NGA pangriptane | tan dar- BE labdèng kawruh | angruruh- I wênganing budi | kang mi- RONG ruharèng tyas | ja- GA angkara nung | minta lu- WAR -ing duhkita | aywa kong- SI kewran lukitèng kintèki | kang ka- TA ginupita || (Sêrat Cêmporèt).

--- 97 ---

II. Aywa pêgat ngudia RONG - ing budyayu | mar- GA - ne saka basuki | dimèn lu- WAR kang kinayun | kalis ing panggawe SI -sip | ingkang TA -bêri prihatos || (Sêrat Sabdajati).

E. Dumunung ing saburine pêdhotan gatra.

Yêktènana RONG windu ana dhumawuh | pulung- GA -na kang sajati | WAR -taning kang para jamhur | iku SI -daning kadadin | dadining TA -pa kang manggon || (Sêrat Jakalodhang).

F. Dumunung ing gatra, dadi salarik.

Sagêda sabar santosa | mati sajroning aurip | kalis ing rèh aru-ara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng malat-sih | sanityasèng tyas mêmatuh | badharing sapu-dhêndha | antuk mayar sawatawis | bo- RONG ang- GA su- WAR -ga mè- SI mar- TA -ya || (Sêrat Kalatidha).

Kajaba dumunung ing rêriptan kang sinawung ing têmbang, sandi-asma uga sok tinêmu ana ing karangan GANCARAN. Tuladhane, kaya ta ing layang GANCARAN Hidayatjati. Coba waspadakna!

RONG -kob rukading badan, kalingan dening solah susila. GA- lap-gangsuling lesan, kalingan dening wiraos manis. WAR -ni awon, kalingan dening manah sarèh. SI -pat kuciwa, kalingan dening netya sumèh. TA -liti sudra, kalingan dening bèrbudi bawa-laksana.

Tuladha liya-liyane.

Para paramèng kawi ing sapungkure Pujangga R. Ng. Ranggawarsita, akèh kang mapanake sandi-asma ana ing layang-layang rêriptane, nelad lêkase Sang Pujangga.

Coba rêriptan ing ngisor iki wacanên, badhenên karangane sapa, sarana kotitik unining sandi-asma. Lan têrangna, sandi-asmane dumunung ana ing êndi.

1. Gambuh.

Dèn lim- PAD sakèh ngèlmu | mrih uta- MA uripmu ing besuk | ywa kêsu- SU ngajap mulya nyipta mukti | mrih tumê- KA kang ginayuh | tan male- CA dadi asor ||

2. Pangkur. (Layang Pêpeling lan pamrayoga).

Kang wus katon mobahing rat | yèku tandha dadi parênging Widhi | baya pa- RÊK kang kinayun | kawa- SA njunjung bangsa | mung marsu- DI jujure kang sêdya maju | tanapi PRA tuduh marga | poma a- JA tinggal eling ||

--- 98 ---

3. Sinom.

1. Lir brataning RÊK -si wara | micara rèh SA -du budi | marsudi mrih DI -paning tyas | mêmèngêt mring PRA taruni | wit jroning JA -man mangkin | kèh kang mbeda SU -marawung | yèn limut RA -sikèng tyas | korup mring rèh KAR -ya sisip | têmah sirna TA -lêring titah utama ||

2. PUNGGAWA yogya nyênyilah | WISA -ning wêngkon sinirik | MARTA -ne kang dèn upaya | KÊPARÊK mrih mirong wangi | KANAN - kering udani | NGABEHI saliring kawruh | RÊKSA -rumêksanira | DI - ning wêwêngkon kaèksi | PRAJA - nira mrih tulus tata-raharja ||

4. Dhandhanggula.

1. RÊK -ing kar- SA mrih Sarkara wrê- DI | mindha wi- PRA murwèng wasitar- JA | tambuh pa- RAN surasa- NE | mung sar- WA tibèng du- DU | tinêmah- A tilaring wi- JI | lire KANG ngriptèng kra- MA | nênga ring pa- NGAPUS | tan wrin su- AL myang pangi- YAS | mrih prasa- JA mung lining- GA woding ka- WI | rinêng- GA panggupi- TA ||

2. RA -wat-rawat rumêsêping sari | DYAN kadadak budayaning sêdya | MAS -mu mêksa pangikête | BE -bèting budi cubluk | I -na-papa sumêngkèng kapti | SU -mungguh ngemba lêbda | MA -wardi ring kayun | AT -as tataning utama | MA -walar-sih mring sagunging kang umèksi | KA -nang ruwiyèng gita || (Layang Ki Agêng Drêpayuda).

5. Pangkur. (Kalawarti Jayabaya 8-1-1956).

RAH -yu mungkur ing duskarta | HA -mung kewran kawêkèn dening tan wrin | DÈN -nyarsa angrukti kidung | BU -buka kongsi pwara | DI -naduga sayêktine datan gadug | HAR -dayèng tyas kumabisa | JA -na limpad kang dèn èsthi ||

6. Mijil. (Saka siswa S.G.B. Purworêjo).

1. SU -mundhul wyat sêmangat kang mijil | HAR -sayèng tyas yêktos | TI -ta nyata tuhu panggrêgute | TA -tag tanggon para mudha sami | YUN ndhêpani nagri | NAH- an munah mungsuh ||

2. SA -nadyana kurang gaman jurit | KA -dugi rêrêmpon | KU -du nglawan wong ala watake | THA -kah-srakah arsa njajah nagri | GOM -bèng tan ngèngêti | BONG -gan kang anglurug ||

Sandi-asma wujud dhêdhapukaning aksara.

Sandi-asma iku pancène kudu awujud dhêdhapukaning wanda. Wiwit ana cara basa Jawa tinulis nganggo aksara Latin, banjur ana ada-ada sandi-asma kang awujud dhêdhapukaning

--- 99 ---

aksara. Ing ngisor iki tuladhane:

1. S asat mungkur basa Jawa
U mumira pra mudha jaman mangkin
T an tumanggah ing panggrêgut
R as-arasên nggêgulang
I ng ajune basa Jawa mamrih luhur
S êdene duk kuna-kuna
N gumala lir kala nguni.

2. A pan mangke wus karasa
M undurira Kasusastêran Jawi
U pamane trus kêbanjur
R usak budaya Jawa
I ng besuke sapa kang kelangan iku
D atan lya wong Jawa pyambak
S ayêkti kaduwung wuri.

3. G lagate wus kawistara
B akal rusak Kasusastêran Jawi
I ba gêtune ing besuk
N anging yèn para mudha
G êlêm age nggagahi gumregah nggrêgut
P adha glis gêlêm nggêgulang
U mum sami mardi yêkti.

4. R ahayu budaya Jawa
W us tartamtu têrus tulus lêstari
O ra mundur mandar luhur
R usak kêna cinêgah
Ê nggih mangga enggal rumagang yèn saguh
J ak-ajak ajêg jumaga
O njone budaya Jawi.

Sandi-asma kang kadadean saka dhêdhapukaning aksara kaya kang kasêbut ing dhuwur iku, manawa tinulis nganggo aksara liya (Jawa), banjur ilang sipating sandi-asma. Nanging sandi-asma kang kadadean saka dhêdhapukaning wanda, tinulisa nganggo aksara apa bae, wujude sandi-asma isih ajêg, ora ilang.

Bab XV. Sêngkalan.

Wiwit jaman kuna mula wong-wong wis lumrah padha "mèngêti wêktu" kang mawa kadadean utawa lêlakon wigati, kaya ta: wêktu laire bocah, gêblage (patine) sanak-sadulur, wêktu ngêdêgake omah, wêktu omah-omah (dadi pangantèn), wêktu ana bêbaya gêdhe (gunung njêblug, banjir bandhang, lindhu gêdhe, pêrang) lan sapanunggalane.

Wong-wong Jawa ing jaman kuna manawa "mèngêti wêktu", lumrahe cacahing taun ora pinèngêtan nganggo angka, nanging nganggo têtêmbungan utawa gambar, yaiku kang diarani sêngkalan.

Cacahing taun kang pinèngêtan nganggo têtêmbungan diarani "sêngkalan lamba", dene kang pinèngêtan sarana gambar diarani "sêngkalan mêmêt".

Kang katêrangake ing buku iki mung "sêngkalan lamba", yaiku cacahing taun kang pinèngêtan nganggo têtêmbungan utawa ukara.

Mungguh prêlune pinèngêtan nganggo têtêmbungan utawa ukara (ora nganggo angka) iku:

--- 100 ---

1. Olèhe gawe pèngêtan (sêngkalan) bisa kalarasake unèn-unène karo bab utawa lêlakon kang pinèngêtan.

2. Gampang dieling-eling, angèl laline.

Têmbung-têmbung kang kanggo ing sêngkalan.

Kang kanggo ing sêngkalan iku têmbung-têmbung kang dianggêp nduwèni watak-wilangan. Kanthi ringkês kapratelakake ing ngisor iki:

Watak siji: Barang (peranganing anggane manungsa utawa kewan) kang cacahe mung siji, barang kang awangun bundêr, janma-manungsa.

Watak loro: Barang kang cacahe mêsthi loro.

Watak têlu: Gêni, barang-barang kang mawa gêni.

Watak papat: Banyu, têmbung-têmbung kang nduwèni têgês "gawe", barang-barang kang isi banyu.

Watak lima: Buta, panah, angin.

Watak nênêm: Araning rasa, têmbung-têmbung kang ngêmu surasa obah, kang atêgês "kayu", araning sadpada (insect).

Watak pitu: Gunung, pêndhita, nunggang, jaran. (Kang awujud saukara lan gampang dieling-eling: "Pandhita gunung pitu nunggang jaran").

Watak wolu: Gajah, kewan rumangkang (reptiel).

Watak sanga: Dewa, barang-barang kang dianggêp bolong.

Watak das: Têmbung-têmbung kang ngêmu surasa "ora ana", kang atêgês langit utawa dhuwur.

Kanthi ringkês yèn sinawung ing têmbang Dhandhanggula, unine mangkene:

Janma buwêng wani tunggal gusti | pangantèn dwi akêkanthèn asta | gêgêni putri katlune | papat agawe banyu | buta lima amanah angin | sad rasa kayu obah | wiku pitwèng gunung | gajah wêwolu rumangkang | dewa sanga anggêganda têrus manjing | dhuwur wiyat tanpa das || (Pm).

Mungguh pangrimbage têmbung-têmbung kang kanggo ana ing sêngkalan (miturut buku Candra Sangkala karangane Ki Bratakesawa) kanthi ngèlingi "Guru" warna wolu. Guru, atêgês: wêwaton, paugêran, pathokan. Guru warna wolu, yaiku:

1. Guru-dasa-nama. Têmbung kang padha têgêse dianggêp

--- 101 ---

padha watak-wilangane, kaya ta: pratiwi, pratala, bantala, kisma, padha dene awatak siji.

2. Guru-sastra. Kang sastrane (panulisane) padha, sanajan têgêse beda, watak-wilange dianggêp padha, kaya ta: èsthi kang atêgês sêdya, padha karo èsthi kang atêgês gajah, yaiku padha dene awatak wolu.

3. Guru-wanda. Kang nduwèni wanda kang padha, watak-wilangane kaanggêp padha, kaya ta: dadi karo waudadi (sagara), kaanggêp padha watak-wilangane, yaiku padha dene awatak papat.

4. Guru-warga. Kang nunggal sawarga utawa sagolongan, kaanggêp padha watak-wilangane, kaya ta: ula karo baya padha dene kalêbu golongan kewan rumangkang (reptiel), kaanggêp awatak-wilangan padha, yaiku padha dene awatak wolu.

5. Guru-karya. Barang karo pakartine (afngale) kaanggêp padha watak-wilangane, kaya ta: mripat karo mandêng, kaanggêp padha dene awatak-wilangan loro.

6. Guru-sarana. Sarana utawa piranti kaanggêp padha watak-wilangane karo gunane, kaya ta: ilat karo rasa, kaanggêp padha dene awatak-wilangan nênêm. (Ilat iku piranti utawa srana kanggo ngrasakake).

7. Guru-darwa. Barang karo sêsipatane kaanggêp padha watak-wilangane, kaya ta: gêni karo panas kaanggêp padha dene awatak têlu, sabab "panas" iku darwane "gêni". Utawa: sing asipat panas iku gêni.

8. Guru-jarwa. Têmbung karo jarwane (maksude "jarwa rasa") kaanggp padha watak-wilangane, kaya ta: rêtu karo gègèr, padha dene awatak-wilangan nênêm.

Nagara rêtu = nagara ora têntrêm, rusuh. Manawa nagara nganti rêtu, rakyate mêsthi orêg, kêrêp obah pating bilulung kang têmbunge liya diarani "gègèr".

Katrangan têmbung-têmbung kang dianggêp nduwèni watak-wilangan.

Ing ngisor iki têmbung-têmbung kang padha dianggêp nduwèni watak-wilangan, kagawe cakêpan (unèn-unèn awujud têmbang). Cakêpan iku kudu kawaca urut mangisor. Sabên têkan "pada titik", iku atêgês têkan ing "wêkasane gatra".

I. Asmaradana. Watak siji.

CakêpanTêgêse têmbungSababe awatak samono[5]
JanmaWong.Guru-warga karo nabi kang atêgês panuntun agama.
NabiWudêl panuntun agama.Wong mung duwe wudêl siji.
TunggalSiji.Satunggal ngokone: siji, sawiji, eka, juga.

--- 102 ---

GustiGusti Allah.Gusti Allah cacahe mung siji.
BadanAwak, angga.Wong mung abadan siji.
RupaWarni.Guru-dasanama karo candra kang atêgês rupa.
MahaLinuwih.Kang linuwih ora ana sing madhani iku Gusti Allah (cacahe Gusti Allah mung siji).
BudaBudi, angên-angênManungsa mung darbe angên-angên siji
SamadiMuja, jubur.Manungsa mung ajubur siji. Wong mêmuja uga mêlêng marang barang siji.
IkuBuntut, kuwe.Kewan mung abuntut siji.
PamaseRatu.Guru-warga karo nabi panuntuning agama.
SuryaSrêngenge.Cacahe mung siji, awangun bundêr.
CandraRêmbulan, rupa.Cacahe rêmbulan mung siji, awangun bundêr.
SasaLintang.Guru-warga karo rêmbulan, awangun bundêr.
DharaWêtêng, lintang.Manungsa awêtêng siji (dhara, padharan, wêtêng).
WijiIsi kang tinandur.Guru-wanda karo sawiji, siji.
GodhongRon.Guru-jarwa karo sêmi, tumrap wit sêmi iku tandhaning urip, lan sing bisa urip iku wiji.
LèkRêmbulan.Cacahe mung siji, awangun bundêr.
KênyaPrawan.Guru-warga karo manungsa.
WungkulBundêr, wutuh.Barang kang bundêr kaanggêp wutuh (siji).
BuwêngBundêr.Guru-dasanama karo wungkul, bundêr.
UripGêsang.Guru-darwa karo wiji, wiji iku kadunungan darwa (sipat) urip.
Nêkung.Muja-sêmadi.Nêkung iku mêlêng marang bab siji.
NyataTêmên, yêkti, sajati.Barang sing nyata, sing sajati iku mung siji.
SudiraWani, kêndêl.Guru-dasanama karo wani, sarta wani iku guru-wanda karo awani kang atêgês srêngenge.

--- 103 ---

TyasAti.Manungsa mung darbe ati siji.
Putra. (Pm).Anak.Guru-jarwa karo manjanma (nitis) dadi anak.

II. Kinanthi. Watak loro.

PangantènTêmantèn.Cacahe pangantèn iku loro (lanang-wadon).
DwiLoro.Wis cêtha awatak loro.
NêmbahNyêmbah.Guru-karya karo tangan: nyêmbah iku pakartine tangan.
Suku.Sikil.Manungsa asikil loro.
GandhèngKanthèt.Gandhèng iku ngêmu surasa loro.
AstaTangan.Manungsa darbe asta loro.
NduluNdêlêng.Guru-karya karo mripat.
Drêsthi.Alis.Cacahe alis loro (kiwa têngên).
NetraMripat.Manungsa anetra loro.
MyatMandêng.Guru-karya karo mripat.
BujaBau, tangan.Manungsa abuja loro.
Bujana.Pangan, sêsuguh.Guru-wanda karo buja.
KarnanSênêng.Guru-wanda karo karna (kuping).
NgrênggaMaèsi, majang.Guru-dasanama karo carana (atêgês rêrênggan).
Athi-athi.Kêning.Cacahe athi-athi loro.
PaksaBau, swiwi, kudu.Cacahe bau utawa swiwi loro.
ApasangArakit.Sapasang, sarakit, cacahe loro.
Carana.Sikil, rêrênggan.Manungsa asikil loro.
SikaraTangan, siya-siya.Manungsa atangan loro.
BauBau, buja.Manungsa abau loro.
Suwiwi. (Pm).Swiwi.Cacahe swiwi loro.

III. Pangkur. Watak têlu.

TriTêlu.Wis têrang awatak têlu.
JathaSiyung.Guru-wanda karo trijatha.
LirKaya.Guru-dasanama karo pindha, kaya lsp.
WrinWêruh.Guru-dasanama karo uninga.
Dahana.Gêni.Sang Hyang Dahana asorot têlu: abang, kuning, biru.
KayaKados.Guru-wanda karo guna-kaya.
WignyaSugih kawruh.Guru-darwa karo kawruh (wêruh, uninga).

--- 104 ---

UningaObor, sumurup.Guru-warga karo gêni (obor iku mawa gêni).
Anauti.Cacing.Guru-warga karo uta (lintah), lan uta guru-wanda karo utawaka (gêni).
SorotCahya.Guru-darwa karo gêni; sing asorot iku gêni.
BramaGêni.Guru-dasanama karo dahana.
ApiGêni.Guru-dasanama karo brama, dahana.
Murub.Mubyar.Guru-darwa karo gêni; sing murub iku gêni.
KobarKobong.Guru-darwa karo gêni; sipate gêni bisa agawe kobar.
GunaGêni, pintêr.Guru-dasanama karo dahana, brama, apyu.
Ujwala.Sorot.Guru-darwa karo gêni.
TêkênTêkên.Guru-dasanama karo siking kang atêgês têkên.
SikingUpêt, têkên.Guru-dasanama karo gêni, siking iku mawa gêni.
KèksiKaton.Guru-dasanama karo kauningan, linggane uninga = 1. Wêruh, 2. Gêni obor.
BahniGêni.Guru-dasanama karo dahana, brama, agni, apyu.
KukusKukus.Guru-darwa karo gêni. Sing mawa kukus iku gêni.
ApyuGêniGuru-dasanama karo dahana, brama, agni, bahni.
NalaAti.Guru-wanda karo anala kang atêgês gêni.
BêntèrPanas.Guru-darwa karo gêni. Sing kadunungan sipat panas (bêntèr) iku gêni.
Rananggana.Paprangan.Guru-sastra karo rananggana kang atêgês gêni paprangan.
KatonKatara.Guru-dasanama karo kauningan.
PanasBêntèr.Guru-darwa karo gêni, sing panas iku gêni.
PindhaKaya.Guru-dasanama karo kaya, lan kaya guru-wanda karo gunakaya; dene gunakaya guru-wanda karo guna kang atêgês gêni.
Agni. (Pm).Gêni.Guru-dasanama karo dahana, bahni, apyu, api.

--- 105 ---

IV. Pucung. Watak papat.

SumbêrTuk, sumur.Guru-warga karo banyu. Sumbêr iku isi banyu.
SumurSumur.Guru-warga karo banyu. Sumur iku isi banyu.
TlagaTlaga.Guru-warga karo banyu. Tlaga iku isi banyu.
WêningBêning.Guru-darwa karo banyu. Wêning iku darwane banyu.
KaryaKanggo, gawe.Guru-dasanama karo yoga kang atêgês gawe. Yoga awatak 4, sabab yoga kang atêgês jaman ana 4: Krêtayuga, Tirtayuga, Duparayuga, Kaliyuga (Yuga = yoga).
MasuhNgumbah.Guru-sarana karo banyu. Masuh iku sarana banyu.
UdanJawah.Guru-warga karo banyu. Udan awujud banyu.
BunBun.Guru-warga karo banyu. Bun awujud banyu.
HèrBanyu.Guru-dasanama karo waruna (baruna) kang atêgês banyu.
Dadya.Dadi.Guru-dasanama karo dadi, lan dadi guru-wanda karo waudadi (sagara).
WarnaWarni.Guru-wanda karo waruna kang atêgês banyu.
WarihBanyu.Guru-dasanama karo banyu, hèr, tirta, we.
Waudadi.Sagara.Waudadi (sagara) iku isi banyu.
TirtaBanyu.Guru-dasanama karo warih, hèr, udaka, ranu.
NadiKali.Guru-warga karo banyu. Kali iku isi banyu.
DadiDados.Guru-wanda karo waudadi (atêgês sagara).
SuciRêsik.Guru-darwa karo banyu. Suci iku darwane banyu.
WedangBanyu panasGuru-warga karo banyu. Wedang iku awujud banyu.
Tawa (Pm).Wantah.Guru-darwa karo banyu. Tawa iku darwane banyu.

--- 106 ---

V. Durma. Watak lima.

SayaSangsayaGuru-wanda wisaya (piranti ngrenah mungsuh).
GalakGalak.Guru-darwa karo danawa. Galak iku darwane danawa. (Rota danawa = buta galak).
GulingTuru, bantal dawa.Guru-wanda karo gulingan (angin, paturon).
WilButa.Buta klêbu pancabaya (tumrap satriya lêlana).
YaksaButa.Guru-dasanama karo danawa, wil, diyu.
RasêksaButa.Guru-dasanama karo danawa, wil, diyu.
MargaJalaran, sabab.Guru-wanda karo margana (panah).
PandhawaPutrane Pandhu.Pandhawa iku cacahe 5 (Puntadewa, Wrêkudara, Janaka, Nakula, Sadewa).
LungidLandhêp.Guru-darwa karo gêgaman (panah). Lungid iku darwane gêgaman (panah).
BanaPanah.Guru-sarana karo pancakara. Bana iku srana kanggo pancakara.
WrayangPanah.Guru-sarana karo pancakara.
SaraPanah.Guru-sarana karo pancakara. Utawa guru dasanama karo jêmparing, astra, bana.
WisayaPiranti ngrenah mungsuh.Guru-sarana karo pancakara.
Pancakara.Pêrang.Guru-wanda karo panca (lima).
CakraPanah bundêr.Guru-dasanama karo bana, astra, warastra.
HruPanah.Guru-sarana karo pancakara.
AstraPanah.Guru-sarana karo pancakara.
Jêmparing.Panah.Guru-sarana karo pancakara.
GatiAngin, prêlu (wigati).Guru-dasanama karo maruta, samirana.
Tinata.Tata = angin.Guru-dasanama karo maruta, samirana.
MarganaPanah.Guru-sarana karo pancakara.
Bajragaman (panah), angin.Guru-sarana karo pêrang, utawa guru-dasanama karo maruta, pawana, samirana.

--- 107 ---

Angin. (Pm).Angin.Guru-dasanama karo pancaroba utawa pancawora (angin gêdhe).

VI. Sinom. Watak nênêm.

MangsaWêktu, mangan tumrap kewan galak.Guru-wanda karo madumangsa, madumangsa guru-wanda karo madu, madu iku lêgi, dene lêgi iku arane rasa, rasa ana nênêm.
NênêmNênêm, sad.Wis gênah awatak nênêm.
CarêmSalulut.Nganakake rasa kang nyênêngake.
Raras.Endah, rasa (rasane swara).Guru-dasanama karo rasa.
RasaneRaosipun.Rasa ana nênêm: pangênyam, panggrayang, pangganda, pangrungu, pandulu lan rasa sajati utawa rasane ati (bungah, susah, lêga lsp).
MaduMadu.Rasane madu iku lêgi, lêgi arane rasa.
Hartati.Lêgi.Arane rasa, guru-darwa karo rasa.
NayaMangsa nênêm.Arane mangsa nênêm ya awatak nênêm.
SadNênêm.Wis gênah awatak nênêm.
WayangRinggit, obah.Guru-wanda karo winayang kang atêgês arane mangsa nênêm.
Wuyungan.Gandrung.Guru-wanda karo wayang-wuyungan.
IlatIlat.Guru-sarana karo rasa. Ilat iku sarana kanggo mêruhi rasa.
OyagObah.Guru-dasanama karo wayang (winayang) kang uga ngêmu surasa obah.
ObahObah.Guru-dasanama karo wayang (winayang).
Manis.Lêgi.Arane rasa, mangka arane rasa ana nênêm.
GlinggangKayu.Guru-dasanama karo anggas kang atêgês kayu.
PrabatangKayu rubuh.Guru-dasanama karo glinggang, kayu.

--- 108 ---

Oyig.Obah.Guru-dasanama karo oyag, wayang.
MaduraLêgi.Arane rasa, guru-darwa karo rasa.
SarkaraLêgi, gula.Guru-darwa karo rasa; rasa ana nênêm.
Rêtu.Gègèr, rusuh, orêg.Guru-darwa karo obah. Utawa: rêtu iku arane ukuran wêktu = 6 taun.
LonaKêcut.Guru-darwa karo rasa.
TiktaPait.Guru-darwa karo rasa.
Kayasa.Sêpêt.Guru-darwa karo rasa.
AnggasKayu.Guru-dasanama karo glinggang, prabatang.
Anggang-anggangArane kewanGuru-warga karo sadpada.
GonjingObah.Guru-dasanama karo oyag, oyig, wayang.
TahênKayu, tahan.Guru-dasanama karo glinggang, wrêksa.
WrêksaKayu.Guru-dasanama karo prabatang.
WinayangMangsa nênêm.Wis cêtha awatak nênêm padha karo naya.
KayuKajêng, wrêksa.Guru-dasanama karo prabatang, glinggang.
Anggana (Pm).Dhewe, ijèn.Guru-wanda karo gana, lan gana iku kagolong sadpada (anak tawon).

VII. Maskumambang. Watak pitu.

RêsiPêndhita.Sing ngèstrèni jumênênge Prabu Kano: pêndhita 7, Brahmana 8 lan Dewa 9.
GunungRêdi.Guru-dasanama karo prawata, lan prawata iku guru-wanda karo Sapta-prawata.
PituPitu.Wis cêtha awatak 7.
AnitihNumpak, nunggang.Guru-wanda karo titihan kang atêgês jaran.
Turanggi.Jaran.Sedane Watugunung dibruki pêdhati apangirid turangga sapta dening Wisnu (pêdhatine Bathara surya).
SukaSênêng.Guru-wanda karo biksuka utawa biksu (atêgês pêndhita).
WêlingWêkas.Guru-dasanama karo wulang.

--- 109 ---

Wulang.Wuruk.Guru-karya karo pêndhita, sing asung wêwulang iku pêndhita (ing jaman kuna).
SwaraUni, pêndhita.Guru-dasanama karo pêndhita.
GoraGêdhe.Guru-dasanama karo gung (gung disêsêli na dadi gunung).
AngsaBanyak, murka.Durung tinêmu sababe.
Muni.Pêndhita, nywara.Guru-dasanama karo pêndhita, rêsi.
AswaJaran.Guru-dasanama karo turangga, kuda.
GiriGunung.Guru-dasanama karo arga, prawata.
GungGêdhe, gunung.Guru-wanda karo gunung. Têmbung gunung iku wode gung (disêsêli na).
Himawan (Pm).Gunung.Guru-dasanama karo arga, prabata, giri.

VIII. Mijil. Watak wolu.

AsthaWolu.Wis cêtha awatak wolu.
BasuWasu.Guru-sastra karo basu (wasu) kang atêgês wasu, cacahe wasu ana 8, sing siji asma Bisma utawa Dewabrata.[6]
UlaSawêr.Guru-warga karo Hyang Basuki (ratune ula), lan Basuki guru-wanda karo basu (wasu).
SliraMênyawak.Guru-warga karo ula (warga reptiel).
Murti.Cêcak.Guru-warga karo ula (warga reptiel).
GajahLiman.Ratune gajah asma Nagaraja, iku guru-wanda karo naga kang atêgês ula. Utawa kang katon kumlawe ing anggane gajah ana 8, yaiku: tlale 1, buntut 1, kuping 2 lan sikil 4.
TênggaNgêntèni, gajah.Guru-wanda karo matêngga (gajah).
Bunglon.Bunglon, tanu.Guru-warga karo ula (warga reptiel).

--- 110 ---

TanuBunglonGuru-warga karo ula, cêcak (warga reptiel).
SarpaUla.Guru-dasanama karo ula, sarpa, naga.
BajulBaya.Guru-warga karo ula, sarpa, taksaka (reptiel).
BayaBajul.Guru-warga karo ula, sarpa, taksaka (reptiel).
Têkèk.Têkèk.Guru-warga karo ula, sarpa, taksaka (reptiel).
DipaGajah.Guru-dasanama karo matêngga, liman, dirada.
ManggalaGajah, panggêdhe.Guru-dasanama karo dipa, dipangga, dirada.
MadyaTêngah.Guru-wanda karo samadya kang atêgês gajah.
Basuki.Rahayu, slamêt.Guru-sastra karo Basuki (Hyang Basuki).
Dipangga.Gajah.Guru-dasanama karo dipa, dipangga, dirada.
Angèsthi.Mêlêng.Guru-sastra karo èsthi kang atêgês gajah.
BrahmanaPêndhita sabrang.Sing ngèstrèni jumênênge Prabu Kano: Brahmana 8, pêndhita 7 lan Dewa 9.
Wêwolu. (Pm).Wolu.Wis gênah awatak 8, padha karo astha.

IX. Gambuh. Watak sanga.

KusumaKêmbang, putri.Ganda wangi, wêwangi, asale saka kêmbang, lan wangi iku arane ganda, guru-dasanama karo ambu.
GandaAmbu.Guru-dasanama karo ambu, lan ambu iku guru-wanda karo ambuka, yèn binuka banjur bolong, lan bolongane awak ana 9.sêbutna!
Arum.Wangi.Guru-darwa karo ambu utawa ganda.
DewaHyang, Jawata.Sing mèlu ngèstrèni jumênênge Prabu Kano: Dewa 9, Brahmana 8 lan pêndhita 7.
SangaSanga.Wis têrang awatak 9.
MbukaMbukak.Yèn kabuka banjur bolong, lan cacahe bolongan awak ana 9. sêbutna!
PintuLawang.Guru-darwa karo bolong. Lawang iku bolong.

--- 111 ---

Masuk.Mlêbu.Bisane mlêbu marga bolong.
KoriLawang.Guru-darwa karo bolong. Kori iku bolong.
MêngaMlompong.Mênga, mlompong iku pratandha bolong.
GatraBêbakal.Guru-wanda karo Citragatra (asmane Dewa).
WangiArum.Guru-darwa karo ganda, wangi iku darwane ganda.
TêrusBablas.Bisane têrus marga bolong.
Manjing.Mlêbu, rumasuk.Bisane mlêbu (manjing) amarga bolong.
MukaRai, ngarêp.Guru-wanda karo mbuka.
WadanaRai, panggêdhe.Guru-dasanama karo muka atêgês rai.
MarbukNgambar-ambar.Guru-darwa karo ambu (ganda).
Rum.Arum, wangi.Guru-darwa karo ganda (ambu)
AnggangsirGawe babahan.Nggangsir iku gawe babahan (bolongan).
BabahanBolongan.Guru-dasanama karo bolongan.
Bolong. (Pm).Butul.Bolongane awak (pancadriya) ana 9, yaiku: lesan1, irung 2, mripar 2, kuping 2, jubur 1, pawadonan utawa palanangan 1.

X. Mêgatruh. Watak das.

SirnaIlang.Sirna iku dadi ora ana, das uga atêgês ora ana.
MusnaIlang.Musna iku dadi ora ana.
MuksaIlang, oncat.Barang kang muksa, ilang, oncat dadi ora ana.
MêsatOncat, mumbul.Mêsat, mlêsat, uga banjur ora ana.
LangitTawang.Langit (kang katon biru) satêmêne ora ana.
Mumbul.Muluk, mandhuwur.Mumbul iku mandhuwur, mênyang langit.
PêjahMati.Pêjah uga sok ditêmbungake ora ana; wis mati = wis ora ana.
TanpaOra mawi.Guru-dasanama karo ora ana, ora nganggo.
SuwargaSunyaruri.Ing swarga ora ana bungah-susah, suwung, ora ana apa-apa kajaba mung têntrêm-lêrêm.

--- 112 ---

Nir.Ilang.Nir, ilang, muksa, sirna iku ora ana.
BrasthaRusak.Barang kang brastha, syuh, rusak, dianggêp wis ora ana.
RusakRusak, brastha.Guru-dasanama karo swuh, syuh, brastha, rusak.
SwuhLêbur, rusak, sirna.Guru-dasanama karo brastha, rusak.
WukWurung.Wuk = wurung, ora ana. Êndhog wukan = ora ana wijine kang bisa dadi kuthuk.
Suwung.Sêpi, ora ana isine.Suwung, sêpi, sunya, ora ana isine.
SunyaSêpi.Guru-dasanama karo suwung utawa ora ana.
WinduWêktu 8 taun, rêmpêlu.Mindu iku gunêman tanpa kanca, ora ana wong kang diajak wawan gunêm.
SurudSeda, kurang, kalong.Guru-dasanama karo mati, lalis, layon, lampus.
SatGaring, tanpa banyu.Sat (asat) iku atêgês ora ana banyune.
Nis.Ilang, lunga.Guru-dasanama karo nir, sirna.
SêmpalPokah.Sêmplak tumrap pang, pang kang sêmpal dadi ora ana (ilang).
NglêsLunga.Nglês utawa lunga iku dadi ora ana.
GêganaTawang, langit.Guru-dasanama karo dirgantara, widik-widik, wiyat, wiyati, jumantara, akasa, langit.
Adoh. (Pm).Têbih.Guru-dasanama karo antara, lan antara iku atêgês kosong. Dohe 20 km = antarane 20 km.

Pèngêt.

1. Sêngkalan ing sadurunge jaman Mataram, lumrahe nganggo petung taun Saka. Cundhuke karo taun Masèhi kudu diwuwuhi 78.

2. Candra-sêngkala, atêgês: taun-rêmbulan. Maksude: taun kang pangetunge manut lakune rêmbulan (taun Jawa). Kosokbaline: Surya-sêngkala, atêgês: taun-srêngenge. Maksude: taun kang pangetunge manut lakuning srêngenge (lakune bumi ngubêngi srêngenge). Taun Masèhi (lan uga taun Saka) iku kalêbu Surya-sêngkala.

3. Manawa ngripta sêngkalan, prayogane:

a. Nganggoa têmbung-têmbung kang wis kaprah kanggo ing sêngkalan, kang gampang dingrêtèni dening liyan.

--- 113 ---

b. Aja nganggo têmbung-têmbung kang mbingungake, yaiku têmbung kang kêna disurasa nduwèni watak-wilangan luwih saka sawarna, kaya ta: nata, bisa disurasa awatak 1, manawa iku têmbung lingga kang atêgês ratu; bisa awatak 5, manawa saka lingga tata.

c. Unèn-unène sêngkalan (dadine ukara) kudu mranani, lire: surasane ukara kudu salaras karo bab utawa lêlakon kang disêngkalani, cocog utawa kêplok karo bab utawa kadadean kang dipèngêti sarana sêngkalan. Aja mung awujud têmbung-têmbung kang dijèjèr-jèjèr bae, nanging têmbung-têmbung kang kamot ing sêngkalan iku bisaa dadi ukara kang dhapukane mranani, salaras utawa kêplok karo bab kang disêngkalani.

Tuladha sêngkalan kang mranani.

1. Kaya Wulan Putri Iku = 1313 (taun Saka = 1313 + 78 taun Masèhi). Sêngkalan ing pasareane Putri Cêmpa Dwarawati ing trawulan.

Sang dèwi pancèn tuhu sulistya ing warna, mathuk bangêt disêngkalani nganggo têmbung "kaya wulan".

2. Sirna Ilang Kartaning Bumi = 1400 (taun Saka = 1478 taun Masèhi); iku sêngkalan rusake kraton (nagara) Majapait.

Ing jaman Majapait, kaanane tanah Jawa (Nuswantara) gêmah-ripah karta-raharja, misuwur têkan manca praja. Barêng Majapait rusak, karta-raharjane nagara ya rusak, sirna, ilang gêmah-ripahe. Mulane mungguh bangêt dene rusake Majapait kok disêngkalani kaya mangkono unine.

Ing ngisor iki panunggalane sêngkalan kang mranani, pêthikan saka layang Sastramiruda, yasan K.P.A. Kusumadilaga.

1. Dadi Dhêdhuwuraning Janma = 104. Ngajawane para Dewa.

2. Yogi Dadi Raja = 144. Bathara Guru jumênêng Ratu lan ngadhaton ana ing sikile gunung Pangrango (Gêdhe), nagarane aran Mêndhangkamulan I, patihe Rêsi Narada.

3. Sirna Wisayane Bumi = 150. Bathara Guru pindhah kraton mênyang sikile gunung Mahendra (Lawu), nagarane isih aran Mêndhangkamulan.

4. Swara Karungwèng Jagad = 167. Bathara Guru yasa gamêlan Lokananta, ditabuh manawa para Dewa padha alenggot bawa.

5. Angèsthi Rasaning Janma = 168. Bathara Guru yasa Mandhalasana, yaiku palenggot-bawan, papane para Dewa nglenggotbawa binarung swaraning pradangga Lokananta.[7]

6. Wahananing Wiku Tunggal = 174. Para Dewa muksa ing Kahyangan (kondur mênyang puncake gunung Têngguru ing tanah Indhu).

7. Panca Pêndhita Ngratoni Wiyat = 175. Hyang Endra jêjuluk Sri Maha Raja Sakra, jumênêng Ratu ana ing nagara [na...]

--- 114 ---

[...gara] Mêndhanggana, kadhatone ing sikile gunung Mahamèru (Sumèru).

8. Boma Sonya Paksa Muksa = 200. Sri Maha Raja Sakra ratu ing Mêndhanggana ajêjuluk Sri Maha Raja Surapati.

9. Kalima Muksa Kapaksa = 205. Nagara Mêndhanggana diganti aran Suralaya lan Sri Maha Raja Surapati ajêjuluk Sang Hyang Surapati.

10. Obah Asta Kalih = 226. Sang Hyang Surapati yasa Kahyangan pinêtha Tejamaya.

11. Pêndhita Paksa Sinêmbah = 227. Sang Hyang Surapati yasa Kahyangan rineka Argadumilah ing Paparjawarna.

12. Tunggal Gunaning Panêmbah = 231. Kahyangane Sang Hyang Surapati ing Tejamaya rinêngga sarwa putih, Argadumilah sarwa kuning, Jonggringslaka sarwa abang, Paparjawarna sarwa irêng.

13. Oyage Weddha Kapaksa = 236. Sang Hyang Surapati yasa taru sakêmbaran winangun kayu Dewadaru lan Jayandaru, kaprênah ing madyaning Paparjawarna.

14. Swara Tri ing Karna = 237. Sang Hyang Surapati yasa Maharpatan winangun Marcukundha lan Marakata.

15. Naga Katingal Boja = 238. Sang Hyang Surapati yasa Nadisara, yaiku bangawan ngubêngi Maharpatan.

16. Wiwara Katon kêmbar = 239. Sang Hyang Surapati yasa Bukur Pangarip-arip winangun kori Selamatangkêp, dumunung nèng têpining Nadisara.

17. Wedang Dadi Sikara = 244. Sang Hyang Surapati yasa Manipapa nulad êndhut Balêgdaba (kawah Candradimuka).

18. Marga Yoganing Suku = 245. Sang Hyang Surapati yasa sumur Golang-galing winangun wod Ogal-agil.

19. Warna Ngobahake netra = 264. Kaendran kêtiban Mulat, yaiku cahya pindha sêsotya adi, pinuja dening para Jawata dadi widadari 7, yaiku: Supraba, Wilutama, Warsiki, Surendra, Gagarmayang, Irim-irim, Tunjungbiru.

20. Swara Muni ing Talingan = 277. Sang Hyang Surapati pinaringan gamêlan Lokananta saka Dhawuhe Bathara Guru.

Sêngkalan dumunung ing têmbang.

Rêriptan kang sinawung ing têmbang, aran lumrah manawa cacahing taun pangriptane pinèngêtan nganggo sêngkalan. Cacahing taun mau tarkadhang rinangkêp, pinèngêtan nganggo angka lan uga nganggo sêngkalan. Malah sêngkalane tarkadhang uga rangkêp, Candra-sêngkala lan Surya-sêngkala.

Tuladha sêngkalan dumunung ing têmbang:

I. Dhandhanggula. (Arjunasasrabau, R.Ng. Sindusastra).

Rêbo Êpon panitraning manis | Jumadilawal Jimawal warsa | enjang ping wolulikure | Kanêm ing Julungpujut | Sri tumurun anuju dadi | Paningron Sang Hyang Yama | Hijrah Nabi sèwu |

--- 115 ---

rong atus wandasa gangsal | sinangkalan Wiku Misik Swara Tunggil | nèng barisan Pijenan ||

II. Pangkur. (Kalawarti Suryacadra 8-1-50, saka S.M.A. Jalan Pakêm 2).

1. Mrababang Surya-mardika | anjrêbabak nalikanira têrbit | pitulas tanggal Agustus | Panca Catur Trusing Tyas | kêdhap-kêdhap pijêr linimput pêpêdhut | malah pinadhêt ing mega | kadi wus sirna tan kèksi ||

2. Wantuning Surya wêntala | nora kandhêg dera ndêdêl manginggil | nrobos nalusupi mêndhung | dene praptèng samangkya | pitulikur Dhesèmbêr têrusing rêmbug | gapura Mardika mênga | sinêksèn langit lan bumi ||

3. Mrabangkara leram-leram | sru sumunar ngênguwung manawêngi | Surya nyata Mardika wus | krana nagri Walanda | wus nglênggana rila ngudhari têtangsul | tali koloni tinatas | têtêp wus sasami-sami ||

4. Mung ana manik samatra | parikudu Irian dèn gêgêgi | marma growah raosipun | Surya masih grahana | gêndhong titir kênthongan payo sinêru | mrih ditya Rau mirisa | têmah grahana glis pulih ||

III. Asmaradana. (Calon-arang, R. Wiradat).

Ulun pun anjarwa mèri | niti-mangsani panitra | Slasa Pasa ping salawe | Nir Rasaning Pujanggarja (1860) | rinangkêp mangsa surya | Pèbruari ping nêmlikur | Muluking Guna Trus Mulya (1930) ||

IV. Girisa. (Wulang-rèh, Sinuhun P.B. IV).

Têlasing Panuratira | sasi Bêsar ping sangalas | Akad Kaliwon tauh Dal | Tata Guna Swarèng Nata (1735 taun Jawa) | Mangsastha windu Sancaya | wuku Sungsang kang atampa | ya Allah kang luwih wikan | obah-osiking kawula ||

V. Kinanthi. (Panutuping panêmbrama).

Titi têlas tutup atur | malêm Rêbo Paing wanci | ndungkap tanggal tigawêlas | Mèi ing taun Masèhi | sêngkalaning pênêmbrama | Putri Tata Trus Manunggil (1953) ||

Bab XVI. Asmane para pujangga lan buku-buku rêriptane.

A. ING JAMAN INDHU (Sadurunge jaman Majapait).

1. Rêsi Abiyasa: Mahabarata utawa Asthadasaparwa, abasa Sangsêkêrta, anane ing tanah Jawa bêbarêngan karo ngajawane bangsa Indhu. Dadi Rêsi Abiyasa (Wiyasa) iku Pujangga bangsa Indhu.[8]
2. Rêsi Walmiki: Ramayana, abasa Sangsêkêrta, lumêbune ing tanah Jawa uga bêbarêngan karo ngajawane bangsa Indhu. Rêsi Walmiki iku uga Pujangga bangsa Indhu.

--- 116 ---

3. Prabu Darmawangsa-Têguh (Ratu Jawa-Wetan 991-1007): njawakake Mahabarata nganti 8 parwa, yaiku: Adiparwa, Sabaparwa, Wirathaparwa, Ud-yogaparwa, Asramawasanaparwa, Mosalaparwa, Prastanikaparwa lan Swargarohanaparwa. (Parwa = perangan). Kajaba saka iku Sang Prabu iya njawakake saperangane buku Ramayana-Walmiki, diarani buku Utarakandha.
4. Êmpu Kanwa: Arjunawiwaha (jaman Prb. Èrlangga 1019–1042), pêthikan saka Mahabarata parwa III (dijawakake).
5. Êmpu Triguna: Krêsnayana (jaman Kêdhiri ± 1104), isine Krêsna mbradhat Dèwi Rukmini.
6. Êmpu Manoguna: Sumanasantaka (jaman Prb. Warsajaya Kêdhiri 1104), isine nyritakake laire Dasarata ing Ayodya.
7. Êmpu Sêdhah: Baratayuda (jaman Prb. Jayabaya Kêdhiri 1135–1157).
8. Êmpu Panuluh: Gathutkacasraya lan Hariwangsa (jaman Prb. Kêrtajaya Kêdhiri taun 1183).
9. Êmpu Darmaja: Smaradahana (jaman Prb. Kamèswara Kêdhiri 1115–1130).
10. Tan Akung: Wrêtasancaya lan Lubdaka (jaman Kêdhiri wêkasan).

B. ING JAMAN MAJAPAIT.

1. Êmpu Prapanca ngarang Nagarakartagama.
2. Êmpu Tantular ngarang Arjunawijaya lan Sutasoma utawa Purusadasanta.

C. ING JAMAN ISLAM (Jaman Dêmak lan Pajang).

1. Sunan Bonang: Suluk Wujil.
2. Sunan Panggung: Suluk Malangsumirang.
3. Pangeran Karanggayam: Nitisruti.

D. ING JAMAN MATARAM.

1. Sultan Agung: Nitipraja, Sastragêndhing.
2. Pangeran Adilangu: Babad Pajajaran, Bb. Majapait, Bb. Pajang, Bb. Mataram.
3. Carik Bajra: Damarwulan (sinawung ing têmbang), Babad Kartasura. 4. Ranggajanur: Pranacitra, Dèwi Rêngganis.
5. Sunan Pakubuwana IV: Wulang-rèh, Wulang-sunu.
6. Sunan Pakubuwana V: Sêrat Cênthini.
7. R. Ng. Yasadipura I (Yasadipura Tus Pajang): Cêbolèk, Babad Pakêpung, Bb. Gyanti, Sêrat Rama, Sêrat Dewaruci, Ambiya, Tajusalatin, Sêrat Menak, Joharmanik, Nawawi, Bustam, Wulang sewaka, Sêrat Panitisastra, Sêrat Lokapala.
8. R. Ng. Yasadipura II (R.T. Sastranagara): Sasanasunu, Wicarakêras.
9. R. Ng. Sindusastra: Arjunasasrabau (babon sêrat Kandha), Partayagnya (lakon Partakrama), Srikandhi maguru manah, Sumbadra larung.

--- 117 ---

10. K.G. Mangkunagara IV: Wedhatama, Buratwangi, Sêndhonlangênswara, Panêmbrama, Tripama, Salokatama, Wirawiyata, Rêrêpèn.
11. R. Ng. Ranggawarsita: Jayèngbaya, Widyapradana, Hidayatjati, Jayabaya, Purwakaning sêrat Pawukon, Pustakarajapurwa, Rêrêpèn sêkar Têngahan, Sêjarah pari sawuli, Uran-uran sêkar Gambuh warni 7, Panitisastra, Baratayuda jarwa sêkar Macapat, Cakrawarti, Sidawakya, Pawarsakan, Darmasarana, Yudayana, Budayana, Pustakarajamadya, Ajipamasa, Witaradya, Ajidarma, Pambêganing Nata Binathara, Kalatidha, Sariwahana, Purusangkara, Wedhayatmaka, Wedharaga, Cêmporèt, Wirid, Paramayoga, Jakalodhang, Sabdatama, Sabdajati.

E. ING JAMAN SAIKI (Wiwit abad XX).

1. Ki Padmasusatra: Tatacara, Pathibasa, Paramabasa, Warnabasa, Urabsari, Durcaraharja.
2. M. Ng. Mangunwijaya: Purwakanthi, Trilaksita, Jiwandana, Asmaralaya, Lambangpraja, Wuryalocita.
3. R. Ng. Sindupranata: Sawursari.
4. R. Ng. Sastrakusuma: Dongèng kuna.
5. R. T. Tandhanagara: Pêpeling, Baruklinthing.
6. R. M. Suryasaputra (K.G. Mangkunagara VII): Kêkesahan saking tanah Jawi dhatêng nagari Walandi.
7. R. M. Sulardi: Riyanta, Sarwanta.
8. R. Bratakesawa: Candrasangkala.
9. Wiradad: Calonarang.
10. M. Sukir: Abimanyu-kèrêm.

Bab XVII. Pêthikan saka buku sawatara.

I. Sêrat Wedharaga (R. Ng. Ranggawarsita).

Trusan RONG saptèng lêbu (1799) | Ki Pujang-GA panggupitanipun | tawi ta-WAR ing surasa tanpa manis | marma kong-SI karya pemu[9] | mung mèt mar-TA karahayon ||

II. Sabdajati (R. Ng. Ranggawarsita).

1. Ki Pujangga nyambiwara wèh pitutur | saka mangunahing Widhi | ambuka warananipun | aling-aling kang ngalingi | angalingkap têmah katon ||

2. Para janam sajrone jaman pakewuh | kasudranira andadi | dahurune saya ndlarung | kèh tyas mirong murang margi | kasêktèn wus nora katon ||

3. Katuwone winawas dahad matrênyuh | kênyaming sasmita yêkti | sanityasa tyas malat kung | kongas wêlase kêpati | sulaking janma prihatos ||

4. Waluyane benjang yèn wus ana Wiku | mêmuji ngèsthi sawiji (1887) | sabuk lêbu lir majênun | galibêdan tudang-tuding | anacahkên sakèhing wong ||

5. Iku lagi sirêp jaman Kalabêndu | Kalasuba kang gumanti | wong cilik bisa gumuyu | nora kurang sandhang-bukti | sêdyane kabèh kalakon ||

--- 118 ---

6. Pandulune Ki Pujangga durung kêmput | mulur lir bênang tinarik | nanging kasêrang ing umur | andungkap kasidan jati | mulih marang jatininggon ||

7. Amung kurang wolung ari kang kadulu | tamating pati patitis | wus katon nèng Lochil-makful | angumpul ing madya ari | amarêngi ri Buda Pon ||

8. Tanggal kaping lima antarane luhur | Sêla ing taun Jimakir | Tolu Huma Aryang Jagur | Sêngara winduning pati | nêtêpi ngumpul saênggon ||

9. Cinitra ri Buda kaping wolulikur | Sawal ing taun Jimakir | candraning warsa pinetung | Sêmbah Muksa Pujangga Ji (1802) | Ki Pujangga pamit layon ||

III. Sêrat Rama (R. Ng. Yasadipura I).

1. Kukusing dupa kumêlun | ngêningkên tyas sang apêkik | kawêngku sagung jajahan | nanging sangêt angikibi | Sang Rêsi Kanekaputra | kang anjlog saking wiyati ||

2. Kagyat ri sang kapirangu | pinêngkul kinêmpit-kêmpit | dhuh sang rêtnaning bawana | ya ki tukang walang-ati | ya ki tukang ngênês ing tyas | ya ki tukang kudu gêring ||

3. Ana ndadak milu-milu | kaya polahe wong cêplik | lali yèn kalêngkaning rat | ing bawana amurwani | musthikaning jagad-raya | dhêmên lalèn sangga-runggi ||

IV. Bancak-Dhoyok mbarang jantur (R. Ng. Sastrasutarma).

Isi piwulange Nini Buta Ijo ing gunung Wilis (panjanmane Dèwi Ratih) marang anake pupon yaiku Nikèn Bawang (Dèwi Ragil Kuning), sadulure Panji Inukartapati Nata Jênggala.

1. Dhuh wong manis rèhne sira nini | wus diwasa katon | datan wurung ing têmbe sira nggèr | winêngku mring priyanta sayêkti | marma dipun bangkit | suwita ing kakung ||

2. Mungguhe wong suwita mring laki | iku luwih abot | nora kêna ngêndêl-êndêlake | warna rupa bandha lawan asli[10] | pawitane ati | rèrèh ririh ruruh ||

3. Basa rèrèh satindak dèn aris | satanduk dèn alon | aja dumèh ingandêl lakine | lamun sira kuranga ngajèni | nuwuhakên têbih | ring katrêsnanipun ||

4. Mungguh ririh iku ta sayêkti | saujar ywa dhoso | sakêcap ywa nyêrik-nyêrikake | nadyan sira lagya amarêngi | nêpsu maring laki | myang mring liyanipun ||

5. Ujar manis myang basa basuki | iku anggung kanggo | aja ingkang mring barayat dhewe | nadyan tumrap mring liyan ywa kari | iku bisa dadi | gaman luwih ampuh ||

6. Basa ruruh iku ulat manis | lagia karêngon | maring laki ladènana sumèh | myang dèn tajêm jatmika ing liring | poma aja nganti | blere ing pandulu ||

7. Iku sirik mungguhing pawèstri | ingaranan mangro | tingal marang priya ing liyane | kèhing ngêkèh aywa anglakoni | tindak kang kadyèki | ywan sirarsa lulus ||

--- 119 ---

8. Tri prakara iku aja lali | minangka wêwaton | mring wanita suwitèng lakine | baya aran musthikaning èstri | yèn bangkit nêtêpi | kadya kang kawuwus ||

9. Kari siji poma aja lali | yèn sira lêlados | marang priya marêngi mangsane | têka lungan lawan tangi guling | ywa binalang liring | pêtêng myang mbêsêngut ||

10. Kêna bae nêpsu muring-muring | nanging kudu mêngko | lawan manèh kabèh sirikane | aja kongsi tinrajang salami | iku jêbèng yêkti | lulus ing pamucung ||

V. Panitisastra (R. Ng. Yasadipura I), carita gancaran.

1. Sarjana sujana botên badhe sagêd kasamaran dhatêng ajining kêncana ingkang kalingan jêjêmbêr ingkang nyênyukêri. Samantên ugi kosokwangsulipun, botên badhe kasamaran dhatêng sêsukêr ingkang winadhahan ing bèri kêncana pinatik ing sêsotya rêtna.

2. Yèn pandhita ora ambêg lêmbah-manah lan narima, bakal disawiyah ing sabên janma. Nanging yèn panjênêngane nata ambêg lêmbah-manah lan narima, nagarane mêsthi dirêbut mungsuh, êntèk.

3. Ngapusi juru apus botên barang-barang. Malah kosokwangsulipun: adol têmên marang si julig iku lucu, dadi gêguyone bocah cilik.

VI. Praniti Wakya (Pamêcane Prb. Jayabaya ing Kêdhiri).

Jaman iku ana warna loro, yaiku jaman gêdhe lan jaman cilik. Umure jaman gêdhe 700 taun, jaman cilik 100 taun. Dadi sabên sajaman gêdhe ana 7 jaman cilik.

Jaman gêdhe ana warna têlu, siji-sijine diperang dadi 7 jaman cilik, yaiku:

A. Jaman Gêdhe Kaliswara, diperang dadi jaman cilik: 1. Kalakukila, 2. Kalabuda, 3. Kalabrawa, 4. Kalatirta, 5. Kala-rwabasara, 6. Kala-rwabawa, 7. Kalapurwa.

B. Jaman Gêdhe Kaliyoga, diperang dadi jaman cilik: 1. Kalabrata, 2. Kaladwara, 3. Kaladwapara, 4. Kalapraniti, 5. Kalatêtêka, 6. Kalawisesa, 7. Kalawisaya.

C. Jaman Gêdhe Kalisangara, diperang dadi: 1. Kalajangga, 2. Kalasakti, 3. Kalajaya, 4. Kalabêndu, 5. Kalasuba, 6. Kalasumbaga, 7. Kalasurata.

VII. Wedhatama (K.G. Mangkunagara IV).

1. Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur-angkara ||

2. Angkara gung nèng angga anggung gumulung | gêgolonganira | tri loka lêkêre kongsi | yèn dèn umbar ambabar dadi rubeda ||

3. Beda lamun kang wus sêngsêm rèh asamun | sêmune ngaksama | sasamane bangsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martotama ||

4. Durung pêcus kêsusu kêsêlak bêsus | amaknani lapal | kaya Sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||

--- 120 ---

VIII. Wulang-rèh (Sunan Pakubuwana IV).

1. Pamêdhare wasitaning ati | cumanthaka aniru pujangga | dahad mudha ing batine | nanging kêdah ginunggung | datan wêruh yèn kèh ngèsêmi | amaksa angrumpaka | basa kang kalantur | tutur kang katula-tula | tinalatèn rinuruh kalawan ririh | mrih padhanging sasmita ||

2. Sasmitane ngaurip puniki | apan ewuh yèn nora wêruha | tan jumênêng ing uripe | akèh kang ngaku-aku | pangrasane sampun udani | tur durung wruh ing rasa | rasa kang satuhu | rasaning rasa punika | upayanên darapon sampurna ugi | ing kauripanira ||

3. Jroning Kur'an nggonira sayêkti | nanging ta pilih ingkang uninga | kajaba lawan tuduhe | nora kêna dèn awur | ing satêmah nora pinanggih | mundhak katalanjukan | têmah sasar-susur | yèn sira ayun waskitha | sampurnane ing badanira puniki | sira anggêgurua ||

4. Lamun sira amaguru kaki | amiliha manungsa kang nyata | ingkang bêcik martabate | sarta kang wruh ing kukum | kang ngibadah lan kang ngirangi | sukur olèh wong tapa | ingkang wus amungkul | tan mikir pawèwèhing lyan | iku pantês sira guronana kaki | sartane kawruhana ||

5. Lamun ana wong micarèng ngèlmi | tan mupakat lan patang prakara | aja sira age-age | anganggêp nyatanipun | saringana dipun barêsih | limbangên lan kang patang | prakara rumuhun | Dalil Kadis lan Ijêmak | myang Kiyase papat iku salah siji | anaa kang mupakat ||

IX. Nayakawara (K.G. Mangkunagara IV).

Wardining kang wasita jinarwi | wruh ing kukum iku watakira | adoh marang kanisthane | pamicara puniku | wèh rêsêpe ingkang miyarsi | tata-krama punika | ngêdohkên panyêndhu | kagunan iku kinarya | ngupaboga dene kalakuan bêcik | wèh rahayuning raga ||

X. Darmalaksita (K.G. Mangkunagara IV).

1. Rambah malih wasitaning siwi | wikanana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netra ruruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trapsilèng tata | tan agawe rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika ||

2. Karya rêsêp mring rewange linggih | wong kang manut mring caraning bangsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap-asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong prasaja solahira | iku nora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpa-slira ||

3. Angêdohkên mring dosa sayêkti | wong kang èngêt iku watêkira | adoh marang bilaine | mangkana sulangipun | wong kang amrih harjaning dhiri | yeku pangulahira | batin ugêripun | ing lair garbaning basa | yèku aran kalakuan ingkang bêcik | margane mring utama ||

--- 121 ---

4. Luwih lara laraning kang ati | nora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | angilangkên budi-daya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sasama ||

XI. Asmaralaya (M. Ng. Mangunwijaya).[11]

1. Urip ingkang mawa jiwa | jiwanira mangka warana jati | jatining urip puniku | yêkti tan nganggo nyawa | nora nywara nora ngganda nora ndulu | nora muna tan ngandika | tanpa rasa pangrasa nir ||

2. Amung nèng êning dyatmika | nèng kaanan ananira pribadi | nanging kabèh kang kadulu | apan wus kauningan | kang karungu wus kapyarsa ing Hyang Agung | kang kaambu wus kaganda | kang nywara kasabda yêkti ||

3. Kang angrasa wus karahsan | Innalloha huwassami Ul'alim | Allah iku jêmbar agung | uninga saniskara | nora samar ya nukat gaibul quyub | lire wiji pêpingitan | sumingit ing rahsanèki ||

XII. Pêpeling lan pamrayoga (R. T. Tandhanagara aliyas Rêksadipraja).

1. Hebating tyas kongsi tanpa manis | kaprabawan obahing rat Jawa | wimbuh gumrah sabawane | manjing jro taman maju | kang tinuju mung aja kongsi | rinêngkuh dèn sawiyah | sêjane anjunjung | ajining darajad Jawa | sayuk-iyêg gumolong anunggal budi | baya karsaning Suksma ||

2. Paring osik kang utama yêkti | tumuwuhing têmbung kamajuan | lumrah dadi kêmbang lambe | nyata sèwu pitulung | lênging cipta kari mêmuji | wijining kamajuan | bangkita tumuju | jumbuh lawan sang winênang | sumawana kang samya pantês ngayomi | ayuning wiyah janma ||

3. Tinuwuhna piwêlasing galih | wit tan liyan jiwaning kawula | tinalèn sih-wilasane | dene kang sêdya rukun | mung miliha kang mitulungi | tuduh bênêring marga | aja slura-sluru | karana yèn tan rinêksa | nora wurung kadi sulung lêbu gêni | barêng tibèng sangsara ||

4. Nora ngêkul lêkasing priyayi | nanging lamun wong cilik balaka | durung wruh kênthang kimpule | sêlak milu kêsusu | tanpa nakêr kuwating dhiri | katut grubyuging kathah | nora wruh ing rêmbug | mung ngêbyuk ubyung-ubyungan | agung-alit miwah wong padesan sami | tumêkèng narakarya ||

Bab XVIII. Riwayate pujangga sawatara.[12]

I. R. Ng. Yasadipura I.

Nalika isih timur asma Bagus Banjir, wiyosane ing dina Jêmuwah Paing tanggal kaping 6 Mulud, taun Jimakir 1654 (taun Saka), utawa 30 Sèptèmbêr 1729. Sedane dina Sênèn Kliwon 24 Dulkangidah, taun Be 1728, utawa 26 April 1802.

--- 122 ---

R. Ng. Yasadipura I iku têdhake Sultan Pajang, mulane ana ing Surakarta kêtêlah asma Yasadipura Tus Pajang. Panjênêngane iku Pujangga kang kapisan ing Surakarta, yaiku ing jamane Sinuhun Pakubuwana III.

Kang ramane R. Ng. Yasadipura I asma Tumênggung Padmanagara, Bupati Pêkalongan kang dibuwang mênyang Palembang, nanging banjur ditimbali dening Sri Sunan lan dipapanake ana ing kraton Kartasura apangkat Bupati-Jaksa.

R. Ng. Yasadipura iku eyang-buyute R.Ng. Ranggawarsita.

II. R. Ng. Ranggawarsita.

Nalika isih timur asma Bagus Burham, wiyosane ing dina Sênèn Lêgi 10 Dulkangidah taun Be 1728, sinangkalan: Bujangga Nêmbah Pandhita Ji (1728), utawa 14 Marêt 1802. Sedane dina Rêbo Pon 25 Dulkangidah taun Jimakir 1802, sinangkalan: Paksa Muksa Bujangga Nata (1802), utawa 24 Dhesèmbêr 1873, disarèkake ing desa Palar, tlatah Klathèn.

Minangka tandhaning pangaji-aji, pamarentah yasa rêca-gupala (rêcane R. Ng. Ranggawarsita) dumunung ing platarane gêdhong Radya-Pustaka ing sawetan kêbon-raja Sriwêdari, lan uga mbangun pasareane R. Ng. Ranggawarsita (ing desa Palar). Pambukane rêca-gupala kanthi rêsmi nalika 11 Nopèmbêr 1953, dene rampunge olèhe mbangun pasarean ing desa Palar nalika 10 Nopèmbêr 1955.

Nalika isih timur, Bagus Burham maguru ing pasantrèn pondhok Gêbangtinatar (Panaraga), pondhoke Kyai Imam Bêsari. Ana ing pasantrèn, Bagus Burham kalêbu murid sing bodho, nakal lan mursal, mulane kêrêp tampa dêdukane Kyai Guru Imam Bêsari. Bagus Burham wis tau lolos saka pondhok nganti têkan Madiun, sêsrawungan karo R.A. Gombak, putrane putri Bupati Kêdhiri. Ya R.A. Gombak iku kang pamburine kagarwa Bagus Burham.

Têkan mangsane tinarbuka, kanthi linambaran laku 40 dina 40 bêngi, sadinane mung dhahar gêdhang saulêr, lan sabên bêngi kungkum ing kali Krikil, Bagus Burham antuk parmaning Pangeran olèh wahyu kapujanggan.

Sarasilahe R. Ng. Ranggawarsita mangkene:

1. Sultan Hadiwijaya (Jaka Tingkir) pêputra Sultan Banawa. 2. Sultan Banawa pêputra Pangeran Êmas. 3. Pangeran Êmas pêputra Pangeran Prabu Wijaya. 4. Pangeran Prabu Wijaya pêputra Kangjêng Jaka Radin. 5. K.J. Radin pêputra P. Wiramanggala. 6. P. Wiramanggala kapundhut mantu Sultan Mangkurat Têgalarum, pêputra P. Danuhupaya. 7. P. Danuhupaya pêputra R. Padmanagara. 8. R. Padmanagara pêputra R. Ng. Yasadipura I. 9. R. Ng. Yasadipura I pêputra R.T. Sastranagara (Yasadipura II), utawa R. Pajangwasita. 10. R.T. Sastranagara pêputra R. Pajangswara. 11. R. Pajangswara pêputra Bagus Burham (R. Ng. Ranggawarsita).

--- 123 ---

III. Ki Padmasusatra.

Putrane Ki Ngabèhi Bangsayuda ing Surakarta. Nalika isih timur ora sêkolah, mung diwarahi maca lan nulis dening bapakne wiwit umur 6 taun.

Yuswa 9 taun wis nyambut-gawe dadi abdi-dalêm (ana ing kraton), mawi asma Ngabèhi Kartadirana. Barêng munggah pangkat dadi mantri gêdhong-kiwa kêtêlah asma Mas Gus Bèhi, têgêse: bocah cilik sing darbe pangkat Ngabèhi. Lêt 10 taun manèh dadi Jaksa-Anom, ganti asma Mas Ngabèhi Bangsayuda (asma nunggak-sêmi bapa). Ora lêt suwe manèh dadi Panèwu-Jaksa, asmane ganti Kartipradata. Yuswa 43 taun lèrèh, nêrusake ngudi kasusastran, asmane ganti Padmasusastra, ngrangkêp dadi wartawan kalawarti "Jawikandha" ing Solo. Taun 1820 dadi Pangarsa Radya-Pustaka, asmane ganti M. Ng. Wirapustaka. Marga saka tuntunane M. Ng. Wirapustaka, Radya-Pustaka bisa ngêtokake kalawarti "Sasadhara" lan "Candrakantha". Ing wêktu iku M. Ng. Wirapustaka dhewe ngêtokake kalawarti "Waradarma".

Ing taun 1910 munggah pangkat kang wêkasan, asmane ganti M. Ng. Prajapustaka, nanging ora lawas manèh banjur pènsiyun. Wasana seda ing taun 1926 (yuswa 86 taun).

Bab XIX. Panutup.

Minangka panutupe buku "Ngéngréngan Kasusatran Djawa jilid II" iki, pangripta asung pêpuji-basuki marang para nupiksa, sinawung ing têmbang Dhandhanggula.

1. PAD ni Parta ing Banoncinawi
MA mrih têrang rampunge bêbadra
SU mawana mrih slamête
KA tutup tutur têmbung
CA tur bêcik nora kêcicir
GU mrujug puji-puja
RU hara rurah-rug
BA dhar cabar kang rubeda
SA mya sirna ingungsir puji-basuki
JA ya têmah yuwana.

2. WA hanane yuwana numusi
kathahe para kang nupiksa
KO taman tinêmu kabèh
LAH ir batin-rahayu
GU maregah bigar panggalih
RU juke lan klumrahan
PUR naning kang kidung
WA sana winèh sangkalan
rekane "Uninga Tata Trus Aji" (1953)
JA wah Murti Ngèsthi Tyas (1884).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


mawa. (kembali)
jêjêt. (kembali)
Kiyai. (kembali)
Rara. (kembali)
§ Candra sangkala Ki Bratakesawa. (kembali)
§ Manut buku Mahabarata, kang kasêbut wasu wolu: 1. Dara, 2. Druwa, 3. Candrama, 4. Anila (Swasana), 5. Anala (Hutasana), 6. Aha, 7. Pratyasa, 8. Dyahu (Dewabrata). (kembali)
§ Lenggot-bawa = bêksa, jogèd. (kembali)
§ Basa Sangsêkêrta iku basane wong Indhu ing jaman biyèn. Basane wong Indhu ing jaman saiki diarani basa Urdhu. (kembali)
pemut. (kembali)
10 asil. (kembali)
11 § Asmaralaya, têgêse: sêngsêm ing pati. (kembali)
12 § Kalawarti "Jayabaya" 1956, diringkês. (kembali)