Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 001–152)

Judul
Sambungan
1. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 001–152). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 152–305). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 305–541). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 541–582). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Konservatori Karawitan
Indonesia Surakarta

Serat Kalimatoyo[1]

1. Dhandhanggula

1. rarasing rèh sinawung mêmanis | dènirarsa marsudi utama | maspadakkên caritane | ngago[2] tulatdan[3] agung | berata tyas ingkang tan yukti | ika para Pandhawa | atmajaning Pandhu | mêmardi tyas martotama | tama têmah bisa luhur madêg aji | rumêgêm ing Ngastina ||

2. pinèngêtan duk nurun marêngi | ari Akat Wage ping sapisan | kasadasa ing mangsane | candrama Sapar nuju | wuku Wayang lagya lumaris | Sancaya windunira | Jimakir kang taun | sangkalanira pinetang | dadine kang guna angèsthi sawiji |[4] ran Srat Kalimataya ||

3. kang tinutur tartiping pawarti | mèt turuting Srat Pustakaraja | pinugut ing panganggite | nênggih sabibaripun | aprang Bratayuda [Brata...]

--- 2 ---

[...yuda] ing nguni | kang jumênêng Ngastina | Yudhisthira Prabu | sakadangira sadaya | karatone wus ngumpul dadya sawiji | Wiratha wus aniwa ||

4. sagung para kadanging narpati | wus sinungan mulya kawiryawan | sajuru-juru pinancèn | pan jinêjêr jinurung | sadayanya wus samya mugti | samya jinunjung lênggah | nagri dèn dum-êdum | marang Prabu Darmaputra | para ari sadaya wus samya tampi | pamatahnya sri nata ||

5. Arya Wrêkudara sinung linggih | Banjarjungut dene Sang Arjuna | nênggih wus dhinaupake | lan Banuwati sampun | pinaringan ing Banakêling | gumantyèng Jayadrata | myang ari waruju | sira Sang Arya Nangkula | lan Sadewa kalih samya kinaryaji | mêngku nagri Măndraka ||

6. nama Prabu Nangkula lan ari | Prabu Sadewa tulus [tu...]

--- 3 ---

[...lus] raharja | ing Mandraka karatone | miwah kang para wadu | samya sinung măncanagari | bêktan saking Ngamarta | kang sami jinunjung | miwah Prabu Baladewa | Rêsi Bisma palênggahannya ginanti | dumadi parampara ||

7. wontên punakawannya kêkalih | kakang adhi kadang naking sanak | sinung sih nama kalihe | Draswapasi kang sêpuh | pinaringan ing Gilingwêsi | Sayakèsthi rinira | Mukabumi sinung | kalihnya jinunjung raja | nama Prabu Praswapati Sayakêsthi | sami tulus wibawa ||

8. wontên malih kang sinungan linggih | para santana kawula warga | pinangkat punggawa kabèh | Ngastinarja kêlangkung | para ratu misih sumiwi | dèrèng wontên rinilan | marang prajanipun | miwah Sri Bathara Krêsna | dèrèng

--- 4 ---

kondur dhatêng nagri Dwarawati | mêgsih anèng Ngastina ||

9. cinarita dene ingkang warsi | sangking dènira prang Bratayuda | pan misih tunggil taune | taun surya ingetung | sinangkalan sajroning warsi | pêgsa gunaning nata |[5] taun căndra ketung | tata gatining pandhita |[6] duk samana nagri Ngastina winarni | wontên sipta sasmita ||

10. kadhatêngan cahya anglimputi | sato wana kèbêgkan[7] sadaya | tan ana wruh pinangkane | cahya wênês sumunu | lintang-lintang kang bumi langit | miwah kang surya căndra | sadaya kalimput | kongsi saptari mangkana | datan ana kang wikan ing rina wêngi | amung kang tinêngêran ||

11. lamun krasa luwe arsa bugti | miwah nginum puniku

--- 5 ---

siyangnya | kang tinêngaran[8] wêngine | kabèh swaraning manuk | kang pancèn tan rinêngèng jalmi | walang krèk calapita | lir natarèng gunung | nanging padhang tan prabeda | surya căndra kalihnya datan kaègsi | kasongan prabèng cahya ||

12. duk sêmana Sang Sri Narapati | Yudhisthira miwah para nata | sêdaya ngungun galihe | samya duhkitèng kalbu | karsa prabancana dhatêngi | sagunging para nata | prasamya angrungruh | manawana ingkang mawa | Sang Bathara Krêsna myang Sri Maswapati | katiga Baladewa ||

13. samya parentah kinèn ngulati | kang amawa cahyarda angkara | samana tan wruh ênggène | kampitèng tyas sêdarum | dadya rêmbag samya sêmadi | manêgas[9] karsaning Hyang | kang murwèng pandulu | ri wusnya samya mangkana |

--- 6 ---

nulya wontên parmaning jawata luwih | nuruni rata cahya ||

14. kusirira myang kuda pangirit | mawi cahya mrabani bawana | tumibèng ngarsa panêpèn | kagyat kang samya nungku | para nata mya[10] para ari | sadaya samya mulat | gawok tyas sêdarum | ya ta Sri Bathara Krêsna | wus atampi ing sasmita ingkang prapti | mèsêm jroning wardaya ||

15. ingkang samya nèng byantara aji | datan ana kang graitèng driya | amung kagawokan kabèh | wau ta Sang Aprabu | Yudhisthira lan para ari | lênggah parêg ing rata | miwah para ratu | Bathara Krêsna tan têbah | myang Wiratha Sang Aprabu Maswapati | miwah Sri Baladewa ||

16. dangu samya dènira ningali | Sri Bathara [Batha...]

--- 7 ---

[...ra] Krêsna angandika | nanging sinandi yêktine | amung kinarya sêmu | pasamuwan apasang giri | dhuh yayi sri narendra | miwah para ratu | langkung ginaip punika | karsaning hyang wontên ingkang dèn paringi | rata kang mawa cahya ||

17. nanging kawula datan andugi | ingkang sinung ing rata punika | mila yèn sami karsane | inggih prayoginipun | katitihan aganti-ganti | pundi ingkang kalilan | sayêkti pakantuk | samana Sri Yudhisthira | duk miyarsa miwah kang para nêrpati | suka rêmbag sadaya ||

18. Prabu Maswapati kang rumiyin | wus tumamèng swandana kang rata | tan pêkantuk panitihe | gantya upaminipun | angidaki wayangan nênggih | tan ana gêrantêsnya |

--- 8 ---

sang nata gya wangsul | marêg ing Sri Yudhisthira | Sri Bathara Krêsna gumujêng ing galih | alon dènnya ngandika ||

19. matur marang Prabu Maswapati | kadospundi raosing sarira | miwah ta ing antarane | Sri Maswapati muwus | datan wontên raosing nênggih | manah kula kalintang | asangêt kumêpyur | mèsêm Sri Bathara Krêsna | sigra ngatag mring Prabu Drupada aglis | lajêng tumamèng rata ||

20. tan prabeda duk Sri Maswapati[11] | dènnya manjing rata tanpa karya | sampun wangsul ing ênggène | Sri Baladewa gupuh | tan pikantuk dènira nitih | gantya Bathara Krêsna | alon lêbêtipun | sêngadi angarah-arah | sarwi angling patute wakingsun iki | ingkang sinungan [si...]

--- 9 ---

[...nungan] rata ||

21. wus umanjing tan antara mijil | sangking cahya prabaning swandana | wus wangsul lêga galihe | nulya sira Sang Prabu | Yudhisthira umanjing aglis | kinèn umanjing rata | sagsana gya wangsul | maring palênggahanira | sigra ari Sang Sena ingatag aglis | kinèn umanjing rata ||

22. Bratasena gumuyu dènnya ngling | lah ta iku iya ngêndi ana | sarana ingujutdake[12] | nanging sayêgtinipun | yèn kang amrih utamèng yêgti | tan samar sangkan paran | aywa salang surup | sira Sang Bathara Krêsna | asasmita mring ari sarwi nganthuki | sigra Sang Bayuputra ||

23. marêpêgki rata gya manitih | tan adangu Sena gya

--- 10 ---

umêdal | tanpantuk don panitihe | nulya parari mangsuk | ganti-ganti wus tapa[13] kardi | miwah para santana | tan pae rumuhun | ya ta Sri Bathara Krêsna | sukèng driya sigra pirêmbagan malih | myang sagung para nata ||

24. ingkang samya marêg ing jro puri | Sri Bathara Krêsna angandika | sampun luwar sadayane | èstu dede kinayun | yèn suwawi ing yayi aji | yogya atur uninga | ing sasolahipun | inggih dhumatêng Saptarga | kangjêng eyang ingaturan aningali | rata andiwangkara ||

25. Prabu Yusdhisthira duk miyarsi | tuwin sagung kang para narendra | mangayu bagya karsane | wusnya dadining rêmbug | prabu ari kalih

--- 11 ---

tinuding | umarêg mring kang eyang | marang ing Ngartawu | Prabu Nangkula Sadewa | wus winêling saliring rèh sadayèki | prabu kalih gya budhal ||

26. tan winarna lampahirèng margi | Prabu Nangkula Prabu Sadewa | praptèng Saptarga kalihe | lajêng mring eyangipun | praptèng ngarsa eyangirèki | Bagawan Abiyasa | kagyat duk andulu | prabu kalih atur sêmbah | sampun katur sadaya ingkang wawêling | wiwitan lan wêkasan ||

27. ngunguning tyas wau duk miyarsi | Sri Bagawan Rêsi Abiyasa | wus karasa ing rasane | nulya wau mring sunu | Sri Bêgawan Dhêstharataji | arsa maring Ngastina | kang putra sang wiku | nuwun kêdah umiringa | tan linilan nuwun têngga ing asrami | kang putra tan lênggana ||

--- 12 ---

28. wus mangkana sang mahambêg êning | sampun budhal sangking ing Saptarga | ingiringakên wayahe | ing Mandraka Sang Prabu | lawan wontên siswa umiring | sakawan atut wuntat | tan kawarnèng ênu | wus prapta nagri Ngastina | Sang Bagawan Biyasa umanjing puri | panggih lan para wayah ||

29. Natèng Ngastina lan para aji | miwah sagung para arinira | gupuh mangraub padane | amung kang para sêpuh | datan tumut amangênjali | amung anjawat asta | satata alungguh | miwah para pramèswara | kumarubut gantya-gantya mangastuti | praptane eyangira ||

30. Sri Bagawan Biyasa ningali | prabaning rata kang mawa cahya | wus karasèng wardayane | nanging maksih sinamun | karsaning kang jawata luwih | sinantosan wardaya | wêkasing tumuwuh | wus tan samar pamorira | ing kawasan kang kawawas amung pêsthi | pinasthi

--- 13 ---

ing sri nata ||

2. Sinom

1. samana kang ponang cahya | duk nalikanira prapti | Sri Bagawan Abiyasa | obah kang kuda pangirit | kadya samêgtèng kardi | kang cahya wuwuh sumunu | beda lan waunira | awit wruh ingkang dèn anti | solahira kadyage tinitihana ||

2. wus mangkana Sri Bagawan | Biyasa ngandika aris | wawratanira tinanya | nênggih ni Dèwi Untari | Sri Krêsna matur aris | pukulun sampun lèkipun | kang eyang malih mojar | iya ing wawêkas mami | lair jabang bayi benjang mijil priya ||

3. ajana ngêmak sirahnya | sarta parabana benjing | iya Radèn Dipayana | Sri Puntadewa wotsari | sandika turirèki | sarwi kumêpyur tyasipun | miwah kang para raja | tan anduga tyasirèki | dene namanipun [namani...]

--- 14 ---

[...pun] pinaringkên ika ||

4. amung Sri Bathara Krêsna | kang sampun tampi ing galih | wau ta risang bagawan | sadangunira ningali | kang rata cahya adi | kadi kacaryan ing kalbu | alon dènnya ngandika | sun arsa bobot anitih | ingkang nata amawa cahya angkara ||

5. pinambêngan nora kêna | kadêrêng kêdah anitih | nulya marêpêgi nata | sigra anitih tumuli | ing ngriku sang mahêning | wus karsaning jawata gung | sirna kamanungsannya | wus wujut cahya anunggil | duk samana kang rata lajêng umêsat ||

6. mirut prabaning kang cahya | kang rata praptèng wiyadi[14] | wus sirna sami sakala | ing Ngastina sampun mulih | kadi ing nguni-uni | samana ingkang winuwus | nalika kadhatêngan | cahya kongsi pitung ari | datan kawistara siyang dalunira ||

7. ya ta Prabu Yudhisthira | miwah sagung para ari | mangu mangunênging driya |

--- 15 ---

tikbra sakala paraji | miwah kang para putri | sadaya karuna muhun | lir tinêbak mong tuna | Sri Krêsna agung maripih | angalimur amrih lipuring wardaya ||

8. nulya Sri Bathara Krêsna | parentah kinèn akardi | panuturirèng kamugsan | dupanya sampun binêsmi | tan antara dhatêngi | tandhaning kêkasih tuhu | sagung jawatèng wiyat | miwah kang para apsari | angudani gănda mrik lan kêmbang-kêmbang ||

9. sumilir maruta mănda | yayah mangayuh wiyati | dera sang kalêngkaning rat | kèrut karatan atitis | trênyuh sapraja kingkin | kataman agung mangungkung[15] | kungas kusuting kang rat | mirut wirutaning bumi | kang kawawang kukung ngawêngi ngawiyat ||

10. ima kang nglimputi pura | lir sumungsung ing prihatin | tidhêm ing sakala [saka...]

--- 16 ---

[...la] dahat | kadaut tyas sanêgari | taru-taru kapyarsi | sru kang tatêruh kumucur | ri wusnya tan antara | katingalan ing wiyatdi[16] | cumalorot kadya andaru kumênyar ||

11. tumiba ing ênggonira | Kusuma Dèwi Untari | nulya wontên kang pawongan | malajêng atur udani | gupuh solahirèki | dhuh pukulun sang aprabu | kawula tur uninga | Gusti Sang Dèwi Untari | ing samangke inggih babar mijil priya ||

12. suka Prabu Yudhisthira | gupuh samya manêdhaki | miwah sagung para nata | mring gène Dèwi Untari | sadaya aningali | kang jabang bayi binagus | ngênguwung cahyanira | samana wus dèn namani | wawêlinge Sang Bagawan Abiyasa ||

13. nênggih kibèn[17] namanana | Radèn Dipayana nguni | ing mangkya wus linaksanan | lajêng karasa nagari |

--- 17 ---

nulya Sri Narapati | Krêsna sigra anênuduh | maring wukir Saptarga | kinèn ngaturi udani | mring kang rama Sri Bagawan Drastharata ||[18]

14. lamun ingkang rama seda | myang babarira Untari | samana ingkang dinuta | sira Sang Prabu Sêtyaki | sampun anandhang wêling | budhal saha wadyanipun | kunêng ingkang dinuta | ya ta kawuwusa malih | duk samana wontên kang nangkoda Jawa ||

15. karyanya dagang turăngga | tiyang sangking tanah Kêling | anama Puthut Brabana | sampun pakaryanirèki | dhatêng ing tanah Jawi | kathah pêpajênganipun | nuju sawiji dina | Ki Puthut marêg sang aji | lawan bêkta gêgramènira turăngga ||

16. samana Sri Yudhisthira | anuju miyos tinangkil | pêpak sagung para raja | punggawa satriya mantri | supênuh păncaniti |

--- 18 ---

kagyat sang nata andulu | wontên nangkoda prapta | akathah bêgta turanggi | tinimbalan sampun prapta ngarsa nata ||

17. dinangu ing sêdyanira | umatur lamun agrami | turăngga wêdalan sabrang | mênawi karsa sang aji | sampun kinèn ningali | kabèh dêdaganganipun | wontên kuda satunggal | kinarsan sri narapati | pinaringan arta ing sarêgènira ||

18. Puthut Babrana turira | pukulun sri narapati | patikbra nuwun dêduka | tan susah pinaring picis | sumanggèng sri bupati | katura sadayanipun | amba turkên kewala | amung idi sang siniwi | ulun pundhi tulusa angèstupada ||

19. lawan Ki Puthut Babrana | akathah tur-aturnèki | mangkana Sri Yudhisthira | arsabêg[19] sri narapati | langkung sihirèng galih | dhumatêng Kiyai [Ki...]

--- 19 ---

[...yai] Puthut | ginanjar ing Kuningan | sakiwa têngênirèki | kang nyêkapi sapanganggènnya karajan ||

20. sampun sami ingestrenan | Ki Puthut adêgirèki | sumujut angaras pada | lawan dipun tarimani | putri Dèwi Durwati | nênggih nguni putranipun | sira Arya Durmuka | nak-sanaking sri bupati | wus dhinaupakên Ki Puthut Brabana ||

21. akathah pêparingira | babêktan sangking sang dèwi | tan winarna antaranya | Ki Puthut sampun apamit | sampun kalilan mulih | budhal sangking ngarsa prabu | ing sarerehanira | lawan sangking tanah Kêling | amiranti saudakartining[20] raja ||

22. tan winarna lampahira | ing Kuningan sampun prapti | lajêng anyêngkal kêkitha | nêngêna kang sinungan sih | gantya [ga...]

--- 20 ---

[...ntya] ingkang winarni | wuwusên ngukir Ratawu | pratapan ing Saptarga | Bagawan Dhêstharataji | tampi jarwa sasmita sedaning rama ||

23. karosèng wardayanira | miwah pamiyarsanèki | kênyaring tyas tan antara | sêsêg waspanira mijil | gêtêr patêr kuwatir | karsaning ăngga kumêdut | tandhaning duka karsa | miwah kang kapyarsa sami | sêsauran munya pêksi ing pratapan ||

24. pêgsi dhandhang mangurahan | munya ngrês kadya pêpeling | lir karunaning duhkita | tan taha tan ninga srami | dhuh sang arsa wiyatdi | ramanira sampun lampus | tuwan kari anggana | tulusa têngga ngasrami | wus mangkana Sri Bagawan Dhêstharata ||

25. saryarda trênyuh ing driya | nuwinda panoning alis | kang kanang karsa sungkawa | wontên malih kapiyarsi | têngis kungas manangis | wèh sasmitaning malatkung | ima

--- 21 ---

manglimput arga | truh tan aris mawa tistis | rêrêsing tyas karasa sungkawanira ||

26. ngênglênging driya sakala | waspanira andrês mijil | sampun kasantosèng prana | tan was-was woring dumadi | kèhing sasmita prapti | tidhêm ing saarga kusut | kasatmatèng wardaya | wau Sri Dhêstharataji | tanpa muwus mung amawas kawêkasan ||

27. sêgsana sampun samêgta | kèsthi pêpasthène urip | sasampunira mangkana | kasaru praptanirèki | kang putra Sri Sêtyaki | duk prapta sukuning gunung | bagawan duga rasa | uninga sajroning galih | kêsaring tyas sangsaya karosèng[21] driya ||

28. dupi prapta ngarsanira | sang putra Prabu Sêtyaki | sri bagawan gupuh tanya | kulup sira lagya prapti | datan sangsayèng margi | miwah ta lamun ingutus | nêmbah Sri Lesanpura |

--- 22 ---

pangèstu tuwan basuki | lawan malih pukulun lampah kawula ||

29. inggih kawula dinuta | ing putra tuwan sang aji | kinèn ngaturi uninga | ing panduka maharêsi | nênggih wus katur sami | kabèh sapitungkasipun | wiwitan lan wêkasan | myang babarira Untari | mijil priya pan sampun katur sadaya ||

30. sêmana Sri Dhêstharata | nalikanira miyarsi | ature Sri Lesanpura | kagyating tyas tanpa angling | tumungkul sru prihatin | katon karantan kêlangkung | tikbra sakala dahat | sumaput tyas manaputi | kasêsêgên ing driya têmah palastra ||

31. gugup Prabu Lesanpura | sêgsana utusan aglis | mêlayu maring Ngastina | dutanya sampun winêling | nêngna ingkang tinuding | winuwus sungkawanipun | pratignyaning Saptarga | gung alit sami

--- 23 ---

prihatin | miwah Rêtna Gêndari samya karuna ||

32. asru kataman sungkawa | gumuruh karunèng wukir | sang dyah nungkêmi kang raka | kuwur Sa[22] Prabu Sêtyaki | myarsa swaraning tangis | agung dènira angimur | mrih lipuring sungkawa | prapta prabawaning rêsi | lindhu orêg saarga tanpa antara ||

33. prahara gora ruhara | rêrês riris tanpa aris | kêkuwung ngawêngi arga | kawang-wang tumeja kuning | kunêng ingkang prihatin | kocapa ingkang ingutus | punggawèng Lesanpura | praptèng Ngastina nagari | amarêngi sang nata miyos sineba ||

34. supênuh ing panangkilan | pêpak kang samya sumiwi | satriya mantri punggawa | ulubalang lan panamping | ring robing jalanindhi[23] | miwah sagung para ratu | mêgsih samya aniwa | samya jajari paraji |

--- 24 ---

miwah Sang Sri Bathara Krêsna tan têbah ||

35. jajar Prabu Baladewa | miwah Wiratha Sang Aji | jajar Sang Prabu Drupada | sumiwèng ngarsa tan têbih | ing Mandraka Sang Aji | Nangkula Sadewa ngayun | satriya myang punggawa | sumiwèng ngarsa narpati | Sang Arjuna nunggil Arya Bratasena ||

36. dutanya Sêtyaki nêmbah | katur sadaya kang wêling | purwa ing wêkasanira | ngungun sadaya miyarsi | nata parentah nuli | arsa têdhak mring Rêtawu | sandika wus samêgta | tan antara budhal sami | rêrikatan datan kawarna ing marga ||

37. praptaning wukir Saptarga | sang nata sawadyanèki | wus marêg ing wangkenira | Bêgawan Dhêstharataki[24] | sadaya anglud tangis | Bathara Krêsna kalangkung | angimur kang sungkawa | dupi lipur sawantawis[25] | Rêtna Dèwi Anggêndari amit bela ||

38. sapawongan [sapawong...]

--- 25 ---

[...an] kawan dasa | pinambêngan nora kêni | lajêng samya suduk jiwa | wus nunggil wangkene laki | ngungun ingkang paraji | mangkana lajêng tinunu | tinutur purwèng pêjah | sawusnya slamêt basuki | sri narendra arsa kondur mring nagara ||

39. sêgsana wusnya parentah | sang nata kundur tumuli | gumuruh kang wadyabala | datan kawarna ing margi | ing Ngastina wus prapti | lajêng sewaka sa[26] prabu | munggèng ing panangkilan | sadaya lajêng sumiwi | tata linggih tan ewah lir sabênira ||

40. wau ta kang para nata | sadaya anuwun pamit | arsa kondur mring prajanya | Wiratha Sri Narapati | miwah Baladewaji | pamit mring Mandura sampun | miwah Bathara Krêsna | kundur marang Dyarawati[27] | Sri Drupada kundur marang ing Cêmpala ||

41. sadaya sampun linilan | amung Drupada Sang Aji | kinèn ngalih mring Ngamarta | sandika aturiraji | dene

--- 26 ---

kang para aji | nom-anom pan dèrèng kundur | mêgsih anèng Ngastina | tan ana kang dèn lilani | amung para ratu kang sêpuh sakawan ||

42. punika ingkang kalilan | kundur mring prajanirèki | wau ta Sri Yudhisthira | kundur ngadhaton sang aji | bubar kang samya nangkil | mangkana kang para ratu | wus antara dinanya | sagung kang para narpati | bêbudhalan mring prajane sowang-sowang ||

43. amung Sang Prabu Drupada | marang Ngamarta nagari | sakathahe wong cêmpala | wus samya kinèn angalih | boyongi anak rabi | miwah barang darbèkipun | Ngamarta wus raharja | suka manahe wadyalit | tata tita ya ta ganti winuwusa ||

44. kunêng nagari Ngastina | gantya kang winuwus malih | kang anggung anêgês karsa | nèng wana Tikbrasarèki | Wagiswara ta lagi | dènira samya manêkung | sira Arya Swatama | lawan [lawa...]

--- 27 ---

[...n] Arya Karpa nênggih | katigane sira Arya Kartamarma ||

45. duk magsih prang Bratayuda | prawira katri sêmadi | dènnya kalêbu ing wêca | benjang yèn Dèwi Untari | dènira anggarbini | yèn ambabar mijil kakung | iku kang mêjahana | mocok sirahe sang katri | mila dahat rudatin ing manahira ||

46. ing mangke miyarsa warta | lamun Sang Dèwi Untari | wus ambabar mijil priya | Swatama gupuh ing galih | miwah sang arya kalih | samya alum netranipun | prapta pikir pupusan | ngugêmi ambêg prajurit | wus anêmah satriya mati ing rana ||

47. dadya sami rêmbagira | Swatama ngandika aris | lah puniki paran karsa | yèn manggunga asêmadi | tanpa wêkasan ugi | wus lami pijêr nênungku | kula miyarsa warta | lamun Sang Rêtna Untari | sampun babar jabang bayi mijil priya ||

48. suwawi lamun sêmbada |

--- 28 ---

dhinustha sang jabang bayi | yèn kêtêmu pinêjahan | sampun kongsi bisa urip | ngêntosi lamun akir | puniku benjang kabanjur | anêtêpi ing benjang | Kartamarma anauri | lah ta inggih suwawi ngantos punapa ||

49. luhung mangke pinêjahan | inggih mupung mêgsih alit | Sang Karpa nambungi sabda | lah inggih nuntên suwawi | lawan măngsa puniki | andika sami katêmpuh | sedane sri narendra | wajib sami apêpulih | sapêkantuk sampun katungkul nèng wana ||

50. sawusnya dadi kang rêmbak | katiga sami miranti | ngrasuk kapraboning aprang | wusing nandhang radèn katri | nêdya datanpa dasih | tan antara budhalipun | samarga pirêmbagan | benjing yèn manjing jro puri | sabiyantu anêdya yuda kênaka ||

3. Pangkur

1. ênêngna ingkang lumampah | kawuwusa [ka...]

--- 29 ---

[...wuwusa] nagari Dwarawati | Bathara Krêsna Sang Prabu | dangu dènnya sinêdya | putranira Radèn Sêtyaka nèng ngayun | miwah Sang Patih Udawa | wus munggèng ngarsa sang aji ||

2. Bathara Krêsna ngandika | hèh ta kulup samêgtaa dèn aglis | sawadyabalanirèku | sun arsa mring Ngastina | liwat sangking sandea ing driyaningsun | liya maring pamanira | Sinuhun Ngastina nêgri ||

3. nanging sun mêtu gêgana | sira nuli nuta ing laku mami | Si Udawa aja kantun | sandika aturira | sigra radèn samêgta sawadyanipun | nulya Sri Bathara Krêsna | samêgta budhal tumuli ||

4. wus manapak jumantara | ingkang kèri sampun budhalan aglis | sawadyanira gumuruh | mèh prapta ing Ngastina | ênêngêna Prabu Krêsna lagya mlaku | warnanên nagri Ngastina | hyang arka wus nitih wukir ||

5. samana kang cinarita | Radèn Dipayana [Dipaya...]

--- 30 ---

[...na] sru dènnya nangis | pamularira kalangkung | tan kêna ngênêngana | ingkang ibu dahat singkêlnya kalangkung | myarsakkên tangising putra | kathah karaosing galih ||

6. kagagas-gagas tyasira | sira Rêtna Untari milu nangis | Wara Sumbadra kêlangkung | putêg tyas ngêmu waspa | dènnya amrih lêjare ing wayahipun | sangsaya sru pamularnya | kang eyang milu anangis ||

7. Radèn Abimanyuputra | tuhu lamun jawata ingkang kardi | pamulare radèn sunu | Untari sambatira | dhuh pangeran paran iki putranipun | dene tanpa sita-sita | ing panangisira iki ||

8. Rêtna Banuwati sigra | radèn putra cinandhak dèn nêng-nêngi | alon ing pamuwusipun | mênênga sira nyawa | wêlasana kabèh wong tuwanirèku | apa kang kokjaluk nyawa | têka amular tan sipi ||

9. Rêtna Drupadi anyandhak | mêgsa datan darana [dara...]

--- 31 ---

[...na] dènnya nangis | Wara Sumbadra kêlangkung | ardaya kèh karasa | para putri sadaya singkêl tyasipun | Sang Arabu Yudhisthira | sungkawa duk amiyarsi ||

10. mèlu mangimur ing wayah | Radèn Dipayana tan kandhêg dening | sakèhe para mangimur | saya sru panangisnya | duk samana ana swara kapirungu | dene Prabu Yudhisthira | mangkana dènnya miyarsi ||

11. hèh hèh kaki Yudhisthira | lamun arsa tutuk wayahirèki | sira sungana sêsanggup | benjang gumantyèng nata | lawan paringana Parikêsit iku | ping rongatus wêcanana | wus têlas kang kapiyarsi ||

12. wau Prabu Darmaputra | amituhu jar kang kapiyarsi |[28] marêpêgi wayahipun | sarwi sinungan ujar | dhuh-dhuh Parikêsit mênênga ta kulup | benjang gumantia nata | sira ingkang sun lilani ||

13. mangkana Dyan Dipayana |

--- 32 ---

duk miyarsa kèndêl mari anangis | suka tyase para arum | lajêng guling rahadyan | wus binêgta maring pasareanipun | sang nata wangsul lan garwa | manjing jroning tilamsari ||

14. Sang Rêtna Wara Sumbadra | sare munggèng kadhaton lawan cèthi | madya ratri wancènipun | Sang Rêtna Banuwatya | majang wulan lawan sapawonganipun | ing latar sajroning pura | samya kapati aguling ||

15. nêngna kang sami anendra | kawuwusa kang nêdya laku maling | si duratmaka katêlu | Swatama lawan Karpa | Kartamarma mangkana ing lampahipun | praptèng nagari Ngastina | sampun wanci lingsir wêngi ||

16. laju umanjing jro pura | sarwi nandukakên sirêpirèki | nglimputi jroning kadhatun | sami kenging kamayan | sawusira lajêng lumampah sang pandung | ngidêri sajroning pura | sakèhing gêdhong [gê...]

--- 33 ---

[...dhong] dèn intip ||

17. tinon asonya kewala | nora nana nênggih Dèwi Untari | amung rara kênya turu | kathah madyaning latar | pra dhustha tri ngalih-ngalih lampahipun | praptèng gyaning Banuwatya | nèng latar gènira guling ||

18. wantune tan antuk nendra | katêlangso dènnya ngênêng-ênêngi | duk mulare radèn sunu | dadya sakeca nendra | kawêwahan kenging kêmayaning pandung | sêsirêpira andadra | tan ana jalma ngalisik ||

19. ya ta Arya Kartamarma | duk uninga mring sang wara maègsi | kagagas muntap tyasipun | sakala salin karsa | kang kawawang Banuwati cêmêripun | sedane raka tan bela | têmah kramantuk Prêmadi ||

20. bramantya Sang Kartamarma | sigra narik katga sarwi sru angling | hèh Banuwati sirèku | nguni ingsun manêmbah | ing samêko[29] anjing iki bêktiningsun |

--- 34 ---

pagene sira tan lana | si anjing mêmanas ati ||

21. sigra tinigas murdanya | kapisanan Banuwati ngêmasi | katri lajêng lampahipun | ngulati ênggènira | Rêtna Dèwi Untari datan kapangguh | kadi bingung katiganya | dangu ngubêngi jro puri ||

22. ya ta malih kawuwusa | lampahira narendra Arimurti | praptèng Ngastina wus laju | lumêbèng dhatulaya | lingsir dalu Sri Krêsna ing lêbêtipun | tan ana ingkang uninga | sadaya kapati guling ||

23. sapraptanirèng jro pura | Nata Krêsna kagyat dènnya ningali | lampahe maling katêlu | Swatama Kartamarma | lawan Karpa mire Sri Krêsna agupuh | matêg aji panglemunan | angodhol lakuning maling ||

24. tyasira atêrataban | angandika sang nata jroning galih | kadingarèn ing tyas ingsun | atêka [a...]

--- 35 ---

[...têka] têrataban | ingsun nate kinarubut mungsuh sèwu | tan kadi mangke tyas ingwang | sampun lajêng atut wuri ||

25. lajêng lampahing kang dhustha | risang Nata Krêsna wêruh ing margi | kawarnaa ingkang pandung | bingung tan wêruh marga | kawarnaa Ni Wilutama andulu | yèn putrane tan wruh marga | mring gone Dèwi Untari ||

26. sêgsana dènnya tumêdhak | Rêtna Dèwi Wilutama wus panggih | lan Swatama putranipun | kagyat kang dwijaputra | duk andulu yèn ibunira tumurun | lajêng umarêg tur sêmbah | kang ibu têtanya aris ||

27. dhuh paran kaki karsanta | sira iki padha kawêlasasih | Radèn Swatama umatur | ibu sêdya kawula | angulati ênggène Untari ibu | rèhning kula kenging wêca | inggih benjing kang matèni ||

28. dhumatêng badan [bada...]

--- 36 ---

[...n] kawula | inggih sutanipun Dèwi Untari | patutane lan Bimanyu | mangke sêdya kawula | kula dhustha mupung bayi mêgsih timur | ibu badhe kula lunas | sampun kongsi bisa urip ||

29. lan malih awak kawula | satêmêne ngulati tan kapanggih | pun Kartamarma duk wau | mêjahi Banuwatya | wontên latar sawêg sakeca aturu | tinigas murdane pêjah | ya ta Natèng Dwarawati ||

30. kumêpyur tyasnya miyarsa | ngunadika[30] sang nata jroning galih | baya iki mawanipun | gon ingsun têrataban | liwat baya sangking baya anjing iku | dene ta kaliwat-liwat | mêjanani maring mami ||

31. mangkana pratingkahira | măngsa dadak padha manggih basuki | kayaparan solahipun | kaipe yèn uninga | matur malih Swatama mring

--- 37 ---

ibunipun | dhuh mugi dipun jurungna | ibu ing sasedya mami ||

32. lawan pundi ingkang marga | angandika Wilutama Sang Dèwi | sru trêsnaning marang sunu | hèh kaki mangetana | ika ana gêdhong magsih damaripun | iya iku ênggonira | lah age dèn ngati-ati ||

33. Wilutama wus umêkas | dhustha katri laju dènnya lumaris | Bathara Krêsna duk wau | waspada solahira | Dyan Swatama kêpanggih lan ibunipun | sigra ngriyini lampahnya | mring ênggène Ni Untari ||

34. nanging mêgsih anglimunan | ya ta Dèwi Untari eca guling | para putri ingkang tunggu | sadaya anggêlasar | amung jabang bayi ingkang sampun wungu | wus kèndêl dènira mular | ya ta Bathara Krêsna glis ||

35. lênggah ngulon-ulonira | jabang bayi Sri Krêsna amiranti | mangkana dhustha katêlu |

--- 38 ---

lajêng manjing sêmana | anèng dagan dènira sami arêmbug | kasêlak ing angkahira | mèh prapta ing bangun enjing ||

36. sulaya pratikêlira | tiga nulya ngagagi anjêmparing | ingayat-ayat adangu | rahadèn putra suka | panyanane liniling suka gumuyu | sigra rahadèn ngaroncal | jêjêg jêmparingirèki ||

37. Kartamarma anèng ngarsa | saraweyan astanya kanan kering | kang kanan anyampe sampun | gandhewane Swatama | kering nyampe Sang Karpa gandhewanipun | dadya jêmparing malêsat | ambalik lajêng ngênèni ||

38. naratas dhustha têtiga | kawatgata kenging jangganirèki | aniba katiganipun | nèng dagan gêlasaran | Nata Krêsna asuka dènira dulu | mèh prapta bangun raina | prabane radita[31] mijil ||

4. Mijil

1. bambang [ba...]

--- 39 ---

[...mbang] wetan hyang arka umijil | wau sang akatong | wus rinacut wau silumane | Rêtna Dèwi Untari nulya glis | kagyat sang lir Ratih | gupuh dènnya wungu ||

2. duk ningali mring Sri Arimurti | sang rêtnayu anjog | maring jogan sang nata wuwuse | hèh Untari aja sira wigih | mêngko sun wartani | wau ana pandung ||

3. duratmakane katri wus mati | sutanta kang mocot | lah ta iku nèng jaba wangkene | ya ta kagyat sang rêtna miyarsi | sajawining kori | wontên wangke pandung ||

4. wantuning èstri ajrih nulyajrit | Sri Krêsna lingnya lon | lah ta aja baribin ing mangke | mapan uwis sun uncalkên têbih | sambutên dèn aglis | lah age putramu ||

5. gupuh dènnya anambut kang siwi | sang nata gya miyos | lah karia sira anèng kene | ingsun arsa marêg yayi [ya...]

--- 40 ---

[...yi] aji | saksana wus mijil | wau lampahipun ||

6. marêg maring Yudhisthira Aji | mêgsih anèng gêdhong | eca guling lan pramèswarine | Nata Krêsna dhodhog kori aglis | alon dènira ngling | wungua ri prabu ||

7. inggih sampun sakeca aguling | wau kang anèng jro | duk miyarsa Sri Krêsna dêlinge | sigra wau sri nata miyarsi | tundhuk lan kang rayi | nèng jawining pintu ||

8. alon matur Sri Yudhisthiraji | kamayangan ingong | kaka prabu ing mangke praptane | ing Ngastina dene rawuh enjing | baya wontên kardi | Sri Krêsna lingnya rum ||

9. dhuh ri aji prapta ulun ngriki | wau sirêp kang wong | mila dalu sangking gêng watire | duk maksihe anèng Dwarawati | tan bêtah ta yayi | pijêr kêpyar-kêpyur ||

10. prapta kawula sajroning puri | inggih nuntên anon | duratmaka têtiga lampahe | wus winartan solahirèng [so...]

--- 41 ---

[...lahirèng] latri | Sri Puntadewaji | angungun kalangkung ||

11. dadya wau sigra sri bupati | mring raka sang katong | pamulare ing dalu wayahe | saliring rèh katur mring rakaji | Nata Krêsna myarsi | dadya samya ngungun ||

12. sang hyang rawi wêtune wus inggil | mijil nata karo | sigra têdhak marang gone wangke | sri narendra angiling-ilingi | gya cèthi kêkalih | gya ingutus gupuh ||

13. anibali[32] sagung para ari | miwah para katong | cèthi kalih nêmbah gya lumèngsèr | nulya sampun dhinawuhan aglis | sagung para ari | gugub lêbêtipun ||

14. sampun kèrit mring cèthi kêkalih | sagung prawira nom | prapta pura wus sumiwi kabèh | para ari ngarsa dènnya linggih | samya atur bêkti | raka kalihipun ||

15. Nata Krêsna angandika aris | hèh sagung riningong | piyarsakna

--- 42 ---

wartaningsun kiye | mau bêngi ana laku juti | umanjing jro puri | kang maling tatêlu ||

16. lah ta iku rupane kang maling | katiga tos-atos | Si Swatama lan Karpa kalihe | Kartamarma mung angarah pati | mring wayahirèki | sutane Bimanyu ||

17. ing samêngko padha wus ngêmasi | dening wayah ingong | tanpa sesa maling katêlune | ingkang wangke lah dulunên sami | sagung para ari | ngungun duk angrungu ||

18. samya mulat mring wangkene maling | Sri Mandraka Katong | Prabu Nangkula lan Sadewane | yun kabangan maring wangke katri | sri bathara angling | iku dudu laku ||

19. ngêndi ana mungsuh wus ngêmasi | ingajak prang pupoh | tuwas sayah yêkti tanpa gawe | Arya Sena bêkuh sarwi angling | dhuh kakangku aji | pagene sirèku ||

--- 43 ---

20. têka datan anganggo baribin | wong nêmu pakewoh | jamak nganggo wêwarah kadange | Sri Bathara Krêsna ngandika ris | dhuh pangrasa mami | tan susah pitutur ||

21. nora beda sira lawan mami | rumêksèng kadhaton | pakewuhe ika praja kabèh | pracayakna maringsun sayêkti | kaya tan gumingsir | nanggulang pakewuh ||

22. aywa sandea kabèh sirèki | ewuhing karaton | katêmpuha ya pun kakang dhewe | sangking gon ingsun rumêgsa yêgti | marang yayi aji | Yudhisthira nuwun ||

23. Nata Krêsna angandika malih | sagung ariningong | yêktènana yayi besuk têmbe | iya lamun ana lare nangis | yèn tan kanthi sakit | nangis dalu-dalu ||

24. yitnanana yayi ingkang bêcik | aja kabêsturon | lah rêsanên[33] [rêsanê...]

--- 44 ---

[...n] praptèng sawêngine | iku ana bêbaya kang prapti | sadaya pra ari | sandika wotsantun ||

25. sri bathara angandika aris | hèh Sena riningong | ingsun iki dahat mong wirage | marang arinira Si Prêmadi | dene bakal kingkin | mêngko ingsun tutur ||

26. iya yayi duk ing mau lêtri[34] | Banuwati layon | pan cinidra tinigas murdane | duratmaka iki kang matèni | ingsun tan mênangi | duk panigasipun ||

27. nanging yayi mungguh Banuwati | wus pêsthine layon | praptèng janji ing sawêngi kiye | pinulung ing dewa kang among sih | marmaningsun iki | tan bisa têtulung ||

28. ya ta wau sagung kang miyarsi | sadaya èsmu loh | risang nata kumêpyur galihe | têrataban ing tyas sênag-sênig | tan panggah palinggih | lajêng anglês mêtu ||

29. anglêsing tyas tansah among

--- 45 ---

wingit | lêlana sang anom | tanpa rewang araga galihe | kunêng ingkang kapugutan ing sih | kang winarna malih | nata kalihipun ||

30. lawan para ari mêgsih nangkil | anèng jro kêdhaton | Nata Krêsna tan wrin ing lungane | Sang Arjuna dadya sri bupati | angandika aris | lah iku dèn gupuh ||

31. wangke iku parêgna mring mami | nulya prabu karo | Sri Mandraka sigra nyaosake | praptang[35] ngarsa wangke pandung katri | Nata Krêsna angling | kang maling katêlu ||

32. pinarsapan hèh sirèku juti | karêm laku cêlor | Aswatama ko pamugarine | lah sirèku dadia brêngkutis | hèh Kartamarmèki | dadia sirèku ||

33. kowangan kang dhêdhăngka ing jisjin[36] | Karpa sira mêngko | lah dadia êngkik-êngkikane | aja marêg sira lawan jalmi | pêrnahe sirèki |

--- 46 ---

lawan kutu-kutu ||

34. hèh-hèh inggal lungaa sirèki | sangking ngarsaningong | kang sinapdan[37] mabur katigane | angambara wus datan winarni | wau ta Sang Aji | Yudhisthira Prabu ||

35. lawan Nata Krêsna manjing puri | yun nampurnèng layon | para ari pan umiring kabèh | kawuwusa sagung para cèthi | gumêr samya nangis | gustinira lampus ||

36. Rêtna Dèwi Drupadi anangis | miwah para sinom | gumarumung asru panangise | Wara Sumbadra mênggah anangis | sêsambatirèki | dhuh yayi riningsun ||

37. iya kabèh maru-maru mami | pan wus padha layon | ing samêngko kari sira dhewe | sangking dahat ing trêsnanirèki | maring jênêng mami | tan rêngkuh riningsun ||

38. mêngko sira alumuh sirèki | marang raganingong | agsamanta sun akèh lupute | pamêngkuningsun mring sira yayi | dhuh ta Banuwati | sapa kanthiningsun ||

--- 47 ---

5. Kinanthi

1. nguni dadya kadang sêpuh | têmah dadya ari mami | parandene wus tinêmah | sangking gêng trêsna mring mami | ing samêngko yayi sira | ngoncati mugsa rumiyin ||

2. dhuh dewa susulna ingsun | mring maruku Banuwati | nèng donya kari sungkawa | tan bisa anahên wingit | sanadyan praptèng dêlahan | ywa pisah dadia kanthi ||

3. mangkana panangisipun | Wara Sumbadra tan sipi | mèh kadurus laraning tyas | samana kasêlak prapti | Maha Prabu Yudhisthira | myang Narendra Arimurti ||

4. para ari atut pungkur | umanjing sajroning puri | ya ta Sri Bathara Krêsna | angimur tangising ari | Maha Prabu Yudhisthira | maripih mring pramèswari ||

5. sasampune sami lipur | sadaya kang sami nangis | nulya Sri Krêsna ngandika | parentah kinèn angrukti | upakarti kasampurnan |

--- 48 ---

wus samêkta ponang saji ||

6. gya tinunu wangkenipun | kusuma wara mahègsi | tinutur marang kamuksan | sampun paripurna sami | mangkana Sri Nata Krêsna | nimbali Radèn Prêmadi ||

7. Natèng Mandraka umatur | rayi paduka dewaji | duk mêgsihe anèng jaba | nalikanira miyarsi | lamun garwanipun pêjah | tan darana lajêng mijil ||

8. Bathara Krêsna angungun | miwah Yudhisthira Aji | ardaya kecalan kadang | mangkana Sri Dwarawati | pamit arsa ngulatana | lungane Radèn Prêmadi ||

9. Prabu Yudhisthira matur | sumăngga karsa kakaji | mugi tuwan panggihêna | rayi tuwan pun Prêmadi | nauri Bathara Krêsna | sampun sandea ing galih ||

10. amung ing sapungkur ingsun | nuntên utusana nuli | ngaturi raka panduka | kakang Prabu Manduraji | lan rama [ra...]

--- 49 ---

[...ma] tuwan Ngamarta | mituhu ingkang winêling ||

11. Sri Bathara Krêsna sampun | budhal manapak wiyati | nulya ngulati Sang Parta | mangkana malih winarni | Sang Aprabu Yudhisthira | parentah punggawa malih ||

12. samêkta badhe ingutus | mring Mandura angaturi | kang raka Sri Baladewa | punggawa ingkang satunggil | ingutus marang Ngamarta | sami kinèn angaturi ||

13. sandika umangkat sampun | wau kang punggawa kalih | tan winarna anèng marga | praptèng mandura sawiji | lajêng umarêg Sang Nata | Baladewa wus pinanggih ||

14. duta malêbêt wus matur | kawula gusti tinuding | rayi tuwan sri narendra | panduka dipun aturi | têdhak dhumatêng Ngastina | wus katur sadaya sami ||

15. ngungun Baladewa Prabu | sigra dènira ngundhangi | ing wadya samêgta budhal | datan kawarna ing margi | praptèng nagari Ngastina | wus panggih lawan sang aji ||

--- 50 ---

16. ya ta malih kang winuwus | marang Ngamarta nagari | ing marga datan winarna | praptèng Ngamarta nagari | wus panggih Prabu Drupada | duta umatur wotsari ||

17. gusti kawula ingutus | putra tuwan sri bupati | ngaturi jêng padukendra | dhatêng Ngastina nagari | putra tuwan sang lir rêtna | dahat onêngirèng galih ||

18. Prabu Drupada agupuh | parentah budhal tumuli | maring nagari Ngastina | tan antara sri bupati | wus budhal sawadyanira | gumuruh samargi-margi ||

19. tan winarna lampahipun | sapraptanirèng wanadri | wontên jalma atêtanya | lir wong edan solahnèki | nênggih wasta Wiku Mudra | gêlah-gêlah anèng margi ||

20. marêpêki lampahipun | ing dipăngga Drupadaji | dupi cêlak ing matêngga | Sang Wiku Mudra nulya glis | ngamuk liwung ambêg pêjah | gègèr wadya Ngamartèki ||

21. pinarbutan [pinarbu...]

--- 51 ---

[...tan] ing wadya gung | gugup solahirèng jurit | dadya tanpantuk ing yuda | punggawa Ngamarta sami | sigra risang Wiku Mudra | wus mugsa datan kaègsi ||

22. ngungun wau balanipun | kyana patih sru manangis | tyas sang nata yèn tan nyana | kongsi anêmahi lalis | dadya kang para punggawa | ngrukti kunarpaning aji ||

23. duta Ngastina lumayu | mring Ngastina tur udani | saliring rèh solahira | wus kamot ingkang tinuding | Dhusthakètu wus utusan | mring Ngamarta tur udani ||

24. marang pramèswari prabu | winêling sadaya sami | wus budhal duta kalihnya | datan winarna ing margi | caraka marang Ngamarta | prapta wus matur ring gusti ||

25. katur sapitungkasipun | mangkana sang pramèswari | nalikanira miyarsa | ature dutaning patih | sigra Dayinta Ngamarta | karuna jrit nibèng siti ||

--- 52 ---

26. gupuh sang rêtna sumusul | yun wikan wangkening laki | ingiring wadya kang têngga | datan winarna ing margi | dupi prapta gène raka | tan sarănta mêlayoni ||

27. sigra anungkêmi gupuh | ing kunarpane sang aji | tan panon rat idhêpira | kadurus rasaning ati | pramèswari ing Ngamarta | têmahan bela ngêmasi ||

28. ya ta Patih Dhusthakètu | sayarda tikbraning galih | lajêng anungka utusan | mring Ngastina anusuli | lamun pramèswari seda | wus mêsat ingkang tinuding ||

29. datan kawarna ing ênu | ing Ngastina sampun prapti | sêmana Sri Yudhisthira | anuju miyos tinangkil | pêpak kang sumiwèng nata | punggawa para nêrpati ||

30. ya ta duta kang rumuhun | lajêng marêg ing ngarsaji | umatur saaturira | miwiti malah mêkasi |

--- 53 ---

kumêmbêng Sri Yudhisthira | nalikanira miyarsi ||

31. miwah kang sami angrungu | ngunguning tyas sêmu wingit | tan antara nuli prapta | duta kang lumakyèng wuri | lajêng ngabyantarèng nata | umatur saha wotsari ||

32. wus katur sadayanipun | ing sapitungkasirèki | ngênglêng sang nata miyarsa | mangu-mangunêng ing galih | sêgsana kondur ngêdhatyan | sarwi parentah tumuli ||

33. kinèn samêgta ing laku | punggawa lan para ari | lamun Prabu Yudhisthira | arsa têdhak ing wanadri | sandika kang para wadya | sang nata wus manjing puri ||

34. lajêng warta sang aprabu | mring garwa Dèwi Drupadi | kabèh saliring pawarta | mangkana duk amiyarsi | langkung trênyuh ing wardaya | sang dyah aniba ing siti ||

35. asru ing panangisipun | kagagas-gagas [ka...]

--- 54 ---

[...gagas-gagas] ing galih | dènira kèri anggana | tinilar ing yayah bibi | myang kadang sadaya sirna | tuwin putranya ngêmasi ||

36. tyas rudah yayah kadaut | ăngga matrênyuh tan sipi | sang nata sru pangimurnya | dhuh jiwaku ywa makingkin | aja kadurus tyasira | sun arsa mangkat tumuli ||

37. mring Ngamarta yun manyutur | kamugsaning rama aji | dhuh gusti sira milua | payo sun aturkên nuli | aywa gung wiyoga dahat | ing satêmah tanpa kardi ||

38. payo mênêtdi[38] mas ingsun | kunarpane rama aji | iku wus lami nèng wana | yèn dangua kawlasasih | lah ta nuli samêgtaa | sun arsa budhal tumuli ||

39. ri wusnya samêktèng laku | sagung kang badhe umiri[39] | tan winuwus ing sungkawa | nulya budhal sri bupati | lawan pramèswarinira | ginarbêg samargi-margi ||

--- 55 ---

40. tan winarna lampahipun | ing wana pan sampun prapti | mangkana rêtna dayinta | nalikanira miyarsi | kunarpane yayah rena | sang dyah niba sarwi anjrit ||

41. matrênyuh tyas sang aprabu | rêntênging driya tan sipi | dènira sang pramèswara | sayarda ardayanèki | agung pangimuring garwa | Kusuma Dèwi Drupadi ||

42. tan antara nuli lipur | sigra dhêdhawuh sang aji | kinèn karya pakuburan | upakartining ngabêsmi | sampun sumaji sadaya | sagung ingkang brăngta kingkin ||

6. Asmaradana

1. mêpêgi kang saji-saji | upakartining kamugsan | kayu-kayu myang apine | sigra sang sri naradipa | parentah kang punggawa | kinèn nyumêta kang kayu | sêgsana sami tumandang ||

2. ponang dahana wus dadi | anggrêng swaraning dahana |

--- 56 ---

lir andakara urube | yayah mangayuh ngawiyat | mumbul mangalat-alat | punang wangke kalihipun | sigra tinunu kalihnya ||

3. wus manjing sajroning agni | kunarpa Natèng Ngamarta | sinarêng pramèswarine | ya ta kang ardi pawaka | jumêgur swaranira | wèh tăndha sampurna lampus | mangkana ing antariksa ||

4. kathah jawata nêdhaki | ngurmati kamugsanira | Sri Drupada lan garwane | mangastuti kêmbang-kêmbang | sagung jawatèng wiyat | sumawur ing agni murub | lir mangenggaring sungkawa ||

5. marang Sang Rêtna Drupadi | ingkang tinitah masesa | bawana pramèswarine | aywa nangsayèng wardaya | mugsane ramanira | mring ibu sorinirèku | wus samya manggih kamulyan ||

6. parêg [pa...]

--- 57 ---

[...rêg] ing Hyang Adipati[40] | tan sangsaya kalihira | mulya ing swarga kalihe | têlas wuwusing jawata | kang anèng ngantariksa | sakathahing jawata gung | wus kondur maring kayangan ||

7. sirêg[41] urubing kang agni | sang nata apêparentah | kinèn anyandhi awune | kalihnya wus pinênêtdan | sampurna sri narendra | nulya sang narpati kundur | punggawa sami samêgta ||

8. Prabu Yudhisthira nuli | wus budhal sawadyanira | datan winarna lampahe | prapta ing nagri Ngastina | sang nata lawan garwa | lajêng manjing ing kadhatun | makuwon kang para wadya ||

9. samana Rêtna Drupadi | sapraptaning dhatulaya | magsih wigêna galihe | ing driya saya karasa | mugsane ingkang rama | sungkawa tyas sang rêtnayu | lalu kalingling lolanya ||

10. têtajin dhahar lan guling |

--- 58 ---

rêtna dayinta tyasira | katolih kawiryawane | mung ngayam-ayam antaka | sangking sru ardayanya | lênglênging driya malatkung | kungas kawistarèng nitya ||

11. tan pantara siyang ratri | pamularira sang rêtna | pan akathah sêsambate | yèn dalu nungku paprêman | siyang gubêl kang raka | putêking tyas sang aprabu | kataman tangising garwa ||

12. anuju dina sawiji | risang narendra dayinta | marêg ing raka sang katong | nungkêmi pada karuna | kathah sêsambatira | dhuh kang misesa maringsun | asiha ing dasihira ||

13. paran wêkasaning sêdhih | dhuh pukulun batharèngwang | lah tulungên raganingong | brasthanên sing marcapada | atêrna mring kamugsan | sampun kabawa katèngsung | tumuwuh ta tuwas-tuwas ||

14. yèn uripa awak mami | wus tampa[42] pangarsa-arsa | dhuh sang nata dewaningong |

--- 59 ---

amunga mukti wibawa | datan arjèng wardaya | tansah gêng ardaya ulun | lalu amêmala dahat ||

15. ramaji lan ibu sori | sirna datan têkèng ăngga | miwah kadang-kadang ingong | tan dadya rudahing manah | dêstun cuwa kewala | sasampuning tyas pukulun | ta[43] wontên kinudang-kudang ||

16. duk Păncawala ngêmasi | pukulun putra panduka | paran benjang wêkasane | wau ta duk amiyarsa | Sang Prabu Yudhisthira | rawat waspa kapirangu | kongas ngênêsing wardaya ||

17. mangkana lingira aji | dènira ngimur ring garwa | sarwi ngrarêpa sang katong | dhuh rêtnaku aywa dahat | nangsayèng driyanira | dadya têmah ngajap lampus | pun kakang măngsa kantuna ||

18. aja kadurus kang galih | benjang prapta ing dêlahan | gusti maksih akarongron | ywa pisah saparanira | jalmoa kaping sapta |

--- 60 ---

kondhangên kaping sêpuluh | tan gingsir sapakonira ||

19. dhuh jumantên ari mami | toleha marang pun kakang | ilangên lara wirage | sapa ing kadasihêna | benjang nèng Endraloka | aja lyan sira mas ingsun | sêgsana wau sang nata ||

20. sori sinambut tumuli | binêkta maring paprêman | ingarih-arih gya sare | karongron lan raka nata | kunêng kang mriyêmbada | angimur ring garwanipun | nahên gantya kawuwusa ||

21. kang agung anèng wanadri | sang prabu datanpa rewang | kawlasarsa saparane | sakesahe sangking praja | duk sedane kang garwa | Rêtna Banuwati iku | tyasira gung aru-ara ||

22. tanpa dhahar miwah guling | natyasa sungkawanira | rawat waspa saparane | tan ana liya kaarsa | amung putri Mandraka | saênggèn-ênggèn [saênggèn-êng...]

--- 61 ---

[...gèn] agandrung | wigêna yayah antaka ||

23. mangkana karsaning galih | Sang Parta jroning sungkawa | dhuh mirah pêpujaningong | benjang prapta ing dêlahan | ywa pisah lan pun kakang | kadurusing lara gandrung | Sang Parta saparanira ||

24. sruning kadarpèng wiyati[44] | saputing tyas tan panon rat | têmah emut sagalihe | ing driya asru kabangas | katon kang duratmaka | hèh dhustha sikara mring sun | patimu pati druhaka ||

25. yagti sinakarèng bumi | kaègsi-ègsi[45] ing benjang | patimu tan tunggal ingong | sakala emut ing garwa | lajêng niba ing kisma | wungunira pungun-pungun | angungun sasolahira ||

26. lajêng tumindak alirih | sarwi angalap puspita | kinuswa-kuswa sarine | dhuh yayi iki puspita | pantês nèng ukêlira | wênèh [wê...]

--- 62 ---

[...nèh] ron sêkaring gadhung | lah karyanên sêsinthingan ||

27. karêmênanira nguni | ukêl sarwi sêsinthingan | tinon asri rompyoh-rompyoh | kinalèwèr têkèng jaja | duk maksih nèng Mandraka | nalikaningsun andulu | lêng-lêng angrarasing driya ||

7. Mijil

1. saya arda murcitraning galih | risang prawira nom | dènnya seda wau ing garwane | rêtnaning rat Wara Banuwati | agung nèng wanadri | mung ketang anggandrung ||

2. tajin dhahar minta tanpa guling | wau ta sang anom | tan angetang ing wana pringgane | sruning kadarpa ing tyas wiyatdi | agung siyang lêtri | lêlana agandrung ||

3. ingkang garwa tansah dèn ulatdi[46] | sanggon-gon wirangron | karungrungan ngarang saparane | ngungak-ungak jurang kali-kali | nityasa gêng wingit | èngêt garwanipun ||

4. tanpa mêndha saparan [sa...]

--- 63 ---

[...paran] ngrarintih | dhuh woting tyas ingong | sasmitanên gusti kêkasihe | aywa pijêr nangsaya mring dasih | tan wande ngêmasi | Sang Parta anggandrung ||

5. yèn mas ingsun tan paring usadi | tan wande salah ton | sruning agring yayi tanpa sarèh | rangu-rangu pijêr ngèsthi pati | sapa ngusadani | gonku lara gandrung ||

6. nora katon sir driya wak mami | mung sira katonton | kayaparan baya wêsanane[47] | ênggon ingsun anyandhang wiyatdi | tansah nèng wanadri | mung katon sirèku ||

7. ri wusira Sang Parta anangis | pêtêng netra karo | kawêranan ing waspa wijile | singkêling tyas tansah kawlasasih | astanira kalih | gung ngusapi êluh ||

8. hyang raditya wus manitih wukir | bambang sirat kulon | ima layyang wuyungan driyane |

--- 64 ---

sangsayarda ing tyas gung wiyatdi | ngênêng Sang Prêmadi | ton pringganing dalu ||

9. kèh kang swara ing dalu kapyarsi | dening sang wiranom | calapita walangkrèk arame | lir karunaning dyah mêmaladi | hyang căndra umijil | ing astha sumunu ||

10. asri kawuryan rêsmining langit | kang tranggana abyor | kadya panjrahing sêkar wudhare | sangking gêlunging rara rinêmrih | dyan lumahpah[48] aris | mangu-mangu gandrung ||

11. rinarasing tyas sanetyasa tis | niring tyas katongton | Risang Parta trênyuh tyas tan sarèh | karănta-rănta rêntêng kêpati | putêg manaputi | murcitra agandrung ||

12. mêtêg jaja ambêkuh anangis | ketang ingkang layon | ngêndi baya babo panugsmane | kaluluting [kalu...]

--- 65 ---

[...luting] yayi Banuwati | sikara andadi | gung-gungan amuput ||

13. dhuh wulanên[49] dasih kang kaswasih | saparan wirangrong | tanpa sarèh angruruh dhèwèke | apanon rat netraningsun kalih | sruning gêng wiyati[50] | katanggulanging luh ||

14. dhuh yangyanging ngakasa wiyatdi | parêgkêna[51] ingong | iya êndi baya panggonane | kang kadunung kalulutku mangkin | dhuh wong suranadi | tulungên katèngsun ||

15. dene padha nangsaya mring dasih | bêbêndu maring ngong | kaya wus tan ana jagat kiye | isèn-isèn kang padha ingambil | kang kungkulan dening | wiyatdi supênuh ||

16. têka amung pinilih sawiji | kaya ta kurang wong | wah pulungên wasisan sun kiye | aywa agung andêdawa sêdhih | wus tan ana ugi | kang wêlas maringsun ||

--- 66 ---

17. lah jawataning sagung wanadri | asiha maring ngong | sampurnakna laraningsun kiye | parêkêna gon ingsun tumuli | ywa iku kang lalis | pinulung dewa gung ||

18. saya kalunta dènnya lumaris | wau ta sang anom | kasangsaya kalurus larase | ing samarga-marga mung wiyatdi | èngêt kang mêmanis | dahat kawlasayun ||

19. diwasaning latri gantya enjing | hyang arka sumorot | amratani ing wana langêne | sarining sêkar panjrah nèng siti | kadya sung wêwangi | risang asmarèngkung ||

20. sêkar pudhak aparêg srigadhing | dhêkêt lan argulo | yom ngayêmi wora-wari cênggèr | sêkar sikaton[52] sumêkêt[53] ing wit | witing nagasari | rewana lung gadhung ||

21. sêkar dangan mulat[54] lan ingkang wit |

--- 67 ---

tulupan ngalap gon | gêgathetan abondhèt prabu sèt | gagrog[55] katêmpuh ing maruta ris | angrês sang kaswasih | mulat kang sarya rum ||

22. sining wana kang kamargan dening | risang prawira nom | kadya sumusung gandanya kabèh | sari-sari sumawur ing margi | mrih dèn alap dening | kang lagya agandrung ||

23. têbah jaja ngadhuh sru manangis | dhuh babo riningong | kayaparan awèta mangkene | yèn tan antuk usada wiyati[56] | tan wus bêbayani | kadurus mong gandrung ||

24. ana manyura marêg ing margi | lir nganyut kang wirong | pan mangkana manyura isthine | tanpa gawe solahirèng margi | balia dèn aglis | radèn aja banjur ||

25. tanpa wêkas anggagas wiyatdi | wus jamak wong anom |

--- 68 ---

amung dipun anganggo tyas sarèh | dèn patitis anata kang budi | ngêndi ana jalma |[57] mati bisa wangsul ||

26. babo tuwas kawawas kang sêdhih | tan bisa patêmon | mêrak lajêng sumêbut ibêre | wontên kidang umarêg sung peling | emuta dèn aglis | yèn satriya punjul ||

27. aywa dadya ardane wiyatdi | măngsa tuk pawartos | lah kundura radèn mring prajane | kadang garwanira angulati | lunganira dhingin | wuri wayang-wuyung ||

28. apa gawe agung nèng wanadri | yêkti tanpantuk don | silarjane praja lan eyunge | lah turutên kondura tumuli | dèn santosèng galih | kanthia tyas emut ||

8. Kinanthi

1. wus mangkana lampahipun | wau ta Radèn Prêmadi | tan katolèh [ka...]

--- 69 ---

[...tolèh] kang katingal | mung lalu laraning galih | kang ketang mugsaning garwa | Rêtna Wara Banuwati ||

2. murcitèng tyas gênging wuyung | wuyungan samargi-margi | lalu tibraganing driya | yayah tanpanon wiyatdi | putêging tyas sanityasa | saparan gung tanpa aring ||

3. rangu-rangu kapirangu | ngungun nalika ngèngêti | satriyadi wirutama | sotama têmahan tistis | trênyuhing ăngga karatan | ênggène Sang Banuwati ||

4. ngênglêng kelut gêng malatkung | kolalan samargi-margi | kagagas rasaning driya | tan lyan mung Sang Banuwati | bisa wèh kasmarèng dahat | antara siyang lan lêstri ||[58]

5. sangsaya gung kung kalangkung | kawawas wêkasing wèsthi | wèsthi ing pêpasthinira | malah milalu malatsih | Sang Parta karsaning driya | paran puwaranirèki ||

6. dhuh sih ta mardawèng lulut | lêlangên [lêlang...]

--- 70 ---

[...ên] mring suranadi | paran darunaning duka | mila tan paring udani | dasih ta datanpanon rat | kalêban waspa drês mijil ||

7. marawayat wêtuning luh | sapa kang asihèng dasih | kadya gung nangsaya dahat | datan kawawa nahêni | sangking sruning laraningwang | lir murca saari-ari ||

8. sruning kataman larang[59] kung | mung sira rasaning kapti | apan lêlangêning wana | mêwah ta rêsmining tasik | kumaraning kang bawana | măngsa tuk ka[60] ngusadani ||

9. kabèh akarya wulangun | lêlangêning kang kaègsi | kang sarwa gănda-sugănda | tan tular ing ngăngga dadi | malah gung mêmalat dahat | mèh ardane ardayèki ||

10. dhuh sang murtining rum-arum | paran solah ta mas ari | apisah lan dasihira | sapa umatur ring gusti | yèn lang-langên[61] mring suwarga | apa tan atis mas yayi ||

11. sampun lêpas lampahipun | Sang Parta samargi-margi |

--- 71 ---

giyuh tyas kadya sangsaya | sagogon agung aguling | wungru mangru têbah jaja | juwêtan jat tyas jinait ||

12. rangu-rangu kapirangu | lampahe Radèn Prêmadi | diwasaning diwangkara | andarana manjing wukir | sigra tumênga ing wiyat | katon gumantin naratri ||

13. kapyarsa swaraning dalu | kang săngka kalangan amrih | mimangsan saananira | sining wana wanu wuni | wênèh năngka kalpu bêndha | kadhang kêrandhang kêrandhi ||

14. cêcodhot dhadhu woh dhuku | dhuwêt tanggilang kêsambi | gêdhondhong kêpundhung jirak | jambu sêmăngka lan manggis | gawok wunglon parijatha | dhêkêt cêlakêt kacapi ||

15. kèh warna pala gumantung | ngêndhanu jroning wanadri | ing alas kalong lêng-lêngan | ing woh ana bisa milih | turune cangak ngayangan | yayah nunggata lumaris ||

16. mangkana kang kataman kung | angrês waspanya [wa...]

--- 72 ---

[...spanya] miyarsi | kalong lêng-lêng don woh-wohan | wurahan awira-wiri | unine kadya sêsambat | ing rara pinrêping gati ||

17. obahing kang taru-taru | lir gêtêring gaga kungkih | taru aking apu wanan | kumrutug singsal ing dasih | nêniluta ing asmara | mèh panduk ingkang mangun sih ||

18. sangsayardaning wulangun | anênggih Sang Pandhusiwi | winatu turidanira | samarga-marga malatsih | tan ana ingkang kadriya | amung Rara Banuwati ||

19. dhuh yyang yyanging kumala rum | iki akarsa kaègsi | kaarsan samya don wohan | swaranya anggarit ati | wèh onêng-onêng ring driya | yayah mangun onêng galih ||

20. nganiaya sira masku | pagene sira tan warti | lêlangên ing Endraloka | paran sumuling gusti |[62] sangking sruning sadayèng tyas | apa tan asih

--- 73 ---

mring mami ||

21. antara diwasèng dalu | bambang[63] wetan tinon asri | prabaning langêning wana | kukila barungan muni | lir mangegar-enggar[64] driya | risang kandhuhan wiyatdi ||

22. sata wana sru kaluruk | manyura manawung muni | wèh uning rainanira | marang mawuring kang sari | sêdhêp gandanya angambar | ketar[65] ring maruta aris ||

23. panjrahing puspita tanjung | trikancu tăngga kasturi | mênur malathi sridênta | soka kêlawan kumuning | kênanga burba marsana | sumarsana lan saruni ||

24. gambir gambira rum-arum | rumambating nagasari | rêjasa sana samboja | argulo lan kacapiring | prabu sèt mêlathi dênta | taluki myang pacarwarih ||

25. tumruntun puspita ranu | talutur kumuda asri | tunjung trate [tra...]

--- 74 ---

[...te] kanigara | karagan-ragan nèng warih | wêweyan mawèh wiyoga | marang risang asmara gring ||

26. samana sang among gandrung | mulat wigaring kang sari | sarira mèh kawigaran | sruning onêng mring kang rayi | putri adi ing Mandraka | kusuma mara[66] maègsi ||

27. mangu mênggah gandrung-gandrung | kadurus rarasing galih | sira Sang Pandhutênaya | lamine anèng wanadri | salira sawang kunarpa | jwalita sadaya salin ||

28. kentar sadayaning sêmu | sruning kabyatan wiyatdi | miwah tanpa dhahar nendra | kaarsa mung ambêg pati | sangking sru bănta[67] mangarang | lir mursatma sabên ari ||

29. tan antara mijil sampun | raditya madipèng bumi | anon ingkang pêgsi dhandhang | angadhang mring tirit gadhing | swarane kawêlasarsa | kapyarsa risang magêng gring ||

30. kadya belani larangkung | dènnya tan kandhêg [ka...]

--- 75 ---

[...ndhêg] lumaris | sandeyèng kadudonira | yayah andudut tyas sêdhih | kadhasih basuh kaswara | dènnya non kang brănta kingkin ||

31. ngênglêng tyasira wulangun | lalu laranirèng margi | tan tolih kawibawanira |[68] mung ketang tinilar ing sih | karsane wardayanira | amung ngayam-ayam pati ||

32. tan kandhêg ing lampahipun | sira Risang Pandhusiwi | mulat manyura monglaras | kalêsikan lan kang èstri | ngigêl ngisore kilarsa | kaarsa mring kang lumaris ||

33. dêrês tyasira andurus | emut ênênging kang rabi | wurung wiyogane dahat | sanityasa sambat mati | dhuh paran wasananira | laraningsun tan sinipi ||

34. cocak kang pêksi kêkuncung | tan ana kang sayèng krami | ingkang kasmara widaya | paran baya awak mami | sinartu tan [ta...]

--- 76 ---

[...n] sita-sita | wus pinasthi mati gêring ||

35. lalu kalulut lara kung | mung sira gusti kaèsthi | tumanduk padoning netra | gumantung tuntunging ati | kabèh lêlangêning wana | tan dadya tămba wiyatdi ||

36. dhuh yayi asiha mring sun | aja nangsaya tan sipi | payo lêlangên nèng wana | kathah ingkang sarwa adi | ana ron pakis unusan | kadya sêsinomirèki ||

9. Sinom

1. sêmana Radèn Arjuna | sangsaya ardaning galih | dènira emut kang garwa | rêtnaning rat Banuwati | lina cinidrèng juti | milalu lara malatkung | tan wrin purwa duksina | putêg ing tyas manamputi | anglêgèyèh sare witing kajêng sana ||

2. sumilir maruta mănda | tumanduk mawa gănda mrik | sumawur sarining sêkar | angsana nambramèng wingit | dènnya gung

--- 77 ---

brănta kingkin | kagyat wungu pungun-pungun | krêbêting lar manyura | sarwi manamparing sari | nyananira sinjanging dyah rinatusan ||

3. julalatan Sang Arjuna | dhuh ariku Banuwati | tuhu asih mring pun kakang | paran karsanira yayi | sumusul mring wanadri | kasusu lampahirèku | karubyuking kang sinjang | rinatusan gandanya mrik | aksamanên dasihe tan niwèng raras ||

4. sarwi nolih ngering nganan | dangu tan ana kaègsi | ngênglêng Sang Parta alênggah | ngêningkên karsaning galih | tan supe asêmadi | jroning gandrung kapirangu | sawusnya amêmuja | lajêng tumindak aririh | kang kaarsa mung ngayam-ayam palastra ||

5. duk ing nguni sedanira | kusuma Wara Srikandhi | sangsaya rudah ing driya | lajêng dènira nimbali | garwa kang

--- 78 ---

ana wukir | Rêtna Ulupi puniku | gya budhal sangking arga | duk asihe anèng margi | lawan putra seda minăngsa ing buta ||

6. sayarda sungkawanira | dupi sampurnèng ngajurit | pramèswari ing Ngastina | kusumèngrat Banuwati | kagawa Sang Prêmadi | wontên rêrêming tyasipun | dene Sang Banuwatya | amirap Wara Srikandhi | tan alami Rêtna Banuwati seda ||

7. cinidra ing duratmaka | mila sangsaya gêng wingit | wau ta Sang Dananjaya | kuliling marang wanadri | bèji jroning wanadri | ngungak-ungak mawèh gandrung | mulat kang têrate bang | kumambang têpining bèji | obah-obah kambah ombak ingkang toya ||

8. dhuh yayi putri Mandraka | iki tarate bang gusti | baya ta karêmênira | Sang Parta kèndêl anangis | dhuh yayi [ya...]

--- 79 ---

[...yi] Banuwati | wêlasa ing dasihipun | lamun tan mêlasana | tan wande nêmahi pati | sangking sruning manah bunêg tan kuwawa ||

9. waspèngsun drês marawiyan[69] | sapa kang asih mring mami | wusnya angucap mangkana | Sang Parta bêkuh anangis | dangu udrasanèki | sakèh isining wana gung | dadya bela sungkawa | dhêdhêp datan ana mosik | sangking asru têlas marang sang asmara ||

10. kunêng kang agêng wigêna | anèng jroning ing wanadri | dahat dènnya kawlasarsa | Bathara Krêsna winarni | dènira angulati | ing murcane arinipun | [...] | lami tan bisa kêpanggih | singkêling tyas Sang Bathara Krêsna |[70]|[71]

11. mangkana osiking driya | Sang Aprabu Arimurti | kadingarèn têmên ingwang | sabar tanpa daya mami | dènira tanpa warti | maring ngêndi

--- 80 ---

ariningsun | dhuh dewa dhuh bathara | tulunga dasih kaswasih | aja agung nangsaya anèng ing wana ||

12. lalu ngênglênging wardaya | dènira agung ngulati | ênggène Sang Dananjaya | sêmana Sri Dwarawati | waspanira drês mijil | putêging tyas sru lara kung | ya ta ing praptanira | marmane jawata luwih | ana swara awor ring maruta mănda ||

13. sumilir ing ngarsanira | Sri Bathara Arimurti | rum-arum mawa sung gănda | mangkana linging kang wangsit | hèh hèh Sang Wisnumurti | pagene têka kalimput | ênggone arinira | măngsa kilapana ugi | ulatana jroning alas Tikbrasara ||

14. iku kaliwatan baya | larane arinirèki | mila kaki dipun inggal | aja suwe anèng ngriki |

--- 81 ---

amung dèn ngati-ati | lah ta wis mangkata gupuh | ya ta Bathara Krêsna | nalikanira miyarsi | sukèng driya lajêng dènira lumampah ||

15. ing marga datan winarna | lampahe pan sampun prapti | jro ing[72] alas Tikbrasara | kagyat dènira ningali | solahira kang rayi | rusaking sariranipun | alon dènnya sêbawa | Sri Bathara Arimurti | dhèhèm-dhèhèm marêpêgi mring Sang Parta ||

16. kagyat kang rayi tumingal | waspada dènnya ningali | ing praptanira kang raka | Sinuhun ing Dwarawati | gupuh amalajêngi | prapta anungkêmi suku | sarya sru karunanya | kang raka putêg ing galih | dyan rinangkul lungayaning arinira ||

17. sarya lon pamuwusira | dhuh pagene ari mami |

--- 82 ---

gingsir bêncananing dewa | kaya ta nora linuwih | jamak dèn nganggo ririh | aja kadarpa ing kayun | ilang jênênging Parta | nanging ta bênêr sirèki | sapa bisa lali katêkan sungkawa ||

18. sira ardaning wardaya | kalamun misih kaègsi | sira kapugutan trêsna | yèn tan liya sira yayi | yêgti milu ngêmasi | sangking kaardaning wuyung | amung ta dèn waspada | sirèku satriya luwih | aja pijêr kaluluh laraning driya ||

19. kakangira sri narendra | liwat padha nahên wingit | miwah kadang-kadangira | sira karya walangati | duk lunganira dhingin | nagara gung hura-huru | angulari ing sira | malah tumêka samangkin | lalu tikbra brangtaning wong sanêgara ||

20. wus lêjarna ardayanta | aywa gung anèng wanadri |

--- 83 ---

yèn sira susah ing garwa | patine Si Banuwati | pun kakang anglironi | wanodya kang ayu punjul | nanging ta piyarsakna | sun iki arsa wêwarti | kang akarya darunaning bratanira ||

21. tan lyan sangking garwanira | kang karya kingkinirèki | renane Si Aswatama | iya Si Wilutamèki | sutane dèn turuni | lah ta iku kang pituduh | sabarang rèh kacidran | ya ta wau duk miyarsi | Sang Arjuna wungu tyase abêranang ||

22. sirna duhkitaning driya | sêgsana matur wotsari | mring raka Bathara Krêsna | sarwi prasêtya ing galih | dhuh kakang jêng dèwaji | kasêgsèna ing pukulun | garwèngwang waranggana | sadaya ulun indhani | sampun kosi

--- 84 ---

parêg kalawan kawula ||

23. mantuna kagarwèng amba | Bathara Krêsna lingnya ris | iya yayi sakarsanta | ingsun ingkang ngudanèni | prasêtyanira yayi | muga tulusa ing kalbu | ya ta ana pratăndha | swaraning bumi lan langit | tri gumuruh jumêgur kang păncawara ||

24. miwah swaraning kang arga | gêtêr patêr magênturi | kadya mèlu ngèstrènana | sêdyane Radèn Prêmadi | ya ta ngandika malih | Sang Parta mring garwanipun | kang anèng sariranya | sadaya kang widadari | ingkang sami dumunung ngăngga Sang Parta ||

25. ingkang anèng ing bunbunan | Rênta Dèwi Rarasati | kilatmaya netra kanan | kilasmara netra kering | siratmara sang dèwi | kuping têngên dunungipun | wirasmara kang kiwa |

--- 85 ---

dene Dèwi Găndawati | kang dumunung ing grana leng-lengan kanan ||

26. Rêtna Dèwi Găndarasa | dumunung grana kang kering | atutuk Dyah Talibrata | Talirasa sang lir Ratih | ing lidhah kang dèn goni | Drêsanala Sang Dyah ayu | ingkang anèng pusêrnya | Sang Rêtnayu Rarasati | Rêtna Sêtyawati anèng jroning garba ||

27. kang anèng purus Sang Parta | kancana rasa sang dèwi | samya rumêksèng sarira | Sang Rêtna Kêncanawati | punika kang dèn goni | rumêgsa sajroning jubur | dene kabèh punika | sagunging kang widadari | sami karèh dene Dèwi Drêsanala ||

28. kang măngka pramudyanira | lawan Dèwi Drêsawati | anênggih kang dadi tuwa | angrèh ingkang widadari | mangkana dènira ngling | Sang Parta [Par...]

--- 86 ---

[...ta] mring garwanipun | lah yayi Drêsanala | lawan sagung widadari | padha sira mêtua sing garbaningwang ||

29. ingsun wus lumuh mring sira | myang sakadangira sami | muliha marang kayangan | dene sagung widadari | ya kabèh sun lumuhi | lan sira dhewe mas ingsun | mangkana sang lir rêtna | kumêpyur duk amiyarsi | rawat waspa sarêng dènnya aturira ||

30. dhuh pukulun paran karsa | sapda panduka mring kingkin | migêna wong tanpa dosa | paran darunane runtik | têka lumuh kêpati | mring dasih kawêlasayun | nadyan kang waranggana | sêdaya dosa ing gusti | pan kawula tan milu durakèng tuwan ||

31. dhuh pangeran yèn panduka | tan arsa ngagsama sami | dhumatêng kang waranggana | kang anèng sarira sami | suka banjura lalis | sampun andina [andi...]

--- 87 ---

[...na] gung wuyung | kula tan darbe gêsang | mung panduka gurunadi | wus sun têmah tan mulat ing surya căndra ||

32. anèng ăngga salaminya | sangking sapakoning gusti | dhuh ing mangke raganingwang | tan wêruh marganing sisip | katuwone wak mami | dhuh pangeran lakiningsun | kawula tan druhaka | amung lumampah satuding | Sang Bathara Krêsna angrês duk miyarsa ||

33. Sang Parta malih ngandika | witne sira angakêni | gurunadi marang ingwang | yêgti kudu anglakoni | anut sarèhing laki | iku wanodya pinunjul | tuhu kalêngkaning rat | kasup kaonang ing bumi | jêtmikadi susila wêdi ing priya ||

34. lah ta wis yayi dèn inggal | aywa kèh kang sira pikir | sun lagya lumuh kalintang | mring sagung kang widadari | lah muliha dèn aglis |

--- 88 ---

marang kayanganirèku | mangkana sang lir rêtna | putêg tyas lajêng anangis | alon mijil sadaya sangking sarira ||

35. praptaning jawi sang rêtna | samya amular tan sipi | luhira drês marawayan | lajêng sami mangabêgti | ing pada kawlasasih | ngrarêpa ing aturipun | dhuh babo batharèngwang | kang pinasthi gurunadi | sampun kirang agsamanta mring kawula ||

36. Sang Parta alon ngandika | aywa sandea ing galih | tan kurang ngapuraningwang | mring sira ing lair batin | amung ta yayi mangkin | kabèh manjinga sadulur | makana[73] sang lir rêtna | sadaya mit mangênjali | wus ngambara sagung ingkang waranggana ||

37. angrês sang kalih tumingal | murcaning kang widadari | ya ta Sri Bathara Krêsna | alon ngandika sang aji | hèh Parta ari mami | ingsun ingkang paring

--- 89 ---

liru | patine garwanira | Srikandhi lan Banuwati | miwah kabèh mugsane sang waranggana ||

38. ingsun darbe pawong mitra | lan ratu ing Sriwêdari | nama Sri Arjunapatya | yèku krama putri luwih | punjul samining putri | jatmika susilèng kakung | putri ing Parangguwa | nama Dèwi Citraoyi | ing samêngko durung kêna cinangkraman ||

39. karsaning sang lir kusuma | yèn antuk Radèn Prêmadi | prasêtya arsa akrama | iya maring sira yayi | iya jênêngirèki | yayi ing mêngko kaliru | antuk Arjunapatya | mila tan marêm sang putri | pangrasane dinalih Arjuna sira ||

40. dene ta padha Arjuna | tan wruh yèn Arjunapati | tur iku ratu prakosa | widigdaya ing ajurit | anom dhasare pêkik | nanging karsane sang ayu |

--- 90 ---

yèn dudu jênêngira | sang dyah suka têkèng pati | ing samêngko mêgsih nityasèng pamular ||

41. kang sinambat amung sira | mila Sri Arjunapati | tyase uyang mawuyungan | lali puruhitèng mami | tur yayi iku dhimin | wus manjing sudara tuhu | lawan jênêng manira | ing mangke lagya wiyatdi | tan kawawa mulat manising wardaya ||

10. Dhandhanggula

1. iku yayi yèn sambada galih | payo marang Sriwadari praja | sun pundhute dayintane | benjing sun paring liru | marang Prabu Arjunapati | dadya minta wranggana | sun paringi besuk | mangkana wau Sang Parta | duk miyarsa ngandikanira kakaji | lêjar lajêng tur sêmbah ||

2. dhuh pukulun kalangkung prayogi | karsa tuwan mugi tumuntêna | manawi sêlak katrinèn | ngantosi punapèku | lah

--- 91 ---

suwawi nuntên lumaris | mèsêm Bathara Krêsna | basakêna iku | têka banjur daya-daya | tan winarna lajêng lumampah sang kalih | manapak jumantara ||

3. kunêng kang agung margèng wiyatdi | gantya malih ingkang kawuwusa | nagri Sriwêdari mangke | lagya onêng mangungkung | karurungan ngarang ngranuhi | brănta mring garwanira | de lumuh kêlangkung | yèn kêlamun pinarpêgan | maring raka Sang Prabu Arjunapati | suka praptèng antaka ||

4. pêparabe Dèwi Citrahoyi | putra sangking Prabu Parangguwa | Sang Citranggana parabe | duk kramanya sang ayu | patêmbaya rinêbut jurit | nguni kang mungkasana | Sriwêdari Prabu | mila sêmangke kagarwa | Sriwêdari Sang Prabu Arjunapati | nanging sang lir kusuma ||

5. sêdyanira sadèrènging krami | purun krama yèn antuk Arjuna | Sri Pandhawa panêngahe | mêne wusananipun |

--- 92 ---

antuk Prabu Arjunapati | mila sang dyah tan rêna | alumuh kêlangkung | sang rêtna gung pamularnya | siyang dalu kang pinusthi ingkang galih | amung Sang Danangjaya ||[74]

6. ingiringkên kadanging satunggil | jalu nama Radèn Citrahoya | nanging asêpuh rahadèn | sêmana sakêlangkung | dènnya ngimur marang kang rayi | siyang dalu tan pêgat | ing pangimuripun | aja akarya mangkana | nanging datan kandhêg karsane ing galih | ngugêmi sêtyanira ||

7. sruning brănta mring Radèn Prêmadi | ciptaning tyas lamun tan kêpanggya | lan Sang Parta ing têmahe | suka anganyut tuwuh | yèn kongsia sawarsa malih | baya tan tulus gêsang | mangkana anuju | pinarpêgan maring raka | Sri Arjunapati [Arjunapa...]

--- 93 ---

[...ti] sangêt ngasih-asih | ngrarêpa mriyêmbada ||

8. sarwi mêmanuhara amanis | dhuh dayintaningsun ywa mangkana | ing dasih sangêt asihe | paran wêkasanipun | kongsi tajin dhahar lan guling | mung sira paraning tyas | dhuh anggèr mas ingsun | lamun awèt mangkenea | nora wurung kadurus rasaning ati | yêkti nuli palastra ||

9. wêlasana dasih ta kaswasih | susah kasmaran mêmanisira | dhuh mirah pujanku dhewe | aywa gung wèh wulangun | milangêni manis ta gusti | tumanêm ing wardaya | gumantung jêjantung | tungtunging tyas amung sira | kang katingal ing siyang pantara ratri | pan anggung kasatmata ||

10. wimbaning wulan mung sira gusti | mêmanise tranggana kumênyar |

--- 94 ---

tan ana mung sira dhewe | titi winuri hrênyuk | kaisisan sunaring langit | mawilêt lêng-ulêngan | wèh mangu-mangungun | dhuh payo yayi dèn inggal | kakangira gunturana ulat liring | ing mangke pêpajangan ||

11. sangsayarda mêmanis sang aji | dènira mrih lêjare garwanya | rinêmih-rêmih rarase | noraga gandrung-gandrung | angrakêti lungguhirèki | dhuh mirah pêparinga | usadaning wuyung | mangkana sang lir kusuma | nyat jumênêng angalih dènira linggih | rêngu panduking netra ||

12. dadya bêngis dènira nyauri | hèh Arjunapati aja sigra | kumudu-kudu anggêpok |[75] sun iki datan ayun | marang sira sri narapati | nguni sun wus prasêtya | sinêksèn dewa gung | arsa krama raganingwang | lamun arntuk[76] [ar...]

--- 95 ---

[...ntuk] Arjuna Radèn Prêmadi | panêngahing Pandhawa ||

13. lah ta uwis balia sang aji | ywa kadarpèng tyasira ruhara | tuwas-tuwas sira kiye | ya ta wau sang prabu | duk miyarsa wuwusirèki | dahat pucêt ing driya | amerang kêlangkung | sigra mêdal sri narendra | praptèng jawi nimbali arinirèki | noma[77] Radèn Suwănda ||

14. prapta ngarsaning raka wotsari | angandika Sri Arjunapatya | wêwarta maring arine | paran karsanirèku | ing lumuhe dayinta mami | tan kêna pinarpêgan | arsa nganyut tuwuh | yayi lamun karsaningwang | sun ulihkên marang ing prajanirèki | mênawa sêlak pêjah ||

15. alon matur Suwănda wotsari | dhuh pukulun kakang sri narendra | sampuning tyas tanpa sarèh | têmah nistha kêlakung |

--- 96 ---

yèn puniku kang bok sang dèwi | kongsia dèn antukna | saru têmahipun | sayêgti kenging pocapan | inggih wirang bêbarang tan wêruh ngisin | tinampik ing wanodya ||

16. yèn panuju karsanta sang aji | muhung inggih kèndêlna kewala | angantia salintire | inggih manawi emut | lami-lami marang ing laki | sêdhêng praptèng antara | pan wajib pukulun | mênêtdi wangkening garwa | nadyan inggih dèrèng kongsia sarêsmi | jêr sampun nama garwa ||

17. kunêng ingkang lagya gunêm kawis | pan kasaru rawuhe Sri Krêsna | drumojog wau praptane | manjing pasowanipun | Sang Aprabu Arjunapati | nuju lênggah sewaka | sawadya supênuh | kagyat Sri Arjunapatya | gurawalan gupuh dènira nêdhaki |

--- 97 ---

gupuh angaras pada ||

18. ingancaran manjing păncaniti | ingaturan lênggah ing dhêdhampar | dahat lênggana galihe | sawusnya sami lungguh | Sang Arjunapati turnya ris | kamayangan kawula | tamuan pukulun | paran ing karsa panduka | anêdhaki dene tanna mawi dasih | angling Bathara Krêsna ||

19. hèh ta yayi Prabu Sriwêdari | marmaningsun prapta tanpa wadya | sruning onêng ingsun bae | maring jênêngirèku | sangking lami nora pinanggih | ingsun kang ngalahana | prapta ing prajamu | lawan yayi sun têtanya | paran marma sira tan ngêtoni jurit | duk aprang Bratayuda ||

20. ingsun dahat ngarsa-arsa yayi | Sri Arjunapati matur nêmbah | pukulun mila atmane | datan mêdali pupuh | inggih nagri ing Sriwêdari | amanggih [amang...]

--- 98 ---

[...gih] prang priyăngga | wus katur sadarum | purwa myang wusananira | kongsi praptèng palakramaning sang aji | sampun katur sêdaya ||

21. Sri Bathara Krêsna duk miyarsi | myang Sang Parta sami ngungunira | Sri Krêsna alon wuwuse | datan nyana katèngsun | yèn mangkono susahirèki | sokur padha waluya | kang lininga[78] nuwun | sang prabu malih ngandika | prajanira ing mangke yayi sun êlih nami |[79] aran Baukawarsa ||

22. tur sandika Sri Arjunapati | wus misuwur marang wong sapraja | lamun Sriwêdari mangke | ingêlih namanipun | nênggih nagri Baukawarsi | ya ta Sri Nata Krêsna | malih ngandika rum | hèh yayi Arjunapatya | ping pindhone praptaningsun Sriwêdari | sun arsa ambêbana ||

23. kadang ingsun iki nandhang

--- 99 ---

kingki[80] | kapugutan sih kapatèn garwa | Sri Arjuna kêkasihe | yèn lêga tyasirèku | garwanira sun pundhut yayi | sun paringkên riningwang | Si Prêmadi iku | yèn lêga wardayanira | parandene garwanira iku yayi | tan carêm lawan sira ||

24. benjang ingsun ingkang anglironi | nadyan sira minta waranggana | ing Suralaya sakèhe | sayêkti ingsun angsung | apadene putrine aji | ngêndi dadi karsanta | ywa sadeyèng[81] kalbu | sun pribadi kang mundhuta | kagarwaa marang sira yayi aji | nadyan praptèng ayuda ||

25. ingsun yaya[82] tan ngucirèng jurit | pinanggiha maringsun priyăngga | lamun tan angsung putrine | yêkti brastha deningsun | ya ta Prabu Arjunapati | lêng-lêng tyas duk miyarsa | ing ngandikanipun | Bathara Krêsna mangkana | wimbuhing tyas lamun amopoa [a...]

--- 100 ---

[...mopoa] ajrih | sikuning gurunira ||

26. tinuruta akarya wiyatdi | dangu-dangu Sri Arjunapatya | pinupus wus papêthène[83] | dhasar ambêg pinujul[84] | angumala tyas satu[85] budi | budiman sru gunawan | wêwekane punjul | titi tètèh tan sangsaya | wus kasusra Sang Prabu Arjunapati | alon ing aturira ||

27. dhuh pukulun kangjêng sri bupati | sakêlangkung sukaning wardaya | sumăngga mênawi kangge | pintên-pintên pukulun | kinarsakna dhatêng ing gusti | prasasat kanugrahan | jawata kang agung | dhatêng pun Arjunapatya | botên langkung kawula gusti samangkin | sumanggèng karsa tuwan ||

28. Sri Bathara Krêsna ngandika

--- 101 ---

ris | iya yayi bangêt sun tarima | yèn wus sira lêgakake | agung wêwalês ingsun | iya marang sira ing benjing | mangkana Sang Aparta | dahat sukèng kalbu | kadya age uningaa | ing warnane kusuma Dyah Citrahoyi | Sri Krêsna malih mojar ||

29. hèh ta yayi Prabu Sriwêdari | prayogane ingsun uningakna | garwanira ing warnane | Arjunapati matur | dhuh pukulun suwawi gusti | tuwan manjing jro pura | lawan sang abagus | dyan lumampah Prabu Krêsna | lan kang rayi katiga Arjunapati | praptaning dhatulaya ||

30. wontên cèthi gupuh tur udani | maring gustinira sang lir rêtna |

--- 102 ---

dhuh gustiningsun nah anggèr | raka panduka rawuh | sarwi ngiring têtiyang pêkik | warti sangking Ngastina | kêkalih binagus | kentaring catur punika | kang satunggil anama Radèn Prêmadi | lawan Bathara Krêsna ||

31. arsa uninga panduka gusti | ya ta wau sang dyah duk uninga | lajêng kèndêl panangise | ngati-ati sang ayu | solahira nganyar-anyari | mangkana praptanira | kang raka sang prabu | angirit Bathara Krêsna | lan kang rayi anênggih Radèn Prêmadi | lajêng sami alênggah ||

32. Sri Arjunapati lon turnya ris | dhuh pukulun sampun kauningan | inggih punika warnane | somah amba pukulun | pintên banggi kanggea ngabdi | dhatêng rayi Sang Parta |

--- 103 ---

Sri Krêsna lingnya rum | nolèh marang arinira | lah kaipe paran karsanira yayi | Sang Parta atur sêmbah ||

33. kadi botên nguciwani malih | sampun susah tinantun kawula | wangsul sang rêtna galihe | manawi botên sarju | mèsêm angling Sang Arimurti | kaya tan mindho karya | yèn mungguh sang ayu | mangkana sang lir kusuma | sadangune miyarsa samya dènnya ngling | graita jroning driya ||

34. baya iki kang aran Prêmadi | dene babo têka nora larang | rinewang jêbat sêdyane | dhuh lae si wong agung | sasêmone mêmanas ati | muga dipun lulusna | sihing bathara gung | aja na kang malang-malang | duk sêmana kusumayu [ku...]

--- 104 ---

[...sumayu] Citrahoyi | sinandi jroning driya ||

35. sang rêtnayu jro mêgsih kênyadi | dadya sinandi merang mring priya | rêngu lajêng kesah age | wau ta ingkang kantun | mangu mulat Radèn Prêmadi | kesahe sang lir rêtna | mèh age tumuntur | emut sinayutding[86] prana | wus mangkana wau ta wong agung katri | lajêng mêdal sineba ||

36. wangsul malih palênggahanèki | samya gusthi dadining ubaya | Nata Krêsna lan wuwuse | hèh babo yayi Prabu | Sriwêdari paran ing pikir | mungguh dayintanira | ing pênggawaningsun[87] | Arjunapati turira | dhuh pukulun manawi parênging galih | inggih benjang kewala ||

37. inggih kawula gusti kang ngiring |

--- 105 ---

sowan dhatêng nagari Ngastina | sampun sandea ing têmbe | mêngkêr tuwan pukulun | kados nuntên nungka ing wuri | dhuh gusti dèn pracaya | sampun wancal kalbu | kadi tan purun mingkara | abdi tuwan inggih pun Arjunapati | amung ngèstokkên têdah ||

38. Sri Bathara Krêsna ngandika ris | iya yayi ingsun wus pracaya | marang sira salamine | kaya-kaya riningsun | sira nora sêdya ngingkêtdi[88] | amung sapungkur ingwang | tumulia nusul | ywa karya pangarsa-arsa | Sri Arjunapati sandika turnèki | Sri Krêsna malih nabda ||

39. yèn mangkono ingsun amit mulih | mring Ngastina karia wibawa | kang liningan lon ature | dhuh pukulun sang prabu | dèrèng marêm raosing [ra...]

--- 106 ---

[...osing] galih | Sri Krêsna angandika | hèh ta yayi prabu | wus bangêt tarimaningwang | kaya nora lawas panggih sira malih | ing benjang nèng Ngastina ||

40. Sri Arjunapati matur aris | yèn makatên karsa pandukendra | amung kalilana dhèrèk | abdi tuwan sadarum | wadyabala ing Sriwêdari | Sri Krêsna angandika | tan susah riningsun | mundhak angêkahi karya | sêbab ewuh yèn diiringna ing dasih | sun mêtu ing ngawiyat ||

41. wus mangkana dyan wong agung kalih | lajêng mêsat napak jumantara | datan kawarna lampahe | Ngastina sampun rawuh | nulya manjing sajroning puri | marêg Sri Yudhisthira | wus sami alungguh | gantya wartan-winartanan | nata kalih samya mangungun ing galih | têmah sami sukanya ||

42. dènnya sampun pinanggih basuki |

--- 107 ---

sagung para ari myang sêntana | miwah Sri Baladewane | samya sru suka sokur | lajêng sami kasukan ngênting | kunêng malih winarna | Sriwêdari Prabu | saungkure Nata Krêsna | wus antara dina wau sri bupati | amucung solahira ||

11. Pocung

1. ya ta wau Sriwêdari sang aprabu | ing sapungkurira | sri nata ing Dwarawati | tuwin sampun antara dina mangkana ||

2. Sang Aprabu Arjunapati anuju | miyos siniwaka | pêpak sagung para mantri | myang punggawa hulubalang munggèng ngarsa ||

3. kadangipun taruna wus sinung lungguh | ingangkat kawiryan | jinêjêr ngêrèhkên mantri | amumpuni ing aguna kanuraga ||

4. sudibyanung prawira waskithèng kewuh | tur ambêg sudarma | paramarta maratani |

--- 108 ---

subogèngrat[89] sira Sang Patih Suwănda ||

5. munggèng ngayun jajar lan ipe sang prabu | satriya punggawa | kang raka Ni Citrahoyi | ingkang nama sira Radèn Citrahoya ||

6. prawiranung gêgala bêg agul-agul | Radèn Citrahoya | wus lami nèng Sriwêdari | pan ingandhêg marang Sri Arjunapatya ||

7. kinèn ngimur mring garwanira sang ayu | dènnyarsa kantaka | nênggih Dèwi Citrahoyi | wus mangkana dangu dènira sineba ||

8. ngandika rum Arjunapati Sang Prabu | hèh yayi Suwănda | nuli samêktaa aglis | asaosa titihane garwaningwang ||

9. lawan sagung ing wadya punggawanipun | patahên ing karya | iya kang bakal umiring | lakuningsun seba mring nagri Ngastina ||

10. myang kang katun[90]

--- 109 ---

atunggu praja ing pungkur | lawan undhangana | dèn padha prayitna wèsthi | nêmbah matur Rahadèn Patih Suwănda ||

11. dhuh pukulun amba kamipurun matur | maring kadang tuwa | ka pinasthi ratu mami | lêpat lêrês kawula kêdah matura ||

12. karyanipun punapa tuwan sang prabu | sowan mring Ngastina | pangraos datan prayogi | jêng panduka puniku samining nata ||

13. tan pêkantuk punapa ta asilipun | inggih padukendra | tan kabawah Dwarawati | miwah datan kêparentah ing Ngastina ||

14. milanipun tuwan kadêrêng sumujud | dhatêng ing Ngastina | tan wande anêniwasi | tanpa tuwas têmahane kêkalongan ||

15. sêdhêng sampun nguni puruhita tuhu | dhatêng Nata Krêsna | măngsa makatêna gusti | karsa nata tan kaprah wong puruhita ||

16. amba ngrungu sawêg panduka pukulun |

--- 110 ---

tiyang puruhita | tan wontên srama pawèstri | jaman pundi amung panduka punika ||

17. yèn saèstu karsa paduka pukulun | sowan ing Ngastina | ngaturkên kangbok sa[91] dèwi | pan kawula botên purun angiringa ||

18. ngong palaur têngga nêgari ing pungkur | pan sakêthi merang | mendah pocapaning jalmi | Sriwêdari wus tan ana wonge lanang ||

19. lami ulun apan inggih dèrèng ngrungu | kathah wong gêgulang | tan kadi panduka gusti | akal apa mring guru asrama garwa ||

20. mung pukulun puniku kinging cêcinthung | alon angandika | Sang Prabu Arjunapati | iya bênêr kaya yiya[92] aturira ||

21. nanging iku iya dudu karsaningsun | aja sira pugal | iya mirantia aglis | wahanane dayintaningsun dèn inggal ||

--- 111 ---

22. iya amung dèn padha samêktèng kewuh | yèn anèng alaga | mêngko yayi sun tuturi | sira Radèn Suwănda tampi sasmita ||

23. sukèng kalbu kya patih graitanipun | sukur yèn mangkana | karsane sri narapati | sabar tiwas sukur mangun ngadilaga ||

24. sang aprabu lajêng kondur angêdhatun | ya ta kyana patya | kang magsih kantun nèng jawi | sukèng driya lajêng samêtèng[93] ngayuda ||

25. kang wadya gung dadya winangsitan sampun | ing karsa sang nata | suka sadaya miranti | samêkta glis sira Kya Patih Suwănda ||

26. wus malêbu marang sajroning kadhatun | ambêkta jêmpana | lan Citrahoyi sang pêkik | praptèng pura wus marêg sri naranata ||

27. sang aprabu lajêng matêg ajinipun | apan malih warna | kadya Dèwi Citrahoyi | datan siwah lan warnane sang lir rêtna ||

28. sang aprabu [a...]

--- 112 ---

[...prabu] alon dènira dhêdhawuh | mring Radèn Suwănda | benjang yèn sira wus prapti | ing Ngastina sira yayi umatura ||

29. lamun ingsun lagya kêpalang pakewuh | mulane tan seba | amung sêsulih sirèki | lawan yayi Citrahoya umèlua ||

30. kalihipun sandika sami wotsantun | sagsana sang nata | lajêng umanjing ing joli | wus binêkta mêdal mring rêkyana patya ||

31. praptanipun ing jawi nulya dhêdhawuh | matah kang binêkta | kinèn samêgta ing jurit | miwah ingkang pinatah atêngga praja ||

32. wusnya putus lajêng budhal lampahipun | gumuruh swaranya | prajurit ing Sriwêdari | pra punggawa sami angayab jêmpana ||

33. angêndhanu asri busananing laku | kadi gunung kêmbang | lêlayu abra sinêling | têtabuhan munya ing samarga-marga ||

34. tan winuwus lampahira [lampah...]

--- 113 ---

[...ira] sampun rawuh | nagari Ngastina | Suwănda Rêkyana Patih | saha wadya ing alun-alun wus prapta ||

35. datan laju kèndêl salèr ringin kurung | anganthi timbalan | sêmana sri narapati | Yudhisthira nuju miyos sinewaka ||

36. pêpak sagung punggawa lan para ratu | andhèr para nata | lan Sang Prabu Dwarawati | lênggah munggèng ing ngarsa Sri Baladewa ||

37. ya ta wau Yudhisthira Sang Aprabu | sadangunya lênggah | kagyat dènira ningali | wontên baris prapta salèr ringin kêmbar ||

38. sigra wau kinèn marigsani gupuh | kang dinuta mêdal | sampun pinarigsa sami | wus dinangu sêdyanya katur sadaya ||

39. sigra wangsul punggawa ingkang dèn utus | marêg ing ngarsendra | sadaya wus katur sami | lamun duta sangking Sriwêdari praja ||

40. kang tinudu[94] kêkalih pêpatihipun | angiring jêmpana |

--- 114 ---

ngaturakên raja putri | kang kinarsan ing rayi tuwan Sang Parta ||

41. sang aprabu suka pamiyarsanipun | sigra aparentah | sêdaya kinèn nimbali | ngarsa nata kang dinuta sigra mentar ||

42. kèrit sampun ngiring duta kalihipun | praptèng ngabyantara | samya sumujud tur bêgti | Sri Bathara Krêsna alon angandika ||

43. hèh sirèku Suwănda ingkang tinuduh | marang kakangira | yayi Prabu Sriwêdari | lah bagea praptanira ing Ngastina ||

44. awotsantun Suwănda matur anuwun | sih pangèstu tuwan | Sri Krêsna ngandika malih | apagene yayi prabu nora prapta ||

45. alon matur Patih Suwănda wotsantun | mila rayi tuwan | tan tumut sowan pribadi | duk ing nguni ing sapêngkêr pandukendra ||

46. prajanipun [pra...]

--- 115 ---

[...janipun] Sriwêdari ura-uru | kadhatêngan salat | miwah kadhatêngan agring | rayi tuwan ing mangke kêtaman roga ||

47. wêlingipun dhatêng kawula pukulun | mila amba sowan | ing ngarsa jêng sri dewaji | sangking sangêt dènira nandhang sungkawa ||

48. inggih amung ngaturkên dayintanipun | alon angandika | Sang Aprabu Arimurti | putri iku lêbokêna ing jro pura ||

49. wus malêbu sang rêtna maring kêdhatun | saupacaranya | ya ta natèng Dwarawati | angandi marang Kya Patih Udawa |[95]|

50. lawan sagung wadya Ngastina sadarum | tan kalilan bubar | malah kinèn mring sitinggil | nambramaa maring Ki Patih Suwănda ||

51. dèn atutug iya sasukanirèku | sagung wadyabala |

--- 116 ---

sandika aturirèki | sri narendra lajêng kundur angêdhatyan ||

52. para ratu umiring manjing kadhatun | Sri Nata Ngastina | lawan Baladewa Aji | datan pisah lawan Prabu Baladewa ||

53. praptanipun ing kadhaton sang aprabu | lajêng abujana | lawan sagung para ari | miwah ingkang raka prabu kalihira ||

54. samya nutug kasukan jroning kadhatun | ya ta kawuwusa | kang kèri anèng sitinggil | wadyabala Ngastina lan tamunira ||

55. samya nutug aboga drawina tayup | sagotra Ngastina | Sang Udawa pramugari | Sriwêdari manggala Patih Suwănda ||

56. suka nutug wuwusên jroning kêdhatun | sira Sang Arjuna | wus pinanggihkên tumuli | lawan pramèswari ing Batukawarsa ||

--- 117 ---

57. wusnya lungguh binêkta mring tilamarum | sagung para nata | samya wangsul mring pandhapi | nutugakên dènira boga drawina ||

58. ya ta wau kang manjing ing tilam sampun | Sang Parta sêmana | arsa nêkakakên kapti | nir ing weka weya ing pangungrumira ||

59. sang anamur sampun kaduga ing kalbu | ngangsahkên kamayan | Sang Parta kenging piranti | pinanduking karsa pan lajêng anendra ||

60. sigra wau sang malih warna pan sampun | anyana Sang Parta | baya tan wurung ngêmasi | Sri Arjunapati alon undurira ||

12. Durma

1. sampun malih warna Sriwêdari Nata | wangsul priyanya malih | lajêng narik katga | ginoco Sang Arjuna | têrus walikatirèki | ludira muncar | ngalêbi kasur sari ||

2. sru kantaka tan emut purwa duksina | ya ta kang laku sandi | sru asumbar-sumbar |

--- 118 ---

hèh Parta rasakêna | rêbutên iki prajurit | amăndraguna | prabu ing Sriwêdari ||

3. iya ingsun Prabu Palgunadiputra | dadi tan nguciwani | gon ingsun prawira | sor unggul aprang dhadha | măndraguna sugih sêkti | tan kaya sira | jalêput doyan isin ||

4. apa sira sêngguh putri Parangguwa | dene atêsmak dhingkin | mamak bae sira | caluthak kêrathakan | paripêgsa mondhong putri | garwaning liyan | tan pira sira iki ||

5. sun wêntara yuwana sira Arjuna | dene kalêngki-lêngki | lah payo dèn enggal | rêbutên garwaningwang | yèn misih Arjunapati | kaya tan kêna | yèn durung sun ngêmasi ||

6. pamyarsèngsun sirèku satriya tama | têka tan wruh ing isin | nistha tanpa guna | ana wong arsa krama | angrêbut garwaning aji | tan linawan [lina...]

--- 119 ---

[...wan] prang | kang darbe mêgsih urip ||

7. wus têtela sira ajrih ing ngalaga | mulane doyan isin | yèn Arjunapatya | tan mêngkono solahnya | duk ingsun krama ing nguni | bantên ing yuda | pragola takêr pati ||

8. lamun ingsun krama anganggo ubaya | gampang angalap putri | amboyong nêgara | mangkono wong prawira | măngsa kaya sira iki | wong arsa krama | têka ajrih ing pati ||

9. wusnya mojar mangkana Arjunapatya | sigra gupuh angambil | sagung gêgaman prang | kagungane Sang Parta | panah pun Ardhadhadhali | Naracabala | katiga Pasopati ||

10. kapat Cundhamani kang samya ingalap | mangkana sri bupati | osiking wardaya | tan layak sira Parta | darbe ambêg nglêlanangi | kasubing jagat | pantês pratomèng jurit ||

11. ngandêlakên kêlamun sugih gêgaman |

--- 120 ---

tur pamungkas sinêgti | mung cacade sira | têka atilar tata | satataning satriyadi | tanpa sotama | murèng rèh ing ngajurit ||

12. sawusira ngucap Sri Arjunapatya | nulya lumajêng mijil | arsa samêktèng prang | nunggil lan wadyabala | sêsumbar samargi-margi | hèh wong Ngastina | kabèh wus cadhok sami ||

13. nora nana wong lanang pratomèng yuda | amung ing Sriwêdari | hèh ta wong Ngastina | baya tan darbe tama | kalawan padha pawèstri | tan darbe solah | dêstun wêdi ing jurit ||

14. lah dulunên mêngko Janaka pralaya | sirna ing asta mami | wau duk miyarsa | sira Bathara Krêsna | nimbali kang para aji | manjinga pura | ênggone Si Prêmadi ||

15. wus têtela Arjuna nandhang pralina | winungu tan ngalisik | gumêr ing jro pura | samya lara karuna | Wara Sumbadra tan sipi |

--- 121 ---

panangisira | kêdah bela ngêmasi ||

16. wus sinapih ing raka Bathara Krêsna | sigra Sri Krêsna aglis | nimbali Udawa | kinèn nututi dhustha | sapraptanirèng sitinggil | asru ngandika | Narendra Arimurti ||

17. hèh Udawa inggal aja kalayadan | iku mungsuhirèki | lah inggal cêkêla | lawan bala Ngastina | lawan bala Dwarawati | padha mangguta[96] | numpês wong Sriwêdari ||

18. pan wus cawuh marang Kya Patih Udawa | miwah kang para ari | lan wadya Ngastina | durung wruh purwanira | lajêng kèndêl kang pra ari | kuwur ing laga | gugup dhawuhing gusti ||

19. datan ana kalamun badhe ayuda | amung gugup ing galih | wadya ing Ngastina | samêkta wêwangsitan | duk budhal saking nêgari | mila tan taha | lajêng napung ing jurit ||

20. ya ta wau Sang Prabu Arjunapatya | mingsêr sangking satinggil | lan Patih Suwănda | lan Radèn [Ra...]

--- 122 ---

[...dèn] Citrahoya | wus samya samêktèng jurit | tuwin bupatya | wus samya ngati-ati ||

21. ya ta marêg Rêkyana Patih Suwănda | mring Prabu Sriwêdari | yèn parêng ing karsa | sadaya wadyabala | nuntên angsahênèng jurit | nata ngandika | lah iya dipun aglis ||

22. wus ingaban wadyabala sarêng mangsah | lir robing jalanidhi | binarêng wus panggah | gumrêgut ambêg pêjah | gora rèh kagiri-giri | riwut ing yuda | rêbut gon liru titih ||

23. sira Radèn Sêtyaka nindhihi yuda | limpunge mobat mabit | Kya Patih Udawa | ngamuk lawan curiga | Suwănda Rêkyana Patih | sawadyanira | Batukawarsa aglis ||

24. balanira kang sami bêgta wahana | sigra wus amiranti | apan warna-warna | turongga èsthi rata | mangsah ing rana bêg pati | wadya Ngastina |

--- 123 ---

ya ta nadhahi jurit ||

25. tandang kurdha sira Radèn Bratasena | mulat wong Sriwêdari | prange tan utama | dene padha wahana | tanpa krama ing ngajurit | sigra umangsah | Wêrkudara mangungkih ||

26. gamanira krura nyabêt gajah rata | suh tumpês sirna tapis | pan katiban gada | widagda Arya Sena | nampêg ratane Kya Patih | Suwănda milar | amung ratane kêni ||

27. awor kisma kang rata katiban gada | ya ta Suwănda Patih | ing pamilarira | tinadhahan Udawa | Suwănda ginoco mati | lawan Udawa | sigra Arjunapati ||

28. duk tumingal lamun arine palastra | duka yayah sinipi | wau sri narendra | nglêpasi kang warastra | lir jawah madyaning jurit | sarwi ngandika | anguwuh ingkang rayi ||

29. hèh Suwănda yayi sira ge tangiya | kaya dudu prajurit |

--- 124 ---

lah age riningwang | măngsa praptèng antaka | sira Sang Suwănda Patih | wungu sêkala | mring Udawa mrêpêki ||

30. gantya nyuduk Sang Udawa kapracondhang | niba gumuling siti | wau Sang Sri Krêsna | asru dènnya ngandika | hèh Udawa sira aglis | nuli tangia | aja pijêr aguling ||

31. kaya dudu kêkasihe Nata Krêsna | sigra Udawa tangi | jênggirat umangsah | Suwănda lirarihan | gupuh dènira nyarêngi | sarêng panduknya | têmah sampyuh ing jurit ||

32. ramening prang Suwănda wira kalihnya | kèlês luluh wor siti | ya ta duk tumingal | Prabu Arjunapatya | lamun kang rayi ngêmasi | langkung bramantya | mangsah ngawaki jurit ||

33. angayati warastra mring Dyan Sêtyaka | awas dènnya ningali | Sri Bathara Krêsna | yèn kang putra pinanah | marang Sri Arjunapati | Bathara Krêsna | duka yayah sinipi ||

34. lajêng

--- 125 ---

dènnya umangsah nyandhaki panah | pan sarwi marêpêgki | ênggène sang nata | Arjunapati mulat | yèn Nata Krêsna ngawaki | merang lumaras | sêdya atilar baris ||

35. palarasan wus pratèng[97] jawining praja | ya ta awas ningali | Sri Bathara Krêsna | yèn mungsuhe umingkar | sigra dènira nututi | kongsi atêbah | sangking jaban nêgari ||

36. kunêng ingkang aprang sajawining praja | wuwusên jro nêgari | pan mêgsih ayuda | rame rog liru papan | tan ana kuciwa kalih | candhak cinandhak | mulêg madyaning jurit ||

37. pêtêng dhêdhêt balêdug nglimputi wiyat | bala lali ing gusti | gusti ya kawula | sangking riwuding yuda | pêpati datampa[98] pilis | Radèn Sêtyaka | pangamuknya mawêrit ||

38. mawa limpung lir andaka tawan brana | mangiwung ambêg pati | singa kang katiban | ing limpung tanpa sesa | kadya anusuki wèrjit | Radyan Satyaka |

--- 126 ---

liwung awuru gêtih ||

39. kang wahana apan kalanganing jalma | wor wangkene kudèsthi | myang rêmuk ratanya | ngalun-alun bêlasah | kunêng kang wadya prajurit | kang lagya yuda | tan kewran ing ngajurit ||

40. Wrêkudara ariwut ngamuk manêngah | gadane mobat-mabit | kêlangkung bramantya | riwut ngamuk angrampas | angilês kilês sang riris | mawur kang pêrak | kapranggul lunga gêndring ||

41. kang kêcandhak rangkêp pitu walu sanga | sinabêtakên aglis | kêlawan pupunya | galêpung angganira | wong sanga sumyur wor siti | malih anyandhak | rongpuluh barêng kêni ||

42. sinabêtkên ing rowangira priyăngga | samya wong Sriwêdari | tiyang kalih dasa | antuk tyang wolung dasa | wolung dasa anibani | rongatus pêjah |

--- 127 ---

bêlasah bosah-basih ||

43. ênêngêna kang magsih rame kang yuda | wuwusên Sri Bupati | Sri Bathara Krêsna | kang aprang jawi kitha | lan Prabu Arjunapati | asru sêsumbar | Prabu Arjunapati ||

44. lah ta kene Krêsna inggal nututana | lah payo sun antèni | padha ngadu yasa[99] | ngêtokkên kaprawiran | ing yuda aja ngoncati | dèn tanggon sira | aprang kalawan mami ||

45. nguni sira dadi sasêmbahan ingwang | awit ingsun guroni | wasis antaringrat | têka ing mêngko sira | salah budimu kuwalik | lêlêdhêg ngrêda | amis bacin sukêr jis ||

46. ilang bae kasêbut wiku bathara | akalmu nora bêcik | karêm kaniaya | misesa wasa-wasa | ilang kramaning narpati | arsa mêmisah | maring wong lagi asih ||

47. duk ing nguni [ngu...]

--- 128 ---

[...ni] sinêbut kang kaya sira | pinuji ing sabumi | bengkas satruningrat | titi datan sangsaya | iya munduran saiki | asalin karsa | arda murka ing budi ||

48. wus adangu dènira angudhamana[100] | Prabu ing Sriwêdari | Sri Bathara Krêsna | wau duk amiyarsa | kurdha Prabu Dwarawati | sigra angayat | cakra sarwi lingnya ris ||

49. hèh Arjunapati sirèku palastra | săngka ing cakra mami | Sri Arjunapatya | nolih sarwi angucap | lah payo tibakna aglis | kaya tan cuwa | amungkur yuda mami ||

13. Pangkur

1. wau Sri Bathara Krêsna | musthi cakra mijil prabawa luwih | ambrubul buron wana gung | mêlêg ngêbêgi papan | warna-warna angrèp manêmpuh ing mungsuh | dèrèng kêndhat wêdalira | ing wuri misih anggili ||

2. rikat Sri Arjunapatya | ngangkat sara Pasupati [Pasu...]

--- 129 ---

[...pati] pinusthi | jêmparing maèwu-èwu | mayuta wêndra kirna | kadya jawah tibaning barêng tumanduk | kang buron alas kawratan | kataman panah ngijèni ||

3. sirna prabawaning cakra | Sri Bathara Krêsna amusthi malih | mijil naga gêng ambrubul | tan kêndhat sangking cakra | nêmpuh marang Sri Arjunapati gupuh | Rudhadhêdhali[101] ingangkat | mijil kagendra ngèbêgi ||

4. umêsat ngrabasèng mêngsah | langkung rame prange prabawa luwih | suka sakèh jawata gung | tumăntăn ing ngawiyat | angudani kêmbang madyaning prang pupuh | dènira Nata kalihnya | tan kuciwa ngadu sêgti ||

5. dangu ngabên kasêntikan | sirna gêpang[102] naga tan ana ngundhil | bramantya Sri Krêsna Prabu | ing driya èsmu kewran | dènnya agung prabawanira kaluluh | kalindhih sami sarana | sigra Prabu Arimurti ||

6. musthi malih mêdal ditya |

--- 130 ---

kumarutug sangking cakra umijil | sagung kang dênawa diyu | yutan gandarwo gêdrah | kesor sèpèr onja-onja ilu-ilu | thethekan lan banaspatya | samya mangsah ing ngajurit ||

7. yitna Sriwêdari Nata | Sri Arjunapati nglêpaskên aglis | ditya ya sakèh kacundhuk | tan ana kaliwatan | sirna malih kang cakra prabawanipun | sadaya wus tanpa sesa | sêsumbar Arjunapati ||

8. lah Krêsna payo dèn inggal | ngêtăgêna budimu ing ngajurit | aja pijêr lingak-linguk | kaya wus wêdi sira | duk andulu iya ing kadibyan ingsun | iki Sri Arjunapatya | wani pêrang tur sinêgti ||

9. nora kaya kadangira | Si Prêmadi têka ngucirèng jurit | sun sêngguh yuwana tuhu | dene tan sita-sita | nglêlanangi ing jagat arsa winêngku | praptaning don tanpa guna | nauri Sri Arimurti ||

10. musthi prabawa pamungkas | sangking cakra kumêbul [ku...]

--- 131 ---

[...mêbul] mêdal api | amêdal maèwu gunung | kèbêkan papaning prang | sirna gêpang kang cêlak samya lumayu | desa lêlakon sadina | giris katampêg ing api ||

11. gègèr desa ingkang têbah | ya ta wau Prabu Arjunapati | Cundhamani pinusthi wus | nulya mêdal dahana | dadya têmpuh gêni pirang-pirang gunung | agrêng mumbul ngalat-alat | lir Hyang Brama kurdhèng bumi ||

12. arsa anyalini alam | kagegeran jawata kontrang-kantring | dènira suwarganipun | kasundhul ing dahana | surènggana kèh samya anguwuh-uwuh | hèh kaki sudanên inggal | kurdhanira prabawasti ||

13. tan wus sirnèng Ngendraloka | gugup Sang Hyang Brama sigra nêdhaki | nêngahi ingkang prang pupuh | nata kalih uninga | Sang Hyang Brama jumênêng têngahing latu | dadya kèndêl kalihira | ya ta sru pamuwusnèki ||

--- 132 ---

14. agni antara wus ilang | hèh hèh kaki Prabu Arjunapati | dhawuhe sang hyang pukulun | sakèhe kang warastra | kang sirabil[103] darbèke Si Parta iku | pinundhut mring Suralaya | dudu sira kang darbèni ||

15. lawan ana janjinira | kang warastra mulih |[104] lamun sira datan angsung | yêkti sirna sêkala | gêni iki nampêg ing sira patimu | miwah tan antuk sawarga | dalahan[105] kaègsi-ègsi ||

16. yèn sira mituhu mring wang | yêkti antuk suwarga sira benjing | prasajanên prangirèku | wau ta sri narendra | duk miyarsa sang nata nglêng-nglêng kêlangkung | lir murcatma sanalika | nyana bêbaya dhatêngi ||

17. ngandikaning Sang Hyang Brahma | èsmu duka mring Prabu Sriwêdari | sarta sinungan babêndu | lamun tan ngaturêna | kathah ingkang

--- 133 ---

gêgaman ing agêmipun | Sang Parta ingkang binêkta | mring Prabu Arjunapati ||

18. mangkana sri naranata | ngaturakên kabèh gêgaman jurit | Hyang Brama nampèni sampun | sagung ingkang sanjata | sigra Prabu Arjunapati lumayu | nêdya mingkaring ngayuda | wau ta Sri Arimurti ||

19. marêg ngarsane Hyang Brahma | pinaringan sanjata Cundhamanik | sarwi angandika arum | hèh kaki tampanana | panah Cundhamani kang sinungkên wangsul | paringêna mring Si Parta | karana puniku benjing ||

20. pangrusaking duka karsa | miwah lara roga nirmala jati | srana sangking panah iku | dene panugalira[106] | kang sanjata mulih marang sawarga gung | pinulung mring kadewatan | sandika Sri Arimurti ||

21. sampun anampani panah | Cundhamani wau ta Sang Hyang Api | mugsa mring kahananipun |

--- 134 ---

sigra Bathara Krêsna | anututi mêngsahira kang lumayu | Narendra Batukawarsa | sarwi wacana nudingi ||

22. lah dhustha sira mandhêga | dene têka lumayu wêdi mati | sira ratune calimut | ratune durtaningrat | ngêndi ana ratu pêrange lumayu | wau ta duk amiyarsa | nolih Prabu Sriwêdari ||

23. duka anglêpasi cakra | Notèng[107] Batukawarsa anadhahi | kêna pagas jangganipun | gumuling anèng kisma | Prabu Krêsna mrêpêki wangkene gupuh | minantran sampurnanira | patine Arjunapati ||

24. mugsa wau wandanira | Prabu Krêsna sigra wangsul tumuli | napung prange ngalun-alun | mêgsih rame ayuda | para ari para ratu barêng ngamuk | mungsuh tan măngga puliha | prange wus ngarang-arangi ||

25. dangu-dangu

--- 135 ---

wadyèng mêngsah | kasêrakat samya nungkul ing jurit | sasisaning ingkang lampus | katawan tinalenan | ana siji satriyane kang kapikut | anungkul tan nêdya lawan | bubar prang kadya mas kentir ||

14. Maskumambang

1. wus mangkana wau ta kang para aji | ngumpul barisira | sakarine kang ngêmasi | marêg marang gustinira ||

2. Sri Bathara Krêsna aparentah nuli | kinèn buwangana | wangkene ing mêngsah sami | wong Ngastina wus tumandang ||

3. ya ta wau kang mêntas mênang ajurit | lumêbêt ing pura | lawan sagung para ari | miwah sagung wadyabala ||

4. pra punggawa sami kantun anèng jawi | miwah wong boyongan | wau ta kang para aji | kang manjing ing dhatulaya ||

5. sampun panggih lan Sri Yudhisthira Aji | Prabu Baladewa | myang Sinuhun Dwarawati | lawan Arya Wrêkudara ||

--- 136 ---

6. Sri Nangkula Sadewa samya tut wuri | umanjing jro pura | matur miwiti mêkasi | sasolahirèng ngayuda ||

7. Prabu Yudhisthira anuhun ing galih | ya ta Prabu Krêsna | sungkawa dènnya ningali | pamuwune para garwa ||

8. samya gubêl ing raka Sri Arimurti | anuwun usada | waluyane Sang Prêmadi | dènira mêgsih kantaka ||

9. lamun datan bisa waluya sajati | sagung para garwa | miwah Yudhisthira Aji | sakadange arsa bela ||

10. nora ana ingkang sêdya kari urip | sêdyane sadaya | wau ta Sri Arimurti | mèsêm sarwi angandika ||

11. yayi prabu sampun panduka prihatin | yèn mêgsih kawula | kadi botên angêmasi | rayi panduka Arjuna ||

12. alon matur Prabu Yudhisthira Aji | lamun mangkotêna | nuntên panduka tulungi | paringa sukaning driya ||

--- 137 ---

13. Sigra ngambil Sri Bathara Arimurti | Wijayakusuma | nulya ingungkulkên aglis | Sang Parta sampun waluya ||

14. marmaning Hyang waluya nirmala jati | wau Sang Arjuna | wungu kadya mêntas guling | pungun-pungun ngungun mulat ||

15. dangu-dangu dènira rinubung tangis | osiking wardaya | ana paran wau iki | dene kabèh padha mular ||

16. Sang Arjuna wusira kênèng piranti | wong Batukawarsa | kang anyidra maring mami | pratandhane tan katingal ||

17. pramèswari Sriwêdari Citrahoyi | iku ingkang mawa | wau ta Radèn Prêmadi | lajêng umarêg manêmbah ||

18. maring raka sêdaya dipun bêktèni | sigra garwanira | Wara Subadra anangis | sumungkêm pangkoning raka ||

19. sru sêsambat tujune datan ngêmasi | babo sira paran | mêgsih rinêgsèng dewadi | wau ta Sang Danangjaya ||

20. wimbuhing tyas têmahan bela anangis |

--- 138 ---

Sri Bathara Krêsna | angimur marang kang rayi | sawusnya lipur sêdaya ||

21. angandika Sri Bathara Arimurti | hèh yayi Arjuna | wruhanira mau yayi | sirèku kêna ing cidra ||

22. panggawene iya Si Arjunapati | tinutur sadaya | miwiti malah mêkasi | ngungun kêlangkung Sang Parta ||

23. Sri Bathara Krêsna angandika malih | mulane riningwang | ing karsa dipun aririh | sapira yèn amung panah ||

24. kang rinucat ing dewa marang swargadi | katujune iya | nora badanira yayi | wruhanira ariningwang ||

25. sabarang rèh yè[108] rèrèh yêgti pakolih | yèn liling ing weka | dadi tan tuna ing urip | uripe amung sapisan ||

26. nora nana urip kăngsi kaping kalih | mulane dèn awas | tiwasing badan puniki | ing ngagêsang pêsthi tuna ||

27. tuna budi tuna kawruh dadi sisip |

--- 139 ---

luputing ngagêsang | yèn wus tumiba tan bêcik | paran marga balènana ||

28. Sang Arjuna miyarsa dhêngku tan sipi | sawusnya mangkana | suka amanggih basuki | sêdaya mijil ing jaba ||

29. Prabu Yudhisthira lawan raka aji | miyos ing paseban | lawan ingkang para ari | nimbali sagung boyongan ||

30. tan antara sadaya wus munggèng ngarsi | wong Batukawarsa | dinangu sêdyanirèki | miwah gamane satriya ||

31. lamun nungkul sayêktine dèn uripi | menawarsa bela | ratune kang wus ngêmasi | iya mêsthi pinêjahan ||

32. alon matur satriya ing Sriwêdari | adhuh gustiningwang | kawula anuhun urip | yèn kangge badhe ngawula ||

33. lan kawula dede tiyang Sriwêdari | kawula babêgtan | kadange Ni Citrohoyi | pramèswari Sri Arjuna ||

--- 140 ---

34. ya ta wau duk miyarsa sri bupati | nulya pêparentah | sêdaya kinèn ngluwari | sampun sami inguculan ||

35. samya nêmbah sumujut kănjêm ing siti | sang nata ngandika | sapa ta aranirèki | lan ing ngêndi wijilira ||

36. matur nêmbah anjêngku sarwi anangis | gusti wijil amba | ing Parangguwa nêgari | wastamba pun Citrahoya ||

37. kang ayoga pukulun dhatêng pun dasih | Prabu Citragana | mila wontên Sriwêdari | ngêtutkên kadang kawula ||

38. salamine Sang Prabu Arjunapati | dèrèng kasêmbadan | dènira apalakrami | garwane lumuh kalintang ||

39. milanipun kawula dipun gondhèli | mring Arjunapatya | inggih kinèn mituturi | kinanthi minăngka êmban ||

15. Kinanthi

1. Bathara Krêsna lingnya rum | hèh kalingane sirèki | satriya ing Parangguwa | dudu wong ing Sriwêdari | yèn mêngkono [mêngko...]

--- 141 ---

[...no] Citrahoya | ing karsane yayi aji ||

2. sira umadêga ratu | anèng nagri Sriwêdari | mêkuwa[109] ing wadyabala | ing Batukawarsa nênggih | jujuluk Sri Citrahoya | narendra ing Sriwêdari ||

3. sandika aturirèku | manêmbah sujut ing siti | sampun sami ingèstrènan | Prabu Citrahoya Aji | tyasira marwata suta | karsanya sapati urip ||

4. sih lulut suwitanipun | Sang Nata ing Sriwêdari | mring Sinuhun ing Ngastina | ya ta Prabu Arimurti | matur marang sri narendra | yèn badhe karya pêpatih ||

5. pun Udawa sutanipun | dadya Patih Dwarawati | anama pun Udakarya | punika ingkang prayogi | anggêntosi ramanira | kang rayi amrayogani ||

6. Bathara Krêsna angutus | nimbali wadyanirèki | kalawan pun Udakarya | wus praptèng byantara aji | apan nulya dhinawuhan | gumantyèng ramanirèki ||

7. Si Udawa lungguhipun |

--- 142 ---

dadya Patih Dwarawati | Udakarya tur sandika | sampun ingèstrènan nuli | sigra umarêg anêmbah | kang mêntas sinungan linggih ||

8. Prabu Citrahoya matur | dhuh pukulun sri bupati | kawula nuwun parentah | mênggah nagri Sriwêdari | mênawi kinarsakêna | kadang kawula pawèstri ||

9. pun Citrahoyi pukulun | sumăngga ing karsa aji | minăngkaa jêjarahan | pituwas bêdhah nêgari | ngandika Bathara Krêsna | yèn mangkono luwih bêcik ||

10. sun tarima sira iku | sumêdya mantêp andasih | sira dhewe lumakua | maring nagri Sriwêdari | boyongana arinira | kanthia punggawa kalih ||

11. ing Ngastina kang dibya nung | ngiringna marang sirèki | sandika Sri Citrahoya | wus mangkana Sri Bupati | nulya kundur angêdhatyan | bubar kang sami anangkil ||

12. makuwon sajuru-juru | datan winursitèng kawi | wuwusên ing enjangira |

--- 143 ---

Sang Aprabu Sriwêdari | kanthi wadya ing Ngastina | kêkalih anyenapati ||

13. swaraning bala gumuruh | wus têbih sangking nagari | ing marga tan winursita | lamine dènnya lumaris | mèh andungkap praptanira | nagari ing Sriwêdari ||

14. kunêng Citrahoya Prabu | kang mangku bala lumaris | ya ta malih kawuwusa | nagari ing Sriwêdari | nalika sapêngkêrira | Sang Prabu Arjunapati ||

15. bidhal saha wadyanipun | mring Ngastina andon jurit | putri adi Parangguwa | pramèswari Sriwêdari | tinilar kari nèng pura | kusumayu Citrahoyi ||

16. sakêlangkung gunging wuyung | agung anèng jroning puri | datan arsa mêdal-mêdal | ing tyas sanityasa tistis | sru oyang brănta angarang | wirangrong seje ginalih ||

17. kabotan tamunirèku | kang nama

--- 144 ---

Radèn Prêmadi | duk prapta lan Prabu Krêsna | têtijo[110] manjing jro puri | tan èngêt marang kang raka | Sang Prabu Arjunapati ||

18. tan ana malih kang ketung | pan namung Radèn Prêmadi | satriya madya Pandhawa | wiraga gêgasah ati | sêmana sang lir kusuma | nuju lênggah anèng jawi ||

19. anèng made taman santun | pinarak êmbane kalih | bêktan saking Parangguwa | kinanthi raina wêngi | Nyai Sura wastanira | kang satunggil Nyai Sari ||

20. tan pisah kêkalihipun | mangkana sang rajaputri | ngandika marang banira | biyung sira antuk warti | lungane Arjunapatya | mring Ngastina pasang sandi ||

21. sami mindha warnaningsun | kinarya nyidra ing pati | marang Risang Dananjaya | nanging ta wantara mami | măngsa dadak amênanga | Sang Parta luwih sinêkti ||

22. nyai Sura nêmbah matur | anggèr kawula

--- 145 ---

miyarsi | wartane kang kesah aprang | inggih sampun rame jurit | anggèr gêntos long-linongan | wadyane kang alit-alit ||

23. wadya Sriwêdari gêmpur | siji tan ana ngundhili | aprange amung sadina | Sang Prabu Arjunapati | lawan Sang Patih Suwănda | sampun sami angêmasi ||

24. wadyalit tan ana kantun | samya tumpês ing ngajurit | wontên kang katawan gêsang | pan namung satunggil kalih | dene punggawa Ngastina | prawirane nora gêmpil ||

25. amung satunggil kang lampus | kasilip madyaning jurit | duk maksih aprang wangsitan | pasamuwan ing sitinggil | amung kang aran Udawa | pêpatih ing Dwarawati ||

26. namung punika kang lampus | sampyuh lan Suwănda Patih | pêjahe mawi cinidra | yêgti nêmahi tan bêcik | milane Udawa pêjah | tan wêruh yèn badhe jurit ||

--- 146 ---

27. mèsêm ngandika sang ayu | jêr ku apa nora sisip | wong nêdya alaku cidra | yêgti nêmahi tan bêcik | lah ing mêngko rasakêna | dhêndhane wong laku sandi ||

28. nêdya ngungas kumalungkung | ratune wong Sriwêdari | karêpe adol pagunan | kaprawiran sura sêkti | praptèng Ngastina tan kurang | mamah babone linuwih ||

29. kang guna wira pinunjul | pralêbda sêkti angênting | sagung jaya kawijayan | tumplêg ing Ngastina sami | sakèh sura wijayèngrat | wus anèng Radèn Prêmadi ||

30. Sri Arjunapati iku | sun ukumi uta[111] tuli | tuwas sabalane rusak | sokur sirna ing ngajurit | ilang dursilaning jagat | si pidhir Arjunapati ||

31. patute Jêng Sang Aprabu | Ngastina nuli anuding | para wiraning punggawa | mring Sriwêdari boyongi | sagunging kang rajabrana | pèni-pèni jroning

--- 147 ---

puri ||

32. akèh jêjarahanipun | sokur lamun awak mami | binoyong marang Ngastina | adhuh andupara yêgti | yèn kalakon mangkonoa | paran baya ingkang margi ||

33. nyai Sura nêmbah matur | gusti malih ingkang warti | nalika ramene aprang | silih ungkih rêbut pati | raka panduka Rahadyan | Citrahoya kawlasasih ||

34. sabalane wus kapikut | sêdaya dipun talèni | binêgta manjing jro pura | mila langkung kawlasasih | dene anggèr duk katawan | sêsambat panduka gusti ||

35. datan wăntên liyanipun | kang sinambating kaswasih | pan namung panduka nyawa | mangkana aturirèki | dèrèng dumugi wêkasan | mangkana sang rajaputri ||

36. pêgat pamiyarsanipun | sêlak kalingan prihatin | runtag tyas kadi murcaa | kadadak gêrah ngranuhi | karêrantan kadangira | anèng paran kawlasasih ||

--- 148 ---

37. kumêpyur wardayanipun | kêdadak wêtuning tangis | mangkana osiking driya | kusumayu Citrahoyi | katuwone raganingwang | pijêr akarya prihatin ||

38. mendahane rama ibu | tuwin kangjêng ibu sori | miyarsa warta mangkana | sayêgti luwih prihatin | jêr putra dinama-dama | mung sajodho lawan mami ||

39. adhuh babo kadang ingsun | dene amanggih pisakit | karaya-raya si kakang | ngêtutakên marang mami | atêmah banjur suwita | mring ipe alabuh pati ||

40. ing mêngko wusananipun | milu lunga andon jurit | apan kăngsi kawlasarsa | sawadyane datan kèri | kadiparan dhuh si kakang | nèng paran nandhang têtali ||

41. mangkana sang rêtnaningrum | saputing driya mawingit | pucêt pramana nirmala | yayah kantaka gumlinting | ing kisma datan sarănta | mari katon Sang Prêmadi ||

42. mung ketang [ke...]

--- 149 ---

[...tang] ing kadangipun | wau ta kang para cèthi | gugup anungkêmi pada | anjrit êmbannya kêkalih | winungu sarwi wacana | dhuh anggèr wungua gusti ||

43. wau ature pun biyung | pan dèrèng kăngsi dumugi | suwawi inggih wungua | kawula dugèkne malih | sang dyah mirsa lamat-lamat | gya wungu lênggah sang dèwi ||

44. nanging mêgsih pungun-pungun | suka sagung para cèthi | êmban Surat[112] aturira | anggèr wau dèrèng dugi | kasêlak tuwan druhaka | kawula wêlas ningali ||

45. inggih ing pawartosipun | raka panduka ing mangkin | sampun sami linuwaran | malah ginanjar kamuktin | ingadêgakên narendra | mêngku nêgri Sriwêdari ||

46. nama Citrahoya Prabu | sartane kang sami mulih | malah ing mangke wus budhal | sangking Ngastina tinuding | dhatêng ing Batukawarsa |

--- 150 ---

kinèn sami amboyongi ||

47. ingiring wadya gumuruh | punggawas ngina kalih |[113] kinèn ngiring raka tuwan | Prabu Citrahoya Aji | wau ta sang lir kusuma | suka dènira miyarsi ||

48. wus lilih wardayanipun | mangkana sajroning galih | mugi dipun tulusêna | sihing bathara kang luwih | basukining kadang ingwang | anèng Ngastina nagari ||

49. ya wau kang winuwus |[114] kasaru kontraging jawi | rawuhe Sri Citrahoya | sawadyabalanirèki | praptane Batukawarsa | katanggêl surub hyang rawi ||

50. dadya makuwon sadarum | punggawa Ngastina kalih | anèng dalêm kapatihan | wismane Suwănda nguni | kinurmat sinuba-suba | nutug mênuhi salatri ||

51. sang nata manjing kadhatun | manggihi arinirèki | panggih jroning dhatulaya | kagyat Dèwi Citrahoyi | uninga kang raka prapta | gupuh lumayu nungkêmi ||

52. kalihe [ka...]

--- 151 ---

[...lihe] sami amuwun | kathah raose kang galih | sawusnya tata alênggah | sang nata lajêng pawarti | wiwitan praptèng wêkasan | kang rayi ngungun ing galih ||

53. têmah langkung suka sokur | mring dewa manggih basuki | kang raka malih ngandika | sira samêgtoa yayi | sun gawa marang Ngastina | seba mring sri narapati ||

54. sun aturakên sirèku | dadya jêjarahang[115] yayi | adhuh poma lakonana | wêlasa kadangirèki | yayi sira ingsun karya | beya ing suwita mami ||

55. sang rêtna nêmbah anuwun | datan lênggana kang galih | sang nata malih ngandika | amung ing wawêkas mami | manawa sira katampan | dèn awas marang ing dasih ||

56. aja ambêg kumalungkung | ngungaskên sutaning aji | ala-alane suwita | ngatona badanirèki | tan susah ngêngèdhèng sira | têmahan awon sayêkti ||

57. lawan malih ariningsun | têmahan sira ing benjing | pisah kadang

--- 152 ---

wong atuwa | nora pijêr anunggoni | mulane dipun waspada | dèn bisa suwitèng laki ||

58. wruhanira ariningsun | wêkasing titah puniki | ngilangna onênging kadang | sudarma aja katolih | kang măngka gusti wong lanang | ingkang angsung sandhang bugti ||

59. anêmbah sang rêtnaningrum | sampun kacathêt ing galih | lilih têmah sami suka | sang nata lawan kang rayi | tutug dènnya awêwarah | sêdalu enjinge mijil ||

 


Judul tambahan dari perpustakaan SMKI Surakarta. (kembali)
kanggo. (kembali)
tuladan (dan ditempat lain). (kembali)
Tanggal: Akat (Ngahad) Wage sapisan (1) Sapar Jimakir: dadine kang guna angèsthi sawiji (AJ 1834). Tanggal Masehi: Minggu 17 April 1904. (kembali)
Tanggal: pêksa gunaning nata (732 taun surya). Biasanya kata "nata" berwatak bilangan satu (1) mis. ratu, atau lima (5) mis. tata. (kembali)
Tanggal: tata gatining pandhita (755 taun căndra). (kembali)
kèbêgan (dan di tempat lain). (kembali)
tinêngêran. (kembali)
manêgês. (kembali)
10 myang. (kembali)
11 Matswapati (dan di tempat lain). (kembali)
12 ingujudake (dan di tempat lain). (kembali)
13 tanpa. (kembali)
14 wiyati. (kembali)
15 mangun kung. (kembali)
16 wiyadi (dan di tempat lain). (kembali)
17 kinèn. (kembali)
18 Dhêstharata. (kembali)
19 arsambêg. (kembali)
20 saupakartining. (kembali)
21 karasèng. (kembali)
22 Sang. (kembali)
23 jalanidhi. (kembali)
24 Dhêstharataji. (kembali)
25 sawatawis. (kembali)
26 sang. (kembali)
27 Dwarawati. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: amituhu ujar kang kapiyarsi. (kembali)
29 samêngko. (kembali)
30 ngunandika. (kembali)
31 raditya. (kembali)
32 animbali. (kembali)
33 rêksanên. (kembali)
34 latri (dan di tempat lain). (kembali)
35 praptèng. (kembali)
36 jisim. (kembali)
37 sinabdan. (kembali)
38 mênêdi. (kembali)
39 umiring. (kembali)
40 Odipati. (kembali)
41 sirêb. (kembali)
42 tanpa. (kembali)
43 tan. (kembali)
44 wiyadi. (kembali)
45 kaèsi-èsi (dan di tempat lain). (kembali)
46 ulati. (kembali)
47 wusanane. (kembali)
48 lumampah. (kembali)
49 wulatên. (kembali)
50 wiyadi. (kembali)
51 parêkêna. (kembali)
52 srikaton. (kembali)
53 lumêkêt. (kembali)
54 mulêt. (kembali)
55 gogrog. (kembali)
56 wiyadi. (kembali)
57 Biasanya guru lagu i: jalmi. (kembali)
58 latri. (kembali)
59 lara. (kembali)
60 kang (dan di tempat lain). (kembali)
61 lêlangên. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: paran sumusuling gusti. (kembali)
63 bangbang. (kembali)
64 mangenggar-enggar. (kembali)
65 ketas. (kembali)
66 rara. (kembali)
67 brănta. (kembali)
68 Lebih satu suku kata: tan tolih wibawanira. (kembali)
69 marawayan. (kembali)
70 Kurang dua suku kata: singkêling tyas Sang Nata Bathara Krêsna. (kembali)
71 Kurang satu gatra: ke-7 (7a). (kembali)
72 jroning. (kembali)
73 mangkana. (kembali)
74 Dananjaya (dan di tempat lain). (kembali)
75 Biasanya guru lagu e. (kembali)
76 antuk. (kembali)
77 nama. (kembali)
78 liningan. (kembali)
79 Lebih dua suku kata: prajanira ing mangke sun êlih nami. (kembali)
80 kingkin. (kembali)
81 sandeyèng. (kembali)
82 yayi. (kembali)
83 papêsthène. (kembali)
84 pinunjul. (kembali)
85 sadu. (kembali)
86 sinayuding. (kembali)
87 punggawaningsun. (kembali)
88 ngingkêdi. (kembali)
89 sumbagèngrat. (kembali)
90 kantun. (kembali)
91 sang. (kembali)
92 yayi. (kembali)
93 samêktèng. (kembali)
94 tinuduh. (kembali)
95 Kurang satu suku kata: angandika marang Kya Patih Udawa. (kembali)
96 maguta (dan di tempat lain). (kembali)
97 praptèng. (kembali)
98 datanpa. (kembali)
99 tyasa. (kembali)
100 angundhamana. (kembali)
101 Ardhadhêdhali. (kembali)
102 gêmpang (dan di tempat lain). (kembali)
103 sirambil. (kembali)
104 Kurang lima suku kata: yèn wus rampung ingkang warastra mulih. (kembali)
105 malahan. (kembali)
106 panunggalira. (kembali)
107 Natèng (dan di tempat lain). (kembali)
108 yèn. (kembali)
109 mêngkuwa. (kembali)
110 têtinjo. (kembali)
111 wuta. (kembali)
112 Sura. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: punggawa Ngastina kalih. (kembali)
114 Kurang satu suku kata: ya ta wau kang winuwus. (kembali)
115 jêjarahan. (kembali)