Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 541–582)

Judul
Sambungan
1. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 001–152). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 152–305). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 305–541). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 541–582). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

54. Gambuh

1. praptèng jawi warungku | Patih Dwara marêg sang aprabu | ngaturakên têgsaka suka sang aji | lajêng sinrahakên sampun | marang Danurwenda gupoh ||

2. sabên kang mêntas antuk |

--- 542 ---

yèn wus katur marang sang aprabu | sinungakên marang kang badhe umanjing | punika kang bêgta wangsul | dèn culkên malih jro grogol ||

3. Arya Danurwenda wus | praptaning jro grogol sigra nubruk | andaka gêng kalih wus kinarya undhi | tanpa daya wus kapikut | kalihe sampun binopong ||

4. binêgta bêgsa mêtu | sangking jro grogol marêg sang prabu | langkung suka sang nata dènnya ningali | lajêng sinrahakên sampun | punggawa lajêng gumantos ||

5. Dyan Sasana lumêbu | ing jro grogol warak gêng pinikut | têtayungan mijil katur sri bupati | langkung sukanirèng kalbu | gantya Dyan Dewana gupoh ||

6. manjing jro wus amikut | gadarba kalih binêgta mêtu | têtayungan katur ing ngarsa sang

--- 543 ---

aji | Arya Saraba lumêbu | malandang sima binapong ||[1]

7. praptèng jawi wus katur | tan pae kadi ingkang rumuhun | Dyan Sanjata nyêpêng sangsam katur nuli | Radèn Subata lumêbu | nyêpêng waraha binopong ||

8. praptèng jawi wus katur | tan pae kadi ingkang rumuhun | dahat wau sukanira sri bupati | sêdaya ginanjar sampun | wastra warastra kinaot ||

9. sadaya nêmbah nuhun | dènnya tampi ing sih sang aprabu | wus mangkana sêlak kasaput ing latri | sri narendra lajêng kundur | umanjing marang pakuwon ||

10. pra wadya manjing sampun | ing pakuwonnya sajuru-juru | ya ta wau wuwusên sri narapati | dupi ing sakunduripun | sangking aningali sato ||

11. kagagas sru wulangun | karănta-rănta wau

--- 544 ---

sang prabu | dene kabèh wadyanira sêgti-sêgti | aracak prawirèng kewuh | ratune wantah kemawon ||

12. mêgsih anyamut-nyamut | dèrèng darbe kaprawiran tuhu | mila prabu sakêlangkung gêng prihatin | kondurira sangking panggung | laju mring tilan kemawon ||

13. nata tyasnya margiyuh | sangsaya sru putêg kapêtêg kung | sri narendra dadyarsa mangingkis ratri | namurkula karsanipun | tanpa rewang badhe lolos ||

14. mijil kori ing pungkur | mindha sudra busana sang prabu | tan kawruhan ing jalma samya aguling | sigra lêpas lampahipun | praptèng wana jurang singgrong ||

15. samarga kawlasayun | tanpa rowang lunga nis anglangut | ing pêpèrèng parang rong rumpil adhêmpil | lêlara nalumut-lumut |

--- 545 ---

liniwatan sang akatong ||

16. jujur jurang anglajur | ilining toya kadya sumawur | sang anamur tan ketang pringganing warih | mangkana karsaning kalbu | kaya priye raganingong ||

17. suka banjura lampus | yèn pinae sêsomèng[2] tumuwuh | dhuh jêng rama dulunên titahirèki | pulungên sangking donyèku | tanpa daya dadi katong ||

18. luhung racutên ingsun | suka ngraub ing pada pukulun | adhuh kangjêng rama suwarga ing jurit | lah puniki putranipun | langkung nistha damèng uwong ||

19. mangkana sang aprabu | sawusnya sambat sudarmanipun | lajêng kèndêl sangandhaping wit waringin | lênggah ing oyot pitêkur | mijil waspanira katong ||

20. wau ta praptanipun | gara-gara [ga...]

--- 546 ---

[...ra-gara] gora rèh gumuruh | magênturan kagiri-giri gorangin | bayu bajra lesus-lesus | bumi gonjang-ganjing gênjot ||

21. dêlajang ting [?] wulangun | tăndha narendra waspane runtuh | ingkang dhêdhêt erawati sru munya jrit | obah ingkang gunung-gunung | dhèdhèt jro wana tan katon ||

22. tidhêm têdhuh ngêndhanu | riris-riris tan ana kumucur | kaèbêgan jurang-jurang kali-kali | lêlêbak kêlêpan ranu | bantêr ambêntur gurda sol ||

23. singsal sumêlèng siluk | kasêlaking lêgsonèng toya nut | ing pêparang parêng swara srang sênggani | dhukute karut kadarut | karana karanu kang sol ||

24. jujur rajêg daruju | jajar anèng jêjurang tarêjung | jabut anjog jumog ing janggêlan galing | kèlikêkalèn [kèli...]

--- 547 ---

[...kêkalèn] aluyut | sumiyut saya tibèng doh ||

25. ardaning ranu-ranu | gora gumuruh kang kayu-kayu | jroning wana kaprawosèng angin-angin | ruhara kèh kabarubuh | burbuwah barongan pring sol ||

26. wau ta sang aprabu | tan kandhêg wau ing lampahipun | marmaning Hyang kang amurba ing dumadi | riris ari angin surut | sirna papêtêng kèh katon ||

27. inggar tyasira prabu | sangsaya tebih ing lampahipun | kunêng ingkang agung nèng têngah wanadri | gantya malih kang winuwus | kang kèri anèng pakuwon ||

28. nênggih caritanipun | kala sêmana sarêng sadalu | jroning sastra sayêgti kinarya gênti | Patih Dwara kang winuwus | kang kari mocung pakuwon ||

55. Pocung

1. ya ta

--- 548 ---

wau kya patih nalikèng dalu | duk sare sakêdhap | antuk wangsiting dewadi | amêlingi ing karna sasmitanira ||

2. swaranipun hèh Patih Dwara sirèku | aywa ngenak-enak | nendra wungua ta kaki | ratunira lunga nis tambuh sinêdya ||

3. lunganipun tanpa rowang anênamur | pan luwih bêbaya | kaki ngulatana aglis | nora bêcik wong anom karêm anendra ||

4. têmahipun wong kang kuwarêgên turu | kêrêp kaelangan | suka kawiryane gêmpil | tan tuwajuh pikire pan dadi ura ||

5. sira iku katungkul karêm dyah ayu | gusti kongsi ilang | sirèku datan udani | lah saiba pitunane badanira ||

6. ya ta wau Patih Dwara duk angrungu | sangking jroning nendra | lamat-lamat kagyat linggih |

--- 549 ---

asru ngungun sang arya kumêmbêng waspa ||

7. sigra mêtu sangking pasanggrahanipun | tumindak sangsaya | maring pakuwon sang aji | anênamur tan ana ingkang uninga ||

8. mêgsih dalu ing wancining pukul têlu | pawongane nata | sadaya sakeca guling | Patih Dwara lêbête amindha dhustha ||

9. mawor sambu kabèh gon dèn ongak suwung | jroning pasanggrahan | warata dèn olak-alik | wus têtela kalamun suwung kewala ||

10. langkung ngungun sang arya sungkawèng kalbu | datan awêwartan | dene têdhaking sang aji | sang apatih tyasira mêgsih sandea ||

11. gya lumêbu marang jro tilam sang prabu | praptaning paprêman | tiningalan sampun sêpi | wus têtela sang nata ing lolosira ||

--- 550 ---

12. sigra mêtu angungun susah kêlangkung | kèndêl nèng paningrat | langkung sungkawaning galih | sru kagagas ing driya mijil kang waspa ||

13. mangu-mangu angungun sajroning kalbu | ketang murcanira | sang nata tanpa wadyèki | kongsi dangu kya patih ing kèndêlira ||

14. lênguk-lênguk anèng paningrat pitêkur | ijèn tanpa rowang | tansah angupaya budi | dayaning tyas kang pinusthi ing dumadya ||

15. ya ta wau kundurira mantri anung | ing lêstarinira | dènirarsa angulari | ing murcaning Sang Aprabu Dipayana ||

16. praptanipun ing pakuwon sigra malbu | ing paprêmanira | ênggone Nikèn Suyati | gya winungu Patih Dwara karsanira ||

17. sigra wungu sang rêtnayu pungun-pungun | kya patih ngandika | babo yayiku Suyati | belanana yayi susahe

--- 551 ---

pun kakang ||

18. ratuningsun lunga nis sangking kêkuwu | tanbuh kang sinêdya | anggana badan pribadi | para wadya tan ana ingkang uninga ||

19. iya lamun kongsi yayi sesuk-esuk | kawruhan pra wadya | yayi yêgtine prihatin | nora wurung karya rêntênge nagara ||

20. karsaningsun mêngko yayi sira iku | iya ingsun karya | sêsintrèn mindha narpati | warnanira nimas mindha sri narendra ||

21. katon kakung sirèku wanodya ayu | yèn dadia kadang | lan sang nata tan ngarani | lamun seje kaya tunggal yayah rena ||

22. sira masku sun pêpindha sang aprabu | acoroa[3] lanang | kabèh kaprabon sang aji | lah rasukên yayi anèng badanira ||

23. rangu-rangu Kèn Suyati duk angrungu | pangandikanira | Arya Dwara

--- 552 ---

Sang Apatih | èmêng ing tyas dènnyarsa karya sarana ||

24. arsa puguh ajrih dhêndhane dewa gung | pan wus ila-ila | ing kina-kina pawèstri | ingkang sami mingkar sarèhe mring priya ||

25. nora wurung kasêrakat badanipun | sagon-gon sinarang | kasurang-surang sinirik | lalu mêsum bêsum tan darbe guwaya ||

26. pae ingkang sumujut sarèhing kakung | kongsi ing wêkasan | yèku musthikaning èstri | pinilala sajagat dadya darsana ||

27. ya ta wau Kèn Suyati nêmbah matur | sumăngga ing karsa | datan lênggana ing kapti | sukèng galih sira Ki Patih Dwara |[4]|

28. binêgta wus manjing pakuwon sang prabu | nilip lampahira | datan kawruhan ing jalmi | praptèng ing jro manjing tilame sang nata ||

29. lajêng sinung kaprabonira [kapraboni...]

--- 553 ---

[...ra] sang prabu | wus rinasuk samya | marang sira Kèn Suyati | amantêsi tan wing-wang lawan sang nata ||

30. swaranipun winulang kadya sang prabu | sang dyah wus widagda | kya patih tansah mêmêling | dhuh Suyati nimas aywa kawistara ||

31. malihipun miyosa ing sesuk-esuk | marang pagrogolan | tuladên sri narapati | lênggah panggung nuli sira parentaha ||

32. marang ingsun sawadya kinèn lumêbu | nyêpêng sato wana | wus winêlingakên sami | sarèhira kang mindha nata sandika ||

33. malih muwus sira risang mantri ngayun | adhuh ariningwang | wruhanira ingsun yayi | arsa lolos ngulati sri naranata ||

34. mêngko ingsun murca sangking jro tarungku | sira andangua | iya laraningsun nuli | parentaha [pare...]

--- 554 ---

[...ntaha] angulati lunganingwang ||

35. ubayamu lamun ingsun tan katêmu | salawasanea | tan kundur marang nêgari | lawan aja seba yèn tan tinimbalan ||

36. sapungkurku sira dèn bisa mas ingsun | dumèh ingsun tilar | aywa sandea ing galih | nora lami sira panggih lawan ingwang ||

37. watne[5] ingsun tan bêtah pisah sirèku | kongsia sacăndra | tan wurung mati dalêming | ya ta wau Kèn Suyati duk miyarsa ||

38. kagyat ngungun mangunêng mangu mangungkung | ribêt tanpa ngucap | amung tansah awotsari | sruning ngarang tansah mijil ingkang waspa ||

56. Mijil

1. ura-uru tyase Kèn Suyati | kuwur lir kawuron | sruning kapasuk ing gêng wirage | dadya kagagas gênging kang wingit | tan taha nungkêmi |

--- 555 ---

ing pada amuwun ||

2. sambatira sarwi ambodhèti | kadiparan ingong | yèn karia pisah lan dhèwèke | nora wurung iya nuli mati | yèn parênga mami | saparan tut pungkur ||

3. botên sagêt kèri awak mami | sapa rowang ingong | wong alasan kawula yêgtine | nistha dama pindha narapati | tan wande katawis | tuwas kari ingsun ||

4. yèn panduka ingkang mindha aji | tan garantês ingong | sèwu warsa nadyan ta lamine | anggêripun panduka nèng ngriki | wontên kang marahi | ical sêdhih ulun ||

5. lamun karsa panduka puniki | kula amit layon | luhung inggih sirnoa samangke | kula botên sagêt aningali | lolos tuwan mangkin | paran solah ingsun ||

6. Patih Dwara

--- 556 ---

angandika malih | babo ariningong | kayaparan mangkonoa anggèr | lamun sira datan anuruti | tan wêlas mring mami | iki wêkas ingsun ||

7. yèn kăngsia ingsun tan ngulati | murcaning sang katong | dadi tanpa wêlas ingsun kiye | marang rêtuning kang bumi-bumi | tan wun rusak sami | jêr wus tanpa ratu ||

8. padha surasa isining bumi | nglêmpara lir sato | sapu tanpa suh wudhar agègrèk | paran lamun mangkonoa yayi | asiha ta gusti | ing jagat sawêgung ||

9. sasat sira anambak ing mami | êtune kinayon | ngayêmana saisi-isine | lamun sira mingkara ing mami | wurung mugtèng bumi | sira lawan ingsun ||

10. ya ta wau Sang Rêtna Suyati | mituhu sapakon | tan lênggana sarèhing

--- 557 ---

kakunge | dadya matur alon awotsari | yèn makatên inggih | sumăngga pukulun ||

11. kula darbe atur dhatêng gusti | yèn panduka lolos | mung èngêta dhatêng kêkasihe | inggih sampun ngantos lami-lami | mênawi pun dasih | asêlak gring lampus ||

12. mênawi kula kasêlak mati | anèng jro pakuwon | botên wande kacorah patine | kawistara wangkene pawèstri | punika manawi | makatêna saru ||

13. Patih Dwara angandika malih | dhuh aywa kuwatos | amung yayi dèn yitna ing têmbe | sira iku wujuding pawèstri | gon ewuh sakêthi | wanodya puniku ||

14. tinêlaskên wêlinge kya patih | marang sang lir sinom | Kèn Suyati sandika ature | byar raina kya patih wus mijil |

--- 558 ---

sangking tilam aji | tan ana kang wêruh ||

15. nilap-nilap anungkul ing jalmi | praptane pakuwon | kyana patih ngrasuk busanane | badhe sowan byantara sang aji | ing batin rumanti | dènnyarsa angluru ||

16. murcanira sang nata ing nguni | sangking jro pakuwon | wus samêgta kya patih karsane | lajêng sowan mring kang mindha aji | gya parentah nuli | kinèn samya mlêbu ||

17. ing jro grogol mangsah gênti-gênti | anyêpêngi sato | nora gothang kya patih ature | para wadya sami awotsari | gya tumandang sami | agantya lumêbu ||

18. ingkang sami angsal mijil sami | sami bopong sato | sigra katur ing ngarsa gustine | langkung suka kang mindha narpati | wontên manjing malih | maring jro andulur ||

19. ramene solah [so...]

--- 559 ---

[...lah] aganti-ganti | gumyak ing jro grogol | mlêbu mêtu tan ana kêndhate | malah kathah ingkang dèrèng mijil | samya suka sami | dènira ambujung ||

20. Patih Dwara wau kang winarni | dènira anèng jro | angupaya kang dadya margane | dènirarsa lolos angulati | murcane sang aji | sêmana andulu ||

21. kidang wulung agêng inggil kêsit | kiwa têbih uwong | pinaranan lumayu angêmprèt | mata andik kupinge jêpiping | kya patih tut wuri | saparan binujung ||

22. gya binêrêg pinakok[6] sinupit | agiras mêncolot | praptèng jawi lumayu cumêngèr | Patih Dwara sigra anututi | lumumpat mring jawi | bujung kidang wulung ||

23. saparane

--- 560 ---

agung dèn tututi | lamun cêlak ngaso | dupi têbih sinrang pambujunge | sadangune mangkana sang patih | apan kăngsi têbih | ing pambujungipun ||

24. datan ana ingkang graitani | rowange anèng jro | mung dinalih sangking kadarmane | mila datan ana kang udani | nalikane mijil | sangking jro tarungku ||

25. ya ta wau lampahe sang patih | dènnya bujung sato | sampun têbih sangking pakuwone | nusup-nusup têngahing wanadri | wus mari anggalih | marang kidang wulung ||

26. kang ginalih dènnyarsa ngulati | marang sang akatong | sigra lajêng lampahe rahadèn | ênêngêna kang agung lumaris | wuwusên ing wuri |

--- 561 ---

kang magsih bêburu ||

27. wus mangkana sagunging wadyèki | dènnya nyêpêng sato | samya marêg ing ngarsa gustine | ngaturakên tuk-antuke sami | buron warni-warni | anèng ngarsa prabu ||

28. duk sêmana ingkang mindha aji | aningali sato | sami lawan têgsaka agênge | kamigilan ing tyas sêmu ajrih | watêking pawèstri | datan kadya kakung ||

29. sugih uwas paitan kuwatir | budine wong wadon | kang mindhaji wusana manahe | kang rinêgsa wêkasaning patih | gya parentah nuli | kinèn bêgta wangsul ||

30. lajêng samya linêbêtkên malih | marang jroning grogol | sawusira marêg sadayane | sawusira ginanjar

--- 562 ---

waradin | bêrana mênuhi | kabèh suka nuwun ||

31. Patih Dwara dinangu nèng ngêndi | dene nora katon | Patih Danurwenda lon ature | dhuh pukulun sang sri narapati | duk wau amijil | bujêng kidang wulung ||

32. ing samangke dèrèng wontên prapti | ngandika sang katon | sira padha ngulatana kabèh | ajana kang marêg lawan mami | yèn durung kêpanggih | kakang Dwara iku ||

33. lawan kabèh nora kundur mami | lamun durung panggoh | sun antèni anèng kene bae | kakang Dwara yèn durung kêpanggih | Danurwenda Patih | sandika turipun ||

34. lajêng kondur kang amindha aji | marang ing pakuwon | para wadya bubar sadayane |

--- 563 ---

samya kesah nasak ing wanadri | dènira ngulati | risang mantri ngayun ||

35. kunêng ingkang agung angulati | adina ponang wong | kawuwusa sang nata kundure | saking pagrogolan gêng prihatin | lajêng dènnya manjing | marang tilamipun ||

36. datan arsa dhahar miwah guling | sang amindha katong | tansah ngidhêp anèng paprêmane | sru kagagas-gagas angranuhi | ing sajroning galih | amung kakungipun ||

37. ingkang murca nêdya angulati | lolose sang katong | kang mindhaji mangkana osike | kaya priye wong ika nèng ngêndi | muga sang dewadi | paringa rahayu ||

38. dèn dohêna sangsayaning margi | pangran dewaningong | wèhên suka iya saparane |

--- 564 ---

jinurunga karsane tumuli | aja lami-lami | panggih sang aprabu ||

39. dhuh jawata kang nitah ing bumi | minta tulung ingong | raganingsun iki kaya priye | kang winantu-wantu susah ati | pijêr kênèng kingkin | kapilêt malat kung ||

40. tansah agung rudah ing tyas mami | gung dadi lêlakon | ardaningsun pisah kadang kabèh | yayah rena wus tan na katolih | praptèng paran mami | pijêr nèng wana gung ||

41. lami-lami nuli ingsun panggih | pasuwitan ingong | mung sadalu nutugkên kamugtèn | sirna kabèh onêng ingsun maring | yayah rena mami | lawan kadang ingsun ||

42. jêr wus panggih pangengeran luwih | utama kinaot | nora larang sraha jiwa kiye | mring wong agung kang adadya patih | wusanane iki | dene ta sang

--- 565 ---

prabu ||

43. abêndana darbe meda kêdhik | dalu-dalu lolos | tambuh-tambuh kang dadi karsane | pangeranku gugup gêng prihatin | têmah karya sandi | sêsintrèn sang prabu ||

44. pawongane kang kinarya sandi | mêngko raganingong | kari ijèn tinilar nèng kene | têmah kapiran wak ingsun iki | sêmana sang dèwi | putêg tyas kêlangkung ||

45. sruning kagyat tan giyuh ing galih | sumingêb kang panon | anglêgèyèh nungkêmi gulinge | lajêng sare mujung sang adèwi | kunêng sang lir Ratih | kang tansah nèng kuwu ||

46. gantya ingkang winursita malih | kang sêdya lunga don | tanpa rowang ngulati ratune | ing Ngastina Prabu Parikêsit | dènira lunga nis | tanpa kanthi prabu ||

--- 566 ---

57. Kinanthi

1. wau ta ing lampahipun | Arya Dwara Sang Apatih | angulati ratunira | sinuhun Ngastina nagri | ing samarga kawlasarsa | siwayaning Dwarawati ||

2. sang arya osiking kalbu | iya nora nêdya mulih | lamun datan kapanggiha | lawan sang sri narapati | nadyan ta lawasanea | suka mati ing wanadri ||

3. mangu tumindak agandrung | putêg tyas nityasa tistis | katon kang kèri nèng tilam | lam-lamên Nikèn Suyati | karasuk ing sru mangarang | keron ribêting lumaris ||

4. rangu-rangu kapirangu | rêmbên lampahe kya patih | katonton kêkasihira | karya ribêting lumaris | aras-arasên tumindak | sangking sruning sok [so...]

--- 567 ---

[...k] panggalih ||

5. dadya kèndêl lampahipun | anèng madyaning wanadri | wontên kang sela gêgilang | radi ngandha[7] kajêng sambi | ing ngriku dènira lênggah | dangu amangaring-aring ||

6. ing driya sangsaya ngadhuh | kodhêng kadhuhan ing sêdhih | gidhuh kandhuhan asmara | saparane tanpa aring | rongèh datansah alênggah | gêgilang soring kusambi ||

7. mulat kêmbang angrêmbuyung | rumêne ing ngiring-iring | èngêt kang kèri nagara | kumênyar ngasmara tistis | trênyuh tyas saya karasa | katrêsan dening sarwa sri ||

8. dangu lênggah mangu-mangu | angunandika ing galih | kayaparan iki baya | rêribêt anggubêt ati | rubeda madayèng driya | tanpa wêkasing kaswasih ||

9. têmah mijil waspanipun |

--- 568 ---

karănta-rănta ing galih | tambuh kang linakonana | dadya nênuwun dewadi | minta pitutur sanyata | karsanira sang apatih ||

10. tan antara praptanipun | parmaning jawata luwih | wontên swara kapiyarsa | hèh yoganingsun sang patih | aja sira salah tingal | banjura karsanirèki ||

11. nora kêna wowor sambu | wus pinasthi ing dewadi | jodhomu têkèng dêlahan | sira lawan Si Suyati | yêgti nora kêna corah | apa gawe walangati ||

12. banjurna sêdyanirèku | aja pijêr mong wiyadi | wruhanira yogyaningwang | kêlakuaning ngaurip | ingkang amêmurung lampah | kêrarantan ing kêkasih ||

13. kasêngsêm ing karsa iku | rusêg sanityasèng [sanitya...]

--- 569 ---

[...sèng] ati | runtag rudidya[8] andadra | dadak tan pijêr lumaris | jêngkar saking sela gilang | lênglênging samargi-margi ||

14. mangu-mangu kapirangu | lampahira sang apatih | kataman turida dahat | pijêr amandhêg tumolih | mila rêmbên anèng marga | katungkul gênging wiyati ||[9]

15. sampun têbih lampahipun | wus mijil sangking wanadri | kantun ngambah tarataban | bingung datan antuk margi | tan wruh ngalor ngidul ngetan | mangilèn tan ana margi ||

16. adangu nulya ngarungu | sata kaluruk ing wukir | lamat-lamat kapiyarsa | eca tyasira kya patih | tan nyana yèn padhusunan | sigra pinaranan aglis ||

17. dupi cêlak wus kadulu | yèn ana pratapan asri | kawistara rakitira |

--- 570 ---

suka tyasira sang patih | mulat wilêting aldaka | kawuryan isining wukir ||

18. sangsaya cêlak kadulu | lowah-lowahaning wukir | asri katon bêbanjaran | sapangandhap sapanginggil | nêdhêng tirising alusan | sakiwa têngêning wukir ||

19. kalimputan dening kukus | wong pratapan kang gêgêni | mulêg ngalimputi arga | ramyang-ramyang tinon asri | katonton sangking mandrawa | lir tilam kinêban samir ||

20. katingal marganing gunung | lamat-lamat amalirit | tumurun marang ing sêndhang | aradin sitine putih | kadi tilam duk winiyak | gêgubah kingis[10] sathithik ||

21. ana selane kadulu | sawiji cêlak [cê...]

--- 571 ---

[...lak] ing margi | kadi katon kang anendra | angrês tyasira kya patih | wungu wiyogane dahat | ketang kang pinindha aji ||

22. têmah mijil waspanipun | putêg sanityasa tistis | sampun lajêng lampahira | wus prapta sukuning wukir | kya patih awas tumingal | kelamun wontên cêcantrik ||

23. kêkalih angambil kayu | pinaranan sangking wuri | sami tinanya kalihnya | kagyat wau ta ki cantrik | anolih sigra amêndhak | têtanya umatur aris ||

24. anêmbah mawantu-wantu | gumêtêr asêmu ajrih | dinangu tan bisa ngucap | tholtholên pijêr wotsari | kacuwitan aturira | mèsêm kang kasmaran ing sih ||

58. Asmaradana

1. mangkana

--- 572 ---

aturirèki | sintên andika bêndara | dene têka gawe kagèt | mênawi jim pri prayangan | tuwin kang têngga wana | nyinara[11] wong amèt kayu | dene amba gung dêdupa ||

2. datan pêgat sabên enjing | amrih rahayuning badan | sampun wontên salah gawe | lamun andika manungsa | inggih manungsa tapa | dene warna dika bagus | ngasorkên sakèhing jalma ||

3. punapa tuwan dewadi | tumurun angejawantah | puniku kathah èmpêre | kya patih alon ngandika | pan ingsun ya manungsa | dene kaki praptaningsun | arsa tanya marang sira ||

4. sapa aranira kalih | ki cantrik alon tur sêmbah | pukulun ing wastaningong | pun Palamarma satunggal |

--- 573 ---

kya patih malih mojar | lah ngêndi araning gunung | lawan sapa kang martapa ||

5. kang dinangu matur ririh | inggih ardi Manikmaya | dene aran pratapane | winastan Tirtaupama | ingkang darbe pratapan | Sidikwacana ranipun | sang patih malih ngandika ||

6. kaki larapêna mami | arsa katêmu wak ingwang | lawan sang pandhita kene | ki cantrik datan lênggana | sarwi matur têtanya | sintên ta tuwan pukulun | nama miwah pinangkanya ||

7. ngandika iya sun iki | satriya sangking Ngastina | Patih Dwara aran ingong | cantrik kalih sigra mentar | marêg mring sang bagawan | wus katur sadayanipun | wiwitan praptèng wêkasan ||

8. sang bêgawan duk miyarsi | ana karasa [kara...]

--- 574 ---

[...sa] ing driya | kumênyut parentah age | nuli kinèn ngaturana | cantrik kalih gya mêdal | wus panggih wau sang rawuh | kang kari anèng ing sêndhang ||

9. praptèng ngarsa awotsari | suwawi tuwan ngaturan | minggah marang pratapane | lajêng aminggah sang arya | kèrit cantrik kalihnya | praptèng wiwara pinêthuk | Bagawan Sidikwacana ||

10. tundhuk anèng jawi kori | kurmat-kinurmat kalihnya | binêgta maring dhepoke | lênggah anèng pacrabakan | langkung sinuba-suba | Ki Patih Dwara andhêku | tumundhuk ngasorkên raga ||

11. suka wau sang maharsi | sinambrama ing pambagya | sang prapta nuhun ature | sasampunira mangkana | ngandika sang bagawan | dhuh anggèr sarawuhipun | wontên ngajêngan kawula ||

--- 575 ---

12. sakathahing susah ati | rumaos ical sadaya | botên wontên lêlabête | marêm manahe pun bapa | awit mambêt ing gănda | kang dadya sungkawèng ulun | andhêngku Kya Patih Dwara ||

13. sruning ardaya pribadi | dadya tan nêgês karasa | sang bagawan sungkawane | sangking kalimputing manah | mila dhêngku kewala | wau ta sira sang wiku | graita dènnya tumingal ||

14. marang têtamunirèki | winawas kadi sungkawa | kawistarèng pasêmone | sang wiku aris têtanya | dhuh anggèr dèn agsama | pun bapa panawangipun | kadi katêmu sungkawa ||

15. punapa susahing galih | kula dipun jarwanana | purwaning ardaya anggèr | pun bapa kêdah uninga | lêganing manah kula | Patih Dwara aturipun |

--- 576 ---

lamun kecalan narendra ||

16. saliring rèh katur sami | Bagawan Sidikwacana | miyarsa kêlangkung kagèt | tumênga angunjal napas | tan nyana yèn mangkana | sungkawaning tamunipun | dahat ing pangungunira ||

17. lajêng amaos sêsanti | Bagawan Sidikwacana | kaya mangkana santine | yana basir tang warana | srawata sir bayana | wanti-wanti kaping têlu | sang wiku pamaosira ||

18. têgêse ingkang kêkawis | hèh padhang hawa ilanga | ing aling-aling sakèhe | ingkang datanpa wêkasan | sawusnya sêsantinya | ya ta ing ngriku sang wiku | kasinungan ing sasmita ||

19. sêdyane badhe pinanggih | suka tyase sang bagawan |

--- 577 ---

pêpoyan maring tamune | alon pangandikanira | sarwi dahat ngrarêpa | dhuh anggèr tuwan pukulun | inggih aturing pun bapa ||

20. andika kèndêl rumiyin | ngantia anèng pratapan | nanêdhaa ing dewane | yêgti tan lami pinanggya | lawan sri naranata | dèn sarèh ing tyas pukulun | dene ujaring kang sastra ||

21. sabarang ing rèh puniki | yèn rèrèh nora rêkasa | dènnya misesèng karsane | mituhu Kya Patih Dwara | ing driya tan lênggana | lêstari dènnya nênungku | anèng gunung Manikmaya ||

22. kacatur sang maha rêsi | puniku sudarmanira | Rêtna Suyati garwane | Rêkyana Patih Dwara |[12] nanging sajatinira | rêkyana patih dèrèng

--- 578 ---

wruh | yèn iku maratuwanya ||

23. kunêng kang agung sêmadi | mêmardi dayaning driya | gantya ingkang winiraos | ing Mukabumi nêgara | tanah Purwacarita | bisikanira Sang Prabu | Sayakèsthi Sri Narendra ||

24. ing mangke sri narapati | kataman sungkawa dahat | ginubêl mring atmajane | pawèstri ayu utama | nama Dèwi Siyata | tanpa kadang mung sajuru | milane dinama-dama ||

25. ingêla-êla tan sipi | panggubêle sang lir rêtna | awit onêng ing pangimpèn | sang dyah supêna ginarwa | marang Ratu Ngastina | sru kabyatan larangkung |[13] supe dhahar lawan nendra ||

26. ingkang tinêdha ing batin | kalakona dadi garwa | ngèstupada

--- 579 ---

salamine | lamun tan kalampahana | sang dyah nêdya antaka | milanira sang aprabu | sangêt dènira sungkawa ||

27. ketang mung putra sawiji | kalamun tinurutana | andupara kalakone | yèn ta punika cinêgah | yêgti kecalan putra | nora wurung têmah lampus | wau ta sri naranata ||

28. anuju dina sawiji | sang nata miyos sineba | animbali pêpatihe | miwah kang para punggawa | kang padha tuwa-tuwa | praptèng ngabyantara prabu | kya patih sampun winartan ||

29. saliring sungkawèng aji | dhinawuhakên sadaya | para wadya ngungun kabèh | têmah abela sungkawa | nata malih ngandika | hèh paran patih dayamu | miwah sagung wadyaningwang ||

--- 580 ---

30. bêcik êndi ingsun iki | seba marang ing Ngastina | ngaturake putraningong | apa bêcik sun utusan | iya ngaturkên surat | mratelakkên gancaripun | katampane nimas rara ||

31. tinampika nora sêrik | yèn katampan nuli seba | rapêt adon-adonane | wau ta sri naranata | ngungun dènnya miyarsa | ing Ngastina salin ratu | sang nata alon ngandika ||

32. dadi ing samêngko patih | Narapati Yudhisthira | wus mugsa lan sakadange | sang nata langkung sungkawa | kèngêtan purwanira | kang jumênêngakên ratu | Narapati Yudhisthira ||

33. karănta-rănta ing galih | Sri Sayakèsthi Narendra | rinasa saya karaos |

--- 581 ---

sihira Nata Pandhawa | rumăngsa durung bisa | mangsulkên sihira prabu | kasêlak tinilar mugsa ||

34. nora bisa amênangi | duk mugsa nata Pandhawa | mila langkung sungkawane | kacatur sri naranata | sabên ari tan pêgat | mêmulya măngka panuntur | pamugsane Sri Pandhawa ||

35. lawan nanêdhèng dewadi | muga linêstarèkêna | Sri Pandhawa saturune | dadya ratu binathara | bawani tanah Jawa | mangkana pan sampun lipur | sungkawanira narendra ||

36. sêmana pan sampun mijil | punggawa ingkang dinuta | kêkalih mundhi surate | marang nêgari Ngastina | katur Sri Dipayana | wus winêling sarèhipun | punggawa [pungga...]

--- 582 ---

[...wa] kalih budhalan ||

37. samya wahana turanggi | lawan sapanêkarira | sang nata kondur ngêdhaton | bubar kang samya sewaka | mring wisma sowang-sowang | wus tutug talitènipun | tataning Kalimataya ||

38. titi sampating panulis | marêngi ing ari Soma | kalih likur ing tanggale | Rabingulawal kang wulan | Jimakir sinangkalan | catur guna ngèsthi prabu |[14] kang nyêrat Partautama ||

 


binopong. (kembali)
sêsamèng. (kembali)
acaraa. (kembali)
Kurang satu suku kata: sukèng galih sira Ki Apatih Dwara. (kembali)
witne. (kembali)
pinêkak. (kembali)
ngandhap. (kembali)
rudhita. (kembali)
wiyadi. (kembali)
10 kengis. (kembali)
11 nyikara. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: Rêkyana Apatih Dwara. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: sru kabyatan ing lara kung. (kembali)
14 Tanggal: Soma (Sênèn) kalih likur (22) Rabingulawal (Mulud) Jimakir: catur guna ngèsthi prabu (AJ 1834). Tanggal Masehi: Senin 6 Juni 1904. (kembali)