Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 061–121)

Judul
Sambungan
1. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 001–061). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 061–121). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 121–184). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 184–251). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

24. Pangkur

1. mèh parêk gèn Sindurêja | Dyan Korawa kumêrab amêpêki | asungsun atap atimbun | ngudanakên sanjata | samya nulak mring Arjuna pamukipun | miwah prawira Pandhawa | sadaya mangungkih pati ||

2. umrêk Korawa matambah | atub sungsun Wrêkudara nadhahi | sèlèh langkap pamukipun | anêmpuh lawan gada | ambêk krura ngiwa nêngên dènnya mupuh | galasah katiban gada | rusak byuha bosah-basih ||

3. pamuke Arya Palguna | jêmparinge mêtu makêthi-kêthi | kumrêsêk nibani mungsuh | ngrêbda angambak-ambak | nêmpuh ngungkih Korawa kadi sêsulung | galasah katiban panah | pangamuke mêmanasi ||

4. pira-pira pra dipatya | kasulayah sarta rata lan èsthi | dene Wrêkudara nêmpuh | liwung wuru ing aprang | mobat-mabit kang katêmpuh rêmak rênyuh | kadi gajah sèwu mêta | kang katêmpuh ngisis gusis ||

5. mèh tipis gène Sindurja | kaprawasa ingamuk angêbyuki | pangrupêkira gumulung | Pandhawa pêksa ngambah | rug gumuntur lir wukir [wu...]

--- 1 : 62 ---

[...kir] guntur gumulung | kangelan pangrêksanira | marang Arya Sindupati ||

6. piyak ngarsa wuri gantya | atub tinub binarukut ing baris | Sindurja panggenanipun | kinêkêr ing gêgaman | Duryudana marma sangêt kinèn wangsul | mantuka ngungsi mring kitha | nanging Bagawan Sampwani ||

7. suka maksihèng payudan | rinêksaa aywa doh lawan baris | têtêpa satriyanipun | nistha yèn umpêtana | mila pujanira Sampwani sinungku | wit rumêksanirèng anak | tinohan jukung samadi ||

8. anake luputa pêjah | ing sajrone prang Bratayuda iki | yèn mati dadia satus | upama tinigasa | mung prabawa sirah siji rupa satus | sirahe kang têmên ora | têtêp maksih Sindupati ||

9. mangkana pamujanira | kang cinipta mring Bagawan Sampwani | nganakakên warna satus | kadi Arya Sindurja | aywa kongsi kêna têmên sutanipun | amunga Sindurja sulap | lali Bagawan Sampwani ||

10. yèn ingkang among Pandhawa | Nata Krêsna tan kêna dèn sulapi | agawea rupa satus | yêkti wruh ingkang nyata | Sang Sindurja sulap lawan kang satuhu | ujêr Sri Bathara Krêsna | nora kêna dèn cidrani ||

11. mangkana Sang Dananjaya | sayah dènnya matèni pra dipati | miwah ardaning pangamuk | mungsuh sirna satêgal | parandene ing wuri Korawa brubul | tan karasa kalongira | prajurit kang pirang kêthi ||

12. mangkana Narendra

--- 1 : 63 ---

Krêsna | maras dening surya gumiwang lingsir | Sindurja durung kêtêmu | kinêkêr ing gêgaman | dadya surya tinutupan cakranipun | adangu dèn anggang-anggang | baskara asirat kuning ||

13. nulya tinêtêp kang cakra | dadi katon kadi surup sayêkti | sarya akèn kumpul kayu | andadi kang dahana | sirêping prang Pandhawa sami angumpul | kadi tuhu jênêngana | Arjunarsa lêbu gêni ||

14. luputing pati Sindurja | kasurupan Arjuna lêbu gêni | amisuwur solahipun | Arjuna lêbu mawa | sami suka Korawa arsa andulu | nora wêruh lamun gêlar | gunane Sri Dwarawati ||

15. surya tinutupan cakra | samya bêksa Korawa suka ngênting | asurak-surak gumuruh | Korawa giyak-giyak | alok-alok lah Dananjaya ko lampus | iya pamuking Pandhawa | kang kari sasat cêcindhil ||

16. kari anggêtak kewala | Wrêkudara kau tangkêping jurit | nora julig kaya iku | si jidêng Dananjaya | Jayadrata samana milu andulu | mêtu saking pasêngkêran | ing baris kang angidêri ||

17. solahe kadyendrajala | endrajala muradipun kêkalih | siji endrajala pandung | ingkang anigas raja | kaping kalih endrajala têgêsipun | jêmparing kang saking swarga | punika sami binudi ||

18. solahe Arya Sindurja | apa pantês iya kaya jêmparing | apa pantês kadi pandung | ingkang nganggit sumăngga | ing

--- 1 : 64 ---

karsane sadaya wong agung-agung | tan kenging tinêtêpêna | endrajala aran siji ||

19. kadya ta namaning drêpa | lan namaning surya kalawan sasi | angin banyu lawan ratu | mega kang sugih nama | Endrajala pinêndhêt prayoginipun | cumalorot anyiluman | solahe Sang Sindupati ||

20. dènnyarsa mulat Arjuna | nora ngèdhèng nanging Krêsna udani | Jayadrata solahipun | angling mring Dananjaya | sarwi nuduh ika Jayadrata mêtu | pasopati lêpasêna | age bok sêlak udani ||

21. Dananjaya ngungak-ungak | panêmbahan ênggène wontên pundi | cinènèng gandhewanipun | dèn kêbat ika apa | Dananjaya anjinjing sampun kadulu | mêmpêng tyas sigra lumêpas | kang sanjata pasopati ||

22. cumundhuk ing jangganira | tugêl Arya Sindurja angêmasi | Narendra Krêsna sru muwus | tundhanên sarotama | uncalêna mring gone wong tuwanipun | sigra mênthang sarotama | lumêpas tan angunduri ||

25. Durma

1. sirahira Sindurja kombul kabuncang | dening sarotamèki | praptaning gèn bapa | nuju têtêp mêmuja | kang pininta jro sêmadi | putra Sindurja | unggula ing ajurit ||

2. yèn pinatèn ing mungsuh aja tumêka | awake kang sayêkti | munga awak sulap | pinagasa ing mêngsah | yèn malês ambêbayani | satru sadasa | satus barênga mati ||

--- 1 : 65 ---

3. lajêng muja sidhakêp asuku tunggal | amatêk cipta êning | gadêbug ing ngarsa | sirahe sutanira | Jayadrata angêmasi | kagyat cinandhak | dhuh anak ingsun mati ||

4. hèh pagene sira mati tanpa bisa | dhuh tingalana mami | lagi amêmuja | anêdha unggulira | kunêng Sampwani anangis | Narendra Krêsna | cakranira ingambil ||

5. pan sumilak padhang malih kang baskara | surak Pandhawa sami | anglud rumabasa | gègèr baris Korawa | surya sampun sirat kuning | tunggang ancala | kukut sagunging baris ||

6. marang kuwu kumpul kang Sata Korawa | Duryudana nangisi | marang Dhanghyang Druna | pukulun sang pandhita | paraning karsa puniki | pun Burisrawa | kalawan Sindupati ||

7. palastrane satriya kalih punika | bêbau kanan kèri | paran pinulihna | dènira ngling ngrarêpa | kang samya wontên ing ngarsi | Sangkuni Salya | Karna Karpa prasami ||

8. kadi sênggruk-sênggruk Prabu Duryudana | paran tingkah puniki | punapa ing karsa | paman Sang Dwijawara | kadang manira kèh mati | pun Citradarma | Citrayuda ngêmasi ||

9. Upacitra Carucitra ingkang pêjah | Jayasusena mati | pun Răngga Durjaya | pun Durmagati sura | Durmasaha angêmasi | Citraksa pêjah | inggih wau ing jurit ||

10. dening Wrêkudara lawan Dananjaya | langkung saking prihatin | paran dika paman | ing karsa mulihêna | Druna sumaur

--- 1 : 66 ---

abêkis | sapa mapagna | mring Dananjayèng jurit ||

11. iya saking gêng sihe Hyang Jagad Nata | sapa kêlar nadhahi | pamuke Si Bima | lan sapa kêlar năngga | bobote sri narapati | Rajèng Wiratha | lan sapa kêlar malih ||

12. ananggulang bobote Natèng Cêmpala | dhuh dhuh ah [...]-na kari | sapa bisa nulak | gunane Nata Krêsna | wong agung kang limang siki | apan kinarya | mapagakên ing jurit ||

13. dadya muwus Suyudana marang Karna | inggih sadintên benjing | andika maguta | yudane kalihira | Arjuna Wrêkudara dwi | mugi mintaa | parentahe sang yogi ||

14. sigra mojar sagah Dipati Ngawăngga | mapag pamuke kalih | Parta Wrêkudara | suka Sang Duryudana | enjing têngarane muni | bala Korawa | muntab mijil anggili ||

15. saking kuwu wiwara kutha wangunan | kadya robing jaladri | myang Nata Pandhawa | wus ngirabakên bala | gêlar maksih kadi wingi | sarêng umangsah | lir paguting jaladri ||

16. sarêng têmpuh tan petungan samya mangsah | silih rok rêbut pati | ulêng ingkang bala | dêstun datanpa rungyan | magênturan ing ajurit | mawor liwêran | ubêkan angêbêki ||

17. ngamuk punggung Dananjaya Wrêkudara | nguculakên jêmparing | mêtu aling-lingan | sanjata bargawastra | Wrêkudara anguculi | Sri Yudhisthira | anêrêgakên baris ||

18. pan kalaut saking

--- 1 : 67 ---

ramening ayuda | surup hyang bagaspati | durung ana bubar | sangsaya ramening prang | kadya ampuhan gêng prapti | ramening yuda | awor awira-wiri ||

19. caruk kuwur awor wuru warah-warah | ingsun rewang pribadi | aja anêrajang | ana tutur namanya | wong Cêmpala ingsun iki | pan wong Wiratha | ingsun wong Dwarawati ||

20. wong Ngastina caruk rok aliru warah | ingsun wong sabrang iki | kang milu Ngastina | ingsun iki Măndraka | ingsun wong Ngawăngga nagri | akèh kang sambat | prajane siji-siji ||

21. nulya sami prawira mantri satriya | bupati para aji | ingkang munggèng rata | miwah kang nunggang gajah | samya ge suluhe prapti | obor sumêbar | abra lir udan api ||

22. amuwuhi praba bêranang paprangan | liwêran turănggèsthi | myang kang munggèng rata | liru bali gènira | wadya kadi dèn saringi | wangsul prasamya | manahe brata kingkin ||

26. Asmaradana

1. winangun ramening jurit | apajêg kang para nata | ratu sêsuruhan kabèh | ling-lingan saprênah-prênah | tugur patêmpuhing prang | swaraning surak gumuruh | Wrêkudara ngamuk nêngah ||

2. mêmilihi pra dipati | kang samya munggèng dipăngga | miwah nèng rata pinêngkok | akèh kang katiban gada | kèh pêjah kasulayah | myang Arya Dananjayèku | nguculkên sanjata dibya ||

3. punggawa Karna sinêkti | umangsah wahana rata | Druwajaya panêngrane [panê...]

--- 1 : 68 ---

[...ngrane] | ampuh prawira yudanya | sarwi angundha gada | akèh prawira kapupu | mati dening Druwijaya ||

4. sigra dènira nadhahi | Wrêkudara amrawasa | Sang Druwajaya patine | pan kasungsun praptanira | Satyaki ngamuk nêngah | mêmanasi yudanipun | akèh bupati palastra ||

5. dening prawira Satyaki | pira-pira goning raja | kang dhadhal dening pamuke | Radèn Rota Wrêsniwira | gumêrah kasulayah | ulêngan samya akuwur | sruning Satyaki krodhanya ||

6. sigra Sang Pratipeya glis | mangsah mênthang langkapira | mapak Satyaki pamuke | lumêpas sanjatanira | kêna sang Sinisuta | jajanya tan pasah kombul | kabuncang katut ing panah ||

7. kanggêk tibane atêbih | sigra Radèn Sanga-sanga | putra Satyaki nulya ge | mangsah mapag Pratipeya | rame panah-pinanah | gantya anglêpasi pupug | papag-pinapag sarosa ||

8. Sanga-sanga sura sêkti | Pratipeya pan prawira | tutug saangên-angêne | adangu lancaran panah | samya prawiranira | surak sinurak gumuruh | suka kang sami tumingal ||

9. sami prawirane kalih | Sanga-sanga Pratipeya | miwah prasami têguhe | dyan wau Sang Wrêkudara | tulung mring Sanga-sanga | pinanah Pratipeyèku | kanggêg kêna jajanira ||

10. ngunggut-unggut krasa sakit | wruh lamun Sang Wrêkudara | sigra jinêmparing age | kêna baune kang kiwa

--- 1 : 69 ---

kagyat Sang Wrêkudara | sèlèh bargawastranipun | umangsah anyandhak gada ||

11. saksana ginada aglis | Mahaprabu Pratipeya | rêmuk awor pan ratane | patine Sang Pratipeya | ginada Wrêkudara | atrangginas putranipun | pêpulih patining bapa ||

12. ngrêbut Wrêkudara aglis | krodha putra Pratipeya | adangu rame yudane | pinupuh kalih palastra | tanayèng Pratipeya | punggawa Karna têtulung | prawira Sang Drêtarata ||

13. pinupuh sampun ngêmasi | dènira Sang Wrêkudara | rêmêk sarta turanggane | Wrêkudara krura mangkrak | singa mangsah ginada | akèh prawira kang lampus | pangamuke Wrêkudara ||

14. mangsah arine Sangkuni | kêkalih samya prawira | Sang Gajaksa kêkasihe | lawan pun Saraba Sata | bêkta prajuritira | salêksa parêng tumanduk | angrubut Sang Wrêkudara ||

15. tan kewran pinrih ing jurit | rinoban Sang Wrêkudara | sigra pinênthang langkape | lumêpas kang bargawastra | akèh prajurit pêjah | dening kang bargawastrampuh | kosik sol kundur katrajang ||

27. Durma

1. saya wuru pamuke Sang Wrêkudara | rug sagung ingkang pinrih | sigra Sang Gajaksa | lawan Saraba Sata | kalih sarêng dènnya ngungkih | parêng mêmanah | ngêbyaki ing ajurit ||

2. maring Wrêkudara winalês pinanah | Gajaksa angêmasi | pêpulih kang raka | sira Saraba Sata | pinanah sampun ngêmasi

--- 1 : 70 ---

Saraba Sata | parêng arine mati ||

3. sapatine ari Sangkuni kalihnya | Korawa kêkês wiwrin | Prabu Duryudana | ngrarêpa marang Karna | papagên Wrêkudara glis | rukên pamuknya | miwah Parta Satyaki ||

4. Karna madêg sarosa asru sêsumbar | sampun maras sang aji | patine Si Sena | miwah Si Dananjaya | sayêktine angêmasi | mangke kewala | kula tan mawi kanthi ||

5. wusnya mojar Ngawănggapati sêsumbar | sanggupe amatèni | marang Bima Parta | Karpa nauri sabda | hèh Suryaputra sirèki | lamun angucap | kaya dudu wong bêcik ||

6. nora pantês rinungu para prawira | arêp wruh ingsun iki | pan Si Wrêkudara | ika lan Dananjaya | nora pantês sor ing jurit | dening wong kaya | sira ambêk kumini ||

7. jaba lamun ana mrêki sêsingat[1] | lawan yèn ana malih | keyong bisa ngucap | manawa têtêp uga | kalakon sumbarirèki | dudu satriya | maloto tan pakering ||

8. duk miyarsa krodha Sang Narpati Karna | ngayat căndrasa aglis | Karpa yun pinanah | sigra Sang Aswatama | kang paman dèn murinani | mèh cinăndrasa | mênthang langkapira glis ||

9. cêg hèh Suryaputra ingsun lawan sira | gupuh Sri Kurupati | nyandhak Aswatama | anglut pangrêpanira | aywa ta mêngkono iki | akèn mring Karna | kinèn lajêng ajurit ||

10. mangsah nêngah [nê...]

--- 1 : 71 ---

[...ngah] gumrit ratanira Karna | nglêpasakên jêmparing | mêtu pira-pira | kawur bala Pandhawa | gègèr tibaning jêmparing | Karna sarosa | wadya kagum kyèh kêni ||

11. kagyat Prabu Yudhisthira sru lingira | paran Dananjaya ri | nora mapagêna | pamuke Suryaputra | wadyanira padha ngisis | akèh kang kêna | dening Sang Suryasiwi ||

12. tanpa nolih palayune pra prawira | wingwrin kêkês ningali | yayi paran sira | têka mênêng kewala | apa ta nora nujoni | lawan kang karsa | jêng kaka prabu mangkin ||

13. sigra tanya Arjuna mring Nata Krêsna | pukulun sri bupati | paran ingkang karsa | pamuke Suryaputra | sintên tinuduh nadhahi | alon ngandika | Sang Prabu Dwarawati ||

14. lamun sira kang mapaga Suryaputra | durung mangsane iki | pan Si Gathutkaca | prayoga amapagna | apranga pêpêtêng bangkit | sigra Arjuna | nimbali Bimasiwi ||

15. sira kulup ingandikakakên mapak | Suryaputra kang jurit | sigra Gathutkaca | tumut marang kang paman | sampun prapta ing ngarsaning | Narendra Krêsna | Gathutkaca wotsari ||

16. dhuh pukulun kang sinuhun ing ngakathah | pun patik kang tinuding | bagya kamayangan | tuduh sang binathara | Arjuna nambungi aris | sira kang awas | bancana rêbut sêkti ||

17. sabudine tadhahana kawidigdan | amrih prawira luwih | pêpêtêng pêpadhang | gêlare Suryaputra | ujanên [u...]

--- 1 : 72 ---

[...janên] pamrihing sêkti | Narendra Krêsna | pangandikanya aris ||

18. iya kulup tadhahana uwakira | kêlawan tuduh mami | Gathutkaca nêmbah | pukulun gih sandika | yèn pangèstu paduka ji | praptèng antaka | tan kumêdhap pun patik ||

19. sampun mênggah katamakakên punika | langkunga saking sêkti | kadi Nata Karna | pangabêkti kawula | ing jêng paduka puniki | dadosa jimat | pangèstu saking pati ||

20. lan dadosa pikantuk mrawasèng mêngsah | yèn tiwas ing ajurit | paduka prênahna | kamulyan Ngendraloka | kawula tan nyipta urip | dening pun uwa | Ngawăngga dibya sêkti ||

21. Sri Bupati Krêsna kumêpyar tyasira | kaduwung jroning galih | luput ing pangatag | awlas ngungun ing driya | Arya Palguna ningali | marang Sri Krêsna | kaduwung kaprihatin ||

22. trênyuh tyase emut yèn rare kang putra | prasamya susah batin | Krêsna Dananjaya | sigra Sang Gathutkaca | nêmbah amit sigra mijil | mring rananggana | mapag pamukirèki ||

23. kandhêg balanira Narpati Ngawăngga | lamun ingkang nadhahi | wruh yèn Bimaputra | mangkrak sabalanira | singa nabda angajrihi | anut ing swara | dalêdêg kang jêmparing ||

24. miwah ingkang mijil saking astanira | ambrubul hru linuwih | samya ngrêbut mêngsah | Korawa akèh kêna | kanggêg Sang Karna udani | bala kèh pêjah | dening Sang Bimasiwi ||

25. kewran [ke...]

--- 1 : 73 ---

[...wran] pamukira Sang Arkatanaya | miris balane ngisis | Jathasuraputra | ditya pun Lêbusana[2] | ing nguni praptanirèki | sabalanira | raksasa sura sêkti ||

26. nêpung yuda umangsah sawadyakuswa | Lêmbusana ngajrihi | kumilat siyungnya | trisula pindha kilat | têmpuhing prang anadhahi | Sang Senaputra | rame dènira jurit ||

27. ujung dhêndha arame tikêl kang gada | gapyuk akuwêl sami | kaprawiranira | dugang-dinugang tatag | atutug dènira jurit | Sang Lêmbusana | kontit sirah dèn untir ||

28. pêdhot ingkang kapala Sang Lêmbusana | binuncangakên aglis | prapta gèning mêngsah | mangsah wil Lêmbusura | saha bala nêmpuh jurit | rame pinapag | sami ditya ajurit ||

29. orêg kadya rug prawata prakampita | gêtêr anggêgêtêri | patêr wêtu gêlap | ru-ara pabaratan | panggroning ditya rasêksi | Sang Gathutkaca | krura anyandhak aglis ||

30. Lêmbusura pinuntir pêdhot kang jăngga | binuncangakên têbih | Dyan Kalanasura | Kalasrênggi raksaca[3] | galak kruraya makikik | parêng umangsah | rame rok rêbut pati ||

31. datan kewran Bimaputra kinaron prang | cinandhak wus pinuntir | Kalasrêgi pêjah | gumrah bala Pandhawa | obore sumêblak asri | bala Korawa | sirêp suluhnya sami ||

32. Sang Kalanasura cinandhak jangganya | pêdhot asru pinuntir | raksasa [ra...]

--- 1 : 74 ---

[...ksasa] kèh pêjah | balane Lêmbusana | kêkês Korawa awingwrin | sapêjahira | wil wira patang siki ||

33. sabalane tumpês dening Gathutkaca | mangkana mangsah aglis | Narpati Ngawăngga | gumulung saha bala | ngrupêk sura mamrih titih | Sang Arkasuta | gumrit rata ing wuri ||

28. Pangkur

1. tinadhahan pamukira | Suryaputra dening Sang Bimasiwi | munggèng rata gêng mapêngkuh | tan osik sabalanya | bala Karna Korawa ngangsêg prangipun | dene bala ing Pandhawa | gagah agahan nadhahi ||

2. gumulung têtulung mangsah | Dananjaya nguculakên jêmparing | kumrutuk ngrampak manêmpuh | yayah mawêtu gêlap | Korawa pyuk wêtune rame kumrupyuk | popog gêdhêg kang gandhewa | adhêdhêg ewon makêthi ||

3. kontrag rug mawur wurahan | wadyabala Pandhawa sami ngusir | ginarujug liru pamuk | gègèr bala Korawa | Sang Karna duk mangsah mênthang langkapipun | Gathutkaca sinanjata | kêna rata lawan kusir ||

4. mulat wêngis krodhanira | Rawisuta wau ingkang jêmparing | rêmuk ingkang rata sumyur | anggêlasah ing lêmah | Gathutkaca trangginas mêcat mêndhuwur | wus anapak ing gêgana | gumuruh swara ngajrihi ||

5. sêsumbare munggèng ima | maya kadya gêrah Sang Bimasiwi | antara pêpêtêng rawuh | awor wêtuning gêlap | ing akasa kêlap-kêlap patêr guntur | kilat thathit aliwêran | sêsumbar lir manêngkêri [manêng...]

--- 1 : 75 ---

[...kêri] ||

6. angrês tyas Narpati Karna | anglês lêsu mungsuhe tan kaèksi | angawag pamanahipun | gugup maras kalintang | jêmparinge binorangakên atêpung | kanan kèri wuri ngarsa | ing ngandhap luhurirèki ||

7. kinêmpit munggèng cangklakan | marêp mungkur êlar-êlar jêmparing | dêngingakan manguk-manguk | rongèh ajalalatan | Gathutkaca sêsumbar anguwuh-uwuh | kadya gêlap magênturan | akon prayitnèng ajurit ||

8. gora gambira sabdanya | kadya butul bantala lan wiyati | limput tri buwana kêtug | sarsêk madya ibêkan | aling-lingan kapilêng talinganipun | lir swara Bathara Kala | duk krodharsa badhog bumi ||

9. wimbuh tiwikramanira | Suryaputra nguwuh payo ajurit | ing dharat padha kadulu | sarwi amênthang langkap | de kawarna wêtune jêmparing brubul | sumungsung marang gêgana | nanging nora migunani ||

10. kumrêsêk sanjatanira | ngayuh jumantara tan angênèni | tumpa-tumpa sungsun-sungsun | atup atap prasamya | tanpa karya lumêpas bramastranipun | cumundhuk marang gêgana | padhang kadya dèn obori ||

11. mêmpêng mêsu tiwikrama | Natèng Ngwăngga mêmanah ganti-ganti | sagung sanjata tumanduk | sadaya tan tumama | sigra Gathutkaca krodha mangsah niyup | arsa tumigas ing tênggak | mungsuh Sang Ngawănggapati ||

12. kewran Narpati Ngawăngga | dening sirna sanjata sadayèki | tyasira [tya...]

--- 1 : 76 ---

[...sira] ngrês utal[4] payus | sigra anyandhak konta | duk pinênthang laraping konta umurub | lumêpas konta tumama | ing jaja Gathutkacèki ||

13. trus pêcah kagyat Sang Arya | Gathutkaca tan ajrih praptèng pati | matia bela asampyuh | nêdya ngêjogi rata | Suryaputra prayitna malumpat mêdhun | umêsat atinggal rata | Gathutkaca wus nibani ||

14. ing rata Narpati Karna | rêmak rêmpu mati bela lan kusir | malêdug kang rata sumyur | Gathutkaca tibanya | kawaspadan bala Korawa gumuruh | patine Sang Bima suta | Narpati Karna ngunduri ||

29. Durma

1. rêp-rêp sirêp sagung prawira Pandhawa | wruh Gathutkaca mati | têrus ingkang jaja | dening kontane Karna | sadaya ngêsah anangis | tandang umangsah | ambêk parêng ngêmasi ||

2. Prabu Yudhisthira ngunggut-unggut ngêsah | lir kêna ing jêmparing | pêdhot driyanira | runtuh saking ing badan | katon rumêksa sanggyaning | putra mring uwa | Yudhisthira Narpati ||

3. pan sêkala ilang tyasing kapandhitan | minggah ing rata aglis | Prabu Yudhisthira | yayah kadi basmia | Korawa sadina uwis | Sang Dananjaya | liwung amêmalêsi ||

4. mênthang pasopati barênga palastra | sigra cinandhak aglis | mring Narendra Krêsna | alon dènnya ngandika | pagene rusuh sirèki | nganggo sanjata | durung mangsane iki ||

5. kèndêl mêndhak satriya Andananjaya [Andana...]

--- 1 : 77 ---

[...njaya] | nuwun umangsah aglis | pasopatinira | sinarungakên enggal | bramastra sampun pinusthi | mangsah malumpat | kadya thathit akêsit ||

6. Arya Drusthadyumêna sabalanira | kumêrug anglir wukir | guntur magênturan | prawira ing Cêmpala | Wrêkudara anglut pati | kadya tan napak | sahasta lawan siti ||

7. bêkah-bêkuh ngusapi luh saraweyan | gadane mobat-mabit | kadi anglêbura | wukir sakêthi curna | tuhu angebat-ebati | satru karêmpak | rêmpêk kang pra dipati ||

8. Narpati Wiratha Narpati Cêmpala | gumulung sawadyèki | yayah bumi kontrag | pamukira Pandhawa | kadi wukir rug kaguling | bala Pandhawa | ambyuk samya ngêbyuki ||

9. ramening prang aprang angêtog karosan | asru mêtokkên sêkti | krodhaning Pandhawa | kadya anglêbur jagad | bumi langit ting saluwir | kadya mangkana | isthaning mamèt pati ||

10. Drêsthakètu Patih Cêmpala manêngah | pamuke gêgirisi | akèh pra prawira | prajuriting Korawa | Yuyutsuh praptanirèki | milwa Pandhawa | lajêng mangsah ing jurit ||

11. sigra Dhahyang Druna ngabani wadyanya | makolihakên baris | yun ngêtog kadiran | ubêkaning payudan | rame

--- 1 : 78 ---

kang samya nadhahi | danguning aprang | kalihe samya arip ||

12. aprang wêngi sawêngi samya ubêkan | samya sayahe kalih | aripe prasamya | catho-cathone padha | prasasat aprang nèng tulis | wadya Pandhawa | miwah Korawa arip ||

13. galuyuran ana kang lajêng anendra | ngrêmpêlu nglindur ngimpi | sêsumbar ing aprang | akèh kang sami nendra | bangun wijiling kang sasi | samya manyandhak | gêgamaning ajurit ||

14. ting kalêthêk sami anyandhak gêgaman | rame paworing jurit | pêpaguting papan | pupuh-pinupuh papag | apêrang-pinêrang gênti | rukêt pragola | jambak-jinambak wèni ||

30. Sinom

1. kunêng ramening ayuda | wuwusên Dèwi Arimbi | langkung ardaning pamular | dènnya putrane ngêmasi | pan arsa ambelani | mring putra ingkang kapupu | mati prang Bratayuda | Arimbi ciptanira wis | tan sumêlang bela alêbu tumangan ||

2. wèh sungkawaning kang mulat | tangise Dèwi Arimbi | karangkat sadayanira | mring Gathutkaca kang mati | dene dèrèng akrami | akarya belaning ibu | akèh kang sami bela | prasamya belani laki | mung Arimbi bela belani kang putra ||

3. dhuh lae atmajaningwang | antènana ibu dhingin | lagi pamit uwakira | Kusuma Dèwi Drupadi | prapta Dèwi Arimbi | umarêk ing ngarsanipun | Rajaputri Cêmpala | miwah maring Dèwi Kunthi | pêgat-pêgat ature

--- 1 : 79 ---

Arimbatmaja ||

4. pukulun Pandhu dayita | kawula anuwun pamit | bela ing wayah paduka | kang pêjah madyaning jurit | angrangkul Dèwi Kunthi | mring Arimbi putra mantu | Arimbi aturira | ajanmaa maring pundi | sampun pisah lawan sagotrah Pandhawa ||

5. nêmbah mring putri Cêmpala | pukulun sang mahadèwi | dulunên sariraningwang | nyuwun pangèstu sang putri | kawula ambelani | pun Gathutkaca pukulun | dene ta jêng paduka | majanmaa dhatêng pundi | mung kawula maksih angèstupada[5] ||

6. mugi kawula angsala | apura mring bathara di | dene ta pun Gathutkaca | patine mèlu nglabuhi | karyaning Pandhawa di | mila kawula pukulun | mati tan milu ditya | tumut binêkta ing siwi | dadya tumut kautamaning manungsa ||

7. Dèwi Drupadi karuna | datan bisa anauri | ature sang arsa bela | rinangkul Dèwi Arimbi | dening Dèwi Drupadi | dhuh sang sungkawa riningsun | pan sira padha-padha | trênyuhing tyas ingsun yayi | kayaparan risang para siniwaka ||

8. apa Basudewaputra | wus ngênakkên sira yayi | dènira belani putra | umatur Dèwi Arimbi | inggih sampun sinêksi | ing kautamaning lampus | angrês putri Cêmpala | iya yayi sun èstrèni | gumantuka pitulung maha bathara ||

9. Dèwi Arimbi mit nêmbah | sigra mring payudan aglis | praptèng gon sang palastrèng prang | munggah pancaka wus bêsmi | kang ngiring

--- 1 : 80 ---

sami mulih | kunêng kang wus bela sunu | wau Nata Pandhawa | prapta ing enjing wus mijil | kirab sagung para nata nata bala ||

10. gumuruh gong mawurahan | prawira mèt ing gon sami | satriya kang pra dipatya | wus tata barise dadi | pangkate para mantri | tan owah sajuru-juru | wus tata gêlarira | tan ewah kadi duk wingi | gumarubyug wêtuning bala Korawa ||

11. gong bèri surak gumêrah | wus arakit punang baris | lor kidul sampun tinata | Pandhawa sigra ngabani | Drusthadyumêna aglis | sasmita akèn umagut | mangsah bala Pandhawa | ing rèhnya sang senapati | Rajaputra Cêmpala tan mundur ing prang ||

31. Durma

1. mangsah sagung prawira bala Pandhawa | gumulung ing ajurit | sêsêk magênturan | sigra Sang Dhanghyang Druna | angatag sagung prajurit | bala Korawa | gumuruh anadhahi ||

2. têmpuhing prang Druna ngirid pra prawira | ngamuk anêdya titih | rumêksa ing aprang | Dhanghyang Druna sahasa | sigra prawira Satyaki | mapag umangsah | Druna pamukira glis ||

3. nglêpasakên sira Radèn Wrêsniwira | kahru trisula lungit | ping pat pêsatira | sanjata Wrêsniwira | Korawa akèh kang mati | dening trisula | sira Radèn Satyaki ||

4. Sêtradarma lawan Narpati Cedaka | mati dening Satyaki | ya ta surya minggah | padhang lampahing surya | kang ayuda suka sami | Raja Wiratha

--- 1 : 81 ---

mangsah nrêgakên baris ||

5. lawan Arya Păncawala dyan umangsah | Prabu Cêmpala aglis | anutakên wayah | Păncawala ing yuda | tandya nguculkên jêmparing | kumêbul sigra | Druna dènnya nadhahi ||

6. mati gêsêng sanjatanya Păncawala | têmpuh sami jêmparing | prabu ing Cêmpala | krodha dening kang wayah | sanjatane pupug mati | de Dhanghyang Druna | nulya marpêki aglis ||

7. miwah Prabu Maswapati anarajang | Druna rinêbut jurit | linantaran panah | Druna datan tumama | lor kidul aprang pribadi | samya busêkan | tan tulung-tinulungi ||

8. Druna lawan Prabu Cêmpala Wiratha | Păncawala mangungkih | linêpasan panah | Druna datan tumama | rinêbut ing kanan kèri | sang dwijawara | munggèng rata tan osik ||

9. sigra Krêsna lawan Prabu Yudhisthira | prasamya atut wuri | umara gènira | aprang Sang Păncawala | miwah Wiratha Narpati | Natèng Cêmpala | miwah Wrêkudara glis ||

10. tinggal mungsuh sakala marang gènira | ingkang kesisan jurit | Sang Druna kinêpang | angling Narendra Krêsna | Arjuna kinèn nguwisi | pamênthangira | gandhewa kang umili ||

11. maronoa tutura mring Dhanghyang Druna | yèn Aswatama mati | Arjuna lumembak | mring Prabu Yudhisthira | paduka angsunga warti | kang raka mojar | yayi manira ajrih ||

12. ila-ila goroh mring guru tan kêna | sigra [si...]

--- 1 : 82 ---

[...gra] prabu ngêjèpi | Wrêkudara ingkang | sinasmitan mring Krêsna | malumpat saha gada glis | ana swatama | gajah Malawapati ||

13. tinarajang wus panggih gènira yuda | ginada wus ngêmasi | Narpati Malawa | pêjah lan gajahira | swatama namaning èsthi | Sang Wrêkudara | sigra praptanirèki ||

14. mangkrak swara praptanira Wrêkudara | yèn Aswatama mati | Druna gudandapan | anguwuh Yudhisthira | prabu tutura sayêkti | apa ta nyata | Si Swatama ngêmasi ||

15. ya ta kewran sira Prabu Yudhisthira | Narpati Krêsna angling | nuntên saurana | kalairan Swatama | batine maringa èsthi | sigra wêwarah | Prabu Yudhisthira glis ||

16. inggih èsthi pun swatama sampun pêjah | Druna duk amiyarsi | wuwus Yudhisthira | sru anjrit nibèng rata | anèng jro dènnya gumuling | dewa ngawiyat | samya nglokakên mati ||

17. nawurakên sumawur kang kêmbang-kêmbang | Drusthadyumêna prapti | minggah marang rata | sigra dènira nigas | mustakaning Druna Rêsi | ingundha-undha | Yudhisthira ngaruhi ||

18. nora eman anugêl sirah pandhita | Sang Drusthadyumêna glis | sirah Dhanghyang Druna | binuncangakên sigra | mring gène Sang Kurupati | binandhêm sirah | kagyat jumbul kaèksi ||

19. tumingal ing sirah Dhanghyang Druna tigas | lumumpat Kurupati | gègèr baris dhadhal | kawur Sata Korawa | bala Pandhawa mangungsi

--- 1 : 83 ---

umulung kambah | kosik rusak katindhih ||

20. marga senapatine wong tuwanira | Druna wus angêmasi | dene kang anigas | Senapati Pandhawa | sirahe ingundhi-undhi | ingala-ala | ginutukakên nuli ||

21. tandang krodha Swatama sigra umangsah | mênthang gandhewa aglis | sanjata dahana | lumêpas mumbul mubal | bala Pandhawa umiris | gègèr katiban | ingkang sanjata gêni ||

22. kagegeran dening sanjata dahana | mawur sagung prajurit | Parta kinèn mangsah | mring Prabu Yudhisthira | mapag pamuk Drunasiwi | Sang Dananjaya | pijêr-pijêr anangis ||

23. iya dening pêjahe gurune Druna | Wrêkudara sru angling | nora kaya sira | cinging pangulahira | gurune mati sinêdhih | apa ta sira | kudu ngungsi ing wukir ||

24. miwah sira lumuh marang kasatriyan | susah guru ngêmasi | yèn nora sêdhiha | ujare wong atuwa | ingsun dhewe kang nadhahi | Si Drunaputra | pamuke tan kawuri ||

32. Pangkur

1. prawira Satyaki mojar | Drunaputra ngamuk sanjata agni | bênêre mapagna iku | iya Drusthadyumêna | jêr patine sang rêsi kang nigas iku | pamuke wong akèh nyandhang | mara papagna [pa...]

--- 1 : 84 ---

[...pagna] dèn aglis ||

2. krodha Dyan Drusthadyumêna | mênthang laras Satyaki nyandhak bindi | Dyan Wrêkudara agupuh | gujêngi Sinisuta | punggawa glis agujêngi astanipun | Sang Rajaputra Cêmpala | sapih kang brawala kalih ||

3. Narendra Krêsna parentah | Sang Drusthadyumêna kinèn ngundhangi | prajurit wahana sampun | kinèn mudhun sadaya | saking gajah rata turăngga wus mudhun | samya aprang anèng dharat | amung Sang Wrêkudarèki ||

4. kinèn anitiha rata | mring Sri Krêsna Wrêkudara nulya glis | minggah ing rata gya tinut | ing jêmparing pawaka | ingkang dharat tan ana pinaran iku | amung Bima munggèng rata | rinubung sanjata agni ||

5. tan arsa nêmpuh kang dharat | Parta mulat Bima rinubung agni | yeka barunastra gupuh | panulakira Parta | kang sanjata dahana wus samya larut | dening kang sanjata toya | Swatama merang tan sipi ||

6. mêmpêng mênthang langkapira | mêtu mulêk pawaka kang nêkani | tinulak samya kapusus | sirna ingkang pawaka | langkung mulês kawus Drunatanayèku | morot anglès balurutan | ngungsi mring guwa têtaki ||

7. mamrih wuwuha santika | sigra Wrêkudara ngamuk mapulih | myang Satyaki parêng ngamuk | pira-pira kang pêjah | rusak mawur Korawa mawut malêdug | ingusir bala Pandhawa | pira-pira kang ngêmasi ||

8. de Satyaki Wrêkudara | Drusthadyumna Sang Sri Wirathapati | [...]

--- 1 : 85 ---

[...] Cêmpala Prabu | pamuke kang punggawa | ambalêbêg mangèrnawa ingkang marus | rahing Pandhawa Korawa | wangkening kuda lan èsthi ||

9. myang rata minăngka karang | minăngka ron sagung astaning janmi | busana minăngka lumut | lêlayu lan bandera | kadi padma sirahing mantri kang pugut | rêsrês pêputungan panah | awèh ngrêsing kang ningali ||

10. kalihe makuwon samya | unduripun wau sagunging baris | tistis pabaratanipun | yayah kadi karuna | dènnya sami tinilar ing para ratu | kêlabing rah kang kanginan | kadya mèt waspaning tangis ||

11. kunêng ing dalu winarna | Duryudana gunêm lawan para ji | sakèh para punggawa gung | para ratu pituwa | Salya Karna munggèng ngarsane Sang Prabu | Duryudana angrarêpa | mring Natèng Ngawăngga aris ||

12. dhuh kakang Prabu Ngawăngga | têtulunga pun ari kawlasasih | mugi têtêpa saèstu | sumăngga ing pun kakang | pangrèhira Ngastina sadayanipun | ah ah kaka nurutana | panangise pra dipati ||

13. kang pininta mung jêng kaka | angêmonga sajroning prang puniki | malah prajurit sawêgung | suka matiyèng aprang | yèn pun kakang kang ngadêgi ing prang pupuh | pirangbara asagêda | mêmalês sih sang tulung sih ||

14. apan kariyin sanadyan | duk ing senapati sang maha yêkti | prakawis sirnaning ripu | tan lyan pa-[...] arsa | inggih kakang Ngawăngga ingayun-ayun | apan ing ||

--- 1 : 86 ---

mangke wasisan | kasenapatèn mêmanis

33. Dhandhanggula

1. aturira Sang Ngawănggapati | sampun paduka na-[...]-ndra maras | prakawis mêngsah sirnane | dening wijayadanu | [...]-mun mêksih wontên ing mami | sampun-sampun paduka | [...]-saya sang prabu | saksana wus sinêksenan | nata [...] kang umadêg senapati | Ngalaga ing Korawa ||

2. [...] kung asri bujana kang mijil | dananira Prabu Duryudana | [...] Sri Karna busana kèh | mantên-mantên jumêrut | para sewa-[...] ta prapti | maharsi namudana | anjayakkên prabu | kang [...] senapati Nglaga | wus misuwur prameya prawira mantri | anut [...]-ka sadaya ||

3. sawadyanya Sang Ngawănggapati | pini-[...]-lin ring Sang Duryudana | watara para mantrine | miwah sabala-[...]-pun | langkung sukanira narpati | Ngawăngga pinasrahan | [...]-se sabala gung | budhal saking ing ngayunan | pra dipati [...] mring pakuwon sami | akumpul pirêmbagan ||

4. [...]-s sinung parentah samya mulih | sakathahe ingkang pra dipatya | amakuwon dhewe-dhewe | ya ta wau kawuwus | pa-[...]-ntri Ngawănggapati | tuwin para satriya | tanapi pra a-[...] | isining purèng Ngawăngga | jalu èstri sêpuh anèm sami [...] | dene ta gustinira ||

5. salamine madêg senapati | wau ta akèh sasmitanira | dalajade ala kabèh | wit-witan puranipun | samya alum upama ngalih | karang laru[...] [laru...]

--- 1 : 87 ---

[...[...]] oyodira | rungkad sing gènipun | lawan wêcaning pa-[...]-ta | Natèng Ngwăngga mati prang Bratayudèki | amanggih [...] siya ||

6. nging sajrone wêcaning pra rêsi | prate-[...] Narpati Ngawăngga | aja dadi kêdhah-kêdhèh | sayê-[...] ayu | utamane puruna balik | têmah antu-[...] | ing karatonipun | nanging sagung kang sewaka | tya-[...]-s tan ana kang sukèng galih | jalu miwah wanita ||

7. [...] wanodya jro puri | samya alum mung cipta sungkawa | [...] inggar manahe | mari manawur mênur | panganggite gambir [...]-thi | warsiki sumarsana | mangu kapirangu | Sang Narpati Kar-[...]-mriha | kasukane para dyah sami winisik | pacaking ka-[...]-sikan ||

8. tanduking raras rêsmining nguni | datan angun-angun lir ing kina | kêkênan unang onênge | agung pamalating kung | kêmbang kêmba ing susah sêdhih | luwaring lilir mular | amêmalar parlu | kadya dhudhah kasarambah | abarubah kang gundhik kadhudhuk ngimpi | dhadhakane kawêdhar ||

9. mijil ing jawi anamur wadi | siniwèng punggawa kang anèng ngarsa[6] | para dyah ngaturkên impèn | pukulun sang aprabu | impèn kula ing wau ratri | paduka acangkrama | lan putra sang prabu | miwah pramèswari nata | nitih palwa nêngah baitèng jaladri | nanging tan kongsi mêntas ||

10. palwa kèrêm têngahing jaladri | paduka tan wontên katingalan | miwah sagarwa putrane | kasaru [ka...]

--- 1 : 88 ---

[...saru] praptanipun | caraka kang saking jro puri | praptane tur uninga | yèn pura kapusus | malah wismèng măndhakiya | pagulingan dalêm akatut ing angin | mulêg lesus walikan ||

11. nalikane prapta dutèng puri | nuju siniwèng [...]-sesa | wicaksana sujana ngrèh | amis asring da-[...] | pêtêng têmah pêpadhang bangkit | wruh sasmitaning cipta | ingu-[...] kêcut | wèh kawus yèn kawuwusa | nêmbah matur punika [...]-ning gusti | dayita ngămandaka ||

12. ing batine mrih kondur sang aji | kangên ing manis paduka nata | pangrawating gănda kabèh | nênggih lunturing pupur | bêngkêring kang prêmbayun kalih | sintên ingkang nguyêka | pan amung pukulun | gumujêng Natèng Ngawăngga | sandi karya pawarta ginati-gati | bênêr mrih kondur ingwang ||

13. nêmbah matur mantri kang binangkit | sampun adat pukulun wanita | ing pamrih amung sukane | tan mikir nisthanipun | ing prawira marasing pati | pati-patining aprang | utamaning ratu | yèn unggul angrèh nagara | pan paduka ing tri buwana sinêkti | sintên nadhahi ing prang ||

14. sintên gadhah kadi paduka ji | wijayadanu luwih payudan | lan sintên năngga wawrate | kathah kang para ratu | myang satriya satriyèng pundi | gadhah wijayacapa | pamunahing satru | mêngsaha dewa rasêksa | măngsa sora ing sanjata paduka ji | tuhu tanpa sisihan ||

15. suka Risang Ngawăngga Narpati | nanging parèstri [pa...]

--- 1 : 89 ---

[...rèstri] tan ana ilang | sungkawanirèng driyane | dènnya sa-[...] kadulu | jro supêna ingkang nètèsi | apan atu-[...]-mpa | sasmitaning lampus | dadya para sining pura | mung [...] tan wande bela ing laki | kunêng gantya winarna ||

16. [...]-ne Nata Pandhawa di | miwah ing Dwarawati Narendra | [...] para ratu kabèh | rame sakuwu-kuwu | kèh swara [...]-la iwêngi | gu-[...] awurahan | gong pating jalêgur | pakuwone para nata | duk samana sang prabu ing Dwarawati | lan Prabu Yudhisthira ||

17. nut ingkang ngrèh Prabu Dwarawati | ing dalu samya kesah lêlana | ngubêngi paprangan kabèh | mung Dananjaya tumut | lan para ri samya pinilih | larape kang sanjata | minăngka sêsuluh | sang narendra ingkang karsa | Prabu Yudhisthira lan Dananjayèki | kinèn angumpulêna ||

18. sirahe Dhanghyang Druna kang mati | kang tinigas payo kumpulêna | iya kalawan badane | bêcik wong bêkti guru | atêrêna kamulyan pati | unggahna ing pancaka | wangunên pratunu | tanpa gawe tinangisan | Dananjaya miyarsa pangandika ji | nut ing rèh Nata Krêsna ||

19. samya ngiring Prabu Dwarawati | Prabu Yudhisthira lan Arjuna | praptèng paprangan lampahe | angubêngi rumuhun | akèh ingkang katon ing wêngi | samya dharat kewala | wong agung katêlung | Sri Krêsna andikanira | miwah Bisma wangkene unggahna

--- 1 : 90 ---

nuli | marang bojodan rata ||

20. nuli sêmbahên lan aminta sih | iku yayi kang luwih utama | yêkti ana pakolihe | kalih nuwun turipun | Yudhisthira Dananjaya di | lêrês sabda paduka | puniku pukulun | Korawa tan wontên nyipta | amênêdi ing layone sang ayogi | dadi têmbung kapiran ||

21. wus mangkana pan sarwi lumaris | tistising marga lir jurang-jurang | tênggêr-tênggêr ing bangkene | gajah pating kandhukur | rata-rata kang rêmuk sami | ingkang minăngka karang | pèrèng-pèrèng parung | lawan têtugêlan panah | bangkening turăngga rambute prajurit | lêlumut ganggênging prang ||

22. pinggiring papan kumpuling têpi | pêpanthane mastaka kalembak | kalaban ilining gêtèh | gêlagah lan rêrayung | sukêt-sukêt sasat kabêsmi | godhong kasêlut ing rah | kapanasên marus | sukêt kadi asêsambat | yayah ingkang galagah galuga gêtih | mirut kerut ing têgal ||

23. sangsaya nêngah wong agung katri | rêngkêt angèl margane ingambah | dene warnane bangkene | wong agung kang katêlu | arus amis cinipta wangi | dènira mrih utama | utamaning laku | kang angèl cinipta gampang | amis bacin tan ajrih cipta amrik[7] | mrih praptaning sri nata ||

34. Sinom

1. ya ta wong agung katiga | tan ajrih anapak jisim | wontên prawira kang pêjah | kalêngêr ramening jurit | kasasaban ing jisim | kèlês ing

--- 1 : 91 ---

rata [...]-maku | miwah ingkang dipăngga | mung sirahe aling-aling | bêbadhonge satriya kang mati ngrana ||

2. dadya kalumut sadaya | awak abang dening gêtih | pan ora rupa manungsa | têkan rambutipun abrit | kinaluwa ing gêtih | mêntas saking jroning marus | têkên putungan laras | lakune ririh [...]-rintih | dènnya ngêlih lamine mêndhêm jro bathang ||

3. kêpê-[...]-k ing lampahira | marang ing wong agung katri | pinarnahakên ing marga | miwah kang kapapag malih | rumangkang mêmpis-mêmpis | tatune sari arênyuh | ngèsèr-èsèr lumampah | kapapag anjaluk warih | pinaringan sêpahe wong agung tiga ||

4. praptèng têngah pabaratan | lampahe wong agung katri | ana buta pating glidrah | angigêl anginum gêtih | cikrak-cikrak mucicil | suka tutuk minum marus | tan wruh ana manungsa | dug gêbyaring kilat thathit | samya kagèt lumayu ngalih gonira ||

5. anêngah wong agung tiga | sangsaya pringganing margi | gung ngidak dhadhaning gajah | ulêkan rah abantoni | asukêt rawis-rawis | angrambuyut rambut-rambut | ajur mumur rumujak | têtugêlaning jêmparing | rês-êrêse rêrênyuhaning bêbathang ||

6. praptèng gon wangkening Druna | lampahe wong agung katri | sirahe katon awor rah | sigra pinêndhêt tumuli | kinumpulakên aglis | ing rata lan bangkenipun | angling Narendra Krêsna | payo sêmadinên [sê...]

--- 1 : 92 ---

[...madinên] aglis | mêmintaa pangaksamèng rananggana ||

7. sigra Prabu Yudhisthira | mangsah nungkêmi padarsi | dhuh [...] sang yêkti wara | pangaksamanta sayêkti | luputa pa-[...] | atêmah prang lawan guru | langkung nisthaning lampah | tan nê-[...] utami | yèn tan wontên pangaksamèng dwija[8] ||

8. [...]-nane sang maha dibya | pun Yudhisthira tan sipi | lingsêm ma-[...]-wata | mugi-mugi sang ayogi | ila-ila lan sa-[...] | [...]-king duskarta kapusus | sirnaning mala-mala | wus sira [...]-bêkti | dyan tinunu musna sarêngganing rata ||

9. lajêng [...] gung katiga | mring gène Bisma ngêmasi | kunarpane [...]-n sirna | awor lawan jisim-jisim | nging Prabu Dwarawati | ta-[...]pmar sampun atuduh | sigra Sang Darmaputra | mangsah ngimpun ba-[...]-lit | sarwi nangis Arjuna lan Yudhisthira ||

10. ingi-[...]-akên ing rata | sawontêne ingkang kari | sigra kinu-[...]-g ing dupa | umangsah Yudhisthira Ji | kalawan Arjuna [...] | kathah pangabêktinipun | pinêsu puja măntra | Narendra Krêsna jênêngi | munggèng ulon kang pinuja tinangisan ||

11. asangêt dènnya karuna | Arjuna Yudhisthira Ji | dhuh hyang kaki maha dibya | kinalulut ing dewa sih | dèn agêng-agêng kaki | aksamanta mring pun putu | apan botên anêdya | ulun wani mungsuh kaki | luputêna ing wêwalat ila-ila ||

12. satêlasing bêktinira | ana suwara dumêling | rawa[...] [rawa...]

--- 1 : 93 ---

[...[...]] piyarsa | hèh putuningsun sirèki | aywa sang sa-[...]-lih | ing praptanira mas putu | mênêti kunarpèngwang | nê-[...]-têring pati | mring kamulyan tuduhe Narendra Krêsna ||

13. iku wus dadi ngalamat | tuduhe sang bathara di | ru-[...] ta Korawa | luhure yudanirèki | praja Ngastina [...] | sakabèh praja gung-agung | kaduwe marang sira | a-[...]-tira pasthi | saranane iya Sri Bathara Krêsna ||

14. [...] iya Si Dananjaya | karone sarana pasthi | tutu-[...]-na Bratayuda | sira ingkang jayèng jurit | lah wis muliha [...]-mi | kunêng wangke wus tinunu | kalih sarêng anêmbah | ing ti-[...] sang maha yêkti | sarêng bubar kondur wong agung katiga ||

15. sarêng prasamya asiram | wadya gung kang mêthuk prapti | prasamy suka tumingal | atas diwangkara mijil | wusnya asiram sami | lajêng amakuwon sampun | umung swaraning bala | gumêrah anata baris | nêdya mangsah tan ana mundur ing aprang ||

35. Durma

1. enjing budhal têngara umung wurahan | lir robing jalanidhi | bala ing Pandhawa | muntab arêbut papan | gêlare misih ing nguni | bala Korawa | mijil gumuruh atri ||

2. sakalangkung gunge barising Korawa | [...]-t salin senapati | nanging gêlarira | dèrèng salin kang cakra | sarêng umangsah ing jurit | mungsuh lan rowang | lir paguting jêladri ||

3. ura-uru gumuntur panêmpuhira | rame [ra...]

--- 1 : 94 ---

[...me] parêng ngêbyuki | kudèsthi myang rata | sêlur wira liwê-[...] | kadya trunaning udadi | rèh magênturan | manrêg si-[...]-k titih ||

4. sami suranira ingkang pra dipatya | miwah [...] aji | saha balanira | lir têdhuhing akasa | wira-[...]-dya mati | kuda dipăngga | rata akèh kang mati ||

5. satriyane acaruk sami sudira | aprang sadina nênggih | [...]-t linut kewala | karya pucuk pangabar | rèhne kang senapatya di | ramening yuda | mundur kasapyèng ratri ||

6. [...]-kang bala Korawa miwah Pandhawa | sami gunêm ing wêngi | [...] Sri Korawa | Duryudana prasamya | nginum sagung pra dipati | para narendra | ngiras prasamya mikir ||

7. Narapati Ngawăngga alon turira | mring Prabu Kurupati | pukulun [...] nata | kula minta pangrêksa | sarati ingkang prayogi | [...]-kang mèmpêra | Narpati Dwarawati ||

8. kang rumêksa ing yudane Dananjaya | ingkang anyaratèni | sarati utama | ing ngriki sri narendra | rama paduka sang aji | Natèng Măndraka | amung ingkang prayogi ||

9. timbang lawan Sri Bupati Danardana | wira panggah ing jurit | masesa sumbaga | Sri Narapati Salya | dènira pininta dadi | sarati nujwa | nèng ngarsèng pra dipati ||

10. sigra Prabu Suyudana mangsah marang | Nata Salya mêrpêki | matur angrêrêpa | ngasih-asih mlasarsa | kadya marêmbèh mèh nangis | Narendra Salya [Sa...]

--- 1 : 95 ---

[...lya] | susah têmahan runtik ||

11. ciptanira Sri Maha Narpati Salya | dening Karna turnèki | samuaning kathah | sarta amawi umbag | mangkana Karna turnèki | yèn kalakona | Salya anyaratèni ||

12. pasthi sirna mungsuh lêbur sa-[...]-nanya | saking ciptaning galih | ubayaning driya | mila Salya sru ewa | miyarsa lajêng apurik | akondur sigra | Duryudana nututi ||

13. mêndhak nangis amêngkul suku mangrêpa | dhuh bapaku sang aji | luhung pêjahana | yèn bapa jita-[...]-sa | ngukup ing anak kaswasih | Natèng Măndraka | cinangkol tyas pinanjing ||

14. dadya sagah anyaratèni ring Karna | suka kang pra dipati | samya ngarsa-arsa | sanggupe Natèng Ngwăngga | kunêng Korawa kang sami | eca tyasira | Pandhawa kang winarni ||

15. pirêmbagan sagung kang para dipatya | miwah para narpati | ingkang pinituwa | Cêmpala lan Wiratha | Narendra Krêsna lingnya ris | mring Dananjaya | yayi sadina benjing ||

16. dèn abêcik sira ingkang mapag yuda | yudane senapati | Narpati Ngawăngga | gêgêdhug ngadilaga | babo dèn angati-ati | aywa pêpeka | yêkti abêbayani ||

17. nêmbah matur Arjuna sumanggèng karsa | ngling Prabu Dwarawati | asalina gêlar | amanguna căndrasa | wulan tumanggal prayogi | ya kawruhana | wêwatêkaning jurit ||

18. dumuk angun-angun Dipati Ngawăngga | banjur galak ing

--- 1 : 96 ---

jurit | marmane papagna | gêlar wulan tumanggal | pucuking arda căndrèki | Bima ing kanan | Satyaki munggèng kèri ||

19. sira Dananjaya tênggak arda căndra | yayi prabu ngênggèni | sawurining têngah | sira Drusthadyumêna | para pituwa ing wuri | Madrimtanaya | milu ing têngah benjing ||

20. wus adadi gunême enjing kawarna | Korawa samya mijil | Narapati Karna | tinuwuk puja măntra | binoja-boja mênuhi | kêkirab wadya | umung kêndhang gong bèri ||

21. puksur gurnang lir manêngkêr dirgantara | umob brubul anggili | lir samodra wutah | gunging bala Korawa | tuhu yèn datanpa wilis | tanpa wangênan | andhêndhêng ponang baris ||

22. kadya alun kumêlun kumêlap-kêlap | daludag amilêti | wèh prabaning papan | ingkang minăngka teja | dipăngga ingkang sakêthi | palananira | rêtna rinukmi-rukmi ||

23. lawan rata salêksa busananira | rukmi [...]-tik-patik | ing rêtna sêsotya | kumênyar muncar-muncar | mancur mancurat nêlahi | ing dirgantara | mulêt angilat thathit ||

24. para ratu wus sami amilih papan | kang munggèng rata sami | jêjêling gêgaman | kandêl tipisnya rampak | katimbun-timbun matindhih | kyèhning gêgaman | tanpa watês kang baris ||

25. kadya wukir kasorotan diwangkara | nalika mèh umanjing | rêp ing jaladiyan | bêranang kang busana | gêlare [gê...]

--- 1 : 97 ---

[...lare] mangkana dadi | tiningkah-tingkah | kang munggèng ing sêsupit ||

26. senapati Ngawăngga nèng tutuking glar | putra [...]-sah sumandhing | Arya Wrêsasena | tan têbih lan kang rama | [...]-pit têngên kang tinuding | Arya Durmuka | Korawa sura sêkti ||

27. Arya Suman kang munggèng sêsupit kiwa | Suman iku Sangku-[...] | sakêthi balanya | kukuh sami prawira | Durmuka ngirid sa-[...] | samya prawira | kukuh kang munggèng wuri ||

36. Pangkur

1. kang munggèng gêgithokira | Duryudana kinubêng ing prajurit | dene kang munggèng bêbuntut | sira Arya Sudarma | munggèng [...] sakathahing para ratu | gumuruh swaraning bala | ku-[...] tata baris ||

2. kunêng barising Pandhawa | wus samêkta kêkirab kang prajurit | pra dipati para ratu | sajuru-jurunira | umob gili dalêdêg dhêdhêt ambrubul | kadya trunaning udaya | wutah ngêlèbi wanadri ||

3. amarwa-[...]-mbang | srining bala gumuruh masang rakit | arda co-[...]-pun | iya wulan tumanggal | wus adadi kadi gunême ing dalu | kang munggèng dhadha pangawat | tutuk têtênggaking baris ||

4. mung Yuyutsuh sabalanya | sinusulkên milu dhadhaning baris | gêlar căndrasa wus kukuh | ganthêng dhêndhêng asasar | tan kadulu wêkasane lor lan kidul | kadya têdhuhing akasa | gunging baris tanpa wilis ||

5. daludag kadya wangkawa | kuwung-kuwung tumeja angênèni | tinon tanpa watêsipun [watêsipu...]

--- 1 : 98 ---

[...n] | atub atumpa-tumpa | kandêl jêjêl atimbun sungsun-sumungsun | Korawa mulat gêlarnya | Pandhawa angrêspatèni ||

6. sawênèh bala Pandhawa | lagya mijil saking kuwune sami | ya mitya kardha kadurus | madudung katawêngan | de têgêse ana bala katalanjur | ambujung mungsuh kalingan | liyane baris gêng sami ||

7. Narpati Karna ngadhangkrang | menga-mengo ngungak-ungak ing baris | Natèng Măndaraka sampun | Sadya nèng rata Karna | Karna matur mring Măndraka Sang Prabu | hèh pukulun panêmbahan | baris Pandhawa gêng yêkti ||

8. gumêlar tanpa wangênan | dhêdhêt dhêndhêng alang ujuring baris | jêjêl atambah matimbun | kathah nging tanpa karya | inggih dening pun Suryaputra pukulun | tan wande wukir kunarpa | kasulayah tumpês tapis ||

9. ing pundi gèning Arjuna | lawan Wrêkudara tan wande mati | [...]-dya ge panyipta ulun | basmi bala Pandhawa | anglir nu-[...]-mulo têmah kagêmpur | dening hru wijayacapa | kê-[...]-robing samodragni ||

10. lêburing pulo mangkana | nuli banjur kèlês samodra gêtih | lir watu padhas ginêmpur | sumyur pinanduk waja | rêmak rêmpu bala Pandhawa katuju | mami lungguh ing amparan | yèn gingsira wuwus mami ||

11. cidra-cidra maring jagad | yèn oncata yêkci[9] dudu narpati | Natèng Măndraka sru muwus | ewa sirung kang netya | hèh

--- 1 : 99 ---

hèh aja dora sangkara tan patut | angucap rinungwèng kathah | prang bae pêlêngên iki ||

12. age ngong arsa uninga | ing tumpêse mungsuh kabèh samangkin | dèn kadi laron tumurun | saking tawang sumêbar | sirna tiba anibani gêni murub | ya sapa wonge miyarsa | ing pangucapira iki ||

13. yèn ora anggêguyua | sanggupira anglêbur satru sêkti | kabèh prawira satuhu | tan ana sêsopakan | sira iki lir iwak upamanipun | Pandhawa ingkang angolah | sakarê-[...]-rêpe dadi ||

14. yèn bêrasa sira iya | Si Pandhawa kang ngliwêt mêmatêngi | tyasira iku sun dulu | wus katon atêtela | iya dadi pangane sanjata mêrtyu | wong mangkono iku nyata | ing têmbe kang dadi intip ||

15. ing kawah jroning naraka | Suryaputra miyarsa langkung isin | tumungkul akucêm kêcut | dening Natèng Măndraka | dènira ngling mêmirang ing tyas kalangkung | dadya galak amrih ing prang | mangkrak ngêtab rata aglis ||

16. nglingnya Narapati Salya | bangêt karya ênêk anglêking ati | mangkrak umangsah angamuk | Karna sabalanira | para ratu pra dipati Korawambyuk | gumulung anglir parwata | kadya banjir watu wukir ||

17. rumupak parêng angrusak | Duryudana nrêgakên pra dipati | sumahab sabalanipun | gajah turăngga rata | mangsah rampak anut senapatinipun | Subaga Surănggakara | Karna tan [ta...] ||

--- 1 : 100 ---

[...n] mundur ing jurit

37. Durma

1. mêtokakên sudira Narpati Karna | mênthang langkapira glis | gêdhêg gandhewanya | kadya mawêtu gêlap | kumupak pok-pok nampêki | mêtu rong lêksa | nibani mungsuh miris ||

2. ingajokkên ratane Natèng Ngawăngga | mubyar murub nêlahi | kadya diwangkara | mangsane sumarambah | angliwati saking wukir | makuthanira | muncar dening hèr gêni ||

3. apidêksa dêdêge Natèng Ngawăngga | prawira sura sêkti | wuwuh tyase samya | prajuriting Korawa | dening senapati pêkik | sêkti sumbaga | sura prawira bangkit ||

4. saya nglojok ratane Natèng Ngawăngga | tinggal tutuking baris | sungut kalancangan | saking wantêring driya | gumulung kang pra dipati | Sata Korawa | anut ing senapati ||

5. kadya guntur mangrêmpak bala Korawa | dhadhal barise ngisis | kang bala Pandhawa | mawur sangêt katrajang | datan kongsi anggagahi | gègèr kaidak | kosik kambah katitih ||

6. kadya jawah tibane jêmparingira | sura Ngawănggapati | myang para prawira | anglêpasi sarosa | alilingan ing wiyati | cêp-cêp rumujak | bala Pandhawa ngisis ||

7. gya pêpulih Satyaki Drusthadyumêna | myang sagung pra dipati | nêmpuh arda căndra | kowar-kawir wurahan | Nakula Sadewa sami | pêpulih mangsah | ngamuk ngungkih mèt titih ||

8. Korawa pyak [pya...]

--- 1 : 101 ---

[...k] katulak bala Pandahwa | rusak rug kapalipis | Parta Wrêkudara | mêmpêng angêntha sura | sarosa mênthang jêmparing | mêtu ling-lingan | kumêbul kang jêmparing ||

9. Wrêkudara ngêculakên bargawastra | kumrusuk anibani | ing bala Korawa | miwah panahe Parta | kumrêsêk sêk anibani | kathah kang pêjah | Korawa angêbyuki ||

10. dening senapati ingamuk tan obah | nglêpasi mobat-mabit | ngurugi pêpêjah | ambyuk Korawa bala | piyak ngarsa tangkêb wuri | gumrajug ngrêmpak | ngrukêt ambyuk ngêbyuki ||

11. mangsah pulih Rajèng Cêmpala Wiratha | gumrêdêg sawadyèki | nêmpuh ananggulang | ing wuri sru matambah | sigra Madrimtanaya glis | Drusthadyumêna | Satyaki myang Srikandhi ||

12. prayitna ge binyukan Sang Suryaputra | rinêbut ing ajurit | kinagèt sinipat | pinrêpak kinêmbulan | Natèng Ngawăngga tan kongkih | tatag sudira | mêngkab Korawa kosik ||

13. galigapên tan wruh yèn Karna sarosa | kumupak kang jêmparing | anglir wêtu gêlap | gumuntur magênturan | bêlêk wêtuning jêmparing | nibani mêngsah | gègèr akèh ngêmasi ||

14. Nata Duryudana Sangkuni Durmuka | wruh lamun senapati | sudira prang nêngah | mangsah prasamya girang | banjur kadya banjir wukir | bêntar kèdêran | bala Pandhawa ngisis ||

15. pan jinêjêl saking wuri ginulungan | binanjiran selardi | kawus [kawu...]

--- 1 : 102 ---

[...s] tan kawangwang | dening bapa Pandhawa | eling duk patine nguni | Sang Gathutkaca | dening Sang Suryasiwi ||

16. mila kawur malêdug bala Pandhawa | mung kari pra dipati | lan para satriya | sami kesisan bala | wingwrin ing pamukirèki | Natèng Ngawăngga | rikat sudira sêkti ||

17. sangsaya sru galake ngamuk mrawasa | muntap krodha ngajrihi | lir andaka sasra | angun-angun kruraya | asrênge sirung netyandik | syuh kang kapapag | bêntar tan măngga pulih ||

18. sru tinêmpuh rusak gêlar arda căndra | Karna solahing jurit | kadya anggêmpura | mèh curnaning bantala | kèlês mungsuh kapalipis | rata putêran | ngapinjal mobat-mabit ||

19. asasmita Narendra Krêsna katampan | Prabu Yudhisthira glis | gumrit ratanira | mangsah nêngah sarosa | gumrêdêg kang pra dipati | para satriya | miwah kang para aji ||

20. sarêng pulih sanjatanira rumêmpak | Parta sru anjêmparing | Sang Drusthadyumêna | Nakula lan Sadewa | parêng asrêng lan Satyaki | bala kang samya | lumajêng wangsul malih ||

21. tandang krodha muntab Arya Wrêkudara | gadane mobat-mabit | pêtak ciya-ciya | arda pangamukira | Arya Satyaki nimbangi | ngamuk manêngah | aprang tan olih wuri ||

38. Pangkur

1. kadya gajah sèwu mêta | Wrêkudara gadane mobat-mabit | nêngah balingah-balinguh | solahe Wrêkudara | nolah-nolih lire [lir...]

--- 1 : 103 ---

[...e] balingah-balinguh | nolih sarwi ngungak-ungak | ngiwa nêngên anggêgitik ||

2. akèh gajah kasulayah | rata rêmuk awor lawan kang nitih | nirbaya pangamukipun | pakewuh tan kemutan | Natèng Ngwăngga kinrêpan pinrêp tinêmpuh | ginunturan ing pêpanah | jinawuhan ing jêmparing ||

3. rinêbut ing kèri kanan | pangamuke bala Pandhawa ngungkih | kapitêmên amrih kiwul | tan kêna tinanggulang | carub awor kang aprang aliru têmbung | Korawa bakuh agagah | Pandhawa ngamuk angungkih ||

4. tujah-tinujah prang-pinrang | rok mangruwêk bala Korawa kosik | kèh rêbah kambah kabubuh | dening Sang Wrêkudara | bêntar bubar sinrêg atêmbung-tinêmbung | kèh kaparah kasulayah | liwêran lumayu ngisis ||

5. linut ing Sang Dananjaya | sanjatane mêtu watu sakêthi | sagunung anakan têmpuh | nampak rêmpêk katampak | abêbaya panampêking gunung watu | kombul mumbul ngombak-ombak | baris Korawa angisis ||

6. Sang Prabu Karna pinrêpak | inirup ing aprang pinèt sinilib | sarêng linêpasan ing hru | sanjata narawantah | datan osik ngadêg anèng ratanipun | angawe laruting bala | balèg pamulanging jurit ||

7. nolih nguwuh marang bala | nora kandhêg mêmanah anênangkis | kumrêcêk sêsumbaripun | kumêbul sanjatanya | datan kêna pinrih pinarwasèng satru | mulat prawira [prawi...]

--- 1 : 104 ---

[...ra] Korawa | lamun senapati maksih ||

8. tan gingsir rinêbut ing prang | Karna krodha mangsah ratanya gumrit | lawan kang putra pêpitu | sadaya kinawasa | Kurupati sa-Korawa nut têtulung | pamuke Natèng Ngawăngga | kumrêdêg ngayap angapit ||

9. sumahab bala Korawa | dening Karna ngamuk mamrih mangungkih | Sata Korawa gumulung | rampak rêmpêg pinapag | dyan prawira Pandhawa tambah matimbun | asrêng mangamuk manglaga | guntur matêmpuh ing jurit ||

10. sarsêk panahing gêgana | mungsuh rowang samya ngêtokkên sêkti | aliwêran ing panêmpuh | jêmparinge kawarna | tri gumuruh rèh gora giri maguntur | ramening syuh parêng tandang | rok titih kambah matindhih ||

11. jêjêl ing wuri kèh prapta | rowang mungsuh atub tinub mrih titih | wangke sungsun-sungsun timbun | tumumpuk tumpa-tumpa | rah balêbêk prawira kyèh wuru marus | para prawira Korawa | akèh longge ingkang mati ||

12. miwah prawira Pandhawa | padha-padha pêpanthan kang ngêmasi | wus arusak gêlaripun | rumiyin arda căndra | gêlaring kang Pandhawa Korawa kantun | rusaking glar supit urang | woring prang tan angunduri ||

39. Durma

1. ramening prang wadya gung lir sinaringan | karsaning bathara di | nora rusuh ing prang | lire ala padha la | kang abêcik padha bêcik | atêmpuh ing prang | tan kongsi amêmilih ||

2. sangêt rusak sing

--- 1 : 105 ---

ramene têmpuh ing prang | pan ora rusuh tandhing | dilalah ing aprang | wong bêcik datan ana | wong ala kang mêrangguhi | ala kêlawan | rucah kang mêrangguhi ||

3. Wrêsasena putra Narpati Ngawăngga | panggih prang lan Satyaki | Satyaki pinanah | pinindho pining tiga | tan busik wira Satyaki | pinacar wutah | jêmparing angêbyuki ||

4. amucicil Satyaki nora tumama | malês anggada aglis | Arya Wrêsasena | rêmuk barêng lan rata | Satyaki rinêbut jurit | Sata Korawa | patang puluh ngêbyuki ||

5. ginarumung ginada ing kèri kanan | Satyaki kêthip-kêthip | yèn malês anggada | rangkêp lan gajah pêjah | turăngga rata ginitik | akèh kang rêmpak | awor lan ingkang nitih ||

6. Prabu Yudhisthira angladèni ing prang | lawan Ngawănggapati | parêng amêmanah | sarêng têmpuh purira | pupug kang sanjata kalih | sarêng undurnya | sarêng sanjata salin ||

7. anglud pamuking wuri bala Pandhawa | gumulung angêbyuki | lir durga ombaknya | kang sanjata parwasa | Natèng Ngawăngga ngunduri | bala Pandhawa | nêrak nurung mangungsi ||

8. gumarêdêg prawira kang nitih rata | miwah kuda lan èsthi | gumulung mangrêmpak | baris Korawa dhadhal | kosik sru kambah katitih | kumêrug bêntar | mawur kawur angisis ||

9. kepyan Duryudana Sangkuni Durmuka | Dursasana kaèksi | lan Jayawikatha

--- 1 : 106 ---

Swatama tinut agya | mring Wrêkudara jêmparing | wus pinarpêkan | inguwuh dèn tudingi ||

10. hèh hèh Duryudana pagene lumajar | ngantia payo jurit | kabèh amandhêga | papagên tandang ingwang | ing kene padha wong bêcik | têka lumajar | wong ala jêjêmbêri ||

11. anake si picak dhustha dhasar edan | mulat maring sun isin | jamak wong prawira | nêdya nugêla sira | ing mungsuh madyaning jurit | yèn tan mangkana | nêmbaha maring mami ||

12. ngurêbana iya dalamakan ingwang | wurung ingsun patèni | nolih Duryudana | sarwi mênthang gandhewa | panahe abola-bali | sarya sru mojar | kowe tan wruh ing isin ||

13. gêlah-gêlah si bêthuh murka candhala | asih marang rasêksi | yèn sun matènana | iya wong kaya sira | nistha pocapaning bumi | matèni kămpra | Duryudana wusnya ngling ||

14. anglêpasi sanjata Sri Suyudana | winalês jinêmparing | marang Wrêkudara | mêsat kang bargawastra | rantas kêndhênge kang kêni | Sang Suyudana | mundur maras tyas miris ||

15. prayitna Sang Dursasana yudanira | ngalingi ing raka ji | munggèng èsthi panggah | gumêrèt mênthang langkap | kumruwuk sumbar mêlingi | sanjata barga | lumêpas angênèni ||

16. Wrêkudara kêna ing sanjata barga | tiba kantêp kabanting | eling Wrêkudara | tangi amênthang langkap | dangunya ujung jêmparing | samya sarosa | mêtokkên sura [su...]

--- 1 : 107 ---

[...ra] sêkti ||

17. parêng punggêl gandhewanya kalih pisan | Wrêkudara sira glis | mangsah nyandhak gada | si cêmêr tanpa guna | dursilamu gêgêdhêgi | candhala murka | ala kêpati-pati ||

18. bêgja sira kêpanggih yuda lan ingwang | singa kang tiwas mati | sigra Wrêkudara | mangsah lumumpat galak | gajahe Dursasana glis | sinabêt gada | rêbah sampun ngêmasi ||

19. prayitna wus malumpat Sang Dursasana | rênyuhe ponang è-[...] | malês ing tomara | pinanduk Wrêkudara | arame gitik-ginitik | sru ujung dhêndha | Dursasana sarya ngling ||

20. hèh si lanat uyuh satêmêne sira | nora karuwan pasthi | ingkang duwe têdhak | brêkasakan tan dhăngka | si sundêl èstrimu nguni | mèh ingsun jamah | katuju durung kêni ||

21. wusnya mojar Dursasana yun lumumpat | jinambak dèn tututi | aniba kalumah | jinêjêk sru dhinupak | kèngêl cêngêle kuwalik | muka mèh bêntar | kongsêb ingasab siti ||

22. pêksa ngrangsang kinurêbakên mukanya | jinêjêk wanti-wanti | alandhêsan lêmah | Sang Dursasana sayah | tandang Prabu Kurupati | sakadangira | angrubut ing ajurit ||

23. parêng kruranira prawira Korawa | Wrêkudara tan osik | singgan-singgun ora | sigra bala Pandhawa | gumrudug samya nulungi | wus katadhahan | tutug solahing jurit ||

24. Wrêkudara ngala-ala Dursasana | hèh Dursasana iki | ya tinêmunira [ti...]

--- 1 : 108 ---

[...nêmunira] | dhusthanira kaliwat | singa nabda nguwuh jêlih | [...] wa mulata | Wrêkudara punagi ||

25. wus binubak ing [...]-ka wadhukira | jingkat agobag-gabig | mancal ma-[...]-l kontal | wadhuke gobrah-gobrah | êndhase [...]-muk binithi | pêjah jinêjak | dalêdêg rah umiring ||

40. Pangkur

1. nguwuh-uwuh Wrêkudara | hèh kora-[...] dulunên Ni Drupadi | ya iki wiwit agêlung | karamas rah Korawa | Dursasana bok aja kakehan kudu | [...]-lah polah măngsa dadak | sira bisa waras malih ||

2. hèh mara sira budia | winadhukan dadak akirig-kirig | karoncalan kudu naut | si ala si candhala | si dursila si asor solah tingkahmu | ngathang-athang kinakahan | sarwi linăngga kang gêtih ||

3. binubak binudhal-budhal | jêrohane sampun dèn obrak-abrik | Dursasana sampun lampus | dening Sang Wrêkudara | dangu dènnya angokop ludiranipun | bangke wus rênyuh pinala | winasuh-wasuh ing gêtih ||

3. ususe tinarik mêdal | sru sinêndhal-sêndhal arontang-ranting | karya tontonaning mungsuh | nutug punaginira | bêksa gada kadi gêrah swaranipun | ingawur-awur bangkenya | pukangge kinarya undhi ||

4. nguwuh-uwuh Duryudana[10] | Kurupati ênya kadangmu iki | bangkene wus ajur mumur | rêbutên belanana | yayah kadi mêtu

--- 1 : 109 ---

gêlap swaranipun | mangkana bala Pandhawa | gumuruh ambyuk ngêbyuki ||

5. parêng lesus alimunan | bayu riwut sumyaring angin-angin | gora rèh lindhu kumêtug | gêtêr-patêr liwêran | sindhung dhèdhèt erawati matêk wagyut | gumênjot nêngkêr buwana | kumêlap angilat thathit ||

6. mawur murud alorodan | sagung bala Korawa pra dipati | Pandhawa panêrêgipun | kambuh Korawa kambah | gajah rata akèh rêbah kabarubuh | Parta Nakula Sadewa | Drusthadyumêna Satyaki ||

7. wangsul saha ratanira | amung Wrêkudara dharat pribadi | gadane kinarya umbul | samarga bêksa gada | wus pinêthuk dening Yudhisthira Prabu | sarta ginunggung kinudang | lan sinugata mênuhi ||

8. inuman sugata gănda | langkung dènnya ngupa boga mring ari | kang rayi matur anutur | tingkahe krodhaning prang | punagine mring Dursasana pan uwus | kalakon ubayanira | gêlunge Rêtna Drupadi ||

9. wadya gung kèndêl sadaya | gupuh-gupuh solahe wadya sami | rêbut kêkayon angaub | kang tan uman pauban | daludage ingauban myang lêlayu | kang samya jrih kapanasan | kathah solahe wadya lit ||

10. duk lagyeca kèndêl samya | nginum-inum sangune kang kêkirim | tan nyana yèn ana satru | surya gumiwang tuwa | Natèng Ngwăngga prapta umangsah rok amuk [amu...]

--- 1 : 110 ---

[...k] | tinut ing Sata Korawa | gumulung mêngsah ngunduri ||

41. Durma

1. kadi guntur pamuke Natèng Ngawăngga | bala Pandhawa aglis | gudrêdêg[11] amapak | marang Narpati Karna | tumanggah kang pra dipati | kèlês kaidak | ngrupak angidak wani ||

2. gumrit ingkang rata kras pindha garudha | kumupak kang jêmparing | popok wêtu gêlap | kumêbul awilêtan | srêsêk apindha garimis | nibani mêngsah | wuri pêpanthan prapti ||

3. rêmpak rêbah datan kêna tinanggulang | kruranira tan sipi | Narapati Karna | kèlu Sata Korawa | manêmpuh krodha pêpulih | balèging aprang | bala Pandhawa ngisis ||

4. kosik kambah malêdug bala Pandhawa | lir binanjiran wukir | gumrujug mabyungan | lir praptaning ampuhan | rusak suh tan măngga pulih | bala Pandhawa | tinampêk akèh mati ||

5. banjur panrajange Narpati Ngawăngga | salêksa kang prajurit | nanggulang amampang | sapuluh èwu panggah | Natèng Ngwăngga ngidak wani | tanpa rêringa | kang tinunjang kyèh mati ||

6. kalancangan ratane Narpati Karna | myang wadya para mantri | kang turăngga rata | dipangganing bupatya | kumrupyuk ngrêmpak nampêki | dhadhal tininggal | prawira kang nadhahi ||

7. dadya kathah kang nêmbah asrah gêgaman | sami aminta urip | tan kaur lumajar | kacandhak kalancangan | ana têluk api-api | ka[...] [ka...]

--- 1 : 111 ---

[...[...]] [...]kul mêngsah | ngiwa lumayu malih ||

8. ana banjur pinrang [...] nêluk pinêjah | kathah kawêlasasih | kang bala Pandhawa | kapalang kapêgatan | kewran kapêlak katitih | rêbah [...]-mbah | kosik abosak-basik ||

9. ana ing [...] winuwung tinujah-tujah | katrajang kapalipis | panggilinga-[...] | miwah èsthi turăngga | gumrêdêg prapta gulungi | [...] swara | Karna Korawèng jurit ||

10. pira-pira kang [...] ing pamukira | Risang Ngawănggapati | alêksan kaparah | [...]-kèh kang awor mêngsah | wuru riwut tan katawis | kalamu-[...]-sah | mati makêthi-kêthi ||

11. Nakula Sadewa dewa tan a-[...]-k nanggulang | rêmuk ratanirèki | Yuyutsuh ratanya | rêmuk katiban panah | ing Karna muk sura sêkti | sanjata dibya | wêtune angêbêki ||

12. Rajaputra Cêmpala murut kesisan | ing dasih kawlasasih | Satyaki kangelan | lêsah palayunira | Kusuma Dèwi Srikandhi | daludagira | kapilêt sru kapuntir ||

13. dadya kawur bala Cêmpala wurahan | ngisis arêbat urip | myang bala Wiratha | malêdug rêbut papan | Drusthadyumêna Satyaki | Madrimtanaya | Yuyutsuh samya ngisis ||

14. akèh ratu bupati mati kadadak | dening Sang Ngwănggapati | miwah pra prawira | miris samya sasaran | prayitna Yudhisthira Ji | agya umangsah | nglêpasakên jêmparing ||

15. mêtu kalih lêksa

--- 1 : 112 ---

bayak sanjatanya | nadhahi mungsuh aglis | Wrêkudara sigra | nglêpaskên bargawastra | mêtu bêlêk ing wiyati | pok-pok kumupak | rampak samya nampêki ||

16. anadhahi hrunira Sang Suryaputra | Arjuna anglêpasi | gumludhug nga-[...]-han | sindhung mawêtu gêlap | mijil gunung patang kêthi | kang [...]-nung sela | nampêki mungsuh sami ||

17. kanggêg sang sri [...]-na myang Sata Korawa | Sang Suyudana kêni | katiban sanjata | kagyat datan tumama | sigra Natèng Dwarawati | ratane prapta | nêngah ingkang ajurit ||

18. sagung ingkang pra [...]-ra matêmpuh ing prang | ana aprang ing wukir | miwah prang ing wana | aprang ing jurang-jurang | kang aprang pinggiring kali | ramening aprang | ngungkih pulih-pinulih ||

19. rame mawurahan prawira mrih papan | rêbut ujuning jurit | ponduraning papan | malah kuwur woring prang | wruh lamun madyaning jurit | têtungguling prang | kalih angirab wèni ||

42. Sinom

1. satriya Andananjaya | lawan Sang Ngawănggapati | wus panggih ayun-ayunan | samya munggèng rata manik | padhang ing kanan kering | kadi baskara atêmpur | sarati Krêsna Salya | lir Hyang Jagad Nata kalih | munggèng rata kumênyar pradiptanira ||

2. laraping rata rinêngga | sumawur lir lintang riris | awor gêbyaring warastra | kumilat sirating thathit | sarawungan ngênèni | amangkawa angênguwung | pyuk nityaning satriya | kalihe [kalih...]

--- 1 : 113 ---

[...e] apêkik-pêkik | lir tinimbang tajême kang tandhing aprang ||

3. yayah Sang Hyang Guru kêmbar | pindha muksèng rata manik | kèndêl lor kidul kang aprang | prasamya mulat ngèstrèni | marang kang yuda tandhing | kalihe ratuning patut | tinon kadi ngilangna | marang langêning sabumi | amênuhi sajagad sawang tinimbang ||

4. jêjêl jawatèng awiyat | ingkang samya nêningali | yudane Arjuna Karna | prasamya saos wêwangi | dewa mulat muriring | kumêsar pandulunipun | eman karo kang aprang | matia salah sawiji | yêkti murca rêtnaning manuswapada ||

5. mung widadari kang suka | matia salah sawiji | sumêngka pangawak braja | nèng sawarga dèn ladèni | dene kaliwat luwih | pêpantêse kang aprang pupuh | sigra sami tiyasa | nguculkên sanjata kalih | mêtu brubrul kasantikaning ayuda ||

6. angêbêki awang-awang | matêmpuh anèng wiyati | kumrêcêk ramening aprang | jêmparing makêthi-kêthi | têmpuh pating carêngking | dene kang bujung-binujung | bayak apanthan-panthan | ulêngan sami jêmparing | jawata kang nênonton samya gegeran ||

7. sarwi ngindhani sanjata | kadya solahing dhadhali | kêthune daluwang timpal | Naraddha kênèng jêmparing | tibane dèn tututi | cinandhak-candhak wus ajur | ngiwa nêngên katrajang | ing jêmparing ting saluwir | apan dadya gujêngan Rêsi Naraddha ||

8. saksana Narendra Karna | lir sinapon [sina...]

--- 1 : 114 ---

[...pon] kang jêmparing | sagunging warastranira | sadaya kabuncang angin | kabèh tibèng jaladri | umob dening sanjata gung | samodra mawalikan | dening panasing jêmparing | pan awêndran ayutan tibèng samodra ||

9. marmane kadya kinêla | molak-malik kang jêladri | dènnya sang dwi wirotama | mina kathah kang ngêmasi | kagyat sang naga aji | samodranira kumêbul | sawurda yuta wêndra | jêmparing tibèng jaladri | abusêkan gègèr jaladri prakêmpa ||

10. dangu angabên santika | yudane wong agung kalih | gantya mêtokkên tiyasa | pira-pira kang jêmparing | nanging datanpa kardi | parêng wêdale kadya pur | mila mangke Narendra | Ngawăngga sigra amusthi | kang wijayadanu pinênthang minantran ||

11. saking kakuning tyasira | sira Sang Ngawănggapati | dadya sinru krodhanira | dènnya sêkti tanpa kardi | marma mrih mêmungkasi | nguculkên wijayadanu | têlas pamusthinira | wijayacapa wus mijil | gumarêdêg saking gandhewa durmanya ||

43. Durma

1. mêtu muntab ura kang naraca bala | brubul makêthi-kêthi | sangkêp warna-warna | isining madyapada | isèn-isèning jaladri | kang buron alas | tan ana ilang siji ||

2. lan isining ardi lan isining jurang | wana lan kali-kali | isining wanarga | warnining kang sanjata | liyan saking watu wukir | myang sarpa naga | miwah sindhung lan angin ||

--- 1 : 115 ---

3. angêbêki paprangan awarna-warna | gêdhêg gandhewa malih | Narapati Karna | liwat luwih sarosa | mêtu ditya lan rasêksi | diyu danawa | wil ănja-ănja gili ||

4. ănja-ănja punika danawa bajang | gêdhene sabêbayi | nanging rupa ditya | narêcêl tumpa-tumpa | mêngês anglangês kaèksi | ana kang ditya | pukang-pukang myang sikil ||

5. buta gêmbung kewala datanpa sirah | sirah kewala mijil | datan nganggo tênggak | tênggak-tênggak kewala | bau èpèk-èpèk mijil | kumêbul rampak | marani mungsuh sami ||

6. kang ditya gêng mangan kunarpa nginum rah | myang ngundha-undha sami | ing trisulanira | kang mangsah amah-amah | Korawa suka ningali | surak gumêrah | yayah manêngkêr langit ||

7. miwah ingkang manglayang ing awang-awang | jêjêl samya dènnya mrih | anibani mêngsah | gègèr bala Pandhawa | sigra Prabu Dwarawati | ngatag ing Parta | nulak jêmparing sêkti ||

8. mênthang laras bramastra warayang wisa | gugup sigra pinusthi | gandhewa kumupak | popog mêtu dahana | umrês sindhung angin-angin | gawa dahana | brag-brug kang wukir agni ||

9. sèwu lêksa kang mangsah wukir dahana | ing wuri patang kêthi | pitung kêthi mangsah | samya mrawasèng mêngsah | kalarupa kèh kabêsmi | bala Pandhawa | surak gumuruh atri ||

10. miwah ingkang jawata sru mawurahan | gègèr prasamya nêbih | dahana tan kêndhat | mêtu [mê...]

--- 1 : 116 ---

[...tu] saking gandhewa | kumrutug duk sami mijil | golong pêpanthan | watu-watu myang wukir ||

11. kêthèn-kêthèn angsahe wukir dahana | wuri maksih anggili | gumludhug swaranya | lir ladhu ardi sasra | myang ladhu makêthi wukir | dahana mubal | tuhu ngebat-ebati ||

12. ascaryèng tyas Parta wêkasane muwah | ekatana lirnèki | kasêngsêm Arjuna | tutug dènnya umulat | muwah ekatana nênggih | uculing panah | lire yeka wisagni ||

13. pan têgêse yeka wisa gêni maya | iya dahana luwih | wijiling sanjata | Sang Hyang Isu Pradipta | punika murade kalih | ingkang satunggal | gêni ratuning gêni ||

14. ing urube beda lawan gêni dunya | miwah panase mandi | buh tikêle lawan | gêni manungswapada | dene murade ping kalih | panahe Parta | kang mijilakên agni ||

15. iku dhingin panah paringaning dewa | Sang Hyang Isu puniki | pradipta urubnya | inggih kalangkung karsa | murude ingkang kinapti | kalih punika | sami-sami sinêkti ||

16. satus kêthi rongatus kêthi praptanya | abanjir wukir gêni | ladhu-ladhu mubal | gumlêdhêg mulad-mulad | gumuntur nêm èwu kêthi | bêbujung mêngsah | ditya kang warni-warni ||

17. sirna basmi tinarajang ing dahana | tumpês tapis prasami | tinut saparanya | dening gunung pawaka | siji datan ana kari | prabawa Karna | gêni maksih andadi ||

--- 1 : 117 ---

18. marang wana jurang-jurang kaèbêkan | barang gon tang[12] dèn ungsi | muluk ing gêgana | mumbul marani swarga | swarga gègèr dening gêni | dewa gumêrah | marani kang ajurit ||

19. kyèh wuwuse dewa nguwuh Parta Karna | hèh babo kang ajurit | larutên dèn inggal | iku sanjatanira | yèn sira nora tumuli | tan wande duka | Hyang Guru anêdhaki ||

20. adêduka sira karo sinupatan | dènnyarsa nglêbur bumi | marmane nak ingwang | babo nuli dèn enggal | padha racutên tumuli | ing krodhanira | karo sirêpên aglis ||

21. samya rêrêm kalih kang abăndayuda | birat sagunging agni | sanjata prabawa | sigra mrêpêki samya | paguting kang rata kalih | saut turăngga | samya musthi jêmparing ||

22. panah mijèn pan dudu panah prabawa | jêmparing-jinêmparing | sami luputira | mubêng kobêng kang rata | saratine bangkit-bangkit | sarati ngiras | sami ambêbotohi ||

23. kèdêr midêr lumembak alumba-lumba | saut kuda parêng ngrik | ngadêg sarêng nujah | siji midêr anganan | kang siji midêr angèri | têpung ubêngnya | bêndhuk sarêng jêmparing ||

24. mundur midêr bêndhuk iringing kang rata | adu lambunge sami | adu pungkurira | parêng panolèhira | adu arêp rata manik | parêng mêmanah | kalih tan tolih wuri ||

44. Pangkur

1. duk patêmpuhing warastra | kang sarati parêng amêkak tali | kandhêk [ka...]

--- 1 : 118 ---

[...ndhêk] ngulêr kilan kombul | sarati karo raja | adibya ring tali ro kadibyanipun | kombak kombul ngambak-ambak | kumocak kang jalanidhi ||

2. gênjat-gênjot bumi molah | kadi bêlah lindhu rêg gonjang-ganjing | parwata rèh manggut-manggut | surak bala Korawa | miwah bala Pandhawa surak gumuruh | Bathara Suksma Kawêkas | kadya suka ngadu tandhing ||

3. Narapati Karna ngayat | gandhewane sang dwitiya lirnèki | liwat luwih têgêsipun | pangayating gandhewa | mèh lumêpas prapta taksaka sagunung | sarpa pun Ardawalika | nèng ngarsèng Sri Ngawăngga ngling ||

4. dhuh Narapati Ngawăngga | kèndêlêna jêmparing paduka ji | kawularsa malês ukum | dhatêng pun Dananjaya | mila nunut ing prang paduka pukulun | kula pun Ardawalika | Natèng Ngawăngga miyarsi ||

5. ature Ardawalika | sru ngandika Sang Ngawăngga Dipati | lah lungaa sira iku | sakarêpmu ing kana | amalêsa aja ngrubêdi prang ingsun | pan ingong nora nyênyambat | nguwati prang ing sirèki ||

6. sakarêp-karêpmu kana | lan mungsuhmu aja parêk lan mami | nglakoni ujarmu iku | kesah Ardawalika | krura mangap kumêpyur kèh wisanipun | praptarsa naut Arjuna | angling Prabu Dwarawati ||

7. mungsuhira iku prapta | dèn prayitna Ardawalika nguni | sira ngrusak bapakipun | iku malês ing sira | dhinginana Si Ardawalika iku | nora nistha mungsuh [mung...]

--- 1 : 119 ---

[...suh] ula | ing aprang manah rumiyin ||

8. mêkar sang ardawalika | sirahipun tan pae lawan wukir | kadi guwa tutukipun | mangap siyung makilat | kêmpus-kêmpus anglir riris wisanipun | sigra mênthang Dananjaya | lumêpas ingkang jêmparing ||

9. kêna jăngga binarêngan | arsa naut pinapag ing jêmparing | kaprawasa tibanipun | gumêbrug lir prabata | cingak maras sagung wadya kang andulu | suka de Ardawalika | tibane sampun ngêmasi ||

10. gya Karna ngayat gandhewa | warayang wijayadanu mungkasi | tênggag Arjuna tinuju | bênêr pamusthinira | mèh lumêpas binarêngan tibanipun | sarati Natèng Măndraka | dènira nyêndhal têtali ||

11. dadya obah kang turăngga | rata gênjot owah culing jêmparing | bêsat kaparèng mandhuwur | marma luput kang tênggak | kang jêmparing têmah tuk makuthanipun | rênyuh makutha katimpal | Parta wudhar ingkang wèni ||

12. Natèng Ngawăngga tumingal | lamun Parta luput jăngga tan kêni | langkung dènira angungun | ngusab jaja sru mojar | apa baya lupute pamanah ingsun | Si Arjuna nora kêna | gulune dening jêmparing ||

13. tan wruh yèn Natèng Măndraka | saratine barêngi nyêndhal tali | dadya obah ratanipun | owah pangincêngira | luput tênggak panah kaparèng mandhuwur | mila mung antuk makutha | sira Prabu Dwarawati ||

14. kumêsar tyasira [tyasi...]

--- 1 : 120 ---

[...ra] mulat | de Arjuna makuthanira kêni | Parta sigra dènnya jumbul | mulihkên gêlung wudhar | makuthane pinulih ingangge sampun | krodha sigra mênthang langkap | pamusthine liwat luwih ||

15. lumêpas sanjatanira | lêbda karya lumêpas angênani | sukuning turăngga rampung | Karna mêndhak ratanya | sigra nglêpasakên jêmparingirantuk | kapindhon gêlunge Parta | mangsah krodhane tan sipi ||

16. nyandhak pasopati sigra | wus ingayat sarya sru dènira ngling | hèh nistha cêmêr si kuthuh | wus katon tiwasira | lamun arsa urip ngrungkêpana gupuh | marang dalamakan ingwang | manawa tan sun patèni ||

17. rata pinarêkkên sigra | Parta nguwuh dulunên pasopati | cumundhuk tibèng gulumu | Karna barêngi ngayat | sami panah pamungkas wijayadanu | pinujyèng tyas duk minanantran[13] | dhininginan jinêmparing ||

18. Karna lagya mênthang langkap | sinêmadi tiniban pasopati | kêna jangganira rampung | tiba gumuling rata | Karna tuhu lamun prajurit pinunjul | mati tan mingkêt gènira | gumuling nèng rata manik ||

19. patine Natèng Ngawăngga | dening Parta tiniban pasopati | bala Pandhawa gumuruh | surak bêbujung mêngsah | ingkang bala Korawa ngisis malêdug | mawur sinêrêg rinupak | bala Pandhawa angungsir ||

20. larut kang bala Korawa | ngungsi wana jurang pèrèng dèn ungsi | angrês sangêt [sangê...]

--- 1 : 121 ---

[...t] kawusipun | mangkana Natèng Ngwăngga | gilang-gilang nèng rata kunarpanipun | teja tumawêng putêran | kêtug dhèdhèt asung manis ||

 


Kurang satu suku kata: jaba lamun ana mrêki asêsingat. (kembali)
Lêmbusana. (kembali)
raksasa. (kembali)
ulat. (kembali)
Kurang satu suku kata: amung kawula maksih angèstupada. (kembali)
Lebih satu suku kata: siniwèng punggawa kang nèng ngarsa. (kembali)
Kurang satu suku kata: amis bacin tan ajrih kacipta amrik. (kembali)
Kurang dua suku kata: yèn tan wontên pangaksamèng dwijawara. (kembali)
yêkti. (kembali)
10 Wrêkudara. (kembali)
11 gumrêdêg. (kembali)
12 kang. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: pinujyèng tyas duk minantran. (kembali)