Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 121–184)

Judul
Sambungan
1. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 001–061). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 061–121). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 121–184). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 184–251). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

45. Dhandhangula

1. sirêm-sirêm diwangkara kingkin | kadya manguswa risang palastra | dènnya ilang mêmanise | wadananira landhung | kumêl kucêm rah maratani | marang sariranira | mêlês dening marus | gêgana mabang sumirat | sabuwana kadya kawaratan gêtih | lir bela palastrèng prang ||

2. wukir samodra samya nangisi | mega-mega rumarab angandhap | sumêbar wêtu ririse | teja wangkawa nawung | lir mèngêti kang kilat thathit | bramara aliwêran | nèng tawang sumungsung | dhawuh ingkang puspa warsa | arum-arum sumawur amaratani | mênuhi ing paprangan ||

3. gara-gara rèh amaratani | umung ingkang jawatèng awiyat | bala Korawa larute | anglir wana katunu | Dananjaya kang minăngkapi | lamine kasor ing prang | dènira lumayu | mung mangke sangêt gêng maras | pambujunge bala Pandhawa ngèndili | anèng têpining kitha ||

4. yèn ajaa surup sang hyang rawi | kaya bêdhahe nagri Ngastina | saking kawus prajurite | mangkana dalu wangsul | amakuwon kang bala sami | dene bala Korawa | tan anantuk turu | dènnya kadang-kadang sirna | kadya ngungsi-ngungsia tinggal nagari | sagung bala Korawa ||

5. kadya minggata kang para mantri | mung kêcangkol dening ratunira | Sang Suyudana maksihe [maksih...]

--- 1 : 122 ---

[...e] | durung prapta ing lampus | manawa na jayane kari | mangkana Suyudana | alinggih tumungkul | dahat ing tyas kasusahan | dene ingkang ingêbang-êbang mungkasi | ing prang sirna sadaya ||

6. Bisma Druna Jayadrata mati | Burisrawa miwah Natèng Ngwăngga | iku kang dèn andêlake | myang Rukmarata lampus | Bagadênta lan Gardapati | ratu suruhan kuwat | prawira atêguh | myang Korawa satus sirna | amung kari rongpuluh kadange nênggih | wolung puluh kang sirna ||

7. miwah putrane sampun ngêmasi | Radèn Lêksmana Măndrakumara | miwah para ri andêle | Dursasana wus lampus | lawan Rekadurjaya mati | tuwin Jayasusena | kadang andêlipun | lawan Citradirgantara | Citradarma kang samya prawirèng jurit | angrês Sang Suyudana ||

8. anèng pakuwon linggih anangis | para mantri kang ngadhêp ing ngarsa | miwah rongpuluh kadange | myang mantri pinisêpuh | lan Kyana Patih Sangkuni[1] | Sang Prabu Gajahoya | ngandikanira rum | paman sira ngupayaa | minta sraya kang layak ambangkat kardi | kang tiyasa prang cidra ||

9. ingkang aja kewuhan matèni | maring mungsuh prang wêngi andhustha | tumpês aja wruh balane | yèn tan mangkono iku | lamun pinrih pinapag jurit | eman sira matia | kang kari sanakmu | lawan anak-anakira | ya mulane paman ngulatana dhingin | ngupaya budidaya ||

10. duk ing nguni têka

--- 1 : 123 ---

nora mati | sun apusi anèng jroning pura | lumayu mring alas kabèh | wusnya ngling sang aprabu | matur alon Arya Sangkuni | pukulun sri narendra | sampun gupuh-gupuh | nadyan kesaha sandika | mèt upaya nanging pratingkah satunggil | paduka kêkilapan ||

11. ngupadosa sraya dhatêng pundi | nadyan walikên ing tri buwana | măngsa angsala wawrate | ratu dibya pinunjul | prawirèng prang tur sura sêkti | mumpuni ing aguna | kawidigdan putus | sumbaga kaonang-onang | wicaksana ing prang agal ing prang alit | byat wirota krêtarta ||

12. amung inggih rama paduka ji | Sri Narapati Salya Măndraka | pan dèrèng nutug budine | warnia lir Hyang Guru | madyaning kang ranangga bangkit | nadyan Bathara Kala | tan kewran ing kewuh | yèn maksih căndhabirawa | inggih sintên kang kuwawi ananggêni | satru sayuta sirna ||

13. yèn wus sagah madêg senapati | yêkti lêga ing tyas padukendra | tan wangwang mêngsah sirnane | Sangkuni wusnya matur | sinêmbadan aturing patih | lamun mêngkono paman | iya ingsun turut | nanging sawiji manawa | iya tolèh ing pulunane kêkalih | Si Nakula Sadewa ||

14. matur alon Sang Arya Sangkuni | ingkang punika sampun têtela | nanging ramanta gêng sihe | mring paduka pukulun | dèrèng ginggang lamining jurit | mila robana ingkang | agampil pukulun | tan [ta...]

--- 1 : 124 ---

[...n] tolih ing kaponakan | sampun dadi gunême lawan Sangkuni | amung ngantosi siyang ||

15. kunêng dalu kawuwusa enjing | sakarine pra dipati prapta | sumiwèng prabu rêmbuge | Arya Swatama rawuh | Natèng Măndaraka wus prapti | Sang Prabu Duryudana | amêthuk tumurun | ingancaran sampun lênggah | saha bala sakapraboning ajurit | aglar bala Măndraka ||

16. aturipun ngrêrêpa sang aji | rama prabu sutanta sru dama | wontêna sih pitulunge | sang sri bapaning ulun | yasanana rèhên ing jurit | tangi singa wikrama | mangkana turipun | tangi wangunên lirira | singa lire kuwatana ing ajurit | têgêse awikrama ||

17. luwihêna tataning ajurit | yasanaya tuwan gawea[2] | mêmayu ing prang pangrèhe | narèswara pukulun | minăngkaa lajêring jurit | senapati ngayuda | yogya munah satru | kathah ture Duryudana | manis arum angrêrêpa ngasih-asih | yayah kadya karuna ||

18. Natèng Măndraka turira aris | anak prabu sampun ta mangkana | pun bapa sangêt bodhone | apês tan wruh ing kewuh | Duryudana matur mênuhi | yèn bapa ji tan arsa | mupu kawlasayun | ing anak kang nistha papa | suka lamun pinèta pinrih ing pati | urip dêdawa siksa ||

19. Natèng Măndraka anauri aris[3] | lamun èstu pun bapa bobote | tan liya amrih pênêde | tulus rahayunipun [raha...]

--- 1 : 125 ---

[...yunipun] | paringêna nagri sapalih | yèn Pandhawa tan arsa | ing mangke saèstu | kawula kang mêjahana | mring Pandhawa ing pundi gène angungsi | ngungsia suralaya ||

20. datan susah nganggo rowang siji | amèt patine Nata Pandhawa | yèn uga nêkakkên èpèh | kudu akèh dèn jaluk | datan arsa tampi sapalih | tan tutug angandika | Suyudana matur | pukulun tan wontên salah | nanging mangke sangêt kasèpe rama ji | rusak brataning aprang ||

46. Asmaradana

1. kadang wus kathah ngêmasi | pukulun pun Rukmarata | pun Burisrawa wusdene | miwah putra padukendra | Korawa wolung dasa | tuwin kaki ipe guru | miwah wayah rajaputra ||

2. dèrèng dumugi derangling | Natèng Ngastina Măndraka | ingkang sami kudon-kudon | Dyan Rêsi Swatama mojar | sugal pamuwusira | hèh Natèng Măndraka iku | nora pantês tinaria ||

3. eman pinasrahan kardi | kudu asih mring Pandhawa | mulane wingi wurunge | patine Si Dananjaya | iya Natèng Măndraka | wus bênêr pamanahipun | narapati ing Ngawăngga ||

4. Salya sarati nyidrani | sinêndhal talining kuda | têmahan obah ratane | luput panyipate Karna | kapandhuwur kang panah | tênggak luput kang tinuju | kêna makutha kewala ||

5. ya wong iku tan sayêkti | dadia mungsuha pisan | nora ewuh ngarêpake | mungsuh katon [ka...]

--- 1 : 126 ---

[...ton] dadi rowang | wau duk amiyarsa | Prabu Salya langkung bêndu | sumung-sumung jajanira ||

6. kumêjot padoning lathi | netra dik mucicil sigra | ngadêg amênthang langkape | dhik hah ta Si Drunaputra | pêksa asru cumacad | marang wuwusku satuhu | sudira cumangkah-cangkah ||

7. ingayat ponang jêmparing | Swatama asru sêsumbar | sarwi angawêt lathine | Swatama ngayat gandhewa | lah payo tibakêna | pasamuwan gègèr umung | kalihe sami sudira ||

8. Natèng Măndraka mawêngis | hèh ko patimu Swatama | atmamu tan wruh ênggone | katiban sênjataningwang | matimu siya-siya | yèn ko maksiha ginuru | si nistha marang sang nata ||

9. sun lunga têka ing ngriki | datan bêtah ngong tumingal | mring bathange si mêngkonok | kalihe sami sudira | kadya gêsênga jagad | Suyudana sigra mêngkul | ing suku Narpati Salya ||

10. wuwuse asru mlasasih | karuna ririh sêsambat | wus samya aring karone | Sang Drunatênaya kesah | lajêng kèndêl ing wana | sêmadi pakaryanipun | wuwusên nagri Ngastina ||

11. Natèng Măndraka nglingnya ris | marang sagung pra dipatya | yèn ingsun mênênga bae | tan sarjana kuyadiyan | dudu ratu sujana | yèn ora duwe pitutur | matur wêkasing utama ||

12. dene nora kanggo uwis | măngsa wêdia palastra | tinêmpuhakên ing gawe

--- 1 : 127 ---

sêdhêng ingsun wong wis tuwa | ya ta sampun pinuja | ingèstrènan adêgipun | Salya senapati nglaga ||

13. sinêmadi pra dipati | pinuja para pandhita | myang sewa sogata kabèh | ngèstuti ing adêgira | senapati Măndraka | ing-[…] warta wus misuwur | prapta ing Nata Pandhawa ||

14. wus samya miyarsa warti | lamun Natèng Măndaraka | Ngastina senapatine | ratu sêkti wirotama | prawira măndraguna | wêweka waskithèng kewuh | sumbaga ing rèh sujana ||

15. Pandhawa kang dadi pikir | sapa kang pantês lumawan | Natèng Măndraka yudane | yèn wus madêg tungguling prang | senapati ngalaga | sayêkti tan ana patut | nadhahi Natèng Măndraka ||

16. angling Prabu Dwarawati | angutus Arya Nakula | sira lumakua age | mring kuwu Natèng Măndraka | aywa anganggo rowang | sira praptaa angrangkul | sukune Natèng Măndraka ||

17. nuli ngaturêna pati | lah măngsa bodhoa sira | iku ênggone pakolèh | Nakula wus binisikan | marang Narendra Krêsna | Nakula nêmbah ing prabu | Dwarawati sigra mêsat ||

18. kunêng Nakula lumaris | ya ta malih kawuwusa | Natèng Măndraka bubare | saking ngarsaning narendra | Sang Prabu Suyudana | kang pra dipati tut pungkur | kuwune Natèng Măndraka ||

19. tansah wirangrong ing margi | Sri Bupati Maha Salya | agung kagagas driyane [driya...]

--- 1 : 128 ---

[...ne] | dènirarsa mêmungsuhan | lawan Nata Pandhawa | wagugên tyas mandhêg mangu | dening Nakula Sadewa ||

20. tan beda ciptaning galih | anak lawan kaponakan | yèn uga padha anane | yêkti abot marang anak | yèn anak nora ana | kaponakan dadi liru | trêsnane padha lan putra ||

21. marma rêncaka ing galih | Sri Maha Narpati Salya | dene ta putrane dhewe | kang jalu wus samya pêjah | Rahadèn Rukmarata | miwah Burisrawa lampus | tyas mring Nakula Sadewa ||

22. mangunêng onang tan sipi | ngungun wangunaning nala | dene ta sampun kalakon | saguh prang angadu yasa | lawan Nata Pandhawa | mila ngadêg pinuja wus | senapati ing ngalaga ||

23. mèh prapta kuwunira ji | Sri Maha Narpati Salya | sangsaya ngungun driyane | praptaning pakuwonira | sagung kang pra dipatya | sinungan parentah sampun | enjang dèn padha samêkta ||

24. wus pamit kang pra dipati | wit sampun tampi parentah | amakuwon sadayane | dadya antara rong dina | tan ana mêtu aprang | dènnya Sata Korawa duk | ngadêgakên senapatya ||

25. wau kawusa malih[4] | Naradipati Măndraka | para garwa mêthuk kabèh | miwah jro kuwu karandhan | paminggir para garwa | Sang Dyah Sêtyawati tumut | mêthuk marang dalêm ngarsa ||

26. pakuwonira rinakit | Naradipati Măndraka | dinadak pindha kadhaton [kadha...]

--- 1 : 129 ---

[...ton] | kacithak pura Măndraka | kalangênan mawarna | ing sakăntha-kanthanipun | myang gapura panangkilan ||

27. pasowaning para mantri | ing jro miwah pra dipatya | barang rakiting kadhaton | tuwin jroning panangkilan | asrining palataran | linimput ing mega naput | manipis angraras driya ||

47. Mijil

1. pinggir gapura pudhak malipir | parijathèng pojok | linantur ing taru kang pinêthèt | sukêt mêmêrakan ingkang maksih | mirut muyêk sami | mêngês-mêngês wungu ||

2. rêbut asri lan pradapaning jring | kadya lum yèn tinon | aprihatin mulat ing ratune | kaya-kaya mangsit soring jurit | alume kanang jring | mêmèngêti wuyung ||

3. cucur munyèng tawang ngasih-asih | luhuring pakuwon | asung pemut asor ing yudane | Natèng Măndraka puputing wiji | mrak ingon kang muni | beda wau-wau ||

4. panggarantêsing manyura wingit | pungun ismu gêrok | tangèh lamun ucapên langêne | jro pakuwon kang kadya mèngêti | sagung pra dipati | ing Măndraka sampun ||

5. ingundhangan sagung para mantri | samêkta kaprabon | ing ayuda sajuru-jurune | abusêkan kang para prajurit | siyagane ngênting | pakuwon gumuruh ||

6. gumuruh kang bêbungah ing wêngi | swaraning kêndhang gong | ambêlabar bala Măndrakane | sawêngi ngajap têmpuhing jurit | agêng tyase sami | dene prabunipun [prabu...] ||

--- 1 : 130 ---

[...nipun]

7. wus amêngku anyenapatèni | misesèng palugon | para mantri para bupatine | myang wadya lit kang ingabên jurit | kantun kalih kêthi | kang sapalih lampus ||

8. ya ta wau sang sri narapati | kang munggèng pakuwon | sinaosan ing garwa bujane | datan eca sajroning abukti | kang kaciptèng galih | pangrêmuking satru ||

9. sakèhing aji sampun pinusthi | aja kongsi dhompo | prabawaning căndhabirawane | miwah punggawa ingkang pinêthik | tuwa sura sêkti | prawira ing kewuh ||

10. tabah-tabahan kang pra dipati | gumuntur pakuwon | gurnitèng gong kadya samodrane | sabên pakuwon kang pra dipati | samya wiji-wiji | sagolonganipun ||

11. wau Sang Aprabu Salya tampi | kang saking Sang Katong | Duryudana busananira kyèh | wus binagi kang para dipati | miwah para mantri | wus tampi pisungsung ||

12. kondur narendra saking manggihi | dutane Sang Katong | Duryudana kathah ganjarane | lajêng sang prabu mring dalêm puri | wangsul para mantri | mring pasowan tugur ||

13. amung punakawan maksih ngiring | ingkang ngampil epok | lajêng marang dalêm pangiringe | duk pinarak ing made panêpi | kagyat ingkang prapti | Nakula cumundhuk ||

14. nêmbah nungkêmi pada sang aji | umatur wotsinom | dhuh pukulun punapa èstune | jêng paduka madêg senapati | angyasani

--- 1 : 131 ---

[...] rit | amunah ing satru ||

15. angandika Sri Maha Salya ris | kulup ya mêngkono | kakangira Suyudana de-[...] | pasrah pakaryan marang ing mami | tan kêna tinampik | katêmpuh [...] sêpuh ||

16. wit ning alumuh kulup wak mami | iya li-[...]-t ewoh | nanging kaya ngapa wus jangjine | ing Bathara Sang Hyang Odipati | tan kêna gumingsir | kulup raganingsun ||

17. matur nêmbah Nakula wor tangis | pukulun sang katong | yèn makatên ing aprang dadose | uwa sintên ingkang angladosi | yèn wus senapati | paduka pukulun ||

18. ratu pinituwa sura sêkti | wirotamèng kewoh | sumbaga ring tri buwana kabèh | pan pun kakang ngênês amiyarsi | tan nêdya ngladosi | ing karsa pukulun ||

19. miwah kawula lawan pun adhi | Sadewa tanpadon | Dyan Nakula narik curigane | dhuh paduka tamakna tumuli | tênggak kawula glis | pêjaha pukulun ||

20. kaèstrèna ing paduka aji | sampun ing palugon | măngsa ngantosa nèng payudane | mungsuh guru sasat bathara di | lêng mangke puniki | sampun bèncèng laku ||

21. sukèng pada paduka dewaji | sumungkêm aywa doh | jroning pati tan anêdya mèngèng | saking naranata guru yêkti | yayah kaping kalih | tan mingsêr sarambut ||

22. kagyat Narendra Salya mulat mring | kang anêdya layon | Sang Nakula Sadewa kalihe | gupuh ngandika

--- 1 : 132 ---

kulup dèn aris | aywa angrêrujit | marang ing tyas ingsun ||

23. sarungêna curiganira glis | aywa ta mêngkono | [...]-na dayaningsun mring siranggèr | dêdalane raganingsun iki | yèn wurunga kentir | kèrêm samodra gung ||

24. mu-[...] sira mangkene iki | miwah ta Sang Katong | Kurupati [...] panangise | kudu-kudu ngêsrahkên prajèki | winangu-[...]-rit | darma madêg ratu ||

25. dadi ngong banjurakên wa-[...] | ing prasêtyaningong | aja cidra ing karaton anggèr | [...] kakangira Ngastinapati | tulus sun lakoni | sena-[...]-pun ||

26. nanging wêkas ingsun mring sirèki | kang mapag ma-[...]-ngong | ing payudan kakangira bae | anak Prabu Yudhisthira benjing | anglawana jurit | marang raganingsun ||

27. klimasada aturana musthi | dèn tamakna mringong | jajaningsun iki ing tancêbe | dadi marganingsun mulih maring | Ngendrabuwanèki | iku jatinipun ||

28. gêgaman ing tri buwana iki | tamakna maringong | siji nora nana dadi gawe | mung kalimasada kang pinêsthi | goning pati mami | lah mangkono kulup ||

29. apan ingsun kulup duk ing nguni | ubaya wak ingong | duk sinungan ing kanugrahane | Bathara Guru panah sabumi | tan ana nêdhasi | maring raganingsun ||

30. gêgaman tri buwana tan olih | parêk angganingong | lawan kakangira salamine | Yudhisthira lul puja sêmèdi | kalima[...] [kalima...]

--- 1 : 133 ---

[...[...]] di | nugraha pinunjul ||

31. lamun kang ambêk pandhi-[...]-ning | ing tyas tan arusoh | iya nadyan kalimasada-[...] | yèn cinêkêl wong ambêk tan yukti | iya tan nêdhasi | ma-[...]-ganingsun ||

32. mulane mung kakangira aji | tan k- [...]-ning wong | kang pustaka kalimasadane | lawan kulup ing [...]-na iki | iya kang duwèni | kakangira prabu ||

33. [...]-tiningsun iya mêkasi | tan ana pakewoh | wus lu-[...] prang Bratayudane | tan ngapaa kulup kari siji | no-[...]-yatani | Suyudana iku ||

34. Arya Nakula waspanya drês mijil[5] | solahe kalêson | abot dening prabu andikane | pinêksa-pêksa muliha kaki | aywa wangkot aglis | kanthi wêkas ingsun ||

48. Kinanthi

1. Natèng Măndraka lingnya rum | hèh Nakula sira kaki | têka muliha dèn enggal | sira aywa walangati | pan wus karsaning bathara | sakèhing lêlakon iki ||

2. ing ênu mung kawathikun | kamulakêna dèn bangkit | têgêse mung rahsaningwang | sasabana anèng margi | dèn bisa sira nak ingwang | Nakula amit wotsari ||

3. wirandhungan solahipun | lampahe Nakulèng margi | praptèng pakuwon Pandhawa | ngarsane Sri Dwarawati | Bimarjuna Yudhisthira | Krêsna rowangira linggih ||

4. lawan Cêmpala Sang Prabu | Wiratha Sri Narapati | Satyaki Drusthadyumêna | miwah sagung pra ||

--- 1 : 134 ---

dipati | pêpak anèng ngarsanira | Maha Prabu Dwarawati

5. Nakula tur sêmbah matur | marang Prabu Dwarawati | pukulun la-[...] kawula | pakuwon Măndraka prapti | sampun kapanggih pun [...]-wa | kawula pamit ngêmasi ||

6. Natèng Măndraka [...]-ulun | mangsit pangrèhing sajati | pun uwa Narpati Salya | makatên ingkang wêwêling | kakanta Sri Yudhisthira | kènên mêthuk ing ajurit ||

7. angladènana prang ingsun | [...] ta amusthia benjing | pustaka kalimasada | tinamakêna ing jurit | yèku dadi marganingwang | ngatêr marang ing swarga di ||

8. mring aribuwana tèngsun | aja liyan kang amusthi | [...] nadyan kalimasada | yèn liyan kang ngagêm pasthi | tan tumamèng [...]-ganingwang | yèn kakangira kang musthi ||

9. tumama ring jajaningsun | nuli muliha dèn aglis | tan wurung nagri Ngastina | kakangira kang duwèni | mung punika kang pitungkas | Natèng Măndraka sayêkti ||

10. Narendra Krêsna gumuyu | sarwi nolih mring kang rayi | sira Prabu Yudhisthira | tinolih tumungkul isin | Bimarjuna sami suka | miwah sagung pra dipati ||

11. tan ana sangsayèng laku | ciptaning kang pra dipati | lêstari ungguling yuda | marma niring walangati | kunêng malih winursita | Măndraka Sri Narapati ||

12. nênggih ing sapungkuripun | Nakula sungkawèng galih | pinular dening kang garwa | Rêtna Dèwi Sêtyawati | gupèng tyas tan amurwaka | ing pakewuh gêng angênting [angê...]

--- 1 : 135 ---

[...nting] ||

13. ngimur garwa tan angimur | prapancèng tyas pramèswari | kadya mèh suduka jiwa | Rêtna Dèwi Sêtyawati | sang nata kalangkung marma | kang rayi sangêt prihatin ||

14. sang nata datan atakut | upami matiyèng jurit | sêdhêng dènira wus tuwa | nanging ta awlas ing sori | dènnya rêncaka ru-ara | waspa drês tikêling kapti ||

15. punapa ta mirah ingsun | prihatin waspa gung mijil | tuhu dahat tanpa karya | sêngkang rinêmêkan gusti | gêlung rinusak sêkarnya | sumawur gambir malathi ||

16. upama tyase mangun kung | mulat ing sira dyah ari | sayêkti milu mangarang | têlasing riris gumanti | ingkang taranggana sumyar | rêmêk dening salah kapti ||

17. marmane mangrurah gêlung | lintange merang ningali | mring langêning keswanira | miwah kidang-kidang isin | miyarsa ing swaranira | si kidang umpêtan têbih ||

18. tuwin kombang-kombang gêng kung | miyarsa swaranira ri | kadi merange si kombang | anon ing liring ta yayi | mangkana susahing kombang | malah tyasira lir kanin ||

19. pustakaning pucang wurung | dènira arsa mêmingkis | mulat marang wêntisira | kumilat saengga thathit | alum pradapaning soka | mulat lambungta kawingkis ||

20. abot kabotan lung gadhung | wêkasan mungkrêd amuntir | mulat gonira si duwa | malah-malah cêngkir gadhing | kang tiba mrih dharakalan | umpêtan ing jurang trêbis ||

21. merang mulat [mula...]

--- 1 : 136 ---

[...t] ing prêmbayun | palayuning cêngkir gadhing | mendah mulata sadaya | mung têpine kang kapidih | kèngsêr dening kasêmêkan | merange si cêngkir gadhing ||

22. kang tinarka lir sitèngsu | sininjangan sira yayi | dening liring ta kumênyar | apindha gêbyaring sasi | Nata Salya căndrakanta | priyêmbadanira mijil ||

49. Mijil

1. paranbaya drêsananing runtik | sotyaning rat babo | babo mapan gumêndhèng dasihe | sruning ewa miyat ing kaswasih | anggung nikêl alis | tan aris mawèh kung ||

2. tan anêdya mêmêtyakkên manis | sotyanggung linuron | lathi dhinêndha paran wadine | pijêr karya prihatining dasih | pundi gène manggih | kang kadya mas ingsun ||

3. tumuruna Dèwi Rarasati | apaguta panon | Dèwi Rarasati pundi gène | pangungsine sor arêbut manis | gêng nugraha mami | sihira Hyang Guru ||

4. dene kongsi anggadhuh mas ari | jawata kinaot | Bathara Brama kasor garwane | dening sira Dèwi Rarasati | Brama pramèswari | kucêm ing sirèku ||

5. paran dosa ngong siniwêr ing ling | mrih curnaning kang wong | babo tuwasana sumiwine | atur kumala rumêksèng pati | myang ing siyang ratri | mêmêrdi wèting rum ||

6. punapa kang pinopo pun dasih | tumamèng sapakon | nadyan tinuduha upamine | amilang lintang kang anèng langit | karyanên pan asri | panyangganing gêlung ||

--- 1 : 137 ---

7. nanging lamun pinarcayèng kardi | parêkna anggèngong | pinaringa rarasing kamuktèn | tibanana rêsmining mêmanis | darapon pun dasih | kuwawa angungrum ||

8. lungsuring sinjang ing nguni-uni | ing rèh mèh sagatos | tan gumingsir tinarik tuwuhe | katon sukane rêsêp toh pati | lêbura ing rêsmi | tumpês ing malatkung ||

9. mênawa owah pangrêganing sri | rarasing kalangon | wiwal dening kurang kêkawine | tan amirib Natèng Maèspati | Arjunasasra di | widagdèng pangungrum ||

10. yèku cacade Măndraka yêkti | kurang ing kalangon | nis pralambang babo apurane | paranbaya pamrêdining dasih | pamurunging pati | paringa pitulung ||

11. mubêng-mubênga ing pasir wukir | anginte kalangon | ya sang carik anggawa karase | malah kasangsaya tan tuk wingwrin | tan amanggih kardi | mirah jiwaningsun ||

12. buwang pustaka karasing carik | tan antuk kalangon | yèn mêngkono lêpasên dèn age | linarunga madyaning jaladri | sangonana rêsmi | lurubana masku ||

13. ing puspane kang sadpada ngungsir | nangisana layon | kombang mibêr ngêdohi layone | angungsira mrih rêsmining sari | muliha ing pamrih | ngaribuwanèngsun ||

14. anjanmaa ping sapta ywa gingsir | mêmaduning wadon | Natèng Măndraka kunêng têmbunge | alon matur Dèwi Sêtyawati | marma gung mong kingkin | dasihe pukulun ||

--- 1 : 138 ---

15. sarya srêt sru sêkêl wijiling ngling | paran ta sang katong | pintên mangke inggih ta lamine | jroning aprang Bratayuda iki | kulanggung sêmadi | mêmuja manêkung ||

16. amrih sinihan maring dewadi | ayuning palugon | ngungkulana ing kawijayane | apêsing satru sun punagèni | dadi tanpa kardi | cêgah mangan turu ||

17. panêdhaningsun tulusa ngabdi | sewakèng kalangon | durung bosên suwitèng karsane | misih kurang miyat ing narpati | sêngsêm ing mêmanis | paduka pukulun ||

18. amung paduka kang liwat luwih | tan tolih kaprabon | misih ènthèng buwang karatone | sarirane wuwuh tan tinolih | lalu mamrih pati | saking gêng sihipun ||

19. maring Nata Pandhawa sayêkti | angêsrahkên layon | duk Si Arya Nakula praptane | amrih pati akon amatèni | tuduh goning pati | marmane wak ingsun ||

20. angur uga dhinginana pati | yèn kari wak ingong | măngsa bisaa mulat layone | wusnya angling Dèwi Sêtyawati | patrême tinarik | nèng asta kumutug ||

21. mèh tumamèng kêkêtêg sira glis | kumêsar tyas katong | gupuh-gupuh amêngkul garwane | angrêbut patrêm sri narapati | dhêg-dhêgan dènnya ngling | dhuh dhuh adhuh adhuh ||

22. ah ah antinên sun Sêtyawati | aywa ta mas ingong | nganyut tuwuh dudu sabênêre | tumolèha dasih kawlasasih | awlasa ing bumi | gusti

--- 1 : 139 ---

pêpujanku ||

23. bara-bara kadi bara gusti | ujar kang mangkono | dene mirah kang ginatèkake | apa nora wêruh ujar sandi | pasunggatèng tami | amindakèng madu

50. Dhandhanggula

1. wus karêbut patrême sang dèwi | mring kakung Naradipati Salya | linut pangarih-arihe | Nakula praptanipun | sun ngênêngi rare anangis | dhuh gusti ngêndi ana | rupane kang mungsuh | bisa mapag yadaningwang | sèwu mokal tri buwana sapa wani | mapag mukku ingarsa ||

2. ditya gandarwa danawa yaksi | tan wun sirna ing paribawèngwang | ratuning manusa kabèh | bengkas ing wiraningsun | ya mulane gusti ywa wingit | tuhunên wêcaningwang | kang rayi sinambut | binêkta mring pasareyan | dhuh kusuma mung siwiningsun sayêkti | praptaa ngariloka ||

3. amanggiha ganjaran sakêthi | widadari măngsa ta antuka | kang mirib ing mêmanise | ratu-ratuning arum | ratu-ratu sêdhêp prakati | ratuning kang wiraga | ratuning kayungyun | ratu-ratuning puspita | jagad traya amung Dèwi Sêtyawati | kumaraning buwana ||

4. pantês angrèh apsari sakêthi | anyênyèthi sang pindha musthika | pathining wanita kabèh | mugi tulusa masku | amanguna langêning rêsmi | benjang ing suraloka | mêmangsuli kayun | mangun asmara kulina | aja pêgat ing jaman langgêng gung rêsmi | mukti Ngendrabuwana ||

5. nanging gusthi cacade wak mami | dene [de...]

--- 1 : 140 ---

[...ne] misih sarira manungsa | dadi ratu kapindhone | angrèh wadyabala gung | nora kêna tiru maharsi | sumêngka ngawak braja | yèn jênênging ratu | sayêkti tinut ing wadya | ing pandhita kang sami badan sawiji | sumêngka ngawak braja ||

6. nora nana ingkang nganggo mati | Rêsi Naraddha Kanekaputra | wutuh lan jisim wadhage | miwah Rama Parasu | yèn ing ratu pan nganggo mati | ulihe marang swarga | Janaka Sang Prabu | lawan Maha Raja Kanwa | ya mulane gusti raganingsun iki | kadya ge mangkanaa ||

7. saking kudu tulusa mong rêsmi | anèng manungsapada wus tuwa | tan bisa bali nom manèh | sira kalawan ingsun | sugih buyut pirang nagari | parandene tyas ingwang | tan beda sirèku | anggêp ingsun misih kênya | ya marmane payo yayi padha mukti | asri nèng suralaya ||

8. witning tan antuk ingkang gumanti | munga sira bae kene ana | sarta atunggal uripe | yèn sêkara mas ingsun | ingsun ingkang sadpada ngungsir | mamriha maring sira | ing satuwukipun | yèn sira nuksmèng pradapa | ingsun dadi lunging gadhung mulêt maring | pradapane pan sira ||

9. ing saênggonira lawan mami | datan apisah mung paduluran | kinăntha kanthi kinanthèt | malah dadia kidung | ing pralambang gita kakawin | saking para lukita | wicaksana besuk | angapus ingsun lan sira | kawirêja angêtrap jroning lêlungit | mung Sêtyawati Salya ||

--- 1 : 141 ---

10. Natèng Măndraka asru dènnya ngling | sarwi angaras rêtna dayita | iya ing ngêndi prênahe | kang miriba mas ingsun | nadyan èstri piturun adi | saking Ngendrabuwana | dudu simakipun | sira wus putra baranah | putranira Erawati Surtikanthi | Banuwati tan padha ||

11. nora pantês ngaran kakang adhi | padha-padha maksih balèg sira | misih kumêncur langêne | tumpêk ing rat sun durung | mulat ingkang ngundha usuki | nadyan Bathara Brama | tan bisa anambung | luwihe rêspatinira | malah purêt saking sangkêping sabumi | sèlèh para pujăngga ||

12. panarkane jagad mung sirèki | lagi tumon ing rêspatinira | milaningsun salamine | durung atilar ingsun | ing nalika sira aguling | bok cinolong ing jagad | yèn sariraningsun | cubluka nora prawira | pasthi dewa kabèh kang padha kapengin | wêdi căndhabirawa ||

13. ri tan wis tu jayènglangên nênggih | karika êntya rum ta caritan | lingira Salya têgêse | ing tingkah nora tulus | sakathahing para binangkit | amarna kalangênan | bêbêcik kang arum | êntèk tan bisa amarna | maring sira tan ana ingucap malih | kabèh intêning jagad ||

14. amung Măndraka Ni Sêtyawati | yèn kêkirab samêntasing siram | kang dinum ing jagad kabèh | sagung kang wanodya yu | sing kêpyuring dubangira ri | duk gantèn kang tumiba | nuju mèsêm masku | iku

--- 1 : 142 ---

jinumput ing dewa | kang dèn êdum marang wong wadon sabumi | saking mêmanisira ||

15. yayah dyastu kawirêja tuwin | aniyata pan patinggal karas | Natèng Măndraka dêlinge | mawastya soka tanjung | ngalampêna gêlara nênggih | têgêse kawirêja | pujăngga praja gung | diyata patinggal karas | têtelane atinggal papaning tulis | soka tanjung gêlara ||

16. soka angsana tanjung sabumi | gêlara iku yèn winilanga | iba ta anggèl suwene | mangkana paminipun | yèn marmaa Ni Sêtyawati | măngsa na têlatèna | malah kongsi ciklu | kang cinăndra durung têlas | rêspatine Rêtna Dèwi Sêtyawati | pramèswari Măndraka ||

17. wuwusnya malih Salya Narpati | rug tangcala satang jaladiyan | yèn kudu mèt upayane | puniku têgêsipun | gunung rubuh sat kang jaladri | yèn kudu ngulatana | mamrih tandhing ayu | lan pramèswari Măndraka | gunung jugrug dèn kongsi sat kang jaladri | măngsa nêdya antuka ||

18. lah kayapa dadine wak mami | yèn bisaa pisah lawan sira | yèn matia apadene | amung panyiptaningsun | mati bae tan ana malih | mung karêp ingsun uga | langgênga ing arum | asmara kalawan sira | ing dêlahan aywa na gingganging rêsmi | anjanma kaping pira ||

19. tan wus ngucap srining ngarih-arih | priyêmbadanya Natèng Măndraka | winor ing gita basane | sinêlan ing

--- 1 : 143 ---

gêguyu | èsêm-èsêm rêsmining manis | wutah pangungrumira | anêkakkên kayun | praptaning gati wèh prana | srining kang tyas suka angrêsêp kêpati | sru mêmardi kamulyan ||

20. sok ingêntèkakên ing tyas wingit | sangsaya sru rèh pangrêsêpira | anumpêk ing tyas enake | wuwuh pangarihipun | dènnya mamrih praptaning guling | mila pajar kalangyan | ing cipta nênamun | sang rêtna sarira lupa | ginunturan rinungrum ingarih-arih | rapuh ngêjum sri nata ||

51. Sinom

1. sang rêtna arip kalintang | nanging tyasira asandi | manawa tinilar priya | mila anggung walangati | dhasar sampun alami | dènira tansah mêmêsu | acêgah dhahar nendra | ing mangkya mêntas ginati | datan kêna sinayutan aripira ||

2. sare karangulu asta | Rêtna Dèwi Sêtyawati | eca kapati supêna | kêramas ing suranadi | eca kapati-pati | panendranira sang ayu | prapta jam pukul sapta | kadya mungu kang aguling | kagyat nglilir Măndraka Narpati Salya ||

3. kepyan tyas Natèng Măndraka | dene astanira maksih | kinarangulu ing garwa | kèwêdan dènira narik | mênèk ngagèt-agèti | kang rayi panendranipun | yèn wungu sêsambata | tan antuk miyos ing jurit | angrangkula mring Naradipati Salya ||

4. mulara kilayuwèng prang | mangkana sri narapati | alon dènnya ngunus asta | tinarik saking sathithik | anggung

--- 1 : 144 ---

dèn irih-irih | mangkana asta wus konus | kantun paningsêtira | tinindhihan mring sang dèwi | sigra pinrang ririh lan curiganira ||

5. sampun keris ingkang wastra | sesanya rawaya nênggih | lire sesanya rawaya | rawe-rawe ingkang kari | binênêrakên nuli | tan katawis kerisipun | ahrêt narendra mura | têgêse alon lumaris | walu-walu balinguh salang kang langka ||

6. têgêse kadya wangsula | satindak anolah-nolih | mangarêki mangrandhat tyas | angrês tyas kadi ginarit | wangsul karya palupi | tulis sambating mangun kung | gusti kawula kesah | ing wuri sampun prihatin | pan mangkana tulise Natèng Măndraka ||

7. sinandhingakên kang nendra | lawan sêsupe satunggil | saking jêjênthik pinasang | ing garwa jariji manis | gantènira sang aji | ginêgêmkên ngastanipun | lan malih sinandhingan | golèk mas sinêsêl aglis | sinusokkên tinèmpèl prêmbayunira ||

8. Natèng Măndraka ngandika | pratima mas kang winêling | matura ing ibunira | ibu bapak lunga jurit | sang nata ngrês ing galih | kapêtêk adrêsing kang luh | duk sinawang kang garwa | wuwuh ayu wimbuh manis | kasorotan pandam saking kèri kanan ||

9. kadya wurunga mangun prang | anyawang ing pramèswari | Sang Naradipati Salya | yèn sampuna narapati | sagah sampun kawijil | cêgah mangsulana wuwus | cinêndhak solahira [so...]

--- 1 : 145 ---

[...lahira] | wau ta sri narapati | ngumpulakên kang sêkar layoning garwa ||

10. rema kang rusak tinata | gêlung linêrêskên malih | mênur mêlathi cêpaka | gambir pinasangkên malih | rêmêk tyasira aji | kêpyur-kêpyur mandhêk mangu | tan wrin kadayanira | gêngira sih angêndhihi | lir ginubah tyasira Natèng Măndraka ||

11. mèh tabuh gathita sanga | wijilira sri bupati | kang wadya sampun sumahab | sakapraboning ajurit | dangu dènira nganti | munggèng pindha alun-alun | ngarsaning pasanggrahan | kadya parwata kabêsmi | asri tinon barise bala Măndraka ||

12. wuwusên kang nilib garwa | lampahe sri narapati | ginarêbêg ing satriya | kinubêng ing para mantri | wus munggèng rata manik | amakutha abra murub | buka sri nawarêtna | kumilat angilat thathit | de kawarna kabèh ing busananira ||

13. têngara muni sauran | sagung ingkang pra dipati | sabalane sowang-sowang | têngêran sami pribadi | budhal sang sri bupati | prawira panganjur mungsuh | gumrêdêg gajah rata | turanggane kang prajurit | praptèng alun-alun Sang Sri Suyudana ||

14. pakuwoning Kurusetra | rinakit kadya nagari | kuwunira Suyudana | lun-alune wus arakit | barise pra dipati | sakarine para ratu | sangkêp busananira | nênggih kang samya dèn anti | Senapati Sri Naradipati Salya ||

15. praptane Natèng [Na...]

--- 1 : 146 ---

[...tèng] Măndraka | obah sakathahing baris | gumêrah tabah-tabahan | binarêngan turănggèsthi | miwah swaraning dasih | asurak-surak gumuruh | labêt kaprihatinan | bala Korawa prasami | ing patine Senapati Natèng Ngwăngga ||

16. gêtêr-gumêtêr umaras | giris miris angrês wingwrin | ing mangkyantuk senapatya | angluwihi Karna nguni | prawirane sayêkti | dibya wirotama putus | sumbaga măndraguna | kaonang-onang ing bumi | digdayane Sri Naradipati Salya ||

17. sagunging wadya Korawa | sukèng tyas ambêk punagi | mêmalês angrêmuk mêngsah | mila mawurahan atri | wau Si Narapati | Măndraka suka andulu | dening kang pra dipatya | Korawa gumrêgut sami | sakathahing bala tandangira sura ||

18. sagung para dwijawara | sewa sogata maharsi | mangastuti jaya-jaya | anaksi kang samya jurit | prapta tan dèn undhangi | gili saking gunung-gunung | angèstrèni sadaya | ing adêge senapati | angkating prang Sri Maha Narpati Salya ||

19. lir siniram toya marta | sakathahing kang prajurit | budhal sagunging gêgaman | Măndraka pangirid baris | kadya robing jaladri | abra lir parwata tunu | gunging daludag pindha | jalada kerid ing angin | kadya surya gêbyaring warastrèng wuntat ||

52. Pangkur

1. gumrêgut bala Korawa | solahira lir age têmpuh jurit [juri...]

--- 1 : 147 ---

[...t] | kasusu anglêbur satru | sura mangangah-angah | tejaning kang prajurit sangkêp tyasipun | lir kilat mangungsir gêlap | anrajang mring mungsuh bêsmi ||

2. praptèng têgal Kurusetra | wus akarya gêlar pakewuh luwih | Natèng Măndraka ing ngayun | lan sagung pra dipatya | saha baris lir akasa tinon têdhuh | Prabu Duryudanèng wuntat | kinubêng ing para mantri ||

3. miwah ingkang para kadang | pra dipati kang samya anglimputi | prawira prameya pênuh | tata tan kêna mênga | gunging baris adhêdhêk katon ngêndhanu | kadya giri gara-gara | suraking para prajurit ||

4. kunêng kang sampun atata | ya ta wau bala Pandhawa prapti | gumarêdêg lir arga rug | jêjêl pirang pandêngan | tan antara wijiling kang para ratu | satunggul satêtabuhan | kabèh wus amèt gon sami ||

5. datan owah gêlarira | ardacăndra patine Karna nguni | mangsah lir samodra pagut | rêbut titihing aprang | liwat luwih Korawa pagrêgutipun | ngêtog kasudiranira | kapitêmên ing ajurit ||

6. têlasing pangarsa-arsa | amung Prabu Măndraka ingkang kari | milane sami tumurun | kadange Suyudana | ngamuk dharat prasamya nèng ngarsanipun | Sri Maha Narpati Salya | gumulung sagung prajurit ||

7. Korawa ngamuk kotbuta | gumarêdêg samya ngêbyuki wani | wadya lit Pandhawa mawur | akuwur kaprawasa | pra dipati satriya agya tumangguh [tu...]

--- 1 : 148 ---

[...mangguh] | Nakula Drusthadyumêna | Satyaki bakuh ngukuhi ||

8. arame têmpuhing aprang | amrih tanggul-tinanggul sru mangungkih | silih rok arug gya rinug | ewon kang sampun pêjah | long-linongan tujah-tinujah nub-tinub | gênjot bumi prakampita | kumocak kang jalanidhi ||

9. dyan krodha Sang Wrêkudara | mangsah krura gadane mobat-mabit | kèh rata rêmuk kapupuh | kèh gajah anggêlasah | sarta ingkang nitihi ratune lampus | nanging kadang Suyudana | kabèh wus dharat ing jurit ||

10. kèh wangsul bala Pandhawa | suka mulat rêbahe turănggèsthi | miwah rata kang malêdug | ing gada Wrêkudara | nanging ingkang rongpuluh Korawa tangguh | anadhahi Wrêkudara | kinarubut ing jêmparing ||

11. Arya Dananjaya sigra | atêtulung nglêpasakên jêmparing | ambrubul sêsêk supênuh | ngêbêki ngawang-awang | bayak-bayak anibani mungsuhipun | kumrêcêk kumroyok prapta | bala Korawa kèh mati ||

12. panah prabawa Arjuna | tan petungan lir udan anibani | Korawa wus mambu ilu | lali pangarsa-arsa | ing yudane Natèng Măndraka tan emut | mung kemutan girisira | ing jêmparing wingi-wingi ||

13. karya karepotaning prang | jêmparinge mêtu makêthi-kêthi | Arjuna pangamukipun | sanjata gunung sela | ingkang mêtu patang kêthi kathahipun | anggung angrêmukkên sirah | myang badan pating [pa...]

--- 1 : 149 ---

[...ting] saluwir

14. giris kang bala Korawa | palayune kêkês tyas sangêt miris | balêdug mawur katawur | wurahan rêbut paran | wus kesisan Nata Salya ing wadya gung | mung kari bala Măndraka | tan ana kang mundur siji ||

53. Durma

1. maksih gêgêr Sang Naradipati Salya | wadya Măndraka pulih | mangsah ananggulang | sang prabu munggèng rata | anglêpasakên jêmparing | lajêring aprang | Salya ratu prajurit ||

2. nging tan pulih gêruse wadya Korawa | Sri Salya Senapati | sanjatane mubal | mumbul mêtu dahana | nadhahi pamukira dwi | Sang Bima Parta | rame têmpuhing jurit ||

3. sarêng nguculakên kang sanjata dibya | Bima Parta nadhahi | rame ngadu yasa | pratingkah paribawa | kukusnya sundhul wiyati | bantala kobar | dening hru warni-warni ||

4. katri ingkang ayuda mawêtu gêlap | gandhewanira sami | kumrêsêk kumupak | liwêran kadi kilat | Salya kinarubut kalih | ngabên sanjata | kumrusuk ing wiyati ||

5. langkung anggêgilani prange katiga | sadanguning ajurit | Natèng Măndaraka | kasoran sanjatanya | pinusus mring kang jêmparing | Bima Palguna | sirna prabawanya nir ||

6. asru krodha Sri Naradipati Salya | sarosa ing ajurit | pra căndhaberawa | winatêk wus minantran | lumêpas sigra umijil | ditya sayuta | têlung yuta nusuli ||

7. lir ampuhan wêtuning lesus rêksasa [rêksa...]

--- 1 : 150 ---

[...sa] | gumrêdêg rêbut dhingin | amarani mêngsah | anubruk janma ngêmah | angêrah angobrak-abrik | bêlêk payudan | ing wuri jêjêl gili ||

8. bala ing Pandhawa kèh kinêmah-kêmah | balêdug amrih ngungsi | kathah ingkang pêjah | miris bala Pandhawa | butane anglêluwihi | sikêp badhama | konta palu myang piling ||

9. nênggala lan samoga limpung sarampang | sangkêp kaprabon jurit | wus kathah kang rusak | wadyaning para nata | myang wadyaning pra dipati | bupatinira | ngumpul samya angungsi ||

10. marang Prabu Krêsna Prabu Yudhisthira | srang-srangan kang wadya lit | binujung dèn măngsa | dening căndhaberawa | alêksan ingkang ngêmasi | Narendra Krêsna | sigra dènnya ngundhangi ||

11. sagung bala Pandhawa kabèh sèlèha | gêgamaning ajurit | kabèh poma-poma | aja na ngladèni prang | yèn gila mulat dityèki | akêkudhunga | wau sagunging baris ||

12. amiyarsa undhange Narendra Krêsna | bruk-bruk asèlèh sami | sagêgamaning prang | wong Cêmpala Wiratha | Ngamarta myang Dwarawati | tan ana ingkang | nyêkêl gêgaman siji ||

13. akêkudhung ditya kang yun badhog prapta | mèh cinandhak sarya ngrik | mulat musuhira | mênêng kudhung kewala | ditya wurung dènira mrih | joto tumingal | kang kudhung dèn adhêpi ||

14. lêgog-lêgog butane datanpa budya | nging gêrêng-gêrêng maksih | malih ingundhangan [ingu...]

--- 1 : 151 ---

[...ndhangan] | marang Narendra Krêsna | padha sidhakêpa sami | asta nèng jaja | lawan dêlênga siti ||

15. wus warata undhange Narendra Krêsna | samya tumungkul aglis | sidhakêp kewala | buta kang ngadhêp samya | anggêro tan ana bangkit | bisu sadaya | lir tugu joto sami ||

16. dhêlêg-dhêlêg butane bisu sadaya | Sang Prabu Dwarawati | alon angandika | mring Prabu Yudhisthira | hèh yayi papagên aglis | Natèng Măndraka | sira asihèng dasih ||

17. yèn krodhaa malih Sri Bupati Salya | luwih têka ing iki | luput ing paekan | têmah rusaking jagad | dangu dènnya ngarih-arih | Narendra Krêsna | mring Sang Yudhisthira Ji ||

18. nanging sira Sang Aprabu Yudhisthira | tumungkul datan angling | malah wêlasira | tan purun amrih pêjah | mring sama-samèng dumadi | sadangunira | tumungkul datan angling ||

19. sru ngandika malih Sri Bathara Krêsna | lah paran sira yayi | nora purun aprang | tan wêlas pra dipatya | kang padha nêkakkên asih | marang ing sira | sira nora nimbangi ||

20. mêngko lamun sarosa Narpati Salya | rusak wonge para ji | paran dadinira | yèn kongsi mangkonoa | tanpa gawe mangun jurit | tiwas akarya | sangsaraning wadya lit ||

21. mawor rêngu andikanira Sri Krêsna | sinamun sawatawis | yèn mêngkono sira | angur maringa wana | dhêdhukuha anèng wukir | datanpa karya | ngandoni [nga...] ||

--- 1 : 152 ---

[...ndoni] jayèng jurit

22. tanpa gawe madêg nata nèng nagara | Wrêkudara duk myarsi | linging Nata Krêsna | anggung angusap jaja | bêkah-bêkuh dènira ngling | lah paran iya | angakokakên ati ||

23. wong mêngkono dadak ora gêlêm aprang | mungkasi mungsuh sêkti | dhingin apa karya | kudu jabêl nagara | prandene tan gêlêm jurit | hèh iku iya | bênêr ingkang ngruntiki ||

24. Nata Krêsna wusnya ngling Sri Darmaputra | alon aturirèki | mring Narendra Krêsna | pukulun duk punapa | kawula lêngganèng kapti | ing rèh paduka | yèn punika pan inggih ||

25. nuwun ingkang sayêkti tuduh paduka | inggih ingkang mêjahi | karsaning bathara | mring Natèng Măndaraka | punapa kawula inggih | mèsêm ngandika | Sang Prabu Dwarawati ||

26. lah takona yayi para wingi ika | pan wus nandhang wêwêling | saking Prabu Salya | mêkas mring Si Nakula | Sang Yudhisthira turnèki | Natèng Măndraka | inggih ingkang wêwêling ||

27. yèn ing pêjahipun saking ing kawula | pan dede paduka ji | ingkang angandika | mung panuwun kawula | dhawuh paduka narpati | ingkang sakêcap | kawula anglampahi ||

28. lamun sampun paduka paring pitêdah | sandika sapuniki | mêthuka ing yuda- | nira Natèng Măndraka | Sri Krêsna ngandika malih | yayi pan nyata | Sri Salya dènira ngling ||

29. apan iku dudu ujar komondaka | pamuwus kang sayêkti | mati [ma...]

--- 1 : 153 ---

[...ti] dening sira | pustaka Klimasada | iku ingkang dadi margi | Sang Yudhisthira | wusnya miyarsa yêkti ||

30. timbalane wau Sang Narendra Krêsna | sigra madêg punagi | gadgadèng ayuda | suka kang samya mulat | gong dewadênta tinitir | gong păncajannya | munyèng tawang nimbangi ||

31. Sang Prabu Yudhisthira sinidikara | mring Prabu Dwarawati | pukulun sang nata | pangèstu jêng paduka | pun yayi darma nglampahi | saking rèhing sang | ngrêksa manising jurit ||

54. Dhandhanggula

1. pukulun inggih paduka aji | ratu minăngka rumêksèng jagad | rahayuning bumi kabèh | kawula nut ing tuduh | ngapèn-apèn kêdah tut wingking | ingkang sinungan karya | paduka pukulun | ingestrenan sigra minggah | rata manik sinătya nila widuri | jumantên rinumpaka ||

2. gumuruh kang wadya anglimputi | anggarêbêg Prabu Yudhisthira | wurahan bala surake | mangkat umangsah Prabu | Yudhisthira kumrab kang baris | lir trunaning udaya | tumeja ngênguwung | sakathahing pra dipatya | atêngara gumuruh kêndhang gong bèri | tanpa rungyan sauran ||

3. kadya guntur gong gubar thongthonggrit | puksur kulkul gurnitèng ampuhan | Narendra Krêsna undhange | bala mari kêkudhung | sarta ngagêm gêgaman malih | sêsêk-sumêsêk rapak | ingkang baris agung | gêlare misih căndrasa | sarêng pagut bala têmpuhing ajurit | rame rèh gara-gara ||

4. prabawa [pra...]

--- 1 : 154 ---

[...bawa] pra căndhaberawa glis | tangi saking bisune umangsah | non mungsuh nyêkêl gamane | samya mrawosèng satru | Prabu Yudhisthira nulya glis | nguculakên sanjata | kumêbul ambrubul | gurnitanirèng gêgana | sru nibani ing mungsuh kang yutan saking | gandhewa mêtu ditya ||

5. sangsaya galak Yudhisthira Ji | sanjatanira ing wuri tumpa- | tumpa sumusun bayake | Arya Palguna sampun | bela nguculakên jêmparing | mijil sayuta samya | ambêbujung mungsuh | Wrêkudara bargawastra | wus lumêpas dalêdêg sungsun kang mijil | pok-pok kumupak papak ||

6. bayak tibane mring mungsuh sami | Natèng Măndraka mêmpêng sarosa | krodha amênthang langkape | căndhaberawa gupuh | inguculkên măntra pinusthi | wêtune kang danawa | agêng-agêng pungkur | miwah galak-galak samya | mamrih mungsuh kang kaparak larut ngisis | kèh longe wadya pêjah ||

7. Yudhisthira miyat ing wadya lit | karepotan ing sanjata warna | buta ayutan praptane | sigra nguculkên sampun | jêmparinge sayuta kêthi | Arjuna Wrêkudara | samya gupuh-gupuh | nangkis pra căndhaberawa | Madrimputra Drusthadyumêna Satyaki | lan sagung para nata ||

8. samya nguculkên panah panangkis | sarsêk ngampuhan dêdêl ngawiyat | niyup amamèt mungsuhe | nanging sangsaya agung | mati sèwu rong èwu prapti | sakêthi ingkang sirna | rong kêthi kang nusul | wuwuh [wu...]

--- 1 : 155 ---

[...wuh] gêdhe galak-galak | pira-pira sanjata ingkang anangkis | nanging datan katulak ||

9. bala Pandhawa laron upami | wêtune brubul marang awiyat | anibani gêni gêdhe | sigra Sri Krêsna ngutus | Darmaputra kinèn sira glis | layang kalimasada | lêpasêna gupuh | Darmaputra langkung suka | pinèngêtan marang Prabu Dwarawati | tandang eling wêkasan ||

10. sinêmadi kalimausadi | sinidikara sampun minantran | lumêpas kilat thathite | dahana mubal murub | ngalad-alad ngêbêki bumi | gumuruh ing paprangan | dahana manêmpuh | sagung danawa kabakar | dadi awu tan ana kari sawiji | dening kalimasada ||

11. Sri Măndraka wus wrin ingkang pati | tan takut malah mênthang langkap[6] | panah têturunan kabèh | kang saking swarga luhung | wus pinusthi lumêpas sami | ibêkan ing awiyat | jêmparing asungsun | galak tiba kadi jawah | Dananjaya sigra nguculkên panangkis | gupuh Sang Wrêkudara ||

12. nguculakên sanjata panangkis | nulak panah endrajalanira | Natèng Măndraka akêthèn | sayuta-yuta wangsul | endrajala kabèh katangkis | dening Sang Bima Parta | gung sanjatanipun | sigra Prabu Yudhisthira | mulat lamun Salya sanjatane sêkti | mêtu wukir lan naga ||

13. bêlêk ngêbêki gêgana mamrih | atêmpuh lawan panangkisira | Bima Arjuna panahe | kadi sarpa sumêmbur | Yudhisthira sigra nguculi

--- 1 : 156 ---

nênggih kalimasada | linêpaskên sampun | tumanêm ing jajanira | Sang Salya Ji kalimausada kadi | kêkuwung anginum rah ||

14. mancur-muncar ulêkan rah mijil | Narpati Salya gumuling rata | tinulus kaprawirane | atmanira wus kombul | pinêthuk ing jawata sami | ngiring Natèng Măndraka | ngawiyat gumuruh | liyaning kang angsung kurmat | ing layone kang anèng rata gumuling | Naradipati Salya ||

15. patine Natèng Măndraka nênggih | saking Sang Aprabu Yudhisthira | sirêm-sirêm kèh ririse | awor lan arum-arum | teja-teja kuwung ngawêngi | kunêng palastranira | Măndraka Sang Prabu | Salya ingkang surèng rana | wadya mawur mung kari Ngastina pati | tan nêdya kondur ing prang ||

55. Durma

1. Prabu Duryudana lan sakadangira | bingung mangsah pêpulih | têlas budinira | ingkang dèn arsa-arsa | mila sami ambêk pati | kabèh sarosa | nguculakên jêmparing ||

2. miwah para mantri bupati kang trêsna | sêsêk ingkang jêmparing | kêbêk aling-lingan | sigra Sang Dananjaya | gupuh amênthang jêmparing | panah panulak | musus sagung jêmparing ||

3. sanjatangin panulaking Dananjaya | mayuta-yuta kêthi | lan mawa prahara | panahe kang Korawa | ulêkan katyup ing angin | sigra umangsah | lan gada mobat-mabit ||

4. Wrêkudara Sêtyaki Drusthadyumêna | parêng dènnya pêpulih | mangkrak krura mangsah | ngikal lohitanira | Wrêkudara gêgilani | kèh satru [sa...]

--- 1 : 157 ---

[...tru] rêbah | rangkêp pat rangkêp katri ||

5. Korawa kang anadhahi Wrêkudara | sangalas angêmasi | Suyudana giras | giris kèhing pêpêjah | lumayu angungsi urip | amor wong rucak | kalingan tan kêtawis ||

6. binêrêg mring Wrêkudara ingupaya | kalingan mring Sangkuni | sayah mêgap-mêgap | nangis asru sêsambat | cinandhak rêbah binanting | mring Wrêkudara | jinambak nguncit-uncit ||

7. lah ta asu si cêmêr Sangkuni sira | kang manggung mêmarahi | agawe bêncana | lah iki rasakêna | Sangkuni ajêrat-jêrit | minta apura | nging mêksa dèn jêjêki ||

8. kongsêb-kongsêb abuh mata sirah pêcah | sandhangên ta Sangkuni | pamalês ngong iya | sira ratuning edan | Sangkuni amêmpis-mêmpis | ngulung sêsambat | pinupuh gada aglis ||

9. ajur rênyuh Sangkuni bangkene rusak | sinêmpal-sêmpal nuli | binalangkên sigra | mring pêpojok majupat | êlor wetan kilèn sami | lan kidul wetan | kidul kulon waradin ||

10. ing patine Sangkuni sinêmpal-sêmpal | gusis sagunging baris | mawukir kêpala | ingkang rah lir samodra | lumembak katêmpuh ngangin | tuhu akarya | ebate kang ningali ||

11. măngka karang wangkening kuda dipăngga | ganggêng gandar jêmparing | lêlumut kumbala | tunggul-tunggul daludag | rata kadya palwa kèli | yèn kawuwusa | tangèh langêning gêtih ||

12. salupute sira Prabu Duryudana | tan kêna

--- 1 : 158 ---

ing ajurit | durung praptèng măngsa | patine Duryudana | mundur sakathahing baris | makuwon samya | sagung para narpati ||

13. pra dipati satriya mantri prawira | sampun makuwon sami | kunêng kang winarna | pakuwon Măndaraka | bupati tuwa satunggil | tur kapracaya | kang matur pramèswari ||

14. mila urip mêndhêm awor lan bêbathang | nanging wus nandhang kanin | kang atur uninga | mring Sêtyawati garwa | yèn ingkang raka wus lalis | kasambut ing prang | dyah myarsa langkung kingkin ||

56. Asmaradana

1. sawusnya matur ngêmasi | otêr pakuwon Măndraka | gumuruh rame tangise | santana kawulawarga | Sêtyawati tan etang | dandan sinjang singsêt gêlung | musthi patrêm sigra mangkat ||

2. maring rana ambelani | Sri Naradipati Salya | Dyah Sêtyawati kadya ge | runtunga mring Endraloka | mila nusul ing raka | sarate bela ing kakung | sayêkti wruh ing kunarpa ||

3. iya ingkang dèn belani | tan yogya mung nuta warta | pan wus ana lêpihane | èstri bela kakungira | sarat wruh ing kunarpa | Citrawati duk rumuhun | garwa Sri Arjunasasra ||

4. narendra ing Maèspati | belane amanggih salah | ngamungakên warta bae | mila kang kantun sadaya | kêdah dulu belanya | wau ta ing lampahipun | pramèswari ing Măndraka ||

5. wontên parêkane siji | tan pisah lan gustinira | êmban Sugandi namane | sang rêtna wus nitih rata | manik ijo

--- 1 : 159 ---

nalyenggal | kadya ge wruha kang lampus | ênggène Narpati Salya ||

6. mèh prapta antarèng têpi | Kurusetra wus katingal | kasaru rêmuk ratane | kadya ngandhêga ing lampah | sigra lumaju dharat | sang rêtna tuntun-tinuntun | lawan cèthi Sugandika ||

7. wus anapak rawa gêtih | jaruju tugêlan panah | lêlumut daludag suwèk | tan pisah kêkasihira | gênti kang anèng ngarsa | lawan Sugandi kayungyun | dangu nabrang ing ludira ||

8. sayah Dèwi Sêtyawati | saking rungsiting dêdalan | grênjal-grênjêl kêpêlèsèt | dening sirah kang pinagas | sing jêblog ing bêbathang | kèndêl aso sang dyah ayu | linggih bêbathanging gajah ||

9. lir sela kumlasa nênggih | ecane dènira lênggah | lan Sugandika sandhinge | angasokakên ambêkan | rinambatan ing singgat | rah mili karya wêwisuh | nging kang abang misih anyar ||

10. wus dangu lumaku malih | têkên putungan gandhewe |[7] ngambah angrês karikile | rêrêmêkaning sanjata | miwah untu bêbathang | iga kempol miwah pupu | ingkang lêsah sampun basah ||

11. sabarang ingkang kaèksi | miwah ingkang kapiyarsa | kabèh tan ana tinolèh | mung age wruha kunarpa- | nira Narendra Salya | sayah malih lampahipun | kèndêl ing rêmukan rata ||

12. panjêran tunggul kang maksih | kari aubing rata[8] | ngalingi surya panase | ayêm dènira araryan | pramèswari [pramè...]

--- 1 : 160 ---

[...swari] Măndraka | wusing dangu kèndêlipun | mangkat anapak bêbathang ||

13. rapuh sukunira kalih | Sêtyawati Sugandika | arêreyongan lampahe | tansah jêblog ing bêbathang | kasandhung uwang rompang | miwah kasandhung cêcumplung | nyampar jamang maskumambang ||

57. Maskumambang

1. lampahira wau Dèwi Sêtyawati | gandaning ludira | bangke basah arus amis | dadya mrik tumamèng grana ||

2. asêsambat sang rêtna samargi-margi | dhuh gustiku aja | atinggal minggah rumiyin | mring buwana ngariloka ||

3. antènana ing bukur pangarib-arib | antaraning laya | ing uwot si ogal-agil | dhuh gusti Natèng Măndraka ||

4. dhandhang muni mencok sawaning kang èsthi | ciptanirèng driya | Rêtna Dèwi Sêtyawati | panguwuhe Nata Salya ||

5. gaok-gaok dhandhange alon aririh | pamiyarsanira | Rêtna Dèwi Sêtyawati | kadya ngenggalakên lampah ||

6. age-age yayi Dèwi Sêtyawati | sun antèni sira | ing loka manguntur niti | mangkana pamiyarsanya ||

7. dharakalan sang rêtna sru dènira ngling | Sugandi pan ika | gustimu nguwuh ngêntèni | sigra-sigra lampahira ||

8. nabrang nêngah sadêkung ilining gêtih | sru mangipak-ipak | pinawawa udaya sri | têgêse alembak-lembak ||

9. kadi tuhu wunguning samodra rêsmi | pinawa sinawang | nusanya arawis-rawis | mili suwekan [su...]

--- 1 : 161 ---

[...wekan] daludag ||

10. lan kêkitiring umbul-umbul kang kentir | minanya lumarap | pênyu kang mindha sêsimping | kêkalung topong jêjamang ||

11. kang minăngka urang jontrèng rata manik | lan sanjata cakra | malipir paranging wukir | parange sayêkti rata ||

12. kang minăngka layare kumlap kumitir | panjêran daludag | ingkang wutuh nora sêbit | daludage pira-pira ||

13. samya kentir sinampar pawana mingkis | lor kidul lan wetan | kulon dwajane kumitir | kadya palwa rêbut papan ||

14. bela pati sênêngnya tanpuawangi | banata ranginnya | abăndha jiwita nênggih | apan têgêse punika ||

15. bela sênêng belani lakine mati | tanpuawangika | nangkoda têgêse nênggih | banata têgêse palwa ||

16. liring băndha dagangane jiwitèki | apawitan raga | palwane dhadhap lan rangin | Sêtyawati lir nakoda ||

17. dènnya layar anabrang sagara gêtih | palwa rangin dhadhap | bandhane pati lan urip | dènnya nabrang nêm walaba ||

18. labanipun kapati brata pinanggih | gêgên pada mulya | têgêse laba kapati | brata amanggiha pada ||

19. laba bathi kapati brata lirnèki | ratuning atapa | Sêtyawati kang pinanggih | dènnya mrih ênggon utama ||

20. wogan moga kadi Rêtna Sêtyawati | wogan angèl lirnya | moga nyata ing puniki | têgêse [têgê...]

--- 1 : 162 ---

[...se] pan angèl nyata ||

21. ngulatana kadi Dèwi Sêtyawati | mangkana lampahnya | sabên ana ratu mati | munggèng rata pinariksa ||

22. inginggahan dulu lakine kang mati | kacèk sakalirnya | sapolah-polahe mati | lan Naradipati Salya ||

23. para ratu kang mati nèng rata manik | sabusananira | miwah gandhewa sinandhing | tan ana kang sudi karya ||

24. singa ingkang tinon Dèwi Sêtyawati | ingkang mati ngrana | dudu pêpantêse tandhing | lawan Narpati Măndraka ||

25. muwus alon sira Dèwi Sêtyawati | kakang Sugandika | akèh para ratu mati | ingkang maksih anèng rata ||

26. nora nana mimba lawan gusti mami | Narapati Salya | pantês ngawulaa sami | mring gusti Natèng Măndraka ||

27. sangêt sayah Rêtna Dèwi Sêtyawati | kadi tumuwêka | nora ngantèni pinanggih | lawan laki Nata Salya ||

28. wus mangkana pitulunging bathara di | marang sêdyanira | Rêtna Dèwi Sêtyawati | kudu wruh layoning raka ||

29. ana katon gumêbyuring kilat thathit | sasmitaning dewa | ing kono ênggoning laki | Sang Naradipati Salya ||

30. wau sira Rêtna Dèwi Sêtyawati | sanadyan suduka | jiwa amrêpêki thathit | nêdya naksèkkên kewala ||

31. tan wruh lamun doning thathit sayêktining | done ingkang raka | Măndaraka Sri Bupati | marmitenggal pinaranan ||

32. awit sampun sayah dènira [dèni...]

--- 1 : 163 ---

[...ra] lumaris | tansah manabrang rah | tan kêlar mubêng amalih | têmah thathit pinarpêkan ||

33. nulya ara rata kêkuwunge kèksi | tejane liwêran | rinêksa ing kilat thathit | anggung riris kêmbang-kêmbang ||

34. sayêktine ngriku don layonira ji | Narpati Măndraka | kinacèk patine nênggih | lawan ingkang para raja ||

35. cinakêtan marang Dèwi Sêtyawati | sapa iki baya | ratane rinubung thathit | kêkuwung asring mateja ||

36. gêtêr-patêr têngis dhèdhèt erawati | riris kêmbang-kêmbang | sigra Dèwi Sêtyawati | minggah gupuh maring rata ||

37. duk tumingal kang anèng rata gumuling | sigra rinungkêban | padane raka narpati | sang rêtna anjrit karuna ||

38. pan ginugah marang Dèwi Sêtyawati | layone kang raka | lathine cinêcêp aglis | rinaga-raga karagan ||

39. kanin jaja warata rah anggubrasi | tatu cinêcêpan | yayah kadi anambani | anggung gugah kèn wungua ||

40. dhuh papagên gusti pamuwus mêmanis | kaya sabên mana | yèn kala mêntas tinangkil | sun papag andhandhanggula ||

58. Dhandhanggula

1. dhuh lakiku prabuningsun gusti | karana pada sih tan sinapa | bêndu paran drêsanane | tan asih kawlasayun | tingalana kawula prapti | ngèlkwamèt ri wêkasta | nênggih têgêsipun | kêsêl kawula kalintang | mrih tumêka wêkasan tan dèn èsêmi | têmah karya sangsaya ||

2. panglingganta ing lalis ta nguni [ngu...]

--- 1 : 164 ---

[...ni] | tan angsara glayat amrêm mangkya | lingnya Sêtyawati lire | duk kesahira prabu | dadak nganggo nilip ngong guling | gingsir ing pabaratan | apa siratmadu | saji-saji tar ing prana | kongsi laju mring pabaratan sayêkti | iya mring rananggana ||

3. siratmadu dyan masaji-saji | têgêsipun sambating karuna | tan tulus pangandikane | lamis mêmanisipun | saos-saos ginawe sandi | lunga tan paring warta | paran dosaningsun | atêmah mangkya antaka | dasihira sang prabu tan bisa kari | saparan ngèstupada ||

4. paranbaya ecanirèng dasih | dhuh pukulun angarih-ariha | priyêmbadanên dasihe | sunggatanên pangungrum | tuwasana praptaning dasih | nabrang robing ludira | paran ta pukulun | akaku têmên tyas ingwang | nora dosa dasihe dèn pitambuhi | lae dhuh gustiningwang ||

5. tangèh lamun wuwusên ing tulis | Sêtyawati ing sêsambatira | marwata gênging larane | sangsaya awratipun | lawan nora nana dèn anti | amung ciptane bala[9] | pati kang kaetung | mèsêm anarik curiga | dut tinatrap patrême murub kaèksi | tinanduk ingandhêman ||

6. datan ajrih trus jajanirèki | ludira muncar kadya galuga | ilining kang rah acuwèr | suwe dènira lampus | ngantak-antak dangu tan mati | angawe pêgat-pêgat | sêrêt dènnya muwus | kakang Sugandi muliha | mring Măndraka aja angantèni [angantè...]

--- 1 : 165 ---

[...ni] mami | muktia nèng Măndraka ||

7. nanging kakang tutura sirèki | maring para pujăngganing praja | ing solah ingsun mêngkene | dadèkna gita besuk | mungguh sêtyaningsun ing bumi | yèn ana sihing para | pujăngga praja gung | dadia Kawi pralambang | malah prêsa angrungu pratingkah mami | padha uruna waspa ||

8. cèthi Sugandi umatur aris | dhuh pukulun inggih duk punapa | pisah sakêdhap dasihe | lawan gusti sang ayu | anjanmaa marang ing pundi | kawula ngèstupada | nitisa ping sèwu | Sugandi kawulakêna | yèn kantuna sintên kang naosi warih | kalamun asêsotya ||

9. mangkana ture wadon Sugandi | matangya èrên ing antariksa | lire gusti karantêne | antosana pukulun | dasihira munggèng wiyati | Sêtyawati mangkana | pananjaking lampus | kumukus teja liwêran | obar-abir sarawungan kilat thathit | sumawur riris kêmbang ||

10. wingkising wêntis barung lan thathit | wadon Sugandi wruh gustinira | yèn prapta ing antakane | dhuh lae gustiningsun | sigra narik patrêmirèki | saksana ingandhêman | jajanira têrus | cèthi Sugandi wus pêjah | ambelani marang gusti Sêtyawati | dadya kalih pawongan ||

11. wus ngèlmune ing Bratayudèki | nora kêna yèn pinaidoa | kudu mêngkono anggêpe | mangkana caturipun | kang amurwa carita nguni | kang nama Êmpu

--- 1 : 166 ---

Sêdhah | pan wus kaprahipun | kang nganggit mangke tan kêna | muwuhana malah kapara ngurangi | jrih tinutuh ing kathah ||

12. bok winastan dora mêmuwuhi | Sêtyawati patine pinapag | sakêthi widadarine | gumuruh kang angusung | ing atmane Ni Sêtyawati | munggèng wimana mirah | widadari sèwu | sadaya samya anêmbah | widadari marang Dèwi Sêtyawati | ngrêrêpa ngèstupada ||

13. samya gusti mring Ni Sêtyawati | ngalap sawab mring wong wadon dunya | kang mantêp marang lakine | luhur darajatipun | angungkuli pra widadari | ingatêrakên samya | mring suwarganipun | Sri Naradipati Salya | nora beda kaya kang binayangkari | gumuruh suralaya ||

14. patêmone Salya Sêtyawati | nèng suwarga jumêrut wismanya | hèr thathit kinarya made | nanging patêmonipun | kadya jroning supêna sami | ngungkuli muktinira | tikêl patang èwu | lan madêg Nata Măndraka | nora kadi panggihe ing dunya nguni | Sêtyawati lan Salya ||

15. satingkahe jêr wus salin jisim | dhêdhaharan sadaya mung cipta | anuwuki sasukane | tan emut solahipun | duk ing dunya Ni Sêtyawati | saking karoban nikmat | ing saosikipun | ing kalbu badan wus nikmat | Sêtyawati pangungunira tan sipi | tan nyana yèn mangkana ||

16. kunêng ingkang wus tampi kamuktin | nèng suwarga Sri Bupati Salya | wibawa lawan garwane | wau ta kang winuwus [wi...]

--- 1 : 167 ---

[...nuwus] | wontên bala Pandhawa sami | anitik Duryudana | kawruhan gènipun | wontên sungapan samodra | pan angêndhêm silulup dhasaring warih | ênggone Suyudana ||

17. asingidan langkung saking ajrih | liwat luwih nistha papanira | musakat kasêrakate | akèh nalangsanipun | nora nana bature siji | sami arêbut paran | pisah garwanipun | bêdhah nagari Ngastina | kèh parane Duryudana durung kêni | mila Nata Pandhawa ||

18. dèrèng nêdya nglêbêti nagari | amung eca anèng Kurusetra | yèn dèrèng wontên wartane | Suyudana gènipun | duk sêmana amanggih warti | bala matur gustinya | yèn mêsthi gènipun | mêndhêm sungapan samodra | pangrasane têbih anèng jroning warih | kadya bulus solahnya ||

19. nora sêdhih kablêbêk ing warih | wit nyananya kalamun kawawa | iku luput panyiptane | kasusu rêbut umur | ing badhene amèt gon malih | yèn aja kawruhana | marang mungsuhipun | wau Sri Nata Pandhawa | duk miyarsa ênggène Sang Kurupati | matur mring Nata Krêsna ||

20. sigra undhang bala Pandhawa tri | pakonira Sang Narendra Krêsna | anglurugi mring ênggone | Sang Suyudana Prabu | kang singidan pinggiring warih | silulup jroning toya | wadya Pandhawa wus | budhal sagunging gêgaman | tri gumuruh saha wahana kudèsthi | gumrêdêg lawan rata ||

21. para ratu lan para [pa...]

--- 1 : 168 ---

[...ra] dipati | layu daludag sri tiningalan | umung tabah-tabuhane | mung Bima kang angutu | tan anitih turăngga èsthi | dharat angundha gada | galak solahipun | para dipati satriya | para mantri gumuruh sawadya sami | sri nata munggèng têngah ||

59. Sinom

1. datan kawarna ing marga | wau lampahe kang baris | prapta gèning Suyudana | gumuruh suraking dasih | kêndhang gong lan sênggani | rata dipăngga gumuruh | kèndêl sagung gêgaman | andhêndhêng pinggir pasisir | bala matur tuduh gèning Suyudana ||

2. angrubung para dipatya | samya aningali warih | kang mungsêr ana katara | obahe kanggonan janmi | Wrêkudara sira glis | sêsumbar anguwuh-uwuh | hèh babo Suyudana | pagène angungsi urip | kaya dudu prawira têrahing raja ||

3. agawe solah urakan | gêgêdhêgi anèng bumi | kaliwat ing luputira | ajamak lamun wong bêcik | apan wong rêbut pati | amrih gada buwang umur | lah ênya tampanana | gada pangilanging pati | rasakêna pêpukul lohitamuka ||

4. wau Nata Suyudana | miyarsa saking jro warih | panguwuhe Wrêkudara | sigra mêntas saking warih | jumêdhul sampun mijil | areyab-reyab kalêbus | mire kang katarajang | akèndêl anèng ngarsaning | Narapati Krêsna lawan Yudhisthira ||

5. nudingi mring Wrêkudara | Suyudana sru dènnya ngling | hèh Wrêkudara [Wrêkuda...]

--- 1 : 169 ---

[...ra] pan nora | ingsun anglungani pati | lagi muja sêmadi | marmaningsun nèng jro banyu | măngsa ingsun wêdia | sirèku nêkani mami | bala wêndran sakapraboning ayuda ||

6. măngsa ta mirisa ingwang | Wrêkudara anauri | pagène sira umpêtan | kang jamak mêtu ing jurit | yèn sira nêdya ngungsi | ngungsia Bathara Guru | sapa ngukuhi sira | gandarwa miwah rasêksi | sun upaya jêr sira cidra ing yuda ||

7. Suyudana suraweyan | hèh sira gêlahing bumi | sira wong asih ing ditya | jêjêmbêri anèng bumi | lakine Si Arimbi | pan sira pakaning asu | payo manèh nyambata | minta srayaa para ji | ingkang padha bêbala anyèwu lêksa ||

8. ditya diyu lawan dewa | prajurit salêksa kêthi | gawenên ngrusak maringwang | măngsa mundura wak mami | Sang Prabu Harimurti | nauri pamuwusipun | mring Prabu Duryudana | puniku kadi punapi | yèn Pandhawa apranga lan jênêng para ||

9. sira mung badan sapata | tan duwe batur sawiji | Pandhawa anganggo bala | ênggèh ta budi punapi | wong siji padha siji | yèn prange satriya ratu | lamun misih kang tuwa | Pandhawa măngsa nglakoni | anganggoa pratingkah nora sayogya ||

10. amundhut Narendra Krêsna | sadandananing narpati | bêbadhong lawan makutha | miwah rata lawan èsthi | katur ngarsanira ji | Narendra Krêsna sru muwus | hèh Prabu Duryudana | aywa

--- 1 : 170 ---

kèh dènira angling | anganggoa iki kapraboning raja ||

11. makutha nitiha rata | apa ta anitih èsthi | yèn ora rêp apa ana | iya ing salah sawiji | aja angrusak krami | reyab-reyab akalêbus | dadi pindha durbiksa | ilang caraning narpati | makuthana yayi sun adu prang gada ||

12. Duryudana saurira | marang Prabu Dwarawati | lah inggih Narendra Krêsna | sintên kang andika tuding | aprang kalawan mami | yayi Yudhisthira Prabu | iku ambêk pandhita | Si Dananjaya ing jurit | mung karême ngagêm panah munggèng rata ||

13. Si Nakula lan Sadewa | karone anom sayêkti | dede pantês lawan ingwang | yèn tan Si Wrêkudarèki | patut yèn sira tuding | nadhahi pêpukul ingsun | angling Narendra Krêsna | aja sira jaluk maning | iya iku ingkang sun adu prang gada ||

14. eca awawan wicara | kasaru praptanirèki | sri bupati ing Madura | Baladewa ingkang prapti | saking pratapan nênggih | angaub anusup-nusup | nanging praptaning praja | wus manggih rata prayogi | nitih rata lajêng mring pinggir samodra ||

15. kagyat kang samya tumingal | gupuh kang para narpati | samya mêthuk dharakalan | miwah kang para dipati | samya angacarani | angrêrêpa aturipun | Sang Prabu Yudhisthira | umatur angasih-asih | dhuh pukulun dene bagya kamayangan ||

16. inggih sarawuh paduka | punika pinanggih ugi | rèhning gung olah mêmuja

--- 1 : 171 ---

pakantuke asêmèdi | dènnya mangke mêningi | ing siswa katandhing pupuh | sarwi norakên raga | mèsêm-mèsêm amêmanis | aturira Narapati Darmaputra ||

17. Narendra Krêsna turira | pukulun sami basuki | ing sarawuh jêng paduka | dene kaparêng mêningi | kang badhe yuda tandhing | Maha Baladewa Prabu | alon dènnya ngandika | yayi Prabu Dwarawati | Hyang Naraddha kang jawil mring jênêng ingwang ||

18. tan mênangi sadayanya | dènira mong jayèng jurit | kumrubut kang pra santana | saking jalu saking èstri | Janaka angabêkti | Nakula Sadewanipun | Satyaki Păncawala | Drusthadyumêna ngabêkti | Duryudana langkung sukanirèng driya ||

19. praptanya Sri Baladewa | kang măngka guru pinundhi | sungkême Prabu Ngastina | Yudhisthira matur aris | inggih tuwan sêksèni | kang ayuda kalihipun | sigra Sang Duryudana | lan Wrêkudara mrêpêki | sarêng nêmbah mring Narpati Baladewa ||

20. ingèstrèn amit kalihnya | jinanjèn kang yuda kalih | dènnya prang gada-ginada | sira Prabu Kurupati | masang makutha aglis | wus amutêr gadanipun | siyute lir prahara | Wrêkudara mapag aglis | ing tandange Sang Aprabu Duryudana ||

60. Durma

1. parêng mangsah wau kang ayuda gada | kinalang dening baris | lir angabên sima | andanu lan andaka | sêdhêng tandhing ing ajurit | samya gêngira | sami balengah kuning ||

2. sugih rema kalih [ka...]

--- 1 : 172 ---

[...lih] sami ngandhan-andhan | miwah bêbau wêntis | samya dhadha papak | sami daginganira | kaparèng singsêt sakêdhik | Sang Wrêkudara | lan kari ulat andik ||

3. parêng têmpuh nibakkên lohitamuka | gapyuk pêpukul kalih | têmpuh sami gada | parêng mundur malumpat | Bima nututi anggitik | kang pinrih êndhas | Suyudana tan kêni ||

4. tibèng siti gadanira Wrêkudara | mandhêlong bumi gonjing | orêg prakampita | Suyudana anggada | Wrêkudara angindhani | tiba ing lêmah | gadane Kurupati ||

5. kadya bêlah bantala angambak-ambak | rame gitik-ginitik | parêng lumpatira | kalih gapyuk trangginas | tan ana kasoran kalih | sami kuwatnya | sami rikate kalih ||

6. caruk rukêt apêluk tujah-tinujah | pur pupug parêng tangkis | agada-ginada | ulêng byar parêng wudhar | kèdêr midêr angulingling | lêbu walikan | lir rug kontrag kang wukir ||

7. Dananjaya miris tyasira ngrês mulat | dènnya kuwate kalih | sagung ingkang bala | kang baris akalangan | tan ana têtêp ningali | buh Suyudana | buh Wrêkudara iki ||

8. tan karuwan siji-sijine kang aprang | têmpuh rukêt rok silih | orêg bumi molah | jaladri prakampita | wrêksa kèh rêbah kaguling | kababit gada | giyak kang aningali ||

9. kamigilan Risang Arya Dananjaya | tumon gatining jurit | dene

--- 1 : 173 ---

Suyudana | kuwatira kaliwat | trangginas luwês awasis | myang Wrêkudara | widagda ing ajurit ||

10. matur nêmbah Arjuna mring Nata Krêsna | pukulun ingkang pundi | kang asor ing aprang | miwah ingkang unggula | angling Prabu Dwarawati | lah iki iya | Pandhawa jayèng jurit ||

11. alêstari jayane Arya Pandhawa | sapa ta animbangi | mring Si Wrêkudara | agul-aguling aprang | bêtah kuwat ing ajurit | lan Suyudana | tan beda kuwate dwi ||

12. awidagda Si Suyudana prakosa | sumbaga jayèng jurit | kuwat trampil cukat | undhagi aprang gada | kabèh tan anguciwani | nging Suyudana | iku kêna punagi ||

13. nging sira ywa cipta asoring kang mêngsah | larangan bathara di | iku Suyudana | uga prawirèng yuda | aluput tiba ing jurit | sira dèn enggal | mangsit Wrêkudarèki ||

14. aywa sira têlangke nuli mangsita | gitika wêntis kering | pan Si Suyudana | salamine prang cidra | nora ta sira miwiti | yuda dursila | lan dhingin wus punagi ||

15. Wrêkudara mutungkên kang wêntis iya | ing aprang Kurupati | apan iki măngsa | anauri niaya | wusnya ngling Sri Dwarawati | sigra Palguna | mrêpêki kang ajurit ||

16. maksih udrêg-udrêgan uwal kalihnya | parêng gapyuk mangungkih | parêng ujung dhêndha | rame dugang-dinugang | Wrêkudara aningali | sakêdhap netra | Arjuna marêpêki ||

17. ngujiwati [ngu...]

--- 1 : 174 ---

[...jiwati] anampèl pupune kiwa | Wrêkudara nampèni | wangsite rinira | sigra mamèt ing cidra | ngangsêg nêsêg ing ajurit | mamri[10] upaya | tan ajrih dèn gadani ||

18. [...]-pêki ing kiwa têngên ginada | astane Kurupati | sêbat-sêbut ngiwa | nêngên panggadanira | kepyan Prabu Kurupati | dènnya kapêdhak | sinêsêg ing ajurit ||

19. anggung tinut pinrêpak rinupak-rupak | pinêgat dèn prêpêki | sayah Suyudana | ngiwa nêngên anggada | kalêson sêdya ngoncati | malumpat arsa | mapan ing gon kang têbih ||

20. mèh malumpat pinarêngan pupunira | ginada ingkang kèri | gapruk pupu rêmak | tikêle dening gada | nusup panggadanirèki | rêbah kalumah | gumêbrug kadya wukir ||

21. sumêmbur kang ludira mêdal tan pêgat | gumêtêr Kurupati | Wrêkudara sigra | jambak dhupak makutha | dèn idêg sru dèn jêjêki | Sang Suyudana | gêlangsaran nèng siti ||

22. datan ucul panjambake Wrêkudara | jaja baunirèki | wadhuke dèn idak | ingiring kurêbira | tan pêgat dènnya jêjêki | Sang Suyudana | nistha pati kawuri ||

61. Pangkur

1. Wrêkudara ngundhamana | lah sandhangên Suyudana pan iki | pamalês kadurjananmu | gawemu kaniaya | tur bancana cidra-cidra ing tumuwuh | Suyudana kalesedan | muka rêmuk dèn jêjêki ||

2. umung jawatèng awiyat | anêksèni ngudankên wangi-wangi | anjaya-jaya [a...]

--- 1 : 175 ---

[...njaya-jaya] gumuruh | hèh jaya Pandhuputra | Mahaprabu Baladewa duk andulu | ing larane Suyudana | muntab krodha [...] wêngis ||

3. hèh Wrêkudara ko tingkah | kaya dudu tingkahe jayèng jurit | anasak anuting diyu | dudu rèhing prawira | murang krama prang ninggal kramaning ratu | anasak prange si kompra | dudu budining prajurit ||

4. pama mêlênga kewala | dadak apa aprang padha wong bêcik | têka cocote kumruwuk | iku Sri Duryudana | nora kêna sira prang karya lêlucu | iku prajurit utama | gawe nistha apa kardi ||

5. êndhase kok idak-idak | kèngêl cêngêl malêkah mukanèki | miwah wêntise kang putung | katiban ing gadastra | tanpa tutur aprang kang mêngkono iku | jamake pamupuhira | iya sangisoring rai ||

6. iku prang padha prawira | lan tan gitik ngisoring pusêr yêkti | iku prange wong akuthuh | lah iya tadhahana | nanggalaku ko mati mêngko dening sun | angantia dèn prayitna | têmpuhe nanggala mami ||

7. Mahaprabu Baladewa | winga-winga ngangkat nanggala aglis | Narendra Krêsna agupuh | mêngkul sarta turira | ngadêg sarwi anyandhak nanggalanipun | hèh kadangku prabuningwang | sampun enggal salah kapti ||

8. tan wadhakan tari jayan | Pandhuputra yudanipun sayêkti | tan wontên ing cacadipun | kaliwat ing raharja | Wrêkudara

--- 1 : 176 ---

mung naur punaginipun | lah punika maksih kirang | pun Wrêkudara sadarmi ||

9. pun Suyudana pan kêna | prasapane pandhita nguni-uni | kang sinusahkên kalangkung | pun Bagawan Metreya | napatani marang Suyudana Prabu | besuk aprang mati nistha | siniya-siya sor jurit ||

10. ing punika kalampahan | prasapane Bagawan Metreyèki | sabdaning pandhita agung | yèn ala kalampahan | sabda bêcik kalampahan bêcikipun | pun Suyudana durcara | tan anut ing krama yêkti ||

11. lawan malih Suyudana | kêna ciptanira Dèwi Drupadi | pan iku wadon satuhu | ciptane tinurutan | ing bathara saking sru prasêtyanipun | sêmbur adas kalêksanan | yayi Prabu Kurupati ||

12. adêge Rajèng Ngastina | tan apêgat akarya walangati | nir kramanirèng kaprabun | sarèhning alpadara | ing têgêse angrusak kramaning ratu | mila kakang prabu aja | dahwèni wong salah kapti ||

13. sasolahipun punika | anauri luputing nguni-uni | ginawe pratingkahipun | ing badane priyăngga | solah salah jinurung ala tinêmu | wus pamalêsing bathara | kang bêcik anêmu bêcik ||

14. angling Prabu Baladewa | iya paran mungguh yayi wak mami | nora murang ing pituduh | yayi ing sarèhira | yèn solahe yayi Wrêkudara iku | kasêmbadan dening sira | iya pa ingucap malih ||

15. sigra ngling Sri Baladewa

--- 1 : 177 ---

marang sira Sri Prabu Kurupati | hèh yayi Suyudanèku | aywa sira sangsaya | pan wus sêdhêng ing patine yayi prabu | tiwas arêbut nagara | matia kocap prajurit ||

16. de panggadane Si Sena | ing sakama-kama lire anggitik | ing sakarêp-karêpipun | iku wit saking sira | aja gingsir anampani ing panaur | malar sudaa ing kana | ngur sira nampani ngriki ||

17. sigra Prabu Danardana | ingkang raka Narpati Madurèki | ngaturan kondur rumuhun | sigra anitih rata | pra santana ngatêr lampahira kondur | marang kadhaton Ngastina | wuwusên kang maksih jurit ||

18. kang anggung jinambak-jambak | jinêjêkan jinagur tinampiling | sasolah-solahe tutug | tinon bala sadaya | gêladrahan gobrah-gobrah kuthah marus | muka bêngêb gêtih mata | dalêdêg gêtih ing lathi ||

19. miwah wêntis kaprawasa | ludirane gubrasi sarirèki | kèlês dèn ilês malesuh | kulit daginge babak | pan wus ilang sipating manungsa tuhu | gêrêng-gêrêng asêsambat | pelo kêrot dènira ngling ||

20. srêt ngadu wul waja gugrag | lathi dawir langkung kawêlasasih | pipi grana sami ajur | sirah tatune kathah | Wrêkudara garêgêdên arsa mupuh | dèn êjur kalawan gada | nanging Prabu Dwarawati ||

21. kang mênggak aywa ginada | wus nêngêna măngsa wurunga mati | sigra tinêtêgan sampun | bubarkên barisira | sampun munggèng rata sagung ||

--- 1 : 178 ---

para ratu | miwah satriya punggawa | Duryudana kari brangti

62. Asmaradana

1. budhale sagung narpati | ana swara kapiyarsa | Duryudana pangucape | apan ingsun nora pêjah | yèn tan ngidak-idaka | sirahing Pandhawa iku | miwah saanak putunya ||

2. dadia lantaran mami | mulih marang suralaya | ludira dadi raupe | marmane muni mangkana | Sang Prabu Duryudana | dènnya Wrêkudara anggung | angidak sirah anjêjak ||

3. nora kêna dèn sambati | muka bêngêb abuh ngêsah | sirah jinêjêk malopor | badane dèn idak-idak | sirah pinuntir sarya | jinêjêkan amalêpuh | kongsêp dèn asap ing lêmah ||

4. dangu datan nêdya uwis | yèn aja ana kang nyêgah | dèn êjur gada tan wande | dadya bala kang miyarsa | sami ajrih matura | dening ujar liwat saru | nanging Sri Narendra Krêsna ||

5. têtela dènnya miyarsi | pangucape Suyudana | mila sandeyèng driyane | Maha Prabu Padmanaba | sapraptaning kuwunya | swaraning bala gumuruh | akèh sasukaning wadya ||

6. watêke wong mêntas jurit | sirna mungsuhe kasoran | mila kathah pratingkahe | gène nêkakakên suka | tutug sasolahira | sabên sakuwu-sakuwu | pondhoke kang pra dipatya ||

7. samya têtabuhan ngrangin | sagunge ingkang kinarsan | tutug tan ana lupute | mas rêtna adining boga [bo...]

--- 1 : 179 ---

[...ga] | sadaya tan sumêlang | lor kidul samya gumuruh | wetan kulon asauran ||

8. panginume pra dipati | ana kang agiyak-giyak | tutur kalawan rowange | ing mungsuhira tan ana | ginagas jro kasukan | mangkana wau Sang Prabu | Padmanaba gung sungkawa ||

9. ingkang kacipta ing galih | panguwuhe Duryudana | milanggung walanggalihe | rinasa sangsaya susah | sira Narendra Krêsna | Pandhawa kalimanipun | binêkta midêr ing wana ||

10. pinggir jurang kali wukir | langlang ing dalu angiwa | Narendra Krêsna karsane | mêlang-mêlang ing jro nala | wuwuse Suyudana | Pandhawa sinungan ngrungu | ujar saking Duryudana ||

11. wus adat sabêning wêngi | Narendra Krêsna cangkrama | Pandhawa ginawa kabèh | tan ana suwalèng karsa | ing rèh Sang Padmanaba | dhatênga ing lara lampus | mangkana kang winursita ||

12. lalu lêlana ing wêngi | midêr ing antara têngah | ing wana jurang pêpèrèng | kênyaring lintang gêgana | sênggani konang-konang | sumêbar abyor sumawur | kadya murup langênira ||

13. siti lawan ing wiyati | obra mubyaring kêkonang | lir ngobori sêkar abyor | katon panjrahing kusuma | tumamèng ima-ima | asri kalangêning dalu | abra kêlabing lalaban ||

14. ingkang măngka nyênyuluhi | laraping kang lirang-lirang | lurung tumlorong pêpèrèng | karang-karange karangkad | rungkad akèh kang

--- 1 : 180 ---

rêbah | kasrêg ing prang kabarubuh | ring gadane Wrêkudara ||

15. prasamya eca lumaris | Pandhawa angiring Krêsna | karasa rêrêp aripe | sumêpêring tirta dibya | êning samya sêsotya | aripe sirêp wus surup | sumuruping raras driya ||

63. Mijil

1. ana gulma lata pupul atis | ingkang ima songsong | ana simbar akumpul têgêse | luwih pêtêng mega kang mayungi | karyane ngandhêgi | sakathahing êbun ||

2. iringning ngunur têgêse munggwing | lambung wukir jongok | ngunur munggèng poncoling wukire | sanityasa kadi kang upami | panginuming wukir | anadhahi kang bun ||

3. munya ngrês tyas cucur mangidungi | sêngsêng tangisnya lon | lire ana kadhasih unine | ngasih-asih lir atawan tangis | milu ngalamati | lêlangêning dalu ||

4. rasminya sinamya tăndha asih | taka karsa alon | lire alon amor ing unine | dhandhang asih munya ngasih-asih | kadya nangising ring | kang lêlanèng dalu ||

5. risang narpati ing Dwarawati | ingkang lêlanandon | lawan Pandhuputra kalimane | ingkang ngiring Prabu Dwarawati | anglêlana anis | ana maring dalu ||

6. pinggir kali têtalun katarik | abarung lor kulon | lir salundhing ing wayang arame | salundhing wayang tabuhan ringgit | pring bumbung kênangin | muni nguwung-uwung ||

7. pring pêtung munggèng têpining kori | ing guwa malompong | sru

--- 1 : 181 ---

kanginan pring kadi tutupe | sumaruwung nguwêng-uwêng ngawing | sarawungan kari | kongkangnya munya kung ||

8. walang kêrèk lir kêmanak ngêrik | lawan cênggèrètnong | awèh rêna kang miyarsakake | wong agung kang anamar ing wêngi | kèndêl dènnya sami | suka kèh karungu ||

9. mangkat mingsêr wong agung lumaris | ing pagagan anjog | sinarandu barukut pagêre | kukuh wêrit kadya ngadhang maling | dènnya wijung nilib | darpa mamăngsa gung ||

10. waraha galak pagagan pinrih | pagêre binojod | kawaspadan wong agung lampahe | cêngkelak wangsul muni ambêkis | abarung nimbangi | wit cêmara tinub ||

11. angin midid lir suraking jurit | kumrusuk swara wor | lan bagawan gothaka tutuke | têgêse sarpa muni barêngi | gumuruhe mirib | pacampuh prang pupuh ||

12. kêpyaking sarpa lan cêmara lir | palagan rêbut rok | kagyat waraha lir kadya loke | sarpa bagawan gothaka muni | kadya sêsumbaring | satriya kang magut ||

13. kunêng wong agung anis ing wêngi | wana jurang andon | kabèh langêning dalu swarane | miwah kalangên ingkang kaèksi | lam-lamên ing wêngi | tan anêdya kondur ||

64. Durma

1. kawarnaa sira Sang Drunatanaya | kang munggèng ing wanadri | lami anèng wana | sira Sang Aswatama | kesahe saking nagari | Ngastina bêdhah | Swatama tan mênangi ||

2. kesahira duk prang Senapati Salya [Sa...]

--- 1 : 182 ---

[...lya] | dènnya padudon kapti | marmane Swatama | kesah andewa sraya | wontên Korawa satunggil | pun Kartamarma | punika nora mati ||

3. palayune sabêdhahe ing Ngastina | lan Karpa rowangnèki | lumayu mring wana | Karpa lan Kartamarma | mring wana samya angungsi | panggih Swatama | gène mangun sêmadi ||

4. langkung kagyat Swatama gènnya tumingal | praptane kang angili | dènira miyarsa | Ngastina kasor ing prang | sira Prabu Kurupati | datan karuwan | ilang madyaning jurit ||

5. durung tamtu sira Prabu Duryudana | Swatama ngrês ing galih | arsa belanana | susahe Suyudana | pêksa milua prihatin | dènnya sang nata | ing nguni angsung mukti ||

6. lawan tinangisan dening Kartamarma | miwah Karpa jurungi | anyidra ing yuda | mring pakuwon Pandhawa | sêdhênge mêntas ajurit | dalu aripnya | Swatama wus lumaris ||

7. Banuwati tinilar anèng pratapan | sigra mangkat ing wêngi | Karpa Kartamarma | samya ngiring Swatama | ing pakuwon sampun prapti | amatêk japa | kang jinujug rumiyin ||

8. pakuwone narapati ing Cêmpala | Drusthadyumêna guling | rêrêp sirêp sayah | sagung pakuwon samya | Swatama sigra nglêboni | lan Kartamarma | Karpa sami angiring ||

9. wus kawidra Drusthadyumêna tinigas | sigra mring gèn Srikandhi | sampun kênèng cidra | gègèr baris Cêmpala | lajêng ngamuk Swatama

--- 1 : 183 ---

glis | sagung barisan | kagyat samya angisis ||

10. mawur-mawur gumrudug asru mabyungan | tan ana kang nadhahi | saking gugupira | sagung kang pra dipatya | lumayu tan ana eling | marang gêgaman | saking gugup tan sipi ||

11. abusêkan ucul sanjata dahana | Swatama liwat luwih | sigra Păncawala | wungu ngêmbat gandhewa | Swatama sigra mrêpêki | rame atadhah | jêmparing-jinêmparing ||

12. Radèn Păncawala sor titih ngayuda | sadangunirèng jurit | wus kênèng sanjata | pêjahe Păncawala | tan ana ingkang dèn ungsi | sagung barisan | malêdug tan apulih ||

13. asasaran akèh prawi katrajang[11] | amung para pawèstri | ingkang nora pêjah | mung Srikandhi kewala | Arjuna sêpi angiring | lan Wrêkudara | mring Prabu Dwarawati ||

14. miwah Prabu Darmaputra milya kesah | Nakula Sadewèki | pan sêpi sadaya | tan ana dèn ungsia | tanbuh solahing wadya lit | kawus wurahan | cinidra ing prang wêngi ||

15. wusnya kathah antuke ingkang pêpêjah | miwah satriya mantri | mundur Aswatama | ajrih manawa siyang | wangsul maring wana malih | gone mêmuja | dhukuhe Banuwati ||

16. bangun rina undure pamuk Swatama | rêrêp sagunging baris | akèh ingkang prapta | bupati kang lumajar | gumuruh swaraning tangis | sigra utusan | wau Dèwi Drupadi ||

17. wus sinêbar para mantri kang dinuta | ngulari [ngu...]

--- 1 : 184 ---

[...lari] sri bupati | mubêng maring wana | wetan lor kulon samya | kunêng duta kang lumaris | wau kawarna | wong agung kang mrih manis ||

 


Kurang satu suku kata: lawan Kyana Patih Sangkuni. (kembali)
Kurang satu suku kata: yasanaya tuwan agawea. (kembali)
Lebih satu suku kata: Natèng Măndraka nauri aris. (kembali)
Kurang satu suku kata: wau kawuwusa malih. (kembali)
Lebih satu suku kata: Arya Nakula waspa drês mijil. (kembali)
Kurang satu suku kata: tan atakut malah mênthang langkap. (kembali)
Biasanya guru lagu a: gandhewa. (kembali)
Kurang satu suku kata: karia aubing rata. (kembali)
nala. (kembali)
10 mamrih. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: asasaran akèh prawira katrajang. (kembali)