Bratayuda, Kartapradja, 1937, #106 (Hlm. 01-52)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Bratayuda, Kartapradja, 1937, #106 (Hlm. 01-52). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
  2. Bratayuda, Kartapradja, 1937, #106 (Hlm. 52-96). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
Image

f 0.45

BRATAJOEDA

INGKANG ANGGANCARAKÊN R.Ng. KARTAPRADJA

BALE PUSTAKA

BATAVIA-C.

--- [1] ---

Serie No. 1257

BRATAJOEDA

INGKANG ANGGANCARAKÊN R.Ng. KARTAPRADJA

BALE PUSTAKA

BATAVIA-C.

1937

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600

--- [3] ---

BÊBUKA.

Ingkang sagêd mastani utawi ngraosakên manawi sêrat: Bratayuda punika sae, punika inggih namung tiyang ingkang sagêd maos sêrat wau, ngrêtos dhatêng basanipun utawi ngrêtos dhatêng sêkaripun.

Tumrap jaman samangke tiyang ingkang ngrêtos kados makatên wau nama langka, saya malih ngèngêti kirang sumêbaring cariyos. Mila inggih botên anggumunakên manawi dèrèng badhe ambikak sêrat Bratayuda punika kenging dipun wastani botên wontên.

Bale Pustaka ngêdalakên sêrat Bratayuda gancaran, têtilaranipun R. Ng. Kartapraja, guru basa Jawi ing pamulangan calon guru ing Surakarta jaman kina, ingkang lajêng kaêcapakên dhatêng tuwan C.F. Winter, punika inggih mêngku kajêng kêkalih:

1. nyumêrêpakên tiyang kathah dhatêng isinipun sêrat Bratayuda;

2. awit saking sumêrêp wau lajêng tuwuha kêpenginipun maos sêratipun ingkang baku.

Mugi-mugi kajêngipun Bale Pustaka ingkang kados makatên wau angsala pambiyantunipun para sêpuh, karsa mêmengin para neneman ingkang sampun wanci, samangsa mrangguli lêlampahan utawi cêcriyosan ingkang wontênipun ing sêratipun baku kaandharakên ngantos sae, mangka wontênipun ing gancaran namung kacêkak, lajêng ngandika makatên:

"Wah lah kuwi ana ing layange baku critane bêcik bangêt, mangkene ..."

Sarana lampah makatên, para neneman botên namung badhe wêwah sêsêrêpanipun ing bab cariyos kemawon, nanging ugi badhe tuwuh dêrêngipun marsudi dhatêng basanipun piyambak.

Mugi kabula BALE PUSTAKA.

--- [4] ---

106_4
Ingkang binobot ing budi sarta linampahan sapitêdahipun, inggih namung sang prabu ing Dwarawati

--- [5] ---

1. PRABU KRÊSNA DHATÊNG NGASTINA, NGRÊMBAG PALIHAN NAGARI, BOTÊN ANGSAL DAMÊL.

Sang Prabu Jayabaya ing Kadhiri misuwur kêkah adilipun. Prabawanipun upami kados padhanging srêngenge ing mangsa katiga. Panjênênganipun kinèringan ing sêsamining ratu, awit saking kaprawiranipun ing paprangan. Botên wontên nimbangi. Para ratu ingkang nunggil jaman akalihan Prabu Jayabaya kaupamèkakên rêmbulan, Prabu Jayabaya ingkang minangka srêngenge, sorotipun angucêmakên padhanging rêmbulan.

Prabu Jayabaya wau kagungan abdi juru panganggit, anama Êmpu Sêdhah, punika kakarsakakên nganggit sêrat Bratayuda, panganggitipun kala ing taun 1079. Wondene ingkang kacariyosakên rumiyin:

Sang Prabu Yudhisthira sasêntananipun sami kalêmpakan wontên ing nagari Wiratha, sarta ambêkta prajurit sadêdamêlipun ing prang. Prabu Krêsna ing Dwarawati sabalanipun inggih wontên ing ngriku. Karsanipun Prabu Yudhisthira badhe mangun pêrang mundhut kagunganipun nagari ing Ngastina ingkang sapalih. Wondening ingkang binobot ing budi sarta linampahan sapitêdahipun ing prakawis agêng wau, inggih namung sang prabu ing Dwarawati. Akathah para ratu, pêpakan wontên ing Wiratha, ingkang sami rumojong ing pêrang, amurih kamulyaning pêjah. Ing nagari Ngastina inggih kathah para ratu Jawi utawi saking tanah Sabrang, sami kalêmpakan sabala saha dêdamêling pêrang, inggih sumêja ngupados kamulyaning pêjah.

Prabu Yudhisthira angandika dhumatêng Prabu Krêsna: "Kakang prabu, ingkang minangka panuntun kula, kula badhe anêdha kagungan kula nagari ing Ngastina ingkang sapalih; punika kula sumangga ingkang dados panggalih utawi pratikêl sampeyan, amurih prayoginipun ingkang badhe linampahan."

Prabu Krêsna amangsuli pangandika: "Yèn makatên karsane yayi prabu, inggih botên wontên sayoginipun kêjawi kagalih wilujêngipun, amurih lulus saening akêkadang. Kula ingkang badhe lumampah, anêdha sapalihipun nagari ing Ngastina."

--- 6 ---

Prabu Krêsna lajêng andhawahakên parentah, karsa tindak dhumatêng nagari ing Ngastina, badhe amundhut sapalihing nagari. Anuntên bala sami dipun undhangi, sang nata nitih rata, Radèn Sêtyaki andhèrèk.

Saking rikating rata, tindakipun Prabu Krêsna sampun dumugi sajawining kitha. Botên antawis dangu nagari ing Ngastina sampun katingal. Sakathahing kalangênan urut margi ingkang dipun ambah dening Prabu Krêsna, sêmunipun sami prihatos. Ebahipun godhonging uwit wringin, sêmunipun kados tiyang jalêr kasusahan, botên dipun timbangi trêsnanipun dhatêng ingkang èstri. Pucaking gapura èmpêripun kados angajêng-ajêng enggale rawuhipun Prabu Kresna. Baunipun ing gapura, kados badhe nyêmbah dhumatêng ingkang rawuh êpanging wit cêpaka sapinggiring margi, katêmpuh ing angin, sêmunipun kados astanipun Dèwi Banowati, angawe-awe badhe pitakèn dhatêng Prabu Krêsna, punapa Radèn Janaka andhèrèk. Swaraning ratanipun sang nata, sarta gêbyaring sêsotya rêrêngganipun, kados anyauri sarta angujiwati ingkang pitakèn; wondening sauripun: "Si Janaka ora milu ngiring, isih kari ana ing Wiratha; kadang-kadange siji ora ana kang milu."

Êpang kanginan èmpêripun kados tiyang mengo, botên kadugi ing wangsulan wau; awit Radèn Janaka botên andhèrèk dhatêng nagari ing Ngastina, anjabêl nagarinipun.

Sêkar-sêkar ing margi èmpêripun kados badhe rêntah ing jurang. Wit-witan ingkang wontên pinggir margi katêmpuh ing angin, godhongipun abosah-basih, sêmunipun kados tiyang prihatos, dene Pandhawa botên tumut.

Cucur mungêl mênggah-mênggah, sêmunipun kados tiyang ajrih. Wontên sêkar pudhak rêntah ing sela, sêmunipun prihatos, awit dening Radèn Janaka botên tumut andhèrèk.

Lawa gumandhul wontên ing êpang, kêbèt-kêbèt kados tumut sêdhih. Yèn sagêda wicantên, wiraosipun makatên: "Yagene Pandhuputra ora milu rawuh anjabêl nagarane dhewe?"

Sêkar tanjung anggulasah wontên ing margi, sêmunipun kados tumut sêdhih. Brêngêngênging kombang ingkang ngupados sêkar, utawi ingkang anut unthuking toya, kados anangis tumut prihatos, dene Sang Dananjaya botên andhèrèkakên tindakipun Prabu Krêsna.

--- 7 ---

Lumut aking tumèmplèk ing sela, sêmunipun kados tiyang èstri kalêngêr, amargi kedanan Sang Dananjaya.

Akathah kalangênan ing pinggir margi, utawi pinggiring rawi ingkang angèmpêr-èmpêri prihatos. Kapanjangên yèn kacariyosna sadaya.

Tindakipun Prabu Krêsna sampun dumugi ing Têgal Kuru, anuntên wontên jawata sakawan têdhak, anama: Janaka, Rama Parasu, Kanwa sarta Narada, badhe ambiyantoni lampahipun sang nata. Prabu Krêsna kagèt mirsa wontên dewa anêdhaki, lajêng mingsêr tumut lênggah kusiripun. Dewa sakawan sami lênggah salêbêting rata. Sarêng sang nata sampun nyêmbah, jawata sakawan angandika: "Sang nata, sampun kasêsa ing lampah, kula badhe tumut ing salampah andika."

Anuntên rata dipun rindhikakên, samargi-margi sang prabu aginêman kalihan dewa sakawan. Wondening ingkang dipun rêmbag, prayogining lampah, saha saening kadadosanipun ing prakawis.

Sang Prabu Suyudana ing Ngastina sampun midhangêt, bilih Prabu Krêsna sampun dumugi ing Têgal Kuru. Lajêng andhawahakên parentah, sakathahing lêlurung andikakakên anggêlari sinjang, anjog ing sitinggil, dumugi korining kadhaton ingkang jawi. Sarta para pinisêpuh kadhawahan amêthuk. Wondening ingkang kapatah amêthuk wau: Bisma, Druna, Dhêstharata; punika sami suka ing batos, dene Prabu Krêsna ingkang lumampah badhe anjabêl nagari; anyipta yèn Prabu Suyudana amêsthi badhe ngulungakên. Ananging Prabu Suyudana akalihan Patih Sangkuni sami kèwêdan, awit Prabu Krêsna sampun kalih-kalihing ngatunggil kalihan Pandhawa. Anuntên Korawa sami ngalêmpak wontên salêbêting kadhaton.

Lampahipun Prabu Krêsna angancik kikising nagari Ngastina. Ratanipun karindhikakên. Arame swaranipun têtiyang ingkang sami amêthuk, utawi ingkang sami anonton. Tiyang sanagari Ngastina ebah sadaya, saking kapenginipun badhe aningali Prabu Krêsna. Agêng alit pating balêbêr; jêjêl titip atimbun pinggiring margi; ajrih manawi kasèp ing langkungipun sang nata.

--- [8-9] ---

106_8
Dewa sakawan sami lênggah salêbêting rata

--- 10 ---

Ingkang sami mêthuk wau sampun pêpanggihan kalihan Prabu Krêsna, sang nata lajêng dipun aturi lumêbêt dhumatêng kadhaton. Wondene para ratu sampun tata pinarak wontên salêbêting kadhaton. Prabu Salya inggih sampun rawuh, Arya Widura, Adipati Ngawangga, Karpa, Arya Sidurêja, Yuyutsuh, sami andhèr wontên ngarsanipun Prabu Suyudana. Anuntên para pinisêpuh ingkang kautus mêthuk wau sami dhatêng ngrumiyini. Botên antawis dangu Prabu Krêsna rawuh, têdhak saking rata kalihan jawata sakawan. Para Korawa sami ngadêg angurmati. Sang nata akalihan jawata sakawan dipun aturi pinarak dhatêng Prabu Suyudana. Para pinisêpuh kumrubut ingkang sami ambagèkakên. Anuntên pasêgah sumaos. Pangandikanipun Prabu Suyudana: "Kakang prabu ing Dwarawati, sumangga kula aturi dhahar, minangka jêjampining sayah."

Prabu Krêsna amangsuli: "Yayi prabu, sakalangkung-langkung pamundhi kula. Pasêgah pinanggih ing wingking, bilih padamêlan sampun rampung."

Suyudana ngandika malih: "Dene mawi wigih-wigih, kakang prabu, anampik pasêgah kula."

Krêsna amangsuli: "Gampil, yayi prabu, pinanggih ing wingking kemawon."

Prabu Krêsna suka ing galih aningali para ratu ingkang sami pêpakan wontên ing kadhaton, utawi para sêpuh ingkang sami sowan. Anuntên pamit ing Prabu Suyudana badhe masanggrahan rumiyin. Prabu Suyudana amangsuli: "Sumangga ing karsa, kakang prabu, ratu bijaksana ing sajagat."

Prabu Krêsna amangsuli: "Mugi-mugi yayi prabu amanggiha suka, siyosa padamêlan ingkang kula lampahi, wilujênga ing kadadosanipun!"

Prabu Krêsna sarêng sampun dumugi ing jawi, matur dhatêng jawata sakawan: "Kula badhe masanggrahan rumiyin. Benjing enjing kemawon kula mratelakakên prêlunipun lampah kula miriki."

Prabu Krêsna anjujug panggenanipun ingkang bibi Dèwi Kunthi; lajêng anyungkêmi sampeyanipun. Dèwi Kunthi muwun, ciptaning galih prasasat kapanggih kalihan Pandhawa. Tumuntên amratelakakên sêkêling galih, bab prakawis ingkang

--- [11] ---

106_11
Rêtna Banowati galak ulat, manis pamulu, dêdêg sêmbada ...

--- 12 ---

badhe kalampahan. Akathah pituturipun amurih lêstantuning lampah. Saking agênging prihatos, pangandikanipun pêgat-pêgat kamoran pamuwun. Sarêng sampun têlas pituturipun, Prabu Krêsna pamit badhe dhatêng pasanggrahan, ing griyanipun Arya Widura. Sarawuhipun ing ngriku, anuntun sêsaosan pasêgah kathah dhatêng.

Saunduripun Prabu Krêsna, Suyudana apirêmbagan kalihan ingkang rayi-rayi, punapa malih kalihan Adipati Ngawangga, ingkang minangka pangajênging damêl. Prabu Suyudana sumêlang ing galih, awit pasêgahanipun katampik dhumatêng Prabu Krêsna; pangandikanipun: "Sang prabu ing Dwarawati amêsthi ngandhut wadi, dene ora karsa dhahar pasuguhku. Hèh, Drusasana, aja sira kurang wêweka marang ratu ing Dwarawati, sira diangati-ati, kadang-kadangmu kabèh tuturana, sesuk padha amêndhêma baris. Aja nganggo pinikir suwe-suwe, wong ing Dwarawati banjur ditumpêsa bae, awit iku awaking Pandhawa; mêsthi angandhut ala, ora wurung dadi mungsuh; samudana angandhut mêmanis!"

Sabibaring pasamuan, sakathahing Korawa sami mantuk para ratu tamu tuwin pinisêpuh sami kondur dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Prabu Suyudana kondur angadhaton, têdhak dhatêng panggenanipun ingkang garwa Dèwi Banowati. Dèwi Banowati amêthuk, lajêng dipun kanthi astanipun, malêbêt ing dalêm, tata sami pinarak. Para abdi èstri marak.

Rêtna Banowati galak ulat, manis pamulu, dêdêg sêmbada, gorèh nanging dados ing pantês sarta botên wontên sarunipun. Anjêlih anjulalata mindhak pêrakati, bêngis marêngut maleroka wêwah manis. Sanajan botên ngagêm-agêma, ambombrong kalung kasêmêkan kemawon, inggih pantês. Sabarang lêlewanipun amantêsi. Tanpa ganda tanpa sêkar, suprandosipun arumipun angêbêki kadhaton ing Ngastina.

Kala samantên srêngenge angajêngakên sêrap, arindhik lampahipun, kados dèrèng tuwuk anggènipun anêningali rêrêngganipun kadhaton ing Ngastina, èmpêripun kados anolih, kapencut aningali Rêtna Banowati, tuwin para èstri ing kadhaton.

--- 13 ---

Kalanipun sêrap kados tiyang purik, awit para èstri botên wontên ingkang nusul. Arame swaraning pêksi ingkang sami ngupados papan patilêman, ajrih manawi karumiyinan wêdaling rêmbulan.

Sasêraping srêngenge kagêntosan wêdaling rêmbulan, lintang kados dipun sêbar wontên ing langit. Cahyanipun amêwahi wingiting rêrênggan kadhaton ing Ngastina, sampun kados kayanganipun Bathara Endra. Swaraning pêksi amor gabêrêging angin, anêmpuh sasêkaran, amêwahi rame sarta arumipun ing kadhaton. Rêrêngganing prabayasa ingkang warni mas saha sêsotya, pating pancurat katêrangan dening cahyaning rêmbulan.

Dalêmipun Rêtna Banowati anglangkungi saking endah, karêngga ing mas akalihan sêsotya. Sakilèning dalêm wontên patamananipun, mawi pancak suji mas, katarètès ing jumêrut, pagêr banonipun sela cêndhani, wontên balenipun mas. Palataranipun sinêbaran jumêrut saha mutyara tuwin sêsotya sanèsipun. Tangèh têlasipun manawi kacariyosna sadaya kalangênanipun salêbêting kadhaton. Ing mangke karingkês kemawon.

Kacariyos srêngenge sampun malêthèk, arame swaranipun para èstri, ingkang sami ngundhuh sêkar dhatêng patamanan. Prabu Suyudana sampun busana, badhe amanggihi tamunipun, têdhak dhatêng pandhapi.

Wondening palênggahanipun para ratu, utawi para pinisêpuh sampun katata: Dhêstharata, Bisma, Druna, Karpa, Drusasana, Adipati Ngawangga, ratu ing Mandaraka utawi para ratu sanèsipun sampun sami dhatêng.

Prabu Suyudana adhêdhawuh dhatêng Yuyutsuh saha dhatêng Yamawidura, angaturi Prabu Krêsna. Patih Arya Sangkuni akalihan Adipati Ngawangga kadhawahan mêthuk rawuhipun.

Yuyutsuh kalihan Yamawidura sampun pinanggih kalihan Prabu Krêsna. Lajêng dipun aturi têdhak dhatêng kadhaton. Prabu Krêsna enggal busana, para prajuritipun sampun sami dandos. Titihanipun rata sampun sumaos. Anuntên bidhal saking pasanggrahan. Wontên ing margi dipun pêthuk dening Patih Arya Sangkuni akalihan Karna, lajêng sami andhèrèkakên tindakipun dhatêng ing kadhaton.

--- [14] ---

106_14
Wontên ing margi dipun pêthuk dening Patih Arya Sangkuni

--- 15 ---

Sarawuhipun ing kadhaton, Prabu Krêsna kaaturan pinarak. Anuntên sakathahipun ingkang wontên ing pasamuan sami lênggah atata.

Prabu Krêsna tumênga, anuntên jawata sakawan tumêdhak, anama: Kanekaputra, Janaka, Rama Parasu, Kanwa, Bisma akalihan Druna munjuk dhatêng Prabu Suyudana, bilih wontên jawata têdhak. Suyudana lajêng nyêmbah, dewa sakawan dipun aturi pinarak. Anuntên sami tata pinarak nunggil para pinisêpuh. Wondening para ratu nunggil kalihan sêsamining ratu, para satriya nunggil sami satriya. Adangu kèndêl ingkang sami pinarakan.

Anuntên Prabu Krêsna ngandika: "Paman Dhêstharata, laku kula mriki niki mung nêja ngatutake sanak, êmpun nganti ontên kang sulaya, prayoga padha rukuna; yèn ngantia padha kêkêrêngan, abungah sing botên dhêmên. Sabarang rèh kula, putra andika yayi prabu ing Ngamarta sasêntanane anut mawon. Mungguh pagawean sing kula lakoni niki, wit saking karsane yayi prabu ing Ngamarta, anêdha saparone nagari ing Ngastina."

Dhêstharata amangsuli: "Sampun kasinggihan pangandikanipun anak prabu, sakalangkung prayoginipun."

Dewa sakawan anyambungi: "Luwih dening patut rèhe Prabu Krêsna, sakêcap botên ontên sing luput, olèhe murih bêcik lan rakête asêsanak."

Bisma, Druna angguyubi pangandikanipun dewa sakawan. Namung Prabu Suyudana anjêtung, ambasêngut, tumungkul. Botên angandika sakêcap. Yamawidura kalihan Yuyutsuh anyambungi, saha mrayogèkakên panantunipun Prabu Krêsna, amurih wilujênging sadayanipun.

Ibunipun Prabu Suyudana anama Dèwi Gêndari, angandika dhumatêng ingkang putra sarwi amuwun: "Prayoga turutên rèhe anak prabu ing Dwarawati, apa kang kokarêpake luwih saka ing atut asêsanak?"

Prabu Suyudana nolih dhatêng Sangkuni saha dhatêng Drusasana, ambêkuh botên ngandika sakêcap. Karna angêjèpi dhatêng Prabu Suyudana kapurih tindaka.

Prabu Suyudana mundur saking pasamuan, Sangkuni kalihan Drusasana ingkang andhèrèkakên.

--- [16] ---

106_16
Prabu Krêsna saèstu yèn titisipun Bathara Wisnu, kadugi anguntal bumi, anggilut rêdi. Sakathahing dêdamêl ing ngalam donya katêkêm wontên ing astanipun

--- 17 ---

Lajêng andhawahakên amêpak dêdamêl. Korawa satus saprajuritipun sampun mirantos, miwah kapal, rata, gajah, sampun pêpak. Ingkang anyenapatèni Arya Sindurêja, punika ingkang minangka andêl-andêling pakèwêd. Lèr kidul wetan kilèn sampun jêjêl dening baris. Dèwi Gêndari angutus Dhêstharata matur dhatêng Prabu Suyudana, sampun ngantos kagungan ambêk rodaparipaksa, angèngêtakên saruning pratingkah anggènipun anilar tamu.

Botên dangu Radèn Sêtyaki dhatêng saking jawi, nyêmbah matur dhatêng Prabu Krêsna: "Gusti, ing jawi jêjêl dêdamêl, badhe numpês panjênêngan dalêm. Pun Suyudana saèstu awon manahipun. Korawa kiwa têngên sampun mirantos sadêdamêlipun, sampun tata panggenanipun piyambak-piyambak. Prajurit ingkang malêbêt ing kadhaton inggih sampun kathah."

Prabu Krêsna sarêng miyarsakakên aturipun Sêtyaki, sakalangkung dukanipun. Têdhak saking pinarakan, tindak dhumatêng ing palataran, lajêng triwikrama. Sariranipun sakêdhap dados agêng sarêdi, sampun kados Bêthara Kala kalanipun nêpsu. Sariranipun mêdal latu, karosan isèn-isènipun tiyang sajagat tuwin ing suralaya, punapa malih panguwasanipun para dewa sadaya, ngalêmpak wontên sariranipun Prabu Krêsna. Sampun ical warnining manungsa, asipat dênawa, jumangkah anggêro sêsumbar. Sanalika bumi gonjing, toyaning sagantên umob, isèn-isènipun sami susah angambang. Prabu Krêsna saèstu yèn titisipun Bathara Wisnu, kadugi anguntal bumi anggilut rêdi. Sêkathahing dêdamêl ing ngalam donya katêkêm wontên ing astanipun.

Korawa satus sami miris aningali, prajurit kêthèn sami kêkês, botên wontên sagêd wicantên, anggènipun nyêpêng dêdamêl sami anggrègèli. Druyudana kalihan Karna miris, anyipta pêjah. Bisma, Druna sami nangis, mêndhak-mêndhak murugi Prabu Krêsna, lajêng sami nyêmbah. Punapa malih jawata sakawan, sami angrêrêpa ngasih-asih. Bathara Surya enggal têdhak, ing ngawang-awang kathah dewa katingal, sami anjawahakên sêkar. Bathara Surya angrêrêpa, pangandikanipun dhatêng Prabu Krêsna: "Hèh, Prabu Krêsna, aja kotutugake nêpsumu, yèn kowe sumêja numpês Korawa, sabala nagarane amêsthi lêbur kabèh ora ana sing kari. Ananging jagat tolihên sarta wêlasana. Kapindhone, [Ka...]

--- 18 ---

[...pindhone,] elinga punagine Si Wrêkodara lan Si Drupadi. Dene sing dadi punagine Si Drupadi, salawase urip ora gêlêm gêlung-gêlung, yèn ora uwis kramas gêtihe Korawa satus ana ing paprangan. Yèn kobanjurna nêpsumu, ora kalakon punagine."

Sakathahing dewa sami nyêmbah dhatêng Prabu Krêsna. Sang nata lajêng lilih galihipun, ical ingkang duka, sampun warni manungsa malih, lajêng wangsul dhatêng pinarakanipun. Bisma kalihan Druna punapadene Rêsi Naradha sami ngrêrêpa. Prabu Krêsna têdhak saking kadhaton tanpa pamit. Jawata sakawan sami suka, tumut ing satindakipun. Sarêng dumugi ing jawi, dewa sami mantuk dhatêng kayanganipun; Prabu Krêsna têdhak dhatêng panggenanipun Dèwi Kunthi.

Sarêng sampun kapanggih kalihan Dèwi Kunthi, Prabu Krêsna dipun dangu sarwi amuwun: "Kapriye, anak prabu, mungguh ing lakumu, apa ta olèh gawe, lan kapriye ing kadadeane?"

Prabu Krêsna amangsuli: "Pun Suyudana lumuh atut sêsanak. Botên lila nagari ing Ngastina dipun têdha sapalih; kêdah lumampah karêbata ing pêrang."

Dèwi Kunthi mangsuli: pangandikanipun pêgat-pêgat: "Yèn kaya mêngkono karêpe Si Suyudana, apa manèh sing dipikir, mung adhimu Si Yudhisthira bae warahana, aja aninggal kautaman, murungake karêpe angrêbut nagara kang dadi wajibe. Wong mati ing paprangan amarga nggone angrêbut nagarane, amêsthi olèh swarga. Poma wêkasku, anak prabu, purihên sidane amangun pêrang."

Prabu Krêsna matur sandika, nyêmbah pamit lajêng nitih rata kalihan Adipati Ngawangga. Widura sarta Sanjaya, punapadene Yuyutsuh, sami andhèrèkakên. Sadangunipun lumampah, Prabu Krêsna angrêmbagi dhatêng Adipati Ngawangga, yèn saèstu dados pêrang, kapurih angilonana Pandhawa. Nanging Adipati Ngawangga botên purun, kêdah angiloni Korawa, awit kala rumiyin sampun apunagi, badhe angabên kadigdayan kalihan Dananjaya.

Sarêng lampahing rata sampun dumugi sajawining kitha, Adipati Ngawangga pamit, têdhak saking rata. Lajêng amanggihi ingkang ibu, Dèwi Kunthi. Ingkang ibu andangu sarwi ambrêbês [am...]

--- 19 ---

[...brêbês] mili: "Sakondure kakangamu, anak Prabu Krêsna amêkas apa mênyang kowe?"

Adipati Ngawangga matur: "Kula dipun purih kesaha saking nagari ngriki. Manawi saèstu dados pêrang, kula dipun rêmbagi angilonana Pandhawa."

Dèwi Kunthi amangsuli: "Rêmbug mêngkono iku luwih dening bêcik, prayoga koturut, dadi kowe kumpul karo sadulur-sadulurmu. Awit panggonan utamaning pati iku ing pêrang Bratayuda. Mati urip bêcik kowe nunggal sadulurmu dhewe."

Dèwi Kunthi anggènipun ngatag ingkang putra sarwi muwun. Adipati Ngawangga matur: "Ibu, yèn satriya linuwih amêsthi ngêkahi wicantênipun ingkang sampun kawêdal. Anêmahana sakit utawi pêjah, amêsthi botên purun ngingkêdi. Punagi kula sampun kawêdal, badhe angabên kadigdayan kalihan pun Janaka. Aliya saking punika, kula sampun kalindhihan sihipun Prabu Druyudana. Yèn kula kiranga panarima, dados cacad agêng, kalêbêt satriya urakan, botên kenging dados palupinipun para satriya utawi para adipati."

Dèwi Kunthi sangêt anggènipun amuwun, awit ingkang putra botên nurut wulangipun, kêkah ing karsa badhe angiloni Korawa. Adipati Ngawangga nyêmbah, pamit, lajêng kondur.

2. PANDHAWA SARTA KORAWA KANTHI WADYABALA BIDHAL DHATÊNG TÊGALKURU. PÊRANG BRATAYUDA WIWIT. SETA SASÊDHÈRÈK TIWAS.

Lampahipun Prabu Krêsna akalihan Sêtyaki ngajêngakên dumugi ing nagari Wiratha. Samargi-margi sang nata angrêntahakên waspa. Anuntun balanipun Pandhawa sami amêthuk rawuhipun Prabu Krêsna. Sarêng sampun dumugi ing kadhaton Wiratha, para ratu sami ambagèkakên sadaya, sarta anungsung pawartos, mênggah ing tindakipun dhatêng nagari ing Ngastina.

Prabu Krêsna amangsuli pangandika: "Korawa ora kêna dipurih bêcike. Kudu angajak pêrang. Ora awèh nagara Ngastina dijaluk saparo. Ana dewa papat ambiyantoni ing lakuku, aran Kanwa, karo Narada, têlu Janaka, papat Rama

--- 20 ---

Parasu. Olèhe padha nêmoni aku ana ing Têgal Kuru. Iku padha sumurup wiwitan lan wêkasaning rêmbug, sarta padha angrujuki pirukunku kang patut. Têkan ibune Si Druyudana, apadene Si Bisma, Druna lan Salya, padha amrayogakake pasrahe saparoning nagara, nanging sakèhe rêmbug bêcik ora didhahar, malah sumêja angalani marang aku."

Sakèndêlipun Prabu Krêsna ngandika, para ratu sami ngungun amiyarsakakên pawartos. Prabu Darmaputra, Wrêkodara, Arjuna tuwin Nakula, punapadene Sadewa, inggih makatên ugi. Wondening Prabu Darmaputra sasêdhèrèkipun kêkah ing karsa, badhe angestokakên wêwêlingipun ingkang ibu Dèwi Kunthi, angrêbat nagari ingkang amargi saking pêrang. Para ratu tuwin para bupati ingkang sami ngrojongi Pandhawa, amrayogakakên dadosing pêrang. Putra ing Wiratha ingkang nama Radèn Wirasangka kalihan Radèn Utara, punapa malih Radèn Drusthajumêna ing Cêmpala, sami ambêk purun, amêmurun ngajak pêrang. Para bupati utawi para punggawa sami kèlu sadaya.

Enjingipun têngara mungêl, kêndhang gong asauran, para ratu gumêrah sami anata baris. Sarêng sampun sami rakit sadaya, lajêng bidhal saking nagari ing Wiratha. Kathahing bala tanpa wicalan. Panganggenipun gumêbyar, kados cahyanipun srêngenge sawêg malêthèk, badhe amadhangi jagat. Saking kathahing prajurit, kados sagantên ambalabari wana sarta rêdi-rêdi. Sakathahing margi jêjêl dening prajurit. Ingkang panganggenipun abrit agolong sami abrit, ingkang jêne sami jêne, ijêm sami ijêm, cêmêng sami cêmêng, biru sami biru, wungu sami wungu, pêthak sami pêthak, botên wontên ingkang kasêlanan sanèsipun. Swaraning bala kados galudhug. Gêbyaring rêrêngganing lêlayu, kados urubing rêdi sèwu sarêng kabêsmi.

Sang Hyang Endra anjawahakên wêwangi. Sakathahing dewa ing Kaendran sami angèstrèni ingkang sami anglurug: Pandhawa unggula ing pêrangipun, angsala nagari ing Ngastina.

Ingkang anindhihi cucuking baris Radèn Wrêkodara. Lampahipun dharat kemawon sarta amandhi gada. Awit salaminipun gêsang botên karsa nitih kapal, rata utawi gajah. Sanajan

--- [21] ---

106_21
Prabu Drupada

--- 22 ---

tindaka mêdal sagantên, ngambah jurang, rêdi utawi lèpèn, inggih dharat kemawon. Samargi-margi tansah asêsumbar kemawon. Lampahing barisipun kados angebahna bumi. Isèn-isèning wana ingkang kambah sami mawur.

Satêlasing barisipun Radèn Wrêkodara, kasambêtan ing barisipun Radèn Dananjaya, anitih rata karêngga ing sêsotya, murub kados rêdi kabêsmi. Panganggening prajuritipun pating galêbyar, kados anggêsêngna nagari ing Ngastina saratunipun. Gênderanipun kumêlab, aciri kêthèk mangap. Sakêdhap ing ngawang-awang pêtêng dening mêndhung, galudhug gumlêgêr, kilat amradini ing ngawang-awang, kados andalajati manawi badhe unggul ing pêrang.

Radèn Nakula akalihan Radèn Sadewa anyambêti barisipun Radèn Dananjaya, sami anitih rata karêngga ing sêsotya wungu. Kados Bathara Kamajaya kêmbar, badhe têdhak dhatêng kadhaton ing Ngastina, aningali Korawa kados aningali kênya.

Ing wingking kasambêtan barisipun putra ing Wiratha têtiga. Ing wingking kasambêtan barisipun Radèn Drusthajumêna, putra ing Cêmpala. Anuntun kasundulan ing barisipun ingkang rama Prabu Drupada. Sang nata anitih gajah, dipun garêbêg ing para mantri sarta para punggawa. Barisipun tanpa wicalan. Ing wingkingipun, Dèwi Drupadi, anitih rata, asongsong mas sarwi angure rema. Kanginan kados angawe-awe, angenggalakên banjir. Esthanipun kados sang dèwi karsa jamas rahing Korawa tumuntên, sasampuning jamas lajêng karsa ukêl. Sawingkingipun Dèwi Drupadi, Dèwi Srikandhi ingkang anyambêti. Anitih rata karêngga ing sêsotya. Anuntên Prabu Darmaputra anitih gajah, asongsong jêne, dipun garêbêg ing abdi kathah, sarwi amangku sêrat Kalimasada. Saèstu yèn ratu utama. Sêmunipun sagêd amungkasi pêrang. Wondening sêrat ingkang dipun pangku wau, minangka panglêburaning mêngsah. Sawingkingipun Prabu Darmaputra, kasambêtan ing barisipun Prabu Krêsna, gênderanipun sami pêthak, aciri puthut sêmadi. Sang nata anitih rata karêngga ing sêsotya, asongsong pêthak karêngga ing manik, kumilat angênguwung. Esthanipun amèngêti: "Hèh, dêlêngên, iya iki pamugarining pêrang."

Tindakipun Prabu Krêsna kados andhèrèkakên pangantèn. Ingkang minangka pangantènipun kakung Prabu Darmaputra,

--- 23 ---

ingkang minangka putri utawi pangantèn èstri nagari ing Ngastina; sabibaring damêl, nagari katampèn dhatêng Prabu Darmaputra. Wondening para ratu sêsuruhan, ingkang sami rumojong ing pêrang, upaminipun ingkang sami nyumbang dhatêng Prabu Krêsna, ingkang kagungan damêl. Inggih namung punika ingkang dipun pundhi-pundhi sarta dipun èstokakên pitêdahipun. Sintên-sintêna ingkang anut pitêdahipun Prabu Krêsna, anglampahi pêjah wontên ing pêrang Bratayuda, amêsthi manggih swarga, lêpat sakathahing siksa wontên ing jaman kailangan. Mila para ratu sêngkut anglampahi pitêdahipun Prabu Krêsna, sukalila amanggih pêjah, awit swarga kalihan naraka sampun prasasat kaasta dhatêng Prabu Krêsna.

Radèn Wrêsniwira ingkang nyambêti baris ing Dwarawati, saha minangka têtindhihipun para adipati. Prajuritipun tanpa wicalan angêbêki margi, swaraning bala kados angebahna bumi, angocakna sagantên. Ingkang anyambêti barisipun Radèn Wrêsniwira, putranipun Radèn Dananjaya, ingkang nama Abimanyu, anitih rata mas, asongsong laring mêrak, sarwi amangku cakra. Panganggening prajuritipun kados sêkar anggulasah. Ing wingking ingkang nyambêti Radèn Pancawala, putranipun Prabu Darmaputra. Anitih rata karêngga ing sêsotya, dipun gombyongi ing lar mêrak. Songsongipun anglaring kombang. Panganggening prajuritipun murub. Gênderanipun sami ijêm sadaya.

Botên têlas-têlas bilih kacariyosna sadaya langêning baris ingkang lêlampah. Ing mangke kacugag kemawon. Baris ing ngajêng sampun dumugi ing Têgalkuru. Tiningalan kados toya ambêlabar. Para ratu, para dipati andalêdêg dhatêngipun, botên pêdhot-pêdhot. Lajêng sami adamêl pasanggrahan ing sapangkatipun piyambak-piyambak.

Anuntên Dèwi Kunthi dipun utusi rawuh ing Têgalkuru. Kadhèrèkakên ing Yamawidura. Sarêng kapanggih kalihan Pandhawa, lajêng sami muwun. Sakèndêlipun muwun, sami suka-suka. Tangèh yèn kacariyosna sadaya anggènipun sami suka-suka. Yamawidura ingkang andhèrèkakên Dèwi Kunthi, wangsul dhatêng ing Ngastina malih.

Dèwi Kunthi kantun wontên ing Têgalkuru. Pasanggrahanipun [Pasanggrahan...]

--- [24] ---

106_24
Bisma ingkang kapilih dados senapatining prang

--- 25 ---

[...ipun] Pandhawa sampun kados kadhaton. Pasanggrahanipun Prabu Krêsna inggih dipun rakit kados kadhaton. Yudhisthira, Wrêkodara, Arjuna, Nakula, Sadewa, sami wontên ing pasanggrahanipun Prabu Krêsna. Para ratu sêsuruhan inggih sami pêpak wontên ing ngriku, sami arêmbagan sarta anyuwun dhawah dhatêng Prabu Krêsna.

Yudhisthira matur ing Prabu Krêsna: "Kakang prabu, kula sumangga ing sampeyan, sintên ingkang sampeyan karsakakên dados pangajênging pêrang."

Wrêkodara saha Dananjaya inggih makatên ugi aturipun dhatêng Prabu Krêsna. Wangsulanipun sang nata: "Yayi prabu ing Ngamarta, ingkang kula pilih dados pangiriding pêrang pun Seta."

Sadaya sami angguyubi. Anuntên Radèn Wrêsniwira dipun sêrêpakên dhatêng Prabu Krêsna, mênggah gêlaripun bilih amêdali pêrang.

Prabu Suyudana sarêng midhangêt wartos yèn mêngsah sampun masanggrahan wontên ing Têgalkuru, lajêng andhawahakên parentah amêpak balanipun. Anuntên Yamawidura munjuk dhatêng sang nata, yèn para ratu ingkang ambiyantoni Pandhawa sampun sami ngalêmpak wontên ing Têgalkuru. Botên antawis lami bala ing Ngastina sampun mirantos. Bidhal saking kitha. Balanipun para ratu saha para dipati tanpa wicalan. Lampahipun kados umobing toya sagantên, ambalèbèr dhatêng dharat. Wondening para ratu ingkang angrojongi Prabu Suyudana inggih kathah; anuntên sami ngadêgakên pasanggrahan piyambak-piyambak, sami dipun rakit kados kadhaton. Bisma ingkang kapilih dados senapatining prang.

Botên kacariyos lamine anggènipun anata bala. Pandhawa saha Korawa sarêng sampun rakit sadaya, enjing sami nabuh têngara, kêndhang, gong akalihan bèri, bodhol saking pasanggrahan. Surakipun gumêrah kados ambêdhahna langit. Swaraning gong utawi têtabuhan sanèsipun ngantos botên kamirêngan. Barisipun Pandhawa andhêndhêng wontên kilèn majêng mangetan.

--- 26 ---

Barisipun Korawa andhêndhêng majêng mangilèn. Ingkang kidul anotog rêdi, ingkang lèr anotog sagantên. Kandêling baris sapaningal, ewadèntên ingkang dhatêng taksih anggili.

Gêlaripun senapati Bisma Wukir Jaladri, ingkang minangka karang sakathahing rata sarta gajah, ingkang minangka alun para ratu, sakathahing bala alit-alit ingkang minangka toya.

Gêlaripun senapati Arya Seta anama Braja Tiksna Lungid. Ingkang wontên ing ngajêng Radèn Wrêkodara, Radèn Dananjaya sarta Dèwi Srikandhi, sami sabalanipun. Drusthajumêna saha Sêtyaki sabalanipun sami wontên ing sakiwanipun, nanging ragi kawingking cakêt kalihan panggenanipun senapati Arya Seta. Prabu Darmaputra kalihan Prabu Dwarawati sami wontên ing têngah, nunggil para ratu saha para dipati.

Radèn Dananjaya ngêrês manahipun aningali dene mêngsah sami kadang tuwin gurunipun. Lajêng matur dhatêng Prabu Krêsna: "Sang prabu, manawi kenging mugi panjênêngan sandèkakên pêrang Bratayuda, kawula botên tahan aningali dene mêngsah sami kadang saha guru."

Sang nata amangsuli pangandika: "Karsaning dewa ora kêna wurung pêrang Bratayuda. Kapindhone, yèn satriya mati ing pêrang, anêmu pati utama lan munggah swarga. Lan maninge, kakangira yayi Prabu Yudhisthira kudu angluwari punagine. Apa ta sira ora sumêdya anglabuhi kadang tuwa? Mungguh sing bakal mapagake pêrange gurunira wis ana, ora susah sira ngawaki dhewe, mangsa kuranga mungsuhira. Dene yèn sira amrangguli gurunira ana ing paprangan, ora kêna sira oncati, kudu lumaku tinadhahan. Mung sira nyêmbaha bae dhisik!"

Sarêng Prabu Krêsna sampun anyêrêpakên dhatêng Radèn Dananjaya, bilih pêrang Bratayuda botên kenging kasandèkakên, lajêng sami wiwit pêrang. Suraking bala gumêrah, ungêling têtabuhan amor kalihan garêdêging gajah, kêpyaking rata, karapyaking kapal, kados rêdi jugrug, swaranipun angêbêki bumi. Pangamuking bala riwut, sampun kathah ingkang pêjah. Para ratu, satriya sarta para adipati inggih sampun kathah ingkang pêjah. Rata ingkang sampun rêmuk sadasa, gajah ingkang sampun pêjah sadasa, asarêng kalihan ratu ingkang nitihi. Ramening pêrang, kèsrèking dêdamêl kados mêdala gêlap. Gumêrah [Gu...]

--- 27 ---

[...mêrah] sambatipun ingkang sami tatu. Pêsating jêmparing kados jawah. Prajurit kêkapalan ingkang sampun pêjah atusan. Para gêgêdhug nitih rata ingkang pêjah sèwu. Wondening kathahing prajurit ingkang numpak gajah salêksa, ingkang numpak rata salêksa, ingkang numpak kapal sayuta, ingkang dharat kawan yuta. Panêmpuhipun prajurit anggonjingakên bumi.

Anggènipun pêrang sampun satêngah dintên. Ingkang sampun pêjah satriya kêkalih, sami putra ing Wiratha: satunggil nama Radèn Wirasangka, pêjah dening Druna; kalih Radèn Utara, pêjah dening Prabu Salya. Andêl-andêling Korawa kathah ingkang pêjah.

Radèn Seta nêpsu sangêt, awit saking pêjahipun ingkang rayi kêkalih, ingkang nama Wirasangka kalihan Radèn Utara wau. Lajêng ngangsêg sabalanipun; agalak kados sima badhe mêmangsa; utawi kados danawa rêbatan daging: asarêng panêmpuhing bala. Radèn Seta amênthang langkap anglêpasakên jêmparing. Ingkang kawawas prabu ing Mandraka; nanging lêpat; namung rata sakusir pangajapipun ingkang kenging; rêmuk amor kalihan siti.

Kartamarma amêthukakên badhe angadhangi pangamukipun Radèn Seta, lajêng kadhawahan jêmparing, dhawah saking rata, ratanipun rêmuk. Bala Korawa gègèr, sumêrêp pangamukipun Radèn Seta. Saking kathahipun angsal pêpêjah, adamêl girising mêngsah.

Anuntên Bisma kalihan Druna sabalanipun anulungi. Jayasena angundha gada, tiningalan angajrihi. Radèn Rukmarata anulungi ingkang rama prabu ing Mandraka, nitih rata mêthukakên pangamukipun Radèn Seta. Lajêng dipun lêpasi jêmparing dening Radèn Seta, kenging jajanipun, dhawah gumuling pêjah wontên salêbêting rata. Bala ing Wiratha ingkang dipun senapatèni Radèn Seta asarêng pangangsêgipun, tandangipun kados banthèng kêtaton. Para ratu, para adipati katrajang kathah ingkang tumpês. Bala ing Ngastina giris, sami bibar mawur, kados kidang aningali sima. Saking mirisipun, bala ing Ngastina palajêngipun botên kenging dipun andhêg dhatêng pangagêngipun, malah sangsaya sangêt. Awit Radèn Gathotkaca, Drusthajumêna [Drus...]

--- [28] ---

106_28
Radèn Seta senapatining Pandhawa sangêt nêpsunipun, aningali tugêling jêmparing, ...

--- 29 ---

[...thajumêna] sarta Radèn Angkawijaya, sami dhatêng ambiyantoni Radèn Seta, sarêngan sami anêmpuh bala ing Ngastina. Anuntên Senapati Bisma ngamuk, para andêl-andêling Korawa sami tumut, ajêng-ajêngan kalihan Radèn Seta, dados tandhing sami senapati. Radèn Seta dipun lêpasi jêmparing dhatêng Bisma, wêdalipun ambrubul angêbêki awang-awang; andhawahi Radèn Seta, sariranipun murub nanging botên tumama. Radèn Wrêkodara kalihan Radèn Dananjaya anulungi dhatêng Radèn Seta, sami anglêpasakên jêmparing, ambrubul kados jawah, ingkang dipun angkah Senapati Bisma. Anuntên Suyudana anulungi dhatêng Bisma, kenging ing jêmparing jajanipun, botên pasah, nanging karaos sakit. Lajêng mundur anêkêm jaja, giris botên sagêd ngandika. Para Korawa angrubung sarta andhèrèkakên konduripun sang nata.

Senapati Bisma sarêng aningali bala ing Ngastina gusis, amargi dipun amuk dhatêng Radèn Seta, sakalangkung nêpsunipun. Ngadêg wontên ing ratanipun anglêpasakên jêmparing, ambrubul wêdalipun, andhawahi Radèn Seta. Radèn Seta lajêng mênthang langkap. Bisma ingkang dipun angkah, kenging baunipun, botên pasah, malah jêmparingipun tugêl.

Radèn Seta, senapatining Pandhawa, sangêt nêpsunipun, aningali tugêling jêmparing, Bisma botên pasah. Enggal mêdhun saking rata, anyandhak gada, lumumpat dumugi panggenanipun Bisma. Bisma dipun gada angoncati, malumpat saking rata, dados namung ratanipun ingkang kenging, rêmuk sakusir kapalipun. Seta sangsaya nêpsu, manêngah angobat-abitakên gada. Para ratu ingkang sami nitih rata utawi ingkang nitih gajah, kababit ing gada sami rêmuk sarêng kalihan kusir kapal sarta gajahipun. Ratu gangsal ingkang pêjah rêmuk kalihan ratanipun. Ingkang ajur kalihan gajahipun inggih gangsal. Wondening para adipati ingkang pêjah kathah. Seta saèstu yèn sêkti tanpa tandhing. Bala ing Ngastina mawur, giris aningali pratingkahing pangamukipun Seta, kados upaminipun danawa sèwu sarêngan angangkah daging, gadanipun angebat-ebati sarta anggilani. Bisma giris aningali Seta wuru ing pangamukipun. Lajêng mundur saking paprangan.

--- 30 ---

Anuntên dewa anyawara saking ngawang-awang: "Hèh, Bisma, apa mulane sira mundur saka ing paprangan? Wruhanamu, patine putra ing Wiratha iya dening sira!"

Bisma mirêng swaraning dewa, lajêng wangsul, sarwi amênthang jêmparing latu, lumêpas kenging jajanipun Seta butul, lajêng pêjah. Bala ing Ngastina surak gumêrah, ingkang sampun sami lumajêng wangsul sadaya, giyak-giyak sami anjogèd. Arya Dursasana akiprah-kiprah, Arya Sindurêja anggêndhing, Jayasusena, Jayawikatha, Srutayuda, Yutayuni, Sudirga, Sudira, Rekadurjaya, Wirya sarta Kartamarma sami surak-surak. Wondening bala Pandhawa sami prihatos kêkês, awit senapatinipun pêjah. Gumrudug saking wingking sami dhatêng ngajêng.

Sang Prabu Maswapati ing Wiratha, sarêng dipun pratelani yèn ingkang putra tiga pêjah, lajêng tandang kalihan Arya Nirbita. Bisma dipun jêmparing, ambrubul wêdalipun. Bisma inggih nglêpasakên jêmparing. Dados têmpuh jêmparing sami jêmparing. Pandhawa sami nêpsu, sarêngan tumandang, ngamuk sami angêbyuki, ciptaning manah sukalila sarênga sirna kalihan Prabu Maswapati. Bala Pandhawa gumrubyug arêbat rumiyin, anêmpuh bala Korawa mawur sami miris. Anuntên kasaru sêrapipun ing srêngenge, kados anyapih ingkang sami sayah ing pêrang, esthanipun kados amèngêti, kapurih sami asoa rumiyin, benjing enjing pêranga malih.

Ingkang sami pêrang mundur dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak, sarta sami sangêt ing sayahipun. Sang Prabu Maswapati sawêg amuwuni pêjahing putra têtiga. Jisimipun sampun pinanggih sadaya, dipun bêrsihi sarta dipun saèni. Sang nata akalihan ingkang garwa sakalangkung sêkêling galih, dene ingkang putra taksih sami anèm-anèm sarta bagus-bagus, pêjah. Galihipun sang nata kalihan ingkang garwa kados rinujit, kapara tiga. Pramèswari angrangkul layoning putra agêntos-gêntos. Sêsambatipun amêmêlas: "Adhuh anakku, dene têka mati têlu pisan. Sapa sing bakal anggêntèni jumênêng ratu ing nagara Wiratha. Lah tangia, ênggèr sapanên ibumu têka. Apa mulane kowe padha mênêng bae? Dene têka barêng patimu.

--- 31 ---

Mbok iya karia siji, ana kang dadi panglipuring prihatin. Dhuh anakku, Seta, Utra,Utara Wirasangka, mung kowe sing dadi marganing rêdatin. - Ya, dewa, banjutên aku!"

Kèndêl kacariyos pamuwunipun pramèswara ing Wiratha. Anuntên Pandhuputra sami dhatêng, ambêkta pangangge, angurmati dhumatêng ingkang sami pêjah. Layon rinubung sarta dipun muwuni. Sasampuning linuruban, lajêng kainggahakên dhatêng pancaka. Dalu sasirêping tiyang pinuju padhang rêmbulan dipun bêsmi, mawi dipun jênêngi ing para ratu sarta ing para Pandhawa sadaya. Prabu Krêsna amêmujèkakên, mugi sami amanggiha swarga, anêtêpana ingkang sampun dados jangji, ganjaranipun dhatêng ingkang sami pêjah ing pêrang Bratayuda. Awunipun kapusus minggah dhatêng suralaya.

3. BISMA PÊJAH DENING SRIKANDHI.

Sabibaring pakurmatan pambêsmining layonipun putra ing Wiratha têtiga, Prabu Maswapati kalih para ratu ingkang anjênêngi wau sami kondur dhatêng pasanggrahan; apirêmbagan kalihan Prabu Krêsna, mênggah ingkang badhe kakarsakakên dados senapati lintunipun ingkang sampun pêjah. Wondening ingkang kapilih dhatêng Prabu Krêsna: Drusthajumêna, punika dadosa lintuning senapati, sarta asalina gêlar Garudha Nglayang. Para ratu, para adipati sarta para mantri sapangandhap sami angguyubi karsanipun Prabu Krêsna. Anuntên Radèn Drusthajumêna dipun puja sarta dipun kutugi.

Sasampune ngangkat senapati, botên antawis dangu byar. Lajêng angungêlakên têngara. Sakathahing prajuritipun Pandhawa sami dandos, bodhol dhatêng ing Têgalkuru. Makatên malih bala Korawa, bidhal dhatêng Têgalkuru. Anuntên Pandhawa amasang gêlar Garudha Nglayang. Ingkang minangka cucukipun Radèn Dananjaya; ingkang minangka sirah Prabu Drupada. Prabu Krêsna nunggil sarata kalihan Radèn Dananjaya. Senapati Drusthajumêna wontên panjawat têngên. Ingkang kaprênahakên wontên ing panjawat kiwa Radèn Wrêkodara. Radèn Sêtyaki minangka buntut. Ingkang wontên ing githok para ratu, angubêngi rumêksa Prabu Yudhisthira.

--- [32] ---

106_32
Radèn Sêtyaki ... lajêng nyandhak jêmparing, ...

--- 33 ---

Korawa sumêrêp bilih Pandhawa salin gêlar Garudha Nglayang, lajêng dipun tiru. Ingkang minangka cucuk Ratu Mandaraka. Arya Sêngkuni minangka sirah. Senapati Bisma wontên ing panjawat kiwa. Druna angênggèni panjawat têngên. Drusasana minangka buntut. Para ratu kalih para adipati wontên ing githok, arumêksa Prabu Druyudana. Dewabrata angangsêgakên bala, lajêng anglêpasakên jêmparing sumêdya angrisak gêlaring Pandhawa. Wêdaling jêmparing ambrubul. Anuntên Radèn Dananjaya anglêpasakên jêmparing panulak.

Radèn Wrêkodara sangêt nêpsunipun. Majêng amandhi gada. Pangamukipun anggêgilani. Bala Korawa pintên-pintên ingkang pêjah dipun gada, botên wontên ingkang kuwawi anadhahi. Radèn Wrêkodara nyèlèhakên gada nyandhak jêmparing anama Bargawastra. Atusan ingkang pêjah dening Bargawastra. Radèn Sêtyaki ambiyantoni, bala ing Ngastina kathah ingkang risak. Karna, Karpa, Salya, Drusasana, Sindurêja, sami ngungsi dhatêng panjawat ingkang dipun ênggèni Bisma saha Druna.

Prabu Krêsna angatag kusiripun angrikatakên ajênging rata, badhe rumêksa pêrangipun Parta, ingkang sangêt nêpsunipun. Sawêg anglêpasakên jêmparing dibya, wêdalipun ambrubul. Bisma anglêpasakên jêmparing panulak, lajêng têmpuh jêmparing sami jêmparing wontên ing awang-awang.

Bisma ngatag dhatêng Druna kapurih sumingkira, awit badhe mêdalakên kasêktènipun. Lajêng anglêpasakên jêmparing mawi dipun mantrani, amradini angêbêki ing awang-awang, andhawahi mêngsah adamêl girising manah. Anuntên para Korawa sêsarêngan majêng anêmpuh mêngsah. Karpa, Sêngkuni, Karna, Prabu Salya, sami surak sabalanipun.

Radèn Dananjaya enggal anglêpasakên jêmparing panulak, nanging botên mikantuki. Akathah ingkang pêjah dening jêmparingipun Bisma, wêdaling jêmparing kados jawah saking langit. Korawa sami suka aningali, majêng sarêng angêbyuki. Bala Pandhawa panggah, nanging kathah ingkang pêjah. Wondening ingkang kalêbêt ing pêpêjah, kajawi saking para ratu kalih para adipati, putranipun Radèn Dananjaya kêkalih, anama Bambang [Bam...]

--- [34] ---

106_34
... anama Bambang Irawan

--- 35 ---

[...bang] Irawan kalihan Dèwi Palupi. Radèn Dananjaya sakalangkung prihatos, kèndêl anggènipun anjêmparing, pijêr muwun kemawon.

Prabu Krêsna sarêng aningali Radèn Dananjaya muwun, lajêng têdhak saking rata, amênthang cakra, Bisma ingkang dipun wawas. Bisma sumêrêp yèn badhe dipun dhawahi cakra, enggal mêdhun saking rata, mêndhak-mêndhak amurugi Prabu Krêsna. Aturipun: Adhuh, gusti, bêgja sangêt badan kula yèn ngantos kadhawahan cakra sampeyan. Awit punika ingkang badhe angatêrakên pêjah kula dhumatêng ing suralaya."

Arjuna aningali yèn Prabu Krêsna mênthang cakra, badhe kadhawahakên dhatêng Bisma, enggal marêpêki sang nata, nyêmbah lajêng anyandhak astanipun, angrêrêpa kapurih anyandèkna karsanipun. Prabu Krêsna botên siyos anggènipun anglêpasakên cakra, lajêng minggah dhatêng rata kalihan Radèn Dananjaya. Anuntên sang nata dhawah dhatêng Radèn Dananjaya angawe Dèwi Srikandhi. Sadhatêngipun sang dèwi, dipun dhawahi dhatêng Prabu Krêsna, anglêpasna jêmparing, Bisma ingkang dipun angkaha.

Bisma botên sakeca manahipun aningali Srikandhi dhatêng, angawe dhatêng Prabu Yudhisthira, badhe dipun suwuni gêsang. Prabu Yudhisthira api-api botên sumêrêp, tansah tumungkul kemawon. Dèwi Srikandhi dipun dhawahi nunggil sarata kalihan ingkang raka Radèn Dananjaya. Lajêng anglêpasakên jêmparing kenging jajanipun Bisma, nanging botên pasah. Parta anusuli jêmparing, kenging gandaring jêmparingipun Dèwi Srikandhi, anancêb ing jajanipun Bisma. Bisma dhawah saking rata, gumuling ing siti lajêng pêjah.

Bala Pandhawa suka surak gumêrah. Anuntên para jawata ing ngawang-awang sami anjawahakên sêkar. Barisipun Korawa sami miris bibar, botên wontên ingkang purun ambelani senapatinipun. Radèn Wrêkodara, Radèn Gathutkaca, sarta Radèn Drusthajumêna sami anglêpasakên jêmparing, andhawahi para ratu sarta para adipati kathah ingkang pêjah.

Anuntên Prabu Yudhisthira angawe prajuritipun, kapurih

--- [36] ---

106_36
Dèwi Srikandhi dipun dhawahi nunggil sarata kalihan ingkang raka ...

--- 37 ---

sami anyèlèhna dêdamêlipun. Sang nata lajêng anyungkêmi sukunipun Bisma ingkang kêtaton. Prabu Suyudana, Arjuna, Nakula sarta Sadewa, inggih sami anyungkêmi sukunipun Bisma, sarta sami sangêt ing pamuwunipun. Sakathahing Korawa inggih sami nangis, nanging angandhut kuwatos, awit Radèn Wrêkodara taksih ngamuk kalihan gadanipun. Sakathahing para adipati utawi bala alit sampun sami nyèlèhakên dêdamêl, angrubung Bisma. Prabu Yudhisthira angawe Radèn Wrêkodara, kapurih anyèlèhna dêdamêlipun. Nanging botên purun. Amilalah nêbih ngadêg kemawon sarta amandhi gada. Prabu Suyudana andhawahakên parentah, bêdhami ing sadintên punika, arukuna sampun ngantos wontên ingkang anyidrani.

Dewabrata sakêdhap èngêt lajêng anêdha toya. Prabu Suyudana anulungi, nanging ngantos dangu botên kaombe. Wondening ingkang dipun têdha toya sêsawananing jêmparingipun Radèn Dananjaya. Prabu Yudhisthira adhawah dhatêng Radèn Janaka, anyaosana toya têturuhaning jêmparingipun. Radèn Janaka anyandikani. Sarêng toya kasaosakên sarta kaombe, Bisma lajêng pêjah.

Para ratu sami angurmati pêjahipun Senapati Bisma. Jisim dipun anggèn-anggèni badhe kabêsmi. Sarêng sêrap srêngenge, kagêntosan padhanging rêmbulan, jisim lajêng kabêsmi, awunipun minggah dhatêng ing suralaya. Ing sadalu punika Pandhawa kalihan Korawa sami kèndêl kemawon, botên wontên ingkang salah damêl, wontên ing pasanggrahanipun piyambak-piyambak.

4. ANGKAWIJAYA PÊJAH DIPUN KRUBUT KORAWA.

Ingkang pinanggih rêmbagipun para Korawa, Druna kadamêl senapati. Sadalu punika kitha ing Ngastina jawah dêrês, rah mili dhatêng pasanggrahan. Para ratu para adipati tuwin para satriya sami suka bingah, awit punika pratandha yèn badhe unggul pêrangipun. Sadalu Korawa botên tilêm. Enjingipun bodhol. Druna ingkang nyenapatèni, gumêrah swaraning gangsa, amor suraking bala kados swaraning galudhug. Lampahing bala dumugi ing Têgalkuru lajêng sami mirantos.

Pandhawa dèrèng salin gêlaripun, taksih Garudha Nglayang. Korawa gêlaripun Gajahmêta. Suyudana wontên ing githok

--- 38 ---

akanthi Arya Sindurêja kalihan Adipati Ngawangga. Korawa satus ingkang minangka gadhing, dados sèkit sisih. Kajawi balanipun ingkang minangka têlale Prabu Bagadênta, anitih gajah sarwi mandhi gada. Senapati Druna ingkang minangka sirah. Sarêng majêng badhe tanglêt, ciptaning manah botên sumêdya mundur.

Pangangsêgipun bala Pandhawa saha bala Korawa kados sagantên kêkalih pêthuk-pêthukan, gumêrah swaraning gong sarta bèri, suraking bala kados ampuhan, amor swaraning gêlap, kados ambêngkah langit. Pandhawa lajêng angêbyuki gêlaripun Senapati Druna. Radèn Dananjaya anglêpasakên jêmparing, wêdalipun ambrubul, andhawahi bala Korawa. Radèn Wrêkodara inggih anglêpasakên jêmparing, pintên-pintên Korawa ingkang pêjah kadhawahan jêmparing. Radèn Wrêkodara lajêng angamuk kalihan gada, kathah bupati ingkang pêjah kagada. Gêlar Gajahmêta risak, gadhinging gêlar gusis, ingkang wontên ing sirah busêkan. Prabu Bagadênta ingkang minangka talalening gêlar anilar senapati, majêng amandhi gada. Karna akalihan Jayadrata kantun. Prabu Bagadênta wau anglangkungi sêktinipun, gajahipun katujahakên kapaling ratanipun Radèn Janaka, lajêng anyawatakên gada, Radèn Janaka ingkang dipun angkah, kenging jajanipun, dhawah kalêmpêr gumuling wontên ing rata. Prabu Krêsna enggal anulungi, Radèn Janaka dipun usap ing sêkar Wijayakusuma, lajêng èngêt anyandhak langkap, anglêpasakên jêmparing, kenging Prabu Bagadênta sasrati gajahipun, sarêng pêjah tiga pisan. Anuntên Pandhawa sapunggawa satriyanipun sami ngêbyuki. Wrêkodara ngamuk kalihan gadanipun. Barising Korawa bibar sadaya. Sarêng dalu ingkang pêrang sami mundur dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Korawa sadalu sami sêdhih.

Enjing têngara mungêl, amor kalihan ungêling têtabuhan sanèsipun. Prabu Suyudana abusana, ngagêm makutha murub dening sêsotya. Wêdalipun saking kitha kadhèrèkakên ing para adipati. Swaraning bala kados rêdi jugrug, sadaya sampun sami rumantos, angajêng-ajêng dhatênging mêngsah.

--- [39] ---

106_39
Prabu Gardapati sumambung ...

--- 40 ---

Druna matur dhatêng Prabu Suyudana: "Bilih anak prabu karsa ngenggalakên tumpêsipun Pandhawa, pun Janaka kapurih sagêda pisah kalihan pun Wrêkodara, lamine sadintên kemawon. Manawi sadhèrèk kêkalih punika botên kapisahakên, Pandhawa botên sagêd risak tuwin botên sagêd pêjah."

Prabu Gardapati sumambung: "Bilih makatên kula ingkang badhe nyumbari pun Janaka, supados sampun sagêd nunggil kalihan baris agêng."

Pinanggihing rêmbag, Sangkuni kalihan Wrêsaya ingkang badhe nyumbari Radèn Wrêkodara. Anuntên baris bodhol, andalêdêg lampahipun. Gêlaripun botên ewah kados wingi, taksih Garudha Nglayang.

Pangagsêgipun barising Pandhawa kalihan barising Korawa kados sagantên kêkalih apêthukan. Prabu Gardapati nitih gajah mangidul, amurugi Radèn Dananjaya. Sêsumbaripun: "Hèh, Dananjaya, yèn kowe prajurit têmênan, amêsthi nglêgani karêping mungsuh. Ayo padha pêrang ana pinggiring gunung kana, ora ana kang ngewuh-ewuhi, tutug ing sakarêp-karêp. Yèn kowe ora anuruti, amêsthi dudu prajurit têmênan. Aku ratu ing Kapitu, jênêngku Gardapati, kang wis misuwur ing kawantêrane."

Lampahipun Prabu Gardapati sabalanipun sampun dumugi sukuning rêdi. Radèn Dananjaya mirêng dipun sumbari, anusul lampahipun Prabu Gardapati, numpak rata kalihan Prabu Krêsna, balanipun inggih tumut mangidul.

Anuntên Radèn Wrêsaya anyumbari Radèn Wrêkodara: "Hèh, Wrêkodara, yèn kowe nyata lanang, ayo pêrang karo aku ana pinggiring sagara, supaya aja ana kang ngregoni, tutuga angadu kasêktèn."

Radèn Wrêkodara botên tahan mirêngakên dipun sumbari, atilar baris, lumampah mangalèr angutu. Druna sumêrêp yèn Radèn Dananjaya mangidul, Radèn Wrêkodara mangalèr, lajêng anyalini gêlar, anama Cakraning Swandana, anyipta botên kenging dipun risak ing mêngsah. Karna kalihan Karpa ingkang minangka suku, Arya Jayadrata saha para adipati ingkang minangka kuping, Prabu Suyudana ingkang minangka buntut.

--- 41 ---

Pandhawa aningali Korawa salin gêlar, sarta pisahipun Radèn Wrêkodara kalihan Radèn Dananjaya, manahipun maras ing sawatawis. Prabu Yudhisthira lajêng dhawah animbali Radèn Abimanyu, badhe andikakakên ngrisak gêlaring Korawa. Wondening ingkang kautus animbali, Radèn Gathutkaca.

Radèn Gathutkaca dumugi ing pasanggrahanipun Radèn Abimanyu, têmbungipun: "Adhi, kowe ditimbali ing sang nata, bakal kakarsakake angrusak gêlaring Korawa. Satindake kangjêng paman, mangidul apêrang lan Gardapati ana sikiling gunung, ora ana kang duwe cakra, mung kowe dhewe, iya iku kang sayoga ginawe angrusak gêlaring Korawa."

Dèwi Siti Sundari garwanipun Radèn Abimanyu, mirêng pangandikanipun Radèn Gathutkaca, sangêt prihatosipun. Awit sampun kawêling dhumatêng ingkang rama, ing sadintên punika sampun ngantos suka yèn Radèn Abimanyu badhe mêdal dhatêng paprangan. Saking kèwêdan saha susahing galihipun, angantos botên sagêd ngandika, amêgêng waspa muwun salêbêting galih, nanging ajrih yèn amambêngana tindakipun ingkang raka, ila-ila garwanipun ing satriya, sampun ngantos awrat tinilar pêrang.

Radèn Abimanyu dandos, Dèwi Siti Sundari amrayogèkakakên ingkang raka pamita dhumatêng garwanipun Prabu Krêsna. Abimanyu miturut. Pamit dhatêng garwanipun Prabu Krêsna sarta dhatêng ingkang ibu piyambak. Sarêng sampun lajêng mangkat badhe amêdali pêrang. Sadhatênge ngarsanipun ingkang uwa Prabu Yudhisthira, anyungkêmi sampeyanipun. Dhawahipun sang nata: "Kulup, Korawa ing saiki salin gêlar Cakrabyuha, iku rusakên."

Abimangu matur sandika lajêng mangkat. Anuntên masang gêlar Supiturang, Drusthajumêna minangka pucuking supit têngên, Gathutkaca kiwanipun, Sêtyaki minangka cangkêm, Prabu Darmaputra minangka sirah, para ratu sami wontên ing wingking, Abimanyu panggenanipun wontên ing sêsungut.

Sarêng sampun dados gêlaripun, tuwin Korawa sampun rakit sadaya, sanalika pêtêng ndhêdhêt. Pandhawa lajêng ngangsêg. Pangiridipun Radèn Abimanyu. Gumêrah suwaranipun ing kêndhang, gong, bèri tuwin suraking bala, kados ambêlahna langit. Pandhawa kalihan Korawa sarêngan sami angêrapakên kapal,

--- [42] ---

106_42
Lêsmanakumara kenging jajanipun lajêng pêjah

--- 43 ---

swaranipun punggawa ingkang numpak gajah utawi rata amor kalihan suraking bala, kados gêlap.

Radèn Abimanyu mênthang langkap, anglêpasakên cakra, andhawahi Korawa. risak gêlaripun Cakrabyuha, kathah ingkang pêjah. Sakantunipun sami ngungsi dhatêng panggenanipun Prabu Suyudana, ajrih ing pamukipun Abimanyu ingkang minangka sêsungut, angirid bala Pandhawa ambêk purun sarta sêkti.

Radèn Arya Jayadrata enggal anangkêbi. Barising Pandhawa tugêl. Abimanyu katangkêban, lajêng dipun karoyok ing Korawa kathah, anama Sudarga, Sudarma, Wiryajaya, Susena, Satrujaya, Jayasêkti, Jayawikatha, Jayadarma, Upacitra, Carucitra, Citradarma, Citrasena, Citraksi, Citradirgantara, Citramurti, Citrawicitra, Surasudirga, Dirgasura, Yutayuni, Yutayuta, Senacitra, Durgaamong, Durgapati, Durgaangsa, Darma, Durganta, Durgantara, Darmayuda, Yudakarti, Dursasana, Sindurêja, tuwin Radèn Lêsmanakumara putra ing Ngastina, punapa malih Kartasuta. Sadaya sami tumut angêpang Radèn Abimanyu. Anuntên Kartasuta dipun jêmparing dhatêng Radèn Abimanyu, kenging lajêng pêjah. Saking sangêting pamukipun Radèn Abimanyu, botên rumaos ajrih dipun karubut ing pêrang. Sêcasrawa inggih pêjah dening jêmparing. Anuntên putra ing Ngastina ingkang nama Radèn Lêsmanakumara anglêpasakên jêmparing, ingkang dipun angkah Abimanyu. Abimanyu malês anjêmparing, Lêksmanakumara kenging jajanipun lajêng pêjah. Abimanyu sangsaya wuru ing pangamukipun. Mênêngah dhatêng panggenanipun Prabu Suyudana, sarta anglêpasakên jêmparing kathah.

Sindurêja sarêng aningali yèn putra ing Ngastina pêjah dening pangamukipun Abimanyu, sumêdya apulih gêtih akalihan Prabu Suyudana. Lajêng anglêpasakên jêmparing, Abimanyu kenging, anuntên Korawa ingkang kathah-kathah tumut anglêpasakên jêmparing, saking kiwa saking têngên dipun kêrêpi panjêmparingipun, botên wontên ingkang nglêpati. Abimanyu kêtaton ing jaja, ing gigir, bau walikat, ula-ula tuwin wêntis, nanging botên miris. Lampahipun sangsaya manêngah, ciptaning galih, sarênga pêjah wontên ing paprangan kalihan Prabu Suyudana. [Su...]

--- [44] ---

106_44
Citraksi

--- 45 ---

[...yudana.] Kala samantên kathah kapal utawi rata ingkang rêmuk kenging ing jêmparing.

Abimanyu amênthang langkap, langkapipun tikêl. Wondene jêmparinging mêngsah botên kêndhat-kêndhat andhawahi, kados upaminipun jawah. Pangraosipun Abimanyu kadhawahan ing jêmparing kados dipun garuti ing tiyang èstri. Abimanyu ngiwa nêngên anyandhak jêmparing ingkang sami dhawah; tandangipun Abimanyu anggènipun kakêpang sarta kajawahan jêmparing, kados apêpanggihan kalihan prawan. Sariranipun ajur dening tatu, nanging botên sumêdya mundur, botên ewah ing kapurunanipun.

Abimanyu angandika: "Hèh, Korawa, aja gugup olèhmu amrih patiku, mangsa aku angingkêdana. Yèn trahing Pandhawa, dikèhana ing tatu bungah anêmu pati, wis patute satriya mati dikarubut ing pêrang."

Abimanyu pêgat-pêgat sêsumbaripun, botên kaur anariki jêmparing ingkang andhawahi sariranipun. Susun timbun kados kambêngan wontên ing jaja, jêmparing ingkang tumancêb ing jaja kalih ing lambung kados sêkar kanthil ginubah. Rêbahipun ing rata manik kalumut dening rah, kados angus awor atal. Maripatipun Abimanyu kêrêp kenging ing jêmparing, alindri tiningalan. Mastakanipun upami kados sêkar kanigara, kalih sêkar sumarsana, karêbat ing ngakathah badhe dipun anggit. Jajanipun kados tunjung mêkar. Sedanipun satriya ambêk wantêr adamêl ngêrêsing manah. Sanalika grimis; kathah kombang ing ngawang-awang kados badhe angangkah sêkar.

Prabu Yudhisthira sumêrêp bilih Abimanyu pêjah dipun karubut ing mêngsah. Sêtyaki, Gathutkaca, Drusthajumêna, sumêdya pulih gêtih, anarajang gêlaring Korawa, tandangipun kados anggege pêjah, angontragakên bumi. Darmaputra kalihan Pancawala, putra ing Ngamarta, sami ambiyantoni. Ramenipun ing pêrang ngantos busêkan. Anuntên kasaput ing dalu, bubar ingkang sami pêrangan. Korawa sami bingah-bingah.

Kacariyos Radèn Dananjaya ingkang pêrang wontên sukuning rêdi, dipun êmong ing Prabu Krêsna, arame anggènipun

--- [46] ---

106_46
Abimanyu kêtaton ing jaja, ing gigir, bau walikat, ula-ula tuwin wêntis, nanging botên miris

--- 47 ---

pêrang. Prabu Gardapati sampun pêjah, anuntên sami bibaran mantuk. Dumuginipun ing pasanggrahan, Radèn Dananjaya mirêng tangis. Sasêntananipun ingkang saking ibu tuwin rama, punapa malih garwanipun kêkalih, Dèwi Wara Sumbadra kalihan Wara Srikandhi, tuwin putri ing Wiratha Dèwi Utari, ingkang sawêg ambobot wolung wulan, sami amuwun sarta angadhuh. Akathah pasambat kamirêngan wontên ing pasanggrahan, arame kados ungêling pêksi gagak.

Dhatêngipun Radèn Dananjaya sarêngan kalihan Prabu Krêsna, saha Radèn Wrêkodara, ingkang pêrang wontên pinggiring sagantên. Mêngsahipun ingkang nama Wrêsaya sampun pêjah. Dhatêngipun sarêngan saking lèr sarta saking kidul.

Radèn Dananjaya sarêng midhangêt yèn putranipun pêjah, sangêt anggènipun supe. Prabu Krêsna amitururi,amituturi pangandikanipun: "Yèn satriya kasêkêlan awit kapatèn anak, suda dêrajate sarta kasiku ing dewa kang linuwih."

Radèn Dananjaya mirêng pangandikanipun Prabu Krêsna lajêng nyêmbah, anyuwun pangapuntên. Anuntên nyungkêmi sampeyanipun Prabu Yudhisthira, aturipun: "Kadospundi, gusti, nalaring pêjahipun Abimanyu?"

Prabu Yudhisthira amangsuli pangandika: "Patine anakira, awit anglêboni gêlar Cakrabyuha, katangkêban dening Sindurêja. Sanak-sanakira padha pulih gêtih, Si Drusthajumêna, Si Gathutkaca lan Si Sêtyaki barêng ing pangamuke, angarah patine Si Sindurêja, nanging ora kêna. Anadene sing mati dening anakira: Si Lêksmanakumara, Si Kartasuta lan Sêtyaswara. Pangamuke sanak-sanakira olèh pêpati pirang-pirang, mung Si Sindurêja kang luput."

Dananjaya lajêng jumênêng apratignya: "Kawula apunagi, bilih pun Sindurêja ing sadintên benjing enjing botên pêjah dening kawula, sontênipun kawula obong."

Prabu Suyudana tuwin sakathahing Korawa mirêng pratignyanipun Radèn Dananjaya, anuntên Sindurêja kadhawahan mantuk. Ing sadintên benjing enjing kapênging mêdal-mêdal, bilih srêngenge dèrèng sêrap, sarta dipun purih amêmuja anyuwun sawabing kaki, ingkang nama Bagawan Sêmpani, amurih wilujêngipun. Punapa malih jêmparing anggènipun angsal

--- [48] ---

106_48
...Dèwi Wara Sumbadra ...

--- 49 ---

saking Abimanyu kapurih anganggea, sarta amujaa supados wêwah kasêktènipun.

Kacariyos Prabu Suyudana akalihan ingkang garwa Dèwi Banowati, sangêt ing prihatos sarta pamuwunipun, awit saking pêjahing putra ingkang nama Lêksmanakumara. Salêbêting kadhaton rame dening tangis, nanging Prabu Suyudana wêkasan lêjar galihipun, kaèngêtan pratignyanipun Radèn Dananjaya, anggènipun badhe obong. Mila Sindurêja dipun rêksa sampun ngantos manggih tiwas. Anuntên Korawa sami suka-suka, anyipta yèn Radèn Dananjaya badhe pêjah ing sadintên benjing enjing.

Prabu Yudhisthira sasêntananipun sami prihatos sangêt. Ing sapêjahipun Abimanyu, Dèwi Siti Sundari badhe obong tumuntên, ambelani ingkang raka. Nanging para santana sami anggendholi, awit para agêng-agêng dèrèng gilig ing rêmbag, nggènipun damêl upayaning pêrang. Wondening Dèwi Utari, putri ing Wiratha, botên kenging ambelani ingkang raka, yèn dèrèng lair wawratanipun.

Prabu Krêsna angandika dhatêng Radèn Dananjaya: "Hèh, adhi, kapriye saiki, Korawa wis angrungu punaginira, olèhira arêp amatèni Si Sindurêja. Si Sindurêja amêsthi dirêksa, ora dililani mêtoni pêrang, supaya kalakona ubayanira."

Dananjaya matur: "Mangsa boronga panjênêngan dalêm."

Prabu Krêsna angandika: "Mungguh sarate, adhi, lêstarine kang sira angkah, iya namung mêmujaa, supaya wêruha karsaning dewa kang wêrit-wêrit."

Dananjaya matur malih: "Kula sandika anglampahi pitêdah dalêm."

Prabu Krêsna anyambungi: "Besuk yèn sira pêrang, kagungan ingsun rata sira anggoa, rata iku duwe pangguwasa, pangiride jaran papat. Sing ngarêp aran Si Ciptawêlaha lan Abrapuspa, sing buri Si Sukantha lan Sena. Dene panguwasane, sarupaning gêgaman ora ana angênani, lan sira ingsun paringi gong, jênênge Si Pancajannya, iku ing besuk esuk aja adoh karo kowe. Sira anganggoa panah cakra. Panahira Si Pasopati sira tamakna mênyang Si Sindurêja. Kaya iya ing

--- [50] ---

106_50
Radèn Dananjaya sampun luwaran anggènipun sêmadi, anjujug panggenanipun ...

--- 51 ---

sadina sêsuk patine, sanajan abot sanggane, awit bapakne kang aran Bagawan Sêmpani lagi tinarima sêmadine ing dewa kang linuwih, ewadene atasna kalawan pujanira ing sawêngi iki sing abangêt. Suwunên ing patine Si Sindurêja, mbokmanawa luput pêthèkku, lah mara nyatakna, mujaa dèn mêsu."

Radèn Dananjaya nyêmbah, kesah saking ngarsanipun Prabu Krêsna, lajêng sêmadi, angêningakên cipta, ngicalakên angên-angên gangsal prakawis, sampun prasasat pêjah salêbêting gêsang. Botên antawis dangu Sang Hyang Jagatnata angatingali, namung watês sangandhaping jangga kemawon, sapangandhap botên katingal. Pangandikanipun Sang Hyang Jagatnata: "Hèh, Dananjaya, racutên pujanira, patine Si Sindurêja ingsun lilakake, awit saka ing panyuwunira. Panahira Si Pasopati sira tamakna, ratane Si Krêsna sesuk sira anggoa. Karodene gonge kang aran Si Pancajannya aja adoh karo sira."

Radèn Dananjaya sampun luwaran anggènipun sêmadi, anjujug panggenanipun Prabu Krêsna. Aturipun: "Botên wontên ingkang sisip pangandika dalêm, tètès kalihan wangsitipun Sang Hyang Jagatnata, botên sulaya sarambut."

Prabu Krêsna mèsêm angandika: "Ayo, adhi, enggal padha angatêr marang Si Siti Sundari, kang arêp mati bela."

Kacariyos Dèwi Siti Sundari, sampun dandos angagêm busananipun pêjah, badhe ambelani ingkang raka, sadangunipun angimur Dèwi Utari, ingkang kilayu badhe tumut bela pêjah. Sarèhning rêmbulan sampun inggil, Dèwi Siti Sundari kasêsa, pangandikanipun Dèwi Utari: "Kowe iku lagi mêtêng, ora kêna ambelani bojomu. Sapa sing nyatur kowe angarani wêdi bela, ora-orane ana wong ngrasani. Kajaba saka ing iku, belane wong lagi mêtêng ora pakolih, malah anêmu dosa, têtela yèn kowe lagi mêtêng wolung sasi. Wis kariya, aku pamit bakal mênyang pancaka pabelan."

Dèwi Utari amangsuli, pêgat-pêgat pangandikanipun: "Tutura marang Si Abimanyu, yèn bangêt prihatinku, awit digendholi dening para ratu, ora kalilan mèlu mati, bela munggah ing pancaka, sabab wêtênganaku durung lair, ingaran nêmu dukane dewa kang linuwih. Dene ciptaku, saking bangêting [bangêt...]

--- 52 ---

[...ing] trêsnaku, mung bisaa milu mati, muga-muga aja ngantia lawas. Poma tuturna, yèn bangêt ing pangêsahku, mung angajap enggala runtung-runtunga ana ing Endraloka karo Si Abimanyu. Yagene têka sarênti, aku ora bisa ambarêngi lakumu."

Sarêng Dèwi Utari sampun lipur, Dèwi Siti Sundari lajêng lumampah badhe pamit dhatêng rama-ibunipun. Sangêt andadosakên prihatosipun ingkang sami dipun pamiti, ngantos botên sagêd angandika. Sarêng sampun, Dèwi Siti Sundari lumampah dhatêng pêpêrangan, panggènaning layonipun ingkang raka, lajêng kabêsmi sarêng kalihan Dèwi Siti Sundari. Ingkang sami anjênêngi pambêsminipun sampun sami wangsul. Rêmbulan sampun andhap, sêmunipun kados asih dhatêng ingkang seda bela.