Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 001–022)

Judul
Sambungan
1. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 001–022). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 022–047). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 047–075). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 075–100). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 29-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pêdhalangan Jangkêp Lampahan: Purbaningrat

--- [1] ---

PÊDHALANGAN JANGKÊP
Sadalu muput
Lampahan: PURBANINGRAT
Sanggitanipun Ki Slamêt Soetarso
CÊTAKAN KA II th 67
Kawêdalakên dening:
Fa. Pênêrbit "KELUARGA SOEBARNO"
Nayu Barat III/12, Kotak pos 73 SALA.

--- [2] ---

Purwaka.

Nuwun, sampun sawatawis dangu anggèn kula kêpengin nyanggit buku Pêdhalangan Jangkêp nanging inggih labêt saking kathahing pêpalang kapêksa kandhêg.

Namung dèrèng watawis dangu, kula angsal pangandikan saking Sdr. Soebarno, Dirèktur Fa. Penerbit Kel. Soebarno, bilih kêrsa ngêdalakên buku-buku pêdhalangan kanthi lampahan enggal, ingkang punika lajêng kula pinangkani.

Lampahan "Purbaningrat" punika sanès lampahan prênêsan, namung buku nggêpok senggol dhumatêng raos susila tumrap ing kêwajiban. Wondene mênawi kakêlirakên sagêd rame/nêngsêmakên punapa mbotên punika gumantung para ingkang nindakakên, sagêd utawi mbotênipun nggêlar pangawikan.

Radi nylênèh sakêdhik, dene mangke, kêpanggih bab-bab ingkang têmtunipun awis sangêt kêpranggul ing ndalêm lampahan-lampahan. Upaminipun kados sampun panjênêngan sêdaya ngawuningani bilih para Pandhawa dalah pranakanipun ingkang dipun êsuhi dening Nata Dwarawati, punika awis sangêt pakartinipun cêngkah saking kuwajiban, ewodene sinaosa kadospundi kemawon – pêmanggih kula – nyatanipun sadaya wau taksih lamaking manungsa ingkang kadunungan raos/tumindak sisip.

Pramila kadospundi babaring lêlampahan "Purbaningrat" ingkang kirang langkung jarwanipun: Pangwasaning alam punika kula sumanggakakên incip-incip buku punika.

Ing musana kula tansah hangaturakên panuwun dhumatêng para ingkang karsa hanyaruwe amrih sagêd saya langkung sae isining buku punika ing benjingipun.

Surakarta, Agustus 1964.

KI S. SOETARSO

Cap-capan ka I th. 1964.

Cap-capan ka II th. 1967, isinipun sami namung sawatawis kalêpatan dipun bênakakên.

PENULIS.

--- 3 ---

Kawruh-kawruh Pêdhalangan.

Ndhalang punika ingkang kapetang sae cak-cakanipun kêdah anggadhahi sangu 10 bab kados ta:

1. Rêgu: Têgêsipun manggènipun ing wanci sontên sampun ngantos katingal botên srêg. Kêdah srêg sarta jênjêm. Sajak gadhah kawibawan. Sampun ngantos maèlu dhatêng têtêmbungan sarta raosanipun tiyang ingkang sami ningali. Salêbêtipun cipta kêdah pitados dhatêng dhiri pribadi. Supados dhalang gadhah kêyakinan makatên pêrlu dipun pikuwati mawi mantram-mantram kados kasêbat ing buku punika ugi (mirsanana kaca 5).

2. Grêgêt: Têgêsipun, manawi sêrêng kados sayêktos.

3. Sêm: Têgêsipun, manawi pinuju pondhongan sagêda katingal sêngsêm.

4. Ngês: Têgêsipun, manawi pinuju susah utawi wêlasan sagêd damêl trênyuh.

5. Rênggêp: Têgêsipun, ajêg tumêmên wiwit sontên dumugi enjing. Sampun ngantos ndhalang namung sasêkecanipun utawi sok sêmbrana dupèh ingkang mriksani kathah ingkang kirang migatosakên. Langkung-langkung mênawi dhalang ing R.R.I.; rênggêp punika kêdah dipun andêmi saèstu.

6. Antawêcana: Têgêsipun, janturan ulêmipun cocog raosing pathêt, ginêmipun cocok lan ringgitipun, lan sanès-sanèsipun.

7. Cucut: Têgêsipun, lucu, sagêd damêl gumujêng.

8. Unggah-ungguh: Têgêsipun, angsal udanêgaranipun, cèplês, traping basa, pêprênahan, ginêm tancêban, lampahing ringgitan lan sanès-sanèsipun.

9. Tutuk: Têgêsipun, cêtha, urut, wijang cariyosipun, botên tumpang suh utawi molak-malik.

10. Trampil: Têgêsipun, mumpuni bab-bab:

a. Tandangipun: nglampahakên ringgit sumêblak rêsik botên kêthêr.

b. Sagêd manjangakên tuwin ngringkêsakên lampahing crita, janturan, ginêm, gêndhing suluk, kêpyakan, sirêpan, dhodhogan lan kêpyakan botên cèwèt lan sanès-sanèsipun.

c. Sagêd mapanakên têtêmbungan ingkang kêdah kasumêrêpan ing akathah. Nanging sampun ngantos nyimpang saking jêjêr pokokipun ringgit purwa.

Bab-bab kawruh pêdhalangan kasbat pêrlu sangêt dados sangunipun dhalang. Manawi ngantos gothang salah satunggal saking 10 bab kasêbat ing nginggil, saèstu badhe kraos cêmplang botên mranani ingkang sami ningali awit pakêliranipun dèrèng katingal gêsang.

--- 4 ---

Kajawi cacad margi saking kêkirangan sangu wau ingkang asring dados cacading dhalang taksih wontên malih, kados ta:

1. Ngewahi balunganing lampahan.
2. Kêbogêlan: têgêsipun taksih dalu lampahan sampun têlas. Dados cupêt.
3. Karahinan: têgêsipun sampun mlêthèk surya lampahan dèrèng rampung.
4. Mêdal saking pakêliran upaminipun:
a. Mawi têmbung-têmbung manca, kêislaman, nyinggung-nyinggung bab partai-partai, mambêt-mambêt politik l.s.s.
b. Solah upaminipun mawi numpak sêpur, pit montor, montor mabur, dhansah l.s.s.
c. Nggarapi tamu kanca utawi ingkang gadhah griya, nyêmoni boja krama, utawi sampar pakolih mikantukakên badanipun.
5. Lêlêp utami rêmbên upaminipun:
a. Gangsa sampun sirêpan, dangu botên njantur.
b. Pathêtan sampun dangu botên enggal ginêm.
c. Gangsa sampun suwuk dangu botên enggal pathêtan utawi ada-ada utawi crita.
d. Ginêm nglantur botên kasinggêt pathêt utawi ada-ada.
e. Gangsa sampun mungêl srêpêgan utawi sampak dangu botên ngêdalakên ringgit.
f. Sampun wanci jam dèrèng wiwit talu, sampun jam 2 dèrèng pêrang kêmbang.
6. Dhalang nilar panggungan sêbab kêtoyan.
7. Rongèh, lênggahipun, polatan kirang tajêm.

Mantram-matram manawi badhe ndhalang.

Kangge mikuwati manah amrih sagêd jênjêm anggènipun ndhalang, punika wontên mantram-matramipun. Pêrlunipun botên kok mênawi sampun ngapalakên mantram punika lajêng sagêd lumampah kanthi tanpa katindakakên botên. Nanging pêrlu kangge nambahi kapitadosan dhatêng dhiri pribadi, tuwin kangge nglêrêmakên manah sagêd êning. Manah ingkang êning punapa-punapa sagêd kanthi turut sarta botên gidhuh. Beda manawi pun dhalang sor prabawa kalihan ingkang ningali dupèh kathah ingkang sami pintêr-pintêr kathah priyantun agêng-agêng punika lajêng gidhuh, bingung tuwin dhêg-dhêgan. Wêkasan lajêng mangu-mangu ajrih, punapa ingkang kawêdalakên prêtolên kamisosolên. Pramila têntrêming manah punika pêrlu sangêt tumraping dhalang.

Dhasaripun sagêd jênjêm kêdah gadhah kapitadosan bilih sadaya tiyang-tiyang punika namung ndhêlok ingkang jarwa dhosokipun kêndêl alok.

--- 5 ---

Dados ingkang makatên botên pêrlu dipun paèlu. Dhalang kêdah gadhah kapitadosan bilih sadaya sampun kacakup kasarira.

Têrang ing ngriki bilih mantram-mantram punika namung salah satunggiling sarana mamrih dhalang botên ngantos kasoran prabawa.

Wiwit dhalang bidhal saking griyanipun sampun ngrapalakên mantram, kados ngandhap punika:

"Oum awignam astu sing lêlêmbut pêdhanyangan sira ing ... (griyanipun dhalang) kang kêkithêr kang sêmara bumi, biyang babo kêbuyutan. Allah rewang-rewangana aku, katêkana sasêdyaku katurutana sakarêpku. Umat lanang umat wadon andêdulu marang aku têka dhêmên têka asih, asih saking karsane Allah, ya hu Allah, ya hu Allah, ya hu Allah."

Mawi njêjak siti kaping tiga kalihan nalika ngrapalakên ya hu Allah, kanthi mêgêng napas.

Dumugi papan panggenan ndhalang matêg mantram malih. Mantramipun sami ing nginggil, namung panggenan griyanipun dhalang kagantos griya ing papanipun anggènipun ndhalang.

Manawi gangsa sampun talu lajêng ngrapalakên mantram kados ngandhap punika:

"Sang Nagabumi sirahing bumi ya hu danyang ing kene, rewang-rewangana aku. Aja pati-pati padha bubar sing padha nonton yèn durung wis anggonku ndhalang"

Mawi njêjak siti kaping tiga mêgêng napas, kenging kalambaran gêlaran.

Manawi taksih ngginakakên blencong, ngungalakên blencong sêpisanan (sadèrèngipun wiwit) mawi rapal mantram kados ngandhap punika:

"Hong Sang Hyang Suksma Purbajatining Tunggal, Sang Hyang Nurcahya urubing damar mrabani sabuwana. Têka kèdhêp têka lêrêp, têka wêlas têka asih, wong satarub padha ndêdulu marang badan sêriraku."

Badhe nyêmpala kothak kapisanan sasmita mungêl gêndhing/gangsa jêjêr, ngrapalakên kados ngandhap punika:

"Gunung-gunung lungguhku, pêtak lindhu prêbawaku."

Mawi njêjak siti kaping tiga kenging kalihan lênggah kalambaran gêlaran.

Manawi mbêdhol kayon kalorot lajêng pucukipun katumpangakên lambening kothak, kapijêt-pijêt sarta ngrapalakên mantram kados ngandhap punika:

"Humangungkung awakku kadya gunung, kul kul dhingkul rêp rêp sirêp wong sabuwana têka kèdhêp têka lêrêp têka wêlas têka asih, asih saking kêrsane Allah."

Salajêngipun caking pakêliran kawiwitan jêjêr ing Dwarawati.

__________

--- 6 ---

JÊJÊR ING NAGARI DWARAWATI.

Gangsa talu sampun ngajêngakên suwuk, dhalang minggah panggung, nyêpak-nyêpakakên ringgit ingkang kangge jêjêran.

Sasuwuking sampak, sawatawis dhalang lajêng nyêmpala kothak x 5 lamba tamban (kalihan mbatos mantra kasêbat ing kaca 5 no. 2).

Gangsa mungêl ayak-ayakan manyura. Dumugi gong kaping 2 (gong pambuka mbotên kapatang) ngungalakên blencong (kalihan mbatos mantra kasbat ing kaca 5 no. 3).

Gong ingkang ka 3 mbêdhol kayon, lajêng kalorod, tangan têngên ingkang nyêpêng gapit katumpangakên pangkon, kayon sumendhe ing lambening kothak. Tangan kiwa mithês pucuking kayon kalihan ing mbatos ngucapakên mantra kados kasbat ing kaca 5 no.5).

Kayon lajêng katancêbakên sisih têngên gêdêbog ngandhap.

Ngêncêngakên kêlir saha nglêrêsakên palêmahan.

Ngêdalakên parêkan, kalampahakên urut-urutan saking têngên mangiwa (kanêta[1] lampah dhodhok), dumugi pungkas kiwa kawalik tancêp lajêng nyêmbah sarêng, ngapurancang.

Ngêdalakên Prabu Krêsna, tancêp ing palênggahan têngên, tangan wingking kajujurakên, tangan ngajêng kumlawe.

Parêkan nyêmbah, kabêdhol lajêng kawalik mêdal mangiwa, sawatawis wangsul, nyêmbah, lajêng kapêtha lampah dhodhok pindhah ing sawingkingipun nata.

Ngêdalakên Samba saking kiwa. Tangan ngapurancang. Gonggangipun kalihan Krêsna watawis sawiyaring kayon.

Sêtyaki kawêdalakên, nyêmbah tancêp ing sawingkingipun Samba.

Sasampunipun katingal tumata, lajêng ndhodhog kothak mbanyu tumètès, ayak-ayakan suwuk. Sasuwuking ayak-ayakan lajêng kasambêt gêndhing Karawitan buka rêbab. Bibar kênong sêpisan langkung 2 kêthuk, dhalang ndhodhog kothak nitir. Bibar gong langkung 2 kêthuk gangsa kasirêp kanthi dhodhogan "dhê ro dhog" lajêng njantur:

"Swuh rêp data pitana. Anênggih nagari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi linuwih dasa sapuluh, purwa kawitan. Sanadyan kathah titahing bathara ingkang kasangga pratiwi, kaungkulan ing akasa, kapit ing samodra laya, kathah ingkang samya anggana raras, nanging datan adi nagara Dwarawati ya Dwaraka."

Mila kinarya bêbukaning carita, ngupaya nagara satus datan antuk kalih, sèwu tan jangkêp sadasa. Winastan Dwarawati tuhu nagara palawanganing jagad, utawi wênganging rahsa. Dwaraka nyata panggenan pambuka.

Dhasar nagara panjang punjung pasir wukir loh jinawi gêmar ripah karta tur raharja.

--- 7 ---

Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra wukir gunung. Pranyata nagara Dwarawati nagara kang ngungkurakên pagunungan, ngeringakên bênawi, ngananakên pasabinan, mangku bandaran agêng.

Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gêmah kang lumaku dhatêng dagang layar rahintên dalu datan ana pêdhote, labêt tan ana sangsayaning marga. Aripah janma mancanagara ingkang samya bêbara ing praja Dwarawati, jêjêl pipit, pangrasa abên cukit têpang taritis papan jêmbar satêmah rupak katone labêt saking arjaning praja. Karta, kawula padhusunan padha têntrêm atine, mungkul nggènnya ulah têtanèn, mardi undhaking wulu pamêtu. Ingon-ingon kêbo sapi tanpa cinancangan, pitik iwèn ran[2] ana kinandhangan, rahina aglar ana ing pangonan, gumantining ratri padha mulih marang prênahe dhewe-dhewe, datan ana cicir sajuga.

Raharja têbih ing parangmuka, dene para mantri bupati padha kontap kautamane, bijaksana limpat ing kawruh sarta putus marang rèh pangêmbating praja tansah ambudi wuwuh-wuwuh kuncaraning praja.

Dhasar Dwarawati nagara gêdhe obore padhang jagade dhuwur kukuse adoh kuncarane. Mila datan ngêmungake tanah Jawa kewala ingkang samya sumuyud, sanadyan ing tanah sabrang kathah nagara ingkang samya sumawita aris datan ginêbaging ayuda amung kayungyun ing pêpoyaning kautaman, bêbasan nagara ingkang cêlak manglung ingkang têbih tumiyung.

Saking jêmbaring laladan lan kathahing jajahan, pramila sabên antara mangsa ndalidir para utusaning ratu mancanagara kang samya asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng pèni-pèni rajapèni gurubakal gurudadi padutaning ratu. Sawênèh ana kang asok putri kang ayu-ayu rupane, rempyoh-rempyoh sêsinome, mandul-mandul payudarane sajari miring tlapakane, kinarya tandhaning panungkul. Wênang dèn ucapna sintên jêjuluking nata ingkang hangrênggani nagara Dwarawati. Jêjuluk Sri Bathara Krêsna, Arimurti, Padmanaba, Narayana, Kesawa, Wisnudewa, Wisnumurti, Danardana, ya Mahaprabu Janardana. Sanadyan titah ing ngarcapada, nata ing Dwarawati wênang jêjuluk bathara, sanyata manungsa pêngawak jawata.

Mula jêjuluk Sri Bathara Krêsna, nata cêmêng sarirane trus ing balung sungsum daging praptèng ludirane. Mênawa ayam, ayam irêng cêmani kêni kinarya sarana. Sanadyan Sri Arimurti uga dadya sarana jayaning Pandhawa ing Bratayuda.

Arimurti luwih dening padhang, sayêkti wêruh sadurunge winarah, Padmanaba, wadhah linuwih, dene kawawa dadi wadhahing sêkar wijayakusuma panguripane wong sabumi. Nayarana titising dewa, marga kawawa hangasrêpi jagad. Kesawa panah linuwih

--- 8 ---

dene kalamun triwikrama bisa asipat brahala sakala mêrtyu gêdhene. Wasudewa, sarayaning dewa, Danardana dene sadina-dina tansah adêdana lumintu lir ilining toya narmada. Janardana wong sugih apa kang cinipta dadi, kang sinêdya kêna, Wisnumurti Wisnu sawantah, mara wus tan samar saulah kridhaning jagad.

Kacarita Sang Hyang Wisnu binêlah panitise marang Krêsna lan Arjuna. Poma kêmbang lan sarine, poma gêni lan urube, gênine Krêsna urube Arjuna. Poma suruh lumah lan kurêbe, dinulu seje rupane, ginigit tunggal rasane.

Pambêganing Nata Dwarawati, tanuita, darmahita, samahita lan sarawita. Têgêse rêmên ulah kapandhitan, pangadilan, marsudi rèhing tatakrami lan rêmên ulah kapandhitan. Marma tansah sinihan ing dewa kinamulan ing widadari, kinacèk sasamining ratu, luhur tan ngungkul-ungkuli, andhap tan kêni ingungkulan, ratu amiguna, ingaguna tan ngêndhak gunaning janma.

Sanadyan Nata Dwarawati sêkti mandraguna tinatah mêndat jinara mèntèr, tan pasah tapak paluning pandhe sisaning gurinda tabêting kikir, dhasar mumpuni salwiring ngèlmu, bisa manjing ajur-ajèr, mancala putra mancala putri, punjuling apapak mrojoling akêrêp, bêbasan yèn agal tan kêna winilang, yèn lêmbut tan kêna jinumput, nanging tuhu ambêg bèrbudi bawa lêksana.

Mila gêdhe lêlabuhane mring praja, paring sandhang kang kamohan asung pangan wong kalupan, karya padhanging kang nandhang pêpêtêng maluyakake kang tibèng sakit.

Utamaning nata kawistara nggènira nindakakên lampahing pangadilan dana wêsiasat, dene datan pisan baukapine, kalamun sampun kalêrêsan kapidana sanadyan santana têka bau kanan keringipun masthi kawisesa.

Yèn ta ginunggunga lêlabuhaning ratu kang tansah anggêganjar ngulawisudha, sadalu datan ana pêdhote, kasigêg ingkang murwèng kawi. Nalika samana nuju ari Rêspati. Sri narpati miyos ing sitinggil binathara lênggah ing dhampar dênta pinalipit ing kêncana, pinatik ing sêsotya nawarêtna lèmèk babut prangwêdani, sinêbaran sari-sari ginanda wida ing jêbat kasturi, ginarêbêg ing badhaya sarimpi biyada jaka palara-lara, manggung kêtanggung êmban cèthi parêkan kang samya ngampil upacaraning kêprabon, banyak dalan sawunggaling ardawalika, kacumas, miwah dipangga kang sarwa kêncana. Lênggahing nata kinêbutan êlaring manyura. Kongas gandaning nata dumugi ing pangurakan. Sirna kamanungsan kadya Sang Hyang Wisnu dèn ayap para widadari.

Rêp sidhêm prêmanêm tan ana sabawaning walang alisik, gêgodhongan tan ana obah samirana datan lumampah. Amung sabawaning pradangga ingkang hanganyut-anyut, lawan swaraning pêksi jalak êngkuk ingkang munya ing saluhuring tratak rambat miwah sabawaning para abdi kriya pandhe gêndhing kêmasan gêmblak [gêm...]

--- 9 ---

[...blak] ingkang samya nambut karya ing sajawaning pasewakan cat kapirêng cat botên, pating carêngklèng pating carêngkling imbal ganti lir madyaraga, têka amêwahi asrining panangkilan.

Sintên ingkang cakêt ing ngarsa nata yayah konjêm ing bantala wadanane, satriya Paranggarudha Radèn Samba ya Wisnubrata. Taruna bagus warnane karêngga ing busana. Dhasar mbranyak pasêmone sajak wingit nanging nêngsêmake. Mila kathah para wanodya ingkang samya gandrung-gandrung lara asmara, nanging sang pangeran dipati taksih têbih langêning wanita. Ingkang ginayuh mung kaluhuran lan rèhning kautaman. Dhasar ambêg palamarta, limpad panggraitane putus ing cipta sasmita mila anggung cinakêt ingkang rama ginadhang-gadhang ing têmbe gumantya kêprabon. Sawurinira sang narpadmaja, satriya ing Lesanpura Radèn Sêtyaki, ya Radèn Wrêsniwira, ya Radèn Singamulangjaya. Kadang nak-sanak kaipe ing sri bupati. Prawira sêkti mandraguna jayèng palugon. Maju ing pabaratan udu bobot pilih tandhing tangèh angêsorna krodhane Risang Wrêsniwira. Mila kinarya gêdhig manggala gul-agul sapukawat nagara, anggung ginala-gala ingulig.

Ing pagêlaran andhèr para mantri bupati ingkang samya nangkil, bêg ambèr ambalabar ngantos dumugi ing sajawining taratag rambat yayah andhoyong-dhoyongna pagêring pancaksuji. Abra busananing wadya pindha sêkar sêtaman, yayah anyurêm-nyurêmna sunaring sang hyang pratanggapati. Ing alun-alun pêpanjèn umbul-umbul bêndera lêlayu payung agung bawat tinon angêndhanu pindha mêndhung.

Ingkang anindhihi ing pagêlaran sang nayaka waktra nindya mantri Udawa. Bagus rupane sêmbada wirotama mumpuni ing aguna putus wadining wêweka ambêg palamarta, bisa momong kawula dasih, angasrêpi saisining praja, marma wong sanagara padha wêdi asih lair trusing batin.

Samana ingkang samya nangkil, datan ana sabawaning swara, kaprabawan lawan atising swasana. Sang nata nalika samana lagya dhuhkitèng galih, nampi kintaka saking Prabu Purbaningrat Nata Giripurba. Mila sang nata dahat èmênging wardaya. Têka kaya mangkana pangudasmaraning driya ingkang dèrèng kawijil ing lesan.

Dipun kombangi O... manut iramaning gangsa pratandha janturan sampun têlas, gêndhing minggah ladrangan. Sasampunipun sawêtawis, gangsa kasêsêgakên lajêng dipun suwuk. Dipun suluki pathêt 6 agêng.

33333j2j.3
Lêng-lêngra-mya-ningkang
j2j35555j3j.5
sa-sang-kaku-mê-nyar
6.53.533266666
O...ma-ngrêng-garum-ning
b6b!b65b@b.b!b.b@b!b.b^b3b2
pu-riO...mang-

--- 10 ---

2222j123
kintan-pasi-ringha-
j5j.635j5j.j322j2j35
lêpni-kangu-mahmas
j2j.j35222j2j.1j6j.5
lirmu-rubingla-ngit
j66 j66j1j.22222
O...tê-kwansar-wama-
jqj.wq jwjqjwjqjyjte(wet.yyee.teeyw)222
nikO...(umpak gêndèr)ta-wing-nya
22j1j.2b6b.b!b6b.b5b@b.b!b.b@b!b62
si-na-wungO...O...sak-
22222j1j.2
satsê-karsi-nu-ji
j3j.5j5j.6222j16
ung-gwanJêm-ba-wa-ti
j1j1j1j123j5635j53
O...ywanamrê-mala-
2j235j235222
ngênlanNa-taDa-nar-
j21jyjt.bybybybybybyj1j.222
da-naO...lanNa-ta
222j1j.2j1j.j2j1jyj.jte(wet.ytet.ytet ew)
Da-nar-da-naO...(umpak gêndèr)

Kasambêt ada-ada Girisa.

2x.x3x55555x3x.x5x6
Lêng-lêngga-ti-ningkang
222221x.x2
a-wansa-ba-sa-ba
3.56666x5x62
ni-kingNgas-ti-nasa-
2222x1x.x26
man-ta-ratê-kèngtê-
66666x5x.x6
galmi-luringkar-ya
111111
Krês-nala-ku-ni-ra-
111112
Pa-ra-su-Ra-maKan-
22x2x.x1y3x1x.x6
waJa-na-kadu-lur
3x5x3@@@@
Na-ra-dhaka-pang-gih-
@x2x16323
ingi-kaju-mu-rung
22x1x.x2x3x.x522
ingkar-sasa-par-ti
26x3x3x3x3x3x3x3x.
ta-laya...

Ndhodhog kothak "dhê ro dhog" lajêng ginêm:

--- 11 ---

Krêsna : Kulup Wisnubrata! Kanthi raharja pisowanira ing ngarsa kulup?

Samba : Kawula nuwun inggih kangjêng dewaji. Mundhi idi pangèstu paduka raharja pisowan kula. Amung sumungkêming pangabêkti patikbra mugi konjuk ing saandhaping pêpada, kawula nuwun inggih!

Krêsna : Kulup Samba iya, sira asung sêmbah pangabêkti sadurung sawise wus ingsun tampa. Puja pangèstuningsun bae tumrapa ing sira kulup!

Samba : Nuwun inggih kangjêng dewaji, kacadhong ing asta kêkalih kapondhong ing pranaja mugi andadosna rah daging kayuwanan, kawula nuwun-nuwun!

Krêsna : Kulup Samba iya!
Yayi Sêtyaki, kanthi basuki pisowanira ing ngarsaningsun yayi?

Sêtyaki : Nuwun, pasang pambagenipun kangjêng kaka prabu ingkang rumêntah, dahat kalingga murda. Amung mundhi idi pangèstu paduka, raharja pisowan kula ing ngarsa, sêmbah pangabêkti kawula mugi konjuk ing saandhaping pêpadha, kawula nok non!

Krêsna : Yayi, bangêt-bangêt ing panarimaningsun sira ngaturake sêmbah pangabêkti. Pangèstuningsun bae tumrapa jênêng sira yayi!

Sêtyaki : Gurawalan pamundhi kula nampi sih pangèstunipun kangjêng kaka prabu!

Krêsna : Yayi Singamulangjaya iya! Kapenakna pamarakira. Ingsun arsa wawan sabda lawan pulunanira kulup Wisnubrata!

Sêtyaki : Kawula ngèstokakên dhawuh kangjêng kaka prabu.

Krêsna : Kulup Wisnubrata. Baya dadi guguping atinira kulup sira piniji ing ngarsa?

Samba : Dhuh kangjêng dewaji jimat pêpundhèn kula. Putra patikbra langkung guguping manah nampi wantêring timbalanipun kangjêng dewaji. Wusana gidhuh wor suh pinampi kula, hingga raosing manah kumêlap kadya sinambêr ing gêlap lêpat, tinubruk ing mong tuna. Kumêpyur pindha panjang putra dhumawah ing sela kumalasa, gêtêr caruk wor maras lir kambêngan salamba kapanjêr ing satêngahing alun-alun, kumitir kêkêjêr katiyup ing samirana. Ngantos datan kraos tumindaking suku, kairisa datan mêdal rah, daging kawula seta. Nanging sarêng sampun ngabyantara asrêping manah lir siniram amêrta, sirna walanging driya.

Krêsna : Ii ii, ya jagad dewa wasesaning bathara. Paranbaya sandeyaning kapti kalinganing pikir têka sira darbe atur mangkono kulup?

Samba : Nuwun inggih kangjêng dewaji. Awit rikala ing jawi sangêt marasing manah nampi dhawuh timbalaning aji, namung saking cupêting nalar saha kadunging pamanggih.

--- 12 ---

Saking rumaos kula wantêring timbalanipun kangjêng dewaji sayêkti putra paduka nandhang dosa ingkang sakalangkung awrat. Ical marasing manah sasampunipun mangarsa, amargi pangraos inggih namung pandanta nata ingkang kaluhurakên amisesa!
Kasinggêt dhodhogan "dhê ro dhog".
Kawula namung sumarah, kapatrapana dosa pêjah, kangjêng dewaji ingkang amêjahana, kapidonoa kangjêng dewaji ingkang amisesa, namung ngaturakên sirah manglung jangga tumiyung, katuwêka sumangga jaja, katigasa sumangga jangga, putra patikbra sumanggèng karsa, kakurêbna ing abahan kapanduka warastra ingkang lungid, sagluguting kolang-kaling datan darbe raos nggrantês, kawula nuwun nuwun.

Krêsna : I, i, i, ya jagad, jagad. Amung sajuga sira kulup, sapa manèh kang kaduga angluhurake asmaningsun. Nanging aja sira kêladuk ati bela panampa kamunduran kaya wong nandhang dêdosan, sanadyan bênêr wuwusira ingsun nindakake pangadilan dana wêsiasat, nanging ana paribasan sagalak-galakanea sardula mangsa kolua marang yogane dhewe. Apamanèh sira kulup, gêdhe lêlabuhanira marang praja, ingsun isih kèbêgan ing pangapura.
Kulup amung ingsun mundhut pawarta baya paran wartane prajanira ing Dwarawati kulup?

Samba : Nuwun kêparênga nyadhong dêduka ingkang kathah-kathah.
Kawuningana kangjêng dewaji, nagari Dwarawati wêkdal punika nandhang kabranan, kados kenging têluh tênunging mêngsah. Tanêm tuwuh sami pusa datan kêmêdalan, kawula alit kathah ingkang sami cêcongkrahan pasulayan ing saênggèn-ênggèn tur wontên ingkang sami mbarung sinang, pramila mugi andadosna pariksa!

Krêsna : I, i, i, jagad dewa bathara ya wayah bathara jagad, mangkono kulup, coba majua sawêtara ingsun arsa mêdhar sabda kang luwih wigati!

Samba : Kawula nuwun sandika!

Dipun suluki pathêt 6 jugag. Samba majêng sakêdhik.

yyyyyy
An-jrahing-kangpus-pi-
yyxtx.xyx1x.x222
taa-rumka-ti-yub
22222x1x.x2
ingsa-mi-ra-namrik
x6x.x!x6x.x533x5x.x32x2x.x3x.x5
O...Sê-karga-dhungko-
x2x.x3x.x52x2x.x1
ngasgan-da-

--- 13 ---

xyx.xtxyx.x.x.x.x.x1x.x2222
nyaO...ma-wèhra-ras
2222x1x.x2x1x.x2x1xyx.xtxe
rê-na-ningdri-yaO...(kasambêt umpak-umpakan)

Ginêm:

Krêsna : Kulup Samba, marmane sira adoh ingsun awe parak, ingsun rakêtake, sira ngong piji ing ngarsa aja kaduk ati bela panampa, aja katênta nampani ganjaran mas sêsotya kang nawarêtna, myang busana kang prayoga, bêbasan adoh lintang sinawat ing balang kayu, cêpak-cupête tangèh kênane, nanging ana prêlu wigati kang bakal ingsun dhawuhake!

Samba : Kawula nuwun, nuwun, sadrahing angin sarema pinara sasra, yèn tilêm mbotên supêna angajang-ajang ganjaran, têbih dhatêng atuwak, cêlak malah datan kuwawi anampani, ganjaran ingkang rumêntah upami ilining toya narmada rintên dalu datan wontên kêndhatipun. Mbotên langkung kawula namung cêcadhang kêrsaning nata, suka kakêrsakna nggayuh ingkang têbih ngrangsang ingkang inggil. Punapa wontên sawênèhing satru ingkang mêrêngkang saking têkêman, punapa wontên nagari jajahan ingkang mirong kampuh jingga mbalela mbadal dhawuhing nalendra. Punapa kangjêng dewaji badhe kêrsa ngêlar jajahan anjêmbarakên laladan putra paduka kula sagah badhe ngèstokakên dhawuh paduka, mbotên ketang têkên jaja suku janggut.
Punapa wontên parangmuka ingkang andhatêngi, nuwun inggih kawula sagah dados bêbanthènging praja ndhêpani marga, lêbur kinaryoa sêsawur tugêl kinaryowa bêbalang, sakêcap datan badhe cidra ing ubaya.
Dhuh kangjêng dewaji, ila-ila siku dhêndhaning bathara linêpatna ing duka supata, tinêbihna ing tulak sarik, mênawi kenging kawêntaring akathah suwawi kula aturi lajêng andhawuhakên dhumatêng kula, kawula nuwun, nuwun!

Krêsna : I, i, sêmono gêdhene kasaguhanira kulup, layak sênajan akèh para nara praja Dwarawati kang sakêpêl brêngose saprangkul gumbalane nanging ora liya amung sira kang wajib nampa dhawuh ingsun kulup!
Satêmêne sawatara ari kapungkur, ingsun katonjok nawala saka nagara Giripurba, tanah Magada, tapak asmane Prabu Purbaningrat kang waktu samêngko lagi ngumbar angkara ngêndêlake kasudibyan arsa ngrata jagad. Mangka loking jana suraking pangampuhan Nata Giripurba iku sayêkti sêkti mandraguna. Ingsun

--- 14 ---

kajaluk supaya sowan ing ngarsane, kalamun ora, Dwarawati supaya samapta saupakartining yuda, njêrokake jagang ngandêlake bètèng, amarga bakal kinêbyukan ing bathang sayuta!

Dipun suluki sêndhon pananggalan.

666666
Si-yangpan-ta-rara-
x6x.x532222
tria-mungcip-tapu-
2x1x.xyxtx.x.x.x.222
ku-lunO...tannalyan
22x1x.x23x5x.x6x3x5x.x5x3
ka-èk-simi-laka-
2x2x.x3x.5x2x.x3x.x52x2x.x1xyx.xt
turkangcun-dhama-nik
333x3x5x323
pra-sa-satra-gèngu-
x5x.x633x5x.x32x2x.x3x.x5
lunkangsu-mêm-bahmung-
x2x.x3x.x5222x2x.x1xyx.xt
gwèngpa-dan-tapra-bu
666666
myangka-gung-antasing-
x5x.x6x3x.x22222
simsak-satsam-punprap-
x1x.x235x5x.x633
tika-tonas-tapu-
x5x.x32x2x.x3x.x5x2x.x3x.x522
ku-lunwu-lat-ênnar-
x2x.x1xyx.xtxex.x.x.(eetwetyyyyeytew)22
pa-tiA...(umpak gêndèr)Ra-ma
2222x2x.x1x1x.x2x1x6
Ra-made-wa-ning-sun
x2x.x1
O...

Kasambêt umpak gêndèr.

Ndhodhog kothak x7 lamba tambah, sasmita nêdha gêndhing ayak-ayakan 6 kasarêngan ginêm:

Swantêning prajurit: Hèh nisih-nisih kanca nisih, piyak kanca piyak!

Gangsa mungêl ayak-ayakan, sawêtawis lajêng kasigêg "dhê-ro dhog", gangsa sirêpan lajêng ginêm:

Udawa (namung swantên): He, he ana apa rame-rame iki, dene gumêdêr kaya gabah dèn intêri, apa ana gajah mêdhot saka ing wantilan, apa ana jaran ucul saka pandêngan, aja gawe gitaning pasewakan?

Prajurit : Kawuningana kyana patih, punika wontên tamu saking Ngamarta, Gusti Pangeran Nakula saha Gusti Pangeran Sadewa, taksih wontên pangurakan!

Udawa : Coba aturana laju tindake aku ndhak munjuk atur ing ngarsane ingkang sinuwun!

Prajurit : Nuwun inggih dhatêng sandika!

--- 15 ---

Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 001–022): Citra 1 dari 1
PASOWANAN AGUNG ING DWARAWATI

Prabu Krêsna kaadhêp Radèn Samba tuwin Radèn Sêtyaki katungka sowanipun Radèn Nakula lan Radèn Sadewa.

--- 16 ---

Dipun kombangi "O...".gangsa mantun sirêpan. Udawa mêdal nyêmbah lajêng tancêp ing sangajênging Samba, lajêng gangsa kasuwuk, tanpa pathêtan. Ginêm:

Krêsna : Sun waspadakake kaya kakang Patih Udawa, ana parigawe apa kakang patih dene datan ingsun timbali têka marak mangarsa, lan apa kang gawe gègèring pasewakan?

Udawa : Nuwun inggih sinuwun, mugi linêpatna ing siku dhêndha, kêparênga pun patih munjuk atur!

Krêsna : Iya-iya kakang Patih Udawa wus ingsun idini!

Udawa : Ingkang ndadosakên gitaning pasewakan, rawuhipun ri paduka Radèn Nakula lan Radèn Sadewa saking Ngamarta sinuwun!

Krêsna : Kakang patih, mara enggal aturana munggah ing sitinggil.

Udawa : Kawula nuwun dhatêng sandika!

Dipun suluki pathêt 6 jugag kados kaca no. 12 Udawa nyêmbah lajêng kabêdhol mêdal, lajêng kacariyosakên:

"Lah ing kana ta wau, wus matêdhaki uninga Kyana Patih Udawa. Mangkona radèn kêkalih laju ing tindakira minggah ing sitinggil. Satriya kêkalih dahat nawung sungkawaning panggalih, katitik saking kucêming wadana laju pindha kusuma kabaskara.

Mungêl gêndhing Kêmbang Pepe slendro pathêt 6, sawêtawis lajêng kasinggêt "dhê-ro-dhog", sirêpan, lajêng ginêm:

Nakula (namung swantên): Nuwun, nuwun, amit pasang taliman tabik, kaka prabu Sri Bathara Krêsna, ri paduka kula kêkalih ingkang sowan!

Krêsna (tangan ngajêng kumlawe): "Yayi Nakula lan yayi Sadewa mara dikapara parêk ing ngarsa."

Nakula+Sadewa (swantên): Nuwun inggih dhatêng sandika!

Lajêng dipun kombangi "O...". Manut irama, gangsa mantun sirêpan. Nakula Sadewa mêdal saking kiwa nyêmbah lajêng tancêp sangajênging Samba (Manawi kagalih kirang ombar, kenging Samba kaundur sakêdhik sadèrèngipun ngêdalakên Nakula lan Sadewa). Sasampunipun katingal tumata lajêng kasigêg "dhê-ro-dhog", gangsa sirêpan lajêng kajantur.

"Lah ing kana ta wau, wus cakêt lênggahira satriya kêkalih ing ngarsa nata. Samana sri bupati kêjot ing panggalih dene sang suprapta katingal dahat nawung sungkawaning panggalih. Têka kaya mangkana pangudarasaning driya ingkang dèrèng kawijiling lesan."

Dipun kombangi "O ...", gangsa mantun sirêpan, sawatawis lajêng kasêsêgakên têrus suwuk. Dipun suluki pathêt 6 wantah:

--- 17 ---

33333x2x.x3
Lêng-lêngra-mya-ningkang
x2x.x3x.x55555x3x.x5
sa-sang-kaku-mê-nyar
x6x.x5x3x.x5x5x3x266666
O...ma-ngrêng-garum-ing
x6x!x65x@x.x!x.x@x!6x3x.x222
pu-riO...mang-kintan-
22x1x.x23x5x.x63
pasi-ringha-lêping-
5x5x.x32x2x.x3x.x5x2x.x3x.x52
kangu-mahmaslwirmu-
22x2x.x1xyx.xtx6x.x.x.x.x.x.x.x.x.x.x1x.x2
rub-ingla-ngitO ...tê-
2222x1x.x2x1x.x2x1xyxtxe
kwansar-wama-nikO...(kasambêt umpak gêndèr).

Ginêm:

Krêsna : Bagea yayi Nakula lan yayi Sadewa, padha kanthi raharja praptanira ing Dwarawati!

Nakula+Sadewa: Nuwun inggih kaluhuran dhawuh sabdanipun kangjêng kaka prabu, sowanipun ri paduka kêkalih datan manggih sakara-kara. Amung sêmbah pangabêkti kula kêkalih konjuka kaka prabu!

Krêsna : Sadurung lan sawise wus ingsun tampa pangabêktinira sakaloron, pangèstuningsun wae tumrapa!

Nakula+Sadewa: Nuwun inggih kaka prabu gurawalan pamundhi kula!

Samba : Dèrèng dangu rawuh paduka kangjêng paman sêkalihan kula ngaturakên sêmbah pangabêkti paman!

Nakula+Sadewa: Bangêt ing panarimaku Samba, pangèstune pun paman sakloron bae tampanana!

Samba : Nuwun inggih paman kacadhong ing asta kêkalih, mugi dadosa jêjimat!

Krêsna : Yayi Nakula lan Sadewa, praptanira ing Dwarawati ndadèkake kagyating pênggalih ingsun. Ana gawe parigawe apa yayi?

Nakula+Sadewa: Dhuh kaka prabu jimat pêpundhèn kula. Sowan kula ing Dwarawati awit dene kautus kangjêng kaka Prabu Darmakusuma, sêpisan kautus atas namining para kawulawarga Pandhawa ngaturakên sêmbah pangabêkti konjuk ing padanta kaka prabu!

--- 18 ---

Krêsna : Iya yayi, bangêt ing panarimaningsun!

Nakula+Sadewa: Jangkêp kaping kalih, kula kautus ngaturakên kawontênaning praja Ngamarta wêkdal dintên mangke kados nampi walading jawata, utawi kenging têluh tênunging mêngsah, ing wasana para kawula sami kagegeran labêt tanêm tuwuh sami pusa datan kamêdalan, miwah pasulayan ing saênggèn-ênggèn, saha kathah ingkang sami ambarung sinang, sampun wudhar saking pangrêgêming para narapraja.
Saya malih ing wêkdal punika kaka Prabu Darmakusuma tampi nawala saking nagari Giripura ing tanah Magada. Narendra jêjuluk Prabu Purbaningrat arsa ngrata jagad, mundhut pisowanipun kangjêng kaka Prabu Darmakusuma dhatêng Giripurba.
Manawi kaka Prabu Darmakusuma mbotên kêrsa, sayêkti badhe ginêbag ing prang. Awit saking punika kaka prabu, para kadang Pandhawa sami nandhang prihatos, lajêng papuntoning rêmbag panjênênganipun kaka prabu Sri Bathara Krêsna ingkang kabubuhan mberat kasungkawan sraya ngicali ponang pêpêtêng. Kêrsa mbotên kêrsa kêdah kaka prabu ingkang paring usada!

Krêsna : I, i, i, ya jagad-jagad. Yayi, yèn sun galih kok tiba lucu ingatase ingsun ora tau utang têka ditagih.
Sêjatine wêktu samêngko nêgara Dwarawati iku ya ora bênèh kaya ing praja Ngamarta. Nanging yèn pancèn kaya mangkono niyate para kadang Pandhawa, ingsun uga saguh bakal rawuh ing praja Ngamarta budhal samêngko uga. Mula aja dadi atinira sira sakloron ingsun tundhung saka ngarsaningsun, balia marang praja Ngamarta anganthia pulunanira Wisnubrata lan arinira yayi Wrêsniwira!

Nakula+Sadewa: Nuwun inggih sangêt lêga raosing manah kula!

Krêsna : Yayi kêmbar iya. Kulup Paranggarudha, sira wus ngrungu dhewe dhawuh ingsun. Mung kakang Patih Udawa bae dhawuhana tunggu praja, lan bubarna pasewakan iki. Mangsa bodhoa pranatanira kulup, dene ingsun bakal kondur angadhaton, sabanjure mêngko bakal nggêgana!

Samba : Ngèstokake dhawuh kangjêng dewaji!

Dhodhogan "dhê-ro-dhog" lajêng kacariyosakên:

"Wus titi dhawuh pangandikaning sri bupati. Sabda pandhita, pangandikaning ratu, tan kêna wola wali sêpisan dadi. Sri nata sigra têdhak jlêg saking dhampar dênta angapit gamparan kêncana. Horêg kang samya umiring, piyak ngarsa têpung wuri."

--- 19 ---

Ndhodhogan kothak x5 lamba tamban, gangsa ayak-ayakan 6 bêdholan srinata, kalampahakên nêngên, dipun tut wingking parêkan. Nakula, Sadewa, Samba, Sêtyaki nyêmbah lajêng kalampahakên mangiwa kaundur urut-urutan, sasampunipun lajêng kalampahakên sarambahan-sarambahan. Dhalang lajêng njêjêgakên kayon, êmban satunggalipun katancêpakên mèpèt kayon, kapêtha mipi kori, suku njêpit cêmpala, Krêsna mêdal kadhèrèkakên parêkan satunggalipun dipun atêr-atêri dhodhogan nggantêr, dumugi têngah-têngahan kasigêg "dhê-ro-dhog" gangsa sirêpan Krêsna tancêp.

Janturan:

"Sêbèt byar katalika, lah ing kana ta wau, sri bupati kundur angadhaton jinajaran dening para wanodya kang ayu-ayu rupane endah-endah busane[3] sêlajur sisih, miwah dèn ayab para badhaya sêrimpi êmban cèthi parêkan manggung kêtanggung biyadha jaka palara-lara, ingkang samya ngampil upacaraning kêprabon, samya lenggot bawa pantês akarya branta.

Sang nata ngagêm busananing narendra; tropong kancana kinarawistha, jamang mas sungsun tiga kinancingan garudha mungkur, utah-utahane sinangga ing praba. Sangsangan lur-ulur naga karangrang dawala ngiras têtali. Anting-anting mas sêsotya sumping kêncana rineka gêgubahan surèng pati. Kêlatbau naga mangsa, gêlang kana rangkêp salumpringan, miwah supe tanjung sakêmbaran. Badhong giwangkara, kroncong kêncana pinindha nagaraja. Kampuh limar kêtangi clana cindhe puspita gubêg, ukup byur rinenda rukmi. Sri narapati ngagêm wangkingan warangka ladrang kandêlan kêmalon rêkta. Ukiran nunggak sêmi, dhuwung tinatah tinatu rêngga tinarètès ing sêsotya nawarêtna. Sang nata sinongsongan kêrtas jêjêne pinarada byur. Sirna kamanungsane datan mantra-mantra nata ing Dwarawati Sri Bathara Krêsna, katon Sang Hyang Wisnu ngejawantah ginarêbêg ing para widadari.

Wau ta, tindakira sri narpati, lêngkèh-lêngkèh pindha sima lupa. Lembehan mêrak kasimpir, riyak gajah mongoling, satindak mangu sapêcak nolèh, tansah èngêt ingkang rayi nata ing Ngamarta Prabu Darmakusuma. Wusana kinarya lêlipuring panggalih sang nata kêrsa mriksani uparêngganing gapura.

Gênging gapura nagari Dwarawati sawukir Mahamèru, inggiling gapura sapucang lawan tirisan. Ing pucaking gapura sinung mêmaniking warih sêpuh jênggi gêdhene. Mubyar-mubyar rêbut praba lawan sunaring sang hyang pratanggapati. Tinon saking mandrawa yayah baskara kêmbar ing dharatan. Siraping gapura saking parunggu sari, adêg-adêg wêsi balitung, talundhak akik jêjobinan sinung têbih têmbaga angênguwung pinindha kaluwung kang nginum warih utah-utahane dèn jogakên ing palataran. Inêping gapura pinarada ing cèt gêdhah, ginambaran kamandaka jalu myang pawèstri, mila kalamun sinawanga minêbing gapura kaya mantèn posah-pasihan, wênganing gapura pindha bedhang kêncan sêmayanan.

--- 20 ---

Pipining gapura sinung gupala sakêmbaran dèn cêpêngi gada myang tamèng. Ingawak-awakan parunggu sari, ingilat-ilatan mas jingga, rambut pamor brêngos kawat, netra kumala waja jata salaka mênur. Irung jinara trusing talingan dèn ingon-ingoni brêmana myang brêmani. Brêmana kumbang lanang, brêmani kumbang wadon. Mila mênga tangkêping ponang gapura gumêrot-gumêrit binarung brêngêngênging brêmana-brêmani gêrêng-gêrêng yayah sima antuk rêmpon. Mila katêmbening kang uninga sirna sipating gupala yayah cingkarabala balaupata, yaksa dewa panjagining kori sela matangkêp.

Ing sajroning plataran sinêbaran nila pakoja ingkang mancawarna, mila kinarya lumaksana kêsampar kêsandhung pating galêbyar pating calorot yayah kartika liru prênah.

Kacarita, dhasar nagari Dwarawati gasik aradin, numpang warih, ana umbul sawiting klapa gêdhene kang tinalangan dèn jogkên kadhaton utah-utahane pinara-para kinarya ngrêsiki jro puri miwah padusane para putri.

Mila mênawi ari Soma lawan Rêspati sabibaring pasewakan ilining toya kang saking kadhaton angganda mburat arum kalunturan konyohing para putri kang samya adus, miwah layoning sêkar kang pindha sarah, marma datan ana ganda kang kuciwa ing salêbêting pura. Saking kathahing nila pakoja sêsotya nawa rêtna kang kinarya rêrênggan ing jêro praja Dwarawati, mila datan kantênan raintên dalune. Yèn panglong pindha pajar wulan, kalamun pajar wulan saya anêlahi. Para janma jro pura datan uninga dununging siyang dalu. Amung ana pêksi jiwa-jiwa sajodho ingkang dèn ingu minangka panêngêring mangsa kala. Kalamun saba ngupadi boga ing antaraning siyang, kalamun mencok ajêjodhoan ing antaraning ratri satêmah para janma jro pura padha anut laku jantraning kukila.

Mangkana wus tutug nggènya amriksani, sawêtara ana enggaring panggalih, arsa laju tindakira mila sigra paring sasmita ing parêkan ingkang mipi kori.

Krêsna : Êmban,mara warahên gustinira, lamun ingsun arsa kondur angadhaton!

Emban : Nuwun inggih sinuwun, ngèstokakên dhawuh.

Lajêng dipun kombangi O ... gangsa mantun sirêpan.

Êmban ingkang mipi kori nyêmbah, nolèh, lajêng mlêbêt. Krêsna kairingakên parêkan kabêdhol lajêng mlampah, nêngên, mlêbêt. Kayon katancêpakên ing têngah dhoyong manêngên. Gangsa suwuk, kasinggêt mawi dhodhogan "dhê-ro-dhog", sasmita tanpa pathetan, lajêng kacariyosakên:

"Lah ing kana ta wau, wus lêpas tindakira sri narapati kondur ngadhaton. Gantya winursita, ora kaya ing jroning puri, sang pramèswari anitèni konduring nata."

--- 21 ---

Mungêl gêndhing Titipati.

Ngungalakên blencong.

Sasampunipun kayon kawangsulakên ing papanipun, lajêng ngêdalakên: Cangik, Limbuk, êmban, kajogèdakên sapantêsipun, lajêng sami tancêp ing sisih kiwa. Sêtyaboma mêdal sêsarêngan kalihan Rukmini saking têngên lajêng malik, tancêp ing sisih kiwa majêng manêngên.

Nggêdhog kothak nggantêr, gangsa sêsêk. Jêmbawati mêdal tancêp ing têngên dipun sarêngi dhodhogan "dhê-ro-dhog" lajêng gangsa mungêl sirêpan, janturan:

"Punika warnanira ing kênyapuri Dwarawati, pramèswari nata ingkang sêpuh Rêtna Dèwi Jêmbawati, dhasar wanodya endah ing warna karêngga ing busana, atmajaning pandhita kagarwa naredra kalangkung sinihan, dènnya sagêd anut kêrsaning kakung. Lantip pasanging graita, trus ambêg ngumala arum, sampun pêputra tiga dèrèng nate kêrêngon. Kalamun para wanodya padha ngondhangake luhuring bêbudèn, kalamun para priya padha ngondhangake endahing warna. Pranyata putri musthikaning wanodya, pantês dadya garwaning nata binathara.

Sanadyan pramèswari panêngah datan kurang-kurang kondhange. Ing nguni putri saking Kumbina kêkasih Kusuma Dèwi Rukmini, galak ulat tur raga karana. Gêbag ginitik ing mangke garwa ingkang katri, putri saking Lesanpura Rêtna Dèwi Sêtyaboma, kalamun cinaritakna turah rupa kurang candra.

Samana pramèswari têtiga ngrasuk busananing kaprabon putri, angganda mburat arum, sirna kamanungsane, pindha waranggana tumurun saking kayangan. Lênggah sangandhaping wiwara praba suyasa kalêrês pananggap ingkang sisih lèr wetan, dèn ayap para dyah ingkang ayu-ayu rupane endah-endah busanane, rompyoh-rompyoh sêsinome mandul-mandul payudarane sajari miring tlapakane, ngênguwung prabane yayah murca kinèdhêpna. Samana pramèswari angajar badhaya sarimpi, pradangga munya ngrangin kêplok imbal angudasih, sênggak arêbut irama. Nuju sasuwuking gangsa kapyarsa têngara jêngkaring naredra. Tanggap ing sasmita sang narpadayita sigra misik parêkan mirantos toya pawijikan ing sangku. Datan antara katungka parêkan ingkang matêdhaki uninga, para garwa samya mêthuk."

Dipun kombangi "O ...", Jêmbawati Rukmini, Sêtyaboma, parêkan Cangik lan Limbuk, kabêdhol lajêng kalampahakên mangiwa.

Mêdal Krêsna saking kiwa, lajêng tancêp ing kiwa majêng manêngên, Jêmbawati mêdal nyêmbah lajêng tancêp ing têngên lajêng kasusul Rukmini lan Sêtyaboma, punapadene parêkan. Dene Cangik lan Limbuk ing sawingkingipun Krêsna.

Sasampunipun tumata gangsa kasuwuk, lajêng dipun suluki pathêt 6 wantah kados tuladha kaca 13, lajêng ginêm:

Jêmbawati : Kawula nuwun sinuwun, dèrèng dangu paduka miyos mancaniti, sampun kondur angadhaton, manawi wontêna

--- 22 ---

panggalihan ingkang wigatos mugi kula dalah para garwa kapajarana sinuwun!

Krêsna : "Iya ni mbok ratu, durung sawêtara ingsun imbal wacana lawan putranira Paranggarudha, wusana katungka sowane arinira Nakula lan Sadewa, wosing atur, cêcala marang ingsun manawa para kadang Pandhawa lagi nandhang rêribêt, mula aku kaaturan rawuh ing Amarta saiki uga!

Jêmbawati : Lajêng kadospundi kêrsanipun ingkang sinuwun?

Krêsna : Sun galih kaya têka prayoga kalamun ingsun enggal minangkani pamundhute kadangira Pandhawa!

Jêmbawati : Punapa para garwa mbotên kêparêng ndhèrèk tindak sinuwun?

Krêsna : Mundhak karowan laku, mula aja dadi gêlaning panggalihira. Saiki ayo padha dhèrèkna munggah ing sanggar palanggatan, ingsun ora mampir marang ing bale pambojanan!

Jêmbawati : Sumangga sinuwun, kula dhèrèkakên!

Ndhodhog kothak sêpisan lajêng dipun sêndhoni loloran.

33x3x5x66x5x.x3!!
Ga-laku-latka-di
!!!x!x.x@x!x.x62
tha-thita-ba-rungkang
22x1x.x2333
pa-mu-lua-lusma-
65x3x.x5x.x3x2x.x1x2x.x1x6x.x1x23
nisma-wèhkungO...sêm-
3x6x5x3x21yte
ba-dakanga-dê-dêg
1x2x.x3x1x.x2x1y(eyeyew.qw)2
man-da-rang-kung(umpak gendèr)a-
22x1x.x2x.333
go-rèhpanda-dyanpan-
33x3x5x3x2x.x1x2x.x1x.xy
têsma-larkungO...(umpak gendèr)

Jêmbawati, Rukmini, Sêtyaboma nyêmbah, lajêng kabêdhol Krêsna kabêdhol, lajêng sêsarêngan mlampah manêngên.

Êmban Cangik lan Limbuk urut-urutan kalampahakên manêngên.

Gandhèng punika lampahan panjang, sabrangan rangkêp, pancènipun lajêng kasêling banyolan antawisipun Cangik lan Limbuk, nanging mangke lajêng karowan wêkdal, pramila kula icali. Namung manawi kêpengin ugi ngêdalakên banyol kasumanggakakên ugêr sakintên wêkdalipun nyêkapi.

 


kapêtha. (kembali)
tan. (kembali)
busanane. (kembali)