Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 047–075)

Judul
Sambungan
1. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 001–022). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 022–047). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 047–075). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 075–100). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 29-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Lajêng kacariyosakên:

"Lah ing kana ta wau, sinigêg gantya carita enggaling wong amurwèng kawi kang pêrak ginawe adoh, adoh ginawe pêrak.

Ora kaya kang ana ing pratapan wukir Rêtawu. Sang Rêsi Dwipayana wiyasa miyos ing bale pacrabakan kaadhêp dening para cantrik janggan manguyu ajar-ijir undhung-undhung uluguntung ingkang samya sumewa. Samana sang maharsi katamuan ingkang wayah buyut satriya Palangkawati Radèn Abimanyu miwah nata ing Pringgadani Prabu Anom Gathutkaca, kadhèrèkakên parêpat têtiga Ki Lurah Garèng, Petruk lawan Bagong.

Samana enggaring tyas sang ayogi sigra dhawuh anêbari sêsêkaran maneka warna pramila ngambar gandaning puspita!"

Ndhodhog kothak sasmita nêdha mungêl gêndhing. Mungêl gêndhing Gandakusuma Sld. Pt. 9 kayon kawangsulakên ing papanipun. Cantrik kawêdalakên saking têngên mangiwa lembehan, dumugi pungkas kiwa malik lajêng tancêp. Lajêng ngêdalakên Abiyasa, tancêp ing palênggahan têngên, sasampunipun tancêp lajêng nyasmitani cantrik supados pindhah ing pêngkêranipun. Cantrik nyêmbah: malik ungak-ungak lajêng malik malih kalampahakên manêngên têrus tancêp sawingkingipun Abiyasa.

Abimanyu dhatêng saking kiwa lampahipun rêpèpèh-rêpèpèh têrus nyêmbah ing padanipun Abiyasa. Abiyasa ngêlus-êlus Abimanyu. Têrus Abimanyu tancêp ing têngên. Gathutkaca dhatêng nyêmbah têrus tancêp sawingkingipun Abimanyu. Sasampunipun punika lajêng Garèng kawêdalakên. Kaangkaha dhawah kênong ka 2 ngêpyak nggantêr irama sêsêg dhawah gong ngêdalakên Petruk tancêp sawingkingipun Garèng. Dhawah kênong ka 1 gangsa kasêsêg dhodhogan "Dhê-ro-dhog". Dados sirêpan.

Lajêng kacariyosakên:

"Anênggih ingkang winursita, punika warnanira pratapan ing Saptaarga. Mila winastan Saptaarga amargi dumadi saking kêndhênging gunung pitu têpung dadya sajuga. Ing têngah katon mumbul pucake nênggih punika ingkang winastan Satasrêngga.

Ing Satasrêngga wontên padhepokanira ingkang winastan wukir

--- 48 ---

Rêtawu kabêkta saking wontêning umbul ingkang wêning tirtane sinêbat sêndhang Pawitra.

Kacarita sêndhang Pawitra tirtane angganda mburat arum rumêbasèng durgandana dhasar kêni kinarya sarana amaluyakake wong kang nandhang brana. Pramila ing sajroning sêndhang kathah buron toya ingkang angêlam-êlami kabèh padha mangêrti marang satataning janma. Ing sapinggiring balumbang tinanduran pêpêthetan kang endah-endah kêmbange, mila datan mantra-matra punika warnaning sêndhang ing Rêtawu nanging sasat têtamanan ing swarga."

Ngêdalakên Bagong lajêng tancêp wingkingipun Petruk.

"Kacarita pratapan Saptaarga sakalangkung wingit angkêr gawat kaliwat-liwat gêdhe prabawane. Aja manèh sipating janma manungsa miwah sato pêksi yèn wania mabur saluhuring pratapan, sanadyan para dewa, mega mêndhung pisan samya nisih, piyak nganan ngering anisihi datan kawawa angluhuri.

Sanyata minangka titikan manawa kang mangasrama tuhu pandhita gêntur tapane gêdhe prabawane. Dhasar trahing kusuma rêmbêsing madu wijiling wong andana warih, saha tabêting ratu gung binathara anyakrawati ing nagari Ngastina minangka têtimbanganing praja Wiratha. Mila sang ayogi tilar kawibawan arsa anungku puja aminta nugrahaning dewa amrih yuwananing bawana.

Sintên ta bêbisiking sang pinandhita, apêparab Sang Krêsna Dipayanawiyasa, iya Bagawan Abiyasa iya Sutiksnaprawa.

Pranyata sang bagawan kinasih ing jawata kinamulèn para widadari. Sabên ari Sukra miwah Anggara Kasih kathah para dewa ingkang samya tumurun ing wukir Rêtawu arsa abawa rasa ngèsthi rahayuning jagad, mila manawi dalu kathah daru pating clorot ênêr mangslup mring têlênging Rêtawu. Yèn ta ginunggunga kaya datan ana pêdhote. Sinigêg gampange wong amunggêl kawi. Nalika samana sang yogi miyos ing bale pacrabakan kaadhêp para cantrik janggan manguyu ajar-ijir cèkèl êndhung-êndhung uluguntung, kasaru sowanira ingkang wayah satriya Plangkawati Radèn Abimayu anganthi ingkang raka Nata Pringgadani, prabu anom Gathutkaca miwah parêpat têtiga Kyai Lurah Garèng Petruk lan Bagong. Samana sowanira ingkang wayah rêpèpèh-rêpèpèh pindha sata manggih krama, sowan lênggah amarikêlu yayah konjêm ing bantala wadanane. Têka kaya mangkana pangudasmaraning driya sang bêgawan ingkang kawijiling lesan."

Dipun kombangi "O..." sasmita janturan sampun têlas, gêndhing minggah ladrang Gandasuli, sawatawis gongan lajêng kasuwuk. Lajêng dipun suluki suluk pathêt 9 ngêlik.

--- 49 ---

x!x.x.x.x.x.x@x@x@x.x!x6x5@@@@
O...O...ni-kansis-wa
@@@x@x.x!6x!x.x6x5x.x3x.x2
u-ma-turma-rangO...
666665.6
ri-sangma-hayo-gi
x1x.x6x5x.x3x.x2x2x.x3x55555
O...sangwi-praka-di-
5x3x.x51111
pa-rankar-sa-ninghyanl[1]
111111
u-ti-pa-tiyo-gya
1111xyx.x1x2x.x.x.x.
sa-lir-ingwar-naO...
222222
kanggu-mê-lara-nèng
x2x.x35x!x.x.x.222
bu-miO...mu-giu-
22x2x.x1yx2x.x11
luntê-dah-natan-dya
11111xyx.x1
sangwi-kuan-jar-wi
x2x.x1x6x.x1x6x5
O..

Lajêng ginêm:

Abiyasa : Hong ilahèng mangawigêna astuti. Mata-mata kapêndhak waspadakake kaya kulup Ambimanyu apadene kaki Prabu Gathutkaca. Mas putu sakarone padha raharja praptanira ing pratapan?

Abimanyu : Nuwun sabda kaluhuran kangjêng eyang. Dhawah pambagenipun kangjêng eyang kacadhong ing asta kêkalih mugi dadosa jêjimat. Amung sêmbah pangabêkti kawula mugi kunjuka saandhaping pêpadha kawula nuwun nuwun!

Gathutkaca : Sênajan kula ugi ngaturakên sêmbah pangabêkti sasampunipun sabda paduka kaluhurakên ing mustaka mugi dadosa jimat paripih, kangjêng eyang!

Abiyasa : I i i, jagad dewa bathara ya wayah bathara jagad. Mas putu sakarone kang padha widagdèng budi; sira padha asung sêmbah pangabêkti wus ingsun tampa kathi suka pirênaning galih. Amung pangèstuningsun bae kulup tumrapa sira sakaloron.

Abimanyu+Gathutkaca: Gurawalan, pamundhi kawula eyang.

Abiyasa : Iya-iya mas putu! Ora liwat kêpenakna lungguhira.

Abimanyu+Gathutkaca: Nuwun inggih datan kirang prayogi kangjêng eyang!

Abiyasa : Nala Garèng! Padha raharja têkamu Garèng!

Garèng : Klunun, pangastawanipun sang adhi panêmbahan ingkang kawêngku ing salêbêting sabda pambage dahat kawula cadhong, pinêtêging pranaja mugi andadosna caya nurcahya.

--- 50 ---

Amung pangabêkti ulun mugi katura ing ngarsanipun sang ayogi klunun!

Petruk : Gong! Sajêgku urip lagi iki aku krungu ature wakne tekle bisa tètèh urut kaya ngono mau!

Bagong : Ya sokur, yèn aku mono wong ora pati krungu kok kang!

Petruk : Ora ngilang-ilangake tukku mulang biyèn! Yuh yèn kèlingan udan-udan pêtêng ndhêdhêt têka nyang nggonku pêrlu njaluk piwulang basa alus, aku dhewe ya mongkog ...

Garèng : Ya, kabèh sabarang bêcik mêsthi kok dhaku.

Petruk : Lho ora ndhaku mung aku iki ngandhakake apa nyatane.

Abiyasa : Petruk!

Petruk : Klunun wontên dhawuh sang ayogi.

Abiyasa : Kanthi raharja satêkamu Petruk!

Petruk : Inggih mbotên idhêp kêra-kêra inggih wilujêng.

Garèng : Haratah kono wong matur karo panêmbahan kok lonyotan nganggo "mbotên idhêp kêra-kêra" barang apa rumangsamu ...

Petruk : Sik rèng! Aku didangu matur anane apa!

Garèng : Ora bisa! Yèn pancèn matur apa anane pancèn cukup matur: "inggih wilujêng" cukup kok ndadak nganggo èmbèl-èmbèl barang.

Petruk : O luput ta iki mau! Inggih sang panêmbahan mbotên idhêp kira-kiran pun kula suwun wangsul!

Abiyasa : Iya Petruk ya wis ora dadi ngapa!

Garèng : Wong wis kêbacut matur kok ndadak disuwun bali barang, jênêng rêmbug kuwi mungguhing satriya yèn wis kasèp kocap sirik lamun njabêla! Kuwi jênênge idu didilat manèh!

Petruk : E, ilang kakèkne thukul wakne! Ngene kok ora kêbênêran ngono ora kêbênêran la gèk priye sing apik kuwi!

Bagong : Pancèn sajak-sajak awit budhal mau pancèn rada sèntimèn kok karo awake iki. Cêkêlên wae jirêtên jêgurna kalèn bar!

Garèng : Bocah ki yèn ora urus didunung-dunungake wong tuwa balik mangajak ora gênah!

Abiyasa : Bagong, padha bêcik satêkamu Bagong!

Petruk : Galo le didangu!

Bagong : Wis tokna wae! Gêmang aku mangsuli!

Petruk : Didangu sang yogi ki!

Bagong : Sang yogia kae wong ngênyèk kok!

Petruk : Ora Gong! Ngênyèk piye!

--- 51 ---

Bagong : Ora ngênyèk ta! Gênah bisa sêntolo-sêntolo têka kene rak mêsthi slamêt, yèn ora slamêt mangsa têkaa kene!

Petruk : Hus! Anggêpmu ki karo sapa ta? Sang ayogi ki ora tau ngênyèk, padhakne rêmbugan kari Garèng wae. Gage matur. Mêngko yèn duka kowe disotke dadi kadhal cilaka kowe!

Bagong : E apa iya!

Petruk : Rak malah maido, gage matur!

Bagong : Kula sang panadhahan. Sami raharja sowan kula!

Abiyasa : Ya Bagong kêpenakna sowanira!

Bagong : Iya ... e ênggih sang panadhahan!

Petruk : Ora Gong wong muni sang panêmbahan kathik kok salini sang panadhahan ki priye karêpmu!

Bagong : Aku ora isa kok kang yèn muni panêmbahan isaku muni sang panadhahan!

Petruk : Lha gene isa ngono muni sang panêmbahan!

Bagong : Sapa sing muni, wong aku ora muni sang panêmbahan ki!

Petruk : Lha ... iki mau sapa sing muni!

Bagong : E isa ta! Andèkna thik ora krasa.

Kasigêg dhodhogan "dhê-ro-dhog".

Abiyasa : Kulup Abimanyu miwah putu Prabu Gathutkaca kalamun ndak sawang-sawang sowanira ing ngarsane si kaki, kaya mêngku wigati, ana gawe apa mas putu mara enggal matura dimène enggar tyase si kaki kulup!

Abimanyu : Dhuh kangjêng eyang, sêpisan sowan kula ing wukir Rêtawu sapêrlu dinuta ngaturakên sêmbah pangabêktinipun para wayah paduka Barata Pandhawa.

Abiyasa : Kulup iya!

Abimanyu : Jangkêp kaping kalih kula kadhawuhan ngaturakên busana kagêm pisantunipun kangjêng eyang.

Abiyasa : Adhuh jagad dewa bathara, sêmene swargane wong tuwa darbe turun mêngku bawat. Bêbasan pisungsunge dina kêpungkur durung ingsun bukak iki wis kêsusul manèh. Ya ya kulup, matura marang para wong atuwanira bangêt ing panarimaningsun!

Abimanyu : Nuwun inggih eyang, jangkêp kaping tiga kula kautus kangjêng wa Prabu Darmakusuma, nyuwun sarana pangruwating papa, amargi wêkdal dintên samangke nêgari Ngamarta nêmbe tampi wêlaking jawata, ngantos andadosakên jibêging para pêpundhèn. Saha malih kangjêng wa prabu tampi sêrat panantang saking Prabu Purbaningrat ing Giripurba arsa mbêdhah praja Ngamarta.

--- 52 ---

Pramila eyang, mugi kangjêng eyang kêrsa paring kalidamar sagêdipun para wayah Barata Pandhawa luwar saking pêpêtêng kasbat!

Abiyasa : Ooo mangkono kulup. Mara kulup rada majua sawêtara coba dak jarwani!

Dipun singgêt mawi sulukan pathêt 9 jugag.

yyyyyy
As-car-yaPar-tawê-
yyyyyy
kas-anmu-wahe-ka-
yy2111
ta-naye-kaWi-sang-
111111
gê-niSang-hyangI-su
11xyx.x1x2x1xyx.x1xyxt
pra-dip-taO...

Lajêng ginêm:

Abiyasa : Kulup sakarone. Ndadèkna sumurupmu. lagi sira sakarone ngancik plataraning pratapan, si kaki wus krasa yèn ana kaanan kang bênèh karo padatan. Kulup, kaya-kaya aku nyawang panakawanmu kok kurang siji. Si kakang Badranaya kaya ora katon? Apa wiwit saka praja pancèn ora mèlu?

Abimanyu : Dhuh eyang sèwu lêpat nyadhong dêduka, wontên kithaling atur sakêdhik dene sowan kula ing mriki ugi badhe nyarawêdèkakên bab murcanipun si wa Badranaya sampun sawêtawis wêkdal linggar saking padhukuhanipun, sêngadi botên nilar pawarta pramila botên wontên ingkang sumêrêp dunungipun ing wêkdal samangke. Sampun kaupadi ing pundi-pundi mêksa botên wontên kapanggih. Nanging punika wau eyang, labêt saking jibêging nalar kawula amargi ngraosakên risaking praja ngantos atur kawula nothol lajêng wontên ingkang cèwèt!

Abiyasa : I i i! Hong wilahèng sêkaring bawana langgêng. Abimanyu apadene kaki Prabu Gathutkaca. Sadurunge aku nglêksanani apa pitakonira sêkarone pêrlu eyang ndunungake prênahing têmbung têlung kêcap kang bakal ingsun anggo pancadan mbukani rêmbugku iki mêngko.

Abimanyu : Kangjêng eyang, kawula kêkalih badhe langkung sêngsêming manah dene badhe kaparingan bêbundhêlan ingkang têmtu pêrlu kangge sangu kawula kêkalih eyang!

Abiyasa : Mas putu iya. Mêsthine mas putu sakloron wus asring krungu têmbung srêngên, ngelikake lan tutur. Antaraning têmbung-têmbung iku mau bisa worsuh ora bisa dibedak-bedakake yèn sing ngêcakake têmbung iku mau ora bisa mawas êmpan papan swasana lan sing nampani ya ora bisa nêgêsake.
Wong srêngên iku tuwuh saka panganggêpe yèn sing disrêngêni iku nindakake kaluputan apa bae, adhakane wong sing srêngên iku mêsthi nêsu.
Ngelikake, durung kinaruh yèn sing ngelikake iki bisa mêsthèkake iki tumindak luput apa bênêr, mung bakune bae tumindake

--- 53 ---

sing dielikake iki ora gathuk karo nalare sing ngelikake. Lan ing kene lumrahe sing ngelikake ora nêsu karo sing dielikake.
Tutur. Wong tutur mono mung awèh panêmu sing mêsthine bae panêmu mau dianggêp bênêr lan bêcik dening sing tutur. Lha wong srêngên lan ngelikake iku mau sing nindakake ora pilih-pilih umur – pangkat – kaanan. Têrkadhang sing ênom srêngên utawa ngelikake marang sing tuwa dadi ora mêsthèkake sing tuwa bae sing baku srêngên lan ngelikake marang sing ênom. Ora! Sapa sing rumangsa kakênan utawa nduwèni sêsambungan karo pakarti kang dianggêp luput utawa nalisir karo nalare, nduwèni hak srêngên utawa ngelikake.
Kosokbaline tutur racak-racak utawa sing kalumrah, sing tutur iku prênah tuwa sakabèh-kabèhe tinimbang sing dituturi. Lan kabèh iku mau padha apike nanging yèn sing nindakake bisa ngêcakake patrape lan sing nampani bisa nêgêsake. Kulup! Sarèhne sira sakloron iki padha satriya pitataning satriya lan kasup widagdèng budi, mulane mangsa bodhoa anggonmu mapanake prênahe, kalamun aku takon marang sira. Kêna apa dene sira lagi kelingan nyarawedèkake kakang Badranaya barêng eyang wus têtanya marang sira!

Dhodhog kothak sapisan lajêng dipun sêndhoni tlutur.

x!x!x!x!x@x#x1x.x6x5x.x3x5!!!!!
O...su-rêm-su-rêmdi-
!!!x!x.x666
wang-ka-raking-kinlir
6666x6x.x53
ma-ngus-wakangla-yon
x5x6x!x@x!x6x5x.x3x.x511111
O...dèn-nyai-langing-
1111x6x.x1x1x.x3x3x5
kangmê-ma-nis-ewa-
5555x5x.x6x!5
da-na-ni-ralan-da
321x2x.x311
ku-mêlku-cêmrah-nya
111xyx.xtx6x6x6x6x6x6x.x5x.x3x5x6x!x.x@x!x6x5x3x5
ma-ra-ta-niO...O...
111111
ma-rangsa-li-ra-ni-
xyx.x11x2x.x3x.x5x5x.x6x2x.x13
punmê-lêsde-ninglu-
222x1x.x1x.x31
di-raka-wangwangngga-

--- 54 ---

1111x1x.xyt
ga-nabangsu-mi-rat
x3x3x3
a...

Kalihan suluk Abimanyu saha Gathutkaca tancêpipun dipun dhoyongakên malih (saya dipun dhingklukakên).

Lajêng ginêm:

Abimanyu : Dhuh kangjêng eyang jimat pêpundhèn para darah bharata, mugi kêrsaa anglunasi kawula kêkalih kangjêng eyang! Kula ngaturakên pêjah gêsang eyang.

Abiyasa : O o kulup Abimanyu lan Gathutkaca aja têrus pasrah pati urip marang eyang. Lan eyang ora pêrlu ndumuk apa pakartinira kang wus kêlakon iki bênêr apa luput, amarga nyatane durung nganti eyang nutugake pangandikane kasêlak sira karone wus tanggap marang gatining sêdya. Mula kulup wus biratên sêmene bae sungkawanira, marga satêmêne kabèh nalisiring tumindak iku ora mung cukup diadoni ati nalangsa, nanging kang baku yaiku, tumraping satriya kudu wani rumagang ndandani kang wus rusak iku mau?

Abimanyu : Nuwun inggih eyang, sumangga paringa dhawuh punapa ingkang prayogi kawula lampahi.

Abiyasa : iya-iya kulup. Ing sarèhne sira sakarone iku lumaku dinuta, mula wajibira nglantarake pituturku iki.
Têrange kaaanane prajanta wêktu iku awit saka pamawase eyang, nyata ora kêna tinambak sarana kasêktèn, kaluwihan sarta kabèh salwiring laku pamêksa. Amung kabèh-kabèh sêbab kang mahanani kaanan kang ora lumrah iki, mêsthi ana laku sarat kang kêna kinarya sarana. Sumurupa kulup, miturut anggêr-anggêring papêsthèn lan kang pracaya, awit êmbuh kapan, eyang ora bisa nyujarahake, satêmêne ana sawijining titah kang kinawasa mêngku garapan winadi pêpingitaning jagad supaya ngêmong marang kabèh kang tumuwuh iki. Dene kêpriye tumindake lan pakartine kaya-kaya ora bisa ditêrangake marga iku dudu garapaning manungsa. malah kira-kira, sing kêpasrahan gati iki bae sok-sok isih nindakake bab-bab kang nalisir, amarga titah iki mau isih wadhag manungsa amung dhèwèke iki sinung prabawa lan kuwasa kang kaluwih-luwih mula banjur sinêbut pamomonging tumuwuh.
Sapa janma kang nyata-nyata dèn êmong dening titah iki bisa nêmahi bagya widagda kang prêbawane nyunari saindênging praja-praja kang ngakoni. Kulup saiki tak dumuke sapa pamonging tumuwuh iki, yaiku kakang Badranaya. Dadi nyata-nyata lamun rêrêtu iku ana sêsambungane karo linggare kakang Badranaya saka praja. Dadi lamun sira kabèh bisa mboyong kakang Badranaya iki bali marang praja aku pêrcaya mênawa bakal ana enggaring kêkaanan. Sêmono iku kudu sinartan pêlênging cipta kang padha tinanggênah [tinanggê...]

--- 55 ---

[...nah] dadi pramudaning praja, bêbarêngan lan para satriyane kudu padha karasa ênggone sinung piwêlèh sêbab wiyaning tumindake. Kulup sakarone mara rada majua sawêtara ingsun wisik, mêngko yèn wis têka praja aturna marang pêpundhènira!

Dipun suluki kados tuladha kaca 52. Abimanyu lan Gathutkaca dipun ajêngakên Abiyasa kajabêl lajêng manglung ing sanginggilipun satriya kêkalih. Lajêng kawangsulakên malih ing papanipun.

Lajêng ginêm:

Abiyasa : Kulup kaya wus cukup samene bae pawêlingsun marang sira lan sira enggal ndak tundhung saka ing ngarsa enggala balik sêlak dadi pêngarêp-arêping para wong atuwanira!

Abimanyu : Sampun têrang dhawuhipun kangjêng eyang kaparênga wayah paduka kêkalih nyuwun idi pangèstu!

Abiyasa : Iya-iya kulup tak sangoni bagya basuki nir ing sambekala.

Dipun suluki pathêt 9 jugag kados tuladha kaca 52 Abimanyu lan Gathutkaca nyêmbah lajêng kaundur.

Abiyasa : Garèng bêndaramu wus budhal mara age tututana mêngko sêlak kadohan!

Garèng : E, ênggih pangèstunipun sang adhi panêmbahan ingkang kula suwun.

Abiyasa : Iya-iya Garèng dak sangoni basuki.

Garèng : Ayo Gong mangkat, wong Petruk sajake lag liyêr-liyêr mêngko yèn digugah mundhak nêsu.

Garèng kalihan Bagong nyêmbah lajêng kajabêl, kaundur.

Abiyasa : Petruk! Bêndaramu wis mangkat, sadulurmu uga wis pamit enggal tututana sêlak kadohan!

Petruk : Inggih sang ayogi kula taksih gadhah bêtah rêmbugan kalihan dhi Cantrik Mrêtèngjiwa!

Abiyasa kajabêl mlêbêt kalihan ngêndika.

Iya-iya Petruk, kono cantrik têmonana Si Petruk iki!

Petruk : (Kalihan majêng) mbotên dhi cantrik sampeyan kok sajak njingglêng tênan ngrungokake pangandikane sang adhi panêmbahan niku napa ênggih ngêrti tênan?

Cantrik : (Ugi kalihan majêng): Êlo! Prêkara ngêrti napa botên niku rak dede garapan sampeyan kok sampeyan ngurus?

Petruk : We la iki gênahe priye ta! Wong takon bêcik apik kok wangsulane atos têmên.

Cantrik : Karêp kula ênggih ajêng mangsuli apik lan alus, nanging gandhèng pitakon sampeyan niku ngêmu rasa pangina mula wangsulan kula inggih sak lêgane ati kula!

--- 56 ---

Petruk : Ngêrti sampeyan yèn pitakon kula ngêmu rasa pangina?

Cantrik : Marga pitakon sampeyan niki kêna ditêgêsake ngatên: Allah Cantrik wae mangsa ngêrtia tênan ora? Inggih mbotên? Niku jênênge ngêpal. Ngêmungake wong sing kaya kula niki ala dhapure ontên nggunung, dununge?

Petruk : Lha upama ênggiha, wong nyatane nggon sampeyan yèn nggih ontên nggunung tênan ngètên? Ajêng napa?

Cantrik : Pancèn mbotên kula selaki! Nanging napa mêsthi dupèh kula mung sak cantrik lan manggon èntên nggunung têrus mbotên ngêrti rêmbug.

Petruk : Lho mbotên ngotên, sing kula karêpake niku wong sing dirêmbug niku wau babagan kaprajan dadi ...

Cantrik : O ngotên ta! Dadi yèn pun babagan kaprajan niku mêsthi kula mbotên ngêrti ta! Durung kinaruh lho! Pancèn manggon kula gênah ontên nggunung adoh praja. Nanging jaman saniki ampun ngêpal wong sampeyan! Dupèh sampeyan niku abdining satriya sing saba praja sabên dina! Ning cobi yèn mung bab wulang kaprajan mawon ngajak ngrêmbug pirang ndina kula ladèni. Cêkake mbotên kuciwa tandhing ginêm kalih kula.

Petruk : O ênggih ênggih kula pun ngakoni!

Cantrik : Lha sokur yèn ngakoni. Upama mbotên mêsthi bakal kula jêlir-jêlirake, mbotên ngilang-ngilangake nggèn kula suwita sang panêmbahan. Lan wêktu niki èntên bukti nyata sing mbotên bisa diselaki. Kula mbotên ngrêmbag sampeyan. Ndara sampeyan mawon. R. Abimanyu lan R. Gathutkaca niku pun gênah, gênah yèn pun mumpuni bab olah kaprajan ewadene, kok taksih ngungsi têng nggunung, barêng nêgarane kêtaman rêrêtu pêrlu golèk sêsurupan. Dadi nyatane bab gilir-gumantining kaanan praja niku mbotên mung cukup disawang saka kutha sing jarene kêbak tatanan lan kadudayan mawon.
Nanging pêrlu uga disawang lan dirukti sarana ngèngêti kaanan ing ndesa-ndesa. Mêsthine mawon, sang adhi panêmbahan niku dianggêp langkung pirsa kaanane para kawula cilik sing padesan, mula ndara-ndara sampeyan niku wau nungsung pawarta kêpriye pamawase sang ayogi. Napa sampeyan wau krungu dhèk sang adhi panêmbahan ngêndika bisik-bisik kalih lurah-lurah sampeyan wau?

Petruk : Mbotên!

Cantrik : Lha rak napa ta! Andèkna ora?

Petruk : Lha saniki gandhèng sampeyan ngêrti, kula sampeyan jarwani!

Cantrik : O ênggih. Saniki barêng karêp sampeyan bêcik kula ênggih ajêng mangsuli bêcik. Amit-amit nggih kang Petruk.

--- 57 ---

kula mbotên ngrêmbag sampeyan, dadi ampun krasa ngati. Mung mawon muga-muga sing nglakoni mawon sing krasa. Dadi rêmbug niki mung kula tujokake têng sing mêsthine kêna, mbotên nggêbyah uyah têrus ndakwa kabèh-kabèhe. Têmêne ngètên, ndara sampeyan wau matur bab kaanane prajane lagi rusak. Lha têrus dijêlir-jêlirake karo sang ayogi. Kula tirokake nggih, mêsthine ora plêg bangêt "Lha priye ta nganti ngono? Saelingku nêgara Ngamarta iku wis ana tatanan kang prêmati bangêt, mêsthine anggèr sing nindakake iku bênêr bêcik, lan kanthi têmên-têmên kira-kira ora bakal ana salah wèng-wèng kaya ngono. Ngêrtia kaanan kaya ngono iku mêsthine ngundhuh wohing pakarti sing nindakake! Dadi yèn sing nindakake mau mung nggugu karêpe dhewe ora eling marang kaanane kawula cilik, mung kêpengin mubra mubru nanging tumindak dudu, mêsthi bae nêgaramu rusak. Lan kaanan kaya ngono iki kudu enggal kok dandani. Ngêrtia nggèr panguripane kawula cilik sing ora laku tani, lire para kriya lan narakarya liyane, nyambut gawe sadina muput nggo tuku bêras sak litêr bae ora cukup ...

Petruk jêngèk : Ndak ênggih ngotên èstu ta dhi ngêndikane ...

Cantrik : E ..., sampeyan niku dikandhani kok nyêla-nyêla wuwus mawon! Kula tutugake: ... balik ana sing mubra mubru ora karu-karuan. Sing nyambut gawe jujur-jujur bênêr bêcik malah ngrêkasa, kosok baline sing mung wira-wiri slinthat-slinthut malah ...

Petruk : Mpun mpun dhi cukup sêmantên mawon, malah gêmrêbêg ati kula, e wong kula niki kêdunungan ati gêndhêng lan utêg kula pancèn rada miring mangke yèn kakehan ngêrti kula mundhak kumat, ngamuk naboki uwong rak malah blai. Pun nggih dhi kantuna raharja sapêngkêr kula.

Cantrik : O ênggih kang Petruk, kula ndongakake rahayu muga-muga piyaka sakathahing sambekala.

Ndhodhog kothak ambal-ambalan, gangsa mungêl ayak-ayakan.

Petruk kalihan cantrik kabêdhol sowang-sowangan, kawiragakakên sapantêsipun. Gathutkaca mêdal kalihan Abimanyu lajêng Gathutkaca tancêp ing panggungan têngên malangkêrik, Abimanyu nyêmbah lajêng tancêp ing panggungan kiwa, têrus kasusul Garèng Petruk saha Bagong. Bilih sampun tata ayak-ayakan kasuwuk, lajêng kasinggêt dhodhogan "dhe-ro-dhog" sasmita tanpa pathêtan.

Ginêm:

Gathutkaca : Yayi Abimanyu, saka aku kaya kurang trêwaca pangandikane kangjêng eyang. Tumrap si adhi kêpriye?

Abimanyu : kados sampun mbotên wontên ingkang kula cicirakên kakang mas!

Gathutkaca : Yèn mangkono yayi, ngiras pantês ngulati kaananing praja. Pun kakang andhingini ngambah gêgana, mung

--- 58 ---

bae si adhi sing ngati-ati, lan saka pandugaku kaya-kaya si adhi ora bakal kêkilapan marang dalan kang tumuju marang praja.

Abimanyu : Nuwun inggih kaluhuran dhawuhipun kakang mas Gathutkaca.

Gathutkaca : Mung bae mêngko lamun têka praja mangsa bodhoa anggonmu matur, kowe sing baut ngracik basa lan sêpisan manèh wêlingku sing ngati-ati lakunira, uga prêcoyoa lamun aku ora bakal negakake lakumu, mêsthi tak jampangi!

Abimanyu : Mênawi makatên kula nyuwun tambahing pangèstu.

Gathutkaca : Iya yayi tak sangoni basuki. Garèng, Petruk, Bagong aja adoh-adoh karo bêndaramu!

Garèng, Petruk, Bagong: Ênggih! Inggih! Ênggih!

Dipun suluki ada-ada grêgêt saut kangge Gathutkaca.

@@@@@@
I-ri-kat-aSangGa-
@@@x@x.x!x.x6x!x.x@!
thut-ka-caki-nonma-
!!!x!x.x656
pagAr-ka-sutatê-
x!x.x@!!x!x.x651
kap-i-raKrês-naPar-
111111
tama-nê-hêrmu-ji
111x1x.x6x.12
sak-ti-ni-rasangi-
222222
nu-jar-anwang-wangma-
2222x2x.x1x6x1x1x1x1x1x1
sê-mugar-ji-taO...

Nyarêngi suluk, Abimanyu Garèng Petruk Bagong nyêmbah lajêng kabêdhol kalèngsèr mangiwa.

Lajêng kacariyosakên:

"Lah ing kana ta wau, Nata Pringgodani Prabu Anom Gathutkaca arsa ngambah dirgantara ngrasuk busananira.

Apa busanane R. Gathutkaca: Gêlung minangkara cinandhi rêngga, kinancingan rêtna sinangga praba. Badhong giwangkara jamang mas tundha tiga kinancingan garudha mungkur utah-utahane kinarawistha ing sêsotya, anting-anting rêtna sumping kancana pinindha gêgubahan surèngpati, sangsangan naga karangrang dawala ngiras têtali, kelat bau naga mangsa gêlang kana rangkêp salumpringan, kampuh bêrêm pinêrêm mas, uncal wastra rêtna, angumbar kunca sêmbulihan numpang curiga. Pinengsêt renda jênar apêpak kêncana, calana cindhe puspita gubêg. Kroncong sarparaja sampat samapta busanane Gathutkaca. Sigra ngrasuk busana pêparinging dewa: kotang antrakusuma kuwasa ngambah dirgantara, caping Basunanda kuwasa udan ora kodanan panas ora kêpanasan, talumpah padha kacarma walungsungane Sang Hyang

--- 59 ---

Anantaboga, kuwasa ngambah lêmah sangar kayu aèng angluhuri kang singit-singit datan ana prabawa.

Kocap kacarita sigra angêncêngi busananira, cancut taliwanda, cancut araning cêcawêdan, taliwanda tinangsulakên salira. Anêtêpakên jêjamange, ngêncêngi badhonge. Sigra ngulur uncale nglongsor clanane, tumênga ing akasa, ndêdêl madal pratiwi, sumusup ing jaladara kêbat kaya kilat kêsit kaya thathit"

Ndhodhog kothak. Sinarêngan kêpyak, gangsa sampak, Gathutkaca mabur, kawiragakakên sawatawis, lajêng mandhêg têngahing kêlir, gangsa dipun pathêt lajêng palaran.

Kacariyosakên:

"Sumuping jaladara Risang Arimbatmaja, piyak ngarsa têpung wuri ponang mega tinêmpuh ing Risang Gathutkaca, pating krêmomong pating galêbyar busananira, clorat-clorot pating pancurat lir kartika panjêr raina adamêl gawoking kang samya umiyat.

Cat katon cat ora sumusuping mega lan anjog godhaganing langit. Kasêmbuhing bayu sumilir pating kalêdèr wastranira, gumrêgut Risang Bimaatmaja saksana kêkêrik kêkitêr ing antariksa."

Gathutkaca ulap-ulapan kalihan nganglang angsal 1 pupuh, sampak malih. Mêndhêt kayon lajêng kapêtha Gathutkaca nlusupi mega lajêng nggêblas. Sawatawis gangsa suwuk, kayon taksih têrus kalampahakên kêdhêr-kêdhêr mangiwa manêngên.

Dipun suluki ada-ada grêgêt saut 9 jugag.

111111
Bu-migon-jang-gan-jing
11111xyx.x1
la-ngitkê-lap-kê-lap
222222
ka-tonlirkin-cang-i-
222x2x.x1x2x6x1y
rasangma-wèhgan-drung
x1x.x.x.x.x.x.
O...

Lajêng kacariyosakên kasarêngan kalihan têtêgan kothak.

"Lah ing kana ta wau, lampahira R. Abimanyu kadhèrèkakên parêpat Ki Lurah Garèng, Petruk saha Bagong sampun manjing jroning wanawasa, griting ancala têpining waudadi.

Kacarita lampahira kandhêg ing marga catur, marga dalan catur papat, ana ing dalan prapatan emang[2] tyase sang abagus labêt iku marga pêngalapan. Kaliruning pamilih bisa mlêbu sajroning sudhung andaka utawa guwaning sardula. Labêt wana wingite kêpati katitik mawa prabawa kêkês nggêgirisi, janma mara janma mati, sato mara tabing angga.

--- 60 ---

Kathah para lêlêmbut drubigsa kang suka ngganggu gawe. Samana datan kasamaran sang abagus sigra mbikak lisah jayèngkaton dèn usapakên pilingan kanan kering. Sakala sirna ponang marga pêngalapan, amarga kasat marga sajuga, nênggih iku marga satuhu. Laju tindake sang abagus mawa ganda anggambar ponang lisah jayèngkatong. Kagegeran danawa ing Giripura katrajang tindake sang abagus pating galidrah lir sona mangsa kasanga."

Gangsa mungêl srêpêgan 9.

Abimanyu kalampahakên mangiwa, lajêng urut-urutan Garèng, Petruk, Bagong, sarambahan-sarambahan. Togog lan Mbilung kalampahakên sarambahan mênêngên iring-iringan. Lajêng Kalapraceka mêdal kawiragakakên sakaparêngipun sêmantên ugi Kala Pêdhutsêgara lan Montrokêndho. Togog lan Mbilung mêdal malih, dumugi têngah kêlir radi kêpering têngên madêg sajak kagèt, ungak-ungak lajêng malik tancêp. Kalapraceka mêdal mandhêg. Totog sasmita (kapêtoa kados rêmbagan) nêdahi dunungipun Abimanyu, lajêng Kalapraceka mlumpat ngrumiyini, Togog lan Mbilung nututi.

Abimanyu mêdal tancêp ing panggungan têngên, tangan kajujurakên. Cakil (Kalapraceka) dhatêng nggêgiro. Abimanyu nyêpêng ukiran Cakil tancêp kalihan capêng lajêng kasusul Togog lan Mbilung. Gangsa kasuwuk lajêng dipun suluki ada-ada grêgêt saut 9.

Ada-ada grêgêt saut 9, nuli pun sami kalihan ada-ada grêgêt saut Gathutkaca.

Buta Pandhawa tata gati wisaya, indri yaksa sara maruta.

O..., Pawana bana margana, samirana warayang, panca bayu wisikan gulingan lirna, o ...

Ginêm:

Kalapraceka : I bojlèng-bojlèng iblis laknat ajêjegan. I hi anyak anyak anyak. Mandhêg-mandhêg raja sinatriya tak takoni mandhêg-mandhêg. Wadhuh wadhuh baguse kaya ilang-ilanga tak kèdhêpake, dhasar mawa cahya gumilang. Gog wadhuh bagus kok kaya diongoti. Pundhake nraju êmas kaya pundhakku, ya Gog ya.

Togog : Ênggih.

Cakil : Janggane ngolan-olan kaya janggaku ya Gong ya.

Togog : Ênggih.

Cakil : Wadhuh-wadhuh kabèh-kabèh kaya jambe sinigar karo aku. Upama ana tanah sabrang mlaku jèjèr karo aku, ora diawêr-awêri janur kuning sida akèh wong kalèru ya Gog ya.

Togog kèndêl mawon.

Cakil : Ya Gog ya. Gog ... kok mênêng wae?

Togog (songol): Ênggih-ênggih!

Cakil: Wangsulanmu kok songol têmên Gog.

Togog : Wong kaya ngana karo kaya ngene kok kon madhakake apa kuwat sing nyawang.

Cakil : Apa Gog kok grênang-grênêng.

--- 61 ---

Togog : Hêng! Radi ngatos-atos, satriya niki wangune ayêm mbotên kagetan, kêrisane klabang kêpipitan adate jêro panyuduke. Yèn jago ngotên wiring galih jalu bungalan, abar jalu sapisan mawon dadi layadan.

Cakil : Iya Gog wangune tak gêgiro ayêm wae. Lha yèn aku upama jago, jago apa Gog!

Togog: Êng... yèn ndika niku upama jago, wulune klawubênda, godhoh putih cènggèr wilah, lancur ngucêng mati, jalune jagung sikil kêpara kêdagingan barise cupêt, nyêkêle banggal.

Cakil : Wa apik ya Gog, tur mênangan yèn tarung.

Togog : O mbotên susah torang-tarung, jago ngotên niku gaweane mung ngoyak-oyak babon, sênêngane saba kandhang. Sawêg kablak sapisan tiba kacêmplung tlethong dikêrah asu.

Cakil : Es, kêparat, aja nggunggung mungsuh Gog. Coba tak takonane satriya iki.
Mandhêg-madhêg raja sinatriya tak takoni ngakua. Ngêndi omah sapa jênêng, cêcandala cacundhik ngulandara! Ngakua.
Wadhuh-wadhuh ditakoni mesam-mèsêm kaya kêpêthuk bedhangane lawas? Apa samar yèn gogrok mut-mutane intên. Apa duwe cacad budhêg bisu. Eman-eman baguse kalamun nyata cacad!

Abimanyu : Garèng mara mrenea iki ana buta.

Garèng (namung suwantên): Wa buta ndara. Wadhuh ayo nonton buta. Butane galak ora ra?

Garèng mêdal kalihan lêlagon gêndhing dolanan "Buta-buta galak".

Lajêng tancêp sangajêngipun Abimanyu.

Cakil : Ih, ah-ah-ah. Iki bangsane apa Gog. Apa bangsane janma manungsa. rupane kaya truwèlu krênggo dene swarane apik têmên!

Garèng : Priye! Ngarani aku kaya truwèlu krênggo. O ora nolèh githoke. Rupane dhewe kaya cikrak gêrang kuwalik ngono!

Cakil : Êlo bisa madoni ya Gog!

Togog : Êng ..., sing ngatos-atos, têsih èntên tunggile niku mêngke!

Cakil : He apa iya Gog! Êlo wong lanang kok kêmayu ya Gog, têrus-têrusan mleroki aku.

Garèng : O..., buta ki yèn ora urus, gênah mata kero barang jare mleroki. Sapa jênêngmu?

Cakil : Takon aku ditya Kalapraceka aranku. Kowe sapa kang bungkik.

Garèng : Takon aku jênêngku Garèng.

--- 62 ---

Cakil : Coba ya kang Garèng, aku kongkon kowe, bêndaramu kinèn gunêman, mêngko tak opahi!

Garèng : Êng..., ora sudi, apa aku kulimu kongkon-kongkon nganggo opah barang.

Cakil : Êlo kêmaki, wani karo aku!

Garèng : Tak wêdèni apamu, suduk mobrot-mobrot kapok kowe!

Garèng mundur kalihan wicantên: Truk renea iki lho di wêlingake bedhangamu!

Petruk (namung suwantên): Sapa ta Rèng, sêmbrana, ènèng ngalas barang kok ènèng wong nggolèki aku!

Garèng : Gage ta renea!

Petruk : Ya ta ..., eh, mêthuki uwong ..., apa ya penake ... ah timbang milih kok angèl têmên. Tak campure we!

Petruk mêdal kalihan ura-ura lagu dolanan "Campursari". Dumugi pada suwuk.

Petruk mandhêg ngajêngakên Cakil sajak kagèt.

Cakil : Ih anyak-anyak adhuh kêpenake, iki gêndhing apa kang dhuwur.

Petruk : Iki ta Rèng sing nggolèki aku!

Garèng : Iya.

Petruk : Lha kadhèk ta! Mula aku têka-têka têrus diguyu!
We la buta ngene Rèng!

Garèng : Pancèn ya kok!

Petruk : Andèkna jare nggolèki aku?

Garèng : Yèn ora ngono kowe ora ndang mrene!

Petruk : Anèng apa ta?

Garèng : Tulung ya le aku mau ditêmpilingi. Walêsna.

Petruk : Sapa sing nêmpilingi? Buta iki e kurang ajar têmên, wis mênênga dak walêsake.

Petruk nabok buta Cakil.

Cakil : Êlo iki priye ta kok têrus ...

Petruk nabok malih: Têrus-têrus apa, iki jalukanmu.

Cakil : Mêngko dis... (dipun tabok Petruk).

Petruk : Mêngko dhisik apa/ Arêp ... sê... (nabok malih) lak ya ko... (nabok malih) we! Iki jalukanmu ...
Tanganipun Petruk kandhêg margi dipun cêpêngi Si Cakil.

Cakil : Mêngko dhisik ta sabar! Ditakoni gêndhing apa durung mangsuli têrus plak-plêk naboki uwong!

Petruk : Ora pêrlu mangsuli, atiku wis panas, duwe sêdulur lanang kok taboki.

Cakil : Sapa sing kandha aku naboki, aku nggêpok senggol wae ora!

--- 63 ---

Petruk nolèh : Jare ora naboki ki Rèng! Priye mau?

Garèng : Pancèn ora kok!

Petruk mêncolot têrus tancêp sawingkingipun Garèng.

Cakil : Hayo priye kang dhuwur, kowe wis duwe utang naboki aku.

Petruk : Aiyah, wong ditaboki we kok rame.

Cakil : Rame pisan, wong lara. Ayo maju mrene tak walês.

Petruk : E lara ta sukur! Sukur!

Bagong (namung suwantên): Ora rame-rame kuwi apa ya!

Petruk : Renea le tak dumi!

Bagong : Dumi apa?

Petruk : Wis ta kok ndadak rame!

Bagong : Aku ora isa mlaku kok kang. Pêthukên ta.

Petruk : E bocah ki thik rèwèl! Apa jalukanmu? Montor cilik ya!

Bagong : Ya wis kono!

Mungêl lagu dolanan montor-montor cilik Bagong mêdal têrus nyandhak lambenipun Togog.

Bagong : Walah-walah iki apa ya iki!

Togog : Hus bocah ki yèn ora aturan ana lambe dicêkêli.

Bagong : E e e tibake isa muni! Êlo apa kaya ngene iki ya sing jênênge radhio ki. He he kok apik ya!

Togog : Hara saya dluya.

Bagong : E muni manèh. O la kae apa sing marai muni (Bagong nginguk cangkêmipun Togog) njêro ènèng kinthêle. Bèn tak jupuke!

Cangkêmipun Togog dipun rogoh Bagong Togog blokekan: Bagong mlajêng mundur kalihan wicantên: E tibane uwong.

Togog : Huh, hoèk huk! O bocah ora urus ana ilat di ènèng-ènèng. Balia rene manèh ora sida tak wadung wadhukmu.

Petruk : Kok kapakake ta le siwa Togog ki thik blokekan!

Bagong : E siwa Togog ta! Tak jupuk kinthêle.

Petruk : Kinthêl ènèng ngêndi? Bocah thik sêmbrana.

Bagong : Ènèng, ènèng njêro kae lo sing ngablak kae!

Petruk : Hus kae ilat dudu kinthêl. Bocah thik bodho timên.

Dipun suluki ada-ada grêgêt saut 9 jugag kados tuladha kaca 59.

Cakil : Wadhuh! Babu babu aja ngumbar punawakan kowe satriya, ndak takoni ngakua ngêndi omah sapa jênêng!

Abimanyu : Buta-buta, satriya ora duwe omah lan ora duwe jênêng nanging kalamun sira têtanya, satriya nduwèni wêwangi lan pinangka.

--- 64 ---

Cakil : Wadhuh-wadhuh sumaur pisan njunjung buta lan lumuh ingasorake kowe. Ayo ngakua sapa wêwangimu lan ngêndi pinangka.

Abimanyu : Gênti takon sapa pracekamu ngêndi dhangkamu.

Cakil : Diakoni durung sumaur balik têtakon!

Abimanyu : Jamak lumrahe wong takon ana madyaning dêdalan.

Cakil : Lumuh kasosor basamu sakêcap. Takon aku ditya Kalapraceka, saka nêgara Giripurba, abdine gustiku Prabu Purbaningrat, tumênggung pangkatku. Balik kowe ngakua!

Abimanyu : R. Abimanyu saka kasatriyan Plangkawati.

Cakil : Arêp mênyang ngêndi sêdyamu?

Abimanyu : Ngêtutake kêdhèping netra grênjêting angin.

Cakil : Iki alas sêngkêran ora kêna ana janma ngambah kene.

Abimanyu : Ora ana gawar kalawan kênthêng.

Cakil : Buta dênawa pacak baris bakal ngrêncak bêbangkemu!

Abimanyu : Kapara ngarsa, ngêbyuka bathang sayuta!

Cakil : Ardawalepa!

Abimanyu : Buta kataprasangga!

Cakil :Wadhuh ladak lirih satriya iki. Gog cêpakna Kyai Bandhang tak cêkêle satriya iki.

Ndhodhog kothak rangkêp, gangsa mungêl srêpêgan 9, pêrang kêmbang sawatawis, danawa Cakil lajêng mangsah mawi dhuwung wusana Cakil pêjah dening dhuwungipun piyambak. Kala Pêdhutsêgara mêdal nyingkirakên bathangipun Cakil lajêng tancêp tangan ing ngajêng kumitir.

Gangsa suwuk. Dipun suluki ada-ada grêgêt saut 9 kados kaca 60.

Lajêng ginêm:

Kala Pêdhutsêgara: He he hee, bojlèng-bojlèng iblis lanat gungjêg-gungjêgan wadhuh, pating blasah bangkene para diyu. Dalasan adhi Kalapraceka nêmahi lena. Sêlawase dadi kanca durung tau wêruh cicir gêtihe sêtètès ngêrti-ngêrti kêna bilai, satriyaa, e e e e, aja mati tanpa aran ngakua ndak takoni!

Abimanyu (namung suwantên): R. Abimanyu saka kasatriyan Plangkawati! Balik takon sapa aranmu buta?

Kala Pêdhutsêgara: Takon kaya aku, iki ditya Kala Pêdhutsêgara aranku! Abimanyu!

Abimanyu : Buta ana paran!

Kala Pêdhutsêgara: Upama wong nêgor pring aja mung kok jupuki pucuke. Trajangên dhangkelane.

Abimanyu : Buta apa abamu dikapara ngarsa!

Kala Pêdhutsêgara: I i i, gêdhemu cilik, dhuwur êndhèk, kopat-kapita kaya ula tapak angin, kêkêjêra kaya manuk branjangan! [branja...]

--- 65 ---

[...ngan!] He ... e, adoh sawat bêdhama, cêdhak glundhungi, kêlimpe saut pêdhot lambungmu kowe satriya!

Nggêdhog kothak kasarêngan kêprak, gangsa mungêl sampak tanggung. Lajêng pêrang. Kala Pêdhutsêgara tandangipun ngiwut wusana Abimanyu radi kêthetheran lajêng kalih-kalihipun dipun êntas. Gathutkaca mêdal saking têngên, nggêgana nganglang ngulati ngandhap. Sasmita kêpyak gangsa lajêng kapathêt (mungêl lirih).

Ginêm:

Gathutkaca ngudaraos: I i jagad dewa bathara, blêdug ngampak-ampak ngisor iki blêduging apa. Êlo, bocah kêrêngan ... (nylorot mangandhap, têrus mêdal malih) ... mungsuhe buta! Mlayu-mlayu kae kaya Petruk. Ih adhiku dhi Abimanyu dibegal buta. Sing prayitna dingati-ati, buta gêndhak sikara, konangan satriya Pringgodani pothol gulumu aja takon dosa!

Ngêpyak nggantêr gangsa sampak malih. Gathutkaca nlabung danawa saking gêgana têrus mêsat malih. Danawa kapidara, kêkêjêr sakêdhap lajêng tangi, gangsa suwuk, tanpa pathêtan (mawi sasmita dhodhogan; dhê-ro-dhog).

Ginêm:

Yaksa : E, e, hong ilahèng tete hyang kalalodra! Gêdhe prêbawamu satriya, ora ana udan ora ana mêndhung têka bisa nêkakake blêdhèg nyambêr-nyambêr.

Gathutkaca (namung suwantên): Buta, têsmak bathok mata mlorok ora ndêdêlok?

Yaksa : E, e, e sing tak arani blêdhèg mau janma manungsa tibane. Sapa iki!

Gathutkaca : Nata Pringgodani, Prabu Anom Gathutkaca. Buta, aja mati tanpa aran sapa pracekamu?

Yaksa : Takon aku Kala Pêdhutsêgara aranku. Gathutkaca! Kêprênah apa karo Abimanyu dene kowe wani-wani ngganggu gawe anggonku kêrêngan?

Gathutkaca : Dudu sanak dudu kadang nèk mati aku sing kelangan!

Yaksa : E, kêparat cêndhênge dhewe! Aja ana gêgana yèn pancèn mrinani Abimanyu kowe Gathutkaca!

Gathutkaca : Buta munggaha!

Yaksa : Mudhuna.

Gathutkaca : Aja mlayu tak udhuni!

Yaksa : Janji ana dharatan kêlimpe gorgos limpamu, mulih aran Gathutkaca!

Gangsa sampak, Gathutkaca pêrang kalihan Kala Pêdhutsêgara. Sawêtawis rame wusana Kala Pêdhutsêgara dipun têmpiling pêjah ngglethak. Gangsa suwuk tanpa pathêtan. Gathukaca tancêp.

Ginêm:

Gathutkaca : Amuk-amuk! Jayamrata suramrata, ampyakên kaya wong jala rêbutên kaya mênjangan mati, padha mangsa padhoa, [pa...]

--- 66 ---

[...dhoa,] mungsuh satriya Pringgadani sida ndhêpani bantala bêbathangmu! Ayo lêg ...!

Pêtruk njêdhul saking kiwa têrus dipun ringkus Gathutkaca kados patrapipun mênawi badhe mothol gulu.

Petruk : Ek ... ek ... kula le nda ... ek ...!

Petruk dipun culakên, lajêng nyêpêng sirahipun dipun engkak-engkokakên.

Petruk : ... biyuh ... tujune durung kêbacut. Mungguhna sida dipothol ngono gèk apa ta sing tak anggo êndhas.

Gathutkaca : Ora gênah ... aja sêmbrana, ngribêt-ngribêti wong lagi nyambut gawe!

Petruk : Hi hi ênggih. Sir kula niki wau ajêng mbagèkake malah arêp dipotong ... apa tumon?

Gathutkaca : Petruk butane apa isih?

Petruk : Têsih kintên-kintên ning kantun alit-alit. Pun panjênêngan kèndêl kula rampungane.

Gathutkaca : Apa kowe wani?

Petruk : E wantun mawon! Kula saniki kêndêl, pripun ta. Wong dhèk anu nika sore-sore grêmis pêtêng ndhêdhêt kula nggih wantun niku têng ngarêp lawang piyambak!

Gathutkaca : Ora gênah! Yèn pancèn wani kana sing ngati-ngati.

Petruk : Pun ta pitados têng kula.

Gathutkaca kesah.

Petruk : We la aku kok diêpal. Cêkake yèn mung buta sèkêt ngono we mêsthi sirna dening aku. Ning anggêre ora galak lo, yèn galak ... ya êmbuh. Eh hm, iki tak singkirne ndak mêdèni wong liwat yuh iyuh, iki mau gèk dikapakake ndara Gathut mau, thik sirahe nganti dlèwèr mêtu njête ngene. Wah le ngrempyang jago korupsi kira-kira. Bèn glundhungke kalèn kono we.
Bangkenipun Pêdhutsêgara dipun uncalakên dening Petruk, têrus ngudaraos malih:
Toh kowe rasakna. Andèkna ora dhèk mau ... ho ... ha ... ho ... ho. Gene glundhungke kalèn ya mênêng bae ... (Petruk malik madhêp nêngên) ... wis saiki tunggale êndi ora sida rampung dening aku ...

Bagong mêdal saking kiwa nggêrêng-nggêrêng; Eeeeeerr

Petruk (kalihan ngèwèl): Ma ... tik ... a ... ku. Ana ... bu ... ta ... njêdhul we thik ... ènèng mburi ... (alon-alon kalihan malik nolèh) ... ko ... jur ... Es ... durung tau diasap bata ya Gong kowe! Bocah thik ora urus; tujune durung kasèp tak tibani pêthèl. Ngribut-ngributi wong arêp matèni buta wae.

--- 67 ---

Bagong : He ... he ... he, padune wis ngoplok we.

Petruk : Ngoplok dhêngkulmu kuwi. Apa ora kênèng wong kagèt.

Bagong : E sokur ta yèn mung kagèt!

Petruk : Tak têmpiling lo Gong! Omonganmu kuwi ngêmu pangina ngêrti.

Montrokêndo (namung suwantên): Ooak oak satriyaaa-satriyoaaa. Aku belakna pati satriyoaaa.

Petruk mbalik mlajêng: Rasakna kae Gong butane isih tênan.

Bagong badhe tumut mlajêng dhawah kêlumah.

Bagong : Koaaang aku tulungana. Tulungana koaaang.

Petruk : Gage mlayua mrene. Butane sêlak têka lo kok malah bêngak-bêngok.

Bagong : Ora isa mlayu kang aku?

Petruk : Ènèng apa ta?

Bagong : Wong tiba klumah kok!

Petruk : Klumah ya tangi ta le, thik ngadi-adi timên.

Bagong : Aku yèn wis mlumah ngene ki ora isa tangi thik kang.

Petruk njêdhul malih: E bocah kok anèh-anèh têmên ta ya.

Bagong dipun tangèkakên Petruk, nyarêngi dhatêngipun Montrokêndho.

Montrokêndho: Satriyoaaa, aja mati tanpa aran satriyoaaa sapa jênênganmu ngêndi omahmu satriyoaaaa.

Petruk: Nyang mburi kono Gong iki ayake buta kodo iki.

Montro : E e ên ng apa koang, aja ana ndalan aku tak mangan limpane satriya kang.

Petruk : Kowe kuwi ya buta.

Montro : E e e buta tur galak nggiris ki kang.

Petruk : A toblas. Jênêngmu sapa?

Montro : Digdya Kala Montrokêndho kang kowe sapa?

Petruk : Montrokêndho, mèmpêr rupane kaya goni wadhah sukêt udhar taline ngono, jênêngku Petruk.

Montro : Peterauk.

Petruk : Petruk.

Montro : Lha iya Peterauk.

Petruk : E gênahe pego buta iki. Ora kowe iki arêp ngganyang limpane satriya tênan?

Montro : Iya kang arêp tak ganyang limpane.

Petruk : Apa kowe wis tau wêruh iwak limpa?

Montro : Uwis bangêt kuwi ganyanganku kok kang.

Petruk : E ngono. Ngêrtia ya Ndho. Limpaning satriya kuwi ora padha karo limpa-limpa kuwi. Tur ora ana sajroning awak kene dititip-titipake. Marga iku sing marakake digdaya.

--- 68 ---

Montro : Mula arêp dak ganyang bèn aja digdaya.

Petruk : O mangsa ènènga yèn kowe ngêrah limpane ndaraku mau. Wong limpane ora digawa kok.

Montro : Lha ana ngêndi kang?

Petruk : Dititipke aku.

Montro : Yèn ngono tak jaluk!

Petruk (kalihan ngêdalakên pêthèl): Kowe arêp tênan, iki lho rupane limpa satriya iki.

Montro : Ooooo kooook kene tak ganyange.

Petruk : Ooo aja kêsuwèn yèn pancèn tênan-tênan arêp ngganyang mrenea mêngko tak lolohi.

Montro : Ya wis.

Petruk : Lah gene mayar mawon mas.
Petruk lajêng ancang-ancang, Montrokêndho dipun pêthèl pêjah kapisanan.
Petruk : O alah ta buta! Gèk pikiranmu ki dokok ngêndi ana pêthèl diakokake limpa barang kok pêrcaya bae! Gong! Ayo Gong disingkirake Gong bèn aja ngênêg-ênêgi!

Ndhodhog kothak gangsa srêpêgan. Petruk kalihan Bagong mbucal Montrokêndho. Petruk kalihan Bagong mlêbêt. Togog lan Mbilung mêdal.

Togog : O, la katiwasan Lung, lurah-lurahmu padha sirna kabèh.

Bilung : Apa kang! Tokun.

Togog : Ayo Lung bali nyang praja dadi atur mêngko tiwase para utusane.

Dipun kombangi "eeeee ..." gangsa mantun sirêpan lan malik dados ayak-ayakan Togog lan Bilung kalorod. Abimanyu mêdal saking têngên lajêng dipun papak dening Gathutkaca, rêrangkulan têrus tancêp. Gathutkaca kiwa majêng gangsa suwuk tanpa pathêtan.

Ginêm:

Gathutkaca : Hèh yayi Abimanyu. Kang gêdhe pangaksamane si adhi dene pun kakang gawe kagèt atine si adhi.

Abimanyu : Dhuh kakang, kula ngaturakên cupêting manah dene kakang mas ngêndika makatên.

Gathutkaca : Yayi Abimanyu adhine pun kakang. Mulane aku darbe rêmbug mangkono marga wus dadi jamaking satriya kalamun lagi lêlangên yuda banjur ana kang nimbrung têtulung, iku prasasat dikilani dhadhane ora beda kaya yèn dirêbut pacangane. Mula yayi aja kurang pamêngku, jêr lêkasku mangkono amung labêt saka rasa trêsnaku marang sira.

Abimanyu : Adhuh kakang mas jimat pêpundhèn kula, sintên malih ingkang kêduga ngayomi jasat kawula kêjawi namung paduka kakang mas. Pramila kakang mas kados mbotên dados punapa, sampun kalêbêtakên ing kasujanan.

--- 69 ---

Gathutkaca : Sukur bage sêkêthi yayi dadi lêga tyase pun kakang. Samêngko yayi gandhèng sajak wus ora ana apêpalang ayo daya-daya enggala tumêka ing praja.

Abimanyu : Sumangga kakang mas kula dhèrèkakên.

Gathutkaca : Garèng Petruk Bagong, aja karundhèn laku, ayo enggal mangkat.

Garèng Petruk Bagong: Ênggih, inggih, ênggih.

Ndhodhog kothak sêpisan dipun suluki pathêt jingking.

5555x5x6!
Tun-jungbangtê-ra-te
x@x!x.x6x!x6x5x.x3x2x2x.x3x.x56x6x!x6x.x5x5x.x6x.
O...i-rim-i-rima-
x!x.x6x.x52222x2x.x3
taptap-ingka-yua-
x2x.x1x.xy33x3x.x5x3x.x2x2x.x3x.x5
pua-sri-ninglu-lu-
5x!x!x!x!x!x!2222
mutO...kang-kung-i-ra
x2x.x12xtx.xyx.x1111
i-josriga-dhingdi-
1x6x.x1x2x1xyx.x1xyxt222
ya-saO...rêt-na-ning
2x2x.x3x.x2x1x.xy33x3x.x5
rê-ja-sakêm-bangka-
x3x.x2x2x.x3x55x!x!x!x!x!x!22
rangsung-sangO...bo-gêm-
22x2x.x1yxtx.xy1
ea-ra-rasRa-dèn
x2x.x1xyx.x1xyxtxtx.xyx1x.xyx1x2x.x1yxtx.xy
O...kêm-bang-i-raka-
x1x.xyx1x2x.x16(123561531y12y5)55
rangsung-sang(umpak gêndèr)bo-gêm-
5x3x.x5x3x2x.x3x511x2x.x1x2x2x2x2x2
i-raa-ra-rasO...
x!x!x!x!x!x!
O...

Dumugi "O ... " ingkang kantun piyambak kasarêngan kalihan dhodhogan kothak lamba tamban. Gangsa dados ayak-ayakan.

Gathutkaca kabêdhol têrus ndêdêl mabur alon-alon malik lajêng mangiwa, Abimanyu kabêdhol mlampah alon ngiwa. Samantên ugi Garèng Petruk Bagong, kalampahakên urut-urutan mawi wiraga sapantêsipun.

Sasampunipun rampung kayon katancêpakên ing têngah, gangsa suwuk lajêng dipun suluki mawi suluk pathêt jugag, kados tuladha kaca 52.

--- 70 ---

"Enggar tyasira risang abagus mulat sirnaning kang bêbaya, mangkana sigra anêrusakên lampah daya-daya dumugining praja. Samana lampahira satriya kêkalih kadhèrèkakên Kyai Lurah Garèng, Petruk myang Bagong wirandhungan nilar wana tarataban karêrêndhêting ri bêbondhotan, kumyus ponang riwe saya sêngkut gumrêgut tindakira tan tolèh-tolèh pringga bayaning marga. Brêngênging brêmana muwah sadmada kang bêbarêngan mangisêp sarining kêmbang samarga-marga yayah karunaning kaswasih saya nênangi ponang duhkita risang satriya kêkalih.

Samana sinigêg ingkang carita, gantia kocap ora kaya kang ana jroning praja Ngamarta, pêpak para kadang Pandhawa sinawang kadya nandhang brangta nityasa."

Sasmita nêdha gêndhing mangungkung kêthuk 2 kêrêp, kênong 3 (4 gong). Sasampunipun mungêl gêndhing kasêbut dhalang ngungalakên blencong lajêng kayon kabêdhol kawangsulakên ing papanipun.

Lampahipun jêjêran.

Puntadewa mêdal tancêp ing têngên, tangan kajujurakên. Lajêng Nakula Sadewa dhatêng saking kiwa nyêmbah lajêng tancêp sak wingkingipun Puntadewa, Puntadewa kajabêl nyarêngi dhatêngipun Krêsna têrus rêrangkulan Puntadewa tancêp lajêng ngacarani Krêsna. Sasampunipun Krêsna tancêp tangan kajujurakên lajêng Wêrkudara mêdal, tancêp sawingkingipun Krêsna, Janaka sawingkingipun Puntadewa, Samba sisihipun Krêsna, Sêtyaki wingkingipun Samba. Abimanyu dhatêng lajêng tancêp sangajêngipun Krêsna, Gathutkaca sawingkingipun Sêtyaki. Manawi sakintên papanipun mrayogèkakên prayogi panakawan ugi kawêdalakên, nanging punika mbotên pêrlu.

Bilih sampun tumata gangsa dipun sirêp lajêng kajantur.

"Nênggih punika ingkang kacarita, tunggal kandhane seje caritane. Punika warnane ing kraton nagari Cintakapura inggih Batanakawarsa, Ngendraprastha, inggih Amarta, Sanyata nagara padhang jagade dhuwur kukuse ados kuncarane.

Sintên ta nata ingkang anggrênggani praja Amarta. Sanyata iku pambayuning Pandhawa jêjuluk Maha Prabu Puntadewa Darmawangsa, Darmakusuma, Darmaputra, Yudhisthira, Gunatalikrama ya Prabu Ajatasatru.

Pramila jêjuluk Puntadewa, tuhu iku putraning Nata Astina Prabu Pandhudewanata. Darmawangsa, labêt bangkit nggènira momong kadang. Darmakusuma, pranyata dadya kêkêmbanganing ingkang nuhoni wacana ngumala arum, Darmaputra, tuhu pinutrakakên dening Bathara Darma dewaning adil lan sêsanggêman. Yudhisthira labêt wus asarira tunggal lawan nata jim ing Wisamarta duking nguni. Gunatalikrama, dene sang prabu wus kuwasa mêpêr ardaning pancadriya. Ajatasatru ratu kang datan darbe mungsuh labêt sang prabu wus lila lêgawa donya praptèng patine lamun ana kang amintoa. Sanyata Nata Ngamarta andarbèni ludira seta, suci njaba trusing batin, maambêg pinandhita, katon bodho balilu nanging sêjatine ngungkuli wêgig.

--- 71 ---

Nalika samana sang nata nuju lênggah ing pêndhapa gung angacarani rawuhira ingkang raka Nata Dwarawati Sri Bathara Krêsna, kang duk ing nguni ingaturan rawuh ing Batanakawarsa. Pêpak para kadang Pandhawa ingkang samya sumewa. R. Wêrkudara, Bimasena, Bayuputra ya Radèn Brantasena panênggaking Pandhawa.

R. Arjuna, Janaka Wibatsuh, Kombalwali ya R. Pamadi panêngahing Pandhawa. Miwah R. Nakula saha Radèn Sahadewa. Punapadene R. Abimanyu miwah nata anom Pringgadani kang duk ing nguni dinuta ing wukir Rêtawu wus samya sumewa.

Têka kaya mangkana panglocitaning wardaya sang prabu ingkang dèrèng kawijil ing lesan.

Dipun kombangi "O ..." sasmita janturan sampun têlas. Gêndhing minggah kêthuk 4, sawêtawis lajêng kasuwuk, dipun suluki sêndhon rêncasih.

@@@@@x@x.x!
La-wa-la-wagu-man-
!65555
dhulnèngpangkê-bêt-kê-
x3x.x2x!x!x!x!x!5555
bêtO...lirmè-lusu-
x3x.x56x!x.x@6!x!x.x6
sahyèntabi-samu-
5x5x.x6x.x!x5x.x6x.x!55 5x5x.x3
wuspa-ge-nePan-dha-
x2x.x1666x6x.x!x65
watana-natu-mut
6x!x@6!x!x.x65
pri-ba-dia-min-ta
x5x.x6x.x!x5x.x6x.x!65x5x.x3x2x.x1
pra-ja-nyasê-pa-lih
@@@x@x!x!x.x@5
kangsê-kartan-jungru-
5555x3x.x56
ruam-bê-la-sahlê-
x!x.x@6!x!x.x65x5x.x6x.x!
sahka-disu-sahngê-
x5x.x6x.x!532x.x1xyxyxyxy(y.1ty1.2.y25yt)
sahka-pi-saha...(umpak gendèr)
555x5x.x3x3x.x5x3x2x5x3
ngê-sahka-pi-sahO...

Ginêm:

Puntadewa : Dèrèng dangu rawuh paduka njêng kaka Prabu Sri Bathara Krêsna, kula ngaturakên pasêgahan panakrami mugi kunjuk!

Krêsna : Kawula nuwun yayi Samiaji. Rumêntèhing sih pambagya panakraminipun yayi Samiaji sampun katampi ing

--- 72 ---

asta kêkalih mugi mêwahana rah daging kayuwanan. Amung raka para ngaturakên puja basuki mugi konjuka yayi Samiaji!

Puntadewa : Nuwun gurawalan pamundhi kula kaka prabu mugi dadosa jêjimat nglubèrana dhumatêng kawula dasih.

Janak : Kangjêng kaka prabu sarawuh paduka ing praja Batanakawarsa kula ngaturakên sêmbah pangabêkti mugi konjuka saandhaping pêpadha!

Krêsna : Pangabêkti si adhi wus tak tampa, muga pangèstuku bae tampanên yayi Parta!

Janaka : Gurawalan pamundhi kula kaka prabu!

Wêrkudara : Haaa ..., durung suwe Jlithêng kakangku têka, aku ngaturake sêmbah!

Krêsna : Adhuh jagad wasesaning bathara! Saelingku tinitah dadi tuwa lagi iki aku arêp nampani sêmbahe yayi Wêrkudara! Apa ora klèru yayi, sira ngaturke sêmbah marang aku!

Wêrkudara : Lire klèru kêpriye?

Krêsna : Ngene ya yayi. Yèn Wêrkudara ngaturake sêmbah iku sing wênang nampani dewa, dewa wae dudu sak dewa-dewane isih nganggo dewa pilihan. Barêng aku mung sak Prabu Krêsna kok nampani sêmbahe Wêrkudara, apa ora klèru?

Wêrkudara : Yèn ngono Jlithêng kakangku, durung pana marang lungiding jêjibahan.

Krêsna : Lho kok malah kodhêng aku! Coba yayi pun kakang durung damang karêpe si adhi mula andharna!

Wêrkudara : Sing mbok karêpake iku mau dudu sêmbah nanging panêmbah. Marga iku ana bedane. Kabèh panêmbah iku mêsthi mêngku sêmbah. Nanging ora kabèh sêmbah iku mêsthi kudu ngêtutake dununge panêmbah! Sêmbahku marang Jlithêng kakangku dudu sêmbahing panêmbah nanging sêmbah wajib ingatase aku tinitah ênom kadare marang kang tinitah tuwa!

Krêsna : Wah! Tibane sêmono karêpe si adhi! Nanging bab sêmbah mau kok aku ora mêsthi entuk sêmbah wajibe si adhi mau yèn pancèn si adhi bisa mapanake iku?

Wêrkudara : Kabèh-kabèh mau kudu angon mangsakala lan kaanan!

Krêsna : Wah kaya-kaya ora gaduk ngoyak cangkrimane si adhi, ya ta sesuk-sesuk kono yèn ana wêktu ditutugake. Wong iki papane wis rupak mangka sing kudu kêcakup isih akèh. Sêmbahe si adi wis tak tampa, pangèstuku tampanana!

Wêrkudara : Bangêt panarimaku!

Krêsna : "Mangke yayi Darmakusuma! Radi dados kagyating manah dene yayi Samiaji kusung-kusung animbali raka para wontên wigatos punapa!

Darmawangsa: Kangjêng kaka prabu, kula sampun mêling dhumatêng yayi Nakula lan Sadewa bab kawontênaning praja, pramila kula namung pasrah kadospundi tarekah paduka!

--- 73 ---

Krêsna : Yayi Samiaji. yêktinipun kawontênaning praja kula piyambak ing Dwarawati ugi mbotên siwah kados ing Batanakawarsa! Liripun para kawula sami kagegeran tanêm tuwuh sami pusa datan kawêdalakên miwah kathah pasulayan ing saênggèn-ênggèn. Malah-malah kula ugi tampi sêrat panantang saking Prabu Purbaningrat ing Giripurba. Pramila ngantos jibêg raosing manah.

Dumugi kula ing Batanakawarsa mriki sisan damêl nganti putra paduka Samba dalah yayi Wrêsniwira amrih ing mangke sagêda sabiyantu kalihan kadang-kadang Pandhawa mbudidaya mberat pêpêtêng punika. Namung samangke, punapa yayi Samiaji sampun utusan dhatêng wukir Rêtawu.

Puntadewa : Inggih sampun kaka prabu. Malah-malah punika sajakipun Abimanyu sampun dhatêng suwawi kula aturi ndangu piyambak!

Krêsna : Abimanyu, kulup mara enggal tutura apa olèh-olèhmu saka Rêtawu kulup!

Abimanyu : Kangjêng wa prabu inggih! Kula kêparênga ngaturakên punapa sabdanipun kangjêng eyang ing Rêtawu!

Krêsna : Iya kulup tak idini!

Abimanyu : Kangjêng wa prabu dalah para pêpundhèn, sabdanipun kangjêng eyang bilih rêtuning praja punika tuhu datan kenging tinambak sarana sadaya lampah pamêksa. Namung pamongipun tumuwuh inggih punika siwa Badranaya kemawon ingkang kuwagang nyirêp. Mangka wa Badranaya wêkdal punika nêmbe martapa wontên pucaking wukir Pujangkara. Amargi, inggih saking labêt gêmpunging pênggalihipun mbotên sarju aningali tingkahing para raja, satriya dalah para naraprajanipun ing wêkdal samangke; dene namung kasok ngênut keblating cipta olah lêlamisan, sampun sami nalisir saking anggêr-anggêring jêjibahan. Sadaya namung sami angêmungakên pribadi dhirinipun piyambak datan angèngêti kawontênaning kawula alit. Para narapraja sami nyalah ginakakên kapitadosaning praja ingkang dipun kuwasakakên! Saya malih ing wêkdal sapunika sêdaya sampun nyingkur dhumatêng sadaya lampah kamaksiyatan (kanisthan).
Dados rêrêtuning praja punika namung sagêd kabengkas bilih siwa Badranaya kêrsa wangsul ing praja, sêmantên punika kêdah kabiyantu pêlênging cipta dening para pramudhaning praja miwah satriyanipun kêdah sami karaos dènira sinung piwêlèh punika wau. Wasana sumangga wa prabu, makatên pangandikanipun kangjêng eyang.

Ndhodhog kothak sapisan dipun suluki sêndhon tlutur kados tuladha kaca 53 sadaya sami ngêlus dhadha, satêlasing suluk lajêng ginêm.

--- 74 ---

Krêsna : Adhuh jagad-jagad ya dewa ya bathara. Layak-layak nganti kaya ngene prêbawane. Kados dipun lolosi bayu kula mirêng aturipun Abimanyu. Dene nêmbe punika karaos ing manah, bilih sadaya punika labêt saking nalisiring tumindak kita sami. Samangke kadospundi kêrsanipun yayi Samiaji.

Puntadewa : Kula namung ngaturakên bodho baliluning manah, sadaya kula sumanggakakên kawicaksanan paduka kaka prabu.

Krêsna : Nuwun inggih yayi! Abimanyu!

Abimanyu : Nuwun wontên dhawuh wa prabu!

Krêsna : Padha-padha momongan putrane kaipe, mung kowe dhewe sing rada bangêt dadi atine si kakang Badranaya. Dhuh kulup, aja wêdi kangelan, kowe munggaha mênyang wukir Pujangkara, rih-rihên atine kakang Badranaya, pondhongana kaki marang praja, mung bae sing bisa kowe ngarah prana nuju karêp.
Lan kaki Prabu Gathutkaca, Samba apadene yayi Sêtyaki, tutna salakune Abimanyu.

Abimanyu : Sampun têrang pangandikanipun wa prabu kêparênga mêdal pasilan!

Krêsna : Iya nggèr kabèh-kabèh tak sangoni basuki, enggal mangkata sajake wis rada rupak wêktune!

Ndhodhog kothak, gangsa mungêl srêpêgan, Abimanyu Gathutkaca Samba lan Sêtyaki bidhal, sawêtawis gangsa lajêng dipun sirêp.

Ginêm:

Krêsna : Yayi prabu samangke prayogi ngêntosi dhatêngipun Abimanyu.

Puntadewa : Mênawi ngatên mangga kula dhèrèkakên manjing ing kêdhaton Batanakawarsa.

Krêsna : Sumangga yayi kula dhèrèkakên! Ayo dhimas Wêrkudara lan kaipe.

Wêrkudara lan Janaka: Iya ayo tak dhèrèke! Sumangga kaka prabu.

Gangsa mantun kasirêp, srêpêgan malih – bêdholan, sadaya mlêbêt manêngên. Gangsa kasêsêgakên kayon katancêbakên têngah, ngandhap dhoyong mangiwa, gangsa suwuk lajêng malik pathêt manyura.

333333
Mèhra-i-nasê-mu
333333
bangHyangA-ru-naka-
333322
dine-tra-ningang-ga
222222
ra-puhsab-da-ningku-
2x2x.x1x1x.x2x3x3x3x3x333
ki-laringO...ka-ni-
333x3x.x5x66
ga-rasa-kên-têr

--- 75 ---

x@x@x@x@x@3333x3x.x2
O...ningki-dung-a-ning
1x3x.x22222
kunglirwu-wus-ingpi-
22x1x.x2x3x.x2x1x.x2x1xy11
ni-pan-caO...pê-pê-
11111xyx.x1
tog-inga-yamwa-na
x2x.x1xyx.xtx.xe
O...

 


hyang. (kembali)
èmêng. (kembali)