Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 45-46)

Judul
Sambungan
1. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 01-08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 09-16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 17-22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 23-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 30-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 37-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 41-44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 45-46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

45. Durma

1. Radèn Jayalêlana Jayaparusa | angling mring êmbannèki | lah ta payo bapa | sira ngirup-irupa | sagunging wong kanan kering | ngubal-ubalna | ing solah jayèng jurit ||

2. Kartigarut sigra dènira [dèni...]

--- 2: 120 ---

[...ra] umêsat | saking ngarsaning gusti | marang padhusunan | ngubalkên kasêntikan | wong padesan samya wingwrin | katêmbèn miyat | lan samya sinung warti ||

3. yèn gustine ing mangkya wus katurunan | wahyu laetul kadri | nurbuwat karajan | amêngku tanah Jawa | wong desa sapa kapengin | dadya punggawa | anuta gusti mami ||

4. bêkêl miwah panglawe benjang binawat | pan ajung dadi mantri | panèkêt kinarya | ing benjang pan wadana | wong desa prasamya melik | kêna ing kêmat | ing pangabarannèki ||

5. asadhiya sakèhing janma padesan | ngumpul mring Wanatawis | andadi barisnya | karya rakiting pura | têratag rambat ing ngarsi | wadya kang sowan | sèwu yèn winitawis ||

6. turut wana pan sampun suyut sadaya | miwah sawetan ardi | Marapi sadaya | Mêrbabu saurutnya | kêrig marang Wanatawis | dyan kawuwusa | kang arsa madêg aji ||

7. Radèn Jayalêlana Jayaparusa | apan ing sabên enjing | amêpak kang wadya | ngubalkên pangabaran | kapencuta kang umèksi | nèng luhur kuda | lawung pitu tininggil ||

8. mêsat marang gêgana pan sarêng prapta | angrubung sang apêkik | ginêtak umêsat | pan kinarya kasukan | kalamun ambêdhol dami | nulya sinêbar | pan dadya watang jinggring ||

9. yèn ginêtak dadi katingal manungsa | wau radèn kêkalih | umarêk kang rama | arsa ngrabasèng pura | kang rama ngandika aris | hèh sutaningwang | iya karsanirèki ||

10. nanging ingsun iya măngsa pitayaa | karyakna jolèn mami | mawa payon kajang | kanggo [kang...]

--- 2: 121 ---

[...go] tumpakan ingwang | suka tyas tanaya kalih | wus karsaning Hyang | ginubêl anuruti ||

11. nanging saking kawratan trêsna ing putra | gingsir ing lampahnèki | ngêmping kasutapan | sampunira siyaga | sakapraboning ajurit | ki gêdhe sigra | ngubêngi maring dasih ||

12. saha kutug mênyan sarwi nabuh kêndhang | suraking wadya atri | gumêrah swaranya | bêdhol sagung gêgaman | ki gêdhe wus nitih joli | wadyane kumrab | bandera warni-warni ||

13. Kartigarut umatur marang rahadyan | lamun suwawi gusti | sakathahing wadya | samya nyêpênga sulak | kadyangganing giring mêri | ipèn kawula | nêmtokkên mêngsah miris ||

14. pêthuking tyas radèn dhawuhkên mangkana | sandika para dasih | samya ngrênggêp sulak | wong sèkêt ting kêtholang | radèn nèng wurining baris | nitih turăngga | songsonge kêrtas kuning ||

15. tan winarna lampahira sampun prapta | Kêdhungwinong kang baris | kang wadya balabar | pangarsanya wus têbah | ing Karècèk dènnya baris | myang Kapandhanan | ambèr ing Wanasrênggi ||

16. Kêdhungwinong Sidawayah ênggènira | sang pangayuning jurit | kang gêgabah wadya | ing dalu kawuwusa | katur marang sri bupati | lamun wong Wana- | kusumarsa mrêp puri ||

17. dêdamêle lumakua ngarsanira | ing Kapandhanan baris | wadya nurut wana | tuwin sawetan arga | suyut tumuntur ing jurit | ing benjang enjang | gènirarsa mrêp puri ||

18. katingalan saking nagri Kartasura | pakuwon Wanatawis | obornya bêranang | ing dalu tan winarna | ya ta kawuwusa enjing | Prabu [Pra...]

--- 2: 122 ---

[...bu] Mangkurat | miyos ing păncaniti ||

19. andhèr munggèng ngayunan wadya balabar | myang kapraboning jurit | Dipati Urawan | wau kinèn mêthuka | ngirit sagung wadya Jawi | budhal saksana | saking ngarsa narpati ||

20. amung kantun Radèn Arya Sindurêja | samya nèng păncaniti | lan wadya kêparak | gêdhong baris mêlatar | duk samana sri bupati | angingu wadya | catur dasa wong Bali ||

21. Ki Tumênggung Singabarong ingaranan | lêlurahe wong Bali | aglar ngarsa nata | samyodhêng bulang-bulang | abajo sangkêlat kuning | sondhèr ngangrangan | asikêp waos jinggring ||

22. kawarnaa wau Dipati Urawan | amêthuk ing ajurit | saha wadyanira | tata abaris kapang | Wanakusuma winarni | budhal saksana | saking pakuwonnèki ||

23. munggèng joli wau Ki Wanakusuma | pan sampun kaki-kaki | sutanirèng ngarsa | ingkang rinaja-raja | Radèn Jayalêlanèki | Jayaparusa | samya munggèng turanggi ||

24. apêpaès wadana têtasikan mas | wau radèn kêkalih | dening êmbanira | Kartigarut rinămpa- | rămpa lir binayang kari | ingapit wadya | tur sinosongan[1] kuning ||

25. Radèn Jayalêlana sampun miyarsa | yèn ingkang mêthuk jurit | Dipati Urawan | ngrig wadya Kartasura | Wanakusuma nulya glis | ngubêngi wadya | lan maca donga satin ||

26. donga bancah caracah bala sanambang | lan donga sèpi angin | sarwi nêtêg kêndhang | gumrah swaraning wadya | dhikiran karêngyèng langit | Jayalêlana | angatag wadya aglis ||

27. payo batur trajangên ywa ringa-ringa |

--- 2: 123 ---

mungsuh wong Kartawani | mangsah kang liningan | nêmpuh sura tan taha | sumahab kalawan muni | hah sulak-sulak | dilalah karsèng Widhi ||

28. samya kêkês wadyabala Kartasura | wau Ki Adipati | Urawan têngara | wadya ing Kartasura | sumahab anêmpuh jurit | campuh ing yuda | sanjata datan muni ||

29. dyan gumulung wadya ing Wanakusuman | gustine anindhihi | angamuk mangrêmpak | ngisis wong Kartasura | kesisan Sang Adipati | Urawan sigra | krodha maksih angungkih ||

30. pan binotan rumab wadya Kartasura | kathah kang kajumpalik | tiba ing leleran | sira Ki Adipatya | Urawan pan mobat-mabit | anantang yuda | nging wadya mêksih ngisis ||

31. datan kêna ingadu wong Kartasura | pangraose ningali | ing mungsuh awêndran | nungkêbi kering kanan | lawan kêkêsing anggèki | Jayalêlana | dènnya ambêdhol dami ||

32. dyan sinêbar dami katingal gêgaman | bujung ing mungsuh wingwrin | sira Ki Dipatya | Urawan wus lumaywa | wong Wanakusuma atri | anglud ing surak | kang oncat sangêt miris ||

33. pan kapêthuk sira Dipati Ngurawan | lawan dutèng narpati | kagyat mantri mudha | andhawuhkên timbalan | hèh andika ki dipati | sampun lumaywa | marang ing srimanganti ||

34. malajênga mring pasowan kidul samya | aja ngawaki malih | apan sri narendra | arsa ngawaki yuda | sagung kang para dipati | datan kalilan | maguta mungsuh prapti ||

35. pinrih maju kang mangsah mring panangkilan | sigra ki adipati | mingêr lampahira | lawan sagung punggawa | pasowan kidul dèn jogi | gya mantri mudha [mu...]

--- 2: 124 ---

[...dha] | mêsat dinuta malih ||

36. mêmariksa ênggèning mungsuh kang prapta | lawan solahing baris | tinon sing mandrawa | jujug Kanrangkusuman | anèng kana nata baris | Jayalêlana | kalawan ingkang rayi ||

37. Radèn Jayaparusa măngka pramoda | wau kang rama nuli | saking joli mandhap | ngubêngi barisira | lawan matêk donga malih | pangapês mêngsah | lan wijayaning jurit ||

38. sampat sampun wangsul marang jolinira | Dyan Jayalêlana glis | aparing parentah | kinèn ngobongi wisma | măngka tăndha unggul jurit | omahing para | wong cilik dèn barêsih ||

39. amung aja ngobong wismaning bupatya | emanên sawatawis | ana karyanira | benjang palasthèng yuda | sajumênêng ingsun aji | iku kanggoa | marang punggawa mami ||

40. dadi nora susah kêsusu iyasa | wus ana kang dèn slupi | dhasar wus têtela | karsaning Hyang Suksmana | sun pinasthi madêg aji | janjining kuna | măngsa bisaa gingsir ||

41. pratandhane Urawan ngisis lorodan | sawadyane tan kari | mlayu kadandapan | aja ta sing wong rucah | wong Kartasura angisis | ratune ika | tininggal ing wadya lit ||

42. iya măngsa wania mapag maringwang | jêr ingsun gênti waris | mêngku wong rat Jawa | ujêr wus turun lima | yèku gyan ingsun ngukuhi | bali maringwang | payo dèn yitna sami ||

43. ya ta wau dutèng nata mantrimudha | wus awas sigra nolih | anyantêr lampahnya | tan kawarna ing marga | ing alun-alun wus prapti | katur sang nata | lamun mungsuh kang prapti ||

44. nèng Kanrangkusuman kèndêl nata bala |

--- 2: 125 ---

ngandika sri bupati | hèh wong gamêl enggal | kudèngsun saosêna | Si Kaladaru tumuli | wus kinambilan | sinaosakên ngarsi ||

45. sri narendra angagêm kang bêbrêkatan | angrasuk Kyai Gondhil | myang Kyai Makutha | wus rinakit sang nata | ujwalanya anêlahi | Kyai Bêlabar | apan sampun winangking ||

46. Kyai Baru datan kêna yèn têbaha | ingampil marang dasih | kangjêng sri narendra | dhawuh mundhut têngara | bêndhe ran Ki Bicak nênggih | pan bêbrêkatan | saking sêsela nguni ||

47. sri narendra sampun anitih turăngga | arsa ngawaki jurit | wus miyos sang nata | ginarêbêg ing wadya | ing alun-alun nulya glis | wadya kaparak | tinata kinèn baris ||

48. wiwit saking waringin kêmbar malatar | gambira para mantri | miyat sri narendra | anyarirani yuda | kamantyan pinudyèng batin | wadya kaparak | sêdya parêng ngêmasi ||

49. wus sawega barise wadya kaparak | samya prayitnèng wèsthi | tan kaliru prênah- | ira sabêbêkêlnya | wadya gêdhong datan kari | tumut samapta | katon tan wêdi mati ||

50. sri narendra enggal ngitêri pra wadya | sarwi mêmintèng Widhi | wijayaning aprang | riwusing paripurna | enggal dhawuh mring sang patih | hèh Sindurêja | sira sawongirèki ||

51. abarisa sakiduling masjid kana | ingkang katon miranti | madhêpa mracima | nanging mêngko samăngsa | tinêmpuh mungsuh dèn aglis | api-apia | lèrèn ngucirèng jurit ||

52. kang supaya mungsuh ngangsêg mring bacira | kapanggih lawan mami | ki patih sandika | sarwi wotsari [wotsa...]

--- 2: 126 ---

[...ri] mêsat | nglaksanani agnyèng aji | sampun sawega | baris ing kidul masjid ||

53. madhêp ngulon malatar pêngkuh kawuryan | mantrine pêkik-pêkik | gul-agul gagalan | dene sri naradipa | ingkang parêk wadya Bali | udhêng-udhêngan | gilig bolang girisi ||

54. kèhira mung kawan dasa pangarsanya | Singabarong wêwangi | tatu tate tatal | prajurit dulangmangap | wrin mungsuh yayah cêcindhil | pating galidrah | mitongtonkên kasêktin ||

55. sri pamasa dangu miyat kering kanan | Pangran Pugêr tan kèksi | marma dyan dhêdhawah | sira gandhèk mintara | ari dipati dèn aglis | lah enggalêna | asuwe nora prapti ||

56. wadya gandhèk mêsat saking ing ngajêngan- | ira sri narapati | pan datan antara | wadya Wanakusuma | kilèn Kamlayan wus prapti | saha turăngga | sami bandera putih ||

57. duk samana kêkayoning Kartasura | dèrèng wontên kang inggil | katingal anglela | gêgaman ingkang prapta | saking alun-alun kèksi | sri naradipa | angandika mring mantri ||

58. lah ta iki bocah gêgamane sapa | kang samya têngran putih | kang tinanya nêmbah | punika gusti mêngsah | katawis bandera putih | nata miyarsa | ature punang dasih ||

59. galih dalêm sakalangkung dening suka | Ki Baru datan têbih | wong Wanakusuman | atata lampahira | joli kang lumampah wingking | tinut ing wadya | sadaya samya dhikir ||

60. kacarita Ki Agêng Wanakusuma | ingkang anitih joli | dene ingkang putra | kêkalih ingkang priya | lumampah munggwèng ing ngarsi | asongsong jênar | sarwi [sar...]

--- 2: 127 ---

[...wi] nindhihi baris ||

61. nitih kuda ginarêbêg dening wadya | ki agêng munggèng wingking | kang mikul sadaya | sami micarèng driya | saya ènthèng ingkang joli | kadya tan ana | mangkya ingkang nitihi ||

62. ingkang mikul arsa matura rahadyan | kalihing tyasira jrih | nahan kang winarna | wadya Wanakusuman | Pangeran Pugêr Dipati | kang kawarnaa | sampun atata baris ||

63. enjing mila dènira abêbarisan | anèng dalêmirèki | mêpêk ingkang wadya | kang sami surèng rana | Ki Tambakbaya wus prapti | myang Surajaya | Jadrêma Jawiryèki ||

64. duta kalih sampun prapta Kapugêran | nêmbah umatur aglis | dhuh gusti jêng pangran | ulun dinutèng nata | ngenggalkên paduka gusti | ujêr barandhal | ing mangke sampun prapti ||

65. jêng pangeran mèsêm arum angandika | ingsun wus acêcawis | siyagèng ayuda | milihi kulawăngsa | kang padha kêwilang bêcik | wiwit duk enjang | mungsuh paran kang warti ||

66. kănca gandhèk umatur sarwi anêmbah | duk kawula mariki | panganjuring mêngsah | sampun katingal prapta | ing kilèn Kamlayan gusti | kagyat pangeran | ngatag wadya lumaris ||

67. payo kănca nyugatani dhayoh têka | pangeran gya lumaris | ginarbêg ing wadya | amung salawe kèhnya | nanging wadya tatal titih | ulig-uligan | jitus tandhinging jurit ||

68. tan winarna lampahira jêng pangeran | mêngsah gantya winarni | dadya kalih păntha | Radèn Jayalêlana | lan Jayaparusa sami | măngka pramuka | ing pêkên agêng prapti ||

69. wadya Wanakusuma kèndêl sadaya |

--- 2: 128 ---

samya angati-ati | nèng wetan Kamlayan | sira kangjêng pangeran | nèng marga kèndêl nabda ris | priyayi kănca | gandhèk lajênga sami ||

70. pan manira saos ing jawi matura | mring kangjêng sri bupati | caraka tur sêmbah | gusti ajrih kawula | mring raka dika sang aji | karsaning nata | mêngsah punika gusti ||

71. dipun êprih ing alun-alun dhatênga | gih raka paduka ji | arsa ngawakana | mapagakên priyăngga | mring mêngsah kang samya prapti | Kangjêng Pangeran | Pugêr ngandika aris ||

72. wadya gandhèk dèn enggal sira lajua | aja lêngganèng kapti | kang kinon tur sêmbah | wus lajêng lampahira | sigra Pangeran Dipati | Pugêr lumampah | wadyanira tan têbih ||

73. pan mangalèr karsanira asênêtan | anèng tirahing kali | lan sawadyanira | samya mêndhak sadaya | tan katingal saking margi | datan antara | mêngsahira wus prapti ||

74. pangajênge ing pêkên agêng wus prapta | Surajaya turnya ris | mring kangjêng pangeran | dhatêng mêngsah paduka | sang ingaturan lingnya ris | dimènè ika | pangajênge rumiyin ||

75. punggawane sun tingali durung prapta | mêngsah lajêng lumaris | prapta pangurakan | ngalun-alun katingal | pangajênge kèndêl sami | nèng pangurakan | tyasira èsmu ajrih ||

76. pangajênge samana angungak-ungak | ing alun-alun sami | wangsul pangurakan | sami akulithihan | jrih miyat gêgaman aji | awarna-warna | kadya prawata sari ||

77. Radyan Jayaparusa Jayalêlana | pêkên agêng wus prapti | miyat wadyanira | ingkang lumakyèng ngarsa | tandange pating kalithih | asêmu maras | kataman prabawa ji ||

--- 2: 129 ---

78. langkung duka sru mojar hèh batur mara | aja kandhêg lumaris | sira wêdi apa | mungsuh wong Kartasura | urakan tan wani mati | nadyan ratunya | dudu jêjêring aji ||

79. mung nyêlani kewala pitung turunan | ingsun kang duwe waris | marma mêngko iya | kudu bali maringwang | dulunên ingkang wus miris | wruh ing wêweka | rumasa nora wajib ||

80. dadya grêgut wadya ing Wanakusuma | muntap gêdhe kang ati | majêng bayak-bayak | samya angêmbat watang | ayêm myarsa sabdèng gusti | sura marata | solah sinêkti-sêkti ||

81. kawarnaa wong Kapugêran samana | saking sênêtan mijil | Kyai Tambakbaya | myang Kyai Surajaya | Ki Jayawirya tan kari | katri punggawa | ingkang dadya pangirid ||

82. wadya Wanakusuma awas tumingal | yèn Pangeran Dipati | Pugêr ngamuk rampak | sigra gègèr puyêngan | wadya Kapugêran sami | sarêng aninggar | sanjata sarêng muni ||

83. tigang sapta ingkang binêkta ayuda | mring Pangeran Dipati | wong Wanakusuma | akathah kang kabranan | sangsaya gègèr awingwrin | kagyat narendra | myarsa guntanging bêdhil ||

84. sri narendra aris pangandikanira | sapa kang mapag jurit | anèng pangurakan | wadya gandhèk tur sêmbah | rayi paduka narpati | Kangjêng Pangeran | Pugêr kang mapag jurit ||

85. saking pura dènira amagut yuda | anging kang abdi kêdhik | kang binêktèng aprang | dhatêng rayi paduka | namung salawe kang dasih | kang pêpilihan | samya tus ing wiryèki ||

86. sri narendra miyarsa aturing wadya | langkung marma tyas aji | dhatêng ari nata | sigra nêmbang têngara | Ki Bicak munya tinitir | swara [swa...]

--- 2: 130 ---

[...ra] angangkang | kadya munya ing langit ||

87. wadya gêdhong kaparak samya gambira | myarsa Ki Bicak muni | arsa magut yuda | mung nganti pangandika- | nira jêng sri narapati | nata ngandika | wêcane sêpêt gêndhis ||

88. hèh Tumênggung Singabarong age sira | mangsaha ing ajurit | sira tulungana | ari êmas Dipatya | ing Pugêr mangsah ing jurit | mênawa tiwas | dene wadyane kêdhik ||

89. Ki Tumênggung Singabarong awotsêkar | myang sakancanya sami | amêre wurahan | kadya bala palwaga | tandange cukat tarincing | akiprah-kiprah | gumulung andêrpati ||

90. wadya catur dasa sarosa mangrêmpak | gambira surèng wèsthi | wong Wanakusuman | kang anèng pangurakan | tinrajang tinumbak wani | singa kataman | gumêbrug tan ngundhili ||

91. ting bilulung kadya gabah ingintêran | kumêrab angrubuti | wong Bali rinoban | ana winolu sanga | parandene datan gigrig | amabit-mobat | lir buta măngsa daging ||

92. wadya Wanakusuma kathah kang pêjah | wuri ngangsêg pêpulih | angilês bêbathang | ya ta wau narendra | mar mulat mring wadya Bali | karoban lawan | sigra dènira nuding ||

93. hèh ta bocah kanoman sira mangsaha | têtulung wadya Bali | ika kinrubutan | nêmbah wadya kanoman | sandika amit ngêmasi | mêsat tumandang | manêngah ambêk pati ||

94. saya rusak baris ing Wanakusuma | labêt tilasing kuli | nora kobêr numbak | cêkog wus dhininginan | jaba kinèn mikul pari | iku pêngpêngan | sawuwa ijèn kwawi ||

95. barêng aprang tandange agudandapan |

--- 2: 131 ---

ingangsêg rontang-ranting | datan antuk papan | kasupit pinêpêtan | ing wingking pan dèn amuki | dhatêng Pangeran | Pugêr Sang Adipati ||

96. wadya alit samya gègèr apuyêngan | nèng pangurakan sami | lumayu sar-saran | samya ulêng-ulêngan | akathah ingkang ngêmasi | wênèh kabranan | ingamuk wong ing Bali ||

97. ingkang wingking wadyabala Kapugêran | ingkang samya numbaki | anging datan kathah | amung mantri kewala | kang sami dipun pêjahi | wadya lit sirna | samya lumayu gêndring ||

98. ingkang munggèng ing ngarsa kathah pralena | ingamuk mring wong Bali | ingkang panggih pêjah | kang mundur nandhang brana | akiwul-kiwul tan polih | wadya ing Wana- | kusuma samya nangis ||

99. jolinira sampun adangu binuwang | tan etang marang gusti | arêbut koripan | nanging kantun rahadyan | Jayalêlana kang kari | Jayaparusa | kalih sudirèng wèsthi ||

100. radyan kalih ngêdalakên pangabaran | wali-wali tan dadi | Dyan Jayaparusa | langkung bramantyanira | ambêrêkakên kang dasih | lan rinta ika | kalih sami prajurit ||

101. udakawis kantun satus ingkang wadya | angamuk golong pipit | sigra Jêng Pangeran | Dipati Kapugêran | wadya salawe tan gingsir | rame kang yuda | samya rok silih ungkih ||

102. Ki Tumênggung Singabarong kadya yaksa | tandangira ngajrihi | kadi singa lodra | galak mamăngsa janma | kaka pêrêk sirna ênting | sariranira | malah akuthah gêtih ||

103. sira Jayalêlana awas tumingal | mring lurahe wong Bali | langkung dukanira | anyandhak kang ngawinan | gêbrag turăngga marpêki | ayun-ayunan [ayun-a...]

--- 2: 132 ---

[...yunan] | Singabarong tininggil ||

104. awas mulat landheyanira winolah | cukat kinarya tangkis | tlorong gantya watang | padha prawiranira | dêdêr udrêg silih-ungkih | aliru papan | dèrèng wontên katitih ||

105. Radèn Jayalêlana riwut sarosa | lêhêng curna ing jurit | wirang yèn mundura | wau sanggyaning bala | Wanakusuma ningali | angsahnya radyan | ciptarsa bela pati ||

106. dadya kathah kang wangsul manawung yuda | paprangan rame maning | gantya kawuwusa | Radèn Jayaparusa | wrin raka dipun krubuti | wong Kartasura | majêng nêdya nulungi ||

107. nging cinêgat mring Pangran Pugêr wus panggya | enggal atapung jurit | ngadu kasudiran | Radèn Jayaparusa | ngantêp panumbakirèki | putung kang watang | anjlog saking turanggi ||

108. salin tumbak saya liwung pêrang dharat | pangeran datan gigrig | tinumbak prayitna | atangkis ngeca-eca | Jayaparusa manitir | sangsaya sayah | tumbake tanpa kardi ||

109. dyan binuwang sêbrung yun nyandhak ukiran | Pangeran Pugêr aglis | sigra amarjaya | panggah Jayaparusa | Ki Palèrèt kang kinardi | jajanya pasah | têrus tumêkèng gigir ||

110. Radèn Jayaparusa sampun pralena | ingkang raka winarni | dangu dènnya yuda | Radyan Jayalêlana | amêngsah lan wadya Bali | tumbak-tinumbak | rame rok silih-ungkih ||

111. Ki Tumênggung Singabarong tan dêrana | sigra mangsah tumuli | lawan kang santana | aran Nyoman Guyangan | rahadyan dipun larihi | Nyoman Guyangan | sigra marjaya aglis ||

112. lambung kiwa wau ingkang pinarjaya | niba nulya ngêmasi |

--- 2: 133 ---

wadya alit bubar | sisane ingkang pêjah | wontên abdining narpati | Ki Nayatruna | nênggih ingkang wêwangi ||

113. Kyai Nayatruna ampingan sêsaka | awas dènnya ningali | yèn mêngsah pralena | dening Nyoman Guyangan | wangkenya kèri nèng wuri | Nyoman Guyangan | lajêng ngamuk mangarsi ||

114. wangkenira Jalêlana gilang-gilang | Ki Nayatruna aglis | anigas mustaka | binêkta mundur sigra | Pangeran Pugêr winarni | ngawe ing wadya | wong Kartasura aglis ||

115. anggarjita punggawa ing Kartasura | miwah kang para mantri | anandêr sadaya | samya arêbah watang | samya ngungsir mungsuhnèki | gantya winarna | kangjêng sri narapati ||

116. duk samana siniwi ing wadyanira | aningali kang rayi | sira sang nararya | ingkang saking payudan | Jêng Pangeran Adipati | Pugêr kang dahat | kaloka Surèngwèsthi ||

117. sakamantyan suka panggalih sri nata | satata asêsanti | ngalêmbanèng driya | prawiraning rinira | tan ana kaya si adhi | tatak prakosa | ing aprang pilih tandhing ||

118. sigêg prabu kang lagya mangalêmbana | gantya ingkang winarni | sira Nayatruna | ingkang anigas murda | wêwangsone jroning galih | nadyan doraa | lamun sêmbada bêcik ||

119. binandhanan ing lampah asigra-sigra | murda sarwi cinangking | pan kadi sanyata- | nira bangkit marjaya | mring mungsuh ingkang sinakti | sumiwèng nata | Prabu Kala ningali ||

120. sru ngandika hèh Naya paran kang warta | dene sira anyangking | êndhas dhase sapa | mara nuli matura | Naya mêndha pan mangarsi | saha wotsêkar | monglang jaja kaèksi ||

121. aturira

--- 2: 134 ---

dhuh gusti sang binathara | punika murdanèki | pun Jayalêlana | gêgununganing brandhal | kang sajuga awêwangi | Jayaparusa | kala wau atandhing ||

122. lawan rayi paduka kangjêng pangeran | rame asilih ungkih | pun Jayapurusa |[2] winaos ri paduka | mawa Ki Plèrèt gumlinting | tan nêdha toya | dene ingkang satunggil ||

123. tandhing lawan patikbra udrêg-udrêgan | panggya sami satunggil | ngabên tosing tulang | tuwin wulêting carma | gêntos papan rêbat silip | kantaran watang | patikbra mèh ngêmasi ||

124. sri narendra alon wijiling wacana | iya tarima mami | Naya maring sira | sira sêdya pralaya | ing mangkya têmah basuki | hèh Nayatruna | sira sun junjung linggih ||

125. lah jênênga Ngabèi Rajamênggala | kabèh wadya ing wuri | sira parentaha | Ki Nayatruna nêmbah | anut karsaning narpati | langkung mangrêpa | kadi tètèsing gêndhis ||

46. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | Sang Dipati Pugêr winursita | kang mêntas mênang jurite | myang para punggawa gung | ingkang ngungsir mêngsah wus prapti | wadya Wanakusuma | kathah ingkang lampus | akêkècèr turut marga | pra punggawa sadaya sampun kapanggih | lawan Kangjêng Pangeran ||

2. Adipati Pugêr sigra nangkil | myang punggawa umiring sadaya | mung kang têngga ing jisime | Jayaparusa iku | apan abdi mantri kêkalih | angantya karsaning kang | rakanta sang prabu | Pangeran di Kapugêran | sigra nangkil myang sagung para bupati | umiring sang nararya ||

3. Tumênggung Singabarong tan têbih | wadya Bali umiring sadaya | gumêr gumêrah swarane | kawarnaa sang

--- 2: 135 ---

prabu | wus adangu ngantya ing rayi | lênggah palăngka dênta | siniwèng wadya gung | kayungyun nguyu-uyua | ingkang rayi pangeran adi wus prapti | myang sagunging punggawa ||

4. nulya ingawe mring sri bupati | jêng pangeran tumamèng byantara | dahat mabukuh lênggahe | rinangkul mring sang prabu | saha tanya wartaning jurit | nêmbah kangjêng pangeran | sarwi aris matur | pukulun jêng kakang êmas | barkah nata pun brandhal sampun katitih | curna madyèng palagan ||

5. manggalanira wontên kêkalih | Jayalêlana Jayaparusa | apan ta samya sêdyane | kapengin madêg ratu | nanging saking barkahira ji | wau Jayaparusa | tandhing lawan ulun | matêk măntra tanpa dadya | ulun tumbak kapisanan angêmasi | prabu arum ngandika ||

6. lah ta iku dene wong Matawis | uwakane Ki Jayaparusa | pralaya samono bae | durung panggih lan ingsun | baya misih jarêm kang pikir | hèh Wo Singanagara | pocokên dhasipun | panjêrên waringin kêmbar | gêgêmbunge pakakna ing gagak aglis | kang kinon awotsêkar ||

7. ingkang murda pinocok tumuli | dyan pinanjêr ing waringin kêmbar | datan kawarna solahe | nulya jêngkar sang prabu | sing sewakan angênyapuri | sira Kangjêng Pangeran | Pugêr sampun mundur | miwah kang para punggawa | bubar sami mantuk gantya kang winarni | kang nagara raharja ||

8. tata titi gêmahing nagari | suka singgih kang para dipatya | miwah kang para mantrine | langkung ing kartanipun | sugih-sugih kang wadya alit | miwah wong dagang layar | kêrtane kêlangkung | ajêg sagung kang punggawa | ênêngêna wau ta ingkang [ing...]

--- 2: 136 ---

[...kang] lumaris | mring nagri Pasuruan ||

9. praptèng Gêndhèng kang para dipati | angantya Kumpêni datan prapta | sami ngeca-eca bae | Dipati Sampang sampun | aputusan atur upaksi | ing gusti naradipa | mêsat kang ingutus | ing ênu datan winarna | kang caraka ing kapatihan wus prapti | tumamèng ngabyantara ||

10. sampun tundhuk duka lan ki patih | sira aglis binêktèng pasowan | umanjing pura sira ge | sêratira wus katur | tinupiksa mring sri bupati | arum wijiling sabda | hèh patih dèn gupuh | layang angsul-angsulana | wartanana yèn ana mungsuh nêkani | malah prapta ing praja ||

11. lan warahên aywa mulih-mulih | sami eca-eca abarisan | dyan patih atur sêmbahe | mêdal saking pura rum | sampun prapta ing wismanèki | nulya akarya surat | sinungakên sampun | ki duta nulya umêsat | tan kawarna lampahnya Gêndhèng wus prapti | tumamèng ngabyantara ||

12. sampun dhawuh dhatêng Sang Dipati | Cakraningrat surating narendra | sakêlangkung pangungune | mangkana ta winuwus | laminira dènnya abaris | ing sabên-sabên warsa | bulubêkti katur | saking sira Surapatya | katur nata lumantar Sang Adipati | ing Sampang Cakraningrat ||

13. langkung dhêmit tan ana udani | kanang bulubêkti katurira | Dipati Sampang jujuge | mangkana kang winuwus | nagri dalêm nandhang kêkêling | wadya lit kathah rumab | roga kasmala gung | sinambungan larang pangan | wadya Kartasura tan ana kang bukti | miwah wong ing padesan ||

14. langkung putêk driyaning narpati | dene nagri lagya abêbakal |

--- 2: 137 ---

kasêndhu larang pangane | sungkawa tyas sang prabu | kang rayi glis dipun timbali | Pangeran Kapugêran | tan adangu rawuh | praptèng ngarsa atur sêmbah | dyan rinangkul sri naradipa lingnya ris | adhi mas alinggiha ||

15. mula sira yayi sun timbali | parentah ta nagri larang pangan | kang ati langkung susahe | awêlas sun angrungu | ing wartane wadya lit-alit | sun têmpuhakên sira | paran rèhirèku | yayi mas rusaking Jawa | yèn ing Kartasura sira lawan mami | kawogan katêmpuha ||

16. yèn awèta larang bêras pari | nagri Jawa ingsun lawan sira | yayi kang dèn tiwasake | apan nisthaning ratu | yèn nagara larang binukti | wadya lit dadya rusak | samya mangan gadhung | yèn nagri tan waluyaa | yêkti nistha gon ingsun jumênêng aji | nèng praja Kartasura ||

17. yèn tan ana pitulunging Widhi | murah pangan nagri Kartasura | sun tilar praja têmahe | lêhêng tumêkèng lampus | ingsun merang maring wadya lit | kang rayi atur sêmbah | dhuh kakang mas sampun | yèn kawula maksih gêsang | pintên banggi wontên pitulunging Widhi | kawula amit kesah ||

18. sri narendra angandika aris | iya yayi muga salamêta | dèn asêdya olèh gawe | kang rayi awotsantun | mêdal saking sajroning puri | wus prapta dalêmira | jêng pangeran gupuh | sigra angrasuk busana | dyan asalin busana acara santri | arsa namur kawula ||

19. Sang Dipati ing Pugêr lumaris | kang sinêdya nagri Ngèksigănda | katiwar-tiwar lampahe | murang-murang ing ênu | tanpa rowang dènnya lumaris | wadya lit tanna wikan | lamun gustinipun | anyana [a...]

--- 2: 138 ---

[...nyana] santri kewala | arsa ngêmis mangke larang bêras pari | mila ngêmis mring pasar ||

20. èsmu sayah kang amindha santri | arsa raryan dènira lumampah | kawlasarsa sasolahe | praptèng pasar Kêpundhung | raryan anèng ngisor waringin | samana nuju pasar | kathah kang kadulu | wadya lit sade katela | gadhung uwi winade bêbêktan sami | samya kinarya sêga ||

21. jêng pangeran aglis amarani | saha tanya punapa punika | bibi ingkang dika sade | kang tinanya sumaur | hèh ki santri puniki uwi | sami bêbêk-bêbêkan | jagung lawan gadhung | nanging dede wi omahan | uwi wana kang kawula dol puniki | sae kinarya sêga ||

22. kang malih warna micorèng ati | bênêr andikane sri narendra | wadya lit langkung rusake | awêlas sun andulu | marang abdi nata wong tani | dene pating kadhungsang | tambuh polahipun | yèn tan ana sihing Suksma | yêkti rusak nagari ing tanah Jawi | sapa ingkang kelangan ||

23. liyaningsun lawan sri bupati | kang kelangan rusaking nagara | rat Jawa ingsun kang duwe | mangkana ciptanipun | jêng pangeran wus mentar aglis | angidul lampahira | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing pagêlaran | nèng Palèrèt samana sare sawêngi | nênêdha mring Hyang Suksma ||

24. byar raina pangeran lumaris | ngalèr ngilèn sêdyanya ing driya | akarsa mring pasar gêdhe | karsanira anêkung | nanging wadya tan ana uning | mring pangran lampahira | kang wayah wus dalu | Pangeran Pugêr samana | bakda ngisa ing pêkên agêng wus prapti | jujug waringin kêmbar ||

25. asêsèndhèn anèng wit waringin | anênêdha

--- 2: 139 ---

maring Hyang Suksmana | pangeran sêsuci age | wus wayah tabuh têlu | karsanira salat mring masjid | awor lan santri kathah | amojok gyanipun | pra santri tan ana wikan | yèn gustine milu asalat nèng masjid | kang mutêr ing rat Jawa ||

26. tan winarna solahirèng nguni | sampun bakda dènira asalat | para santri bubar kabèh | kang mindha santri kantun | amaladi sêmèdi êning | anulya katingalan | sihira Hyang Agung | pan awarni tompo pitrah | dyan pinundhut kang tompo nulya kinêmpit | jêng pangeran gya mêdal ||

27. ingkang wanci apan sampun enjing | jêng pangeran sigra maring pasar | atanya wong nêmpurake | pintên ta rêginipun | uwos dika puniku nyai | ingkang tinakon mojar | satompone nêlu | kang namur lampah ngandika | sarya mêdalakên tompo kang kinêmpit | punika têlu suwang ||

28. kang darbe uwos nyêntak macicil | hèh ki santri langar kaya sira | bêras nêlu satompone | baya wus lumrahipun | yèn wong santri kurang dêdugi | tompone tompo pitrah | gêdhene kêlangkung | kudu olèh têlu suwang | mendahane olèhmu mangan ki santri | kongsi agulimpangan ||

29. Sang Dipati Pugêr anauri | sampun sêdhêng nyai ing rêrêgan | pangênyang kawula kiye | kang sade nyêntak asru | jêng pangeran sigra lumaris | pan sabên-sabên pasar | mangkana winuwus | akarya rêgane bêras | ingkang tan wruh dèn arani wong dalêming | saparane dèn sêntak ||

30. tan kawarna solahirèng nguni | sampun jangkêp kawan dasa [da...]

--- 2: 140 ---

[...sa] dina | wus tinrima sasêdyane | murah kang bêras pantun | eca tyase sagung wong tani | myang nagri Kartasura | pan waluya sampun | murah sandhang murah pangan | sang dipati wus mantuk marang nagari | tumamèng byantarendra ||

31. wus kapanggih lawan sri bupati | kang Sinuhun Prabu Amangkurat | kang rayi rinangkul age | dhuh dipati riningsun | wus tinrima marang Hyang Widhi | lêstari murah pangan | saungkurirèku | kang rayi matur anêmbah | ing sadarmi lumakwèng karya narpati | kang rayi sigra mêdal ||

32. datatita sira Sang Dipati | Kapugêran ênêngna ginantya | kang anèng pabarisane | Pangeran Madurèku | myang Dipati ing Surawèsthi | sami apirêmbagan | lawan punggawa gung | karsane Pangeran Sampang | karya tiwas aprang lawan Surapati | samya prang gêgorohan ||

33. angêntosi Kumpêni wus lami | datan nusul marang pabarisan | pra punggawa onêng tyase | Dipati Surèngkewuh | datan rêmbag karsanirèki | eca ngaturi surat | ing gusti sang prabu | punapa rèhing narendra | sampun wiyang Pangeran Madura inggih | nulya akarya surat ||

34. mantri kalih wau kang tinuding | ngaturakên sêrat ing narendra | nahên caraka lampahe | gantya ingkang winuwus | Kamangkurat ing nusa Jawi | kacatur sugih garwa | sira sang aprabu | putri saking ing Sumêdhang | dadya padmi langkung sihira narpati | kang jumênêng Ratu Mas ||

35. garwa saking nagri Surawèsthi | Radèn Ayu Lèr kêkasihira | Dèn Ayu Kidul sisihe | Ratu Kilèn winuwus | têrah saking têtiyang alit [ali...]

--- 2: 141 ---

[...t] | wastane Tanujiwa | kang kinarya ratu | kacarita sri narendra | larang putra agung garwane narpati | dèrèng wontên pêputra ||

36. anging Ratu Kilèn kang miyosi | apêputra lawan sri narendra | priya tur bagus rupane | langkung sihe sang prabu | pan kinudang-kudang dadya ji | mangkya sampun diwasa | pan jinunjung lungguh | jumênêng Kangjêng Pangeran | Adipati Anom ing Kartasura di | wus misuwur sadaya ||

37. wus pinêrnah kadipatèn mangkin | sinung dhusun tingyang[3] gangsal nambang | sakêlangkung kawiryane | kacarita sang prabu | duk purwane ngêdhaton nguni | datan amawi bata | bêbêthèk sang prabu | antawis wontên sawarsa | salin gêbyog tan alami nulya salin | pagêr jaro kewala ||

38. winitawis apan datan lami | sri narendra nulya pagêr bata | sakêlangkung ing pelage | ing jawi cacing kalung | datatita kêdhaton aji | Pangeran Kapugêran | nênggih kang winuwus | kacarita sugih putra | ingkang èstri atmajanira kêkalih | sapta kang sami priya ||

39. putra ingkang pambajêng pawèstri | akêkasih Radèn Ayu Lêmbah | lir widadari citrane | ingkang badhe pinundhut | wus pinacang-pacang lagya lit | pinanggihakên lawan | putra sang aprabu | arine Dyan Ayu Lêmbah | akêkasih Dyan Ayu Impun yu luwih | putra ing Kapugêran ||

40. panênggak jalu warnanya pêkik | apêparab sira Radèn Teja | Rahadèn Masir arine | citranira abagus | Radèn Papak arine singgih | sira Rahadèn Kawa | nênggih kang waruju | putra pănca kang punika | kacarita ingkang miyos saking [sa...]

--- 2: 142 ---

[...king] sêlir | ira sang adipatya ||

41. garwanira pangeran kang padmi | nênggih putri saking ing Juminah | sampun apêputra mangke | têtiga sami jalu | warnanira samya apêkik | kêkasih Radèn Surya | putra ingkang sêpuh | panênggak Rahadèn Săngka | kang waruju Radèn Mas Sudama nênggih | katri bagus kang warna ||

42. Jêng Pangeran Pugêr langkung asih | mring kang putra langkung ngêla-êla | nahan kang asih putrane | kawarnaa Sang Prabu | Amangkurat ing nusa Jawi | lagya siniwèng garwa | anèng jro kêdhatun | sri naradipa ngandika | timbalana sutaningsun Ki Dipati | Anom Mêngkunagara ||

43. ingkang kinon mentar awotsari | animbali Pangeran Dipatya | datan kawarna lampahe | kang ingandikan gupuh | wus tumamèng ngarsa rama ji | agya Pangran Dipatya | mangusapi lêbu | rinangkul ing sri narendra | nata angling sutaningsun ki dipati | sira wus adiwasa ||

44. wus amêpêk birainirèki | sêdhêng kaki amanguna krama | oliha kadangmu dhewe | pacangamu karuhun | atmajane ari Dipati | Pugêr ana wanudya | warnanira ayu | ingkang aran Nini Lêmbah | duk lagya lit sun pêpacang lan sirèki | ing mêngko tulusêna ||

45. jêng pangeran matur awotsari | patik aji pan dèrèng uninga | ari nata atmajane | angandika sang prabu | yèn mêngkono mentara kaki | marang ing Kapugêran | kang putra wotsantun | sampun mêdal saking pura | Jêng Pangeran Dipati lampahnya aris | wus prapta Kapugêran ||

46. Radèn Têja lagya anèng kori | kagyat mulat praptane kang raka |

--- 2: 143 ---

anulya lumêbu age | atur uninga sampun | dhatêng rama yèn raka prapti | Pangeran Pugêr ngucap | hèh Surya dèn gupuh | padha sira gêgêlara | de ta Teja sira mêtua dèn aglis | nah anggèr aturana ||

47. Radèn Teja mentar awotsari | praptèng jaba panggih lan pangeran | dipati ngaturan age | kang raka lumastantun | Radèn Teja mangkya kinanthi | prapta ing palataran | sira sang abagus | Pangeran Pugêr glis têdhak | ingkang putra astane lajêng kinanthi | dyan ingaturan lênggah ||

48. ri sampunira atata linggih | para putra sumiwi nèng ngarsa | kang paman alon ature | anggèr dingarèn rawuh | amêng-amêng dhatêng ing ngriki | baya ta wontên karya | kang tinanya matur | dinuta ing kangjêng rama | Sang Dipati ing Pugêr sampun andugi | yèn raka darbe karsa ||

49. Radèn Sudira dinuk ing liring | pan uninga wangsite kang rama | nulya mêsat sira age | ing dalêm sampun rawuh | raka èstri panggih alinggih | yeka Dyan Ayu Lêmbah | kagyat dènnya dulu | atanya ing arinira | kadingarèn sira yayi praptèng ngriki | baya ta ana karya ||

50. Dyan Sudira matur awotsari | kakang êmbok paduka ngandikan | maring rama dipun age | pawohan sampun kantun | kinèn bêkta aturna ngarsi | sang dyah ayu ngandika | sapa tamunipun | jêng rama mundhut pawohan | ingkang rayi matur sarwi awotsari | tamunipun kakang mas ||

51. Radèn Ayu Lêmbah ngandika ris | kadingarèn kakangmas dipatya | yayi martamu marene | dhuh yayi sungkaningsun | nadyan kadangira pribadi | apan sun wis diwasa | isin yayi

--- 2: 144 ---

ingsun | manawa amanggihana | Dyan Sudira matur sarya ngasih-asih | kangbok atur kawula ||

52. sampun paduka lêngganèng kapti | datan wande dinukan ring rama | Dyan Ayu Lêmbah sira ge | nyambut pawohanipun | sang dyah ajrihira nglangkungi | dhumatêng ingkang rama | wus têdhak sang ayu | sarwi anămpa pawohan | praptèng ngarsa wus ingaturakên aglis | marang ngarsaning rama ||

53. sang dipati angandika aris | aturêna marang gustinira | kang kinèn atur sêmbahe | kalangkung merangipun | nanging ajrih rama nglangkungi | ingaturakên sigra | marang sang abagus | sang tami sênêng umiyat | maring sang dyah kêmanisên ing pangliring | tansah sabil ing nala ||

54. Sang Dyah Ayu Lêmbah atur bêkti | marang rama langkung merangira | mring kang raka mundur age | Pangran Dipati matur | dhatêng ingkang rama wotsari | adhiajêng punika | pintên yuswanipun | Pangeran Pugêr ngandika | lan paduka wêtawis kaot sawarsi | duk wontên ing Mataram ||

55. andika anggèr lagya sinapih | rayi dika taksih sinêsêpan | anggèr dening ing ibune | Pangran Dipati muwus | atur pamit saha wotsari | sigra mantuk mring pura | tumamèng kadhatun | tundhuk lawan sri narendra | dyan umatur miwiti kongsi mêkasi | mèsêm sri naranata ||

56. jêng sinuhun angandika aris | kaki mantri lah uwis muliha | marang dalêm kadipatèn | nanging ta wêkas ingsun | lamun sira tulusa panggih | lawan ing arinira | Ni Lêmbah nak ingsun | dèn bisa amomong garwa | wruhanira yèn benjing ingsun ngêmasi | sira gumantyèng nata ||

--- 2: 145 ---

57. pamanira ing Pugêr Dipati | kang angêmong marang jênêngira | myang ari ing Madurane | samya among sirèku | lan Dipati ing Surawèsthi | katri ingkang punggawa | babo putraningsun | aja sira wèhi rêngat | saature ing benjang turutên kaki | hèh radèn wruhanira ||

58. nora tulus sira madêg aji | ana ing nagara Kartasura | yèn ta tan eca manahe | têtiga punggawèku | datan tulus sira dadya ji | yêkti rusak kang praja | pangeran wotsantun | wus mantuk mring dalêmira | sampun dalu ya ta kawarnaa enjing | nata ngrasuk busana ||

59. dina Soma sang nata tinangkil | ya ta munggèng ing dhampar kêncana | siniwi wadyabalane | priyantaka nèng ngayun | têpung wadya lan saragêni | tunggul gula kalapa | wus munggèng ing ngayun | wadya magêrsari kapang | amêrapit ing kanan miwah ing kering | tinata myang ing ngarsa ||

60. wadya kêparak samya mêrapit | jagabaya sisih sangkraknyana | pinilih sami sisihe | wong udaraga ngayun | lan miyoga sisihirèki | brêtyapati nirbaya | nênggih sisihipun | para wadya kartiyasa | wisamarta wong brajanala nisihi | lawan wong wirabraja ||

61. patrayuda kanoman nisihi | martalulut lan singanagara | mantri anom lawan gandhèk | mangundara lan mandhung | kabayane munggèng ing wuri | myang wadya patranala | darmaita ngayun | tanapi wong namèngyuda | tanuastra wirabraja datan têbih | sikêptulup prayitna ||

62. suranata jajar lawan carik | wong sarati jajar gamêlira | wadya kriya kering gone | jodhipati ing ngayun | jagasura

--- 2: 146 ---

ingkang nisihi | miwah wong jayataka | ing ngarsa gènipun | wong margasa marsatêngah | tuwaburu gowong prasamya anangkil | miwah wong pamajêgan ||

63. Sang Dipati Pugêr wus anangkil | miwah Pangeran Arya Mataram | myang Pangeran Panulare | myang Pangran Dipatyèku | jajar lawan para dipati | Radèn Arya Sindurja | lan Wiradigdèku | miwah Tumênggung Urawan | Mangkuyuda kalawan Natayudèki | miwah Ki Wiraguna ||

64. Kandhuruan pan sampun anangkil | miwah Kiyai Mangunnagara | myang Kyai Wiraguna nèm | myang răngga lawan dêmung | pêcattăndha lan ăndhamoi | ngabèi lawan Arya | Jasupănta ngayun | pêpak kang para dipatya | yèn dinulu lir sêkar sataman asri | busananing punggawa ||

65. sri narendra angandika aris | Dipati Pugêr sigra tur sêmbah | wus majêng ngarsa sira ge | sarta ngusapi suku | sang dipati sumungkêm ngarsi | kalangkung ajrihira | mring raka sang prabu | ri sampunira alênggah | munggèng ngarsa narendra ngandika malih | yayi tanya manira ||

66. Nini Lêmbah ingsun pundhut yayi | apanggiha lan atmajanira | kaki Adipati Anèm | kang rayi awotsantun | tan lênggana karsa narpati | nadyan pêjah gêsangnya | katura sang prabu | sri narendra angandika | si pangulu sira timbalana aglis | kang kinon atur sêmbah ||

67. ki pangulu sampun dèn timbali | naradipa eca angandika | kasaru wau dhatênge | duta ing Sampang sampun | atur surat marang ki patih | sampun katur sang nata | tinupiksa gupuh | kangjêng sinuhun ngandika | angsulana patih layange si adhi | ari [a...]

--- 2: 147 ---

[...ri] Dipati Sampang ||

68. besuk yèn wis jangkêp pitung sasi | ingsun timbali mulih mring praja | ki patih atur sêmbahe | dyan ingangsulan sampun | sri narendra kondur mring puri | ingiring mring pawongan | swaranya gumuruh | sapraptanira ing pura | Jêng Pangeran Pugêr aglis dèn timbali | myang sagunging nayaka ||

69. ki pangulu kêtibe wus prapti | ingkang putra sampun tinimbalan | praptèng ngarsa tur sêmbahe | angandika sang prabu | hèh pangulu atmaja mami | ing mangke ningkahêna | lawan putranipun | yayi mas ing Kapugêran | ki pangulu atur sêmbah ing narpati | nulya amaos donga ||

70. tan kawarna solahirèng nguni | putra nata pan sampun aningkah | sigra dinum salawate | nulya tadhahan mêtu | pan gumêdêr saking jro puri | nèng dalêm awurahan | swaranya gumuruh | sri narendra angandika | ari êmas Pugêr sira mantuka glis | ni rara paèsana ||

71. ingkang rayi mentar awotsari | sampun prapta dalêm Kapugêran | angandika mring garwane | yayi mas dèn agupuh | paèsana putranirèki | mêngko sore nakira | pinundhut malêbu | kang garwa saha tur sêmbah | Radèn Ayu Lêmbah aglis dèn paèsi | dhumatêng ibunira ||

72. para bibi ngadhêp sang lir Ratih | saha ngimur-imur ingkang putra | sang dyah sangêt mirma tyase | karana sang lir santun | sampun myarsa yèn radèn mantri | ambêk rusuh tur arda | mila rangu-rangu | kapêksa ajrih ing rama | para bibi sadaya angasih-asih | sang dyah lêjar ing nala ||

73. sinalinan sinjang sang lir Ratih | dhatêng ibu myang ginănda wida | dyan tinata sêsinome [sêsino...]

--- 2: 148 ---

[...me] | wus sinalinan kampuh | ring kang ibu tur dèn paèsi | katuwon warnanira | sira sang dewa yu | yèn tinon kadya basănta | karainan piningit dening mêmanis | riyêm-riyêm sung brăngta ||

74. tinon kadi layoning wratsari | citranira adining kusuma | wênês ijo pamulune | sêsinom sri dinulu | keswanira lir jalanidhi | pinandarèng puspita | mêwahi ngênguwung | idêp tumênggèng araras | sotya balut labête atajin guling | alis angroning imba ||

75. wajanira lir mirah inganggit | jajanira awêlar awijang | lir nyu dênta pambayune | yèn lumampah sang ayu | mandul-mandul akarya brangti | têngah kadya pêpêsa | sumarma kang dulu | nadyan sajroning supêna | dèrèng antuk kang kadya sang ruming puri | ratu ayuning kênya ||

76. data titinên sang kadya Ratih | kawarnaa Dyan Ayu Sindurja | dinutèng nata prapta ge | ing Kapugêran rawuh | mung rabine para bupati | kang umiring sadaya | wus tumamèng ngayun | sira Pangeran Dipatya | Kapugêran ngandika marang kang rayi | hèh yayi putranira ||

77. budhalêna lah mara dèn aglis | duta nata ing mangkya wus prapta | kang rayi atur sêmbahe | nulya umangkat sampun | ingkang putra tansah kinanthi | mung Dyan Ayu Sindurja | nyandhak astanipun | binêkta minggah jêmpana | para bibi sadaya samya umiring | sumrêg wong Kapugêran ||

78. tan kawarna solahirèng margi | sampun prapta anèng sitibêntar | jajaran wus mandhêg kabèh | jêmpana lajêng sampun | dyan lumêbêt ing kênyapuri | warnanên jroning pura | garwane sang prabu | wus mêthuk wijil ping tiga [ti...]

--- 2: 149 ---

[...ga] | para sêlir manggung katanggung tan kari | gumêdêr awurahan ||

79. sampun prapta anèng srimanganti | radèn ayu ingaturan mêdhak | saking jêmpana sira ge | sakèhing swaminipun | kang punggawa garêbêg sami | prawèswari glis nyandhak | mring astaning mantu | kang têngên Ratu Kêncana | asta kering Ratu Kilèn ingkang nganthi | binêkta jroning pura ||

80. wus pinanggihkên ing radèn mantri | lawan garwane nèng ngarsa nata | kalih nungkêmi padane | rinangkul de sang prabu | anak ingsun kaki dipati | dèn bisa among ing dyah | nyawa putraningsun | apan iku kadangira | nimas rara sira angêmonga kaki | kang putra atur sêmbah ||

81. sri narendra angandika aris | yayi pramèswari putranira | bêktanên mring gandhok kilèn | garwa kalih wotsantun | ingkang putra binêkta aglis | wus pinanggihkên sang dyah | lawan sang abagus | katuwone warnanira | yèn dinulu lir Kumajaya lan Ratih | kang ibu suka ing tyas ||

82. pramèswari ngapit kanan kering | tuwin sagung rabining punggawa | atap andhèr ing ngarsane | sang dyah ayu tumungkul | waspa mijil rawayèng pipi | kathah karasèng nala | sira sang dewa yu | awayah sirêping janma | rajaputra ngaturan mring tilam sari | lawan kusumaning dyah ||

83. jêng pangeran tan daranèng kapti | dyan sinambut sang kusuma rara | sang dyah asru ngipatake | rajaputra angrangkul | sarya ngungrum angarih-arih | sor madu pinasthika | wijiling pamuwus | dhuh gustiningsun kusuma | wêlasana biratên duhkita mami | ywa anggung karya brăngta ||

84. tan kawarna solahirèng ratri |

--- 2: 150 ---

jêng pangeran sadalu tan nendra | tansah angimur garwane | sang dyah amiwal kayun | rajaputra baut ing rêsmi | tansah amriyêmbada | ingaras sang ayu | tan cinatur solahira | pinangantyan kang lagya manukmèng ratri | wus mijil Hyang Aruna ||

85. paripurna kang apulangrêsmi | rajaputra lênggah sakalihan | ibu sori prapta age | ingkang putra sinambut | kusuma yu glis dèn paèsi | wus binêkta mring ngarsa- | nira sang aprabu | putra kalih atur sêmbah | anungkêmi ing pada rama narpati | trustha tyasirèng nata ||

86. kang sinuhun angandika aris | marang Radèn Ayu Sindurêja | hèh ari payo dèn age | putranta karo iku | atêrna mring Pugêran aglis | sigra putra manêmbah | tuwin sang dewa yu | sumungkêm ing pada nata | dyan lumèngsèr ibu sori ngatêr jawi | wus lêpas lampahira ||

87. tan adangu Kapugêran prapti | jêng pangeran mêthuk wijil pisan | tuwin para atmajane | ingkang garwa tan kantun | samya tumut mêthuk ing wijil | rajaputra glis prapta | kang wadya gumuruh | têdhak saking ing turăngga | tuwin sang dyah tumurun saking ing joli | cinandhak ibunira ||

88. rajaputra aglis anungkêmi | dhatêng paman nulya ingaturan | lumêbêt ing dalêm age | myang rabining tumênggung | samya ngiring ing radèn mantri | ingkang para punggawa | bupati tan kantun | asaos anèng pasowan | kang manggihi Pangeran Arya Matawis | myang Pangeran Panular ||

89. sinangkalan duk lagya apanggih | wong kêkalih ingoyog narendra |[4] ya ta kawarnaa mangke | lajêng [la...]

--- 2: 151 ---

[...jêng] sami anayub | sakathahing para bupati | wontên ing Kapugêran | swaranya gumuruh | atandhak araran-raran | kang gamêlan swarane asri ngrêrangin | surakipun sauran ||

90. nahên ratri kawarnaa enjing | rajaputra lawan ingkang garwa | mantuk marang kadipatèn | sakèhing punggawa gung | samya ngiring mring radèn mantri | wus praptèng dalêmira | kasukan sadalu | enjing kang para dipatya | bubar mantuk kawarnaa radèn mantri | tansah karon asmara ||

91. ingkang rayi sampun dèn timbali | wau sira Rahadèn Sudira | pinundhut mring kadipatèn | ari tan wontên tumut | anging Radèn Surya pribadi | sira sang pinangeran | kalangkung sihipun | enjing mangkya kawarnaa | rajaputra siniwi ing maderukmi | kalihan ingkang garwa ||

92. tan kêna sah lan garwa dyan mantri | animbali ing Radèn Sudira | tan dangu prapta ngarsane | pangran ngandika arum | dèn kapara ing ngarsa yayi | sira wus duwe aran | kang rayi umatur | inggih pun Suryakusuma | sapa maning si adhi kang wus sêsilih | Radèn Sudira nêmbah ||

93. pun adhi mas Papak asêsilih | winastanan Radèn Săntawirya | pun adhi Mêsir namane | pun Martatarunèku | pun adhi mas Kawa sêsilih | Radèn Dipataruna | nênggih wastanipun | pangeran malih ngandika | arinira Si Surya sapa ing mangkin | Radèn Sudira nêmbah ||

94. pun adhi mas Surya asêsilih | pan awasta Radèn Suryaputra | maksih nyangking duk timure | pangran ewa angêmpus | ora jamak anggêgilani | jêjuluk Suryaputra | kaya ta gurnadur [gur...]

--- 2: 152 ---

[...nadur] | warahên sun wèhi aran | sun arani Wăngsatruna bae bêcik | aja ran Suryaputra ||

95. salamine pan ewa ing galih | aningali Radèn Suryaputra | Pangeran Dipati Anèm | tuwin sakadangipun | apan inggih amung sawiji | putra ing Kapugêran | Radèn Sudirèku | punika kang kinasihan | datan sinung bêbasan binasan sami | koko-kinoko samya ||

96. Radèn Suryakusuma wotsari | mêsat saking ngarsane kang raka | sang rêtna andik netrane | adhoso dènnya matur | dhuh kakang mas nênêdha kami | bok sampun jêng paduka | marang kadang ulun | sakalangkung siya-siya | sintên yogyanipun kang dèn pèk-êmpèki | liyane kadang tuwa ||

97. ngêndi ana jênêng dèn larangi | lagi tumon kangmas kadi dika | kang jamak duwe praipe | jinunjung lungguhipun | mundur têka anyalini |[5] wong jênêng Suryaputra | andadak dèn lungsur | dèn salini Wăngsatruna | eman-eman sadulurku wong ambênthing | ajênêng Wăngsatruna ||

98. ingkang raka mèsêm ngandika ris | iya yayi apan wus prayoga | jênêng Wăngsatruna bae | atăndha yèn kadèngsun | radèn ayu nauri bêngis | dhuh lae padu jiwa | dèn kanthongi iku | nadyan batine pelaga | jêr laire ala patute wong dèsi | ajênêng Wăngsatruna ||

99. radèn ayu sakit jroning galih | nanging sinamur-samur paguywan | ing jêro jarêm galihe | ya ta wau winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ing dalêm Kapugêran | wus panggih rinipun | rahadèn [rahadè...]

--- 2: 153 ---

[...n] aris ngandika | adhi êmas jênêng para dèn salini | dening Pangran Dipatya ||

100. Suryaputra iku kang dèn êlih | pinaringan sira Wăngsatruna | jêng pangeran timbalane | paran aturirèku | Radèn Suryaputra tan angling | kumêmbêng waspanira | rahadèn wêtu luh | kang raka alon dêlingnya | sira iki mundur kaya bocah cilik | ywa susah manahira ||

101. wong ngawula wus jamake yayi | iya apa sarèhing bêndara | aya[6] linakonan bae | dèn aranana iku | niti kêrti padha nglakoni | pirabara ing benjang | yèn Allah kang Agung | agawe ungguling sira | lawan ingsun dene ta têka agampil | ing mêngko linakonan ||

102. kakang êmbok mau liwat runtik | sun wêtara ing sapungkur ingwang | pasthi yèn dadi padune | baya dene sirèku | payo adhi marêk kiyai | sun arsa atur wikan | prakawis sirèku | yèn linungsur jênêngira | sinalinan Wăngsatruna ya ing mangkin | sigra sarêng umangkat ||

103. sampun prapta ngarsa radyan kalih | mangênjali alon aturira | amba tur wikan jatine | pun adhi wastanipun | Surya ingkang dipun wastani | dhatêng Kangjêng Pangeran | Dipatya ing wau | putranta pan pinaringan | Wăngsatruna kang rama ngandika aris | dhuh sutaningsun nyawa ||

104. wus jamake wong ngawula kaki | pan anurut sarèhing bêndara | pira-pira sinaruwe | aja tikbra ing kalbu | dumèh sira ingaran cilik | pinalang karsanira | pan Hyang Maha Luhur | iku kang agawe titah | ala bêcik sakarsanira Hyang Widhi | aja saka atinira [a...]

--- 2: 154 ---

[...tinira] |[7]|

105. apan iku kang kuwasa Jawi | angrasaa yèn sira kawula | tan kêna andum amilèh | duraka sutaningsun | lamu[8] sira duwe saksêrik | sira babo Sudira | dèn ngrasa nak ingsun | asuwita ing bêndara | aja dumèh yèn kadang tur ipe gusti | apan dudu sasama ||

106. aja dumèh sira dèn kasihi | hèh Sudira sira dèn prayitna | poma aja duwe sèdhèng | wong cidra duraka gung | ingkang dhingin durakèng Widhi | kapindho iku kadang | nyawa kadang sêpuh | kaping têlune bêndara | putra kalih kumêmbêng sumukêm[9] siti | kang rama lon ngandika ||

107. hèh Sudira sebaa dèn aglis | apan sira iku wong dinuta | têngka sira suwe-suwe | putra kalih wotsantun | lèrsèr[10] saking ngarsa ramèki | ya ta Rahadèn Surya- | kusuma pan laju | wus prapta ing kadipatyan | tumamèng jro wus panggih lawan sang pêkik | Radèn Sudira nêmbah ||

108. kula dinuta pan sampun prapti | dhawuhakên timbalan paduka | dhatêng pun adhi wiyose | sandika aturipun | ya ta mèsêm Pangran Dipati | sigêgên kang winarna | wau kang anglurug | nèng Gênthong wus ingandikan | mantri anom kang lumampah animbali | mundhi surat narendra ||

109. lampahira tan kawarnèng margi | gancanging carita sampun prapta | barisan nênggih jujuge | Dipati Madurèku | wus tinampan duta narpati | unggyan sampun pinarnah | pinanggihan dalu | kang surat sampun tinampan | tinupiksa kadhadha ungêling tulis | pangeran dugèng driya ||

110. mantrinya kang ingandêl ing rêmpit [rê...]

--- 2: 155 ---

[...mpit] | akêkasih Răngga Malangjiwa | kang tinuduh ing gawene | apan ta kang ingutus | marang Pasuruan anandi | Ki Răngga Malangjiwa | wus prapta ing ngayun | wus uninga karsanira | wus winêling mêsat saking ngarsanèki | tanpa rowang lampahnya ||

111. kawarnaa wau sang dipati | saungkure wau dutanira | amêpêk dipati kabèh | Dipati Surèngkewuh | wau ingkang prapta rumiyin | pan sampun sami prapta | sagung pra nung-anung | sadaya wus ingundhangan | lamun ingandikan bubarakên baris | lumakyèng Kartasura ||

112. apan kocaping carita prapti | laminipun dènnya bêbarisan | wus jangkêp pitung warsane | wau ta kang winuwus | dutèng Sampang pan sampun prapti | nagari Pasuruan | dhatênge ing dalu | lajêng mêdal ing butulan | wus apanggih lawan Radèn Surapati | gantya kang winursita ||

113. nênggih ingkang bubarakên baris | Adipati Sampang Surapringga | tuwin wong pasisir kabèh | swaranira gumuruh | kèhing wadya datanpa wilis | kêbut sagung dipatya | saengga kêsusu | wong cilik tanpa rerehan | dêdamêle Surapati sampun prapti | angobong pabarisan ||

114. Răngga Pulangjiwa sampun prapti | wus amomor lan wadya Madura | anglarug wagya[11] lampahe | datan kawarnèng ênu | sampun prapta anèng Sêmanggi | pan rêrêb sanalika | saksana alaju | wus prapta ing Kartasura | Kasindurjan sagung kang para dipati | gènira tata karya ||

115. gandhèk prapta saking ing jro puri | Adipati Sampang ingandikan | kalawan Surabayane [Su...]

--- 2: 156 ---

[...rabayane] | Sindurêja tan kantun | pratiwa tri sigra lumaris | wus prapta dalêm pura | saksana tumanduk | prapta ngarsaning narendra | mangênjali ing nata dipati kalih | narendra langkung suka ||

116. sri bupati angandika aris | liwat onêng ingsun marang sira | dene samêngko lawase | pan uwis mèh sawindu | wus pinaring busana adi | tuwin kang Adipatya | ing Surabayèku | samya pinaring busana | wus kasaput ing dalu wotsari mijil | wus prapta dalêmira ||

117. kawarnaa Pangeran Dipati | apan sampun karsaning Hyang Suksma | yèn jodho ngalangi bae | lawan sang rêtnaning rum | apan anggung awangwang pikir | sakarsane tan rêmbag | lawan radèn ayu | katutuh kangjêng pangeran | pan adarbe sêlir kêkasih yu luwih | langkung ingêla-êla ||

118. malah supe marang sang rêtna di | kandhih dening sêlir pêpundhutan | saking ing Ngonje angsale | Pakujaya puniku | pam[12] abdine Pangran Dipati | punika kang sêsuta | pinundhut sang bagus | ing Ngonje wêwijilannya | ya ta Radèn Ayu Lêmbah pan gumingsir | marang ing Kapugêran ||

119. Radèn Suryakusuma pan maksih | wontên Kangjêng Pangeran Dipatya | warnanên wau sang rajèng | nutur caritèng dangu | amangsuli kata puniki | duk bêdhah Giripura | sang nata amundhut | putrane Pangeran Ngarga | èstri luwih pinundhut kinarya rabi | marang sri naradipa ||

120. ya ta wau Radèn Ayu Giri | pan ing mangke sampun tigang căndra | tan purun ngandikan sare | dènira sang aprabu | aturira yèn dèn timbali | matura mring sang nata [na...]

--- 2: 157 ---

[...ta] | marma sun tan purun | bosên laki sri narendra | katur marang sang nata tindak pribadi | wus prapta dalêmira ||

121. Radèn Ayu Giri mangênjali | mring kang raka sang nata ngandika | babo ariningsun anggèr | apa ta sira tuhu | bosên laki marang ing mami | sang rêtna atur sêmbah | pan inggih satuhu | bosên laki ing paduka | sang nata ngling apa sira arsa krami | kang rayi atur sêmbah ||

122. yèn lilaa paduka narpati | inggih ugi ajêng palakrama | sang nata alon dêlinge | yèn mêngkono mas ingsun | pilihana para dipati | kabèh wong Kartasura | prawira nung-anung | umatur Dyah Giripura | botên arsa akrami tiyang ing ngriki | wong pasisir kewala ||

123. sri narendra angandika aris | yèn mêngkono nimas pêpaèsa | ing mêngko sun lakèkake | sang rêtna awotsantun | nulya kondur sri narapati | sapraptanirèng pura | animbali gupuh | mring Sang Arya Cakraningrat | tan adangu wus prapta ing dalêm pura |[13] ngarsaning sri narendra ||

124. angandika alon sri bupati | hèh adhi mas apa arsa krama | yèn arsa sun rabèkake | Cakraningrat anuhun | ywan suwawi dhawuh narpati | paran ta suminggaha | nulya sang aprabu | animbali Radèn Arga | apan sampun pêpaès Dèn Ayu Giri | wus marêk ing ngayunan ||

125. sri narendra angandika aris | payo adhi sira pilihana | pawèstri wuringong kiye | Pangeran Sampang dulu | èstri luwih dèn pêpaèsi | sampun andugi ing tyas | karsanya sang prabu | Cakraningrat [Cakraningra...]

--- 2: 158 ---

[...t] matur nêmbah | inggih ingkang pawèstri limar kêtangi | sinjang cindhe puspita ||

126. wau nata mèsêm ngandika ris | alah payo adhi mas dèn enggal | pondhongên gawanên mulèh | ya ta pangeran gupuh | anguculi kampuh kumitir | duk wau tinimbalan | tan mawi kêkuluk | apan asondhèr kewala | wus ingêmban wau Radèn Ayu Giri | marang Dipati Sampang ||

127. upacara apan dèn paringi | dening nata pan sarya kêncana | bokor kalawan lancange | gamtya[14] ingkang winuwus | ya ta wau rahadèn patih | Ki Arya Sindurêja | wicaksanèng sêmu | limpad pasanging graita | lêpas ingkang dêduga angadu budi | wahyaning măngsakala ||

128. duk Dipati Sampang dèn timbali | gêgêpahan Radèn Sindurêja | animbangi wêtarane | apandaming tyasipun | marmanira mangkya pratali | pratamaning sujana | waskitha ing laku | rahadèn ing kapatihan | wus sanega mring pasowan bêkta joli | praptaning panangkilan ||

129. kaparêngan pangeran umijil | saking pura manawung tariman | duk tundhuk wau lampahe | Dyan Sindurêja muwus | hèh pangeran kondura dhingin | dhatêng ing pasanggrahan | arinta dèn ayu | pan inggih kawula bêkta | kapanggiha wontên Kasindurjan singgih | pangran datan suwala ||

130. apan sampun tinitihkên joli | radèn ayu binêktèng Sindurjan | Pangeran Sampang lampahe | prapta ing pondhokipun | sakathahe ingkang umiring | sadaya ingaturan | pan sampun angumpul | tan dangu nulya bodholan [bo...]

--- 2: 159 ---

[...dholan] | sadhatênge Sindurjan sang adipati | arêmbug nulya ningkah ||

131. tan winarna wus palasthèng kardi | paningkahe Pangeran Madura | tanapi ing patêmone | gantya ingkang winuwus | sri narendra miyarsa warti | lamun kang putra tukar | nênggih Radèn Ayu | Lêmbah ngêbon Kapugêran | sri narendra dahat tikbranirèng galih | sang natarsa utusan ||

132. wontên abdi kêrakêt ing puri | pan têtiga sami suranata | Ki Ăngga lawan Ki Êsèh | Sarawadi katêlu | apan sampun kandêl[15] ing puri | kalangkung kinasihan | sabine ngalih jung | Ki Ăngga wus tinimbalan | Kyai Êsèh kalawan Ki Sarawadi | sang nata angandika ||

133. sira Ăngga lumakua aglis | ingsun utus marang Kapugêran | janma karo lan Si Êsèh | rong prakara lakumu | ingkang dhingin takona warti | prakara sutaningwang | apa kang pinadu | purike ana ing kana | lan maninge sira matura si adhi | yèn ingsun mundhut pola ||

134. dèn gawèkna polane Kiyai | Mesanular poma dèn kagawa | lan polane Ki Palèrèt | ingsun arsa unurun |[16] Ăngga Êsèh wotsari mijil | lampahe sigra-sigra | prapta Pugêran wus | ya ta wau jêng pangeran | apan lagya pinarêk jawining masjid | alit pinggir balumbang ||

135. kagyat duk wau Ki Ăngga prapti | lan Ki Êsèh pangeran ngandika | ragane baya kinèngkèn | andhawuhakên wuwus | Ăngga Êsèh matur wotsari | anggèr amba dinuta | ing rakanta prabu | ingutus dangu sutanta | paran marma radèn ayu wontên ngriki | pangeran [pange...]

--- 2: 160 ---

[...ran] angandika ||

136. ingsun Ăngga tan miyarsa warti | apan ingsun durung atêtanya | jêng pangeran kadipatèn | durung nêdhani wêruh | ing prakaranira kang rayi | ewuh sun durung panggya | lawan sutaningsun | salawase anèng jaba | iya Ăngga apan durung sun panggihi | mêngko ta karsaningwang ||

137. sira Ăngga têmua pribadi | iya sira priksaa priyăngga | Ki Ăngga nuhun ature | amba ajrih pukulun | anglangkungi karsa raka ji | anggèr atur paduka | katur sang prabu |[17] ping kalihipun kawula | dipun utus mundhut polaning kang warni | wasiyat jêng paduka ||

138. apan arsa anelad raka ji | ing polane Ki Mesa Panular | kalawan Kyai Palèrèt | pangeran ngandika rum | kyai bae gawanên aglis | aja kudu amola | dadak ana iku | akarya sêmanging nala | Ki Ăngga lan Ki Êsèh matur dahat jrih | amba datan kalilan ||

139. ingkang pangandika jêng raka ji | gih mung mundhut polane kewala | Pangran Pugêr andikane | ora gawanên iku | aja sira awalang-galih | hèh Ăngga ngarah apa | gawanên dèn gupuh | jêng pangeran marang wisma | mundhut dhuwung waos binêkta umijil | dhuwung Ki Mesanular ||

140. lan Ki Plèrèt pangran gya nimbali | ingkang bêkta pan wau Ki Ăngga | Ki Mesanular Ki Êsèh | ingkang angampil dhuwung | nêmbah duta karo umijil | lèngsèr sing Kapugêran | tan kawarnèng ênu | ya ta wau sri narendra | saungkure Ki Ăngga Ki Sarawadi | dinutèng kadipatyan ||

141. kinèn pra sadu Ki Sarawadi |

--- 2: 161 ---

atêtanya Ki Patih Sudama | aja ngaku yèn kinèngkèn | ya ta warnanên wau | Kyai Ăngga Êsèh wus prapti | lajêng tumamèng pura | praptèng ngarsa prabu | sri narapati umiyat | lamun Kyai Ăngga Sèh bêkta Kiyai | Palèrèt Mesanular ||

142. langkung duka kangjêng sri bupati | sumung-sumung surating wadana | angatirah pasuryane | ingkang lathi kumêdut | jajanira lir wora-wari | kaya ta anuwêka | wong tanpa dosèku | asru dènira ngandika | liwat langar sira iki sun wastani | dene wani anggawa ||

143. ingsun nora amundhut Kiyai | Mesanular Ki Palèrèt ora | mung amundhut pola bae | gawanên bali gupuh | Ăngga Êsèh gumêtêr ajrih | ature pêgat-pêgat | pêjah gêsang katur | inggih botên saking amba | nanging saking sêtyanipun rinta aji | marma kinèn ambêkta ||

144. sri narendra ajrih aningali | Ăngga Êsèh kinèn wangsul enggal | mundhuta polane bae | Ăngga Êsèh wus wangsul | tan nyana yèn darbèni urip | sapraptanirèng jaba | jinajaran wau | dening priyayi kaparak | tan winarna ing marga pan sampun prapti | ing dalêm Kapugêran ||

145. Ki Ăngga Sèh matur ngasih-asih | dhuh pangeran kawula dinukan | dhatêng rakanta marmane | amba apurun-purun | bêkta kyai pusaka kalih | ing karsa jêng rakanta | pola kang pinundhut | mèh kados tinêlasana | Pangran Pugêr samana mèsêm ing galih | sigra akarya pola ||

146. tan adangu pola sampun dadi | wus sinungkên marang Kyai Ăngga |

--- 2: 162 ---

lèngsèr kang duta kalihe | datan kawarnèng ênu | Ăngga Êsèh wus praptèng puri | wus katur ing narendra | kang pola pinundhut | Ki Ăngga matur wotsêkar | aprakawis putranta rêtna di murti | wontên ing Kapugêran ||

147. ari nata tan uningèng warti | sampun lami sutanta nèng jaba | lan arinta panggih dèrèng | putrapta[18] sang abagus | inggih dèrèng nyukani warti | dhumatêng ingkang paman | sang nata myarsa tur | putêk ing sajroning driya | Sarawadi samana pan lagya prapti | atur sêmbah sri nata ||

148. amba nuhun putra dalêm gusti | mila suwala lawan kang raka | winastan sêmu kagêdhèn | tan kenging ujar gangsul | dadya têbihira suta ji | Pangeran Adipatya | walakang bêkipun | sang nata anggung sungkawa | dene putra tan atut apalakrami | gantya kang kawuwusa ||

149. sri narendra samana ngundhangi | pan akarya ing sagara yasa | kilèning kitha prênahe | wong pasisir kang nambut | tuwin wadya măncanagari | miwah wong Kartasura | prasamya anambut | wangên rare limang kilan | ingkang kêni kêrigan anambut kardi | lami datan winarna ||

150. kang sagara yasa sampun dadi | lêbêt awiyar tur ingingonan | bajul antara lamine | akarya urung-urung | giring sangsam saking Matawis | pinggir sagara yasa | kinarapyak sampun | karya ing pamêng-amêngan | sri narendra anyukakkên ing wadya lit | pan agung acangkrama ||

151. sri narendra nulya karya masjid | kang pinola masigid ing Dêmak | masjid lami duk kobonge | lan alit masjidipun [ma...]

--- 2: 163 ---

[...sjidipun] | milanipun akarya malih | sinigêg tan winarna | gantya kang winuwus | Radèn Arya Sindurêja | wus pêputra jalu warnane apêkik | tinêngran Radèn Sukra ||

152. wus diwasa baguse linuwih | dadya pêpuji ing rara kênya | sêkaring praja angêne | ambranyak kaduk purun | lan minăngka kondhangning[19] warti | kêtêr agawe brăngta | ingkang para arum | sanadyan samia priya | rêsêp mulat bagus tur pratamèng kawi | wasis ulah graita ||

153. radèn samana wau winarni | apan lagya sinuruhan ngarak | pan ginawe sêsêkare | angarak ngalun-alun | nuju Kangjêng Pangran Dipati | andulu wong angarak | anging ta anyamur | aningali Radèn Sukra | nitih kuda têtêgar têngahing baris | mubyar busananira ||

154. awas andulu Pangran Dipati | kagyat mulat marang Radèn Sukra | asru tanya mring abdine | sapa têtêgar iku | analasak têngahing baris | Patih Sudama nêmbah | pun Sukra puniku | anakipun pun Sindurja | ngandika sru pangeran panas ing galih | enggal pan tinimbalan ||

155. Pangran Dipati kondur tumuli | dènnya pinarak nèng pinggir bata | bata gung ing kadipatèn | abdinira angumpul | Ki Sutiwon lan Gagak-rungsid | Sutama Kentholbêlang | miwah Suta Kanthung | Wira Gablug Jagad Ngampar | Bajodharat Kêrtipenjol Sêtyaluthik | munggèng ing ngarsanira ||

156. Radèn Sukra sampun dèn timbali | praptèng ngarsane kangjêng pangeran | anikêl warti linggihe | Pangran Dipati dulu | langkung panas raosing galih | tan ana dosanira |

--- 2: 164 ---

amung bagusipun | pangeran galihe ala | abdinira sadaya wus dèn kêjèpi | ngêbyuki Radèn Sukra ||

157. wuwungira cinandhak wus kêni | Radèn Sukra pan sampun binănda | tanpa dosa sêsambate | pangeran ngandika sru | dhuh mênênga aja baribin | dene kawênang-wênang | Sukra ing angkuhmu | têtêgar têngah wong kathah | iya maning ora nana wong jêlanthir | bagusmu anèng wuntat ||

(Taksih wontên sambêtipun kawrat jilid tiga).

 


sinongsongan. (kembali)
Jayaparusa. (kembali)
tiyang. (kembali)
Tanggal: wong kêkalih ingoyog narendra (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. (kembali)
Kurang satu suku kata: mundur têka anyênyalini. (kembali)
iya. (kembali)
Lebih satu suku kata: aja sak atinira. (kembali)
lamun. (kembali)
sumungkêm. (kembali)
10 lèngsèr. (kembali)
11 wadya. (kembali)
12 pan. (kembali)
13 Biasanya guru lagu i: puri. (kembali)
14 gantya. (kembali)
15 kèndêl. (kembali)
16 anurun. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: katur sang aprabu. (kembali)
18 putranta. (kembali)
19 kondhanging. (kembali)